Surah Fussilat
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa Miim.
تَنْزِيْلٌ مِّنَ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ ۚ٢
Tanzīlum minar-raḥmānir-raḥīm(i).
[2]
(Al-Qur'an kiyé) déturunaken sekang Pengéran Sing Mahaasih, Mahawelas.
كِتٰبٌ فُصِّلَتْ اٰيٰتُهٗ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لِّقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَۙ٣
Kitābun fuṣṣilat āyātuhū qur'ānan ‘arabiyyal liqaumiy ya‘lamūn(a).
[3]
Kitab sing ayat-ayat-É decethakna, wacanan nganggo basa Arab, nggo kaum sing padha ngaweruhi,
بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًاۚ فَاَعْرَضَ اَكْثَرُهُمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَ٤
Basyīraw wa nażīrā(n), fa'a‘raḍa akṡaruhum fahum lā yasma‘ūn(a).
[4]
sing nggawa werta bebungah lan pengéling-éling, ning akéhé-akéhé wong padha mléngos (sekang kuwé) lan ora padha ngrungokna.
وَقَالُوْا قُلُوْبُنَا فِيْٓ اَكِنَّةٍ مِّمَّا تَدْعُوْنَآ اِلَيْهِ وَفِيْٓ اٰذَانِنَا وَقْرٌ وَّمِنْۢ بَيْنِنَا وَبَيْنِكَ حِجَابٌ فَاعْمَلْ اِنَّنَا عٰمِلُوْنَ٥
Wa qālū qulūbunā fī akinnatim mimmā tad‘ūnā ilaihi wa fī āżāninā waqruw wa mim baininā wa bainika ḥijābun fa‘mal innanā ‘āmilūn(a).
[5]
Lan dhéwéké padha ngucap, “Atiné inyong kabéh wis ketutup sekang apa sing sliramu ajék inyong kabéh maring kuwé, lan kupingé inyong wis padha kesumpel lan antarané inyong kabéh karo sliramu ana pager (aling-aling), merga kuwé lakonana (selaras karo karepmu). Setemené inyong arep padha nglakoni selaras karo karepé inyong dhéwék.
قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۟ بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوْحٰىٓ اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَاسْتَقِيْمُوْٓا اِلَيْهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ ۗوَوَيْلٌ لِّلْمُشْرِكِيْنَۙ٦
Qul innamā ana basyarum miṡlukum yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥidun fastaqīmū ilaihi wastagfirūh(u), wa wailul lil-musyrikīn(a).
[6]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong kiyé mung sewiji menungsa kayadéné ko kabéh sing déwahyokna maring inyong, lamon Pengéranmu kuwé Pengéran Sing Mahatunggal, mangka padha tetepa ko kabéh (ngabekti) maring Penjenengané. Lan cilaka banget tumrap wong-wong sing padha nyekuthokna Penjenengané,
الَّذِيْنَ لَا يُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كٰفِرُوْنَ٧
Allażīna lā yu'tūnaz-zakāta wa hum bil-ākhirati hum kāfirūn(a).
[7]
(yakuwé) wong-wong sing ora padha nglunasi jakat lan dhéwéké padha ora precaya (ingkar) maring penguripan neng akhérat.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍ ࣖ٨
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum ajrun gairu mamnūn(in).
[8]
Setemené wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kabecikan, dhéwéké kabéh olih ganjaran sing ora nana pedhoté.”
۞ قُلْ اَىِٕنَّكُمْ لَتَكْفُرُوْنَ بِالَّذِيْ خَلَقَ الْاَرْضَ فِيْ يَوْمَيْنِ وَتَجْعَلُوْنَ لَهٗٓ اَنْدَادًا ۗذٰلِكَ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۚ٩
Qul a'innakum latakfurūna bil-lażī khalaqal-arḍa fī yaumaini wa taj‘alūna lahū andādā(n), żālika rabbul-‘ālamīn(a).
[9]
Dhawuha, “Apa pantes ko kabéh padha ingkar maring Pengéran sing ndadékna bumi sejeroné rong mangsa lan ko padha gawé sekuthon-sekuthon nggo Penjenengané? Kuwé Penjenengané, Pengérané sekabéh ngalam.
وَجَعَلَ فِيْهَا رَوَاسِيَ مِنْ فَوْقِهَا وَبٰرَكَ فِيْهَا وَقَدَّرَ فِيْهَآ اَقْوَاتَهَا فِيْٓ اَرْبَعَةِ اَيَّامٍۗ سَوَاۤءً لِّلسَّاۤىِٕلِيْنَ١٠
Wa ja‘ala fīhā rawāsiya min fauqihā wa bāraka fīhā wa qaddara fīhā aqwātahā fī arba‘ati ayyām(in), sawā'al lis-sā'ilīn(a).
