Surah Al-Mu’min
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa Miim.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِۙ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-‘alīm(i).
[2]
Kitab kiyé déturunaken sekang Gusti Allah Sing Mahakewasa, Maha Ngawuningani,
غَافِرِ الذَّنْۢبِ وَقَابِلِ التَّوْبِ شَدِيْدِ الْعِقَابِ ذِى الطَّوْلِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ٣
Gāfiriż-żambi wa qābilit-taubi syadīdil-‘iqābi żiṭ-ṭaul(i), lā ilāha illā huw(a), ilaihil-maṣīr(u).
[3]
sing ngampurani dosa lan sing nampani tobat lan keras siksa-Né; sing kagungan ganjaran. Ora nana sembahan seliyané Penjenengané. Mung maring Penjenengané (kabéh titah) padha bali.
مَا يُجَادِلُ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ اِلَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَلَا يَغْرُرْكَ تَقَلُّبُهُمْ فِى الْبِلَادِ٤
Mā yujādilu fī āyātillāhi illal-lażīna kafarū falā yagrurka taqallubuhum fil-bilād(i).
[4]
Ora nana sing merdebadna ngenani ayat-ayat-É Gusti Allah kejaba wong-wong sing padha mbangkang (kapir). Merga kuwé aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) kapusan déning kasilé (sukses) usahané dhéwéké kabéh neng setlatah negari.
كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّالْاَحْزَابُ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۖوَهَمَّتْ كُلُّ اُمَّةٍۢ بِرَسُوْلِهِمْ لِيَأْخُذُوْهُ وَجَادَلُوْا بِالْبَاطِلِ لِيُدْحِضُوْا بِهِ الْحَقَّ فَاَخَذْتُهُمْ ۗفَكَيْفَ كَانَ عِقَابِ٥
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wal-aḥzābu mim ba‘dihim, wa hammat kullu ummatim birasūlihim liya'khużūhu wa jādalū bil-bāṭili liyudḥiḍū bihil-ḥaqqa fa'akhażtuhum, fa kaifa kāna ‘iqāb(i).
[5]
Seurungé wong-wong kuwé, kaumé Nuh lan golongan-golongan sing mbrayani sewisé dhéwéké kabéh, wis padha nggorohna (rasul) lan saben-saben umat wis padha ngrancang (réka daya) maring rasulé nggo nyekel rasul lan dhéwéké padha mbantah kanthi (alesan) sing ora bener nggo ngilangna bebener; merga kuwé Ingsun cekel wong-wong kuwé (kanthi siksa). Mangka sepira (larané) siksané Ingsun?
وَكَذٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّهُمْ اَصْحٰبُ النَّارِۘ٦
Wa każālika ḥaqqat kalimatu rabbika ‘alal-lażīna kafarū annahum aṣḥābun-nār(i).
[6]
Lan mengkana kuwé, wis mesthi kelakon pepesthéné Pengéranmu maring wong-wong sing padha kapir, (yakuwé) setemené wong-wong kuwé dadi warga neraka.
اَلَّذِيْنَ يَحْمِلُوْنَ الْعَرْشَ وَمَنْ حَوْلَهٗ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَيَسْتَغْفِرُوْنَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۚ رَبَّنَا وَسِعْتَ كُلَّ شَيْءٍ رَّحْمَةً وَّعِلْمًا فَاغْفِرْ لِلَّذِيْنَ تَابُوْا وَاتَّبَعُوْا سَبِيْلَكَ وَقِهِمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِ٧
Allażīna yaḥmilūnal-‘arsya wa man ḥaulahū yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim wa yu'minūna bihī wa yastagfirūna lil-lażīna āmanū, rabbanā wasi‘ta kulla syai'ir raḥmataw wa ‘ilman fagfir lil-lażīna tābū wattaba‘ū sabīlaka wa qihim ‘ażābal-jaḥīm(i).
[7]
(Malaékat-malaékat) sing padha mikul ‘Arsy karo (malaékat) sing ana neng kiwé-tengené padha maca tasbéh (maha-nyucékna) karo ngalembana Pengérané lan dhéwéké padha precaya maring Penjenengané karo nyuwunaken pengampura nggo wong-wong sing padha precaya (kanthi ngucap), “Dhuh Gusti kula sami, kewelasan (rahmat) lan ilmu ingkang wonten Penjenengan niku nglingkupi samubarang sedaya, mangka mugi Penje-nengan paring pangapunten dhateng tiyang-tiyang ingkang mertobat lan nglampahi margi (agama) Penjenengan lan mugi Penjenengan ngreksa kiyambeké sedaya saking siksa neraka ingkang mulab-mulab.
رَبَّنَا وَاَدْخِلْهُمْ جَنّٰتِ عَدْنِ ِۨالَّتِيْ وَعَدْتَّهُمْ وَمَنْ صَلَحَ مِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَاَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ ۗاِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُۙ٨
Rabbanā wa adkhilhum jannāti ‘adninil-latī wa‘attahum wa man ṣalaḥa min ābā'ihim wa azwājihim wa żurriyyātihim, innaka antal ‘azīzul-ḥakīm(u).
[8]
Dhuh Gusti kula sami, mugi Penjenengan lebetaken tiyang-tiyang niku dhateng suwarga Ngaden (‘Adn) ingkang sampun Penjenengan janjekaken nggé kiyambeké sami, lan tiyang-tiyang sing saé wonten antawisipun kaki-nininé tiyang-tiyang niku, éstri-éstri lan anak-putuné tiyang-tiyang niku. Saéstuné Penjenengan niku Ingkang Mahadigdaya, Mahawicaksana.
وَقِهِمُ السَّيِّاٰتِۗ وَمَنْ تَقِ السَّيِّاٰتِ يَوْمَىِٕذٍ فَقَدْ رَحِمْتَهٗ ۗوَذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ ࣖ٩
Wa qihimus-sayyi'āt(i), wa man taqis-sayyi'āti yauma'iżin faqad raḥimtah(ū), wa żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[9]
Lan mugi Penjenengan ngreksa tiyang-tiyang niku saking (marabaya) kejahatan. Lan tiyang-tiyang sing Penjenengan reksa saking (marabaya) kejahatan teng dinten niku, mangka éstu, Penjenengan empun nganugrahakaken nékmat dhateng tiyang-tiyang niku lan sing mekaten niku dados kemenangan sing ageng.”
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُنَادَوْنَ لَمَقْتُ اللّٰهِ اَكْبَرُ مِنْ مَّقْتِكُمْ اَنْفُسَكُمْ اِذْ تُدْعَوْنَ اِلَى الْاِيْمَانِ فَتَكْفُرُوْنَ١٠
Innal-lażīna kafarū yunādauna lamaqtullāhi akbaru mim maqtikum anfusakum iż tad‘ūna ilal-īmāni fatakfurūn(a).
[10]
Setemené wong-wong sing padha mbangkang (kapir), nggo dhéwéké kabéh (neng dina Kiyamat) déucapna, “Temen, gethingé Gusti Allah (maring ko kabéh) banget lewih gedhé tenimbang gethingé ko kabéh maring awakmu dhéwék, rikala ko kabéh dépréntah supaya padha precaya banjur ko padha ngingkari préntah kuwé.”
