Surah Asy-Syura

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Haa Miim.

عۤسۤقۤ ۗ٢
‘Ain sīn qāf.
[2] ‘Ain Sin Qaaf.

كَذٰلِكَ يُوْحِيْٓ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۙ اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٣
Każālika yūḥī ilaika wa ilal-lażīna min qablik(a), allāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[3] Kaya mengkana Gusti Allah Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana mahyokna maring sliramu (Muhammad) lan maring wong-wong seurungé sliramu.

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ٤
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘aliyyul-‘aẓīm(u).
[4] Kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi. Lan Penjenengané Sing Mahaluhur, Mahaagung.

تَكَادُ السَّمٰوٰتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْ فَوْقِهِنَّ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيَسْتَغْفِرُوْنَ لِمَنْ فِى الْاَرْضِۗ اَلَآ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٥
Takādus-samāwātu yatafaṭṭarna min fauqihinna wal-malā'ikatu yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim wa yastagfirūna liman fil-arḍ(i), alā innallāha huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[5] Meh baé langit kuwé pecah sekang sisih ndhuwuré (merga agungé Gusti Allah) lan malaékat-malaékat padha maca tasbéh ngalembana Pengérané lan nyuwun pengampura nggo wong sing ana neng bumi. Élinga, setemené Gusti Allah Penjenengané Sing Maha Ngampura, Mahawelas.

وَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَ اللّٰهُ حَفِيْظٌ عَلَيْهِمْۖ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ٦
Wal-lażīnattakhażū min dūnihī auliyā'allāhu ḥafīẓun ‘alaihim, wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[6] Lan wong-wong sing padha ngalap pengayom-pengayom seliyané Gusti Allah, Penjenengané ngawat-awati (penggawéané) dhéwéké kabéh; anadéné sliramu (Muhammad) udu wong sing deprasrahi ngawat-awati wong-wong mau.

وَكَذٰلِكَ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لِّتُنْذِرَ اُمَّ الْقُرٰى وَمَنْ حَوْلَهَا وَتُنْذِرَ يَوْمَ الْجَمْعِ لَا رَيْبَ فِيْهِ ۗفَرِيْقٌ فِى الْجَنَّةِ وَفَرِيْقٌ فِى السَّعِيْرِ٧
Wa każālika auḥainā ilaika qur'ānan ‘arabiyyal litunżira ummal-qurā wa man ḥaulahā wa tunżira yaumal-jam‘i lā raiba fīh(i), farīqun fil-jannati wa farīqun fis-sa‘īr(i).
[7] Lan mengkana kuwé Ingsun mahyokna Al-Qur'an maring sliramu nganggo basa Arab, supaya sliramu awéh pengéling-éling maring warga kotagung (Mekah) lan warga (negari-negari) neng sekubengé, karo awéh pengéling-éling maring dinané padha kumpul (Kiyamat) sing ora demamangna anané. Segolongan padha mlebu suwarga lan segolongan padha mlebu neraka.

وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَهُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ يُّدْخِلُ مَنْ يَّشَاۤءُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ وَالظّٰلِمُوْنَ مَا لَهُمْ مِّنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٨
Wa lau syā'allāhu laja‘alahum ummataw wāḥidataw wa lākiy yudkhilu may yasyā'u fī raḥmatih(ī), waẓ-ẓālimūna mā lahum miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[8] Lan sekirané Gusti Allah ngersakna, mesthi Penjenengané ndadékna dhéwéké kabéh umat siji, ning Penjenengané nglebokna wong-wong sing dékersakna maring kewelasané (rahmat) lan wong-wong sing aniaya (dolim) ora nana tumrap dhéwéké pengayom lan sing nulungi.

اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۚ فَاللّٰهُ هُوَ الْوَلِيُّ وَهُوَ يُحْيِ الْمَوْتٰى ۖوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ٩
Amittakhażū min dūnihī auliyā'(a), fallāhu huwal-waliyyu wa huwa yuḥyil-mautā, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[9] Utawa dhéwéké padha ngalap pengayom-pengayom seliyané Penjenengané? Mangkané Gusti Allah kuwé pengayom (sing sejati) lan Penjenengané nguripna wong sing mati lan Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.

وَمَا اخْتَلَفْتُمْ فِيْهِ مِنْ شَيْءٍ فَحُكْمُهٗٓ اِلَى اللّٰهِ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبِّيْ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُۖ وَاِلَيْهِ اُنِيْبُ١٠
Wa makhtalaftum fīhi min syai'in faḥukmuhū ilallāh(i), żālikumullāhu rabbī ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi unīb(u).
[10] Lan apa baé sing ko padha persulayakna ingatasé kuwé ngenani sewiji-wiji, keputusané (nyumanggakna) Gusti Allah. (Sing kagungan sipat-sipat kaya kuwé) mengkana Gusti Allah Pengéranku. Maring Penjenengané inyong pasrah (tawakal) lan maring Penjenengané inyong bali.

فَاطِرُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا وَّمِنَ الْاَنْعَامِ اَزْوَاجًاۚ يَذْرَؤُكُمْ فِيْهِۗ لَيْسَ كَمِثْلِهٖ شَيْءٌ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ١١
Fāṭirus-samāwāti wal-arḍ(i), ja‘ala lakum min anfusikum azwājaw wa minal-an‘āmi azwājā(n), yażra'ukum fīh(i), laisa kamiṡlihī syai'(un), wa huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[11] (Gusti Allah) Sing nyiptakna langit lan bumi. Penjenengané ndadékna nggo ko kabéh pasang-pasangan sekang bangsamu dhéwék, lan sekang bangsané kéwan pasang-pasangan (uga). Penjenengané ndadékna ko padha manak-pinak kanthi dalan kuwé. Ora nana sewiji-wiji sing serupa karo Penjenengané lan Penjenengané Sing Maha Midhanget, Maha Mriksani.

لَهٗ مَقَالِيْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١٢
Lahū maqālīdus-samāwāti wal-arḍ(i), yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), innahū bikulli syai'in ‘alīm(un).
[12] Kagungan Penjenengané gudhang isén-iséné langit lan bumi. Penjenengané ngombérna rejeki lan matesi kuwé tumrap sapa sing Penjenengané kersakna. Temen, Penjenengané Maha Ngawuningani samubarang kabéh.

۞ شَرَعَ لَكُمْ مِّنَ الدِّيْنِ مَا وَصّٰى بِهٖ نُوْحًا وَّالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ وَمَا وَصَّيْنَا بِهٖٓ اِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى وَعِيْسٰٓى اَنْ اَقِيْمُوا الدِّيْنَ وَلَا تَتَفَرَّقُوْا فِيْهِۗ كَبُرَ عَلَى الْمُشْرِكِيْنَ مَا تَدْعُوْهُمْ اِلَيْهِۗ اَللّٰهُ يَجْتَبِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ يُّنِيْبُۗ١٣
Syara‘a lakum minad-dīni mā waṣṣā bihī nūḥaw wal-lażī auḥainā ilaika wa mā waṣṣā bihī ibrāhīma wa mūsā wa ‘īsā an aqīmud-dīna wa lā tatafarraqū fīh(i), kabura ‘alal-musyrikīna mā tad‘ūhum ilaih(i), allāhu yajtabī ilaihi may yasyā'u wa yahdī ilaihi may yunīb(u).
[13] Penjenengané (Gusti Allah) wis paring aturan (saréngat) maring ko kabéh agama sing wis dewasiyatna maring Nuh lan apa sing wis Ing-sun wahyokna maring sliramu (Muhammad) lan apa sing wis Ingsun wasiyatna maring Ibrahim, Musa lan Isa, yakuwé jejegna agama (precaya lan takwa) lan aja pisan-pisan ko padha crah-bubrah neng njeroné. Banget aboté tumrap wong-wong musrik (nggo mélu) agama sing sliramu ajék-ajék maring dhéwéké kabéh. Gusti Allah milih wong sing Penjenengané kersakna maring agama nyewiji (tauhid) lan paring pituduh maring (agama)-Né tumrap wong-wong sing padha bali (maring Penjenengané).

وَمَا تَفَرَّقُوْٓا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْۗ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى لَّقُضِيَ بَيْنَهُمْۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْرِثُوا الْكِتٰبَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ١٤
Wa mā tafarraqū illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika ilā ajalim musammal laquḍiya bainahum, wa innal-lażīna ūriṡul-kitāba mim ba‘dihim lafī syakkim minhu murīb(in).
[14] Lan dhéwéké (para Ahli Kitab) ora padha crah-bubrah kejaba sewisé teka maring dhéwéké ilmu (bebener sing debutulna déning para nabi) merga drengkiné antarané dhéwéké kabéh. Angger ora merga sewiji ketetepan sing wis ana gemiyén sekang Pengéranmu (kanggo nundha siksa) butul maring wates wektu sing détemtokna, mesthi pesiksan nggo dhéwéké kabéh wis délakokna. Lan setemené wong-wong sing marisi Kitab (Taurat lan Injil) sewi-sé dhéwéké kabéh (neng jamané Muhammad) nyata-nyata ana neng kemamangan sing nemen ngenani Kitab (Al-Qur'an) kuwé.