[10]
Lan Penjenengané ciptakna neng kuwé (bumi) gunung-gunung sing teguh neng dhuwuré. Lan banjur Penjenengané berkahi, lan Penjenengané temtokna panganan-panganan (nggo sing ngenggoni) kuwé sejeroné patang mangsa, cukup nggo (nyukupi kebutuhané) dhéwéké kabéh sing padha merlokna kuwé.
ثُمَّ اسْتَوٰىٓ اِلَى السَّمَاۤءِ وَهِيَ دُخَانٌ فَقَالَ لَهَا وَلِلْاَرْضِ ائْتِيَا طَوْعًا اَوْ كَرْهًاۗ قَالَتَآ اَتَيْنَا طَاۤىِٕعِيْنَ١١
Ṡummastawā ilas-samā'i wa hiya dukhānun faqāla lahā wa lil-arḍi'tiyā ṭau‘an au karhā(n), qālatā atainā ṭā'i‘īn(a).
[11]
Banjur Penjenengané temuju maring langit lan (langit) kuwé ésih rupa kukus, banjur Penjenengané dhawuh maring dhéwéké lan bumi. “Padha teka ko sekloron miturut préntahé Ingsun, kanthi pasrah utawa kepeksa.” Sekloroné semaur, “Kula sami mara kanthi pasrah.”
فَقَضٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوَاتٍ فِيْ يَوْمَيْنِ وَاَوْحٰى فِيْ كُلِّ سَمَاۤءٍ اَمْرَهَا ۗوَزَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيْحَۖ وَحِفْظًا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِ١٢
Fa qaḍāhunna sab‘a samāwātin fī yaumaini wa auḥā fī kulli samā'in amrahā, wa zayyannas-samā'ad-dun-yā bimaṣābīḥa wa ḥifẓā(n), żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[12]
Banjur déciptakna déning Penjenengané pitung langit sejeroné rong mangsa lan neng saben-saben langit Penjenengané mahyokna urusané dhéwék-dhéwék. Banjur langit sing pérek (karo bumi) Ingsun pepaési kanthi lintang-lintang, (Ingsun ciptakna kuwé) nggo ngreksa. Mengkana kuwé ketetepané (Gusti Allah) Sing Mahadigdaya, Maha Ngawuningani.
فَاِنْ اَعْرَضُوْا فَقُلْ اَنْذَرْتُكُمْ صٰعِقَةً مِّثْلَ صٰعِقَةِ عَادٍ وَّثَمُوْدَ ۗ١٣
Fa in a‘raḍū faqul anżartukum ṣā‘iqatam miṡla ṣā‘iqati ‘ādiw wa ṡamūd(a).
[13]
Angger dhéwéké padha mléngos mangka ucapna, “Ingsun wis ngélingna ko kabéh anané (bebaya) bledhég kayadéné bledhég sing nyamber kaum ‘Ad lan kaum Samud.”
اِذْ جَاۤءَتْهُمُ الرُّسُلُ مِنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۗقَالُوْا لَوْ شَاۤءَ رَبُّنَا لَاَنْزَلَ مَلٰۤىِٕكَةً فَاِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ١٤
Iż jā'athumur-rusulu mim baini aidīhim wa min khalfihim allā ta‘budū illallāh(a), qālū lau syā'a rabbunā la'anzala malā'ikatan fa'innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[14]
Rikala para utusan (rasul) teka maring ko kabéh sekang ngarep lan mburiné dhéwéké. 772 (kanthi pengajék-ajék), “Aja pisan-pisan ko kabéh nyembah seliyané Gusti Allah. Dhéwéké padha semaur, “Angger Pengérané inyong kabéh ngersakna mesthi Penjenengané nurunaken malaékat-É, mangka setemené inyong padha ngingkari wahyu sing sampéyan (Muhammad) déutus nggo mbutulna.”
772) Sing démaksud “sekang ngarep lan sekang mburi” kuwé sekang prenah ngendi baé.
فَاَمَّا عَادٌ فَاسْتَكْبَرُوْا فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَقَالُوْا مَنْ اَشَدُّ مِنَّا قُوَّةً ۗ اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَهُمْ هُوَ اَشَدُّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۗ وَكَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ١٥
Fa ammā ‘ādun fastakbarū fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa qālū man asyaddu minnā quwwah(tan), awalam yarau annallāhal-lażī khalaqahum huwa asyaddu minhum quwwah(tan), wa kānū bi'āyātinā yajḥadūn(a).
[15]
Mangka anadéné kaum ‘Ad, dhéwéké padha ngagul-agulna awaké dhéwék neng bumi kanthi ora (merdulekna) bebener lan dhéwéké padha ngucap, “Sapa wongé sing kekuwatané lewih hébat tenimbang inyong kabéh?” Apa dhéwéké ora padha nggatékna lamon setemené Gusti Allah sing nyiptakna dhéwéké kabéh. Penjenengané lewih hébat kekuwatané tenimbang dhéwéké kuwé? Lan dhéwéké wis padha ngingkari tandha-tandha (agungé) Ingsun.
فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا صَرْصَرًا فِيْٓ اَيَّامٍ نَّحِسَاتٍ لِّنُذِيْقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَخْزٰى وَهُمْ لَا يُنْصَرُوْنَ١٦
Fa arsalnā ‘alaihim rīḥan ṣarṣaran fī ayyāmin naḥisātil linużīqahum-‘ażābal khizyi fil-ḥayātid-dun-yā, wa la‘ażābul-ākhirati akhzā wa hum lā yunṣarūn(a).
[16]
Mangka ingsun semburna angin sing banget gemrubug maring dhéwéké kabéh sejeroné pirang-pirang dina sing apes, merga Ingsun kersa dhéwéké padha ngrasakna siksa sing gawé ina neng sejeroné penguripan dunya. Éwadéné siksa akhérat mesthi lewih gawé ina lan dhéwéké ora padha déparingi pitulungan.
وَاَمَّا ثَمُوْدُ فَهَدَيْنٰهُمْ فَاسْتَحَبُّوا الْعَمٰى عَلَى الْهُدٰى فَاَخَذَتْهُمْ صٰعِقَةُ الْعَذَابِ الْهُوْنِ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ ۚ١٧
Wa ammā ṡamūdu fa hadaināhum fastaḥabbul-‘amā ‘alal-hudā fa akhażathum ṣā‘iqatul-‘ażābil-hūni bimā kānū yaksibūn(a).
[17]
Lan anadéné kaum Samud, dhéwéké wis padha Ingsun paringi pituduh ning dhéwéké padha lewih nyenengi kahanan wuta (kesasar) tenimbang pituduh kuwé, mangka dhéwéké padha désamber bledhég minangka siksa sing gawé ina jalaran apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
وَنَجَّيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ ࣖ١٨
Wa najjainal-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[18]
Lan Ingsun slametna wong-wong sing padha precaya merga dhéwéké kabéh wong sing padha semarah (takwa).
وَيَوْمَ يُحْشَرُ اَعْدَاۤءُ اللّٰهِ اِلَى النَّارِ فَهُمْ يُوْزَعُوْنَ١٩
Wa yauma yuḥsyaru a‘dā'ullāhi ilan-nāri fahum yūza‘ūn(a).
[19]
Lan (élinga) maring dina (rikala) mungsuh-mungsuhé Gusti Allah dégiring maring neraka banjur dhéwéké padha dépisah-pisahna.
حَتّٰىٓ اِذَا مَا جَاۤءُوْهَا شَهِدَ عَلَيْهِمْ سَمْعُهُمْ وَاَبْصَارُهُمْ وَجُلُوْدُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٠
Ḥattā iżā mā jā'ūhā syahida ‘alaihim sam‘uhum wa abṣāruhum wa julūduhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[20]
Saéngga angger dhéwéké padha butul maring neraka, pengrungon, pendeleng lan kulité dhéwéké padha dadi seksi ingatasé apa sing wis dhéwéké padha lakoni.
وَقَالُوْا لِجُلُوْدِهِمْ لِمَ شَهِدْتُّمْ عَلَيْنَا ۗقَالُوْٓا اَنْطَقَنَا اللّٰهُ الَّذِيْٓ اَنْطَقَ كُلَّ شَيْءٍ وَّهُوَ خَلَقَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۙ وَّاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢١
Wa qālū lijulūdihim lima syahittum ‘alainā, qālū anṭaqanallāhul-lażī anṭaqa kulla syai'iw wa huwa khalaqakum awwala marrah(tin), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[21]
Lan dhéwéké padha ngucap maring kulité dhéwék, “Kenangapa ko dadi seksi ingatasé inyong? (Kulité) dhéwéké padha semaur, “Sing ndadékna inyong bisa ngucap yakuwé Gusti Allah, sing (uga) ndadékna samubarang kabéh bisa ngucap, lan Penjenengané sing nyiptakna ko kabéh sing kawitan lan mung maring Penjenengané ko kabéh débalékna.
وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَتِرُوْنَ اَنْ يَّشْهَدَ عَلَيْكُمْ سَمْعُكُمْ وَلَآ اَبْصَارُكُمْ وَلَا جُلُوْدُكُمْ وَلٰكِنْ ظَنَنْتُمْ اَنَّ اللّٰهَ لَا يَعْلَمُ كَثِيْرًا مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ٢٢
Wa mā kuntum tastatirūna ay yasyhada ‘alaikum sam‘ukum wa lā abṣārukum wa lā julūdukum wa lākin ẓanantum annallāha lā ya‘lamu kaṡīram mimmā ta‘malūn(a).
[22]
Lan ko kabéh ora bisa umpetan sekang persekséné pengrungon, pendeleng, lan kulitmu ingatasé ko kabéh 773 malah ko padha ngira Gusti Allah ora patiya ngawuningani maring apa sing ko kabéh padha lakoni.