قَالُوْا رَبَّنَآ اَمَتَّنَا اثْنَتَيْنِ وَاَحْيَيْتَنَا اثْنَتَيْنِ فَاعْتَرَفْنَا بِذُنُوْبِنَا فَهَلْ اِلٰى خُرُوْجٍ مِّنْ سَبِيْلٍ١١
Qālū rabbanā amattanaṡnataini wa aḥyaitanaṡnataini fa‘tarafnā biżunūbinā fa hal ilā khurūjim min sabīl(in).
[11]
Wong-wong kuwé padha semaur, “Dhuh Pengéran kula sami, Penjenengan empun mejahi kula ping kalih lan empun nguripaken kula ping kalih (ugi), lajeng kula ngangkeni dosa-dosa kula. Mangka napa wonten margi (tumrap kula) nggé medal (saking neraka)?”
ذٰلِكُمْ بِاَنَّهٗٓ اِذَا دُعِيَ اللّٰهُ وَحْدَهٗ كَفَرْتُمْۚ وَاِنْ يُّشْرَكْ بِهٖ تُؤْمِنُوْا ۗفَالْحُكْمُ لِلّٰهِ الْعَلِيِّ الْكَبِيْرِ١٢
Żālikum bi'annahū iżā du‘iyallāhu waḥdahū kafartum, wa iy yusyrak bihī tu'minū, fal-ḥukmu lillāhil-‘aliyyil-kabīr(i).
[12]
Sing mengkana kuwé, merga setemené ko kabéh mbangkang angger dépréntah supaya mung padha nyembah Gusti Allah sewiji. Lan angger Gusti Allah desekuthokna, ko kabéh padha precaya. Mangka putusan (siki kiyé) mung neng astané Gusti Allah Sing Mahaluhur, Mahaagung.
هُوَ الَّذِيْ يُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ وَيُنَزِّلُ لَكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ رِزْقًا ۗوَمَا يَتَذَكَّرُ اِلَّا مَنْ يُّنِيْبُ١٣
Huwal-lażī yurīkum āyātihī wa yunazzilu lakum minas-samā'i rizqā(n), wa mā yatażakkaru illā may yunīb(u).
[13]
Penjenengané sing ngetonaken tandha-tandha (kewasané) Penjenengané maring ko kabéh lan nurunaken rejeki sekang langit nggo ko kabéh. Lan ora liya sing olih piwulang mung wong-wong sing padha bali (maring Gusti Allah).
فَادْعُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ١٤
Fad‘ullāha mukhliṣīna lahud-dīna wa lau karihal-kāfirūn(a).
[14]
Mangka sembaha Gusti Allah kanthi manut-miturut maring agamané Penjenengané, senajan wong-wong kapir ora padha seneng maring kuwé.
رَفِيْعُ الدَّرَجٰتِ ذُو الْعَرْشِۚ يُلْقِى الرُّوْحَ مِنْ اَمْرِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ لِيُنْذِرَ يَوْمَ التَّلَاقِۙ١٥
Rafī‘ud-darajāti żul-‘arsy(i), yulqir-rūḥa min amrihī ‘alā may yasyā'u min ‘ibādihī liyunżira yaumat-talāq(i).
[15]
(Penjenengané) Sing Mahaluhur derajat-É, sing kagungan ’Arsy, sing nurunaken wahyu kanthi dhawuhé Penjenengané maring sapa baé sing Penjenengané kersakna neng antarané kewula-kewula-Né, supaya ngélingna (menungsa) ngenani dinané sapatemon (dina Kiyamat),
يَوْمَ هُمْ بٰرِزُوْنَ ۚ لَا يَخْفٰى عَلَى اللّٰهِ مِنْهُمْ شَيْءٌ ۗلِمَنِ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ۗ لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ١٦
Yauma hum bārizūn(a), lā yakhfā ‘alallāhi minhum syai'(un), limanil-mulkul-yaum(a), lillāhil-wāḥidil-qahhār(i).
[16]
(yakuwé) neng dina (rikala) dhéwéké padha metu (sekang kubur); ora nana sewiji apa sekang kahanané dhéwéké sing kesamar neng sisihé Gusti Allah. (Banjur Gusti Allah dhawuh), “Kagungané sapa praja dina kiyé?” Kagungané Gusti Allah Sing Tunggal, Maha Ngalahna.
اَلْيَوْمَ تُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ ۗ لَا ظُلْمَ الْيَوْمَ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ١٧
Al-yauma tujzā kullu nafsim bimā kasabat, lā ẓulmal-yaum(a), innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[17]
Neng dina kiyé saben-saben jiwa déparingi piwales selaras karo apa sing wis dhéwéké pergawé. Ora nana sing dékapitunani neng dina kiyé. Temen, Gusti Allah banget banter prétungan-É.
وَاَنْذِرْهُمْ يَوْمَ الْاٰزِفَةِ اِذِ الْقُلُوْبُ لَدَى الْحَنَاجِرِ كٰظِمِيْنَ ەۗ مَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ حَمِيْمٍ وَّلَا شَفِيْعٍ يُّطَاعُۗ١٨
Wa anżirhum yaumal-āzifati iżil-qulūbu ladal-ḥanājiri kāẓimīn(a), mā liẓ-ẓālimīna min ḥamīmiw wa lā syafī‘iy yuṭā‘(u).
[18]
Lan wehna wong-wong kuwé pengéling-éling maring dina sing sengsaya pérek (dina Kiyamat, yakuwé) rikala ati (dadi nyesek) butul maring gulu merga ngampet susah. Ora nana sijia batir sing bekti maring wong sing aniaya (dolim) lan ora nana nggo dhéwéké sewiji wong sing tulung sing détampa (pitulungané).
يَعْلَمُ خَاۤىِٕنَةَ الْاَعْيُنِ وَمَا تُخْفِى الصُّدُوْرُ١٩
Ya‘lamu khā'inatal-a‘yuni wa mā tukhfiṣ-ṣudūr(u).
[19]
Penjenengané ngawuningani (penyawang) mata sing nyidrani 766 lan apa baé sing kesimpén neng njeroné dhadha.
766) Penyawang sing délarang kayadéné menthelengi wong wadon liya sing udu muhrime
وَاللّٰهُ يَقْضِيْ بِالْحَقِّ ۗوَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَقْضُوْنَ بِشَيْءٍ ۗاِنَّ اللّٰهَ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ ࣖ٢٠
Wallāhu yaqḍī bil-ḥaqq(i), wal-lażīna yad‘ūna min dūnihī lā yaqḍūna bisyai'(in), innallāha huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[20]
Lan Gusti Allah mutusna kanthi bebener. Aridené dhéwéké sing désembah seliyané Penjenengané (Gusti Allah) ora bisa mutusna kanthi apa baé. Setemené Gusti Allah, Penjenengané Sing Maha Midhanget, Maha Mriksani.
۞ اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ كَانُوْا مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ كَانُوْا هُمْ اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَّاٰثَارًا فِى الْاَرْضِ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْ ۗوَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ وَّاقٍ٢١
Awalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna kānū min qablihim, kānū hum asyaddu minhum quwwataw wa āṡāran fil-arḍi fa'akhażahumullāhu biżunūbihim, wa mā kāna lahum minallāhi miw wāq(in).
