Surah An-Nisa`
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيْرًا وَّنِسَاۤءً ۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْ تَسَاۤءَلُوْنَ بِهٖ وَالْاَرْحَامَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا١
Yā ayyuhan-nāsuttaqū rabbakumul-lażī khalaqakum min nafsiw wāḥidatiw wa khalaqa minhā zaujahā wa baṡṡa minhumā rijālan kaṡīraw wa nisā'ā(n), wattaqullāhal-lażī tasā'alūna bihī wal-arḥām(a), innallāha kāna ‘alaikum raqībā(n).
[1]
Hé menungsa! Padha semaraha maring Gustimu sing wis nyipta ko kabéh sekang awak sing siji (Adam), lan (Gusti Allah) nyipta pasangané (Hawa), sekang (awak)é; lan sekang sekaroné Gusti Allah nganak-pinakna lanang lan wadon sing akéh. Padha semaraha maring Gusti Allah sing kanthi asma-Né ko padhadéné jejaluk, 172 lan (jaganen) sesambungan keluwargan. Setemené Gusti Allah tetep njaga lan ngawasi ko kabéh.
172) Miturut adaté wong Arab, angger dhéwéké takon sewiji-wiji utawa njaluk maring wong liya dhéwéké padha ngucap asmané Gusti Allah kayadéné As’aluka billah, tegesé, Inyong takon utawa njaluk maring ko kanthi asmané Gusti Allah.
وَاٰتُوا الْيَتٰمٰىٓ اَمْوَالَهُمْ وَلَا تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيْثَ بِالطَّيِّبِ ۖ وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَهُمْ اِلٰٓى اَمْوَالِكُمْ ۗ اِنَّهٗ كَانَ حُوْبًا كَبِيْرًا٢
Wa ātul-yatāmā amwālahum wa lā tatabaddalul-khabīṡa biṭ-ṭayyib(i), wa lā ta'kulū amwālahum ilā amwālikum, innahū kāna ḥūban kabīrā(n).
[2]
Lan wéhna maring bocah-bocah yatim (sing wis gedhé) bandhané dhéwéké kabéh, aja nganti ko padha nglambangi sing apik karo sing ala, lan aja nganti ko padha mangan bandhané dhéwéké kabéh bareng karo bandhamu. Temen (penggawéyan nglambangi lan mangan) kuwé mau dosa sing gedhé.
وَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا تُقْسِطُوْا فِى الْيَتٰمٰى فَانْكِحُوْا مَا طَابَ لَكُمْ مِّنَ النِّسَاۤءِ مَثْنٰى وَثُلٰثَ وَرُبٰعَ ۚ فَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا تَعْدِلُوْا فَوَاحِدَةً اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَلَّا تَعُوْلُوْاۗ٣
Wa in khiftum allā tuqsiṭū fil-yatāmā fankiḥū mā ṭāba lakum minan-nisā'i maṡnā wa ṡulāṡa wa rubā‘(a), fa in khiftum allā ta‘dilū fa wāḥidatan au mā malakat aimānukum, żālika adnā allā ta‘ūlū.
[3]
Lan angger ko padha kewatir ora bakal téyéng temindak adil maring (hak-hak) wong wadon yatim (angger ko rabi), mangka tingkahen wong wadon (liyané) sing ko senengi: loro, telu utawa papat. Ning angger ko kewatir ora bakal téyéng temindak adil, 173 mangka (rabéni) sewiji wong baé, 174 utawa batur-tukon wadon sing ko duwéni. 175 Sing kaya kuwé mau lewih kepérek supayané ko padha ora gawé aniaya (dolim).
173) Temindak adil yakuwé penggawéyan sing adil goli nyukupi kebutuhané bojoné kayadéné sandhang, panggonan, giliran lan liya-liyané sing sipaté lair lan batin.
174) Islam ngolihna poligami kanthi sarat-sarat kusus. Seurungé temurun ayat kiyé poligami wis ana, lan wis tau délakoni déning nabi-nabi seurungé Nabi Muhammad s.a.w. Ayat kiyé matesi poligami nganti mung wong papat baé.
175) Batur-tukon lan perbudakan neng pengertian kiyé neng mangsa siki wis ora nana.
وَاٰتُوا النِّسَاۤءَ صَدُقٰتِهِنَّ نِحْلَةً ۗ فَاِنْ طِبْنَ لَكُمْ عَنْ شَيْءٍ مِّنْهُ نَفْسًا فَكُلُوْهُ هَنِيْۤـًٔا مَّرِيْۤـًٔا٤
Wa ātun-nisā'a ṣaduqātihinna niḥlah(tan), fa in ṭibna lakum ‘an syai'im minhu nafsan fa kulūhu hanī'am marī'ā(n).
[4]
Lan wéhna mas kawin (mahar) maring wong wadon (sing ko rabi) minangka perwéwéh sing seiklas-iklasé. 176 Banjur, angger dhéwéké masrahna maring ko sebagéan sekang (mas kawin) kuwé kanthi ati seneng, mangka tampanen lan nékmati perwéwéh kuwé kanthi ati seneng.
176) Perwéwéh kiyé yakuwé mas kawin sing gedhé-ciliké détetepna kanthi sepakaté rong péhak, merga perwéwéh kuwé kudu délakoni kanthi iklas.
وَلَا تُؤْتُوا السُّفَهَاۤءَ اَمْوَالَكُمُ الَّتِيْ جَعَلَ اللّٰهُ لَكُمْ قِيٰمًا وَّارْزُقُوْهُمْ فِيْهَا وَاكْسُوْهُمْ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوْفًا٥
Wa lā tu'tus-sufahā'a amwālakumul-latī ja‘alallāhu lakum qiyāmaw warzuqūhum fīhā waksūhum wa qūlū lahum qaulam ma‘rūfā(n).
[5]
Lan aja nganti ko kabéh masrahna maring wong sing urung sempurna akalé, 177 bandha-né (dhéwéké kabéh sing ana neng kuwasané) ko kabéh sing dédadékna déning Gusti Allah nggo pokok penguripan. Wenéhi dhéwéké kabéh pengupa jiwa lan sandhangan (sekang kasilé bandha kuwé) lan ucapna maring dhéwéké pengucap sing apik.
177) Wong sing urung sempurna akalé yakuwé bocah yatim sing urung baligh (diwasa) utawa wong diwasa sing urung téyéng ngatur bandhané.
وَابْتَلُوا الْيَتٰمٰى حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغُوا النِّكَاحَۚ فَاِنْ اٰنَسْتُمْ مِّنْهُمْ رُشْدًا فَادْفَعُوْٓا اِلَيْهِمْ اَمْوَالَهُمْ ۚ وَلَا تَأْكُلُوْهَآ اِسْرَافًا وَّبِدَارًا اَنْ يَّكْبَرُوْا ۗ وَمَنْ كَانَ غَنِيًّا فَلْيَسْتَعْفِفْ ۚ وَمَنْ كَانَ فَقِيْرًا فَلْيَأْكُلْ بِالْمَعْرُوْفِ ۗ فَاِذَا دَفَعْتُمْ اِلَيْهِمْ اَمْوَالَهُمْ فَاَشْهِدُوْا عَلَيْهِمْ ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ حَسِيْبًا٦
Wabtalul-yatāmā ḥattā iżā balagun-nikāḥ(a), fa in ānastum minhum rusydan fadfa‘ū ilaihim amwālahum, wa lā ta'kulūhā isrāfaw wa bidāran ay yakbarū, wa man kāna ganiyyan falyasta‘fif, wa man kāna faqīran falya'kul bil-ma‘rūf(i), fa iżā dafa‘tum ilaihim amwālahum fa asyhidū ‘alaihim, wa kafā billāhi ḥasībā(n).
[6]
Lan ujinen 178 bocah-bocah yatim kuwé nganti dhéwéké cukup umur nggo umah-umah. Banjur angger ujarmu dhéwéké wis pinter (ngopéni bandha), mangka wéhna maring dhéwéké bandhané. Lan aja nganti ko kabéh mangan (bandhané bocah yatim) nglewihi wates (sing) lumrah lan (aja nganti ko padha) gugup (masrahna bandha kuwé) seurungé dhéwéké diwasa. Sapa wongé (neng antarané sing padha ngrumat bocah yatim kuwé) sugih, mangka preyoga dhéwéké nyegah awaké (sekang mangan bandha bocah yatim kuwé). Lan sapa wongé mlarat, mangka désekolihi dhéwéké mangan bandha kuwé miturut cara sing lumrah. Banjur angger ko masrahna bandha kuwé maring dhéwéké (yatim), mangka preyoga ko padha nganakna seksi-seksi. Lan wis cukup Gusti Allah minangka pengawat-awat.
178) Nylidhiki (pendadaran = ujian) maring dhéwéké neng prekara agama, usaha-usahané dhéwéké, penggawéyan lan liya-liyané nganti dékaweruhi menawa bocah kuwé kena déprecaya.
لِلرِّجَالِ نَصِيْبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَۖ وَلِلنِّسَاۤءِ نَصِيْبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَ مِمَّا قَلَّ مِنْهُ اَوْ كَثُرَ ۗ نَصِيْبًا مَّفْرُوْضًا٧
Lir-rijāli naṣībum mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūn(a), wa lin-nisā'i naṣībum mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūna mimmā qalla minhu au kaṡur(a), naṣībam mafrūḍā(n).
[7]
Nggo wong lanang ana hak bagéan sekang bandha tinggalané wong tuwa loro lan seduluré, lan nggo wong wadon ana hak bagéané (uga) sekang bandha tinggalané wong tuwa loro lan seduluré, mbuh kuwé semendhing utawa akéh miturut bagéan sing wis détetepna.
وَاِذَا حَضَرَ الْقِسْمَةَ اُولُوا الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنُ فَارْزُقُوْهُمْ مِّنْهُ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوْفًا٨
Wa iżā ḥaḍaral-qismata ulul-qurbā wal-yatāmā wal-masākīnu farzuqūhum minhu wa qūlū lahum qaulam ma‘rūfā(n).
[8]
Lan angger neng wektu débaginé kuwé teka sewetarané sedulur, 179 bocah-bocah yatim lan wong miskin, mangka wéhi dhéwéké kabéh sekang bandha kuwé 180 (sekadaré) lan ucapna maring dhéwéké kabéh omongan sing apik.
179) Sedulur sing ora nduwéni hak waris sekang banda warisan.
180) Piwéwéh sekedaré ora kena lewih sekang sepertelon banda warisan.
وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعٰفًا خَافُوْا عَلَيْهِمْۖ فَلْيَتَّقُوا اللّٰهَ وَلْيَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا٩
Walyakhsyal-lażīna lau tarakū min khalfihim żurriyyatan ḍi‘āfan khāfū ‘alaihim, falyattaqullāha walyaqūlū qaulan sadīdā(n).
[9]
Lan preyoga padha wedi (maring Gusti Allah) wong-wong sing sekirané dhéwéké padha ninggalna turunan sing ora pideksa semburiné dhéwéké kabéh sing dhéwéké kabéh kewatir maring (kemakmuran)é. Déning merga kuwé, preyoga dhéwéké padha semarah (takwa) maring Gusti Allah, lan preyoga dhéwéké kabéh ngucap karo ucapan sing bener.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ اَمْوَالَ الْيَتٰمٰى ظُلْمًا اِنَّمَا يَأْكُلُوْنَ فِيْ بُطُوْنِهِمْ نَارًا ۗ وَسَيَصْلَوْنَ سَعِيْرًا ࣖ١٠
Innal-lażīna ya'kulūna amwālal-yatāmā ẓulman innamā ya'kulūna fī buṭūnihim nārā(n), wa sayaṣlauna sa‘īrā(n).
[10]
Setemené wong-wong sing padha mangan bandhané bocah yatim kanthi cara aniaya (dolim), sebeneré dhéwéké padha mangan geni neng njero wetengé (dhéwéké kabéh) lan dhéwéké padha bakal mlebu maring njero geni sing mulab-mulab (neraka).
يُوْصِيْكُمُ اللّٰهُ فِيْٓ اَوْلَادِكُمْ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْاُنْثَيَيْنِ ۚ فَاِنْ كُنَّ نِسَاۤءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَ ۚ وَاِنْ كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُ ۗ وَلِاَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ اِنْ كَانَ لَهٗ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلَدٌ وَّوَرِثَهٗٓ اَبَوٰهُ فَلِاُمِّهِ الثُّلُثُ ۚ فَاِنْ كَانَ لَهٗٓ اِخْوَةٌ فَلِاُمِّهِ السُّدُسُ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصِيْ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْۚ لَا تَدْرُوْنَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًا ۗ فَرِيْضَةً مِّنَ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١١
Yūṣīkumullāhu fī aulādikum liż-żakari miṡlu ḥaẓẓil-unṡayain(i), fa in kunna nisā'an fauqaṡnataini fa lahunna ṡuluṡā mā tarak(a), wa in kānat wāḥidatan fa lahan-niṣf(u), wa li abawaihi likulli wāḥidim minhumas-sudusu mimmā taraka in kāna lahū walad(un), fa illam yakul lahū waladuw wa wariṡahū abawāhu fa li'ummihiṡ-ṡuluṡ(u), fa in kāna lahū ikhwatun fa li'ummihis-sudusu mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣī bihā au dain(in), ābā'ukum wa abnā'ukum, lā tadrūna ayyuhum aqrabu lakum naf‘ā(n), farīḍatam minallāh(i), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[11]
Gusti Allah nyaréngatna (ngudokna) maring ko kabéh ngenani (mbagi warisan nggo) anak-anakmu, (yakuwé) bagéané wong lanang siji padha karo bagéané wong wadon loro. 181 Lan angger anak kuwé wadon kabéh sing cacahé lewih sekang loro, mangka bagéané dhéwéké kabéh rong-pertelon sekang bandha sing détinggalna. Angger dhéwéké (anak wadon) kuwé mung siji, mangka dhéwéké olih separoné (bandha sing détinggalna). Lan nggo sekaroné rama-biyung, bagéané dhéwék-dhéwék sepranem (1/6 sekang bandha sing détinggalna, angger dhéwéké (sing mati) duwé anak. Angger dhéwéké (sing mati) ora duwé anak lan dhéwéké déwarisi neng rama-biyung (thok), mangka si biyung olih sepertelu. Angger dhéwéké (sing mati) duwé pirang-pirang sedulur, mangka biyungé olih sepranem. (Bagén-bagén sing kasebut ning dhuwur kuwé) sewisé (délaksanakna) wasiyat sing dégawe (neng sing mati) utawa (lan sewisé débayar) utangé. (Ngenani) wong tuwamu lan anak-anakmu, ko kabéh ora ngerti sapa wongé neng antarané dhé-wéké kabéh sing lewih akéh pigunané tumrap ko ka(...)
181) Bagéané wong lanang tikel loro sekan wong wadon yakuwé sebab kewajibané wong lanang lewih abot sekang wong wadon, kayadéné kewajiban mbayar maskawin lan awéh napkah (deleng An-Nisa’ (4) : 34).
۞ وَلَكُمْ نِصْفُ مَا تَرَكَ اَزْوَاجُكُمْ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهُنَّ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَ لَهُنَّ وَلَدٌ فَلَكُمُ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْنَ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصِيْنَ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ وَلَهُنَّ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْتُمْ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّكُمْ وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَ لَكُمْ وَلَدٌ فَلَهُنَّ الثُّمُنُ مِمَّا تَرَكْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ تُوْصُوْنَ بِهَآ اَوْ دَيْنٍ ۗ وَاِنْ كَانَ رَجُلٌ يُّوْرَثُ كَلٰلَةً اَوِ امْرَاَةٌ وَّلَهٗٓ اَخٌ اَوْ اُخْتٌ فَلِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُۚ فَاِنْ كَانُوْٓا اَكْثَرَ مِنْ ذٰلِكَ فَهُمْ شُرَكَاۤءُ فِى الثُّلُثِ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصٰى بِهَآ اَوْ دَيْنٍۙ غَيْرَ مُضَاۤرٍّ ۚ وَصِيَّةً مِّنَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَلِيْمٌۗ١٢
Wa lakum niṣfu mā taraka azwājukum illam yakul lahunna walad(un), fa in kāna lahunna waladun fa lakumur-rubu‘u mimmā tarakna mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣīna bihā au dain(in), wa lahunnar-rubu‘u mimmā taraktum illam yakul lakum walad(un), fa in kāna lakum waladun fa lahunnaṡ-ṡumunu mimmā taraktum mim ba‘di waṣiyyatiy tūṣūna bihā au dain(in), wa in kāna rajuluy yūraṡu kalālatan awimra'atuw wa lahū akhun au ukhtun fa likulli wāḥidatim minhumas-sudus(u), fa in kānū akṡara min żālika fa hum syurakā'u fiṡ-ṡuluṡi mim ba‘di waṣiyyatiy yūṣā bihā au dain(in), gaira muḍārr(in), waṣiyyatam minallāh(i), wallāhu ‘alīmun ḥalīm(un).
[12]
Lan nggo ko kabéh (sing lanang) kuwé setengah sekang bandha sing détinggalna déning bojo-bojomu, angger dhéwéké ora duwé anak. Angger dhéwéké kabéh (bojo-bojomu) kuwé duwé anak, mangka ko padha olih seprapat sekang bandha sing détinggalna sewisé (délaksanakna) wasiyat sing dhéwéké gawé utawa (lan sewisé débayar) utangé. Para bojo olih seprapat bandha sing ko kabéh tinggal angger ko padha ora duwé anak. Angger ko padha duwé anak, mangka bojo-bojomu olih seprawolu sekang bandha sing ko tinggal (sewisé décukupi) wasiyat sing ko kabéh amu gawé utawa (lan sewisé débayar) utangmu. Angger sewijiné menungsa mati, lanang utawa wadon sing ora ninggalna rama lan ora ninggalna anak, ning ninggalna sedulur lanang (tunggal biyung) utawa sedulur wadon (tunggal biyung) mangka nggo dhéwéké sekang rong werna sedulur kuwé sepranem bandha. Ning angger sedulur-sedulur tunggal biyung kuwé lewih sekang siji, mangka dhéwéké kabéh bareng-bareng neng bagéan sing seperteluné kuwé, sewisé (décukupi wasiyat) sing dégawé utawa (lan sewisé(...)
182) Nyusahna maring ahli waris yakuwé penggawéyan-penggawéyan kayadéné : (a) masiyatna lewih sekang sepertelon bandha tinggalané. (b) awéh wasiyat kanthi maksud ngurangi bandha warisan. Senajan kurang sekang sepertelon angger ana niyat ngurangi hak waris, uga ora désekolihi.
تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ ۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ يُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗ وَذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١٣
Tilka ḥudūdullāh(i), wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[13]
Kuwé kabéh wates-wates (hukum)é Gusti Allah. Sapa wongé manut maring Gusti Allah lan Utusan-É, Penjenengané bakal nglebokna dhéwéké maring njero suwarga sing mili kali-kali neng ngisoré, dhéwéké langgeng neng njeroné. Lan kuwé kemenangan sing agung.
وَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَتَعَدَّ حُدُوْدَهٗ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيْهَاۖ وَلَهٗ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ ࣖ١٤
Wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū wa yata‘adda ḥudūdahū yudkhilhu nāran khālidan fīhā, wa lahū ‘ażābum muhīn(un).
[14]
Lan sapa wongé duraka maring Gusti Allah lan Utusan-É lan mlanggar wates-wates hukum-É, mesthi Gusti Allah nglebokna dhéwéké maring njero geni neraka, dhéwéké langgeng neng njeroné lan dhéwéké bakal olih siksa sing gawé ina.
وَالّٰتِيْ يَأْتِيْنَ الْفَاحِشَةَ مِنْ نِّسَاۤىِٕكُمْ فَاسْتَشْهِدُوْا عَلَيْهِنَّ اَرْبَعَةً مِّنْكُمْ ۚ فَاِنْ شَهِدُوْا فَاَمْسِكُوْهُنَّ فِى الْبُيُوْتِ حَتّٰى يَتَوَفّٰىهُنَّ الْمَوْتُ اَوْ يَجْعَلَ اللّٰهُ لَهُنَّ سَبِيْلًا١٥
Wal-lātī ya'tīnal-fāḥisyata min nisā'ikum fastasyhidū ‘alaihinna arba‘atam minkum, fa in syahidū fa amsikūhunna fil-buyūti ḥattā yatawaffāhunnal-mautu au yaj‘alallāhu lahunna sabīlā(n).
[15]
Lan wong-wong wadon sing padha nglakoni penggawéyan jember 183 neng antarané wadon-wadoné ko, preyoga ingatasé dhéwéké ana seksi papat neng antarané ko kabéh (sing nyekséni). Angger dhéwéké wis padha awéh perseksén, mangka kurungen (wong wadon kuwé) neng umah nganti dhéwéké mati, utawa nganti Gusti Allah paring dalan (liyané) maring dhéwéké. 184
183) Miturut sebagéan juru tapsir yakuwé penggawéyan jina, ning miturut pinemu sing liyané yakuwé sekabéhané penggawéyan saru kayadéné : jina, homoseks, lan sing serupané. Miturut pinemuné Muslim lan Mujahid yakuwé musahakah (lesbian: wadon dhemen wadon).
184) Miturut sebagéan juru tapsir, dalan sing liyané kuwé yakuwé kanthi temuruné An-Nur (24) : 2, ngenani hukum pecut.
وَالَّذٰنِ يَأْتِيٰنِهَا مِنْكُمْ فَاٰذُوْهُمَا ۚ فَاِنْ تَابَا وَاَصْلَحَا فَاَعْرِضُوْا عَنْهُمَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ تَوَّابًا رَّحِيْمًا١٦
Wal-lażāni ya'tiyānihā minkum fa āżūhumā, fa in tābā wa aṣlaḥā fa a‘riḍū ‘anhumā, innallāha kāna tawwābar raḥīmā(n).