773) Dhéwéké padha nglakoni dosa kanthi terang-terangan merga dhéwéké padha ngira lamon Gusti Allah ora ngerti kelakuané dhéwéké lan dhéwéké padha ora ngira lamon nyangka lamon pengrungon, pendeleng lan kulit bakal dadi seksi neng akhérat ingatasé kelakuané dhéwéké kabéh.
وَذٰلِكُمْ ظَنُّكُمُ الَّذِيْ ظَنَنْتُمْ بِرَبِّكُمْ اَرْدٰىكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٢٣
Wa żālikum ẓannukumul-lażī ẓanantum birabbikum ardākum fa aṣbaḥtum minal-khāsirīn(a).
[23]
Lan kuwé pengira-iramu sing wis ko padha sangkakna maring Pengéranmu (prasangka kuwé) wis ngrusakna ko kabéh, saéngga ko padha dadi wong sing kapitunan.
فَاِنْ يَّصْبِرُوْا فَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْ ۚوَاِنْ يَّسْتَعْتِبُوْا فَمَا هُمْ مِّنَ الْمُعْتَبِيْنَ٢٤
Fa iy yaṣbirū fan-nāru maṡwal lahum, wa iy yasta‘tibū famā hum minal-mu‘tabīn(a).
[24]
Senajan dhéwéké padha sabar (ingatasé siksa neraka) mangka neraka kuwé papan manggoné dhéwéké kabéh lan angger dhéwéké padha nyuwun welas-asih, mangka dhéwéké padha ora klebu wong sing pantes dewelas-asihi.
۞ وَقَيَّضْنَا لَهُمْ قُرَنَاۤءَ فَزَيَّنُوْا لَهُمْ مَّا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِۚ اِنَّهُمْ كَانُوْا خٰسِرِيْنَ ࣖ٢٥
Wa qayyaḍnā lahum quranā'a fa zayyanū lahum mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa ḥaqqa ‘alaihimul-qaulu fī umamin qad khalat min qablihim minal-jinni wal-ins(i), innahum kānū khāsirīn(a).
[25]
Lan Ingsun tetepna nggo dhéwéké kabéh batir-batir (sétan) sing ngalem-alem apa baé sing ana neng ngarepé lan mburiné dhéwéké 774 lan wis tetep ingatasé dhéwéké kabéh putusan siksa bareng karo umat-umat sing gemiyén seurungé dhéwéké sekang (golongan) jin lan menungsa. Temen, dhéwéké kabéh kuwé wong sing padha kapitunan.
774) “Sing ana neng ngarepé” yakuwé nepsu lan kenékmatan neng dunya sing lagi denékmati banjur sing démaksud karo “neng buriné dhéwéké kabéh” yakuwé angen-angen lan kekarepané sing ora bisa kesembadan
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَسْمَعُوْا لِهٰذَا الْقُرْاٰنِ وَالْغَوْا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَغْلِبُوْنَ٢٦
Wa qālal-lażīna kafarū lā tasma‘ū lihāżal-qur'āni walgau fīhi la‘allakum taglibūn(a).
[26]
Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap, “Aja pisan-pisan ko kabéh ngrungokna (wacanan) Al-Qur'an kiyé lan gawéa reyang-reyang ingatasé kuwé (Al-Qur'an) supayané ko padha bisa ngalahna (dhéwéké kabéh).”
فَلَنُذِيْقَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَذَابًا شَدِيْدًاۙ وَّلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَسْوَاَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٧
Fa lanużīqannal-lażīna kafarū ‘ażāban syadīdā(n), wa lanajziyannahum aswa'al-lażī kānū ya‘malūn(a).
[27]
Mangka temen, bakal Ingsun tibakna siksa sing keras maring wong-wong kapir kuwé lan temen, bakal Ingsun paringi piwalesan dhéwéké kabéh kanthi seala-alané piwales ingatasé apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
ذٰلِكَ جَزَاۤءُ اَعْدَاۤءِ اللّٰهِ النَّارُ لَهُمْ فِيْهَا دَارُ الْخُلْدِ ۗجَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ٢٨
Żālika jazā'u a‘dā'illāhin-nāru lahum fīhā dārul-khuld(i), jazā'am bimā kānū bi'āyātinā yajḥadūn(a).
[28]
Mengkana kuwé piwales (tumrap) mungsuh-mungsuhé Gusti Allah (yakuwé) neraka; dhéwéké kabéh olih papan manggon sing langgeng neng njeroné minangka dadi piwales ingatasé ingkaré dhéwéké kabéh maring ayat-ayat-É Ingsun.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا رَبَّنَآ اَرِنَا الَّذَيْنِ اَضَلّٰنَا مِنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ نَجْعَلْهُمَا تَحْتَ اَقْدَامِنَا لِيَكُوْنَا مِنَ الْاَسْفَلِيْنَ٢٩
Wa qālal-lażīna kafarū rabbanā arinal-lażaini aḍallānā minal-jinni wal-insi naj‘alhumā taḥta aqdāminā liyakūnā minal-asfalīn(a).