فَلِذٰلِكَ فَادْعُ ۚوَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَۚ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْۚ وَقُلْ اٰمَنْتُ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنْ كِتٰبٍۚ وَاُمِرْتُ لِاَعْدِلَ بَيْنَكُمْ ۗ اَللّٰهُ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْ ۗ لَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْ ۗ لَاحُجَّةَ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ ۗ اَللّٰهُ يَجْمَعُ بَيْنَنَا ۚوَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ ۗ١٥
Fa liżālika fad‘(u), wastaqim kamā umirt(a), wa lā tattabi‘ ahwā'ahum, wa qul āmantu bimā anzalallāhu min kitāb(in), wa umirtu li'a‘dila bainakum, allāhu rabbunā wa rabbukum, lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, lā ḥujjata bainanā wa bainakum, allāhu yajma‘u bainanā,wa ilaihil-maṣīr(u).
[15] Merga kuwé, ajéka (dhéwéké kabéh padha precaya) lan tetepa (padha precaya lan ajék-ajék) kayadéné apa sing wis dépréntahna maring sliramu (Muhammad) lan aja pisan-pisan nuruti kepénginané dhéwéké kabéh, lan ucapna, “Inyong precaya maring Kitab sing déturunaken déning Gusti Allah lan inyong dépréntahna supaya temindak adil neng antarané ko kabéh. Gusti Allah Pengérané inyong lan Pengérané ko kabéh. Nggo inyong penggawéané inyong lan nggo ko pengga-wéané ko kabéh. Ora perlu ana padudon antarané inyong lan ko kabéh, Gusti Allah ngumpulna antarané dhéwék kabéh lan maring Penjenengané dhéwék kabéh padha bali.

وَالَّذِيْنَ يُحَاۤجُّوْنَ فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا اسْتُجِيْبَ لَهٗ حُجَّتُهُمْ دَاحِضَةٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ وَّلَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ١٦
Wal-lażīna yuḥājjūna fillāhi mim ba‘di mastujība lahū ḥujjatuhum dāḥiḍatun ‘inda rabbihim wa ‘alaihim gaḍabuw wa lahum ‘ażābun syadīd(un).
[16] Lan wong-wong sing padha bantah-bantahan ngenani (agamané) Gusti Allah sewisé (agama kuwé) détampa, bantahané wong-wong kuwé muspra neng sisihé Pengérané. Wong-wong kuwé padha nampa benduné (Gusti Allah) lan dhéwéké kabéh nampa siksa sing banget kerasé.

اَللّٰهُ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ وَالْمِيْزَانَ ۗوَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ قَرِيْبٌ١٧
Allāhul-lażī anzalal-kitāba bil-ḥaqqi wal-mīzān(a), wa mā yudrīka la‘allas-sā‘ata qarīb(un).
[17] Gusti Allah sing nurunaken Kitab (Al-Qur'an) kanthi (nggawa) bebener lan timbangan (keadilan). Lan apa ko ngerti bisa uga dina Kiyamat kuwé wis pérek?

يَسْتَعْجِلُ بِهَا الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهَاۚ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مُشْفِقُوْنَ مِنْهَاۙ وَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهَا الْحَقُّ ۗ اَلَآ اِنَّ الَّذِيْنَ يُمَارُوْنَ فِى السَّاعَةِ لَفِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ١٨
Yasta‘jilu bihal-lażīna lā yu'minūna bihā, wal-lażīna āmanū musyfiqūna minhā, wa ya‘lamūna annahal-ḥaqq(u), alā innal-lażīna yumārūna fis-sā‘ati lafī ḍalālim ba‘īd(in).
[18] Wong-wong sing ora precaya maring anané dina Kiyamat padha njaluk supaya dina kuwé gagiyan teka. Lan wong-wong sing padha precaya krasa wedi maring kuwé (Kiyamat) lan dhéwéké padha precaya lamon Kiyamat kuwé nyata (bakal teka). Kawruhana lamon setemené wong-wong sing padha mbantah maring tekané dina kiyamat kuwé nyata-nyata wis kesasar adoh.

اَللّٰهُ لَطِيْفٌۢ بِعِبَادِهٖ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَهُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيْزُ ࣖ١٩
Allāhu laṭīfum bi‘ibādihī yarzuqu may yasyā'(u), wa huwal-qawiyyul-‘azīz(u).
[19] Gusti Allah Mahaalus maring kewula-kewula-Né. Penjenengané paring rejeki maring sapa sing Penjenengané kersakna lan Penjenengané Mahakuwat, Mahadigdaya.

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الْاٰخِرَةِ نَزِدْ لَهٗ فِيْ حَرْثِهٖۚ وَمَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الدُّنْيَا نُؤْتِهٖ مِنْهَاۙ وَمَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ نَّصِيْبٍ٢٠
Man kāna yurīdu ḥarṡal-ākhirati nazid lahū fī ḥarṡih(ī), wa man kāna yurīdu ḥarṡad-dun-yā nu'tihī minhā, wa mā lahū fil-ākhirati min naṣīb(in).
[20] Sapa wongé ngarepna kebegyan neng akhérat bakal Ingsun tambahi kebegyan kuwé ingatasé dhéwéké lan sapa wongé ngarepna kebegyan neng dunya Ingsun paring maring dhéwéké sebagéané kuwé (kebegyan dunya) ning dhéwéké ora bakal padha nampa bagéan neng akhérat.