[16]
Lan ingatasé wong loro sing padha nglakoni penggawéyan jember neng antarané ko kabéh, mangka wéhi (tibakna) ukuman maring sekaroné. Angger dhéwéké padha tobat lan dandan awak (ngapiki lakuné), mangka jorna dhéwéké. Temen, Gusi Gusti Allah Maha Nrima Tobat, Mahaasih.
اِنَّمَا التَّوْبَةُ عَلَى اللّٰهِ لِلَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السُّوْۤءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ يَتُوْبُوْنَ مِنْ قَرِيْبٍ فَاُولٰۤىِٕكَ يَتُوْبُ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١٧
Innamat-taubatu ‘alallāhi lil-lażīna ya‘malūnas-sū'a bijahālatin ṡumma yatūbūna min qarībin fa ulā'ika yatūbullāhu ‘alaihim, wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[17]
Setemené mertobat maring Gusti Allah kuwé mung pantes kanggoné wong-wong sing nglakoni kejahatan merga ora ngertiné, banjur padha gagiyan mertobat. Tobaté dhéwéké kuwé sing détampa déning Gusti Allah. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِۚ حَتّٰىٓ اِذَا حَضَرَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ اِنِّيْ تُبْتُ الْـٰٔنَ وَلَا الَّذِيْنَ يَمُوْتُوْنَ وَهُمْ كُفَّارٌ ۗ اُولٰۤىِٕكَ اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٨
Wa laisatit-taubatu lil-lażīna ya‘malūnas-sayyi'āt(i), ḥattā iżā ḥaḍara aḥadahumul-mautu qāla innī tubtul-āna wa lal-lażīna yamūtūna wa hum kuffār(un), ulā'ika a‘tadnā lahum ‘ażāban alīmā(n).
[18]
Lan tobat kuwé ora (détampa déning Gusti Allah) sekang wong-wong sing nglakoni kejahatan nganti angger ketekan pati maring sewijiné wong neng antarané dhéwéké, (nembé) dhéwéké ngomong, “Inyong siki tobat temen.” Lan ora (détampa tobaté uga) sekang wong-wong sing mati rikala dhéwéké neng sejeroné kapir. Nggo wong-wong kuwé wis Ingsun sedhiakna siksa sing perih.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَحِلُّ لَكُمْ اَنْ تَرِثُوا النِّسَاۤءَ كَرْهًا ۗ وَلَا تَعْضُلُوْهُنَّ لِتَذْهَبُوْا بِبَعْضِ مَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيْنَ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ ۚ وَعَاشِرُوْهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِ ۚ فَاِنْ كَرِهْتُمُوْهُنَّ فَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّيَجْعَلَ اللّٰهُ فِيْهِ خَيْرًا كَثِيْرًا١٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā yaḥillu lakum an tariṡun-nisā'a karhā(n), wa lā ta‘ḍulūhunna litażhabū biba‘ḍi mā ātaitumūhunna illā ay ya'tīna bifāḥisyatim mubayyinah(tin), wa ‘āsyirūhunna bil-ma‘rūf(i), fa in karihtumūhunna fa ‘asā an takrahū syai'aw wa yaj‘alallāhu fīhi khairan kaṡīrā(n).
[19]
Hé wong-wong sing padha precaya! Ora kena (halal) kanggoné ko kabéh marisi wong wadon kanthi cara paksa 185 lan aja nganti ko gawé susah dhéwéké merga arep njikot balik sebagéan sekang apa sing wis ko wéhna maring dhéwéké, kejaba angger dhéwéké nglakoni penggawéyan jember sing nyata. Lan kembulana dhéwéké karo cara sing pantes. Angger ko padha ora seneng dhéwéké, (mangka sabara) merga bisa uga ko kabéh ora seneng maring sewiji-wiji, mangkané Gusti Allah ndadékna kebagusan sing akéh maring dhéwéké.
185) Ayat kiyé ora ateges marisna wong wadon ora karo dalan paksa kuwé désekolihi. Miturut sebagéan adaté wong Arab Jahiliyah angger sewijiné menungsa mati, mangka anaké sing paling tuwa utawa anggota kulawargané sing liya marisi randha kuwé. Randha kuwé kena débojo dhéwéké utawa débojokna karo wong liya sing maharé déjikot neng pewaris utawa ora dékenakna rabi maning.
وَاِنْ اَرَدْتُّمُ اسْتِبْدَالَ زَوْجٍ مَّكَانَ زَوْجٍۙ وَّاٰتَيْتُمْ اِحْدٰىهُنَّ قِنْطَارًا فَلَا تَأْخُذُوْا مِنْهُ شَيْـًٔا ۗ اَتَأْخُذُوْنَهٗ بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا٢٠
Wa in arattumustibdāla zaujim makāna zauj(in), wa ātaitum iḥdāhunna qinṭāran falā ta'khużū minhu syai'ā(n), ata'khużūnahū buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[20]
Lan angger ko kabéh kepéngin ngganti bojomu karo bojo sing liyané, ning ko kabéh wis awéh maring salah siji neng antarané dhéwéké bandha sing akéh, mangka aja ko jikot balik semendhing baé sekang dhéwéké. Apa ko kabéh arep njikot balik kanthi dalan dakwan sing goroh lan karo (nanggung) dosa sing nyata?
وَكَيْفَ تَأْخُذُوْنَهٗ وَقَدْ اَفْضٰى بَعْضُكُمْ اِلٰى بَعْضٍ وَّاَخَذْنَ مِنْكُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًا٢١
Wa kaifa ta'khużūnahū wa qad afḍā ba‘ḍukum ilā ba‘ḍiw wa akhażna minkum mīṡāqan galīẓā(n).
[21]
Lan kepriwé ko kabéh arep njikot maning, mangkané ko wis padha kembul siji karo liyané (selaki-rabi). Lan dhéwéké (bojo-bojomu) wis padha njikot janji sing kuwat (akad nikah) sekang ko kabéh.
وَلَا تَنْكِحُوْا مَا نَكَحَ اٰبَاۤؤُكُمْ مِّنَ النِّسَاۤءِ اِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ ۗ اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةً وَّمَقْتًاۗ وَسَاۤءَ سَبِيْلًا ࣖ٢٢
Wa lā tankiḥū mā nakaḥa ābā'ukum minan-nisā'i illā mā qad salaf(a), innahū kāna fāḥisyataw wa maqtā(n), wa sā'a sabīlā(n).
[22]
Lan aja nganti ko padha mbojo wong wadon sing wis (nglakon) débojo neng ramamu, kejaba (kedadéan neng jaman) sing wis kepungkur. Temen, penggawéyan kuwé jember banget lan déwadhéhi (déning Gusti Allah) lan seala-alané dalan (sing délakoni).
حُرِّمَتْ عَلَيْكُمْ اُمَّهٰتُكُمْ وَبَنٰتُكُمْ وَاَخَوٰتُكُمْ وَعَمّٰتُكُمْ وَخٰلٰتُكُمْ وَبَنٰتُ الْاَخِ وَبَنٰتُ الْاُخْتِ وَاُمَّهٰتُكُمُ الّٰتِيْٓ اَرْضَعْنَكُمْ وَاَخَوٰتُكُمْ مِّنَ الرَّضَاعَةِ وَاُمَّهٰتُ نِسَاۤىِٕكُمْ وَرَبَاۤىِٕبُكُمُ الّٰتِيْ فِيْ حُجُوْرِكُمْ مِّنْ نِّسَاۤىِٕكُمُ الّٰتِيْ دَخَلْتُمْ بِهِنَّۖ فَاِنْ لَّمْ تَكُوْنُوْا دَخَلْتُمْ بِهِنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ ۖ وَحَلَاۤىِٕلُ اَبْنَاۤىِٕكُمُ الَّذِيْنَ مِنْ اَصْلَابِكُمْۙ وَاَنْ تَجْمَعُوْا بَيْنَ الْاُخْتَيْنِ اِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ۔٢٣
Ḥurrimat ‘alaikum ummahātukum wa banātukum wa akhawātukum wa ‘ammātukum wa khālātukum wa banātul-akhi wa banātul-ukhti wa ummahātukumul-lātī arḍa‘nakum wa akhawātukum minar-raḍā‘ati wa ummahātu nisā'ikum wa rabā'ibukumul-lātī fī ḥujūrikum min nisā'ikumul-lātī dakhaltum bihinn(a), fa illam takūnū dakhaltum bihinna falā junāḥa ‘alaikum, wa ḥalā'ilu abnā'ikumul-lażīna min aṣlābikum, wa an tajma‘ū bainal-ukhtaini illā mā qad salaf(a), innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[23]
Délarang (haram) tumrap ko kabéh (mbojo) biyung-biyungmu, anak-anakmu wadon, sedulur-sedulurmu wadon, sedulur-seduluré ramamu sing wadon, sedulur-seduluré biyungmu sing wadon, anak wadon sekang sedulur-sedulurmu sing lanang, anak wadon sekang sedulur-sedulurmu sing wadon, biyung-biyungmu sing nyusoni ko, sedulur-sedulur wadonmu sesuson, biyung-biyungé bojomu (mertua wadon), anak-anak wadon sekang bojomu (anak kewalon), sing neng sajeroné rumatanmu 186 sekang bojomu sing wis ko kembuli. Ning angger ko urung kembul karo bojomu kuwé (lan wis ko pegat), mangka ora dosa ko (mbojo dhéwéké), (lan déharamna tumrap ko kabéh) bojo-bojoné anakmu lanang cer (yakuwé mantu wadon) lan (déharamna) ngumpulna (neng sajeroné perkawinan) wong wadon loro tunggal sedulur (kakang-adhi), kejaba sing wis kelakon neng jaman sing kepungkur. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
186) Maksudé biyung neng awal ayat kiyé yakuwé biyung, nini, lan seterusé maring ndhuwur, lan sing démaksud anak wadon yakuwé anak wadon, putu wadon lan seterusé maring ngisor, semana uga sing liyané. Éwadéné démaksud “anak-anaké bojomu sing ana neng pengreksanmu” miturut umumé para ulama klebu anak kewalon sing ora neng pengreksané.
۞ وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ النِّسَاۤءِ اِلَّا مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۚ كِتٰبَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ ۚ وَاُحِلَّ لَكُمْ مَّا وَرَاۤءَ ذٰلِكُمْ اَنْ تَبْتَغُوْا بِاَمْوَالِكُمْ مُّحْصِنِيْنَ غَيْرَ مُسٰفِحِيْنَ ۗ فَمَا اسْتَمْتَعْتُمْ بِهٖ مِنْهُنَّ فَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ فَرِيْضَةً ۗوَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا تَرَاضَيْتُمْ بِهٖ مِنْۢ بَعْدِ الْفَرِيْضَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًا٢٤
Wal-muḥṣanātu minan-nisā'i illā mā malakat aimānukum, kitāballāhi ‘alaikum, wa uḥilla lakum mā warā'a żālikum an tabtagū bi'amwālikum muḥṣinīna gaira musāfiḥīn(a), famastamta‘tum bihī minhunna fa ātūhunna ujūrahunna farīḍah(tan), wa lā junāḥa ‘alaikum fīmā tarāḍaitum bihī mim ba‘dil-farīḍah(ti), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[24]
Lan ko kabéh délarang mbojo wong wadon sing duwé lanang, kejaba batur-tukon wadon (budhak, tawanan perang) sing ko duwéni 187 minangka ketetepané Gusti Allah ingatasé ko kabéh. Lan désekolihi ingatasé ko kabéh (mbojo) seliyané (wong-wong wadon) sing klebu larangan mau, 188 angger ko usaha kanthi bandhamu, nggo mbojo dhéwéké udu nggo jina. Mangka merga kenékmatan sing wis ko padha pekolih sekang dhéwéké kabéh, bayaren mas kawiné maring dhéwéké kabéh minangka dadi kewajiban. Ning ora dadi apa angger nyatané neng antarané ko kabéh wis padha déné ngrilakna, sewisé détetepna. 189 Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
187) Wong-wong wadon sing déduwéni sing lanangé ora mélu détawan bareng dhéwéké. Keterangan seterusé deleng An-Nisa (4) : 3.
188) Seliyané wong wadon sing wis désebut neng An-Nisa (4) : 23.
189) Nambahi, ngelong utawa ora mbayar babar pisan mas kawin sing wis détetepna.
وَمَنْ لَّمْ يَسْتَطِعْ مِنْكُمْ طَوْلًا اَنْ يَّنْكِحَ الْمُحْصَنٰتِ الْمُؤْمِنٰتِ فَمِنْ مَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ مِّنْ فَتَيٰتِكُمُ الْمُؤْمِنٰتِۗ وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِاِيْمَانِكُمْ ۗ بَعْضُكُمْ مِّنْۢ بَعْضٍۚ فَانْكِحُوْهُنَّ بِاِذْنِ اَهْلِهِنَّ وَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِ مُحْصَنٰتٍ غَيْرَ مُسٰفِحٰتٍ وَّلَا مُتَّخِذٰتِ اَخْدَانٍ ۚ فَاِذَآ اُحْصِنَّ فَاِنْ اَتَيْنَ بِفَاحِشَةٍ فَعَلَيْهِنَّ نِصْفُ مَا عَلَى الْمُحْصَنٰتِ مِنَ الْعَذَابِۗ ذٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ الْعَنَتَ مِنْكُمْ ۗ وَاَنْ تَصْبِرُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٥
Wa mal lam yastaṭi‘ minkum ṭaulan ay yankiḥal-muḥṣanātil-mu'mināti fa mim mā malakat aimānukum min fatayātikumul-mu'mināt(i), wallāhu a‘lamu bi'īmānikum, ba‘ḍukum mim ba‘ḍ(in), fankiḥūhunna bi'iżni ahlihinna wa ātūhunna ujūrahunna bil-ma‘rūfi muḥṣanātin gaira musāfiḥātiw wa lā muttakhiżāti akhdān(in), fa iżā uḥṣinna fa in ataina bifāḥisyatin fa ‘alaihinna niṣfu mā ‘alal-muḥṣanāti minal-‘ażāb(i), żālika limay khasyial-‘anata minkum, wa an taṣbirū khairul lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[25]
Lan sapa wongé neng antarané ko kabéh ora duwé wragad nggo mbojo wong wadon bébas sing precaya, mangka désekolihi (halal) mbojo wong wadon batur-tukon mukmin sing ko kabéh duwéni. Gusti Allah ngaweruhi precayaé ko kabéh. Sebagéané ko kabéh sekang sebagéané sing liya (padha-padha keturunan Rama Adam lan Biyung Hawa), merga kuwé mulané tingkahen dhéwéké kanthi idiné wong tuwané lan wéhna mas kawin sing pantes, merga dhéwéké kuwé wong-wong wadon sing ngreksa awak, udu tukang jina, lan (uga) udu wong wadon sing njikot wong lanang liya nggo ingon-ingoné. Angger dhéwéké wis padha umah-umah (duwé lanang) ning nglakoni penggawé jember (jina) mangka (ukuman) nggo dhéwéké separoné sekang apa (ukuman) wong-wong wadon bébas (sing ora duwé lanang). (Kenané mbojo batur-tukon) kuwé mau nggo wong-wong sing wedi maring angélé olihé ngreksa awaké dhéwék (sekang penggawéyan jina). Ning angger ko padha sabar, kuwé lewih apik tumrap ko kabéh. Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُبَيِّنَ لَكُمْ وَيَهْدِيَكُمْ سُنَنَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَيَتُوْبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٢٦
Yurīdullāhu liyubayyina lakum wa yahdiyakum sunanal-lażīna min qablikum wa yatūba ‘alaikum, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[26]
Gusti Allah kersa nerangna (saréngat-É) maring ko kabéh lan paring pitudhuh dalan-dalané (penguripan) wong-wong sing seurungé ko kabéh (para nabi lan wong-wong sing bagus lakuné) lan Penjenengané nerima tobatmu. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
وَاللّٰهُ يُرِيْدُ اَنْ يَّتُوْبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَيُرِيْدُ الَّذِيْنَ يَتَّبِعُوْنَ الشَّهَوٰتِ اَنْ تَمِيْلُوْا مَيْلًا عَظِيْمًا٢٧
Wallāhu yurīdu ay yatūba ‘alaikum, wa yurīdul-lażīna yattabi‘ūnasy-syahawāti an tamīlū mailan ‘aẓīmā(n).
[27]
Lan Gusti Allah kersa nampa tobatmu, ning wong-wong sing ngetutna kepénginané karep supaya ko padha nyléwéng seadoh-adohé (sekang bebener).
يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّخَفِّفَ عَنْكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْاِنْسَانُ ضَعِيْفًا٢٨
Yurīdullāhu ay yukhaffifa ‘ankum, wa khuliqal-insānu ḍa‘īfā(n).
[28]
Gusti Allah kersa paring pengénthéng-énthéng maring ko kabéh 190 merga menungsa déciptakna (duwé sipat) apes.
190) Neng jero saréngat antarané kena mbojo batur-tukon (budak) angger wis cukup sarat-saraté.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ تِجَارَةً عَنْ تَرَاضٍ مِّنْكُمْ ۗ وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا٢٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā ta'kulū amwālakum bainakum bil-bāṭili illā an takūna tijāratan ‘an tarāḍim minkum, wa lā taqtulū anfusakum, innallāha kāna bikum raḥīmā(n).
[29]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko kabéh padhadéné mangan bandhané sepadha-padha batirmu nganggo dalan sing ora bener, anging sejeroné dol-tinuku sing dédhasari rila padha rila antarané ko kabéh. Lan aja nganti ko padha maténi awakmu dhéwék. Temen, Gusti Allah Mahaasih maring ko kabéh.
وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ عُدْوَانًا وَّظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيْهِ نَارًا ۗوَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا٣٠
Wa may yaf‘al żālika ‘udwānaw wa ẓulman fa saufa nuṣlīhi nārā(n), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[30]
Lan sapa wongé nglakoni kaya kuwé nganggo cara nglanggar hukum lan nganiaya, bakal Ingsun lebokna dhéwéké maring jero neraka. Sing mengkana kuwé gampang mungguhé Gusti Allah.
اِنْ تَجْتَنِبُوْا كَبَاۤىِٕرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَنُدْخِلْكُمْ مُّدْخَلًا كَرِيْمًا٣١
In tajtanibū kabā'ira mā tunhauna ‘anhu nukaffir ‘ankum sayyi'ātikum wa nudkhilkum mudkhalan karīmā(n).
[31]
Angger ko kabéh ngedohi dosa-dosa gedhé neng antarané dosa-dosa sing ora kena délakoni, mesthi Ingsun mbusek kesalahan-kesalahanmu, lan bakal Ingsun lebokna ko kabéh maring nggon sing mulya (suwarga).
وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللّٰهُ بِهٖ بَعْضَكُمْ عَلٰى بَعْضٍ ۗ لِلرِّجَالِ نَصِيْبٌ مِّمَّا اكْتَسَبُوْا ۗ وَلِلنِّسَاۤءِ نَصِيْبٌ مِّمَّا اكْتَسَبْنَ ۗوَسْـَٔلُوا اللّٰهَ مِنْ فَضْلِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا٣٢
Wa lā tatamannau mā faḍḍalallāhu bihī ba‘ḍakum ‘alā ba‘ḍ(in), lir-rijāli naṣībum mimmaktasabū, wa lin-nisā'i naṣībum mimmaktasabn(a), was'alullāha min faḍlih(ī), innallāha kāna bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[32]
Lan aja nganti ko padha iri maring peparing sing wis délewihna déning Gusti Allah maring sebagéané ko kabéh ingatasé sebagéan sing liya. (Mergané) nggo wong lanang ana bagéan sekang apa sing dhéwéké kabéh usahakna lan nggo wong wadon (uga) ana bagéan sekang apa sing dhéwéké kabéh usahakna. Nyuwuna maring Gusti Allah sebagéan sekang peparing-É. Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani (ingatasé) samubarang kabéh.
وَلِكُلٍّ جَعَلْنَا مَوَالِيَ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَ ۗ وَالَّذِيْنَ عَقَدَتْ اَيْمَانُكُمْ فَاٰتُوْهُمْ نَصِيْبَهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدًا ࣖ٣٣
Wa likullin ja‘alnā mawāliya mimmā tarakal-wālidāni wal-aqrabūn(a), wal-lażīna ‘aqadat aimānukum fa ātūhum naṣībahum, innallāha kāna ‘alā kulli syai'in syahīdā(n).
[33]
Lan nggo dhéwék-dhéwék (wong lanang lan wong wadon) Ingsun wis netepna para ahli waris ingatasé apa sing détinggalna (déning) wong tuwa loroné lan sanak-seduluré. Lan wong-wong sing ko kabéh wis sumpah setiya karo dhéwéké kabéh, mangka wéhna maring dhéwéké kabéh bagéané, mangka awéhna. Temen, Gusti Allah Maha Nyekséni ingatasé samubarang kabéh.
