Surah Az-Zukhruf

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Haa Miim.

وَالْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ ۙ٢
Wal-kitābil-mubīn(i).
[2] Sekawit (sekawit) Kitab (Al-Qur’an) sing cetha.

اِنَّا جَعَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لَّعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَۚ٣
Innā ja‘alnāhu qur'ānan ‘arabiyyal la‘allakum ta‘qilūn(a).
[3] Ingsun ndadékna Al-Qur’an nganggo basa Arab supaya ko kabéh mengerténi.

وَاِنَّهٗ فِيْٓ اُمِّ الْكِتٰبِ لَدَيْنَا لَعَلِيٌّ حَكِيْمٌ ۗ٤
Wa innahū fī ummil-kitābi ladainā la‘aliyyun ḥakīm(un).
[4] Lan setemené Al-Qur’an kuwé neng sejeroné Ummul Kitab (Lauhul Mahfudz) neng sisihé Ingsun nyata-nyata (duwé drajat) luhur lan kebek hikmah.

اَفَنَضْرِبُ عَنْكُمُ الذِّكْرَ صَفْحًا اَنْ كُنْتُمْ قَوْمًا مُّسْرِفِيْنَ٥
Afa naḍribu ‘ankumuż-żikra ṣafḥan an kuntum qaumam musrifīn(a).
[5] Mangka apa Ingsun bakal mandheg nurunaken ayat-ayat (minangka pengéling-élingé) Al-Qur’an maring ko kabéh, merga ko kaum sing padha ngliwati wates?

وَكَمْ اَرْسَلْنَا مِنْ نَّبِيٍّ فِى الْاَوَّلِيْنَ٦
Wa kam arsalnā min nabiyyin fil-awwalīn(a).
[6] Lan sepira akéhé nabi sing wis Ingsun utus maring umat-umat sing gemiyén.

وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ نَّبِيٍّ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٧
Wa mā ya'tīhim min nabiyyin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[7] Lan saben-saben ana nabi sing teka maring wong-wong mau, dhéwéké tansah padha merguyu maring nabi kuwé.

فَاَهْلَكْنَآ اَشَدَّ مِنْهُمْ بَطْشًا وَّمَضٰى مَثَلُ الْاَوَّلِيْنَ٨
Fa ahlaknā asyadda minhum baṭsyaw wa maḍā maṡalul-awwalīn(a).
[8] Merga kuwé Ingsun tumpes wong-wong sing lewih gedhé kekuwatané neng antarané dhéwéké kabéh lan wis keliwat tuladhané umat-umat gemiyén.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ خَلَقَهُنَّ الْعَزِيْزُ الْعَلِيْمُۙ٩
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunna khalaqahunnal-‘azīzul-‘alīm(u).
[9] Lan angger ko takokna maring wong-wong kuwé, “Sapa sing nyiptakna langit lan bumi?” Mesthi dhéwéké bakal padha semaur, “Sekabéhé déciptakna déning Sing Mahadigdaya, Maha Ngawuningani.”

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا وَّجَعَلَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا لَّعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ ۚ١٠
Allażī ja‘ala lakumul-arḍa mahdaw wa ja‘ala lakum fīhā subulal la‘allakum tahtadūn(a).
[10] Sing ndadékna bumi minangka papan panggonan nggo ko kabéh lan Penjenengané ndadékna dalan-dalan neng ndhuwur bumi nggo ko supaya ko padha olih pituduh.

وَالَّذِيْ نَزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍۚ فَاَنْشَرْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا ۚ كَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ١١
Wal-lażī nazzala minas-samā'i mā'am biqadar(in), fa'ansyarnā bihī baldatam maitā(n), każālika tukhrajūn(a).
[11] Lan sing nurunaken banyu sekang langit miturut takeran (sing déperlokna) banjur kanthi banyu kuwé Ingsun nguripna negari sing mati (cengkar). Kaya kuwé ko bakal détokna (sekang kubur).

وَالَّذِيْ خَلَقَ الْاَزْوَاجَ كُلَّهَا وَجَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الْفُلْكِ وَالْاَنْعَامِ مَا تَرْكَبُوْنَۙ١٢
Wal-lażī khalaqal-azwāja kullahā wa ja‘ala lakum minal-fulki wal-an‘āmi mā tarkabūn(a).
[12] Lan sing nyiptakna kabéh pasang-pasangan lan ndadékna prahu nggo ko kabéh lan kéwan ingon sing ko padha tumpaki.

لِتَسْتَوٗا عَلٰى ظُهُوْرِهٖ ثُمَّ تَذْكُرُوْا نِعْمَةَ رَبِّكُمْ اِذَا اسْتَوَيْتُمْ عَلَيْهِ وَتَقُوْلُوْا سُبْحٰنَ الَّذِيْ سَخَّرَ لَنَا هٰذَا وَمَا كُنَّا لَهٗ مُقْرِنِيْنَۙ١٣
Litastawū ‘alā ẓuhūrihī ṡumma tażkurū ni‘mata rabbikum iżastawaitum ‘alaihi wa taqūlū subḥānal-lażī sakhkhara lanā hāżā wa mā kunnā lahū muqrinīn(a).
[13] Supaya ko kabéh numpak neng ndhuwur gigiré banjur ko padha kélingan nékmaté Pengéranmu angger ko wis padha njagong neng ndhuwuré, lan supaya ko padha ngucapna, “Mahasuci (Gusti Allah) sing wis nundhukna kabéh kiyé nggo inyong kabéh mangkané seurungé inyong padha ora kewawa ngewasani (kéwan kiyé),

وَاِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا لَمُنْقَلِبُوْنَ١٤
Wa innā ilā rabbinā lamunqalibūn(a).
[14] lan setemené inyong kabéh bakal padha bali maring Pengérané inyong kabéh.”