[29]
Lan wong-wong sing kapir padha ngucap, “Dhuh Pengéran kula sami, mugi tingalaken dhateng kula sami kalih golongan ingkang empun nyasaraken kula nggih niku (golong-an) jin lan menungsa, supados kula dekek kekalihipun wonten ngandhap tlapakan sikilé kula supados kekalih golongan niku dados ingkang paling andhap (nistha).”
اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَلَّا تَخَافُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا وَاَبْشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ٣٠
Innal-lażīna qālū rabbunallāhu ṡummastaqāmū tatanazzalu ‘alaihimul-malā'ikatu allā takhāfū wa lā taḥzanū wa absyirū bil-jannatil-latī kuntum tū‘adūn(a).
[30]
Setemené wong-wong sing padha ngucap, “Pengérané inyong kabéh kuwé Gusti Allah,” banjur dhéwéké padha neguhna peprecayaé, mangka malaékat-malaékat bakal temurun maring dhéwéké (kanthi ngucap), “Aja pisan-pisan ko padha wedi lan aja pisan-pisan ko padha susah neng ati; lan padha bungah-bungah ko kabéh kanthi (olih) suwarga sing wis déjanjékna maring ko kabéh.”
نَحْنُ اَوْلِيَاۤؤُكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِ ۚوَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَشْتَهِيْٓ اَنْفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَدَّعُوْنَ ۗ٣١
Naḥnu auliyā'ukum fil-ḥayātid-dun-yā wa fil-ākhirah(ti), wa lakum fīhā mā tasytahī anfusukum wa lakum fīhā mā tadda‘ūn(a).
[31]
Ingsun pengayom-pengayomé ko kabéh neng penguripan dunya lan akhérat; neng njeroné (surga) ko padha mekolih apa sing ko kepéngini lan mekolih apa sing ko padha suwun.
نُزُلًا مِّنْ غَفُوْرٍ رَّحِيْمٍ ࣖ٣٢
Nuzulam min gafūrir raḥīm(in).
[32]
Minangka pekurmatan (tumrap ko kabéh) sekang Gusti Allah Sing Maha Ngampura, Mahawelas.
وَمَنْ اَحْسَنُ قَوْلًا مِّمَّنْ دَعَآ اِلَى اللّٰهِ وَعَمِلَ صَالِحًا وَّقَالَ اِنَّنِيْ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ٣٣
Wa man aḥsanu qaulam mimman da‘ā ilallāhi wa ‘amila ṣāliḥaw wa qāla innanī minal-muslimīn(a).
[33]
Lan sapa sing lewih apik ucapané tenimbang wong sing padha ajék-ajék maring Gusti Allah lan nindakna kebecikan lan ngucap, “Temen, inyong klebu wong-wong muslim (sing pasrah awak)?”
وَلَا تَسْتَوِى الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُ ۗاِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ فَاِذَا الَّذِيْ بَيْنَكَ وَبَيْنَهٗ عَدَاوَةٌ كَاَنَّهٗ وَلِيٌّ حَمِيْمٌ٣٤
Wa lā tastawil-ḥasanatu wa las-sayyi'ah(tu), idfa‘ bil-latī hiya aḥsanu fa'iżal-lażī bainaka wa bainahū ‘adāwatun ka'annahū waliyyun ḥamīm(un).
[34]
Lan ora padha antarané kebecikan karo kejahatan. Tolaka (kejahatan kuwé) kanthi cara sing lewih becik supaya wong sing ana rasa mungsuhan antarané ko kabéh lan dhéwéké dadi kaya batir sing apik.
وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْاۚ وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا ذُوْ حَظٍّ عَظِيْمٍ٣٥
Wa mā yulaqqāhā illal-lażīna ṣabarū, wa mā yulaqqāhā illā żū ḥaẓẓin ‘aẓīm(in).
[35]
Lan (sipat-sipat sing apik kuwé) ora bakal déparingna kejaba maring wong-wong sing sabar lan ora déparingna kejaba maring wong-wong sing duwé kebegyan sing gedhé.
وَاِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطٰنِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٣٦
Wa immā yanzagannaka minasy-syaiṭāni nazgun fasta‘iż billāh(i), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[36]
Lan angger sétan ngganggu ko kabéh kanthi sewijiné iming-iming, mangka padha nyuwuna pengayoman maring Gusti Allah. Temen, Penjenengané Sing Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
وَمِنْ اٰيٰتِهِ الَّيْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُۗ لَا تَسْجُدُوْا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَاسْجُدُوْا لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَهُنَّ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ٣٧
Wa min āyātihil-lailu wan-nahāru wasy-syamsu wal-qamar(u), lā tasjudū lisy-syamsi wa lā lil-qamari wasjudū lillāhil-lażī khalaqahunna in kuntum iyyāhu ta‘budūn(a).
[37]
Lan sebagéan sekang tandha-tandha agungé Gusti Allah yakuwé wengi, awan, srengéngé lan wulan. Aja pisan-pisan padha sujud maring srengéngé lan (uga) aja pisan-pisan sujud maring wulan, ning padha sujuda maring Gusti Allah sing nyiptakna kuwé, angger ko kabéh mung nyembah maring Penjenengané.