[21]
Lan apa dhéwéké ora padha nganakna lelungan neng bumi, banjur nggatékna kepriwé wekasané wong-wong sing (padha urip) seurungé dhéwéké? Wong-wong kuwé lewih moncer kekuwatané tenimbang dhéwéké kabéh (lan lewih akéh) petilasan-petilasan (kebudhayan)é neng bumi, ning Gusti Allah ngukum maring wong-wong kuwé merga dosa-dosané. Lan ora bakal ana sewiji baé sing bisa ngayomi dhéwéké sekang (siksané) Gusti Allah.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانَتْ تَّأْتِيْهِمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَكَفَرُوْا فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ قَوِيٌّ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢٢
Żālika bi'annahum kānat ta'tīhim rusuluhum bil-bayyināti fakafarū fa'akhażahumullāh(u), innahū qawiyyun syadīdul-‘iqāb(i).
[22]
Sing mengkana kuwé (kelakon) merga setemené utusan-utusan (rasul-rasul) wis teka maring wong-wong kuwé kanthi nggawa bukti-bukti sing nyata 767 banjur dhéwéké padha sulaya (ingkar), mangka Gusti Allah nyiksa dhéwéké kabéh. Temen, Penjenengané Mahadigdaya, Mahakeras ukuman-É.
767) Mukjijat, hukum-hukum lan piwulang-piwulang sing degawa Rasul
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٢٣
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[23]
Lan temen, Ingsun wis ngutus Musa kanthi nggawa ayat-ayat Ingsun lan keterangan sing cetha,
اِلٰى فِرْعَوْنَ وَهَامٰنَ وَقَارُوْنَ فَقَالُوْا سٰحِرٌ كَذَّابٌ٢٤
Ilā fir‘auna wa hāmāna wa qārūna faqālū sāḥirun każżāb(un).
[24]
maring Fir’aun, Haman lan Karun; banjur dhéwéké padha ngucap, “(Musa) kuwé tukang sihir lan tukang apus-apus.”
فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِالْحَقِّ مِنْ عِنْدِنَا قَالُوا اقْتُلُوْٓا اَبْنَاۤءَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ وَاسْتَحْيُوْا نِسَاۤءَهُمْ ۗوَمَا كَيْدُ الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ٢٥
Falammā jā'ahum bil-ḥaqqi min ‘indinā qāluqtulū abnā'al-lażīna āmanū ma‘ahū wastaḥyū nisā'ahum, wa mā kaidul-kāfirīna illā fī ḍalāl(in).
[25]
Mangka rikala dhéwéké (Musa) teka maring wong-wong kuwé ngggawa bebener sekang Ingsun, dhéwéké kabéh padha ngucap, “Paténia anak-anak lanangé wong-wong sing precaya bareng dhéwéké lan jorna urip wadon-wadoné.” Ning réka dayané wong-wong kapir kuwé mung muspra.
وَقَالَ فِرْعَوْنُ ذَرُوْنِيْٓ اَقْتُلْ مُوْسٰى وَلْيَدْعُ رَبَّهٗ ۚاِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّبَدِّلَ دِيْنَكُمْ اَوْ اَنْ يُّظْهِرَ فِى الْاَرْضِ الْفَسَادَ٢٦
Wa qāla fir‘aunu żarūnī aqtul mūsā walyad‘u rabbah(ū), innī akhāfu ay yubaddila dīnakum au ay yuẓhira fil-arḍil-fasād(a).
[26]
Lan Fir’aun ngucap (maring penggedhé-penggedhéné), “Inyong baé sing maténi Musa lan préntahna dhéwéké supayané nyenyuwun maring Pengérané. Setemené inyong kewatir dhéwéké bakal ngijoli agamamu utawa nuwuhna kerusakan neng bumi.”
وَقَالَ مُوْسٰىٓ اِنِّيْ عُذْتُ بِرَبِّيْ وَرَبِّكُمْ مِّنْ كُلِّ مُتَكَبِّرٍ لَّا يُؤْمِنُ بِيَوْمِ الْحِسَابِ ࣖ٢٧
Wa qāla mūsā innī ‘użtu birabbī wa rabbikum min kulli mutakabbiril lā yu'minu biyaumil-ḥisāb(i).
[27]
Lan (Musa) ngucap, “Setemené inyong nyuwun pengayoman maring Pengéranku lan Pengéranmu sekang saben wong sing kemlungkung lan ora padha precaya maring dina prétungan.”
وَقَالَ رَجُلٌ مُّؤْمِنٌۖ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَكْتُمُ اِيْمَانَهٗٓ اَتَقْتُلُوْنَ رَجُلًا اَنْ يَّقُوْلَ رَبِّيَ اللّٰهُ وَقَدْ جَاۤءَكُمْ بِالْبَيِّنٰتِ مِنْ رَّبِّكُمْ ۗوَاِنْ يَّكُ كَاذِبًا فَعَلَيْهِ كَذِبُهٗ ۚوَاِنْ يَّكُ صَادِقًا يُّصِبْكُمْ بَعْضُ الَّذِيْ يَعِدُكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ كَذَّابٌ٢٨
Wa qāla rajulum mu'min(um), min āli fir‘auna yaktumu īmānahū ataqtulūna rajulan ay yaqūla rabbiyallāhu wa qad jā'akum bil-bayyināti mir rabbikum, wa iy yaku kāżiban fa ‘alaihi każibuh(ū), wa iy yaku ṣādiqay yuṣibkum ba‘ḍul-lażī ya‘idukum, innallāha lā yahdī man huwa musrifun każżāb(un).
[28]
Lan sewiji wong sing precaya neng antarané kulawargané Fir’aun sing ngumpetna precayaé ngucap (maring Fir’aun), “Apa sampéyan bakal maténi pawongan merga dhéwéké ngucap, “Pengéranku yakuwé Gusti Allah,” mangkané temen, dhéwéké wis teka maring sampéyan kanthi nggawa bukti-bukti sing nyata sekang Pengérané sampéyan. Lan umpamané dhéwéké tukang apus-apus mangka dhéwéké sing bakal nyangga (dosa) apus-apusé kuwé; lan umpama dhéwéké pawongan sing bener, mangka sebagéan (bendu) sing deancamna maring sampéyan bakal ngenani sampéyan. Setemené Gusti Allah ora paring pituduh maring wong sing ngliwati wates lan tukang apus-apus.
يٰقَوْمِ لَكُمُ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ظٰهِرِيْنَ فِى الْاَرْضِۖ فَمَنْ يَّنْصُرُنَا مِنْۢ بَأْسِ اللّٰهِ اِنْ جَاۤءَنَا ۗقَالَ فِرْعَوْنُ مَآ اُرِيْكُمْ اِلَّا مَآ اَرٰى وَمَآ اَهْدِيْكُمْ اِلَّا سَبِيْلَ الرَّشَادِ٢٩
Yā qaumi lakumul-mulkul-yauma ẓāhirīna fil-arḍ(i), famay yanṣurunā mim ba'sillāhi in jā'anā, qāla fir‘aunu mā urīkum illā mā arā wa mā ahdīkum illā sabīlar-rasyād(i).
[29]
Hé kaumku! “Neng dina kiyé praja ana neng ko kabéh kanthi (nyekel) kewasa neng bumi, ning sapa sing bakal nulungi dhéwék kabéh sekang siksané Gusti Allah rikala (siksa kuwé) nibani dhéwék kabéh?” Fir’aun ngucap, “Inyong mung ngajokna maring ko kabéh, apa sing inyong anggep becik; lan inyong mung nidhokna maring ko kabéh dalan sing bener.”