اَلرِّجَالُ قَوَّامُوْنَ عَلَى النِّسَاۤءِ بِمَا فَضَّلَ اللّٰهُ بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍ وَّبِمَآ اَنْفَقُوْا مِنْ اَمْوَالِهِمْ ۗ فَالصّٰلِحٰتُ قٰنِتٰتٌ حٰفِظٰتٌ لِّلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللّٰهُ ۗوَالّٰتِيْ تَخَافُوْنَ نُشُوْزَهُنَّ فَعِظُوْهُنَّ وَاهْجُرُوْهُنَّ فِى الْمَضَاجِعِ وَاضْرِبُوْهُنَّ ۚ فَاِنْ اَطَعْنَكُمْ فَلَا تَبْغُوْا عَلَيْهِنَّ سَبِيْلًا ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيًّا كَبِيْرًا٣٤
Ar-rijālu qawwāmūna ‘alan-nisā'i bimā faḍḍalallāhu ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍiw wa bimā anfaqū min amwālihim, faṣ-ṣāliḥātu qānitātun ḥāfiẓātul lil-gaibi bimā ḥafiẓallāh(u), wal-lātī takhāfūna nusyūzahunna fa ‘iẓūhunna wahjurūhunna fil-maḍāji‘i waḍribūhunn(a), fa in aṭa‘nakum falā tabgū ‘alaihinna sabīlā(n), innallāha kāna ‘aliyyan kabīrā(n).
[34]
Wong lanang (sing lanang) kuwé pengayom (dadi pemimpin) nggo wong wadon (bojoné), merga Gusti Allah wis nglewihna sebagéan sekang dhéwéké kabéh (wong lanang) ingatasé sebagéan sing liya (wong wadon), lan merga dhéwéké kabéh (wong lanang) wis napkahi nganggo bandhané. Mulané wong-wong wadon sing apik kelakuané (saléh) yakuwé dhéwéké sing manut (maring Gusti Allah) lan njaga awaké rikala (lanangé) ora nana, merga Gusti Allah wis ngreksa (dhéwéké kabéh). 191 Wong-wong wadon sing ko kabéh kewatir arep sléntha (nusyuz) 192 preyoga ko padha awéh pitutur maring dhéwéké kabéh, tinggalen dhéwéké kabéh neng nggon turuné (pisah ambén), lan (kepeksané) taboka dhéwéké kabéh. Ning angger dhéwéké padha manut maring ko, mangka aja nganti ko padha golét-golét alésan nggo nyusahna dhéwéké kabéh. Temen, Gusti Allah Mahaluhur, Mahaagung.
191) Gusti Allah wis majibna maring lanangé kon ngembuli bojoné kanthi apik.
192) Nusyuz yakuwé ninggalna kewajibané dadi bojo, kayadéné lunga sekang ngumah ora pamit maring sing lanang.
وَاِنْ خِفْتُمْ شِقَاقَ بَيْنِهِمَا فَابْعَثُوْا حَكَمًا مِّنْ اَهْلِهٖ وَحَكَمًا مِّنْ اَهْلِهَا ۚ اِنْ يُّرِيْدَآ اِصْلَاحًا يُّوَفِّقِ اللّٰهُ بَيْنَهُمَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا خَبِيْرًا٣٥
Wa in khiftum syiqāqa bainihimā fab‘aṡū ḥakamam min ahlihī wa ḥakamam min ahlihā, iy yurīdā iṣlāḥay yuwaffiqillāhu bainahumā, innallāha kāna ‘alīman khabīrā(n).
[35]
Lan angger ko padha kewatir ana pesulayan antarané karoné (sing lanang karo bojoné), mangka kirimna hakim siji (wong sing ngakurna) sekang kulawargané sing lanang lan hakim siji sekang kulawargané sing wadon. Angger karoné (hakim-hakim kuwé) karep ndandani (gawé rukun), mesthi Gusti Allah bakal paring pitulung maring selaki-rabi mau. Temen, Gusti Allah Mahanastiti, Maha Ngawuningani.
۞ وَاعْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْۢبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ٣٦
Wa‘budullāha wa lā tusyrikū bihī syai'aw wa bil-wālidaini iḥsānaw wa biżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wal-jāri żil-qurbā wal-jāril-junubi waṣ-ṣāḥibi bil-jambi wabnis-sabīl(i), wa mā malakat aimānukum, innallāha lā yuḥibbu man kāna mukhtālan fakhūrā(n).
[36]
Lan sembaha Gusti Allah lan aja nganti ko padha nyekuthok-Na (mangro-tingal) Penjenengané karo sewiji-wiji. Lan gawéa apik maring wong tuwa loro, sanak-sedulur, bocah-bocah yatim, wong-wong miskin, tangga-teparo sing pérek lan tangga-teparo sing adoh, 193 batir nyambut gawé, ibnu sabil 194 (wong sing lagi lelungan) lan réwang sing ko padha duwéni. Temen, Gusti Allah ora dhemen (maring) wong sing gemedhé lan ngagulna awaké dhéwék,
193) Pérek lan adoh neng kéné ana sing napsiri karo panggonan, srawung keluwarga, lan ana uga sing napsiri antarané sing Islam lan sing ora Islam.
194) Ibnu Sabil yakuwé wong sing lagi neng dalan udu maksiyat lan kentongan sangu. Klebu uga bocah yatim sing ora genah rama-biyungé.
ۨالَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ وَيَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ وَيَكْتُمُوْنَ مَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۗ وَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًاۚ٣٧
Al-lażīna yabkhalūna wa ya'murūnan-nāsa bil-bukhli wa yaktumūna mā ātāhumullāhu min faḍlih(ī), wa a‘tadnā lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[37]
(yakuwé) wong sing medhit, lan préntah wong liya temindak medhit, lan ngumpetna peparing sing wis déparingna (déning Gusti Allah) maring dhéwéké. Temen, Ingsun wis nyedhiakna nggo wong-wong kapir siksa sing nisthakna.
وَالَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ رِئَاۤءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ۗ وَمَنْ يَّكُنِ الشَّيْطٰنُ لَهٗ قَرِيْنًا فَسَاۤءَ قَرِيْنًا٣٨
Wal-lażīna yunfiqūna amwālahum ri'ā'an-nasi wa lā yu'minūna billāhi wa lā bil-yaumil ākhir(i), wa may yakunisy-syaiṭānu lahū qarīnan fasā'a qarīnā(n).
[38]
Lan (uga) wong-wong sing nyumbangna bandhané merga pamér maring wong liya (kepéngin désawang lan déalem), lan wong-wong sing ora precaya maring Gusti Allah lan maring dina wekasan. Sapa wongé ndadékna sétan dadi batiré, mangka (kawruhana) dhéwéké (sétan kuwé) yakuwé batir sing banget jahaté.
وَمَاذَا عَلَيْهِمْ لَوْ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقَهُمُ اللّٰهُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِهِمْ عَلِيْمًا٣٩
Wa māżā ‘alaihim lau āmanū billāhi wal-yaumil-ākhiri wa anfaqū mimmā razaqahumullāh(u), wa kānallāhu bihim ‘alīmā(n).
[39]
Lan apa (kabotén) tumrap dhéwéké kabéh angger dhéwéké padha precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan (Kiyamat) lan nyumbangna (infak) sebagéan rejeki sing wis déparingna déning Gusti Allah maring dhéwéké kabéh? Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani kahanané dhéwéké kabéh.
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ ۚوَاِنْ تَكُ حَسَنَةً يُّضٰعِفْهَا وَيُؤْتِ مِنْ لَّدُنْهُ اَجْرًا عَظِيْمًا٤٠
Innallāha lā yaẓlimu miṡqāla żarrah(tin), wa in taku ḥasanatay yuḍā‘ifhā wa yu'ti mil ladunhu ajran ‘aẓīmā(n).
[40]
Temen, Gusti Allah ora arep nganiaya (ngapitunani) sewiji wong senajan mung se-zarrah 195 gedhéné lan angger ana kebecikan (ciliké se-zarrah), mesthi Gusti Allah bakal nikelna kebecikan mau lan paring ganjaran sing gedhé sekang sisihé Gusti Allah.
195) Zarrah kuwé barang sing paling lembut lan paling énthéng.
فَكَيْفَ اِذَا جِئْنَا مِنْ كُلِّ اُمَّةٍۢ بِشَهِيْدٍ وَّجِئْنَا بِكَ عَلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ شَهِيْدًاۗ٤١
Fa kaifa iżā ji'nā min kulli ummatim bisyahīdiw wa ji'nā bika ‘alā hā'ulā'i syahīdā(n).
[41]
Lan kaya apa (kahanané wong kapir mengko), angger Ingsun nekakna sewijiné seksi (Rasul) sekang saben-saben kaum lan Ingsun nekakna sliramu (Muhammad) nggo seksi ingatasé dhéwéké kabéh.
يَوْمَىِٕذٍ يَّوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَعَصَوُا الرَّسُوْلَ لَوْ تُسَوّٰى بِهِمُ الْاَرْضُۗ وَلَا يَكْتُمُوْنَ اللّٰهَ حَدِيْثًا ࣖ٤٢
Yauma'iżiy yawaddul-lażīna kafarū wa ‘aṣawur-rasūla lau tusawwā bihimul-arḍ(u), wa lā yaktumūnallāha ḥadīṡā(n).
[42]
Neng dina kuwé, wong sing mbangkang (kapir) lan wong sing ndurakani Utusan (Muhammad), ngarep-arep sekirané dhéwéké kabéh dératakna karo lemah (dékubur utawa lebur dadi lemah), mangkané dhéwéké padha ora téyéng ngumpet sewenéh kedadéan apa baé sekang (pemriksané) Gusti Allah.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقْرَبُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْتُمْ سُكٰرٰى حَتّٰى تَعْلَمُوْا مَا تَقُوْلُوْنَ وَلَا جُنُبًا اِلَّا عَابِرِيْ سَبِيْلٍ حَتّٰى تَغْتَسِلُوْا ۗوَاِنْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَوْ عَلٰى سَفَرٍ اَوْ جَاۤءَ اَحَدٌ مِّنْكُمْ مِّنَ الْغَاۤىِٕطِ اَوْ لٰمَسْتُمُ النِّسَاۤءَ فَلَمْ تَجِدُوْا مَاۤءً فَتَيَمَّمُوْا صَعِيْدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوْا بِوُجُوْهِكُمْ وَاَيْدِيْكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَفُوًّا غَفُوْرًا٤٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqrabuṣ-ṣalāta wa antum sukārā ḥattā ta‘lamū mā taqūlūna wa lā junuban illā ‘ābirī sabīlin ḥattā tagtasilū, wa in kuntum marḍā au ‘alā safarin au jā'a aḥadum minkum minal-gā'iṭi au lāmastumun-nisā'a falam tajidū mā'an fa tayammamū ṣa‘īdan ṭayyiban famsaḥū biwujūhikum wa aidīkum, innnallāha kāna ‘afuwwan gafūrā(n).
[43]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko kabéh méreki sembayang, angger ko lagi wuru (mendem), saéngga ko kabéh ngerti apa sing ko ucapna, lan uga aja (mérek maring mesjid angger ko padha) lagi junub kejaba sekadar liwat dalané thok, seurungé ko padha adus (adus junub). Anadéné angger ko padha mriyang utawa lagi neng dalan utawa sewisé buwang hajat utawa ko kabéh wis ngemék wong wadon, 196 selaginé ko ora nemu banyu, mangka ko padha tayamum-a nganggo lebu sing apik (suci); usapen raimu lan tanganmu nganggo (lebu) kuwé. Temen, Gusti Allah Mahaaris, Maha Ngampura.
196) Akéh ngulama njelasna tegesé ngemék neng kéné yakuwé mék-mékan kulit, lan sebagéan sing liya negesna kembulan selaki-rabi utawa karon-sih.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ يَشْتَرُوْنَ الضَّلٰلَةَ وَيُرِيْدُوْنَ اَنْ تَضِلُّوا السَّبِيْلَۗ٤٤
Alam tara ilal-lażīna ūtū naṣībam minal-kitābi yasytarūnaḍ-ḍalālata wa yurīdūna an taḍillus-sabīl(a).
[44]
Apa ko padha ora nggatékna wong sing wis déparingi bagéané Kitab (Taurat)? Dhéwéké padha tuku (dalan) kesasar lan dhéwéké kabéh kepéngin supayané ko padha kesasar (nyimpang) sekang dalan (sing bener).
وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِاَعْدَاۤىِٕكُمْ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَلِيًّا ۙوَّكَفٰى بِاللّٰهِ نَصِيْرًا٤٥
Wallāhu a‘lamu bi'a‘dā'ikum, wa kafā billāhi waliyyaw wa kafā billāhi naṣīrā(n).
[45]
Lan Gusti Allah lewih ngawuningani ngenani mungsuh-mungsuhmu. Cukup mung Gusti Allah dadi pengayom lan cukup mung Gusti Allah sing dadi penulung (tumrap ko kabéh).
مِنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ عَنْ مَّوَاضِعِهٖ وَيَقُوْلُوْنَ سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاسْمَعْ غَيْرَ مُسْمَعٍ وَّرَاعِنَا لَيًّاۢ بِاَلْسِنَتِهِمْ وَطَعْنًا فِى الدِّيْنِۗ وَلَوْ اَنَّهُمْ قَالُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا وَاسْمَعْ وَانْظُرْنَا لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَاَقْوَمَۙ وَلٰكِنْ لَّعَنَهُمُ اللّٰهُ بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا٤٦
Minal-lażīna hādū yuḥarrifūnal-kalima ‘am mawāḍi‘ihī wa yaqūlūna sami‘nā wa ‘aṣainā wasma‘ gaira musmi‘iw wa rā‘inā layyam bi'alsinatihim wa ṭa‘nan fid-dīn(i), wa lau annahum qālū sami‘nā wa aṭa‘nā wasma‘ wanẓurnā lakāna khairal lahum wa aqwam(a), wa lākil la‘anahumullāhu bikufrihim falā yu'minūna illā qalīlā(n).
[46]
(Yakuwé) neng antarané wong Yahudi, sing ngowahi tembung sekang nggon-nggoné. 197 Lan dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh krungu, ning inyong padha ora gelem nuruti.” Lan (dhéwéké uga padha ngucap), “Rungokna,” selaginé (sliramu Muhammad sebeneré) ora krungu apa-apa. 198 Lan (dhéwéké kabéh ngucapna), “Raa’iina” 199 kanthi muter-walikna ilaté lan ngala-ala agama. Sekirané dhéwéké padha ngucapna, “Inyong kabéh krungu lan manut, lan rungokna, lan gatékna inyong kabéh,” mesthi kuwé lewih apik nggo dhéwéké kabéh lan lewih pas, ning Gusti Allah nglaknati dhéwéké, merga kapiré dhéwéké kabéh. Dhéwéké padha ora duwé precaya kejaba semendhing pisan. 200
197) Ngowahi tegesé, nggon, utawané nambahi lan ngurangi tembung.
198) Dhéwéké kabéh ngucapna, “Rungokna,” ning atiné padha ngucap, “Moga-moga ko ora téyéng ngrungu (budheg)”.
199) Sekang omongan raa’inaa padha baé unzurna sing tegesé ‘gatékna Inyong kabéh’. Seterusé delengen Al-Baqoroh (2) : 104.
200) Ana sing ngarani ukuran keprecayaan sing tipis, lan ana sing ngarani cacahé wong sing semendhing.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اٰمِنُوْا بِمَا نَزَّلْنَا مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّطْمِسَ وُجُوْهًا فَنَرُدَّهَا عَلٰٓى اَدْبَارِهَآ اَوْ نَلْعَنَهُمْ كَمَا لَعَنَّآ اَصْحٰبَ السَّبْتِ ۗ وَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ مَفْعُوْلًا٤٧
Yā ayyuhal-lażīna ūtul-kitāba āminū bimā nazzalnā muṣaddiqal limā ma‘akum min qabli an naṭmisa wujūhan fa naruddahā ‘alā adbārihā au nal‘anahum kamā la‘annā aṣḥābas-sabt(i), wa kāna amrullāhi maf‘ūlā(n).
[47]
Hé wong-wong sing wis déparingi kitab! Padha precayaa ko kabéh maring apa sing wis Ingsun turunaken (Al-Qur’an) sing mbenerna Kitab sing ana neng ko kabéh, seurungé Ingsun ngowahi rai-rai(mu), banjur Ingsun puter maring mburi 201 utawa Ingsun laknati dhéwéké kabéh kayadéné Ingsun laknati wong (sing gawé maksiyat) neng dina Sabat (Setu). Lan ketetepané Gusti Allah mesthi keleksanan.
201) Miturut akéh-akéhé juru tapsir, maksudé yakuwé ngganti rainé dhéwéké kabéh terus députer maring mburi nggo pengasoran.
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِهٖ وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۚ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدِ افْتَرٰٓى اِثْمًا عَظِيْمًا٤٨
Innallāha lā yagfiru ay yusyraka bihī wa yagfiru mā dūna żālika limay yasyā'(u), wa may yusyrik billāhi fa qadiftarā iṡman ‘aẓīmā(n).
[48]
Setemené Gusti Allah ora arep ngampura (dosa) merga nyekuthokna Gusti Allah (syirik), lan Gusti Allah ngampura apa (dosa) sing liyané kuwé tumrap sapa sing Penjenengané kersakna. Sapa wongé nyekuthokna Gusti Allah, mangka temen, dhéwéké wis gawé dosa sing gedhé.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يُزَكُّوْنَ اَنْفُسَهُمْ ۗ بَلِ اللّٰهُ يُزَكِّيْ مَنْ يَّشَاۤءُ وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٤٩
Alam tara ilal-lażīna yuzakkūna anfusahum, balillāhu yuzakkī may yasyā'u wa lā yuẓlamūna fatīlā(n).
[49]
Apa ko kabéh ora nggatékna wong-wong sing nganggep dhéwéké suci (wong Yahudi lan Nasrani)? Sebeneré Gusti Allah nyucékna sapa sing Penjenengané kersakna lan dhéwéké kabéh ora déaniaya (dégawé tuna) semendhing-mendhinga.
اُنْظُرْ كَيْفَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ وَكَفٰى بِهٖٓ اِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ٥٠
Unẓur kaifa yaftarūna ‘alallāhil-każib(a), wa kafā bihī iṡmam mubīnā(n).
[50]
Gatékna, sepira nggoné dhéwéké padha ngana-anakna goroh maring Gusti Allah! Lan cukup penggawéané kuwé dadi dosa sing cetha (nggo dhéwéké kabéh).
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ يُؤْمِنُوْنَ بِالْجِبْتِ وَالطَّاغُوْتِ وَيَقُوْلُوْنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا هٰٓؤُلَاۤءِ اَهْدٰى مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا سَبِيْلًا٥١
Alam tara ilal-lażīna ūtū naṣībam minal-kitābi yu'minūna bil-jibti waṭ-ṭāgūti wa yaqūlūna lil-lażīna kafarū hā'ulā'i ahdā minal-lażīna āmanū sabīlā(n).
[51]
Apa ko ora padha nggatékna wong-wong sing déparingi bagéan sekang Kitab (Taurat)? Dhéwéké kabéh precaya maring Jibt lan Tagut 202 lan ngomongna maring wong-wong kapir (musrik Mekah), lamon dhéwéké kabéh lewih bener dalané tenimbang wong-wong sing padha precaya.
202) Jibt padha baé Tagut yakuwé sétan lan apa baé sing désembah seliyané Gusti Allah SWT.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ ۗوَمَنْ يَّلْعَنِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ نَصِيْرًا٥٢
Ulā'ikal-lażīna la‘anahumullāh(u), wa may yal‘anillāhu falan tajida lahū naṣīrā(n).
[52]
Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing délaknati (déning) Gusti Allah. Lan sapa wongé délaknati Gusti Allah, mesthi ko kabéh ora bakal nemu penulung nggo dhéwéké.
اَمْ لَهُمْ نَصِيْبٌ مِّنَ الْمُلْكِ فَاِذًا لَّا يُؤْتُوْنَ النَّاسَ نَقِيْرًاۙ٥٣
Am lahum naṣībum minal-mulki fa iżal lā yu'tūnan-nāsa naqīrā(n).
[53]
Utawa apa dhéwéké padha duwé bagéan sekang praja (penguwasa), senajan dhéwéké kabéh ora arep awéh semendhing-mendhi-nga (kebecikan) maring menungsa,
اَمْ يَحْسُدُوْنَ النَّاسَ عَلٰى مَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۚ فَقَدْ اٰتَيْنَآ اٰلَ اِبْرٰهِيْمَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَاٰتَيْنٰهُمْ مُّلْكًا عَظِيْمًا٥٤
Am yaḥsudūnan-nāsa ‘alā mā ātāhumullāhu min faḍlih(ī), faqad ātainā āla ibrāhīmal-kitāba wal-ḥikmata wa ātaināhum mulkan ‘aẓīmā(n).
[54]
utawané dhéwéké padha drengki maring menungsa (Muhammad) merga kanugrahan sing wis Gusti Allah paringna maring Kanjeng Nabi? Temen, Ingsun wis maringi Kitab lan Hikmah maring kulawargané Ibrahim lan Ingsun wis paring maring dhéwéké kabéh praja (kuwasa) sing gedhé.
فَمِنْهُمْ مَّنْ اٰمَنَ بِهٖ وَمِنْهُمْ مَّنْ صَدَّ عَنْهُ ۗ وَكَفٰى بِجَهَنَّمَ سَعِيْرًا٥٥
Fa minhum man āmana bihī wa minhum man ṣadda ‘anh(u), wa kafā bijahannama sa‘īrā(n).
[55]
Mangka neng antarané wong-wong mau (sing padha drengki kuwé), ana sing precaya maring dhéwéké (Muhammad) lan ana uga sing ngalang-alangi (menungsa precaya) maring dhéwéké (Muhammad). Cukup (nggo wong-wong sing drengki mau) neraka jahanam sing mlagar-mlagar geniné.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا سَوْفَ نُصْلِيْهِمْ نَارًاۗ كُلَّمَا نَضِجَتْ جُلُوْدُهُمْ بَدَّلْنٰهُمْ جُلُوْدًا غَيْرَهَا لِيَذُوْقُوا الْعَذَابَۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَزِيْزًا حَكِيْمًا٥٦
Innal-lażīna kafarū bi'āyātinā sanuṣlīhim nārā(n), kullamā naḍijat julūduhum baddalnāhum julūdan gairahā liyażūqul-‘ażāb(a), innallāha kāna ‘azīzan ḥakīmā(n).