فَاِنِ اسْتَكْبَرُوْا فَالَّذِيْنَ عِنْدَ رَبِّكَ يُسَبِّحُوْنَ لَهٗ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَهُمْ لَا يَسْـَٔمُوْنَ ۩٣٨
Fa inistakbarū fal-lażīna ‘inda rabbika yusabbiḥūna lahū bil-laili wan-nahāri wa hum lā yas'amūn(a).
[38]
Angger dhéwéké padha ngagul-agulna awaké, mangka dhéwéké kabéh (para malaékat) sing ana neng sisihé Pengéranmu padha maca tasbéh maring Penjenengané neng wengi lan awan, lan dhéwéké kabéh ora tau krasa bosen.
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنَّكَ تَرَى الْاَرْضَ خَاشِعَةً فَاِذَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاۤءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْۗ اِنَّ الَّذِيْٓ اَحْيَاهَا لَمُحْيِ الْمَوْتٰى ۗاِنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٣٩
Wa min āyātihī annaka taral-arḍa khāsyi‘atan fa iżā anzalnā ‘alaihal-mā'ahtazzat wa rabat, innal-lażī aḥyāhā lamuḥyil-mautā, innahū ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[39]
Lan sebagéan sekang tandha-tandha (agungé) Penjenengané, ko padha weruh bumi kuwé garing lan cengkar, ning angger Ingsun turunaken udan neng ndhuwuré mesthi dhéwéké (bumi) nglilir lan subur. Setemené Gusti Allah sing nguripna kuwé mesthi bisa nguripna sing mati; setemené Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُلْحِدُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا لَا يَخْفَوْنَ عَلَيْنَاۗ اَفَمَنْ يُّلْقٰى فِى النَّارِ خَيْرٌ اَمْ مَّنْ يَّأْتِيْٓ اٰمِنًا يَّوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗاِعْمَلُوْا مَا شِئْتُمْ ۙاِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٤٠
Innal-lażīna yulḥidūna fī āyātinā lā yakhfauna ‘alainā, afamay yulqā fin-nāri khairun am may ya'tī āminay yaumal-qiyāmah(ti), i‘malū mā syi'tum, innahū bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[40]
Setemené wong-wong sing padha ngingkari tandha-tandha (agungé) Ingsun dhéwéké kabéh ora kesamar sekang Ingsun. Apa wong-wong sing padha debalangna maring njero neraka sing lewih apik, apa dhéwéké sing padha ko teka kanthi ayem-tentrem neng dina Kiyamat? Mara lakokna apa sing ko padha karepna! Temen, Penjenengané Maha Mriksani, apa sing ko padha pergawé
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِالذِّكْرِ لَمَّا جَاۤءَهُمْ ۗوَاِنَّهٗ لَكِتٰبٌ عَزِيْزٌ ۙ٤١
Innal-lażīna kafarū biż-żikri lammā jā'ahum, wa innahū lakitābun ‘azīz(un).
[41]
Setemené wong-wong sing padha ngingkari Al-Qur'an rikala (Al-Qur'an) kuwé debutulna maring dhéwéké kabéh (dhéwéké mesthi bakal cilaka) lan setemené (Al-Qur'an) kuwé Kitab sing mulya,
لَّا يَأْتِيْهِ الْبَاطِلُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَلَا مِنْ خَلْفِهٖ ۗتَنْزِيْلٌ مِّنْ حَكِيْمٍ حَمِيْدٍ٤٢
Lā ya'tīhil-bāṭilu mim baini yadaihi wa lā min khalfih(ī), tanzīlum min ḥakīmin ḥamīd(in).
[42]
(sing) ora bakal detekani déning kesalahan (batil) becik sekang ngarep utawa sekang mburi (gemiyén utawa mbésuk), sing déturunaken déning Pengéran Sing Mahawicaksana, Maha Pinuji.
مَا يُقَالُ لَكَ اِلَّا مَا قَدْ قِيْلَ لِلرُّسُلِ مِنْ قَبْلِكَ ۗاِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ مَغْفِرَةٍ وَّذُوْ عِقَابٍ اَلِيْمٍ٤٣
Mā yuqālu laka illā mā qad qīla lir-rusuli min qablik(a), inna rabbaka lażū magfiratiw wa żū ‘iqābin alīm(in).
[43]
Apa sing déucapna (déning wong-wong kapir) maring sliramu ora liya apa sing wis déucapna maring utusan-utusan seurungé sliramu. Temen, Pengérané sliramu kagungan pengampura lan siksa sing perih.