وَجَعَلُوْا لَهٗ مِنْ عِبَادِهٖ جُزْءًا ۗاِنَّ الْاِنْسَانَ لَكَفُوْرٌ مُّبِيْنٌ ۗ ࣖ١٥
Wa ja‘alū lahū min ‘ibādihī juz'ā(n), innal-insāna lakafūrum mubīn(un).
[15] Lan wong-wong kuwé ndadékna sebagéan sekang kewula-kawulané (Gusti Allah) dadi bagéan sekang Penjenengané. 780 Temen, menungsa kuwé tukang ngingkari (nékmaté Gusti Allah) sing nyata.
780) Wong-wong musrik ngucapna lamon malaékat kuwé anak wadoné Gusti Allah mangkané malaékat kuwé sebagéan sekang titah lan ciptanané Gusti Allah.

اَمِ اتَّخَذَ مِمَّا يَخْلُقُ بَنٰتٍ وَّاَصْفٰىكُمْ بِالْبَنِيْنَ ۗ١٦
Amittakhażū mimmā yakhluqu banātiw wa aṣfākum bil-banīn(a).
[16] Apa pantes Penjenengané mundhut anak wadon sekang sing décipta déning Penjenengané lan paring anak lanang maring ko kabéh?

وَاِذَا بُشِّرَ اَحَدُهُمْ بِمَا ضَرَبَ لِلرَّحْمٰنِ مَثَلًا ظَلَّ وَجْهُهٗ مُسْوَدًّا وَّهُوَ كَظِيْمٌ١٧
Wa iżā busysyira aḥaduhum bimā ḍaraba lir-raḥmāni maṡalan ẓalla wajhuhū muswaddaw wa huwa kaẓīm(un).
[17] Lan angger salah sijiné sekang wong-wong kuwé déwéhi werta bebungah kanthi apa (lairé anak wadon) sing dédadékna peumpaman tumrap (Gusti Allah) Sing Mahaasih, rainé dadi peteng-dhédhet ireng merga ngampet susah (lan jéngkél).

اَوَمَنْ يُّنَشَّؤُا فِى الْحِلْيَةِ وَهُوَ فِى الْخِصَامِ غَيْرُ مُبِيْنٍ١٨
Awamay yunasysya'u fil-ḥilyati wa huwa fil-khiṣāmi gairu mubīn(in).
[18] Lan apa pantes (dadi anaké Gusti Allah) wong sing degedhékna minangka dadi pepaés, karo maningé dhéwéké ora kewawa awéh alesan sing tegas lan cetha neng sejeroné pesulayan. 781
781) Ayat kiyé nggambarna kahanané wong wadon Arab rikala Al-Qur’an déturunaken. Dhéwéké kabéh ora déwéhi mirunggan (kesempatan) sinau, mulané dadi kurang kepinterané lan mung dédadékna pepaés. Wong wadon wektu kuwé ora duwé pengarsa sing cetha lan tegas nggo nglairna kekarepané nggo ngranggéh kemenangan.

وَجَعَلُوا الْمَلٰۤىِٕكَةَ الَّذِيْنَ هُمْ عِبٰدُ الرَّحْمٰنِ اِنَاثًا ۗ اَشَهِدُوْا خَلْقَهُمْ ۗسَتُكْتَبُ شَهَادَتُهُمْ وَيُسْـَٔلُوْنَ١٩
Wa ja‘alul-malā'ikatal-lażīna hum ‘ibādur raḥmāni ināṡā(n), asyahidū khalqahum, satuktabu syahādatuhum wa yus'alūn(a).
[19] Lan wong-wong kuwé padha ndadékna malaékat-malaékat kewulané (Gusti Allah) Sing Mahaasih dadi bangsa wadon. Apa dhéwéké padha nyekséni penciptanan (malaékat-malaékat kuwé)? Mbésuk bakal detulisna persekséné wong-wong kuwé lan bakal déjaluki tanggung jawabé.

وَقَالُوْا لَوْ شَاۤءَ الرَّحْمٰنُ مَا عَبَدْنٰهُمْ ۗمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍ اِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَۗ٢٠
Wa qālū lau syā'ar-raḥmānu mā ‘abadnāhum, mā lahum biżālika min ‘ilm(in), in hum illā yakhruṣūn(a).
[20] Lan dhéwéké padha ngucap, “Sekirané (Gusti Allah) Sing Mahaasih ngersakna, mesthi inyong kabéh ora padha nyembah dhéwéké (malaékat).” Wong-wong mau padha ora duwé ilmu semendhing-mendhinga ngenani kuwé. Ora liya dhéwéké mung padha ngira-ngira thok.

اَمْ اٰتَيْنٰهُمْ كِتٰبًا مِّنْ قَبْلِهٖ فَهُمْ بِهٖ مُسْتَمْسِكُوْنَ٢١
Am ātaināhum kitābam min qablihī fahum bihī mustamsikūn(a).
[21] Utawa apa Ingsun nglakon maringi sewiji kitab maring wong-wong kuwé seurungé, banjur dhéwéké padha cekelan (maring kitab mau)?

بَلْ قَالُوْٓا اِنَّا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا عَلٰٓى اُمَّةٍ وَّاِنَّا عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ مُّهْتَدُوْنَ٢٢
Bal qālū innā wajadnā ābā'anā ‘alā ummatiw wa innā ‘alā āṡārihim muhtadūn(a).
[22] Malah dhéwéké padha ngucap, “Setemené inyong kabéh weruh kaki-nininé inyong padha ngrasuk sewiji agama lan inyong kabéh olih pituduh nggo ngetutna lakuné dhéwéké (kaki-nini) kabéh.”

وَكَذٰلِكَ مَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّذِيْرٍۙ اِلَّا قَالَ مُتْرَفُوْهَآ ۙاِنَّا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا عَلٰٓى اُمَّةٍ وَّاِنَّا عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ مُّقْتَدُوْنَ٢٣
Wa każālika mā arsalnā min qablika fī qaryatim min nażīr(in), illā qāla mutrafūhā, innā wajadnā ābā'anā ‘alā ummatiw wa innā ‘alā āṡārihim muqtadūn(a).
[23] Lan mengkana uga rikala Ingsun ngutus sewiji wong sing awéh pengéling-éling seurungé sliramu (Muhammad) neng sewiji negari, wong-wong sing uripé moncér (neng negari kuwé) tansah ngucap, “Setemené inyong kabéh weruh para leluhuré inyong padha ngrasuk sewiji (agama) lan setemené inyong mung padha miturut apa sing deugemi déning dhéwéké (leluhur) kabéh.”