[56]
Temen, wong-wong sing mbangkang (kapir) maring ayat-ayat Ingsun, mbésuk bakal Ingsun lebokna maring njeroné neraka. Saben-saben kulité dhéwéké padha geseng, Ingsun ganti nganggo kulit sing liya, supayané dhéwéké padha ngrasakna siksa. Temen, Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ لَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ ۙ وَّنُدْخِلُهُمْ ظِلًّا ظَلِيْلًا٥٧
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sanudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), lahum fīhā azwājum muṭahharah(tun), wa nudkhiluhum ẓillan ẓalīlā(n).
[57]
Anadéné wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebagusan, mbésuk bakal Ingsun lebokna maring njeroné suwarga sing neng ngisoré mili kali-kali, dhéwéké kabéh langgeng neng jeroné (suwarga kuwé) selawas-lawasé. Neng kana dhéwéké padha duwé jodho-jodho sing suci, lan Ingsun nglebokna dhéwéké kabéh maring nggon sing aub tur kepénak.
۞ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُكُمْ اَنْ تُؤَدُّوا الْاَمٰنٰتِ اِلٰٓى اَهْلِهَاۙ وَاِذَا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ اَنْ تَحْكُمُوْا بِالْعَدْلِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ نِعِمَّا يَعِظُكُمْ بِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا٥٨
Innallāha ya'murukum an tu'addul-amānāti ilā ahlihā, wa iżā ḥakamtum bainan-nāsi an taḥkumū bil-‘adl(i), innallāha ni‘immā ya‘iẓukum bih(ī), innallāha kāna samī‘am baṣīrā(n).
[58]
Temen, Gusti Allah dhawuh maring ko kabéh (supaya) mbutulna titipan (amanat) maring sing kuduné nampani titipan kuwé, lan angger ko padha netepna aturan (hukum) neng antarané menungsa, preyoga ko netepna sing tiba-tengah (adil). Temen, Gusti Allah sebagus-bagusé sing paring piwulang maring ko kabéh. Temen, Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Mriksani.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاُولِى الْاَمْرِ مِنْكُمْۚ فَاِنْ تَنَازَعْتُمْ فِيْ شَيْءٍ فَرُدُّوْهُ اِلَى اللّٰهِ وَالرَّسُوْلِ اِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا ࣖ٥٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla wa ulil-amri minkum, fa in tanāza‘tum fī syai'in fa ruddhu ilallāhi war-rasūli in kuntum tu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), żālika khairuw wa aḥsanu ta'wīlā(n).
[59]
Hé wong-wong sing padha precaya! Manuta maring Gusti Allah lan manuta maring Utusané (Muhammad), lan Ulil Amri (sing nyekel kuwasa) 203 neng antarané ko kabéh. Banjur, angger ko padha béda penemu ngenani sewijiné prékara, mangka balékna maring Gusti Allah (Al-Qur’an) lan Utusané (sunnah-É), angger ko padha precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan. Sing kaya kuwé lewih utama (tumrap ko kabéh) lan lewih apik akibaté.
203) Angger sing nyekel kuwasa medhomani kitabé Gusti Allah lan sunnah Rasul.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يَزْعُمُوْنَ اَنَّهُمْ اٰمَنُوْا بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّتَحَاكَمُوْٓا اِلَى الطَّاغُوْتِ وَقَدْ اُمِرُوْٓا اَنْ يَّكْفُرُوْا بِهٖ ۗوَيُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّضِلَّهُمْ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا٦٠
Alam tara ilal-lażīna yaz‘umūna annahum āmanū bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablika yurīdūna ay yataḥākamū ilaṭ-ṭāgūti wa qad umirū ay yakfurū bih(ī), wa yurīdusy-syaiṭānu ay yuḍillahum ḍalālam ba‘īdā(n).
[60]
Apa sliramu (Muhammad) ora nggatékna wong-wong sing padha ngaku lamon dhéwéké kabéh wis precaya maring apa sing déturunaken maring sliramu lan maring apa sing déturunaken seurungé sliramu? Ning dhéwéké kabéh 204 ésih kepéngin putusan hukum maring Tagut, mangkané dhéwéké kabéh wis dédhawuhi supayané ngingkari Tagut kuwé. Lan sétan kepéngin nyasarna dhéwéké kabéh kanthi kesasar sing seadoh-adohé.
204) Wong sing ajeg mungsuhi Nabi Muhammad s.a.w lan wong Islam. Ana sing napsiri kuwé Abu Zahrah tukang tenung neng jamané Nabi, lan ana sing ngarani, kuwé Ka’ab bin Asyraf (wong lamis/munapék).
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا اِلٰى مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَاِلَى الرَّسُوْلِ رَاَيْتَ الْمُنٰفِقِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْكَ صُدُوْدًاۚ٦١
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau ilā mā anzalallāhu wa ilar-rasūli ra'aital-munāfiqīna yaṣuddūna ‘anka ṣudūdā(n).
[61]
Lan angger déucapna maring dhéwéké kabéh, “Mayuh (padha manut) maring apa sing wis déturunaken Gusti Allah lan (manut) maring Utusan,” (mesti) sliramu (Muhammad) weruh wong-wong lamis (munapék) padha ngalang-alangi sliramu kanthi keras.
فَكَيْفَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ ثُمَّ جَاۤءُوْكَ يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ ۖاِنْ اَرَدْنَآ اِلَّآ اِحْسَانًا وَّتَوْفِيْقًا٦٢
Fa kaifa iżā aṣābathum muṣībatum bimā qaddamat aidīhim ṡumma jā'ūka yaḥlifūna billāh(i), in aradnā illā iḥsānaw wa taufīqā(n).
[62]
Mangka kepriwé anané angger (mbésuk) marabaya ngenani dhéwéké kabéh (wong-wong lamis) sing désebabna polahé tangané dhéwék, banjur dhéwéké padha teka maring sliramu (Muhammad) karo sumpah. “Sekawit Gusti Allah, inyong kabéh ora pisan-pisan ngepéngini seliyané kebagusan lan ketentreman.”
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَعْلَمُ اللّٰهُ مَا فِيْ قُلُوْبِهِمْ فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَعِظْهُمْ وَقُلْ لَّهُمْ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ قَوْلًا ۢ بَلِيْغًا٦٣
Ulā'ikal-lażīna ya‘lamullāhu mā fī qulūbihim fa a‘riḍ ‘anhum wa ‘iẓhum wa qul lahum fī anfusihim qaulam balīgā(n).
[63]
Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing (setemené) Gusti Allah kawuningani apa sing ana neng njero atiné. Merga kuwé mléngosa (ngedoha) ko kabéh sekang wong-wong mau, lan wéhna pitutur maring dhéwéké, lan ucapna maring dhéwéké ucapan sing mranani atiné.
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا لِيُطَاعَ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَلَوْ اَنَّهُمْ اِذْ ظَّلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ جَاۤءُوْكَ فَاسْتَغْفَرُوا اللّٰهَ وَاسْتَغْفَرَ لَهُمُ الرَّسُوْلُ لَوَجَدُوا اللّٰهَ تَوَّابًا رَّحِيْمًا٦٤
Wa mā arsalnā mir rasūlin illā liyuṭā‘a bi'iżnillāh(i), wa lau annahum iẓ ẓalamū anfusahum jā'ūka fastagfarullāha wastagfara lahumur-rasūlu lawajadullāha tawwābar raḥīmā(n).
[64]
Lan Ingsun ora ngutus sewiji utusan kejaba mung supaya déturuti kanthi idiné Gusti Allah. Lan temen, sekirané dhéwéké kabéh sewisé nganiaya awaké dhéwék 205 teka maring sliramu (Muhammad), banjur nyuwun pengampura maring Gusti Allah, lan Utusan-É uga nyuwunaken pengampura nggo dhéwéké kabéh, mesthi dhéwéké padha ngawéruhi (lamon) Gusti Allah Maha Nampani Tobat, Mahaasih.
205) Njaluk keputusan maring liyané Nabi Muhammad s.a.w.
فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُوْنَ حَتّٰى يُحَكِّمُوْكَ فِيْمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ لَا يَجِدُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ حَرَجًا مِّمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا٦٥
Falā wa rabbika lā yu'minūna ḥattā yuḥakkimūka fīmā syajara bainahum ṡumma lā yajidū fī anfusihim ḥarajam mimmā qaḍaita wa yusallimū taslīmā(n).
[65]
Mangka sekawit Pengéranmu, dhéwéké ora precaya seurungé dhéwéké padha ndadékna sliramu (Muhammad) dadi penengah (hakim) sejeroné prékara sing dhéwéké padha persulayakna, (saéngga) banjur ora nana rasa kabotan neng njero atiné dhéwéké ingatasé putusan sing sliramu paringna. Lan dhéwéké padha nrima kanthi temenan.
وَلَوْ اَنَّا كَتَبْنَا عَلَيْهِمْ اَنِ اقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْ اَوِ اخْرُجُوْا مِنْ دِيَارِكُمْ مَّا فَعَلُوْهُ اِلَّا قَلِيْلٌ مِّنْهُمْ ۗوَلَوْ اَنَّهُمْ فَعَلُوْا مَا يُوْعَظُوْنَ بِهٖ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَاَشَدَّ تَثْبِيْتًاۙ٦٦
Wa lau annā katabnā ‘alaihim aniqtulū anfusakum awikhrujū min diyārikum mā fa‘alūhu illā qalīlum minhum, wa lau annahum fa‘alū mā yū‘aẓūna bihī lakāna khairal lahum wa asyadda taṡbītā(n).
[66]
Lan senajan wis Ingsun dhawuhna maring dhéwéké kabéh, “Paténana awakmu dhéwék utawané metua ko kabéh sekang désamu,” nyatané dhéwéké padha ora arep nglakokni kejaba semendhing sekang dhéwéké kabéh. Lan sekirané dhéwéké padha nyata-nyata nglakoni préntah sing wis keparingna, mesthi kuwé lewih apik nggo dhéwéké kabéh lan lewih nguwatna (peprecayaé dhéwéké kabéh),
وَّاِذًا لَّاٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ لَّدُنَّآ اَجْرًا عَظِيْمًاۙ٦٧
Wa iżal la'ātaināhum mil ladunnā ajran ‘aẓīmā(n).
[67]
lan kanthi kaya kuwé, mesthi Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh ganjaran sing gedhé sekang sisihé Ingsun,
وَّلَهَدَيْنٰهُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًا٦٨
Wa lahadaināhum ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[68]
lan mesthi Ingsun Gusti Allah tidhokna maring dhéwéké dalan sing jejeg.
وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ فَاُولٰۤىِٕكَ مَعَ الَّذِيْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنَ النَّبِيّٖنَ وَالصِّدِّيْقِيْنَ وَالشُّهَدَاۤءِ وَالصّٰلِحِيْنَ ۚ وَحَسُنَ اُولٰۤىِٕكَ رَفِيْقًا٦٩
Wa may yuṭi‘illāha war-rasūla fa ulā'ika ma‘al-lażīna an‘amallāhu ‘alaihim minan-nabiyyīna waṣ-ṣiddīqīna wasy-syuhadā'i waṣ-ṣāliḥīn(a), wa ḥasuna ulā'ika rafīqā(n).
[69]
Lan sapa wongé manut (maring) Gusti Allah lan Utusan (Muhammad), mangka dhéwéké kabéh kuwé bakal bareng-bareng karo wong sing padha déparingi nékmat déning Gusti Allah, (yakuwé) para nabi, wong-wong sing seneng maring bebenar, lan wong-wong sing mati syahid lan wong-wong sing bagus kelakuané. Dhéwéké kabéh kuwé batir sing sebagus-bagusé.
ذٰلِكَ الْفَضْلُ مِنَ اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ عَلِيْمًا ࣖ٧٠
Żālikal-faḍlu minallāh(i), wa kafā billāhi ‘alīmā(n).
[70]
Sing kaya kuwé (dadi) peparing sekang Gusti Allah, lan cukup Gusti Allah sing Maha Ngawuningani.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا خُذُوْا حِذْرَكُمْ فَانْفِرُوْا ثُبَاتٍ اَوِ انْفِرُوْا جَمِيْعًا٧١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū khużū ḥiżrakum fanfirū ṡubātin awinfirū jamī‘ā(n).
[71]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha siyap-siyapa ko kabéh lan majua (maring ara-ara perang) kanthi panthan-panthan utawané maju bareng-bareng (seregidigan).
وَاِنَّ مِنْكُمْ لَمَنْ لَّيُبَطِّئَنَّۚ فَاِنْ اَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةٌ قَالَ قَدْ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيَّ اِذْ لَمْ اَكُنْ مَّعَهُمْ شَهِيْدًا٧٢
Wa inna minkum lamal layubaṭṭi'ann(a), fa in aṣābatkum muṣībatun qāla qad an‘amallāhu ‘alayya iż lam akum ma‘ahum syahīdā(n).
[72]
Lan setemené neng antarané ko kabéh mesti ana wong sing banget ngedhapé (maring ara-ara perang). Banjur angger ko padha kenang marabaya dhéwéké ngucap, “Temen, Gusti Allah wis paring nékmat maring inyong merga inyong ora mélu perang bareng dhéwéké kabéh.”
وَلَىِٕنْ اَصَابَكُمْ فَضْلٌ مِّنَ اللّٰهِ لَيَقُوْلَنَّ كَاَنْ لَّمْ تَكُنْۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهٗ مَوَدَّةٌ يّٰلَيْتَنِيْ كُنْتُ مَعَهُمْ فَاَفُوْزَ فَوْزًا عَظِيْمًا٧٣
Wa la'in aṣābakum faḍlum minallāhi layaqūlanna ka'allam takum bainakum wa bainahū mawaddattuy yā laitanī kuntu ma‘ahum fa afūza fauzan ‘aẓīmā(n).
[73]
Lan temen, angger ko padha olih kebegyan (menang) sekang Gusti Allah, mesthi dhéwéké ngucap kaya-kaya urung nglakon ana tali welas-asih antarané ko lan dhéwéké kabéh, “Dhuh, sekirané inyong bareng karo dhéwéké, mesthi inyong arep olih kebegyan sing gedhe (uga).”
۞ فَلْيُقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ الَّذِيْنَ يَشْرُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا بِالْاٰخِرَةِ ۗ وَمَنْ يُّقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَيُقْتَلْ اَوْ يَغْلِبْ فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا٧٤
Falyuqātil fī sabīlillāhil-lażīna yasytarūnal-ḥayātad-dun-yā bil-ākhirah(ti), wa may yuqātil fī sabīlillāhi fa yuqtal au yaglib fa saufa nu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[74]
Merga kuwé, preyoga wong-wong sing adol penguripan dunya nggo (penguripan) akhérat padha peranga neng dalané Gusti Allah. Lan sapa wongé pérang neng dalané Gusti Allah, terus tiwas utawané olih kemenangan mangka bakal Ingsun paringi ganjaran sing gedhé nggo dhéwéké kabéh.
وَمَا لَكُمْ لَا تُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاۤءِ وَالْوِلْدَانِ الَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا مِنْ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ الظَّالِمِ اَهْلُهَاۚ وَاجْعَلْ لَّنَا مِنْ لَّدُنْكَ وَلِيًّاۚ وَاجْعَلْ لَّنَا مِنْ لَّدُنْكَ نَصِيْرًا٧٥
Wa mā lakum lā tuqātilūna fī sabīlillāhi wal-mustaḍ‘afīna minar-rijāli wan-nisā'i wal-wildānil-lażīna yaqūlūna rabbanā akhrijnā min hāżihil-qaryatiẓ-ẓālimi ahluhā, waj‘al lanā mil ladunka waliyyā(n), waj‘al lanā mil ladunka naṣīrā(n).
[75]
Lan kenangapa ko kabéh ora gelem perang neng dalané Gusti Allah lan (mbélani) wong sing ora pideksa, becik wong lanang, wong wadon utawané bocah-bocah sing padha nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, wedalaken kula sedaya saking negari niki (Mekah) ingkang warginipun sami aniaya. Mugi paring dhateng kula sedaya pengayoman saking sisih Penjenengan, lan paring dhateng kula penulung saking sisih Penjenengan.”
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۚ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ الطَّاغُوْتِ فَقَاتِلُوْٓا اَوْلِيَاۤءَ الشَّيْطٰنِ ۚ اِنَّ كَيْدَ الشَّيْطٰنِ كَانَ ضَعِيْفًا ۚ ࣖ٧٦
Al-lażīna āmanū yuqātilūna fī sabīlillāh(i), wal-lażīna kafarū yuqātilūna fī sabīliṭ-ṭāgūti fa qātilū auliyā'asy-syaiṭān(i), inna kaidasy-syaiṭāni kāna ḍa‘īfā(n).
[76]
Wong-wong sing precaya, padha perang neng dalané Gusti Allah lan wong-wong sing mbangkang (kapir) perang neng dalané Tagut, mangka perangia batir-batiré sétan kuwé, (merga) apus-apusé sétan kuwé lembék (apes).
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ قِيْلَ لَهُمْ كُفُّوْٓا اَيْدِيَكُمْ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۚ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ يَخْشَوْنَ النَّاسَ كَخَشْيَةِ اللّٰهِ اَوْ اَشَدَّ خَشْيَةً ۚ وَقَالُوْا رَبَّنَا لِمَ كَتَبْتَ عَلَيْنَا الْقِتَالَۚ لَوْلَآ اَخَّرْتَنَآ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۗ قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيْلٌۚ وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّمَنِ اتَّقٰىۗ وَلَا تُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٧٧
Alam tara ilal-lażīna qīla lahum kuffū aidiyakum wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāt(a), fa lammā kutiba ‘alaihimul-qitālu iżā farīqum minhum yakhsyaunan-nāsa kakhasy-yatillāhi au asyadda khasy-yah(tan), wa qālū rabbanā lima katabta ‘alainal-qitāl(a), lau lā akhkhartanā ilā ajalin qarīb(in), qul matā‘ud-dun-yā qalīl(un), wal-ākhiratu khairul limanittaqā, wa lā tuẓlamūna fatīlā(n).
[77]
Apa ko ora padha nggatékna wong-wong sing déucapna maring dhéwéké kabéh, 206 “Tahan tanganmu (sekang temindak perang), leksanakna sembayang lan lunasi jakat!” Rikala dhéwéké kabéh déwajibna perang, dadakan sebagéané dhéwéké (wong lamis/munapék) padha wedi maring menungsa (mungsuh), kaya wediné maring Gusti Allah, malah lewih wedi maning (sekang kuwé). Dhéwéké padha ngucap, “Dhuh Pengéran kula sedaya, kenging napa Penjenengan majibaken perang dhateng kula? Kenging napa Penjenengan mboten nundha (wajibé perang niku) dhateng kula sewetawis wekdal malih?” Ucapna, “Kesenengan neng dunya kiyé mung semendhing lan akhérat kuwé lewih apik tumrap wong-wong sing padha semarah maring Gusti Allah (olih ganjaran mélu perang) lan ko kabéh ora bakal déaniaya (dékapitunani) semendhing-mendhinga.”
206) Wong sing mbuktékna awaké duwé precaya lan njaluk idin mangkat perang seurungé ana préntah kon perang.
اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يُدْرِكْكُّمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنْتُمْ فِيْ بُرُوْجٍ مُّشَيَّدَةٍ ۗ وَاِنْ تُصِبْهُمْ حَسَنَةٌ يَّقُوْلُوْا هٰذِهٖ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۚ وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَّقُوْلُوْا هٰذِهٖ مِنْ عِنْدِكَ ۗ قُلْ كُلٌّ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ فَمَالِ هٰٓؤُلَاۤءِ الْقَوْمِ لَا يَكَادُوْنَ يَفْقَهُوْنَ حَدِيْثًا٧٨
Aina mā takūnū yudrikkumul-mautu wa lau kuntum fī burūjim musyayyadah(tin), wa in tuṣibhum ḥasanatuy yaqūlū hāżihī min ‘indillāh(i), wa in tuṣibhum sayyi'atuy yaqūlū hāżihī min ‘indik(a), qul kullum min ‘indillāh(i), famā lihā'ulā'il-qaumi lā yakādūna yafqahūna ḥadīṡā(n).
[78]
Neng ngendi baé anané ko kabéh, pati bakal nemoni, senajan ko padha ana neng njero bénténg sing dhuwur lan teguh. Angger dhéwéké olih kebagusan, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé sekang sisihé Gusti Allah,” lan angger dhéwéké kenang apes (ketiban ala) dhéwéké padha ngucap, “Kiyé sekang sliramu (Muahammad).” Dhawuhna, “Kabéhan tekané sekang sisihé Gusti Allah.” Mangka kenangapa wong-wong kuwé (wong-wong lamis/muanfik) méh ora mahami ucapan semendhing-mendhinga?”
مَآ اَصَابَكَ مِنْ حَسَنَةٍ فَمِنَ اللّٰهِ ۖ وَمَآ اَصَابَكَ مِنْ سَيِّئَةٍ فَمِنْ نَّفْسِكَ ۗ وَاَرْسَلْنٰكَ لِلنَّاسِ رَسُوْلًا ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا٧٩
Mā aṣābaka min ḥasanatin fa minallāh(i), wa mā aṣābaka min sayyi'atin fa min nafsik(a), wa arsalnāka lin-nāsi rasūlā(n), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[79]
Kebecikan apa baé sing ko kabéh pekolih, anané sekang sisihé Gusti Allah, lan apes (prékara ala) apa baé sing ngenani dhéwéké, kuwé sekang (salahé) awaké dhéwék. Ingsun wis ngutus sliramu (Muhammad) dadi utusan maring (kabéhan) menungsa. Lan cukup mung Gusti Allah sing dadi seksi.