وَلَوْ جَعَلْنٰهُ قُرْاٰنًا اَعْجَمِيًّا لَّقَالُوْا لَوْلَا فُصِّلَتْ اٰيٰتُهٗ ۗ ءَاَ۬عْجَمِيٌّ وَّعَرَبِيٌّ ۗ قُلْ هُوَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا هُدًى وَّشِفَاۤءٌ ۗوَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرٌ وَّهُوَ عَلَيْهِمْ عَمًىۗ اُولٰۤىِٕكَ يُنَادَوْنَ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍ ࣖ٤٤
Wa lau ja‘alnāhu qur'ānan a‘jamiyyal laqālū lau lā fuṣṣilat āyātuh(ū), a'a‘jamiyyuw wa ‘arabiyy(un), qul huwa lil-lażīna āmanū hudaw wa syifā'(un), wal-lażīna lā yu'minūna fī āżānihim waqruw wa huwa ‘alaihim ‘amā(n), ulā'ika yunādauna mim makānim ba‘īd(in).
[44]
Lan sekirané Al-Qur'an Ingsun dadékna wacanan nganggo seliyané basa Arab mesthi dhéwéké padha ngucap, “Kenangapa ora decethakna ayat-ayat-É?” Apa patut (Al-Qur'an) nganggo basa seliyané basa Arab mangkané (rasul), bangsa Arab. Dhawuha, “Al-Qur'an kuwé pituduh lan tamba tumrap wong-wong sing padha precaya. Lan wong-wong sing padha ora precaya neng kupingé ana sumpelan, lan (Al-Qur'an) kuwé dadi pepeteng tumrap dhéwéké kabéh 775. Dhéwéké padha kaya wong sing deceluk sekang kadohan.”
775) Ora awéh pitudhuh maring ko kabéh
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَاخْتُلِفَ فِيْهِ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّهُمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ٤٥
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba fakhtulifa fīh(i), wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika laquḍiya bainahum, wa innahum lafī syakkim minhu murīb(in).
[45]
Lan temen, wis Ingsun paringna maring Musa Kitab (Taurat) banjur padha dépersulayakna. Sekirané ora nana keputusan sing lewih dhisit sekang Pengéranmu, wong-wong kapir kuwé mesthi wis détumpes. Lan setemené dhéwéké kabéh nyata-nyata neng sejeroné kemamangan sing nemen ingatasé kuwé.
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهٖ ۙوَمَنْ اَسَاۤءَ فَعَلَيْهَا ۗوَمَا رَبُّكَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ۔٤٦
Man ‘amila ṣāliḥan fa linafsih(ī), wa man asā'a fa ‘alaihā, wa mā rabbuka biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[46]
Sapa wongé sing nindakna kebecikan mangka (ganjarané) nggo awaké dhéwéké lan sapa wongé mergawé ala mangka (dosané) dadi tanggungané awaké dhéwék. Lan Pengéranmu ora pisan-pisan paring kapitunan (nganiaya) maring kewula-kewula-Né.
۞ اِلَيْهِ يُرَدُّ عِلْمُ السَّاعَةِ ۗوَمَا تَخْرُجُ مِنْ ثَمَرٰتٍ مِّنْ اَكْمَامِهَا وَمَا تَحْمِلُ مِنْ اُنْثٰى وَلَا تَضَعُ اِلَّا بِعِلْمِهٖ ۗوَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيْۙ قَالُوْٓا اٰذَنّٰكَ مَا مِنَّا مِنْ شَهِيْدٍ ۚ٤٧
Ilaihi yuraddu ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa mā takhruju min ṡamarātim min akmāmihā wa mā taḥmilu min unṡā wa lā taḍa‘u illā bi‘ilmih(ī), wa yauma yunādīhim aina syurakā'ī, qālū āżannāka mā minnā min syahīd(in).
[47]
Maring Penjenengané kawruh ngenani dina Kiyamat débalékna. 776 Ora nana woh-wohan sing metu sekang kembangé lan ora nana wong wadon sijia sing meteng lan sing nglairna, kejaba sekabéhé kanthi sepemriksané Penjenengané. Neng dina rikala Penjenengané (Gusti Allah) nimbali dhéwéké kabéh, “Neng endi sekuthon-sekuthonané Ingsun kuwé? 777 Dhéwéké kabéh semaur, “Kula sedaya aturaken dhateng Penjenengan bilih mboten wonten teng antawisé kula sami ingkang saged ngaturaken perseksén (bilih Penjenengan kagungan sekhuthon).”
776) Mung Gusti Allah sing ngudanéni kapan tekané dina kiyamat
777) Patung-patung sing ko kabéh anggep sekutuné Gusti Allah
وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَدْعُوْنَ مِنْ قَبْلُ وَظَنُّوْا مَا لَهُمْ مِّنْ مَّحِيْصٍ٤٨
Wa ḍalla ‘anhum mā kānū yad‘ūna min qablu wa ẓannū mā lahum mim maḥīṣ(in).
[48]
Lan ilang sekang dhéwéké kabéh apa sing gemiyén gawéné dhéwéké sembah, lan dhéwéké uga ngerti lamon ora nana dalan nggo metu (sekang siksané Gusti Allah) tumrap dhéwéké kabéh.