اَمْ لَهُمْ شُرَكٰۤؤُا شَرَعُوْا لَهُمْ مِّنَ الدِّيْنِ مَا لَمْ يَأْذَنْۢ بِهِ اللّٰهُ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةُ الْفَصْلِ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢١
Am lahum syurakā'u syara‘ū lahum minad-dīni mā lam ya'żam bihillāh(u), wa lau lā kalimatul-faṣli laquḍiya bainahum, wa innaẓ-ẓālimīna lahum ‘ażābun alīm(un).
[21] Apa dhéwéké padha duwé sembahan seliyané Gusti Allah sing netepna aturan agama nggo dhéwéké kabéh sing ora deidini (déparengna déning) Gusti Allah? Lan sekirané ora nana ketetepan sing nundha (ukuman sekang Gusti Allah) mesthi ukuman neng antarané dhéwéké kabéh wis deleksanakna. Lan temen, wong-wong sing aniaya (dolim) bakal nampa siksa sing banget perihé.

تَرَى الظّٰلِمِيْنَ مُشْفِقِيْنَ مِمَّا كَسَبُوْا وَهُوَ وَاقِعٌۢ بِهِمْ ۗوَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فِيْ رَوْضَاتِ الْجَنَّاتِۚ لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُ٢٢
Taraẓ-ẓālimīna musyfiqīna mimmā kasabū wa huwa wāqi‘um bihim, wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fī rauḍātil-jannāt(i), lahum mā yasyā'ūna ‘inda rabbihim, żālika huwal-faḍlul-kabīr(u).
[22] Ko bakal padha weruh wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé banget wediné merga (kejahatan-kejahatan) sing wis dhéwéké padha lakoni lan (siksa) temiba maring dhéwéké kabéh. Lan wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan (ana) neng jeroné taman-taman suwarga. Dhéwéké padha mekolih apa sing dekarepna neng sisihé Pengéran. Sing mengkana kuwé dadi ganjaran sing gedhé.

ذٰلِكَ الَّذِيْ يُبَشِّرُ اللّٰهُ عِبَادَهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ قُلْ لَّآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًا اِلَّا الْمَوَدَّةَ فِى الْقُرْبٰىۗ وَمَنْ يَّقْتَرِفْ حَسَنَةً نَّزِدْ لَهٗ فِيْهَا حُسْنًا ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ٢٣
Żālikal-lażī yubasysyirullāhu ‘ibādahul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), qul lā as'alukum ‘alaihi ajran illal-mawaddata fil-qurbā, wa may yaqtarif ḥasanatan nazid lahū fīhā ḥusnā(n), innallāha gafūrun syakūr(un).
[23] Kuwé (ganjaran) sing dewertakna (déning) Gusti Allah nggo bebungah kewula-kewula-Né sing precaya lan nglakoni kebecikan. Dhawuhna (Muhammad) “Inyong ora njaluk maring ko kabéh sewiji upah ingatasé pengajék-ajéku kejaba welas-asih neng sejeroné peseduluran.” Lan sapa wongé nglakoni kebecikan bakal Ingsun tambahna kebecikan nggo dhéwéké. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Maha Ngesuwuni. 778
778) Gusti Allah kesuwun maring kawulané maksudé, Gusti Allah paring ganjaran maring lakon-lakon becik kewulané, ngampura kesalahané, nambah nékmaté lan liya-liyané.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۚ فَاِنْ يَّشَاِ اللّٰهُ يَخْتِمْ عَلٰى قَلْبِكَ ۗوَيَمْحُ اللّٰهُ الْبَاطِلَ وَيُحِقُّ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ ۗاِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٢٤
Am yaqūlūnaftarā ‘alallāhi każibā(n), fa'iy yasya'illāhu yakhtim ‘alā qalbik(a), wa yamḥullāhul-bāṭila wa yuḥiqqul-ḥaqqa bikalimātih(ī), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[24] Utawa apa wong-wong kuwé padha ngucap, “Dhéwéké (Muhammad) wis gawé-gawé goroh ngenani Gusti Allah.” Sekirané Gusti Allah ngersakna mesthi Penjenengané ngunci atimu. Lan Gusti Allah mbusek sing luput (batil) lan mbenerna sing bener kanthi sabdané (Al-Qur'an). Temen Penjenengané Maha Ngawuningani isiné ati.