مَنْ يُّطِعِ الرَّسُوْلَ فَقَدْ اَطَاعَ اللّٰهَ ۚ وَمَنْ تَوَلّٰى فَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًا ۗ٨٠
May yuṭi‘ir-rasūla faqad aṭā‘allāh(a), wa man tawallā famā arsalnāka ‘alaihim ḥafīẓā(n).
[80]
Sapa wongé manut maring Utusan (Muhammad) mangka setemené dhéwéké wis manut maring Gusti Allah. Lan sapa wongé mléngos (sekang pemanut kuwé) mangka (kawruhana) Ingsun ora ngutus sliramu (Muhammad) nggo dadi pengreksané dhéwéké kabéh 207 .
207) Utusan (Kanjeng Nabi Muhammad) ora nanggung-jawab ingatasé tindakanné dhéwéké kabéh lan ora njamin wong-wong kuwé ora nglakoni keluputan.
وَيَقُوْلُوْنَ طَاعَةٌ ۖ فَاِذَا بَرَزُوْا مِنْ عِنْدِكَ بَيَّتَ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ غَيْرَ الَّذِيْ تَقُوْلُ ۗ وَاللّٰهُ يَكْتُبُ مَا يُبَيِّتُوْنَ ۚ فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٨١
Wa yaqūlūna ṭā‘ah(tun), fa iżā barazū min ‘indika bayyata ṭā'ifatum minhum gairal-lażī taqūl(u), wallāhu yaktubu mā yubayyitūn(a), fa a‘riḍ ‘anhum wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[81]
Lan dhéwéké (wong-wong lamis) padha ngucap, “(Kewajibané inyong kabéh mung) manut.” Ning, angger dhéwéké wis padha lunga sekang sandhingmu (Muhammad), sebagéan sekang dhéwéké padha ngatur siyasat neng wektu wengi (gawé putusan) béda sekang sing wis dhéwéké ucapna miki. Gusti Allah nyathet siyasat sing dhéwéké atur neng wektu wengi kuwé, mangka mléngosa sekang dhéwéké lan padha tawakala maring Gusti Allah. Cukup Gusti Allah sing dadi pengayom.
اَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْاٰنَ ۗ وَلَوْ كَانَ مِنْ عِنْدِ غَيْرِ اللّٰهِ لَوَجَدُوْا فِيْهِ اخْتِلَافًا كَثِيْرًا٨٢
Afalā yatadabbarūnal-qur'ān(a), wa lau kāna min ‘indi gairillāhi lawajadū fīhikhtilāfan kaṡīrā(n).
[82]
Mangka apa dhéwéké ora padha nyecep (isiné) Al-Qur’an? Sekirané (Al-Qur’an) kuwé udu sekang Gusti Allah, mesthiné dhéwéké nemokna akéh prékara sing padha sulaya neng senjeroné (Al-Qur’an).
وَاِذَا جَاۤءَهُمْ اَمْرٌ مِّنَ الْاَمْنِ اَوِ الْخَوْفِ اَذَاعُوْا بِهٖ ۗ وَلَوْ رَدُّوْهُ اِلَى الرَّسُوْلِ وَاِلٰٓى اُولِى الْاَمْرِ مِنْهُمْ لَعَلِمَهُ الَّذِيْنَ يَسْتَنْۢبِطُوْنَهٗ مِنْهُمْ ۗ وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ لَاتَّبَعْتُمُ الشَّيْطٰنَ اِلَّا قَلِيْلًا٨٣
Wa iżā jā'ahum amrum minal-amni awil-khaufi ażā‘ū bih(ī), wa lau ruddūhu ilar-rasūli wa ilā ulil-amri minhum la‘alimahul-lażīna yastambiṭūnahū minhum, wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū lattaba‘tumusy-syaiṭāna illā qalīlā(n).
[83]
Lan angger butul maring dhéwéké sewiji kabar ngenani ketentreman utawané kemirisan, dhéwéké padha (gagiyan) nyiyarna. (Mangkané) angger dhéwéké padha masrahna maring Utusan (Muhammad) lan Ulil Amri 208 neng antarané dhéwéké kabéh, mesthi wong-wong sing kepéngin ngerti beneré (arep bisa) ngawéruhi (secara sah) sekang slirané kabéh (Utusan lan Ulil Amri). 209 Sekirané udu merga peparing lan welas-asihé Gusti Allah maring ko kabéh, mesthiné ko padha ngetutna sétan, kejaba mung sebagéan cilik (neng antarané ko kabéh).
208) Wong-wong penting batiré Rasul.
209) Miturut juru tapsir sing liyané, maksudé yakuwé: angger sewijiné kabar ngenani ketrenteman lan kemirisan kuwé débutulna maring Rasul lan Ulil Amri, mesti Rasul lan Ulil Amri sing ahli bisa netepna pengertén (istimbat) sekang kabar kuwé.
فَقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۚ لَا تُكَلَّفُ اِلَّا نَفْسَكَ وَحَرِّضِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّكُفَّ بَأْسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ۗوَاللّٰهُ اَشَدُّ بَأْسًا وَّاَشَدُّ تَنْكِيْلًا٨٤
Faqātil fī sabīlillāh(i), lā tukallafu illā nafsaka wa ḥarriḍil-mu'minīn(a), ‘asallāhu ay yakuffa ba'sal lażīna kafarū, wallāhu asyaddu ba'saw wa asyaddu tankīlā(n).
[84]
Mangka peranga sliramu (Muhammad) neng dalané Gusti Allah, sliramu ora debot-boti kejaba awaké sliramu pribadi. 210 Gugahen (semangaté) wong sing padha precaya (nggo perang). Moga-moga Gusti Allah nolak (nglumpuhna) serangané wong-wong sing kapir kuwé. Gusti Allah banget gedhé kekuwatan-É lan banget keras siksa-Né.
210) Préntah perang kuwé kudu déleksanakna déning Nabi Muhammad s.a.w, merga sing ketiban préntah slirané pribadi. Ayat kiyé ana gandhéng-cenengé karo warga Medinah sing akéh-akéhé padha ngedhap mélu perang Badar bareng Kanjeng Nabi. Mulané temurun ayat kiyé sing akon maring Kanjeng Nabi mangkat perang senajan dhéwékan.
مَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً حَسَنَةً يَّكُنْ لَّهٗ نَصِيْبٌ مِّنْهَا ۚ وَمَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً سَيِّئَةً يَّكُنْ لَّهٗ كِفْلٌ مِّنْهَا ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقِيْتًا٨٥
May yasyfa‘ syafā‘atan ḥasanatay yakul lahū naṣībum minhā, wa may yasyfa‘ syafā‘atan sayyi'atay yakul lahū kiflum minhā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'im muqītā(n).
[85]
Sapa wongé awéh pitulung kanthi pitulungan sing apik, mesthi dhéwéké bakal olih bagéan sekang (ganjaran)nya lan sapa wongé awéh pitulung kanthi pitulungan sing ala, mesthi dhéwéké bakal mikul bagéan sekang (dosa)nya. Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
وَاِذَا حُيِّيْتُمْ بِتَحِيَّةٍ فَحَيُّوْا بِاَحْسَنَ مِنْهَآ اَوْ رُدُّوْهَا ۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَسِيْبًا٨٦
Wa iżā ḥuyyītum bitaḥiyyatin fa ḥayyū bi'aḥsana minhā au ruddūhā, innallāha kāna ‘alā kulli syai'in ḥasībā(n).
[86]
Lan angger ko kabéh déormati kanthi sewiji (ngalam) pekurmatan, mangka walesen pekurmatan kuwé nganggo sing lewih apik, utawa walesen (pekurmatan kuwé, sing setimpal). Temen, Gusti Allah ngétung-ngétung samubarang kabéh.
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ لَيَجْمَعَنَّكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَا رَيْبَ فِيْهِ ۗ وَمَنْ اَصْدَقُ مِنَ اللّٰهِ حَدِيْثًا ࣖ٨٧
Allāhu lā ilāha illā huw(a), layajma‘annakum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīh(i), wa man aṣdaqu minallāhi ḥadīṡā(n).
[87]
Gusti Allah, ora nana Pengéran seliyané Penjenengané. Penjenengané mesthi bakal ngumpulna ko kabéh neng dina Kiyamat sing ora mangmang (bakal) kedadéané. Sapa sing lewih bener ucapan(é) tenimbang Gusti Allah?
۞ فَمَا لَكُمْ فِى الْمُنٰفِقِيْنَ فِئَتَيْنِ وَاللّٰهُ اَرْكَسَهُمْ بِمَا كَسَبُوْا ۗ اَتُرِيْدُوْنَ اَنْ تَهْدُوْا مَنْ اَضَلَّ اللّٰهُ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ سَبِيْلًا٨٨
Famā lakum fil-munāfiqīna fi'ataini wallāhu arkasahum bimā kasabū, aturīdūna an tahdū man aḍallallāh(u), wa may yuḍlilillāhu falan tajida lahū sabīlā(n).
[88]
Mangka kenangapa ko padha (pecah) dadi rong golongan 211 sejeroné (ngadhepi) wong-wong lamis (munapék), mangkané Gusti Allah wis mbalékna dhéwéké (maring kapir) merga usahané dhéwéké kabéh? Apa ko padha duwé maksud awéh pitudhuh maring wong sing wis déjorna kesasar déning Gusti Allah? Sapa wongé sing déjorna kesasar déning Gusti Allah, ko kabéh ora bakal olih dalan (nggo awéh pitudhuh) maring dhéwéké.
211) Golongané wong precaya sing mbélani golongané wong lamis (munapék) lan golongané wong precaya sing dadi mungsuhé dhéwéké kabéh.
وَدُّوْا لَوْ تَكْفُرُوْنَ كَمَا كَفَرُوْا فَتَكُوْنُوْنَ سَوَاۤءً فَلَا تَتَّخِذُوْا مِنْهُمْ اَوْلِيَاۤءَ حَتّٰى يُهَاجِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَخُذُوْهُمْ وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ وَجَدْتُّمُوْهُمْ ۖ وَلَا تَتَّخِذُوْا مِنْهُمْ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًاۙ٨٩
Waddū lau takfurūna kamā kafarū fa takūnūna sawā'an falā tattakhiżū minhum auliyā'a ḥattā yuhājirū fī sabīlillāh(i), fa in tawallau fa khużūhum waqtulūhum ḥaiṡu wajattumūhum, wa lā tattakhiżū minhum waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[89]
Dhéwéké kabéh kepéngin supayané ko padha dadi kapir (mbangkang) kayadéné dhéwéké kabéh wis dadi kapir saéngga ko dadi padha (karo dhéwéké). Aja nganti ko padha ndadékna sekang antarané dhéwéké minangka batir-batir(mu), seurungé dhéwéké padha boyong maring dalané Gusti Allah. Angger dhéwéké padha mléngos 212 mangka tawanen dhéwéké lan paténana dhéwéké neng endi baé dhéwéké ko temokna, lan aja nganti ko padha ndadékna wong siji baé neng antarané dhéwéké kabéh minangka batir setiya lan penulung,
212) Décritakna, lamon sewetara wong Arab sing teka maring Kanjeng Nabi s.a.w neng Medinah, terus padha mlebu Islam, ning banjur dhéwéké padha kenang prenyakit Medinah. Merga kuwé dhéwéké padha bali kapir maning, lan padha metu sekang Medinah. Banjur wong-wong kuwé ketemu karo batir-batiré Kanjeng Nabi, sing banjur takon apa sebabé dhéwéké padha ninggalna Medinah. Wong-wong kuwé padha crita lamon dhéwéké padha kenang prenyakit Medinah. Para batiré Kanjeng Nabi takon, “Kenangapa ko ora padha nyonto sing apik sekang Kanjeng Nabi?”. Neng prekara kiyé para batiré Kanjeng Nabi pecah dadi rong golongan. Separoné duwé penemu lamon wong-wong kuwé wis dadi lamis (munapék). Separoné maning duwé penemu lamon dhéwéké kabéh kuwé ésih klebu Islam. Banjur temurun ayat kiyé sing nyalahna kaum muslimin merga pecah dadi rong golongan kuwé, lan mréntahna supayané wong-wong Arab mau décekel lan dépaténi, angger dhéwéké padha ora boyong maring Medinah, merga dhéwéké kabéh dépadhakna karo wong musrik liyané.
اِلَّا الَّذِيْنَ يَصِلُوْنَ اِلٰى قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌ اَوْ جَاۤءُوْكُمْ حَصِرَتْ صُدُوْرُهُمْ اَنْ يُّقَاتِلُوْكُمْ اَوْ يُقَاتِلُوْا قَوْمَهُمْ ۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَسَلَّطَهُمْ عَلَيْكُمْ فَلَقَاتَلُوْكُمْ ۚ فَاِنِ اعْتَزَلُوْكُمْ فَلَمْ يُقَاتِلُوْكُمْ وَاَلْقَوْا اِلَيْكُمُ السَّلَمَ ۙ فَمَا جَعَلَ اللّٰهُ لَكُمْ عَلَيْهِمْ سَبِيْلًا٩٠
Illal lażīna yaṣilūna ilā qaumim bainakum wa bainahum mīṡāqun au jā'ūkum ḥaṣirat ṣudūruhum ay yuqātilūkum au yuqātilū qaumahum, wa lau syā'allāhu lasallaṭahum ‘alaikum fa laqātalūkum, fa ini‘tazalūkum falam yuqātilūkum wa alqau ilaikumus-salam(a), famā ja‘alallāhu lakum ‘alaihim sabīlā(n).
[90]
kejaba wong-wong sing njaluk déayomi maring sewiji golongan, sing antarané ko kabéh lan golongan kuwé wis ana janjian (akur) 213 utawa wong sing teka maring ko kabéh ning atiné padha krasa kabotan merangi ko kabéh utawa merangi kaumé. 214 Sekirané Gusti Allah ngersakna, masthi déparingna (déning Penjenengané) kuwasa maring dhéwéké (sejeroné) ngadhepi ko kabéh, mangka mesthi dhéwéké padha merangi ko kabéh. Ning angger dhéwéké padha ngejorna ko kabéh, lan ora merangi ko lan nawakna kerukunan maring ko kabéh (teluk), mangka Gusti Allah ora paring dalan maring ko kabéh (nggo nyekel lan maténi) dhéwéké kabéh.
213) Ayat kiyé dadi dhasar hukum suaka.
214) Ora mbalani lan wis nganakna sesrawungan karo wong-wong muslimin.
سَتَجِدُوْنَ اٰخَرِيْنَ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّأْمَنُوْكُمْ وَيَأْمَنُوْا قَوْمَهُمْ ۗ كُلَّ مَا رُدُّوْٓا اِلَى الْفِتْنَةِ اُرْكِسُوْا فِيْهَا ۚ فَاِنْ لَّمْ يَعْتَزِلُوْكُمْ وَيُلْقُوْٓا اِلَيْكُمُ السَّلَمَ وَيَكُفُّوْٓا اَيْدِيَهُمْ فَخُذُوْهُمْ وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوْهُمْ ۗ وَاُولٰۤىِٕكُمْ جَعَلْنَا لَكُمْ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا ࣖ٩١
Satajidūna akharīna yurīdūna ay ya'manūkum wa ya'manū qaumahum, kullamā ruddū ilal-fitnati urkisū fīhā, fa illam ya‘tazilūkum wa yulqū ilaikumus-salama wa yakuffū aidiyahum fa khużūhum waqtulūhum ḥaiṡu ṡaqiftumūhum, wa ulā'ikum ja‘alnā lakum ‘alaihim sulṭānam mubīnā(n).
[91]
Mbésuk bakal ko kabéh temoni (golongan-golongan) sing liya, sing kepéngin supayané dhéwéké padha urip aman bareng-bareng ko kabéh lan aman (uga) bareng karo kaumé. Saben-saben dhéwéké déséng bali maring pitnah (nyekuthokna Gusti Allah) dhéwéké padha njegur maring sejeroné (pitnah kuwé). Merga kuwé, angger dhéwéké ora ngejorna ko kabéh lan ora gelem tawa kerukunan maring ko kabéh, ora téyéng nyegah tangané (sekang merangi ko kabéh), mangka cekelen lan paténana dhéwéké kabéh neng endi baé dhéwéké ko temoni, lan dhéwéké kuwé wong-wong sing Ingsun paring alésan sing genah (nggo merangi, nyekel lan maténi) dhéwéké kabéh.
وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ اَنْ يَّقْتُلَ مُؤْمِنًا اِلَّا خَطَـًٔا ۚ وَمَنْ قَتَلَ مُؤْمِنًا خَطَـًٔا فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ وَّدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ اِلٰٓى اَهْلِهٖٓ اِلَّآ اَنْ يَّصَّدَّقُوْا ۗ فَاِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍ عَدُوٍّ لَّكُمْ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ ۗوَاِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌ فَدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ اِلٰٓى اَهْلِهٖ وَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ ۚ فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِۖ تَوْبَةً مِّنَ اللّٰهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا٩٢
Wa mā kāna limu'minin ay yaqtula mu'minan illā khaṭa'ā(n), wa man qatala mu'minan khaṭa'an fa taḥrīru raqabatim mu'minatiw wa diyatum musallamatun ilā ahlihī illā ay yaṣṣaddaqū, fa in kāna min qaumim bainakum wa bainahum mīṡāqun fa diyatum musallamatun ilā ahlihī wa taḥrīru raqabatim mu'minah(tin), famal lam yajid fa ṣiyāmu syahraini mutatābi‘aini taubatam minallāh(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[92]
Lan ora pantes tumrap wong sing precaya maténi wong sing precaya (liyané), kejaba merga keliru (ora sengaja). Sapa wongé maténi wong sing precaya merga keliru (preyoga) dhéwéké merdekakna batur-tukon (budak) mukmin lan (mbayar) tebusan sing désrahna maring kulawargané (sing dépaténi kuwé), kejaba angger dhéwéké kabéh (kulawargané sing dépaténi) ngrilakna bayaran. Angger dhéwéké (sing dépaténi) golongané sing nyatroni ko kabéh, mangkané dhéwéké wong precaya, mangka (preyoga sing maténi) merdhékakna budak sing precaya. Lan angger dhéwéké (sing dépaténi) sekang kaum (kapir) sing ora ana janjian (akur-akuran) antarané ko kabéh karo dhéwéké, mangka (preyoga sing maténi) mbayar tebusan sing désrahna maring kulawargané (sing dépaténi) lan merdhékakna budak sing precaya. Sapa wongé ora nemu (budak sing precaya), mangka (sing maténi) preyoga puasa rong wulan terus-terusan minangka tobat maring Gusti Allah. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
وَمَنْ يَّقْتُلْ مُؤْمِنًا مُّتَعَمِّدًا فَجَزَاۤؤُهٗ جَهَنَّمُ خَالِدًا فِيْهَا وَغَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَلَعَنَهٗ وَاَعَدَّ لَهٗ عَذَابًا عَظِيْمًا٩٣
Wa may yaqtul mu'minam muta‘ammidan fa jazā'uhū jahannamu khālidan fīhā wa gaḍiballāhu ‘alaihi wa la‘anahū wa a‘adda lahū ‘ażāban ‘aẓīmā(n).
[93]
Lan sapa wongé maténi siji baé wong sing precaya kanthi sengaja, mangka piwalesé neraka Jahanam, dhéwéké langgeng neng njeroné. Gusti Allah bendu maring dhéwéké, lan nyupatani sarta nyedhiakna siksa sing gedhé tumrap wong mau.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا ضَرَبْتُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَتَبَيَّنُوْا وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ اَلْقٰىٓ اِلَيْكُمُ السَّلٰمَ لَسْتَ مُؤْمِنًاۚ تَبْتَغُوْنَ عَرَضَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۖفَعِنْدَ اللّٰهِ مَغَانِمُ كَثِيْرَةٌ ۗ كَذٰلِكَ كُنْتُمْ مِّنْ قَبْلُ فَمَنَّ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ فَتَبَيَّنُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا٩٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā ḍarabtum fī sabīlillāhi fa tabayyanū wa lā taqūlū liman alqā ilaikumus-salāma lasta mu'minā(n), tabtagūna ‘araḍal-ḥayātid-dun-yā, fa ‘indallāhi magānimu kaṡīrah(tun), każālika kuntum min qablu fa mannallāhu ‘alaikum fa tabayyanū, innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[94]
Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko kpadha lunga (mangkat perang) neng dalané Gusti Allah, mangka détliti (goléta keterangan) lan ko aja padha ngucap maring wong sing ngucapna ’salam’ maring ko kabéh, 215 “Ko kabéh udu wong sing precaya” (banjur ko padha maténi wong mau) nggo tujuan golét bandha penguripan dunya, mangkané neng sisihé Gusti Allah ana bandha sing akéh banget. Kaya kuwé uga anané ko kabéh gemiyén, 216 banjur Gusti Allah paring nékmat-É maring ko kabéh, mangka tlitinen. Temen, Gusti Allah Mahanastiti maring apa sing ko kabéh pergawé.
215) Uga démaksud wong sing padha ngucapna kalimah Laa ilaaha illallah.
216) Wong kuwé urung genah Islamé tumrap wong akéh, ko uga padha kaya kuwé gemiyén.