۞ قٰلَ اَوَلَوْ جِئْتُكُمْ بِاَهْدٰى مِمَّا وَجَدْتُّمْ عَلَيْهِ اٰبَاۤءَكُمْۗ قَالُوْٓا اِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٢٤
Qāla awalau ji'tukum bi'ahdā mimmā wajattum ‘alaihi ābā'akum, qālū innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[24] (Utusan kuwé) ngucap, “Apa (ko tetep padha ngetutna leluhur uga) senajan inyong nggawa nggo ko kabéh (agama) sing lewih apik tenimbang apa sing ko padha pekolih sekang (agama) sing deugemi déning kaki-ninimu.” Wong-wong kuwé padha semaur, “Setemené inyong kabéh ora manut (agama) sing ko dépréntahna supaya mbutulna kuwé (maring inyong kabéh).”

فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ ࣖ٢٥
Fantaqamnā minhum fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[25] Banjur Ingsun tumpes wong-wong kuwé, mangka gatékna kepriwé wekasané wong-wong sing padha ngapusi (bebener).

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖٓ اِنَّنِيْ بَرَاۤءٌ مِّمَّا تَعْبُدُوْنَۙ٢٦
Wa iż qāla ibrāhīmu li'abīhi wa qaumihī innanī barā'um mimmā ta‘budūn(a).
[26] Lan (élinga) rikala Ibrahim ngucap maring ramané lan kaumé, “Setemené inyong ora cawé-cawé sekang apa sing rika padha sembah,

اِلَّا الَّذِيْ فَطَرَنِيْ فَاِنَّهٗ سَيَهْدِيْنِ٢٧
Illāl-lażī faṭaranī fa'innahū sayahdīn(i).
[27] kejaba (rika padha nyembah) Gusti Allah sing nyiptakna inyong; merga temen, Penjenengané bakal paring pituduh maring inyong.”

وَجَعَلَهَا كَلِمَةً ۢ بَاقِيَةً فِيْ عَقِبِهٖ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَۗ٢٨
Wa ja‘alahā kalimatam bāqiyatan fī ‘aqibihī la‘allahum yarji‘ūn(a).
[28] Lan (Ibrahim) ndadékna (kalimah tauhid) kuwé kalimah sing langgeng neng keturunané supayané dhéwéké padha bali (maring kalimat tauhid kuwé). 782
782) Nabi Ibrahim ndadékna kalimah tauhid dadi cekelan nggo keturunané supayané angger ana neng antarané dhéwéké kabéh wong sing nyekuthokna Gusti Allah supayané gagiyan bali maring tauhid kuwé.

بَلْ مَتَّعْتُ هٰٓؤُلَاۤءِ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ وَرَسُوْلٌ مُّبِيْنٌ٢٩
Bal matta‘tu hā'ulā'i wa ābā'ahum ḥattā jā'ahumul-ḥaqqu wa rasūlum mubīn(un).
[29] Malah Ingsun wis paring kenékmatan urip maring wong-wong kuwé lan kaki-nininé dhéwéké nganti bebener (Al-Qur’an) teka maring dhéwéké kabéh bareng sewiji Utusan sing awéh penerangan. 783
783) Neng antarané keturunané Nabi Ibrahim ana sing nglalénaken tauhid lan Gusti Allah ora paring siksa, ning malah paring nékmat lan penguripan sing kuduné desukuri. Ning keturunané Nabi Ibrahim kuwé ora sukur malah nuruti nepsuné, merga kuwé Gusti Allah nurunaken Al-Qur’an lan sewijiné Rasul nggo awéh tuntunan nggo mbimbing dhéwéké kabéh.

وَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ وَّاِنَّا بِهٖ كٰفِرُوْنَ٣٠
Wa lammā jā'ahumul-ḥaqqu qālū hāżā siḥruw wa innā bihī kāfirūn(a).
[30] Ning rikala bebener (Al-Qur’an) kuwé teka maring dhéwéké, wong-wong mau padha ngucap, “Kiyé sihir lan setemené inyong kabéh padha ngingkari kuwé.”

وَقَالُوْا لَوْلَا نُزِّلَ هٰذَا الْقُرْاٰنُ عَلٰى رَجُلٍ مِّنَ الْقَرْيَتَيْنِ عَظِيْمٍ٣١
Wa qālū lau lā nuzzila hāżal-qur'ānu ‘alā rajulim minal-qaryataini ‘aẓīm(in).
[31] Lan dhéwéké padha ngucap, “Kenangapa Al-Qur’an kiyé ora déturunaken maring wong sing pinunjul (sugih lan wibawa) sekang salah sijiné negari loro kiyé (Mekah lan Taif)?”

اَهُمْ يَقْسِمُوْنَ رَحْمَتَ رَبِّكَۗ نَحْنُ قَسَمْنَا بَيْنَهُمْ مَّعِيْشَتَهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۙ وَرَفَعْنَا بَعْضَهُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجٰتٍ لِّيَتَّخِذَ بَعْضُهُمْ بَعْضًا سُخْرِيًّا ۗوَرَحْمَتُ رَبِّكَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ٣٢
Ahum yaqsimūna raḥmata rabbik(a), naḥnu qasamnā bainahum ma‘īsyatahum fil-ḥayātid-dun-yā, wa rafa‘nā ba‘ḍahum fauqa ba‘ḍin darajātil liyattakhiża ba‘ḍuhum ba‘ḍan sukhriyyā(n), wa raḥmatu rabbika khairum mimmā yajma‘ūn(a).
[32] Apa wong-wong kuwé sing padha andum kewelasané (rahmat) Pengéranmu? Ingsun sing nemtokna penguripané dhéwéké kabéh neng penguripan dunya, lan Ingsun wis munjulna sebagéané dhéwéké sekang sebagéan liyané sewetara drajat, supayané sebagéané dhéwéké bisa migunakna sebagéan sing liyané. Lan kewelasané (rahmat) Pengéranmu lewih apik tenimbang apa sing dhéwéké kabéh padha kumpulna.