وَهُوَ الَّذِيْ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهٖ وَيَعْفُوْا عَنِ السَّيِّاٰتِ وَيَعْلَمُ مَا تَفْعَلُوْنَۙ٢٥
Wa huwal-lażī yaqbalut-taubata ‘an ‘ibādihī wa ya‘fū ‘anis-sayyi'āti wa ya‘lamu mā taf‘alūn(a).
[25] Lan Penjenengané sing nampani tobat sekang kewula-kewula-Né lan ngampurani kesalahan-kesalahan lan ngawuningani apa sing ko padha pergawé,

وَيَسْتَجِيْبُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَيَزِيْدُهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖ ۗوَالْكٰفِرُوْنَ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ٢٦
Wa yastajībul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa yazīduhum min faḍlih(ī), wal-kāfirūna lahum ‘ażābun syadīd(un).
[26] lan Penjenengané ngeparengna penyuwuné wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan lan nambahi (ganjaran) maring dhéwéké kabéh sekang kanugrahan-É. Wong-wong sing padha ingkar bakal nampa siksa sing banget kerasé.

۞ وَلَوْ بَسَطَ اللّٰهُ الرِّزْقَ لِعِبَادِهٖ لَبَغَوْا فِى الْاَرْضِ وَلٰكِنْ يُّنَزِّلُ بِقَدَرٍ مَّا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرٌۢ بَصِيْرٌ٢٧
Wa lau basaṭallāhur rizqa li‘ibādihī labagau fil-arḍi wa lākiy yunazzilu biqadarim mā yasyā'(u), innahū bi‘ibādihī khabīrum baṣīr(un).
[27] Lan sekirané Gusti Allah ngombérna rejeki maring kewula-kewula-Né mesthi dhéwéké bakal padha temindak ngliwati wates neng bumi, ning Penjenengané nurunaken kanthi takeran sing Penjenengané kersakna. Temen, Penjenengané Mahanastiti maring (kahanané) kewula-kawula-Né, Maha Mriksani.

وَهُوَ الَّذِيْ يُنَزِّلُ الْغَيْثَ مِنْۢ بَعْدِ مَا قَنَطُوْا وَيَنْشُرُ رَحْمَتَهٗ ۗوَهُوَ الْوَلِيُّ الْحَمِيْدُ٢٨
Wa huwal-lażī yunazzilul-gaiṡa mim ba‘di mā qanaṭū wa yansyuru raḥmatah(ū), wa huwal-waliyyul-ḥamīd(u).
[28] Lan Penjenengané sing nurunaken udan sewisé wong-wong kuwé padha pungkas (pedhot pengarep-arepé) lan nyebarna kewelasan-É lan Penjenengané Maha Pengayom, Maha Pinuji.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ خَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَثَّ فِيْهِمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ ۗوَهُوَ عَلٰى جَمْعِهِمْ اِذَا يَشَاۤءُ قَدِيْرٌ ࣖ٢٩
Wa min āyātihī khalqus-samāwāti wal-arḍi wa mā baṡṡa fīhimā min dābbah(tin), wa huwa ‘alā jam‘ihim iżā yasyā'u qadīr(un).
[29] Lan neng antarané tandha-tandha (agungé) Penjenengané yakuwé penciptanan langit lan bumi lan titah-titah (mahluk) sing mrambat sing Penjenengané sebarna neng sekloroné. Lan Penjenengané Mahaeuwasa ngumpulna sekabéhé angger Penjenengané ngersakna.

وَمَآ اَصَابَكُمْ مِّنْ مُّصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ اَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍۗ٣٠
Wa mā aṣābakum mim muṣībatin fabimā kasabat aidīkum wa ya‘fū ‘an kaṡīr(in).
[30] Lan marabaya (musibah) apa baé sing nibani ko kabéh kuwé merga polahé tanganmu dhéwék, lan Gusti Allah ngampurani akéh (sekang kesalahan-kesalahanmu).

وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِۚ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٣١
Wa mā antum bimu‘jizīna fil-arḍ(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[31] Lan ko kabéh ora bisa ngeculna awaké dhéwék (sekang siksané Gusti Allah) neng bumi, lan ko kabéh ora olih pengayom lan sing nulungi seliyané Gusti Allah.

وَمِنْ اٰيٰتِهِ الْجَوَارِ فِى الْبَحْرِ كَالْاَعْلَامِ ۗ٣٢
Wa min āyātihil-jawāri fil-baḥri kal-a‘lām(i).
[32] Lan neng antarané tandha-tandha (agungé)-É kuwé prahu-prahu (sing mlaku) neng segara kaya gunung-gunung.