لَا يَسْتَوِى الْقٰعِدُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ غَيْرُ اُولِى الضَّرَرِ وَالْمُجٰهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ فَضَّلَ اللّٰهُ الْمُجٰهِدِيْنَ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ عَلَى الْقٰعِدِيْنَ دَرَجَةً ۗ وَكُلًّا وَّعَدَ اللّٰهُ الْحُسْنٰىۗ وَفَضَّلَ اللّٰهُ الْمُجٰهِدِيْنَ عَلَى الْقٰعِدِيْنَ اَجْرًا عَظِيْمًاۙ٩٥
Lā yastawil-qā‘idūna minal-mu'minīna gairu uliḍ-ḍarari wal-mujāhidūna fī sabīlillāhi bi'amwālihim wa anfusihim, faḍḍalallāhul-mujāhidīna bi amwālihim wa anfusihim ‘alal-qā‘idīna darajah(tan), wa kullaw wa‘adallāhul-ḥusnā, wa faḍḍalallāhul-mujāhidīna ‘alal-qā‘idīna ajran ‘aẓīmā(n).
[95]
Ora padha antarané wong precaya sing padha njagong (sing ora mélu perang) tanpa uzur (alangan) karo wong sing toh-pati neng dalané Gusti Allah nganggo bandhané lan awaké. Gusti Allah munjulna drajaté wong-wong sing padha toh-pati nganggo bandhané lan awaké ingatasé wong-wong sing padha njagong baé (ora mélu perang tanpa alangan). Maring dhéwék-dhéwék, Gusti Allah njanjékna ganjaran sing apik (suwarga) lan Gusti Allah munjulna wong-wong sing toh-pati (mbéla agamané Gusti Allah) ingatasé wong sing njagong kanthi ganjaran sing gedé,
دَرَجٰتٍ مِّنْهُ وَمَغْفِرَةً وَّرَحْمَةً ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ٩٦
Darajātim minhu wa magfirataw wa raḥmah(tan), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[96]
(yakuwé) pirang-pirang drajat peparingé Gusti Allah, lan (uga) déparingi pengampura lan welas-asih. Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
اِنَّ الَّذِيْنَ تَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ظَالِمِيْٓ اَنْفُسِهِمْ قَالُوْا فِيْمَ كُنْتُمْ ۗ قَالُوْا كُنَّا مُسْتَضْعَفِيْنَ فِى الْاَرْضِۗ قَالُوْٓا اَلَمْ تَكُنْ اَرْضُ اللّٰهِ وَاسِعَةً فَتُهَاجِرُوْا فِيْهَا ۗ فَاُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ ۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًاۙ٩٧
Innal-lażīna tawaffāhumul-malā'ikatu ẓālimī anfusihim qālū fīma kuntum, qālū kunnā mustaḍ‘afīna fil-arḍ(i), qālū alam takun arḍullāhi wāsi‘atan fa tuhājirū fīhā, fa ulā'ika ma'wāhum jahannam(u), wa sā'at maṣīrā(n).
[97]
Setemené wong-wong sing déjabud nyawané déning malaékat neng sejeroné kahanan nganiaya (gawé tuna) awaké dhéwék, 217 dhéwéké (para malaékat) takon, “Kepriwé jané ko?” Wong-wong kuwé semaur, “Inyong kabéh wong-wong kaniaya neng bumi (Mekah).” Dhéwéké (para malaékat) takon, “Mbok iya buminé Gusti Allah kuwé amba, saéngga ko padha téyéng hijrah (bayang-boyong) neng bumi kuwé?” Mangka wong-wong kuwé panggonané neng neraka Jahanam, lan (Jahanam) kuwé seala-alané panggonan bali,
217) Wong-wong Islam Mekah sing ora gelem boyong bareng Kanjeng Nabi s.a.w, mangkané dhéwéké kabéh jané sanggup. Dhéwéké kabéh détindhes lan dépeksa neng wong kapir kon mélu bareng dhéwéké lunga maring Perang Badar; akhiré neng antarané dhéwéké kabéh ana sing mati (kenang panah) neng peperangan kuwé.
اِلَّا الْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاۤءِ وَالْوِلْدَانِ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ حِيْلَةً وَّلَا يَهْتَدُوْنَ سَبِيْلًاۙ٩٨
Illal-mustaḍ‘afīna minar-rijāli wan-nisā'i wal-wildāni lā yastaṭī‘ūna ḥīlataw wa lā yahtadūna sabīlā(n).
[98]
kejaba dhéwéké sing padha kaniaya kuwé becik lanang utawa wadon lan bocah-bocah sing ora pideksa lan ora weruh dalan (nggo boyong),
فَاُولٰۤىِٕكَ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّعْفُوَ عَنْهُمْ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَفُوًّا غَفُوْرًا٩٩
Fa ulā'ika ‘asallāhu ay ya‘fuwa ‘anhum, wa kānallāhu ‘afuwwan gafūrā(n).
[99]
mangka dhéwéké kabéh kuwé, moga-moga Gusti Allah paring pengampura maring wong-wong mau. Gusti Allah Maha Mranani, Maha Ngampura.
۞ وَمَنْ يُّهَاجِرْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ يَجِدْ فِى الْاَرْضِ مُرٰغَمًا كَثِيْرًا وَّسَعَةً ۗوَمَنْ يَّخْرُجْ مِنْۢ بَيْتِهٖ مُهَاجِرًا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ ثُمَّ يُدْرِكْهُ الْمَوْتُ فَقَدْ وَقَعَ اَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ١٠٠
Wa may yuhājir fī sabīlillāhi yajid fil-arḍi murāgaman kaṡīraw wa sa‘ah(tan), wa may yakhruj mim baitihī muhājiran ilallāhi wa rasūlihī ṡumma yudrik-hul-mautu faqad waqa‘a ajruhū ‘alallāh(i), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[100]
Lan sapa wongé boyong neng dalané Gusti Allah, mesthi dhéwéké kabéh bakal olih neng bumi kiyé panggonan boyong sing jembar lan (rejeki) sing akéh. Sapa wongé metu sekang umahé kanthi tujuan boyong merga (manut maring) Gusti Allah lan Utusan-É, banjur dhéwéké ketiban pati (seurungé butul maring nggon sing détuju) mangka temen, ganjarané wis détetepna neng sisihé Gusti Allah. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
وَاِذَا ضَرَبْتُمْ فِى الْاَرْضِ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَقْصُرُوْا مِنَ الصَّلٰوةِ ۖ اِنْ خِفْتُمْ اَنْ يَّفْتِنَكُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ اِنَّ الْكٰفِرِيْنَ كَانُوْا لَكُمْ عَدُوًّا مُّبِيْنًا١٠١
Wa iżā ḍarabtum fil-arḍi fa laisa ‘alaikum junāḥun an taqṣurū minaṣ-ṣalāh(ti), in khiftum ay yaftinakumul-lażīna kafarū, innal-kāfirīna kānū lakum ‘aduwwam mubīnā(n).
[101]
Lan angger ko kabéh lelungan neng bumi, mangka ora dosa ko padha nglakoni (qasar), 218 angger ko padha wedi déserang déning wong kapir. Setemené wong kapir kuwé mungsuh sing cetha tumrapé ko kabéh.
218) Miturut tapsir umum, tegesé qasar kuwé sembayang sing patang rekangat dédadékna rong rekangat.
وَاِذَا كُنْتَ فِيْهِمْ فَاَقَمْتَ لَهُمُ الصَّلٰوةَ فَلْتَقُمْ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ مَّعَكَ وَلْيَأْخُذُوْٓا اَسْلِحَتَهُمْ ۗ فَاِذَا سَجَدُوْا فَلْيَكُوْنُوْا مِنْ وَّرَاۤىِٕكُمْۖ وَلْتَأْتِ طَاۤىِٕفَةٌ اُخْرٰى لَمْ يُصَلُّوْا فَلْيُصَلُّوْا مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوْا حِذْرَهُمْ وَاَسْلِحَتَهُمْ ۚ وَدَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ تَغْفُلُوْنَ عَنْ اَسْلِحَتِكُمْ وَاَمْتِعَتِكُمْ فَيَمِيْلُوْنَ عَلَيْكُمْ مَّيْلَةً وَّاحِدَةً ۗوَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِنْ كَانَ بِكُمْ اَذًى مِّنْ مَّطَرٍ اَوْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَنْ تَضَعُوْٓا اَسْلِحَتَكُمْ وَخُذُوْا حِذْرَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ اَعَدَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًا١٠٢
Wa iżā kunta fīhim fa aqamta lahumuṣ-ṣalāta faltaqum ṭā'ifatum minhum ma‘aka walya'khużū asliḥatahum, fa iżā sajadū falyakūnū miw warā'ikum, walta'ti ṭā'ifatun ukhrā lam yuṣallū falyuṣallū ma‘aka walya'khużū ḥiżrahum wa asliḥatahum, waddal-lażīna kafarū lau tagfulūna ‘an asliḥatakum wa amti‘atikum, fa yamīlūna ‘alaikum mailataw wāḥidah(tan), wa lā junāḥa ‘alaikum in kāna bikum ażam mim maṭarin au kuntum marḍā an taḍa‘ū asliḥatakum wa khużū ḥiżrakum, innallāha a‘adda lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[102]
Lan angger sliramu (Muhammad) ana neng tengah-tengahé dhéwéké kabéh (batiré-batiré sliramu), banjur sliramu arep nglakoni sem-bayang bareng-bareng dhéwéké, mangka preyoga serombongan sekang dhéwéké njanggleng (sembayang) bareng sliramu lan padha nyekel pedhamané (senjatané), banjur angger dhéwéké kabéh (sing sembayang bareng sliramu) sujud (wis nyempurnakna serékangat) 219 mangka preyoga dhéwéké padha boyong sekang mburiné sliramu (nggo ngadhepi mungsuh) lan preyoga teka serombongan liya sing urung sembayang, banjur dhéwéké padha sembayang bareng sliramu, 220 lan preyoga dhéwéké padha siyap-siyaga nyekel pedhamané dhéwék. Wong-wong kapir padha kepéngin ko kabéh ora serilik maring pedhama lan dunya-bandhamu, banjur dhéwéké nglurug ko kabéh sepisan bres. Lan kena baé ko padha nggletakna pedhama-pedhamamu, angger ko padha kenang palangan merga udan, utawa merga ko padha mriyang, lan padha siyap-siyaga ko kabéh. 221 Temen, Gusti Allah wis nyedhiakna siksa sing gawé nisthané nggo wong-wong sing mbangkang (kapir(...)
219) Miturut sebagéan akéh juru tapsir, angger wis rampung serekangat, terus dérampungna serekangat maning dhéwékan, lan Kanjeng Nabi lenggah nunggu klompok sing nomer loro.
220) Rekangat sing sepisanan, lan rekangat pindhoné uga padha dérampungi dhéwék lan dhéwéké kabéh ngrampungi sembayang bareng-bareng Kanjeng Nabi s.a.w.
221) Carané sembayang khauf kaya kesebut neng ayat 102, kiyé délakokna neng kahanan sing kira-kira ésih bisa délakoni. Angger kahanané ora bisa, mangka sembayang kuwé délakokna sebisa-bisané, senajan mung karo ngucapna tasbéh (ucapan subhanallah).
فَاِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلٰوةَ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ قِيَامًا وَّقُعُوْدًا وَّعَلٰى جُنُوْبِكُمْ ۚ فَاِذَا اطْمَأْنَنْتُمْ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ ۚ اِنَّ الصَّلٰوةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ كِتٰبًا مَّوْقُوْتًا١٠٣
Fa iżā qaḍaitumuṣ-ṣalāta fażkurullāha qiyāmaw wa qu‘ūdaw wa ‘alā junūbikum, fa iżaṭma'nantum fa aqīmuṣ-ṣalāh(ta), innaṣ-ṣalāta kānat ‘alal-mu'minīna kitābam mauqūtā(n).
[103]
Sebanjuré, angger ko kabéh wis nglakoni sembayang(mu), élinga maring Gusti Allah rikala ko padha njanggleng, neng wektu njagong lan rikala turon. Banjur angger ko kabéh wis krasa aman, mangka lakonana sembayang kuwé (kaya biasané). Temen, sembayang kuwé kewajiban sing dépesthékna wektuné ingatasé wong-wong sing precaya.
وَلَا تَهِنُوْا فِى ابْتِغَاۤءِ الْقَوْمِ ۗ اِنْ تَكُوْنُوْا تَأْلَمُوْنَ فَاِنَّهُمْ يَأْلَمُوْنَ كَمَا تَأْلَمُوْنَ ۚوَتَرْجُوْنَ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا يَرْجُوْنَ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا ࣖ١٠٤
Wa lā tahinū fibtigā'il-qaum(i), in takūnū ta'lamūna fa innahum ya'lamūna kamā ta'lamūn(a), wa tarjūna minallāhi mā lā yarjūn(a), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[104]
Lan aja nganti ko atiné padha nglokro neng sejeroné ngudag dhéwéké kabéh (mungsuh-mu). Angger ko padha kenang rasa lara, mangka ngertia dhéwéké kabéh kenang rasa lara (uga), kayadéné ko padha rasakna, lan ko kabéh ésih bisa ngarep-arep sekang Gusti Allah apa sing dhéwéké ora bisa arep-arepna. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
اِنَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ لِتَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ بِمَآ اَرٰىكَ اللّٰهُ ۗوَلَا تَكُنْ لِّلْخَاۤىِٕنِيْنَ خَصِيْمًا ۙ١٠٥
Innā anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi litaḥkuma bainan-nāsi bimā arākallāh(u), wa lā takun lil-khā'inīna khaṣīmā(n).
[105]
Temen, Ingsun wis nurunaken Kitab (Al-Qur’an) maring sliramu (Muhammad) nggawa bebener, supaya sliramu ngadili menungsa kanthi apa sing wis dewulangna déning Gusti Allah maring sliramu lan aja nganti ko padha dadi wong sing nglawan maring (wong sing ora salah), merga mbélani wong sing nyidrani (khianat), 222
222) Ayat kiyé lan sewetara ayat seterusé déturunaken gandhéng sangkut karo laku maling sing délakokna déning Tu’mah lan dhéwéké ngumpetna barang colongané neng umahé wong Yahudi. Tu’mah ora ngakoni penggawéyané kuwé, malah ndakwa sebeneré sing nyolong barang kuwé wong Yahudi. Prekara kiyé déwadulna déning sedulur-seduluré Tu’mah maring Kanjeng Nabi s.a.w, lan dhéwéké padha nyuwun supayané Kanjeng Nabi mbélani Tu’mah lan ngukum wong Yahudi mau, Ning dhéwéké padha ngerti jan-jané sing nyolong barang kuwé Tu’mah. Nabi s.a.w, pribadhi méh baé mbenerna dakwanané Tu’mah lan seduluré ingatasé wong Yahudi.
وَّاسْتَغْفِرِ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ١٠٦
Wastagfirillāh(a), innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[106]
lan nyuwuna ngampura maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih .
وَلَا تُجَادِلْ عَنِ الَّذِيْنَ يَخْتَانُوْنَ اَنْفُسَهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ خَوَّانًا اَثِيْمًاۙ١٠٧
Wa lā tujādil ‘anil-lażīna yakhtānūna anfusahum, innallāha lā yuḥibbu man kāna khawwānan aṡīmā(n).
[107]
Lan aja nganti ko padha dhebadan nggo (mbélani) wong sing nyidrani awaké dhéwéké. Temen, Gusti Allah ora dhemen maring wong-wong sing terus-terusan cidra lan blepotan dosa,
يَّسْتَخْفُوْنَ مِنَ النَّاسِ وَلَا يَسْتَخْفُوْنَ مِنَ اللّٰهِ وَهُوَ مَعَهُمْ اِذْ يُبَيِّتُوْنَ مَا لَا يَرْضٰى مِنَ الْقَوْلِ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِمَا يَعْمَلُوْنَ مُحِيْطًا١٠٨
Yastakhfūna minan-nāsi wa lā yastakhfūna minallāhi wa huwa ma‘ahum iż yubayyitūna mā lā yarḍā minal-qaul(i), wa kānallāhu bimā ya‘malūna muḥīṭā(n).
[108]
dhéwéké bisa padha umpetan sekang menungsa, ning ora bisa umpetan sekang (pemriksané) Gusti Allah. Merga Gusti Allah bareng-bareng karo dhéwéké kabéh, rikala neng sewijiné wengi dhéwéké padha netepna putusan wéwadi sing ora dékepareng-Na. Lan Gusti Allah Maha Nglingkupi ingatasé apa sing dhéwéké kabéh pergawé.
هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ جَادَلْتُمْ عَنْهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ فَمَنْ يُّجَادِلُ اللّٰهَ عَنْهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَمْ مَّنْ يَّكُوْنُ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا١٠٩
Hā'antum hā'ulā'i jādaltum ‘anhum fil-ḥayātid-dun-yā, famay yujādilullāha ‘anhum yaumal-qiyāmati am may yakūnu ‘alaihim wakīlā(n).
[109]
Kuwé anané ko kabéh! Ko padha dhebadan nggo (mbélani) dhéwéké kabéh sejeroné urip neng dunya kiyé, ning sapa sing arep ngla-wan Gusti Allah nggo (mbélani) dhéwéké neng dina Kiyamat? Utawané, sapa sing dadi pengayomé dhéwéké (ingatasé siksané Gusti Allah)?
وَمَنْ يَّعْمَلْ سُوْۤءًا اَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهٗ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللّٰهَ يَجِدِ اللّٰهَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١١٠
Wa may ya‘mal sū'an au yaẓlim nafsahū ṡumma yastagfirillāha yajidillāha gafūrar raḥīmā(n).
[110]
Lan sapa wongé temindak ala lan nganiaya awaké dhéwék, banjur dhéwéké nyuwun ngampura maring Gusti Allah, mesthi dhéwéké bakal nemokna lamon Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
وَمَنْ يَّكْسِبْ اِثْمًا فَاِنَّمَا يَكْسِبُهٗ عَلٰى نَفْسِهٖ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١١١
Wa may yaksib iṡman fa innamā yaksibuhū ‘alā nafsih(ī),wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[111]
Lan sapa wongé gawé dosa, mangka setemené dhéwéké gawé (dosa kuwé) nggo (kangélané) awaké dhéwék. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
وَمَنْ يَّكْسِبْ خَطِيْۤـَٔةً اَوْ اِثْمًا ثُمَّ يَرْمِ بِهٖ بَرِيْۤـًٔا فَقَدِ احْتَمَلَ بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ١١٢
Wa may yaksib khaṭī'atan au iṡman ṡumma yarmi bihī barī'an fa qadiḥtamala buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[112]
Lan sapa wongé gawé luput utawa dosa, banjur dhéwéké ndakwakna maring wong sing ora salah, mangka temen, wong kuwé wis mikul sewijiné apus-apus lan dosa sing cetha.
وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكَ وَرَحْمَتُهٗ لَهَمَّتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ اَنْ يُّضِلُّوْكَۗ وَمَا يُضِلُّوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَضُرُّوْنَكَ مِنْ شَيْءٍ ۗ وَاَنْزَلَ اللّٰهُ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَكَ مَا لَمْ تَكُنْ تَعْلَمُۗ وَكَانَ فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكَ عَظِيْمًا١١٣
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaika wa raḥmatuhū lahammaṭ-ṭā'ifatum minhum ay yuḍillūk(a), wa mā yuḍillūna illā anfusahum wa mā yaḍurrūnaka min syai'(in), wa anzalallāhu ‘alaikal-kitāba wal-ḥikmata wa ‘allamaka mā lam takun ta‘lam(u), wa kāna faḍlullāhi ‘alaika ‘aẓīmā(n).
[113]
Lan angger udu merga peparingé Gusti Allah lan kewelasan-É maring sliramu (Muhammad) mesthiné segolongan sekang wong-wong mau kepengin banget nyasarna sliramu. Ning dhéwéké mung padha nyasar-na awaké dhéwék, lan ora mbahayakna sliramu semendhing-mendhinga. Lan (uga merga) Gusti Allah wis nurunaken Kitab (Al-Qu’an) lan Hikmah (Sunnah) maring sliramu, lan wis paring piwulang maring sliramu apa sing urung sliramu ngerténi. Kanugrahané Gusti Allah sing wis déparingna maring sliramu kuwé gedhé banget.
۞ لَا خَيْرَ فِيْ كَثِيْرٍ مِّنْ نَّجْوٰىهُمْ اِلَّا مَنْ اَمَرَ بِصَدَقَةٍ اَوْ مَعْرُوْفٍ اَوْ اِصْلَاحٍۢ بَيْنَ النَّاسِۗ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا١١٤
Lā khaira fī kaṡīrim min najwāhum illā man amara biṣadaqatin au ma‘rūfin au iṣlāḥim bainan-nās(i), wa may yaf‘al żālikabtigā'a marḍātillāhi fa saufa nu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[114]
Ora nana kebecikan sekang akéhé omongan wadiné dhéwéké kabéh, kejaba omongan wadi sekang wong sing préntah (wong) kon sedhekah, utawa gawé kebagusan, utawa nganakna guyub-rukun neng antarané menungsa. Sapa wongé temindak kaya kuwé merga golét renané Gusti Allah, mangka mbésuk mesthi Ingsun bakal paring maring dhéwéké ganjaran sing gedhé.
وَمَنْ يُّشَاقِقِ الرَّسُوْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُ الْهُدٰى وَيَتَّبِعْ غَيْرَ سَبِيْلِ الْمُؤْمِنِيْنَ نُوَلِّهٖ مَا تَوَلّٰى وَنُصْلِهٖ جَهَنَّمَۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًا ࣖ١١٥
Wa may yusyāqiqir-rasūla mim ba‘di mā tabayyana lahul-hudā wa yattabi‘ gaira sabīlil-mu'minīna nuwallihī mā tawallā wa nuṣlihī jahannam(a), wa sā'at maṣīrā(n).