وَلَوْلَآ اَنْ يَّكُوْنَ النَّاسُ اُمَّةً وَّاحِدَةً لَّجَعَلْنَا لِمَنْ يَّكْفُرُ بِالرَّحْمٰنِ لِبُيُوْتِهِمْ سُقُفًا مِّنْ فِضَّةٍ وَّمَعَارِجَ عَلَيْهَا يَظْهَرُوْنَۙ٣٣
Wa lau lā ay yakūnan-nāsu ummataw wāḥidatal laja‘alnā limay yakfuru bir-raḥmāni libuyūtihim suqufam min fiḍḍatiw wa ma‘ārija ‘alaihā yaẓharūn(a).
[33] Lan umpamané udu merga ngindhani menungsa dadi umat siji (neng njero kekapiran) mesthi wis Ingsun gawékna nggo wong-wong sing padha kapir maring (Gusti Allah) Sing Mahaasih, loteng-loteng umahé dhéwéké sekang pérak, semena uga andha-andha sing dhéwéké padha anjati,

وَلِبُيُوْتِهِمْ اَبْوَابًا وَّسُرُرًا عَلَيْهَا يَتَّكِـُٔوْنَۙ٣٤
Wa libuyūtihim abwābaw wa sururan ‘alaihā yattaki'ūn(a).
[34] lan (Ingsun gawékna uga) lawang-lawang (pérak) nggo umahé-umahé dhéwéké kabéh, lan ambén-ambén panggonané dhéwéké padha séndhéhan.

وَزُخْرُفًاۗ وَاِنْ كُلُّ ذٰلِكَ لَمَّا مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَالْاٰخِرَةُ عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٣٥
Wa zukhrufā(n), wa in kullu żālika lammā matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wal-ākhiratu ‘inda rabbika lil-muttaqīn(a).
[35] Lan (Ingsun uga gawékna) pepaés-pepaés sekang emas. Lan sekabéh kuwé ora liya mung kesenengan urip neng dunya, éwadéné penguripan akhérat neng sisihé Pengéranmu desedhiakna nggo wong-wong sing padha semarah (takwa) (maring Gusti Allah).

وَمَنْ يَّعْشُ عَنْ ذِكْرِ الرَّحْمٰنِ نُقَيِّضْ لَهٗ شَيْطٰنًا فَهُوَ لَهٗ قَرِيْنٌ٣٦
Wa may ya‘syu ‘an żikrir-raḥmāni nuqayyiḍ lahū syaiṭānan fahuwa lahū qarīn(un).
[36] Lan sapa wongé mléngos sekang piwulangé Gusti Allah Sing Mahaasih (Al-Qur’an), Ingsun jorna sétan (nyasarna) lan dadi batir kraketé.

وَاِنَّهُمْ لَيَصُدُّوْنَهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ٣٧
Wa innahum layaṣuddūnahum ‘anis-sabīli wa yaḥsabūna annahum muhtadūn(a).
[37] Lan temen, dhéwéké (sétan-sétan kuwé) nyata-nyata ngalang-alangi dhéwéké kabéh sekang dalan sing bener. Ning wong-wong kuwé padha ngira dhéwéké padha olih pituduh.

حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَنَا قَالَ يٰلَيْتَ بَيْنِيْ وَبَيْنَكَ بُعْدَ الْمَشْرِقَيْنِ فَبِئْسَ الْقَرِيْنُ٣٨
Ḥattā iżā jā'anā qāla yā laita bainī wa bainaka bu‘dal-masyriqaini fa bi'sal-qarīn(u).
[38] Saéngga angger wong-wong sing padha mléngos kuwé teka maring Ingsun (neng dina Kiyamat), dhéwéké padha ngucap, “Dhuh! Sekirané (adohé) antarané inyong karo ko kaya adohé antarané wétan karo kulon! Pancén, sétan kuwé batir sing paling jahat (tumrap menungsa).”

وَلَنْ يَّنْفَعَكُمُ الْيَوْمَ اِذْ ظَّلَمْتُمْ اَنَّكُمْ فِى الْعَذَابِ مُشْتَرِكُوْنَ٣٩
Wa lay yanfa‘akumul-yauma iẓ ẓalamtum annakum fil-‘ażābi musytarikūn(a).
[39] Lan (pengarep-arepmu kuwé) babar pisan ora bakal awéh piguna maring ko kabéh neng dina kuwé merga ko wis padha ngapitunani (awakmu dhéwék). Setemené ko pantes padha bareng-bareng sejeroné siksa kuwé.

اَفَاَنْتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ اَوْ تَهْدِى الْعُمْيَ وَمَنْ كَانَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٤٠
Afa anta tusmi‘uṣ-ṣumma au tahdil-‘umya wa man kāna fī ḍalālim mubīn(in).
[40] Mangka apa sliramu (Muhammad) bisa ndadékna wong sing budheg bisa krungu utawa (apa bisa) sliramu awéh pituduh maring wong sing wuta (atiné) lan maring wong sing tetep neng sejeroné kesasar sing nyata?

فَاِمَّا نَذْهَبَنَّ بِكَ فَاِنَّا مِنْهُمْ مُّنْتَقِمُوْنَۙ٤١
Fa immā nażhabanna bika fa innā minhum muntaqimūn(a).
[41] Mangka temen, sekirané Ingsun mundhut sliramu (seurungé sliramu olih kemenangan) mangka setemené Ingsun bakal tetep paring siksa maring wong-wong kuwé (neng akhérat),

اَوْ نُرِيَنَّكَ الَّذِيْ وَعَدْنٰهُمْ فَاِنَّا عَلَيْهِمْ مُّقْتَدِرُوْنَ٤٢
Au nuriyannakal-lażī wa‘adnāhum fa'innā ‘alaihim muqtadirūn(a).
[42] utawa Ingsun weruhna maring sliramu (siksa) sing wis Ingsun ancamna maring wong-wong kuwé 784 . Mangka temen, Ingsun kewasa ingatasé dhéwéké kabéh.
784) Menangé nabi Muhammad s.a.w lan ajuré kaum musrik

فَاسْتَمْسِكْ بِالَّذِيْٓ اُوْحِيَ اِلَيْكَ ۚاِنَّكَ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٤٣
Fastamsik bil-lażī ūḥiya ilaik(a), innaka ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[43] Mangka cekelana sing kenceng sliramu maring (agama) sing wis déwahyokna maring sliramu. Temen, sliramu ana neng dalan sing jejeg.