وَقَالَ الَّذِيْٓ اٰمَنَ يٰقَوْمِ اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ مِّثْلَ يَوْمِ الْاَحْزَابِۙ٣٠
Wa qālal-lażī āmana yā qaumi innī akhāfu ‘alaikum miṡla yaumil-aḥzāb(i).
[30]
Lan wong sing precaya kuwé ngucap, “Hé kaumku! Setemené inyong kewatir ko kabéh bakal padha détibani (bebaya) kaya dina tumpesé golongan sing padha sekuthon,
مِثْلَ دَأْبِ قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ وَالَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۗوَمَا اللّٰهُ يُرِيْدُ ظُلْمًا لِّلْعِبَادِ٣١
Miṡla da'bi qaumi nūḥiw wa ‘ādiw wa ṡamūda wal-lażīna mim ba‘dihim, wa mallāhu yurīdu ẓulmal lil-‘ibād(i).
[31]
(yakuwé) kayadéné padatané kaumé Nabi Nuh, ‘Ad, Samud lan wong-wong sing padha teka sewisé dhéwéké kabéh. Mangkané Gusti Allah ora ngersakna gawé kapitunan (dolim) maring kawula-kawula-É.
وَيٰقَوْمِ اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ يَوْمَ التَّنَادِۙ٣٢
Wa yā qaumi innī akhāfu ‘alaikum yaumat-tanād(i).
[32]
Lan hé kaumku! Setemené inyong nyata-nyata kewatir maring ko kabéh ingatasé (siksan) dina celuk-celukan, 768
768) Dina kiyamat kuwé déarani dina celuk-celukan sebab wong sing ngumpul neng ara-ara Mahsyar sebagéan nyeluk sebagéan sing liya go jaluk tulung.
يَوْمَ تُوَلُّوْنَ مُدْبِرِيْنَۚ مَا لَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ عَاصِمٍۚ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ٣٣
Yauma tuwallūna mudbirīn(a), mā lakum minallāhi min ‘āṣim(in), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[33]
(yakuwé) neng dina (rikala) ko padha nylinguk maring mburi (mlayu), ora nana sijia wong sing bisa nyelametna ko kabéh sekang (siksané) Gusti Allah. Lan sing sapa wongé dejorna kesasar déning Gusti Allah, mangka ora nana sewiji apa sing bisa awéh pituduh.”
وَلَقَدْ جَاۤءَكُمْ يُوْسُفُ مِنْ قَبْلُ بِالْبَيِّنٰتِ فَمَا زِلْتُمْ فِيْ شَكٍّ مِّمَّا جَاۤءَكُمْ بِهٖ ۗحَتّٰىٓ اِذَا هَلَكَ قُلْتُمْ لَنْ يَّبْعَثَ اللّٰهُ مِنْۢ بَعْدِهٖ رَسُوْلًا ۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ مُّرْتَابٌۙ٣٤
Wa laqad jā'akum yūsufu min qablu bil-bayyināti famā ziltum fī syakkim mimmā jā'akum bih(ī), ḥattā iżā halaka qultum lay yab‘aṡallāhu mim ba‘dihī rasūlā(n), każālika yuḍillullāhu man huwa musrifum murtāb(un).
[34]
Lan temen, seurungé kuwé Yusuf wis teka maring ko kabéh kanthi nggawa bukti-bukti sing nyata, ning ko kabéh tansah mamang maring apa sing dhéwéké gawa, malah rikala dhéwéké seda, ko padha ngucap, “Gusti Allah ora bakal ngirim utusan (senajan mung siji) sewisé dhéwéké.” Mengkana kuwé Gusti Allah ngejorna kesasar maring wong sing ngléwati wates lan mamang,
ۨالَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ بِغَيْرِ سُلْطٰنٍ اَتٰىهُمْۗ كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللّٰهِ وَعِنْدَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۗ كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ قَلْبِ مُتَكَبِّرٍ جَبَّارٍ٣٥
Allażīna yujādilūna fī āyātillāhi bigairi sulṭānin atāhum, kabura maqtan ‘indallāhi wa ‘indal-lażīna āmanū, każālika yaṭba‘ullāhu ‘alā kulli qalbi mutakabbirin jabbār(in).
[35]
(yakuwé) wong-wong sing padha merdebadna ayat-ayat-É Gusti Allah tanpa alesan sing butul maring dhéwéké. 769 Banget gedhéné bebendon (nggo wong-wong kuwé) neng sisihé Gusti Allah lan wong-wong sing padha precaya. Mengkana kuwé Gusti Allah ngunci atiné saben wong sing padha gemedhé lan temindak sewenang-wenang.
769) Dhéwéké nolak ayat-ayat-É Gusti Allah tanpa alasan (dalil) sing butul maring dhéwéké.
وَقَالَ فِرْعَوْنُ يٰهَامٰنُ ابْنِ لِيْ صَرْحًا لَّعَلِّيْٓ اَبْلُغُ الْاَسْبَابَۙ٣٦
Wa qāla fir‘aunu yā hāmānubni lī ṣarḥal la‘allī ablugul-asbāb(a).
[36]
Lan Fir’aun ngucap, “Hé Haman! Gawéa nggo inyong sewiji bangunan (menara) sing dhuwur supaya inyong butul maring lawang-lawang,
اَسْبَابَ السَّمٰوٰتِ فَاَطَّلِعَ اِلٰٓى اِلٰهِ مُوْسٰى وَاِنِّيْ لَاَظُنُّهٗ كَاذِبًا ۗوَكَذٰلِكَ زُيِّنَ لِفِرْعَوْنَ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ وَصُدَّ عَنِ السَّبِيْلِ ۗوَمَا كَيْدُ فِرْعَوْنَ اِلَّا فِيْ تَبَابٍ ࣖ٣٧
Asbābas-samāwāti fa aṭṭali‘a ilā ilāhi mūsā wa innī la'aẓunnuhū kāżibā(n), wa każālika zuyyina lifir‘auna sū'u ‘amalihī wa ṣudda ‘anis-sabīl(i), wa mā kaidu fir‘auna illā fī tabāb(in).
[37]
(yakuwé) lawang-lawang langit, supayané inyong weruh Pengérané Musa, ning inyong tetep ngarani dhéwéké wong tukang apus-apus.” Lan mengkana kuwé dédadékna kerasa éndah tumrap Fir’aun tumindak alané kuwé, lan dhéwéké ketutup sekang dalan (sing bener); lan réka dayané Fir’aun kuwé ora liya mung nggawa kapitunan.
وَقَالَ الَّذِيْٓ اٰمَنَ يٰقَوْمِ اتَّبِعُوْنِ اَهْدِكُمْ سَبِيْلَ الرَّشَادِۚ٣٨
Wa qālal-lażī āmana yā qaumittabi‘ūni ahdikum sabīlar-rasyād(i).
[38]
Lan wong sing precaya kuwé ngucap, “Hé kaumku! mélua maring inyong, inyong bakal nidhokna maring ko kabéh dalan sing bener.
يٰقَوْمِ اِنَّمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا مَتَاعٌ ۖوَّاِنَّ الْاٰخِرَةَ هِيَ دَارُ الْقَرَارِ٣٩
Yā qaumi innamā hāżihil-ḥayātud-dun-yā matā‘(un), wa innal-ākhirata hiya dārul-qarār(i).