[115]
Lan sapa wongé mbangkang maring Utusan (Muhammad) sewisé cetha bebener tumrap dhéwéké, lan mélu dalan sing udu dalané wong-wong mukmin, Ingsun jorna dhéwéké neng sejeroné sasar sing wis padha délakoni kuwé, lan bakal Ingsun lebokna dhéwéké maring njero neraka Jahanam, lan kuwé seala-alané panggonan (nggo) bali.
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِهٖ وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١١٦
Innallāha lā yagfiru ay yusyraka bihī wa yagfiru mā dūna żālika limay yasyā'(u), wa may yusyrik billāhi faqad ḍalla ḍalālam ba‘īdā(n).
[116]
Gusti Allah ora arep ngampura dosa syirik (nyekuthokna Gusti Allah karo sewiji-wiji) lan Penjenengané ngampurani dosa seliyané kuwé tumrap sapa sing Penjenengan kersakna. Lan sapa wongé nyekuthokna (sewiji-wiji) karo Gusti Allah, mangka temen, dhéwéké wis kesasar adoh banget.
اِنْ يَّدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلَّآ اِنٰثًاۚ وَاِنْ يَّدْعُوْنَ اِلَّا شَيْطٰنًا مَّرِيْدًاۙ١١٧
Iy yad‘ūna min dūnihī illā ināṡā(n), wa iy yad‘ūna illā syaiṭānam marīdā(n).
[117]
Sing dhéwéké padha kabéh sembah seliyané Gusti Allah, kuwé ora liya, mung inasan (brehala) 223 lan dhéwéké ora liya mung nyembah sétan sing duraka,
223) Asal maknané tembung inasan kuwé wadon-wadon. Reca-reca brehala sing désembah neng wong Arab Jahiliyah kuwé biasané déarani karo aran-aran wadon, umpamané al-Lata, al-Uzza lan Manah. Bisa uga tegesé wong-wong mati, barang-barang sing ora keton lan barang-barang sing ora duwé daya.
لَّعَنَهُ اللّٰهُ ۘ وَقَالَ لَاَتَّخِذَنَّ مِنْ عِبَادِكَ نَصِيْبًا مَّفْرُوْضًاۙ١١٨
La‘anahullāh(u), wa qāla la'attakhiżanna min ‘ibādika naṣībam mafrūḍā(n).
[118]
sing désupatani déning Gusti Allah, lan (sétan) kuwé ngucapna, “Kula mesthi ajeng mendhet bagéan ingkang pinésthi saking kawula-kawula Penjenengan, 224
224) Neng kabéh menungsa ana daya nggo temindak apik, uga ana daya nggo temindak ala. Sétan arep nggunakna daya kuwé nggo gawé ala, nggo nyilakani menungsa.
وَّلَاُضِلَّنَّهُمْ وَلَاُمَنِّيَنَّهُمْ وَلَاٰمُرَنَّهُمْ فَلَيُبَتِّكُنَّ اٰذَانَ الْاَنْعَامِ وَلَاٰمُرَنَّهُمْ فَلَيُغَيِّرُنَّ خَلْقَ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يَّتَّخِذِ الشَّيْطٰنَ وَلِيًّا مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَقَدْ خَسِرَ خُسْرَانًا مُّبِيْنًا١١٩
Wa la'uḍillannahum wa la'umanniyannahum wa la'āmurannahum fa layubattikunna āżānal-an‘āmi wa la'āmurannahum fa layugayyirunna khalqallāh(i), wa may yattakhiżisy-syaiṭāna waliyyam min dūnillāhi faqad khasira khusrānam mubīnā(n).
[119]
lan mesti ajeng kula sasaraken kiyambeké sami, lan ajeng kula tangékna angen-angen suwung nggé kiyambeké, lan ajeng kula préntah kiyambeké kén sami motong kuping-kuping kéwan ingon (lajeng kiyambeké éstu-éstu motong kuping kéwan niku), 225 lan ajeng kula préntah kiyambeké ngewahi ciptananipun Gusti Allah, (lajeng kiyambeké sami éstu-éstu ngewahi).” 226 Sapa wongé sing ndadékna sétan dadi pengayom seliyané Gusti Allah, mangka temen dhéwéké, nanggung kapitunan sing cetha.
225) Miturut peprecayaé wong Arab jahiliyah, kéwan-kéwan sing arep nggo korban maring reca brehala, kudu dépotong kupingé dhisit, lan kéwan sing kaya kiyé ora olih nggo détunggangi lan ora kena dénggo ngapa-apa lan kudu déculna maning.
226) Ngowahi ciptanané Gusti Allah bisa ateges ngowahi apa sing décipta déning Gusti Allah kayadéné ngebiri kéwan. Ana sing napsiri karo ngowahi agamané Gusti Allah.
يَعِدُهُمْ وَيُمَنِّيْهِمْۗ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا١٢٠
Ya‘iduhum wa yumannīhim, wa mā ya‘iduhumusy-syaiṭānu illā gurūrā(n).
[120]
(Sétan kuwé) ngawéhna janji-janji maring wong-wong mau nangékna angen-angen suwung maring dhéwéké, mangkané sétan kuwé mung njanjékna apus-apus maring dhéwéké kabéh.
اُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۖ وَلَا يَجِدُوْنَ عَنْهَا مَحِيْصًا١٢١
Ulā'ika ma'wāhum jahannam(u), wa lā yajidūna ‘anhā maḥīṣā(n).
[121]
Dhéwéké (sing padha déapusi) kuwé panggonané neng neraka Jahanam lan dhéwéké kabéh ora bakal olih panggonan (liyané nggo) mlayu sekang neraka kuwé.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ وَعْدَ اللّٰهِ حَقًّا ۗوَمَنْ اَصْدَقُ مِنَ اللّٰهِ قِيْلًا١٢٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sanudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), wa‘dallāhi ḥaqqā(n), wa man aṣdaqu minallāhi qīlā(n).
[122]
Lan wong sing padha precaya lan nglakoni penggawéyan becik mbésuk bakal Ingsun lebokna mring njero suwarga sing neng ngisoré mili kali-kali, dhéwéké padha langgeng neng njeroné selawas-lawasé. Lan janjiné Gusti Allah kuwé bener. Lan sapa sing lewih bener pengendikane tenimbang Gusti Allah?
لَيْسَ بِاَمَانِيِّكُمْ وَلَآ اَمَانِيِّ اَهْلِ الْكِتٰبِ ۗ مَنْ يَّعْمَلْ سُوْۤءًا يُّجْزَ بِهٖۙ وَلَا يَجِدْ لَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٢٣
Laisa bi'amāniyyikum wa lā amāniyyi ahlil-kitāb(i), may ya‘mal sū'ay yujza bih(ī), wa lā yajid lahū min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[123]
(Ganjaran sekang Gusti Allah) kuwé udu pengangen-angenmu 227 lan udu (uga) angen-angené Ahli Kitab. Sapa wongé sing mergawé ala, mesthi déwales setimpal karo penggawé ala kuwé, lan dhéwéké kabéh ora bakal olih pengayom lan penulung seliyané Gusti Allah.
227) “mu” neng kéné ana sing napsiri kaum Muslimin lan ana uga sing napsiri kaum musrikin. Maksudé ganjaran neng akhérat ora kaya angen-angen lan kekarepané dhéwéké kabéh, ning patrap karo pepesthén agama.
وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ مِنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُوْنَ نَقِيْرًا١٢٤
Wa may ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti min żakarin au unṡā wa huwa mu'minun fa ulā'ika yadkhulūnal-jannata wa lā yuẓlamūna naqīrā(n).
[124]
Lan sapa wongé nglakoni tindak kebagusan, becik lanang utawa wadon turan dhéwéké padha precaya, mangka dhéwéké kabéh bakal mlebu maring suwarga lan dhéwéké ora dégawé tuna semendhing-mendhinga.
وَمَنْ اَحْسَنُ دِيْنًا مِّمَّنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَّاتَّبَعَ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًا ۗوَاتَّخَذَ اللّٰهُ اِبْرٰهِيْمَ خَلِيْلًا١٢٥
Wa man aḥsanu dīnam mimman aslama wajhahū lillāhi wa huwa muḥsinuw wattaba‘a millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wattakhażallāhu ibrāhīma khalīlā(n).
[125]
Lan sapa sing lewih apik agamané tenimbang wong sing kanthi rila semarah maring Gusti Allah, turan dhéwéké nglakoni kebagusan, lan ngetutna agama Ibrahim sing jejeg? Lan Gusti Allah wis milih Ibrahim dadi kekasih-É.
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيْطًا ࣖ١٢٦
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kānallāhu bikulli syai'im muḥīṭā(n).
[126]
Lan kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi lan (kawruhé) Gusti Allah nglingkupi ingatasé samubarang kabéh.
وَيَسْتَفْتُوْنَكَ فِى النِّسَاۤءِۗ قُلِ اللّٰهُ يُفْتِيْكُمْ فِيْهِنَّ ۙوَمَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ فِى الْكِتٰبِ فِيْ يَتٰمَى النِّسَاۤءِ الّٰتِيْ لَا تُؤْتُوْنَهُنَّ مَا كُتِبَ لَهُنَّ وَتَرْغَبُوْنَ اَنْ تَنْكِحُوْهُنَّ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الْوِلْدَانِۙ وَاَنْ تَقُوْمُوْا لِلْيَتٰمٰى بِالْقِسْطِ ۗوَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِهٖ عَلِيْمًا١٢٧
Wa yastaftūnaka fin-nisā'(i), qulillāhu yuftīkum fīhinn(a), wa mā yutlā ‘alaikum fil-kitābi fī yatāman-nisā'il-lātī lā tu'tūnahunna mā kutiba lahunna wa targabūna an tankiḥūhunna wal-mustaḍ‘afīna minal-wildān(i), wa an taqūmū lil-yatāmā bil-qisṭ(i), wa mā taf‘alū min khairin fa innallāha kāna bihī ‘alīmā(n).
[127]
Lan dhéwéké padha njaluk ketetepan hukum (fatwa) maring sliramu ngenani wong wadon. Dhawuhna, “Gusti Allah paring ketetepan hukum (fatwa) maring ko kabéh ngenani dhéwéké, 228 lan apa sing déwa-cakna maring ko kabéh senjeroné Al-Qur’an (uga paring putusan hukum) ngenani wong-wong wadon yatim sing ora ko wéhi apa-apa (mas kawin) sing détetepna nggo dhéwéké, mangkané ko padha kepéngin mbojo wong wadon kuwé 229 lan (ngenani) bocah-bocah sing ésih keton ora daya. Lan (Gusti Allah dhawuh maring ko kabéh) supaya ngrumat bocah-bocah yatim kanthi adil. Lan kebecikan apa baé sing ko lakoni, setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani.
228) Waca An-Nisa (4): 2 lan 3
229) Miturut adat Arab jahiliyah, sewiji wali nguwasani wong wadon yatim sing dadi rumatané, lan ngewasani bandhané. Agger wadon yatim kuwé ayu rupané, banjur débojo lan déjikot bandhané. Angger wong wadon yatim kuwé ala rupané déalang-alangi kawin karo wong lanang liya supayané bisa ngewasani bandhané. Ayat kiyé nglarang adat kuwé.
وَاِنِ امْرَاَةٌ خَافَتْ مِنْۢ بَعْلِهَا نُشُوْزًا اَوْ اِعْرَاضًا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَآ اَنْ يُّصْلِحَا بَيْنَهُمَا صُلْحًا ۗوَالصُّلْحُ خَيْرٌ ۗوَاُحْضِرَتِ الْاَنْفُسُ الشُّحَّۗ وَاِنْ تُحْسِنُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١٢٨
Wa inimra'atun khāfat mim ba‘lihā nusyūzan au i‘rāḍan falā junāḥa ‘alaihimā ay yuṣliḥā bainahumā ṣulḥā(n), waṣ-ṣulḥu khair(un), wa uḥḍiratil-anfususy-syuḥḥ(a), wa in tuḥsinū wa tattaqū fa innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[128]
Lan upamané ana wong wadon kewatir lanangé arep nusyuz 230 utawa temindak ora preduli (ora opén) mangka sekaroné kena nganakna geguyuban sing temen, 231 lan guyub kuwé lewih apik (tumrap dhéwéké kabéh) senajan menungsa kuwé miturut wateké mbethithil. 232 Lan angger ko padha ngapiki (srawung-apik karo bojomu) lan ngreksa awakmu (sekang nusyuz lan laku ora opén), mangka temen, Gusti Allah Mahanastiti maring apa sing ko padha pergawé.
230) Deleng tegesé nusyuz tumrap wong wadon neng cathetan An-Nisa (4) : 34. Nusyuz tumrap wong lanang kuwé temindak keras maring bojo, ora gelem ngembuli lan ora gelem awéh apa sing dadi haké.
231) Kaya wong wadon nrima sewetara haké dékurangi asal lanangé gelem becik maning.
232) Wateké menungsa kuwé ora gelem ngeculna bagéan haké maring wong liya kanthi rila atiné, senajan kaya kuwé angger bojo ngrilakna sebagéan haké, mangka sing lanang kena nampani.
وَلَنْ تَسْتَطِيْعُوْٓا اَنْ تَعْدِلُوْا بَيْنَ النِّسَاۤءِ وَلَوْ حَرَصْتُمْ فَلَا تَمِيْلُوْا كُلَّ الْمَيْلِ فَتَذَرُوْهَا كَالْمُعَلَّقَةِ ۗوَاِنْ تُصْلِحُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١٢٩
Wa lan tastaṭī‘ū an ta‘dilū bainan-nisā'i wa lau ḥaraṣtum falā tamīlū kullal-maili fa tażarūhā kal-mu‘allaqah(ti), wa in tuṣliḥū wa tattaqū fa innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[129]
Lan ko kabéh ora bakal bisa nglakoni adil neng antarané bojo-bojo(mu) senajan ko banget kepénginé temindak kaya kuwé, merga kuwé aja nganti ko padha kebangeten goli bot-sih (maring sing ko kabéh dheme-ni), saéngga ko kabéh ngejorna (bojo) sing liyané padha kepiran. Lan angger ko padha nganakna dandan lan ngreksa awaké dhéwék (sekang slingkuh) mangka temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Maha Asih.
وَاِنْ يَّتَفَرَّقَا يُغْنِ اللّٰهُ كُلًّا مِّنْ سَعَتِهٖۗ وَكَانَ اللّٰهُ وَاسِعًا حَكِيْمًا١٣٠
Wa iy yatafarraqā yugnillāhu kullam min sa‘atih(ī), wa kānallāhu wāsi‘an ḥakīmā(n).
[130]
Lan angger sekaroné padha pegatan, mangka Gusti Allah bakal paring kecukupan maring sedhéwék-dhéwéké sekang kanug-rahan-É. Lan Gusti Allah Mahajembar (kanugrahan-É), Mahawicaksana.
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَاِيَّاكُمْ اَنِ اتَّقُوا اللّٰهَ ۗوَاِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَنِيًّا حَمِيْدًا١٣١
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa laqad waṣṣainal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum wa iyyākum anittaqullāh(a), wa in takfurū fa inna lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kānallāhu ganiyyan ḥamīdā(n).
[131]
Lan kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi, lan temen, Ingsun wis mréntahna maring wong sing déwéhi kitab suci seurungé ko kabéh lan (uga) maring ko supaya padha semarah maring Gusti Allah. Ning angger ko padha nyidrani (kawruhana mung) kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi, lan Gusti Allah Maha Mbandhuara, Maha Pinuji.
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا١٣٢
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[132]
Lan kagungané Gusti Allah, apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi. Cukup Gusti Allah sing dadi pengreksané.
اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ اَيُّهَا النَّاسُ وَيَأْتِ بِاٰخَرِيْنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى ذٰلِكَ قَدِيْرًا١٣٣
Iy yasya' yużhibkum ayyuhan-nāsu wa ya'ti bi'ākharīn(a), wa kānallāhu ‘alā żālika qadīrā(n).
[133]
Angger Gusti Allah ngersakna, mesthi désirnakna ko kabéh, hé menungsa! Banjur Penjenengané tekakna (umat) sing liya (minangka gentiné ko kabéh) lan Gusti Allah Mahakewasa temindak sing kaya kuwé.
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ ثَوَابَ الدُّنْيَا فَعِنْدَ اللّٰهِ ثَوَابُ الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا ࣖ١٣٤
Man kāna yurīdu ṡawābad-dun-yā fa ‘indallāhi ṡawābud-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa kānallāhu samī‘am baṣīrā(n).
[134]
Sapa baé sing ngarepna ganjaran neng dunya, mangka kawruhana neng sisihé Gusti Allah ana ganjaran dunya lan akhérat. Lan Gusti Allah Maha Midanget, Maha Mriksani.
۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْا قَوَّامِيْنَ بِالْقِسْطِ شُهَدَاۤءَ لِلّٰهِ وَلَوْ عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ اَوِ الْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ ۚ اِنْ يَّكُنْ غَنِيًّا اَوْ فَقِيْرًا فَاللّٰهُ اَوْلٰى بِهِمَاۗ فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوٰٓى اَنْ تَعْدِلُوْا ۚ وَاِنْ تَلْوٗٓا اَوْ تُعْرِضُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١٣٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū qawwāmīna bil-qisṭi syuhadā'a lillāhi wa lau ‘alā anfusikum awil-wālidaini wal-aqrabīn(a), iy yakun ganiyyan au faqīran fallāhu aulā bihimā, falā tattabi‘ul-hawā an ta‘dilū, wa in talwū au tu‘riḍū fa innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[135]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha dadia ko kabéh wong sing njejegna adil, dadi seksi merga Gusti Allah, senajan ingatasé awakmu dhéwék utawa ingatasé biyung-rama lan sanak-sedulurmu. Angger dhéwéké (sing dédakwa) sugih utawa miskin, mangka Gusti Allah lewih ngerti pigunané (kebagusané). Mangka aja nganti ko padha ngetutna hawa nepsu merga kepéngin nyimpang sekang bebener. Lan angger ko padha muter-walik (tetembungan) utawa ngedhap dadi seksi, mangka ngertia Gusti Allah Mahanastiti ingatasé kabéh sing ko padha pergawé.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَالْكِتٰبِ الَّذِيْ نَزَّلَ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَالْكِتٰبِ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنْ قَبْلُ ۗوَمَنْ يَّكْفُرْ بِاللّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَكُتُبِهٖ وَرُسُلِهٖ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١٣٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū āminū billāhi wa rasūlihī wal-kitābil-lażī nazzala ‘alā rasūlihī wal-kitābil-lażī anzala min qabl(u), wa may yakfur billāhi wa malā'ikatihī wa kutubihī wa rusulihī wal-yaumil-ākhiri faqad ḍalla ḍalālam ba‘īdā(n).
[136]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha tetepa precaya maring Gusti Allah lan Utusan-É (Muhammad) lan maring Kitab (Al-Qur’an) sing déturunaken maring Utusan-É, karo maring Kitab sing déturunaken seurungé. Sapa wongé ingkar maring Gusti Allah, malaékat-malaékat-É, kitab-kitab-É, utusan-utusan-É lan dina pungkasan, mangka temen, wong kuwé wis kesasar adoh banget.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا ثُمَّ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا ثُمَّ ازْدَادُوْا كُفْرًا لَّمْ يَكُنِ اللّٰهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ سَبِيْلًاۗ١٣٧
Innal-lażīna āmanū ṡumma kafarū ṡumma āmanū ṡumma kafarū ṡummazdādū kufral lam yakunillāhu liyagfira lahum wa lā liyahdiyahum sabīlā(n).
[137]
Setemené wong-wong sing padha precaya banjur kapir, banjur precaya (maning), banjur kapir maning terus tambah kapiré, mangka Gusti Allah ora bakal ngampura (maring) dhéwéké lan ora (uga) nuduhna maring dhéwéké kabéh dalan (sing jejeg).
بَشِّرِ الْمُنٰفِقِيْنَ بِاَنَّ لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ١٣٨
Basysyiril-munāfiqīna bi'anna lahum ‘ażāban alīmā(n).
[138]
Wertakna maring wong-wong lamis (munapék) lamon dhéwéké bakal olih siksa sing perih,
ۨالَّذِيْنَ يَتَّخِذُوْنَ الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ اَيَبْتَغُوْنَ عِنْدَهُمُ الْعِزَّةَ فَاِنَّ الْعِزَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًاۗ١٣٩
Al-lażīna yattakhiżūnal-kāfirīna auliyā'a min dūnil-mu'minīn(a), ayabtagūna ‘indahumul-‘izzata fa innal-‘izzata lillāhi jamī‘ā(n).
[139]
(yakuwé) wong-wong sing padha ndadékna wong-wong kapir dadi pemimpiné kanthi ninggalna wong-wong mukmin. Apa dhé-wéké padha golét kekuwatan neng sisihé wong kapir kuwé? Kawruhana lamon kabéh kekuwatan kuwé kagungané Gusti Allah.
وَقَدْ نَزَّلَ عَلَيْكُمْ فِى الْكِتٰبِ اَنْ اِذَا سَمِعْتُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ يُكْفَرُ بِهَا وَيُسْتَهْزَاُ بِهَا فَلَا تَقْعُدُوْا مَعَهُمْ حَتّٰى يَخُوْضُوْا فِيْ حَدِيْثٍ غَيْرِهٖٓ ۖ اِنَّكُمْ اِذًا مِّثْلُهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ جَامِعُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْكٰفِرِيْنَ فِيْ جَهَنَّمَ جَمِيْعًاۙ١٤٠
Wa qad nazzala ‘alaikum fil-kitābi an iżā sami‘tum āyātillāhi yukfaru bihā wa yustahza'u bihā falā taq‘udū ma‘ahum ḥattā yakhūḍū fī ḥadīṡin gairih(ī), innakum iżam miṡlahum, innallāha jāmi‘ul-munāfiqīna wal-kāfirīna fī jahannama jamī‘ā(n).