اِنْ يَّشَأْ يُسْكِنِ الرِّيْحَ فَيَظْلَلْنَ رَوَاكِدَ عَلٰى ظَهْرِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍۙ٣٣
Iy yasya' yuskinir-rīḥa fa yaẓlalna rawākida ‘alā ẓahrih(ī), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[33] Angger Penjenengané ngersakna, Penjenengané bakal ngendhegna angin, saéngga (prahu-prahu) kuwé mandheg neng plataran segara. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (kewasané Gusti Allah) nggo wong sing tansah sabar lan akéh kesuwuné,

اَوْ يُوْبِقْهُنَّ بِمَا كَسَبُوْا وَيَعْفُ عَنْ كَثِيْرٍۙ٣٤
Au yūbiqhunna bimā kasabū wa ya‘fu ‘an kaṡīr(in).
[34] utawa (Penjenengané bakal) ngajurna prahu-prahu kuwé merga polahé (dosa) wong-wong kuwé, lan Penjenengané ngampurani akéh (sekang dhéwéké kabéh),

وَّيَعْلَمَ الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَاۗ مَا لَهُمْ مِّنْ مَّحِيْصٍ٣٥
Wa ya‘lamal-lażīna yujādilūna fī āyātinā, mā lahum mim maḥīṣ(in).
[35] Lan supaya wong-wong sing padha mbantah tandha-tandha (kewasané) Ingsun ngaweruhi lamon dhéwéké kabéh ora bakal olih dalan metu (sekang pesiksan).

فَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَمَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَمَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۚ٣٦
Famā ūtītum min syai'in fa matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wa mā ‘indallāhi khairuw wa abqā lil-lażīna āmanū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[36] Anadéné (kenékmatan) déparingna maring ko kabéh, mangka kuwé dadi kesenengan urip neng dunya. Éwadéné apa (kenékmatan) sing neng sisihé Gusti Allah lewih apik lan lewih langgeng tumrap wong-wong sing padha precaya, lan mung maring Pengéran dhéwéké kabéh padha pasrah (tawakal),

وَالَّذِيْنَ يَجْتَنِبُوْنَ كَبٰۤىِٕرَ الْاِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ وَاِذَا مَا غَضِبُوْا هُمْ يَغْفِرُوْنَ ۚ٣٧
Wal-lażīna yajtanibūna kabā'iral-iṡmi wal-fawāḥisya wa iżā mā gaḍibū hum yagfirūn(a).
[37] lan uga (tumrap) wong-wong sing padha ngadohi dosa-dosa gedhé lan penggawéan-penggawéan kotor, lan angger dhéwéké jéngkél padha gagiyan awéh ngampura,

وَالَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِرَبِّهِمْ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَۖ وَاَمْرُهُمْ شُوْرٰى بَيْنَهُمْۖ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۚ٣٨
Wal-lażīnastajābū lirabbihim wa aqāmuṣ-ṣalāta wa amruhum syūrā bainahum, wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[38] lan nggo wong-wong sing padha nampa (nuruti) pengajéké Pengéran lan ngleksanakna sembayang, karo maningé urusané dhéwéké padha (députusna) kanthi rembugan (musa-warah) antarané dhéwéké; lan dhéwéké padha nyumbangna (infak) sebagéan rejekiné sing Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh,

وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَهُمُ الْبَغْيُ هُمْ يَنْتَصِرُوْنَ٣٩
Wal-lażīna iżā aṣābahumul-bagyu hum yantaṣirūn(a).
[39] lan (tumrap) wong-wong sing angger dhéwéké déaniaya (dékapitunani), dhéwéké padha mbélani awaké dhéwék.

وَجَزٰۤؤُا سَيِّئَةٍ سَيِّئَةٌ مِّثْلُهَا ۚفَمَنْ عَفَا وَاَصْلَحَ فَاَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ٤٠
Wa jazā'u sayyi'atin sayyi'atum miṡluhā, faman ‘afā wa aṣlaḥa fa ajruhū ‘alallāh(i), innahū lā yuḥibbuẓ-ẓālimīn(a).
[40] Lan piwalesé sewiji kejahatan yakuwé kejatahan sing setimpal, ning sapa wongé sing ngampurani lan gawé apik (maring wong sing gawé jahat) mangka ganjarané dhéwéké sekang Gusti Allah. Temen, Penjenengané ora karenan maring wing-wong sing padha aniaya (dolim).

وَلَمَنِ انْتَصَرَ بَعْدَ ظُلْمِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ مَا عَلَيْهِمْ مِّنْ سَبِيْلٍۗ٤١
Wa lamanintaṣara ba‘da ẓulmihī fa ulā'ika mā ‘alaihim min sabīl(in).
[41] Ning wong-wong sing mbélani awaké dhéwék sewisé dekaniaya, ora nana dhasar alesan nggo nyalahna dhéwéké kabéh.

اِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَظْلِمُوْنَ النَّاسَ وَيَبْغُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤٢
Innamas-sabīlu ‘alal-lażīna yaẓlimūnan-nāsa wa yabgūna fil-arḍi bigairil-ḥaqq(i), ulā'ika lahum ‘ażābun alīm(un).
[42] Setemené kesalahan mung ana neng wong-wong sing padha temindak aniaya (dolim) maring menungsa lan ngliwati wates neng bumi tanpa (merdulekna) bebener. Dhéwéké kabéh kuwé nampa siksa sing perih.