وَاِنَّهٗ لَذِكْرٌ لَّكَ وَلِقَوْمِكَ ۚوَسَوْفَ تُسْـَٔلُوْنَ٤٤
Wa innahū lażikrul laka wa liqaumik(a), wa saufa tus'alūn(a).
[44] Lan temen Al-Qur’an kuwé nyata-nyata dadi pengéling-éling tumrap sliramu lan kaumu, lan mbésuk sliramu bakal déjaluki tanggungjawab.

وَسْـَٔلْ مَنْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رُّسُلِنَآ ۖ اَجَعَلْنَا مِنْ دُوْنِ الرَّحْمٰنِ اٰلِهَةً يُّعْبَدُوْنَ ࣖ٤٥
Was'al man arsalnā min qablika mir rusulinā, aja‘alnā min dūnir-raḥmāni ālihatay yu‘badūn(a).
[45] Lan takokna (Muhammad) maring utusan-utusané Ingsun sing wis Ingsun utus seurungé sliramu, “Apa Ingsun nemtokna sembahan-sembahan seliyané (Gusti Allah) Sing Mahaasih nggo désembah?”

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَقَالَ اِنِّيْ رَسُوْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٦
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā ilā fir‘auna wa mala'ihī fa qāla innī rasūlu rabbil-‘ālamīn(a).
[46] Lan temen, Ingsun wis ngutus Musa nggo nggawa mukjijat-mukjijat Ingsun maring Fir’aun lan penggedhé-penggedhéné kaumé. Mangka dhéwéké (Musa) ngucap, “Setemené inyong utusané Pengérané sekabéh ngalam.”

فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِاٰيٰتِنَآ اِذَا هُمْ مِّنْهَا يَضْحَكُوْنَ٤٧
Falammā jā'ahum bi'āyātinā iżā hum minhā yaḍḥakūn(a).
[47] Mangka rikala dhéwéké (Musa) teka maring wong-wong kuwé nggawa mukjijat-mukjijat Ingsun, senalika dhéwéké kabéh padha merguyu (mukjijat) kuwé.

وَمَا نُرِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ اِلَّا هِيَ اَكْبَرُ مِنْ اُخْتِهَاۗ وَاَخَذْنٰهُمْ بِالْعَذَابِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٤٨
Wa mā nurīhim min āyatin illā hiya akbaru min ukhtihā, wa akhażnāhum bil-‘ażābi la‘allahum yarji‘ūn(a).
[48] Lan ora bakal Ingsun weruhna sewiji mukjijat maring dhéwéké kabéh kejaba (mukjizat kuwé) lewih gedhé tenimbang mukjijat-mukjijat (sing seurungé). Lan Ingsun tibakna maring wong-wong kuwé siksa 785 supaya dhéwéké padha bali (maring dalan sing bener).
785) Sing démaksud siksa neng kéné, siksa duniawi minangka dadi coban sekang Gusti Allah kayadéné kekurangan pangan, tekané ama tanduran-tanduran lan liya-liyané.

وَقَالُوْا يٰٓاَيُّهَ السَّاحِرُ ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَۚ اِنَّنَا لَمُهْتَدُوْنَ٤٩
Wa qālū yā ayyuhas-sāḥirud‘u lanā rabbaka bimā ‘ahida ‘indak(a), innanā lamuhtadūn(a).
[49] Lan wong-wong kuwé ngucap, “Hé tukang sihir! 786 Nyuwuna maring Pengéranmu supaya (ngluwarna) inyong kabéh miturut karo sing wis déjanjékna déning Gusti Allah maring ko, setemené inyong kabéh (angger penyuwunmu dekabulna) bakal dadi wong sing padha olih pituduh.
786) Sing démaksud tukang sihir yakuwé Nabi Musa a.s.

فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ اِذَا هُمْ يَنْكُثُوْنَ٥٠
Falammā kasyafnā ‘anhumul-‘ażāba iżā hum yankuṡūn(a).
[50] Mangka rikala Ingsun ngilangna siksa kuwé sekang dhéwéké kabéh, senalika kuwé uga dhéwéké padha nyulayani janji.

وَنَادٰى فِرْعَوْنُ فِيْ قَوْمِهٖ قَالَ يٰقَوْمِ اَلَيْسَ لِيْ مُلْكُ مِصْرَ وَهٰذِهِ الْاَنْهٰرُ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِيْۚ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَۗ٥١
Wa nādā fir‘aunu fī qaumihī qāla yā qaumi alaisa lī mulku miṣra wa hāżihil-anhāru tajrī min taḥtī, afalā tubṣirūn(a).
[51] Lan Fir’aun ajék-ajék maring kaumé kanthi ngucap, “Hé kaumé inyong! Mbok iya praja Mesir kuwé duwéku lan (mbok iya) bengawan-bengawan kuwé padha mili neng ngisorku; apa ko padha ora weruh?

اَمْ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْ هٰذَا الَّذِيْ هُوَ مَهِيْنٌ ەۙ وَّلَا يَكَادُ يُبِيْنُ٥٢
Am ana khairum min hāżal-lażī huwa mahīn(un), wa lā yakādu yubīn(u).
[52] Mbok iya inyong lewih apik tenimbang wong (Musa) sing ina kiyé lan sing méh ora bisa nggenahna (ucapané)?

فَلَوْلَآ اُلْقِيَ عَلَيْهِ اَسْوِرَةٌ مِّنْ ذَهَبٍ اَوْ جَاۤءَ مَعَهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ مُقْتَرِنِيْنَ٥٣
Falau lā ulqiya ‘alaihi aswiratum min żahabin au jā'a ma‘ahul-malā'ikatu muqtarinīn(a).
[53] Mangka kenangapa dhéwéké (Musa) ora de-enggoni gelang sekang emas utawa malaékat teka bareng-bareng dhéwéké nggo ngiring-iring dhéwéké?”