[39]
Hé kaumku! Setemené penguripan dunya kiyé mung kesenengan (sawetara) lan setemené akhérat kuwé negari sing langgeng.
مَنْ عَمِلَ سَيِّئَةً فَلَا يُجْزٰىٓ اِلَّا مِثْلَهَاۚ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ يُرْزَقُوْنَ فِيْهَا بِغَيْرِ حِسَابٍ٤٠
Man ‘amila sayyi'atan falā yujzā illā miṡlahā, wa man ‘amila ṣāliḥam min żakarin au unṡā wa huwa mu'minun fa'ulā'ika yadkhulūnal-jannata yurzaqūna fīhā bigairi ḥisāb(in).
[40]
Sapa wongé nglakoni penggawéan jahat, mangka dhéwéké bakal dewales sebandhing karo kejahatané kuwé. Lan sapa wongé nglakoni kebecikan, becik lanang utawa wadon, mangkané dhéwéké neng kahanan precaya, mangka dhéwéké bakal padha mlebu suwarga, dhéwéké déparingi rejeki neng njeroné tanpa wates.
۞ وَيٰقَوْمِ مَا لِيْٓ اَدْعُوْكُمْ اِلَى النَّجٰوةِ وَتَدْعُوْنَنِيْٓ اِلَى النَّارِۗ٤١
Wa yā qaumi mā lī ad‘ūkum ilan-najāti wa tad‘ūnanī ilan-nār(i).
[41]
Lan hé kaumku! Kepriwé kiyé, inyong ajék-ajék ko kabéh maring keslametan, ning ko kabéh padha ajék inyong maring neraka?
تَدْعُوْنَنِيْ لِاَكْفُرَ بِاللّٰهِ وَاُشْرِكَ بِهٖ مَا لَيْسَ لِيْ بِهٖ عِلْمٌ وَّاَنَا۠ اَدْعُوْكُمْ اِلَى الْعَزِيْزِ الْغَفَّارِ٤٢
Tad‘ūnanī li'akfura billāhi wa usyrika bihī mā laisa lī bihī ‘ilmuw wa ana ad‘ūkum ilal-‘azīzil-gaffār(i).
[42]
(Kenangapa) ko padha préntah inyong supaya mbangkang (kapir) maring Gusti Allah lan nyekuthokna Penjenengané karo sewiji-wiji sing inyong ora duwé kawruh ngenani kuwé, mangkané inyong ajék-ajék ko kabéh (precaya) maring Sing Mahadigdaya, Maha Ngampura?
لَا جَرَمَ اَنَّمَا تَدْعُوْنَنِيْٓ اِلَيْهِ لَيْسَ لَهٗ دَعْوَةٌ فِى الدُّنْيَا وَلَا فِى الْاٰخِرَةِ وَاَنَّ مَرَدَّنَآ اِلَى اللّٰهِ وَاَنَّ الْمُسْرِفِيْنَ هُمْ اَصْحٰبُ النَّارِ٤٣
Lā jarama annamā tad‘ūnanī ilaihi laisa lahū da‘watun fid-dun-yā wa lā fil-ākhirati wa anna maraddanā ilallāhi wa annal-musrifīna hum aṣḥābun-nār(i).
[43]
Wis mesti lamon apa sing ko ajék-ajék inyong maring dhéwéké, udu sewiji pengajék sing migunani neng ndunya utawa neng akhérat. Lan setemené paran baliné dhéwék kabéh mesthi maring Gusti Allah, lan setemené wong-wong sing padha ngliwati wates, dhéwéké bakal padha dadi warga neraka.
فَسَتَذْكُرُوْنَ مَآ اَقُوْلُ لَكُمْۗ وَاُفَوِّضُ اَمْرِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ بَصِيْرٌ ۢبِالْعِبَادِ٤٤
Fa satażkurūna mā aqūlu lakum, wa ufawwiḍu amrī ilallāh(i), innallāha baṣīrum bil-‘ibād(i).
[44]
Mangka mbésuk ko kabéh bakal kélingan maring apa sing inyong ucapna maring ko kabéh. Lan inyong masrahna urusané inyong maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Mriksani ingatasé kewula-kewula-É.”
فَوَقٰىهُ اللّٰهُ سَيِّاٰتِ مَا مَكَرُوْا وَحَاقَ بِاٰلِ فِرْعَوْنَ سُوْۤءُ الْعَذَابِۚ٤٥
Fa waqāhullāhu sayyi'āti mā makarū wa ḥāqa bi'āli fir‘auna sū'al-‘ażāb(i).
[45]
Mangka Gusti Allah ngreksa dhéwéké sekang kejahatan réka dayané wong-wong kuwé, aridené Fir’aun karo kaumé dékepung déning siksa sing banget alané.
اَلنَّارُ يُعْرَضُوْنَ عَلَيْهَا غُدُوًّا وَّعَشِيًّا ۚوَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ ۗ اَدْخِلُوْٓا اٰلَ فِرْعَوْنَ اَشَدَّ الْعَذَابِ٤٦
An-nāru yu‘raḍūna ‘alaihā guduwwaw wa ‘asyiyyā(n), wa yauma taqūmus-sā‘ah(tu), adkhilū āla fir‘auna asyaddal-‘ażāb(i).
[46]
Maring wong-wong kuwé deketonaken neraka, neng wektu ésuk lan soré, lan neng dina kedadéané Kiyamat. (Banjur maring malaékat dépréntahna), “Lebokna Fir’aun lan kaumé maring siksa sing banget kerasé!”
وَاِذْ يَتَحَاۤجُّوْنَ فِى النَّارِ فَيَقُوْلُ الضُّعَفٰۤؤُا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ اَنْتُمْ مُّغْنُوْنَ عَنَّا نَصِيْبًا مِّنَ النَّارِ٤٧
Wa iż yataḥājjūna fin-nāri fayaqūluḍ-ḍu‘afā'u lil-lażīnastakbarū innā kunnā lakum taba‘an fahal antum mugnūna ‘annā naṣībam minan-nār(i).
[47]
Lan (élinga), rikala dhéwéké padha bantah-bantahan neng neraka, mangka wong sing asor ngucap maring wong-wong sing padha ngagul-agulna awaké dhéwék, “Setemené inyong gemiyén padha (dadi) pendhérék-pendhéréké ko kabéh, mangka apa ko padha bisa ngudhari sebagéan (siksa) geni neraka sing temiba maring inyong kabéh?”
قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا كُلٌّ فِيْهَآ اِنَّ اللّٰهَ قَدْ حَكَمَ بَيْنَ الْعِبَادِ٤٨
Qālal-lażīnastakbarū innā kullun fīhā innallāha qad ḥakama bainal-‘ibād(i).
[48]
Wong-wong sing ngagul-agulna awaké dhéwék padha semaur, “Setemené awaké dhéwék kabéh padha-padha neng neraka merga Gusti Allah wis netepna putusan antarané kewula-kewula-É.”
وَقَالَ الَّذِيْنَ فِى النَّارِ لِخَزَنَةِ جَهَنَّمَ ادْعُوْا رَبَّكُمْ يُخَفِّفْ عَنَّا يَوْمًا مِّنَ الْعَذَابِ٤٩
Wa qālal-lażīna fin-nāri likhazanati jahannamad‘ū rabbakum yukhaffif ‘annā yaumam minal-‘ażāb(i).