وَلَمَنْ صَبَرَ وَغَفَرَ اِنَّ ذٰلِكَ لَمِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ ࣖ٤٣
Wa laman ṣabara wa gafara inna żālika lamin ‘azmil-umūr(i).
[43] Ning sapa wongé sing temindak sabar lan ngampurani, temen sing mengkana kuwé kelebu penggawéan sing mulya.

وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ وَّلِيٍّ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗوَتَرَى الظّٰلِمِيْنَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَ يَقُوْلُوْنَ هَلْ اِلٰى مَرَدٍّ مِّنْ سَبِيْلٍۚ٤٤
Wa may yuḍlilillāhu famā lahū miw waliyyim mim ba‘dih(ī), wa taraẓ-ẓālimīna lammā ra'awul-‘ażāba yaqūlūna hal ilā maraddim min sabīl(in).
[44] Lan sapa wongé sing dejorna kesasar déning Gusti Allah, mangka ora nana nggo dhéwéké sewiji pengayom sewisé kuwé. Ko bakal padha weruh wong-wong sing aniaya (dolim) rikala dhéwéké kabéh weruh siksa padha ngucap, “Apa kirané ana dalan nggo bali (maring dunya)?”

وَتَرٰىهُمْ يُعْرَضُوْنَ عَلَيْهَا خٰشِعِيْنَ مِنَ الذُّلِّ يَنْظُرُوْنَ مِنْ طَرْفٍ خَفِيٍّۗ وَقَالَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ الْخٰسِرِيْنَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَاَهْلِيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اَلَآ اِنَّ الظّٰلِمِيْنَ فِيْ عَذَابٍ مُّقِيْمٍ٤٥
Wa tarāhum yu‘raḍūna ‘alaihā khāsyi‘īna minaż żulli yanẓurūna min ṭarfin khafiyy(in), wa qālal-lażīna āmanū innal-khāsirīnal-lażīna khasirū anfusahum wa ahlīhim yaumal-qiyāmah(ti), alā innaẓ-ẓālimīna fī ‘ażābim muqīm(in).
[45] Lan ko kabéh bakal weruh wong-wong kuwé déadhepna maring neraka kanthi padha ndhingkluk merga (krasa) nistha, dhéwéké padha nyawang kanthi penyawang sing lesu, lan wong-wong sing precaya padha ngucap, “Setemené wong-wong sing padha kapitunan kuwé wong-wong sing gawé tuna maring awak-awaké dhéwék lan kulawargané neng dina Kiyamat.” Élinga, setemené wong-wong sing padha aniaya (dolim) kuwé neng sejeroné siksa sing langgeng.

وَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنْ اَوْلِيَاۤءَ يَنْصُرُوْنَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ سَبِيْلٍ ۗ٤٦
Wa mā kāna lahum min auliyā'a yanṣurūnahum min dūnillāh(i), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min sabīl(in).
[46] Lan dhéwéké kabéh ora bakal duwé pengayom sing bisa nulungi dhéwéké seliyané Gusti Allah. Sapa wongé sing dejorna kesasar déning Gusti Allah ora bakal ana dalan metu nggo dhéwéké (nggo mekolih pituduh).

اِسْتَجِيْبُوْا لِرَبِّكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ ۗمَا لَكُمْ مِّنْ مَّلْجَاٍ يَّوْمَىِٕذٍ وَّمَا لَكُمْ مِّنْ نَّكِيْرٍ٤٧
Istajībū lirabbikum min qabli ay ya'tiya yaumul lā maradda lahū minallāh(i), mā lakum mim malja'iy yauma'iżiw wa mā lakum min nakīr(in).
[47] Padha manuta maring dhawuhé Pengéranmu seurungé teka sekang Gusti Allah sewiji dina sing ora bisa détolak (merga dhawuhé Gusti Allah). Neng dina kuwé ko padha ora olih papan pengayom lan ora (uga) bisa ngingkari dosa-dosamu.

فَاِنْ اَعْرَضُوْا فَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًا ۗاِنْ عَلَيْكَ اِلَّا الْبَلٰغُ ۗوَاِنَّآ اِذَآ اَذَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنَّا رَحْمَةً فَرِحَ بِهَا ۚوَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ فَاِنَّ الْاِنْسَانَ كَفُوْرٌ٤٨
Fa in a‘raḍū famā arsalnāka ‘alaihim ḥafīẓā(n), in ‘alaika illal-balāg(u), wa innā iżā ażaqnal-insāna minnā raḥmatan fariḥa bihā, wa in tuṣibhum sayyi'atum bimā qaddamat aidīhim fa'innal-insāna kafūr(un).
[48] Anger dhéwéké padha mléngos, mangka (élinga) Ingsun ora ngutus sliramu (Muhammad) minangka dadi pengawat-awaté wong-wong kuwé kabéh. Kewajibané sliramu ora liya mung mbutulna (risalah) lan temen, Ingsun paring rasa maring menungsa sewiji kewelasan (rahmat) sekang Ingsun, dhéwéké nampani kanthi bungah; ning angger dhéwéké padha kenang kesusahan merga polahé tangané dhéwék (mesthi dhéwéké padha ingkar). Temen, menungsa kuwé banget ora kesuwuné (maring nékmat).

لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗيَهَبُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ اِنَاثًا وَّيَهَبُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ الذُّكُوْرَ ۙ٤٩
Lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yakhluqu mā yasyā'(u), yahabu limay yasyā'u ināṡaw wa yahabu limay yasyā'uż-żukūr(a).
[49] Kagungané Gusti Allah praja langit lan bumi; Penjenengané nyiptakna apa sing Penjeneng-ané kersakna, maringi anak wadon maring sapa sing Penjenengané kersakna lan maringi anak lanang maring sapa sing Penjenengané kersakna,

اَوْ يُزَوِّجُهُمْ ذُكْرَانًا وَّاِنَاثًا ۚوَيَجْعَلُ مَنْ يَّشَاۤءُ عَقِيْمًا ۗاِنَّهٗ عَلِيْمٌ قَدِيْرٌ٥٠
Au yuzawwijuhum żukrānaw wa ināṡā(n), wa yaj‘alu may yasyā'u ‘aqīmā(n), innahū ‘alīmun qadīr(un).
[50] utawa Penjenengané nugrahakna bangsa (jinis) lanang lan wadon lan ndadékna gabug maring sapa baé sing Penjenengané kersakna. Penjenengané Maha Ngawuningani, Mahakewasa.

۞ وَمَا كَانَ لِبَشَرٍ اَنْ يُّكَلِّمَهُ اللّٰهُ اِلَّا وَحْيًا اَوْ مِنْ وَّرَاۤئِ حِجَابٍ اَوْ يُرْسِلَ رَسُوْلًا فَيُوْحِيَ بِاِذْنِهٖ مَا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ عَلِيٌّ حَكِيْمٌ٥١
Wa mā kāna libasyarin ay yukallimahullāhu illā waḥyan au miw warā'i ḥijābin au yursila rasūlan fa yūḥiya bi'iżnihī mā yasyā'(u), innahū ‘aliyyun ḥakīm(un).
[51] Lan ora pantes tumrap sewiji menungsa lamon Gusti Allah bakal ngendika maring dhéwéké kejaba kanthi lantaran wahyu utawa sekang mburi aling-aling 779, utawa kanthi ngirim utusan (malaékat) banjur déwahyokna maring dhéwéké kanthi idin Penjenengané apa sing Penjenengané kersakna. Temen, Penjenengané Mahaluhur, Mahawicaksana.
779) Wong bisa ngrungokna kalam ilahi ning dhéwéké ora bisa ndeleng Gusti Allah kaya apa sing kedadéan maring nabi Musa a.s

وَكَذٰلِكَ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ رُوْحًا مِّنْ اَمْرِنَا ۗمَا كُنْتَ تَدْرِيْ مَا الْكِتٰبُ وَلَا الْاِيْمَانُ وَلٰكِنْ جَعَلْنٰهُ نُوْرًا نَّهْدِيْ بِهٖ مَنْ نَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِنَا ۗوَاِنَّكَ لَتَهْدِيْٓ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍۙ٥٢
Wa każālika auḥainā ilaika rūḥam min amrinā, mā kunta tadrī mal-kitābu wa lal-īmānu wa lākin ja‘alnāhu nūran nahdī bihī man nasyā'u min ‘ibādinā, wa innaka latahdī ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[52] Lan mengkana kuwé Ingsun wahyokna maring sliramu (Muhammad) ruh (Al-Qur'an) kanthi dhawuh Ingsun. Seurungi sliramu ora ngaweruhi apa kuwé Kitab (Al-Qur'an) lan apa precaya kuwé. Ning Ingsun ndadékna Al-Qur'an kuwé cahya, kanthi kuwé Ingsun paring pituduh maring sapa sing Ingsun kersakna neng antarané kawula-kawulané Ingsun. Lan temen, sliramu nyata-nyata nuntun (menungsa) maring dalan sing jejeg.

صِرَاطِ اللّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ اَلَآ اِلَى اللّٰهِ تَصِيْرُ الْاُمُوْرُ ࣖ٥٣
Ṣirāṭillāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), alā ilallāhi taṣīrul-umūr(u).
[53] (Yakuwé) dalané Gusti Allah sing nyata kagungan-É apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi. Élinga, kabéh urusan balik maring Gusti Allah.