لَا يَسْـَٔمُ الْاِنْسَانُ مِنْ دُعَاۤءِ الْخَيْرِۖ وَاِنْ مَّسَّهُ الشَّرُّ فَيَـُٔوْسٌ قَنُوْطٌ٤٩
Lā yas'amul-insānu min du‘ā'il-khair(i), wa im massahusy-syarru fa ya'ūsun qanūṭ(un).
[49]
Menungsa ora bosen nyuwun kebecikan, lan angger ketiban marabaya dhéwéké pungkas lan pedhot pengarep-arepé.
وَلَىِٕنْ اَذَقْنٰهُ رَحْمَةً مِّنَّا مِنْۢ بَعْدِ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُ لَيَقُوْلَنَّ هٰذَا لِيْۙ وَمَآ اَظُنُّ السَّاعَةَ قَاۤىِٕمَةًۙ وَّلَىِٕنْ رُّجِعْتُ اِلٰى رَبِّيْٓ اِنَّ لِيْ عِنْدَهٗ لَلْحُسْنٰىۚ فَلَنُنَبِّئَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِمَا عَمِلُوْاۖ وَلَنُذِيْقَنَّهُمْ مِّنْ عَذَابٍ غَلِيْظٍ٥٠
Wa la'in ażaqnāhu raḥmatam minnā mim ba‘di ḍarrā'a massathu layaqūlunna hāżā lī, wa mā aẓunnus-sā‘ata qā'imah(tan), wa la'ir ruji‘tu ilā rabbī inna lī ‘indahū lal-ḥusnā, fa lanunabbi'annal-lażīna kafarū bimā ‘amilū, wa lanużīqannahum min ‘ażābin galīẓ(in).
[50]
Lan angger Ingsun paringna maring dhéwéké kewelasan sekang Ingsun sewisé ketiban susah, mesthi dhéwéké ngucap, “Kiyé kuwé haké inyong, lan inyong ora precaya lamon dina Kiyamat kuwé bakal kedadén. Lan angger inyong débalékna maring Pengérané inyong setemené inyong bakal olih kebecikan sekang sisihé Penjenengané.” Mangka temen, bakal Ingsun paringi ngerti maring wong-wong kapir ngenani apa sing wis dhéwéké padha pergawé, lan temen, bakal Ingsun tibakna maring dhéwéké kabéh siksa sing abot.
وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ فَذُوْ دُعَاۤءٍ عَرِيْضٍ٥١
Wa iżā an‘amnā ‘alal-insāni a‘raḍa wa na'ā bijānibih(ī), wa iżā massahusy-syarru fażū du‘ā'in ‘arīḍ(in).
[51]
Lan angger Ingsun paringna nékmat maring menungsa, dhéwéké mléngos lan ngadohna awaké (kanthi gemedhé); ning angger détibani marabaya mangka dhéwéké akéh olihé nyenyuwun.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كَانَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ثُمَّ كَفَرْتُمْ بِهٖ مَنْ اَضَلُّ مِمَّنْ هُوَ فِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ٥٢
Qul ara'aitum in kāna min ‘indillāhi ṡumma kafartum bihī man aḍallu mimman huwa fī syiqāqim ba‘īd(in).
[52]
Dhawuha, “Kepriwé ujaré ko kabéh angger (Al-Qur'an) kuwé teka sekang sisihé Gusti Allah, banjur ko padha ngingkari kuwé. Sapa sing lewih kesasar tenimbang wong sing tansah ana neng sejeroné penylewen-gan sing adoh (sekang bebener)?”
سَنُرِيْهِمْ اٰيٰتِنَا فِى الْاٰفَاقِ وَفِيْٓ اَنْفُسِهِمْ حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَهُمْ اَنَّهُ الْحَقُّۗ اَوَلَمْ يَكْفِ بِرَبِّكَ اَنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ٥٣
Sanurīhim āyātinā fil-āfāqi wa fī anfusihim ḥattā yatabayyana lahum annahul-ḥaqq(u), awalam yakfi birabbika annahū ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[53]
Ingsun bakal ngawéruhna maring dhéwéké kabéh tandha-tandha (agungé) Ingsun neng prenah endi baé lan maring awaké dhéwéké kabéh, saéngga cetha tumrap dhéwéké kabéh lamon Al-Qur'an kuwé pancén bener. Apa ora cukup (nggo ko kabéh) lamon Pengéranmu dadi seksi ingatasé samubarang kabéh.
اَلَآ اِنَّهُمْ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْ لِّقَاۤءِ رَبِّهِمْ ۗ اَلَآ اِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيْطٌ ࣖ٥٤
Alā innahum fī miryatim mil liqā'i rabbihim, alā innahū bikulli syai'im muḥīṭ(un).
[54]
Élinga, setemené dhéwéké kabéh ésih padha mamang maring (dinané) sapatemon karo Pengérané dhéwéké kabéh. Élinga, Penjenengané Maha Nglingkupi samubarang kabéh.