[49]
Lan wong-wong sing padha neng njero neraka ngucap maring para juru jaga neraka Jahanam, “Suwunaken maring Pengéranmu supayané Penjenengané ngénthéngna siksa ingatasé inyong kabéh sedina baé.”
قَالُوْٓا اَوَلَمْ تَكُ تَأْتِيْكُمْ رُسُلُكُمْ بِالْبَيِّنٰتِ ۗقَالُوْا بَلٰىۗ قَالُوْا فَادْعُوْا ۚوَمَا دُعٰۤؤُا الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ ࣖ٥٠
Qālū awalam taku ta'tīkum rusulukum bil-bayyināt(i), qālū balā, qālū fad‘ū, wa mā du‘ā'ul-kāfirīna illā fī ḍalāl(in).
[50]
Mangka (para juru jaga Jahanam) ngucap, “Apa para utusan (rasul) urung teka maring ko kabéh kanthi nggawa bukti-bukti sing nyata?” Dhéwéké padha semaur, “Bener, wis teka.” (Para juru jaga Jahanam) ngucap, “Padha nyuwuna ko (dhéwék!)” Ning penyuwuné wong-wong kapir kuwé mung muspra.
اِنَّا لَنَنْصُرُ رُسُلَنَا وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَيَوْمَ يَقُوْمُ الْاَشْهَادُۙ٥١
Innā lananṣuru rusulanā wal-lażīna āmanū fil-ḥayātid-dun-yā wa yauma yaqūmul-asyhād(u).
[51]
Setemené Ingsun bakal nulungi rasul-rasul Ingsun lan wong-wong sing padha precaya neng penguripan dunya lan neng dina jemedhulé para seksi (dina Kiyamat),
يَوْمَ لَا يَنْفَعُ الظّٰلِمِيْنَ مَعْذِرَتُهُمْ وَلَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوْۤءُ الدَّارِ٥٢
Yauma lā yanfa‘uẓ-ẓālimīna ma‘żiratuhum wa lahumul-la‘natu wa lahum sū'ud-dār(i).
[52]
(yakuwé) dina nalika penjalukan ngampura ora migunani tumrap wong-wong sing padha aniaya (dolim) lan dhéwéké kabéh olih bendu lan papan panggonan sing ala.
وَلَقَدْاٰتَيْنَا مُوْسَى الْهُدٰى وَاَوْرَثْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْكِتٰبَۙ٥٣
Wa laqad ātainā mūsal-hudā wa auraṡnā banī isrā'īlal-kitāb(a).
[53]
Lan temen, Ingsun wis paring pituduh maring Musa; lan marisna Kitab (Taurat) maring Bani Israil,
هُدًى وَّذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ٥٤
Hudaw wa żikrā li'ulil-albāb(i).
[54]
nggo dadi pituduh lan pengéling-éling nggo wong-wong sing duwé nalar waras.
فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّاسْتَغْفِرْ لِذَنْۢبِكَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ بِالْعَشِيِّ وَالْاِبْكَارِ٥٥
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqquw wastagfir liżambika wa sabbiḥ biḥamdi rabbika bil-‘asyiyyi wal-ibkār(i).
[55]
Mangka sabara sliramu, setemené janjiné Gusti Allah kuwé bener, lan nyuwuna pengampura nggo dosamu lan maca tasbéh kanthi ngalembana Pengéranmu neng wektu soré lan ésuk.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ بِغَيْرِ سُلْطٰنٍ اَتٰىهُمْ ۙاِنْ فِيْ صُدُوْرِهِمْ اِلَّا كِبْرٌ مَّا هُمْ بِبَالِغِيْهِۚ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ٥٦
Innal-lażīna yujādilūna fī āyātillāhi bigairi sulṭānin atāhum, in fī ṣudūrihim illā kibrum mā hum bibāligīh(i), fasta‘iż billāh(i), innahū huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[56]
Setemené wong-wong sing padha merdhebadna ayat-ayat-É Gusti Allah tanpa alasan (bukti) sing butul maring dhéwéké kabéh, sing ana neng njero dhadhané dhéwéké mung (kepenginan maring) keagungan sing ora bakal dhéwéké pekolih, mangka nyuwuna pengayoman maring Gusti Allah. Temen, Penjenengané Maha Midhanget, Maha Mriksani.
لَخَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ اَكْبَرُ مِنْ خَلْقِ النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٧
Lakhalqus-samāwāti wal-arḍi akbaru min khalqin-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[57]
Temen, penciptanan langit lan bumi kuwé lewih gedhé tenimbang penciptanané menungsa, ning akéh-akéhé menungsa padha ora ngaweruhi.
وَمَا يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ەۙ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَلَا الْمُسِيْۤئُ ۗقَلِيْلًا مَّا تَتَذَكَّرُوْنَ٥٨
Wa mā yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u), wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa lal-musī'(u), qalīlam mā tatażakkarūn(a).
[58]
Lan ora padha wong sing wuta karo wong sing weruh, lan ora (padha) uga wong-wong sing duwé precaya lan nglakoni kebecikan karo wong-wong sing padha nglakoni kejahatan. Mung semendhing banget sing ko alap nggo piwulangan.
اِنَّ السَّاعَةَ لَاٰتِيَةٌ لَّا رَيْبَ فِيْهَا ۖوَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ٥٩
Innas-sā‘ata la'ātiyatul lā raiba fīhā, wa lākinna akṡaran-nāsi lā yu'minūn(a).
[59]
Setemené dina Kiyamat mesthi bakal teka, ora nana kemamangan ngenani kuwé, ning akéh-akéhé menungsa ora padha precaya.
وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ ࣖ٦٠
Wa qāla rabbukumud‘ūnī astajib lakum, innal-lażīna yastakbirūna ‘an ‘ibādatī sayadkhulūna jahannama dākhirīn(a).
[60]
Lan Pengéranmu paring dhawuh, “Padha nyenyuwuna maring Ingsun, mesthi bakal Ingsun keparengaken nggo ko kabéh. Setemené wong-wong sing padha gemedhé ora gelem nyembah maring Ingsun bakal mlebu neraka Jahanam neng kahanan banget nisthané.”
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ٦١
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-laila litaskunū fīhi wan-nahāra mubṣirā(n), innallāha lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā yasykurūn(a).
[61]
Gusti Allah sing ndadékna wengi nggo ko kabéh supaya ko padha ngaso neng wengi kuwé; (lan ndadékna) awan padhang jembrang. Temen, Gusti Allah nyata-nyata kagungan kenugrahan sing delubérna maring menungsa, ning akéh-akéhé menungsa ora padha kesuwun (sukur).
ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍۘ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۖفَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٦٢
Żālikumullāhu rabbukum khāliqu kulli syai'(in), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tu'fakūn(a).
[62]
Mengkana kuwé Gusti Allah, Pengéranmu, Sing Nyipta samubarang kabéh, ora nana sembahan seliyané Penjenengané; mangka kepriwé ko kabéh bisa depléngosna?
كَذٰلِكَ يُؤْفَكُ الَّذِيْنَ كَانُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ يَجْحَدُوْنَ٦٣
Każālika yu'fakul-lażīna kānū bi'āyātillāhi yajḥadūn(a).
[63]
Mengkana kuwé wong-wong sing tansah ngingkari ayat-ayat-É Gusti Allah depléngosna.