فَاسْتَخَفَّ قَوْمَهٗ فَاَطَاعُوْهُ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ٥٤
Fastakhaffa qaumahū fa aṭā‘ūh(u), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[54] Mangka (Fir’aun) kanthi ucapan kuwé wis ngojok-ojoki kaumé, saéngga wong-wong kuwé padha manut maring dhéwéké. Temen, dhéwéké kuwé kaum sing padha dosa (pasék).

فَلَمَّآ اٰسَفُوْنَا انْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَاَغْرَقْنٰهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٥٥
Falammā āsafūnantaqamnā minhum fa agraqnāhum ajma‘īn(a).
[55] Mangka rikala wong-wong mau padha gawé Ingsun bendu, Ingsun ukum dhéwéké, banjur Ingsun lelepna wong-wong kuwé kabéh (neng segara),

فَجَعَلْنٰهُمْ سَلَفًا وَّمَثَلًا لِّلْاٰخِرِيْنَ ࣖ٥٦
Fa ja‘alnāhum salafaw wa maṡalal lil-ākhirīn(a).
[56] mangka Ingsun dadékna wong-wong kuwé minangka dadi (kaum) kawitan lan dadi piwulang nggo wong-wong sing padha (urip) keri.

۞ وَلَمَّا ضُرِبَ ابْنُ مَرْيَمَ مَثَلًا اِذَا قَوْمُكَ مِنْهُ يَصِدُّوْنَ٥٧
Wa lammā ḍuribabnu maryama maṡalan iżā qaumuka minhu yaṣiddūn(a).
[57] Lan rikala putrané Maryam (Isa) dédadékna peumpaman, dadakan kaumé sliramu (trah Quraysi) padha surak merga (peumpaman) kuwé.

وَقَالُوْٓا ءَاٰلِهَتُنَا خَيْرٌ اَمْ هُوَ ۗمَا ضَرَبُوْهُ لَكَ اِلَّا جَدَلًا ۗبَلْ هُمْ قَوْمٌ خَصِمُوْنَ٥٨
Wa qālū a'ālihatunā khairun am huw(a), mā ḍarabūhu laka illā jadalā(n), bal hum qaumun khaṣimūn(a).
[58] Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Endi sing lewih apik, sembahan-sembahané inyong kabéh apa dhéwéké (Isa)?” Wong-wong kuwé padha ora awéh (peumpaman) maring sliramu anging kanthi maksud mung nggo mbantah, sebeneré dhéwéké kabéh kuwé kaum sing padha seneng pesulayan. 787
787) Ayat 57 lan 58 neng dhuwur nyritakna maning kedadéan wektu Rasulullah macakna surat Al-Anbiya ayat 98 sing tegesé, “Temen, ko kabéh (wong kapir) lan apa sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah, dadi suluhé Jahanam.” Mangka sewijiné wong Quraysi sing arané Abdullah bin Az Zab’ari takon maring Rasulullah.s.a.w, ngenani kahanané Isa sing désembah wong Nasrani, apa dhéwéké kabéh uga dadi suluhé neraka jahanam kaya sembahan-sembahané. Rasulullah meneng (ora semaur) lan dhéwéké (wong Quraisy) padha gemuyu; banjur dhéwéké kabéh takon maning ngenani sing lewih apik antarané sembahan-sembahané dhéwéké kabéh karo Isa. Pertakonan-pertakonan kuwé mung nggo mbantah udu nggo nggolét bebener. Dalan pikirané dhéwéké kabéh kuwé dadi kesalahan sing gedhé. Isa ora ngerti lamona dhéwéké désembah lan ora rila angger désembah.

اِنْ هُوَ اِلَّا عَبْدٌ اَنْعَمْنَا عَلَيْهِ وَجَعَلْنٰهُ مَثَلًا لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٥٩
In huwa illā ‘abdun an‘amnā ‘alaihi wa ja‘alnāhu maṡalal libanī isrā'īl(a).
[59] Dhéwéké (Isa) ora liya mung sewiji kewula sing Ingsun paringi nékmat (dadi utusan) maring dhéwéké. Lan Ingsun dadékna dhéwéké minangka tulada piwulangan tumrap Bani Israil.

وَلَوْ نَشَاۤءُ لَجَعَلْنَا مِنْكُمْ مَّلٰۤىِٕكَةً فِى الْاَرْضِ يَخْلُفُوْنَ٦٠
Wa lau nasyā'u laja‘alnā minkum malā'ikatan fil-arḍi yakhlufūn(a).
[60] Lan sekirané Ingsun ngersakna, mesthi ana neng antarané ko kabéh sing Ingsun dadékna malaékat-malaékat (sing turun-temurun) minangka dadi gantiné ko kabéh neng bumi.

وَاِنَّهٗ لَعِلْمٌ لِّلسَّاعَةِ فَلَا تَمْتَرُنَّ بِهَا وَاتَّبِعُوْنِۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦١
Wa innahū la‘ilmul lis-sā‘ati falā tamtarunna bihā wattabi‘ūn(i), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[61] Lan temen, dhéwéké (Isa) nyata-nyata dadi pertandha bakal tekané dina Kiyamat. Merga kuwé aja pisan-pisan ko padha mamang ngenani (Kiyamat) kuwé lan padha mélua maring Ingsun. Kiyé dalan sing jejeg.

وَلَا يَصُدَّنَّكُمُ الشَّيْطٰنُۚ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٦٢
Wa lā yaṣuddannakumusy-syaiṭān(u), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[62] Lan aja pisan-pisan ko kabéh depléngosna déning sétan; temen, sétan kuwé mungsuh sing nyata tumrap ko kabéh.