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ قَرَارًا وَّالسَّمَاۤءَ بِنَاۤءً وَّصَوَّرَكُمْ فَاَحْسَنَ صُوَرَكُمْ وَرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ ۚ فَتَبٰرَكَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ٦٤
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-arḍa qarāraw was-samā'a binā'aw wa ṣawwarakum fa'aḥsana ṣuwarakum wa razaqakum minaṭ-ṭayyibāt(i), żālikumullāhu rabbukum, fatabārakallāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[64]
Gusti Allah sing ndadékna bumi nggo ko kabéh minangka papan manggon lan langit minangka payon, lan ndadékna ko kabéh banjur ngapik-apik rupamu lan maringi ko kabéh rejeki sekang sing apik-apik. Mengkana kuwé Gusti Allah, Pengéranmu, Mahasuci Gusti Allah, Pengérané sekabéh ngalam.
هُوَ الْحَيُّ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ فَادْعُوْهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ۗ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦٥
Huwal-ḥayyu lā ilāha illā huwa fad‘ūhu mukhliṣīna lahud-dīn(a), al-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[65]
Penjenengané sing sugeng langgeng, ora nana sembahan seliyané Penjenengané; mangka sembaha Penjenengané kanthi tulus mituruti agama maring Penjenengané. Sekabéh pengalembana kagungané Gusti Allah Pengérané sekabéh ngalam.
۞ قُلْ اِنِّيْ نُهِيْتُ اَنْ اَعْبُدَ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَمَّا جَاۤءَنِيَ الْبَيِّنٰتُ مِنْ رَّبِّيْ وَاُمِرْتُ اَنْ اُسْلِمَ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦٦
Qul innī nuhītu an a‘budal-lażīna tad‘ūna min dūnillāhi lammā jā'aniyal-bayyinātu mir rabbī wa umirtu an uslima lirabbil-‘ālamīn(a).
[66]
Dhawuha (Muhammad), “Temen, inyong ora kepareng nyembah sembahan sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah, sewisé teka maring inyong keterangan-keterangan sekang Pengérané inyong; lan inyong kedhawuhan supaya pasrah awak maring Pengérané sekabéh ngalam.”
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ مِنْ عَلَقَةٍ ثُمَّ يُخْرِجُكُمْ طِفْلًا ثُمَّ لِتَبْلُغُوْٓا اَشُدَّكُمْ ثُمَّ لِتَكُوْنُوْا شُيُوْخًا ۚوَمِنْكُمْ مَّنْ يُّتَوَفّٰى مِنْ قَبْلُ وَلِتَبْلُغُوْٓا اَجَلًا مُّسَمًّى وَّلَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ٦٧
Huwal-lażī khalaqakum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma min ‘alaqatin ṡumma yukhrijukum ṭiflan ṡumma litablugū asyuddakum ṡumma litakūnū syuyūkhā(n), wa minkum may yutawaffā min qablu wa litablugū ajalam musammaw wa la‘allakum ta‘qilūn(a).
[67]
Penjenengané sing ndadékna ko kabéh sekang lemah, banjur sekang mani setétés, banjur sekang getih kenthel sepethil, banjur ko délairna dadi bocah, banjur ko padha dejorna nganti diwasa, banjur dadi tuwa. Ning neng antarané ko kabéh ana sing depundhut seurungé kuwé. (Ingsun gawé sing mengkana) supayané ko padha butul maring jangka wektu sing détemtokna, supayané ko kabéh mengerténi.
هُوَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۚ فَاِذَا قَضٰىٓ اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ࣖ٦٨
Huwal-lażī yuḥyī wa yumīt(u), fa'iżā qaḍā amran fa'innamā yaqūlu lahū kun fa yakūn(u).
[68]
Penjenengané sing nguripna lan matékna. Mangka angger Penjenengané kersa netepna sewiji urusan, Penjenengané mung dhawuh maring dhéwéké, “Dadia!” Mangka bakal demadi sewiji-wiji kuwé.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ ۗاَنّٰى يُصْرَفُوْنَۚ٦٩
Alam tara ilal-lażīna yujādilūna fī āyātillāh(i), annā yuṣrafūn(a).
[69]
Apa ko kabéh ora nggatékna wong-wong sing (gawéné) padha mbantah ayat-ayat-É Gusti Allah? Kepriwé dhéwéké kabéh bisa depléngosna?
اَلَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِالْكِتٰبِ وَبِمَآ اَرْسَلْنَا بِهٖ رُسُلَنَا ۗفَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَۙ٧٠
Allażīna każżabū bil kitābi wa bimā arsalnā bihī rusulanā, fasaufa ya‘lamūn(a).
[70]
(Yakuwé) wong-wong sing padha nggorohna Kitab (Al-Qur’an) lan wahyu sing degawa déning utusan-utusané Ingsun sing wis Ingsun utus. Mbésuk dhéwéké kabéh bakal ngaweruhi,
اِذِ الْاَغْلٰلُ فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْ وَالسَّلٰسِلُۗ يُسْحَبُوْنَۙ٧١
Iżil-aglālu fī a‘nāqihim was-salāsil(u), yusḥabūn(a).
[71]
rikala jiret lan ranté dékalungna neng guluné dhéwéké kabéh, karo maningé wong-wong kuwé padha degered,
فِى الْحَمِيْمِ ەۙ ثُمَّ فِى النَّارِ يُسْجَرُوْنَۚ٧٢
Fil-ḥamīm(i), ṡumma fin-nāri yusjarūn(a).
[72]
maring njero banyu sing banget panasé, banjur wong-wong kuwé deobong neng njero geni,
ثُمَّ قِيْلَ لَهُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تُشْرِكُوْنَۙ٧٣
Ṡumma qīla lahum aina mā kuntum tusyrikūn(a).
[73]
banjur détakokna maring wong-wong kuwé, “Endi brehala-brehala sing gawéné ko padha sekuthokna,
مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗقَالُوْا ضَلُّوْا عَنَّا بَلْ لَّمْ نَكُنْ نَّدْعُوْا مِنْ قَبْلُ شَيْـًٔاۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ الْكٰفِرِيْنَ٧٤
Min dūnillāh(i), qālū ḍallū ‘annā bal lam nakun nad‘ū min qablu syai'ā(n), każālika yuḍillullāhul-kāfirīn(a).
[74]
(sing ko padha sembah) seliyané Gusti Allah?” Wong-wong kuwé padha semaur, “Kiyambeké sedaya empun ical musnah saking kula sedaya, malah kula sedaya sengiyen mboten naté nyembah sewiji-wiji.” Mengkana kuwé Gusti Allah ngejorna wong-wong kapir padha kesasar.
ذٰلِكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَفْرَحُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَمْرَحُوْنَ٧٥
Żālikum bimā kuntum tafraḥūna fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa bimā kuntum tamraḥūn(a).
[75]
Sing mengkana kuwé jalaran ko padha seneng-seneng neng bumi (tanpa) merdulekna bebener lan merga ko kabéh gawéné padha seneng-seneng (neng sejeroné kemaksiyatan).
اُدْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚفَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ٧٦
Udkhlulū abwāba jahannama khālidīna fīhā, fabi'sa maṡwal-mutakabūbirīn(a).
[76]
(Déucapna maring wong-wong kuwé), “Padha mlebua ko kabéh maring lawang-lawangé neraka Jahanam, lan ko padha langgeng neng njeroné. Mangka kuwé seala-alané panggonan nggo wong-wong sing padha gemedhé.”
فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ ۚفَاِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَاِلَيْنَا يُرْجَعُوْنَ٧٧
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqq(un), fa'immā nuriyannaka ba‘ḍal-lażī na‘iduhum au natawaffayannaka fa'ilainā yurja‘ūn(a).
[77]
Mangka sing sabar sliramu (Muhammad), setemené janjiné Gusti Allah kuwé bener. Senajan Ingsun weruhna maring sliramu sebagéan siksa sing Ingsun ancamna maring wong-wong kuwé, utawané Ingsun pundhut sliramu (seurungé pati tekan maring dhéwéké kabéh), ning mung maring Ingsun wong-wong kuwé débalékna.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلًا مِّنْ قَبْلِكَ مِنْهُمْ مَّنْ قَصَصْنَا عَلَيْكَ وَمِنْهُمْ مَّنْ لَّمْ نَقْصُصْ عَلَيْكَ ۗوَمَا كَانَ لِرَسُوْلٍ اَنْ يَّأْتِيَ بِاٰيَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۚفَاِذَا جَاۤءَ اَمْرُ اللّٰهِ قُضِيَ بِالْحَقِّ وَخَسِرَ هُنَالِكَ الْمُبْطِلُوْنَ ࣖ٧٨
Wa laqad arsalnā rusulam min qablika minhum man qaṣaṣnā ‘alaika wa minhum mal lam naqṣuṣ ‘alaik(a), wa mā kāna lirasūlin ay ya'tiya bi'āyatin illā bi'iżnillāh(i), fa'iżā jā'a amrullāhi quḍiya bil-ḥaqqi wa khasira hunālikal-mubṭilūn(a).
[78]
Lan temen, Ingsun wis ngutus pirang-pirang utusan (rasul) seurungé sliramu (Muhammad), neng antarané dhéwéké (para utusan) kuwé ana sing Ingsun ceritakna maring sliramu lan neng antarané ana (uga) sing ora Ingsun ceritakna maring sliramu. Ora nana sijia rasul nggawa sewijiné mukjijat, kejaba kanthi idiné Gusti Allah. Mangka angger wis teka dhawuhé Gusti Allah, (nggo sekabéh prekara) députusna kanthi adil (bener). Lan rikala kuwé padha kapitunan wong-wong sing cekelan maring sing luput.
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَنْعَامَ لِتَرْكَبُوْا مِنْهَا وَمِنْهَا تَأْكُلُوْنَۖ٧٩
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-an‘āma litarkabū minhā wa minhā ta'kulūn(a).
[79]
Gusti Allah sing ndadékna kéwan ingon nggo ko kabéh, sebagéan nggo ko tumpaki lan sebagéan maning ko pangan.
وَلَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ وَلِتَبْلُغُوْا عَلَيْهَا حَاجَةً فِيْ صُدُوْرِكُمْ وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُوْنَۗ٨٠
Wa lakum fīhā manāfi‘u wa litablugū ‘alaihā ḥājatan fī ṣudūrikum wa ‘alaihā wa ‘alal-fulki tuḥmalūn(a).
[80]
Lan tumrap ko kabéh (ana maning) piguna-piguna sing liya neng (kéwan kuwé) lan supaya ko padha mekolih sewijiné keperluan (tujuan) sing kesimpén neng njero atimu (kanthi numpak kéwan kuwé). Lan kanthi numpak kéwan-kéwan kuwé, lan neng ndhuwur prahu dhéwéké padha deangkut.
وَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖۖ فَاَيَّ اٰيٰتِ اللّٰهِ تُنْكِرُوْنَ٨١
Wa yurīkum āyātih(ī), fa ayya āyātillāhi tunkirūn(a).
[81]
Lan Penjenengané ngawéruhna tandha-tandha (agung-É) maring ko kabéh. Banjur tandha-tandha (agungé) Gusti Allah sing endi sing ko padha ingkari?
اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ كَانُوْٓا اَكْثَرَ مِنْهُمْ وَاَشَدَّ قُوَّةً وَّاٰثَارًا فِى الْاَرْضِ فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٨٢
Afalam yasīrū fil-arḍi fa yanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, kānū akṡara minhum wa asyadda quwwataw wa āṡāran fil-arḍi famā agnā ‘anhum mā kānū yaksibūn(a).
[82]
Mangka apa wong-wong kuwé ora padha nganakna lelungan neng bumi, banjur dhéwéké kabéh nggatékna kepriwé wekasané wong-wong sing (padha urip) seurungé dhéwéké kabéh. Wong-wong kuwé lewih akéh lan luwih hébat kekuwatané karo maningé (luwih akéh) petilasan-petilasan kebudhayané neng bumi, 770 mangka apa sing wong-wong kuwé padha usahakna ora bisa nulungi dhéwéké kabéh.
770) Kebudhayan kayadéné gedhong, bénténg, kraton lan perkakas uba rampé.
فَلَمَّا جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَرِحُوْا بِمَا عِنْدَهُمْ مِّنَ الْعِلْمِ وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٨٣
Falammā jā'athum rusuluhum bil-bayyināti fariḥū bimā ‘indahum minal-‘ilmi wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[83]
Mangka rikala para rasul teka maring wong-wong kuwé kanthi nggawa bukti-bukti sing nyata, dhéwéké padha ngrasa seneng kanthi ilmu sing ana neng dhéwéké kabéh 771 lan wong-wong kuwé dékubengi déning (siksa) sing gemiyén dhéwéké padha perguyokna.
771) Wong-wong kuwé wis ngrasa cukup kanthi ilmu kawruh sing wis dhéwéké duwéni lan ora ngrasa perlu maring ilmu sing déwulangna déning rasul-rasulé dhéwéké kabéh. Malah wong-wong kuwé padha ngremehna lan padha merguyu keterangan sing deasta déning para rasul kuwé.
فَلَمَّا رَاَوْا بَأْسَنَاۗ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَحْدَهٗ وَكَفَرْنَا بِمَا كُنَّا بِهٖ مُشْرِكِيْنَ٨٤
Falammā ra'au ba'sanā qālū āmannā billāhi waḥdahū wa kafarnā bimā kunnā bihī musyrikīn(a).
[84]
Mangka rikala wong-wong kuwé padha weruh siksané Ingsun, dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh mung precaya maring Gusti Allah baé lan inyong kabéh ingkar maring sembahan-sembahan sing wis inyong kabéh persekuthokna karo Gusti Allah.”
فَلَمْ يَكُ يَنْفَعُهُمْ اِيْمَانُهُمْ لَمَّا رَاَوْا بَأْسَنَا ۗسُنَّتَ اللّٰهِ الَّتِيْ قَدْ خَلَتْ فِيْ عِبَادِهٖۚ وَخَسِرَ هُنَالِكَ الْكٰفِرُوْنَ ࣖ٨٥
Falam yaku yanfa‘uhum īmānuhum lammā ra'au ba'sanā, sunnatallāhil latī qad khalat fī ‘ibādih(ī), wa khasira hunālikal-kāfirūn(a).
[85]
Mangka precayaé wong-wong kuwé rikala dhéwéké wis padha weruh siksané Ingsun ora nana gunané maning tumrap dhéwéké. Mengkana kuwé (pepesthéné) Gusti Allah sing wis mlaku ingatasé kewula-kewula-É. Lan rikala kuwé wong-wong kapir temen padha kapitunan.