وَلَمَّا جَاۤءَ عِيْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ قَالَ قَدْ جِئْتُكُمْ بِالْحِكْمَةِ وَلِاُبَيِّنَ لَكُمْ بَعْضَ الَّذِيْ تَخْتَلِفُوْنَ فِيْهِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ٦٣
Wa lammā jā'a ‘īsā bil-bayyināti qāla qad ji'tukum bil-ḥikmati wa li'ubayyina lakum ba‘ḍal-lażī takhtalifūna fīh(i), fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[63] Lan rikala Isa teka nggawa keterangan, dhéwéké ngucap, “Temen inyong teka maring ko kabéh kanthi nggawa hikmah 788 lan nggo nggenahna maring ko kabéh sebagéan sekang apa sing ko padha persulayakna. Mangka padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan manuta maring inyong.
788) Kenabian, injil lan hukum.

اِنَّ اللّٰهَ هُوَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦٤
Innallāha huwa rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[64] Temen Gusti Allah, Penjenengané sembahanku lan sembahanmu. Mangka padha nyembaha Penjenengané. Kiyé dalan sing jejeg.

فَاخْتَلَفَ الْاَحْزَابُ مِنْۢ بَيْنِهِمْ ۚفَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْ عَذَابِ يَوْمٍ اَلِيْمٍ٦٥
Fakhtalafal-aḥzābu mim bainihim, fawailul lil-lażīna ẓalamūmin ‘ażābi yaumin alīm(in).
[65] Ning golongan-golongan (sing ana) padha pesulayan neng antarané wong-wong kuwé; mangka temen cilaka wong-wong sing padha aniaya (dolim) merga siksa neng dina sing perih (Kiyamat).

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا السَّاعَةَ اَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٦٦
Hal yanẓurūna illas-sā‘ata an ta'tiyahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[66] Apa wong-wong kuwé bakal mung padha nunggu tekané dina Kiyamat sing teka maring dhéwéké kabéh kanthi dadakan lan dhéwéké padha ora nggliga.

اَلْاَخِلَّاۤءُ يَوْمَىِٕذٍۢ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ اِلَّا الْمُتَّقِيْنَ ۗ ࣖ٦٧
Al-akhillā'u yauma'iżim ba‘ḍuhum liba‘ḍin ‘aduwwun illal-muttaqīn(a).
[67] Batir-batir raket neng dina kuwé padha mungsuhan antarané siji karo sijiné, kejaba wong sing padha semarah (takwa).

يٰعِبَادِ لَاخَوْفٌ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَ وَلَآ اَنْتُمْ تَحْزَنُوْنَۚ٦٨
Yā ‘ibādi lā khaufun ‘alaikumul-yauma wa lā antum taḥzanūn(a).
[68] “Hé kewula-kewulané Ingsun! Ora nana wewedi tumrap ko kabéh neng dina kuwé lan ora uga ko padha susah neng ati.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا مُسْلِمِيْنَۚ٦٩
Allażīna āmanū bi'āyātinā wa kānū muslimīn(a).
[69] (Yakuwé) wong-wong sing padha precaya maring ayat-ayat-É Ingsun lan dhéwéké kabéh masrahna awak.

اُدْخُلُوا الْجَنَّةَ اَنْتُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ تُحْبَرُوْنَ٧٠
Udkhulul-jannata antum wa azwājukum tuḥbarūn(a).
[70] Padha mlebua ko kabéh maring suwarga. Ko lan jodhoné ko kabéh bakal deseneng-senengna.”

يُطَافُ عَلَيْهِمْ بِصِحَافٍ مِّنْ ذَهَبٍ وَّاَكْوَابٍ ۚوَفِيْهَا مَا تَشْتَهِيْهِ الْاَنْفُسُ وَتَلَذُّ الْاَعْيُنُ ۚوَاَنْتُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَۚ٧١
Yuṭāfu ‘alaihim biṣiḥāfim min żahabiw wa akwāb(in), wa fīhā mā tasytahīhil-anfusu wa talażżul-a‘yun(u), wa antum fīhā khālidūn(a).
[71] Maring wong-wong kuwé bakal deiderna piring-piring lan gelas-gelas (sing dégawé) sekang emas, lan neng njeroné suwarga kuwé ana apa sing dekepéngini neng ati lan apa baé sing kepénak (désawang) neng mata lan ko kabéh langgeng neng njeroné.

وَتِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِيْٓ اُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٧٢
Wa tilkal-jannatul-latī ūriṡtumūhā bimā kuntum ta‘malūn(a).
[72] Lan kaya kuwé suwarga sing dewarisna maring ko kabéh merga penggawéan sing wis ko padha lakoni.

لَكُمْ فِيْهَا فَاكِهَةٌ كَثِيْرَةٌ مِّنْهَا تَأْكُلُوْنَ٧٣
Lakum fīhā fākihatun kaṡīratum minhā ta'kulūn(a).
[73] Neng njeroné suwarga kuwé ana pirang-pirang woh-wohan nggo ko kabéh sing sebagéané padha ko pangan.

اِنَّ الْمُجْرِمِيْنَ فِيْ عَذَابِ جَهَنَّمَ خٰلِدُوْنَۖ٧٤
Innal-mujrimīna fī ‘ażābi jahannama khālidūn(a).
[74] Temen, wong-wong sing padha dosa kuwé langgeng neng siksané neraka Jahanam.

لَا يُفَتَّرُ عَنْهُمْ وَهُمْ فِيْهِ مُبْلِسُوْنَ ۚ٧٥
Lā yufattaru ‘anhum wa hum fīhi mublisūn(a).
[75] Ora deénthéngna (siksa) kuwé sekang dhéwéké kabéh, lan dhéwéké padha pungkas (pedhot pengarep-arepé) neng njeroné.

وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْا هُمُ الظّٰلِمِيْنَ٧٦
Wa mā ẓalamnāhum wa lākin kānū humuẓ-ẓālimīn(a).
[76] Lan ora-orané Ingsun ngapitunani wong-wong kuwé, ning dhéwéké sing padha ngapitunani awaké dhéwék.

وَنَادَوْا يٰمٰلِكُ لِيَقْضِ عَلَيْنَا رَبُّكَۗ قَالَ اِنَّكُمْ مّٰكِثُوْنَ٧٧
Wa nādau yā māliku liyaqḍi ‘alainā rabbuk(a), qāla innakum mākiṡūn(a).
[77] Lan wong-wong kuwé padha sambat-sambat, “Hé (malaékat) Malik! Preyoga Pengéranmu maténi inyong kabéh baé.” Dhéwéké semaur, “Temen, ko kabéh bakal tetep manggon (neng neraka kiyé).”

لَقَدْ جِئْنٰكُمْ بِالْحَقِّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَكُمْ لِلْحَقِّ كٰرِهُوْنَ٧٨
Laqad ji'nākum bil-ḥaqqi wa lākinna akṡarakum lil-ḥaqqi kārihūn(a).
[78] Temen, Ingsun wis rawuh ngasta bebener maring ko kabéh ning akéh-akéhé ko padha wadhéh maring bebener kuwé.

اَمْ اَبْرَمُوْٓا اَمْرًا فَاِنَّا مُبْرِمُوْنَۚ٧٩
Am abramū amran fa innā mubrimūn(a).
[79] Utawa, apa wong-wong kuwé wis padha ngerencanakna réka daya (jahat), mangka setemené Ingsun wis ngerencana (ngatasi réka dayané dhéwéké kabéh). 789
789) Kaum musrik Mekah ora mung wadheh maring bebener, malah dhéwéké kabéh uga wis ngrencanakna arep maténi Nabi Muhammad, ning rencana kuwé gagal merga Gusti Allah uga kagungan rencana nylamatna Nabi.

اَمْ يَحْسَبُوْنَ اَنَّا لَا نَسْمَعُ سِرَّهُمْ وَنَجْوٰىهُمْ ۗ بَلٰى وَرُسُلُنَا لَدَيْهِمْ يَكْتُبُوْنَ٨٠
Am yaḥsabūna annā lā nasma‘u sirrahum wa najwāhum, balā wa rusulunā ladaihim yaktubūn(a).
[80] Utawa, apa wong-wong kuwé ngira lamon Ingsun ora midhanget wewadi lan krisik-krisiké dhéwéké kabéh? Sebeneré (Ingsun midhanget), lan utusan-utusané Ingsun (malaékat) tansah nyathet neng sisihé dhéwéké kabéh.

قُلْ اِنْ كَانَ لِلرَّحْمٰنِ وَلَدٌ ۖفَاَنَا۠ اَوَّلُ الْعٰبِدِيْنَ٨١
Qul in kāna lir-raḥmāni walad(un), fa ana awwalul-‘ābidīn(a).
[81] Dhawuha (Muhammad), “Angger bener Pengéran Sing Mahaasih kagungan putra, mangka inyong sing paling kawitan bakal mulyakna (putra kuwé).

سُبْحٰنَ رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُوْنَ٨٢
Subḥāna rabbis-samāwāti wal-arḍi rabbil-‘arsyi ‘ammā yaṣifūn(a).
[82] Mahasuci Pengéran sing kagungan langit lan bumi, Pengéran sing kagungan ‘Arsy, sekang apa sing dhéwéké padha sipatna kuwé.”

فَذَرْهُمْ يَخُوْضُوْا وَيَلْعَبُوْا حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَ٨٣
Fa żarhum yakhūḍū wa yal‘abū ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī yū‘adūn(a).
[83] Mangka jorna baé wong-wong kuwé padha ketilem (neng sejeroné kesasar) lan padha dolanan nganti butul dhéwéké padha ketemu dina sing déjanjékna maring wong-wong kuwé kabéh.

وَهُوَ الَّذِيْ فِى السَّمَاۤءِ اِلٰهٌ وَّ فِى الْاَرْضِ اِلٰهٌ ۗوَهُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ٨٤
Wa huwal-lażī fis-samā'i ilāhuw wa fil-arḍi ilāh(un), wa huwal-ḥakīmul-‘alīm(u).
[84] Lan Penjenengan Pengéran (sing désembah) neng langit, lan Pengéran (sing désembah) neng bumi lan Penjenengané Sing Mahawicaksana, Maha Ngawuningani.

وَتَبٰرَكَ الَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۚوَعِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٨٥
Wa tabārakal-lażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, wa ‘indahū ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[85] Lan Mahasuci (Gusti Allah) sing kagungan praja langit lan bumi, lan apa sing ana neng antarané sekloroné; lan neng sisihé Penjenengané kawruh ngenangi dina Kiyamat lan mung maring Penjenengané ko kabéh débalékna.

وَلَا يَمْلِكُ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهِ الشَّفَاعَةَ اِلَّا مَنْ شَهِدَ بِالْحَقِّ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٨٦
Wa lā yamlikul-lażīna yad‘ūna min dūnihisy-syafā‘ata illā man syahida bil-ḥaqqi wa hum ya‘lamūn(a).
[86] Lan wong-wong sing padha ajék-ajék maring seliyané Gusti Allah ora olih sapangat (pitulungan neng akhérat); kejaba wong sing ngakoni sing sejati (tauhid) lan dhéwéké kabéh padha ngugemi.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَهُمْ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ فَاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَۙ٨٧
Wa la'in sa'altahum man khalaqahum layaqūlunnallāhu fa annā yu'fakūn(a).
[87] Lan angger sliramu takon maring wong-wong kuwé, “Sapa sing nyiptakna dhéwéké kabéh, mesthi dhéwéké padha semaur, ‘Gusti Allah.’ Dadi kepriwé wong-wong kuwé padha bisa depléngosna (sekang nyembah Gusti Allah),”

وَقِيْلِهٖ يٰرَبِّ اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمٌ لَّا يُؤْمِنُوْنَۘ٨٨
Wa qīlihī yā rabbi inna hā'ulā'i qaumul lā yu'minūn(a).
[88] lan (Gusti Allah ngawuningani) dhawuhé (Muhammad), “Dhuh Pengéran kula, sejatosipun kiyambeké niku kaum ingkang mboten sami precaya.

فَاصْفَحْ عَنْهُمْ وَقُلْ سَلٰمٌۗ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ ࣖ٨٩
Faṣfaḥ ‘anhum wa qul salām(un), fa saufa ya‘lamūn(a).
[89] Mangka mléngosa sekang wong-wong kuwé lan dhawuhna, “Salam (salam pepisahan).” Mbésuk dhéwéké kabéh bakal ngaweruhi (nasibé dhéwéké sing ala).