[140]
Lan temen Gusti Allah wis nurunaken (plang-geran) kanggo ko kabéh neng njero Kitab (Al-Qur’an) lamon angger ko padha krungu ayat-ayat-É Gusti Allah déingkari lan nggo guyonan (neng wong kapir) mangka aja nganti ko kabéh njagong bareng-bareng dhéwéké, seurungé dhéwéké mlebu maring omongan sing liya. Merga (angger tetep njagong karo dhéwéké), mestiné ko kabéh padha karo wong-wong kuwé. Temen Gusti Allah bakal ngumpulna kabéh wong munapék lan wong-wong kapir neng neraka Jahanam,
ۨالَّذِيْنَ يَتَرَبَّصُوْنَ بِكُمْۗ فَاِنْ كَانَ لَكُمْ فَتْحٌ مِّنَ اللّٰهِ قَالُوْٓا اَلَمْ نَكُنْ مَّعَكُمْ ۖ وَاِنْ كَانَ لِلْكٰفِرِيْنَ نَصِيْبٌ قَالُوْٓا اَلَمْ نَسْتَحْوِذْ عَلَيْكُمْ وَنَمْنَعْكُمْ مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ فَاللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ وَلَنْ يَّجْعَلَ اللّٰهُ لِلْكٰفِرِيْنَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ سَبِيْلًا ࣖ١٤١
Al-lażīna yatarabbaṣūna bikum, fa in kāna lakum fatḥum minallāhi qālū alam nakum ma‘akum, wa in kāna lil-kāfirīna naṣībun qālū alam nastaḥwiż ‘alaikum wa namna‘kum minal-mu'minīn(a), fallāhu yaḥkumu bainakum yaumal-qiyāmah(ti), wa lay yaj‘alallāhu lil-kāfirīna ‘alal-mu'minīna sabīlā(n).
[141]
(yakuwé) wong sing nunggu-nunggu (kedadéan) sing arep teka ingatasé ko kabéh. Angger ko padha olih kamenangan sekang Gusti Allah dhéwéké padha ngucap, “Toli inyong padha (melu perang) bareng ko kabéh?” Lan angger wong kapir olih bagéan, dhéwéké padha ngucap, “Toli inyong padha mélu gawé menang maring ko, 233 lan mbélani ko kabéh sekang wong mukmin?” Mangka Gusti Allah bakal paring putusan neng antarané ko kabéh neng dina kiyamat. Gusti Allah ora bakal paring dalan maring wong kapir nggo ngalahna wong-wong sing precaya.
233) Kanthi cara mbukak wadi-wadiné wong mukmin lan mbutulna théthék-bengéké maring wong kapir, utawa angger dhéwéké perang neng péhaké wong mukmin dhéwéké goli perang ora temekan ati.
اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ يُخٰدِعُوْنَ اللّٰهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْۚ وَاِذَا قَامُوْٓا اِلَى الصَّلٰوةِ قَامُوْا كُسَالٰىۙ يُرَاۤءُوْنَ النَّاسَ وَلَا يَذْكُرُوْنَ اللّٰهَ اِلَّا قَلِيْلًاۖ١٤٢
Innal-munāfiqīna yukhādi‘ūnallāha wa huwa khādi‘uhum, wa iżā qāmū ilaṣ-ṣalāti qāmū kusālā, yurā'ūnan-nāsa wa lā yażkurūnallāha illā qalīlā(n).
[142]
Setemené wong-wong lamis (munapék) kuwé arep ngapusi Gusti Allah, ning Gusti Allah sing arep ngapusi dhéwéké kabéh. 234 Angger dhéwéké padha njanggleng nggo sembayang, dhéwéké kabéh temandang kanthi bebeh. Dhéwéké duwé tujuan pamér (kepéngin déalem) neng ngarepé menungsa. Lan dhéwéké ora padha éling (maring) Gusti Allah kejaba mung semendhing pisan. 235
234) Gusti Allah ngejorna dhéwéké neng pengakon precaya, mula kuwé dhéwéké déladheni kaya ngladheni para mukmin. Sewetara kuwé Gusti Allah wis nyedhiakna neraka nggo dhéwéké minangka dadi piwales apus-apusé dhéwéké kuwé.
235) Dhéwéké sembayang mung kalan-kalan, yakuwé angger dhéwéké ana neng ngarepé wong.
مُّذَبْذَبِيْنَ بَيْنَ ذٰلِكَۖ لَآ اِلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ وَلَآ اِلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ ۗ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ سَبِيْلًا١٤٣
Mużabżabīna baina żālik(a), lā ilā ha'ulā'i wa lā ilā ha'ulā'(i), wa may yuḍlilillāhu falan tajida lahū sabīlā(n).
[143]
Wong-wong mau ana neng senjeroné mamang antarané sing kaya kuwé (precaya apa kapir), ora kepélu maring golongan kiyé (wong precaya) lan ora (uga) maring golo-ngan kaé (wong kapir). Sapa wongé déjorna kesasar déning Gusti Allah, mangka ko kabéh ora bakal nemu dalan (nggo awéh pitudhuh) maring dhéwéké.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ اَتُرِيْدُوْنَ اَنْ تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ عَلَيْكُمْ سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا١٤٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-kāfirīna auliyā'a min dūnil-mu'minīn(a), aturīdūna an taj‘alū lillāhi ‘alaikum sulṭānam mubīnā(n).
[144]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko padha ndadékna wong-wong kapir dadi pemimpin seliyané sekang wong-wong mukmin. Apa ko padha kepéngin awéh alésan sing genah tumrap Gusti Allah (nggo ngukum ko kabéh)?
اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ فِى الدَّرْكِ الْاَسْفَلِ مِنَ النَّارِۚ وَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ نَصِيْرًاۙ١٤٥
Innal-munāfiqīna fid-darkil-asfali minan-nār(i), wa lan tajida lahum naṣīrā(n).
[145]
Temen, wong-wong lamis (munapék) kuwé (dépanggona) neng lapis sing paling ngisor neng neraka. Lan ko kabéh ora bakal olih wong sing tulung nggo dhéwéké.
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا وَاَصْلَحُوْا وَاعْتَصَمُوْا بِاللّٰهِ وَاَخْلَصُوْا دِيْنَهُمْ لِلّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ مَعَ الْمُؤْمِنِيْنَۗ وَسَوْفَ يُؤْتِ اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ اَجْرًا عَظِيْمًا١٤٦
Illal-lażīna tābū wa aṣlaḥū wa‘taṣamū billāhi wa akhlaṣū dīnahum lillāhi fa ulā'ika ma‘al-mu'minīn(a), wa saufa yu'tillāhul mu'minīna ajran ‘aẓīmā(n).
[146]
Kejaba wong-wong sing padha tobat lan ngapiki awaké dhéwék 236 lan cekelan kenceng maring (agamané) Gusti Allah lan kanthi tulus iklas (nindakna) agamané krana Gusti Allah. Mangka dhéwéké kuwé padha bareng-bareng karo wong-wong sing precaya lan mbésuk Gusti Allah bakal maringi ganjaran sing gedhé karo wong-wong sing padha precaya.
236) “Ngapiki awak” tegesé nyambet gawé sing apik nggo ngilangna ngakibat sing ala lan kesalahan sing kelakon.
مَا يَفْعَلُ اللّٰهُ بِعَذَابِكُمْ اِنْ شَكَرْتُمْ وَاٰمَنْتُمْۗ وَكَانَ اللّٰهُ شَاكِرًا عَلِيْمًا ۔١٤٧
Mā yaf‘alullāhu bi‘ażābikum in syakartum wa āmantum, wa kānallāhu syākiran ‘alīmā(n).
[147]
Gusti Allah ora bakal nyiksa ko kabéh, angger ko padha kesuwun (maring Gusti Allah) lan precaya. Lan Gusti Allah Mahasukur, 237 Maha Ngawuningani.
237) Maringi ganjaran ingatasé amal kawula-Né ngampura kesalahané, nambahi nékmat-É.
۞ لَا يُحِبُّ اللّٰهُ الْجَهْرَ بِالسُّوْۤءِ مِنَ الْقَوْلِ اِلَّا مَنْ ظُلِمَ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ سَمِيْعًا عَلِيْمًا١٤٨
Lā yuḥibbullāhul-jahra bis-sū'i minal-qauli illā man ẓulim(a), wa kānallāhu samī‘an ‘alīmā(n).
[148]
Gusti Allah ora karenan (maring) pengucap ala, (sing déucapna) blakasuta kajaba déning wong sing kenang aniaya. 238 Lan Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
238) Wong sing kenang aniaya olih ngajokna maring hakim utawa penguwasa ala-alané wong sing nganiaya.
اِنْ تُبْدُوْا خَيْرًا اَوْ تُخْفُوْهُ اَوْ تَعْفُوْا عَنْ سُوْۤءٍ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَفُوًّا قَدِيْرًا١٤٩
In tubdū khairan au tukhfūhu au ta‘fū ‘an sū'in fa innallāha kāna ‘afuwwan qadīrā(n).
[149]
Angger ko padha ngedhéngna sewijiné kebagusan, ngumpetna utawa ngampurani sewijiné kesalahané (wong liya) mangka temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahakewasa.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَيُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّفَرِّقُوْا بَيْنَ اللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَيَقُوْلُوْنَ نُؤْمِنُ بِبَعْضٍ وَّنَكْفُرُ بِبَعْضٍۙ وَّيُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّتَّخِذُوْا بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًاۙ١٥٠
Innal-lażīna yakfurūna billāhi wa rusulihī wa yurīdūna ay yufarriqū bainallāhi wa rusulihī wa yaqūlūna nu'minu biba‘ḍin wa nakfuru biba‘ḍ(in), wa yurīdūna ay yattakhiżū baina żālika sabīlā(n).
[150]
Setemené wong-wong sing padha ingkar maring Gusti Allah lan utusan-utusan-É, lan duwe karep mbedak-mbédakna 239 antarané (precayaé maring) Gusti Allah lan utusan-utusan-É kanthi pengucap, “Inyong kabéh precaya maring sebagéan lan inyong kabéh ngingkari sebagéan (sing liya),” karo duwé maksud ngalap dalan tengah (precaya utawa kapir),
239) Precaya maring Gusti Allah, ora precaya maring utusan-utusan-É.
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰفِرُوْنَ حَقًّا ۚوَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًا١٥١
Ulā'ika humul-kāfirūna ḥaqqā(n), wa a‘tadnā lil-kāfirīna ‘ażābam muhīnā(n).
[151]
dhéwéké kuwé wong-wong kapir sing temen. Lan Ingsun sedhiakna nggo wong-wong kapir kuwé siksa sing nisthakna.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ وَلَمْ يُفَرِّقُوْا بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْ اُولٰۤىِٕكَ سَوْفَ يُؤْتِيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ١٥٢
Wal-lażīna āmanū billāhi wa rusulihī wa lam yufarriqū baina aḥadim minhum ulā'ika saufa nu'tīhim ujūrahum, wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[152]
Anadéné wong-wong sing padha precaya maring Gusti Allah lan utusan-utusan-É lan ora mbéda-mbédakna neng antarané dhéwéké (para utusan) mbésuk Gusti Allah bakal paring ganjaran maring wong-wong mau. Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
يَسْـَٔلُكَ اَهْلُ الْكِتٰبِ اَنْ تُنَزِّلَ عَلَيْهِمْ كِتٰبًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَقَدْ سَاَلُوْا مُوْسٰٓى اَكْبَرَ مِنْ ذٰلِكَ فَقَالُوْٓا اَرِنَا اللّٰهَ جَهْرَةً فَاَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ بِظُلْمِهِمْۚ ثُمَّ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ فَعَفَوْنَا عَنْ ذٰلِكَ ۚ وَاٰتَيْنَا مُوْسٰى سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا١٥٣
Yas'aluka ahlul-kitābi an tunazzila ‘alaihim kitābam minas-samā'i faqad sa'alū mūsā akbara min żālika fa qālū arinallāha jahratan fa akhażathumuṣ-ṣā‘iqatu bi ẓulmihim, ṡummattakhażul-‘ijla mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu fa ‘afaunā ‘an żālik(a), wa ātainā mūsā sulṭānam mubīnā(n).
[153]
(Wong-wong) Ahli Kitab njaluk maring slira-mu (Muhammad) supaya sliramu nurunaken sewiji kitab sekang langit maring dhéwéké kabéh. Setemené dhéwéké wis padha njaluk maring Musa sing lewih gedhé sekang kuwé. Dhéwéké padha ngucap, “Ketonakna Gusti Allah maring inyong kabéh sewantahé. Mangka dhéwéké kabéh désamber bledhég merga kejahatané. Terusé dhéwéké nyembah pedhét (anak sapi) 240 sewisé dhéwéké padha weruh bukti-bukti sing wantah (nyata). Sena-jan kaya kuwé Ingsun ampurani dhéwéké, lan wis Ingsun paring maring Musa praja (kewasa) sing nyata.
240) Reca anak sapi kuwé dégawé sekang emas nggo désembah
وَرَفَعْنَا فَوْقَهُمُ الطُّوْرَ بِمِيْثَاقِهِمْ وَقُلْنَا لَهُمُ ادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَّقُلْنَا لَهُمْ لَا تَعْدُوْا فِى السَّبْتِ وَاَخَذْنَا مِنْهُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًا١٥٤
Wa rafa‘nā fauqahumuṭ ṭūra bimīṡāqihim wa qulnā lahumudkhulul-bāba sujjadaw wa qulnā lahum lā ta‘dū fis-sabti wa akhażnā minhum mīṡāqan galīẓā(n).
[154]
Lan Ingsun junjung gunung (Sinai) neng ndhuwuré dhéwéké nggo (ngukuhna) janjiné dhéwéké, lan Ingsun dhawuh maring dhéwéké, “Lebonana lawang sekéthéng (Baitulmaqdis) kuwé karo sujud.” Lan Ingsun dhawuhna (uga) maring dhéwéké, “Aja nganti ko padha nglanggar aturan ngenani dina Sabat, 241 lan Ingsun wis ngasta sekang dhéwéké janji sing kukuh.
241) Dina Sabat kuwé dina Setu, dina sing mligi nggo wong Yahudi.
فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِّيْثَاقَهُمْ وَكُفْرِهِمْ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَقَتْلِهِمُ الْاَنْۢبِيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّ وَّقَوْلِهِمْ قُلُوْبُنَا غُلْفٌ ۗ بَلْ طَبَعَ اللّٰهُ عَلَيْهَا بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًاۖ١٥٥
Fabimā naqḍihim mīṡāqahum wa kufrihim bi'āyātillāhi wa qatlihimul-ambiyā'a bigairi ḥaqqiw wa qaulihim qulūbunā gulf(un), bal ṭaba‘allāhu ‘alaihā bikufrihim falā yu'minūna illā qalīlā(n).
[155]
Mangka (Ingsun ukum dhéwéké kabéh) 242 merga dhéwéké padha nyidrani janji kuwé, merga mbangkangé (kapiré) dhéwéké maring keterangan-keterangan-É Gusti Allah, karo merga dhéwéké wis padha merjaya (maténi) nabi-nabi tanpa hak (alesan sing bener) lan merga dhéwéké ngucapna, “Atiné inyong kabéh wis ketutup.” Sebeneré Gusti Allah wis ngancing (ngunci) atiné dhéwéké merga kapiré, merga kuwé mung sebagéan cilik sekang dhéwéké sing padha precaya.
242) Kelakuan-kelakuan kuwé nglaknati dhéwéké, dhéwéké désamber gludhug, rikala dhéwéké dadi kethek.
وَّبِكُفْرِهِمْ وَقَوْلِهِمْ عَلٰى مَرْيَمَ بُهْتَانًا عَظِيْمًاۙ١٥٦
Wa bikufrihim wa qaulihim ‘alā maryama buhtānan ‘aẓīmā(n).
[156]
Lan (ingsun ukum uga) merga mbangkangé dhéwéké (maring Nabi Isa) lan dakwanané dhéwéké sing banget alané maring Maryam,
وَّقَوْلِهِمْ اِنَّا قَتَلْنَا الْمَسِيْحَ عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ رَسُوْلَ اللّٰهِۚ وَمَا قَتَلُوْهُ وَمَا صَلَبُوْهُ وَلٰكِنْ شُبِّهَ لَهُمْ ۗوَاِنَّ الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِيْهِ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ ۗمَا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍ اِلَّا اتِّبَاعَ الظَّنِّ وَمَا قَتَلُوْهُ يَقِيْنًاۢ ۙ١٥٧
Wa qaulihim innā qatalnal-masīḥa ‘īsabna maryama rasūlallāh(i), wa mā qatalūhu wa mā ṣalabūhu wa lākin syubbiha lahum, wa innal-lażīnakhtalafū fīhi lafī syakkim minh(u), mā lahum bihī min ‘ilmin illattibā‘aẓ-ẓanni wa mā qatalūhu yaqīnā(n).
[157]
lan (Ingsun ukum uga) merga omongané dhé-wéké, “setemené inyong kabéh wis merjaya Al-Masih, Isa putrané Maryam, Utusan Gusti Allah,” 243 mangkané dhéwéké padha ora merjaya (Isa) lan ora (uga) ménthéng (nyalib) Penjenengané, ning (sing dhéwéké perjaya kuwé) wong sing dépadha-rupakna karo Penjenengané (Isa). Setemené dhéwéké sing padha sulaya penemuné ngenani (rajapatiné) Isa, padha terus neng sejeroné semang nge-nani (wong) sing déperjaya kuwé. Dhéwéké nyata-nyata ora ngerti (sapa jané wong sing déperjaya kuwé) anging mung ngetutna pengira-ira thok, dadi dhéwéké padha ora precaya wis merjaya slirané (Isa).
243) Dhéwéké ngarani Isa putrané Maryam kuwé utusané Gusti Allah mung nggo ngécé, merga wong-wong kuwé dhéwék ora precaya kenabiané Isa a.s.
بَلْ رَّفَعَهُ اللّٰهُ اِلَيْهِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٥٨
Bar rafa‘ahullāhu ilaih(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[158]
Ning Gusti Allah wis ngangkat (Nabi) Isa maring pengarsa-Ne. 244 Gusti Allah Mahamulya, Mahawicaksana.
244) Ayat kiyé minangka bantahan ingatasé anggepané wong Yahudi, lamon dhéwéké wis padha merjaya Nabi Isa a.s.
وَاِنْ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ اِلَّا لَيُؤْمِنَنَّ بِهٖ قَبْلَ مَوْتِهٖ ۚوَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكُوْنُ عَلَيْهِمْ شَهِيْدًاۚ١٥٩
Wa im min ahlil-kitābi illā layu'minanna bihī qabla mautih(ī), wa yaumal-qiyāmati yakūnu ‘alaihim syahīdā(n).
[159]
Ora nana sewiji wong neng antarané Ahli Kitab sing ora precaya maring slirané (Isa) neng wektu méh sédané. 245 Lan neng dina Kiyamat slirané (Isa) arep dadi seksi ingatasé dhéwéké kabéh.
245) Saben wong Yahudi lan Nasrani rikala pérek mati arep padha precaya maring Nabi Isa a.s lan ngakoni seurungé Penjenengané séda, lamon Penjenengané kuwé utusané Gusti Allah, udu putrané Gusti Allah. Ning precayaé dhéwéké kuwé wis kasép.
فَبِظُلْمٍ مِّنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ طَيِّبٰتٍ اُحِلَّتْ لَهُمْ وَبِصَدِّهِمْ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ كَثِيْرًاۙ١٦٠
Fa biẓulmim minal-lażīna hādū ḥarramnā ‘alaihim ṭayyibātin uḥillat lahum wa biṣaddihim ‘an sabīlillāhi kaṡīrā(n).
[160]
Merga aniayané (dolimé) wong Yahudi, Ingsun larang (haramna) tumrap dhéwéké panganan sing apik-apik sing (ganuné) nglakon désekolihi (déhalalna); lan merga dhéwéké padha sering ngalang-alangi (wong liya) sekang dalané Gusti Allah,
وَّاَخْذِهِمُ الرِّبٰوا وَقَدْ نُهُوْا عَنْهُ وَاَكْلِهِمْ اَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ ۗوَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ مِنْهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٦١
Wa akhżihimur-ribā wa qad nuhū ‘anhu wa aklihim amwālan-nāsi bil-bāṭil(i), wa a‘tadnā lil-kāfirīna minhum ‘ażāban alīmā(n).
[161]
lan merga dhéwéké padha nglakokna riba (rénten), mangkané temen dhéwéké kabéh wis délarang sekang lakon kuwé, lan merga dhéwéké padha mangan bandhané wong kanthi cara ora sah (batal). Lan Ingsun sedhiakna nggo wong-wong sing mbang-kang (kapir) neng antarané dhéwéké siksa sing perih.
لٰكِنِ الرّٰسِخُوْنَ فِى الْعِلْمِ مِنْهُمْ وَالْمُؤْمِنُوْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ وَالْمُقِيْمِيْنَ الصَّلٰوةَ وَالْمُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَالْمُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ اُولٰۤىِٕكَ سَنُؤْتِيْهِمْ اَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ١٦٢
Lākinir-rāsikhūna fil-‘ilmi minhum wal-mu'minūna yu'minūna bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablika wal-muqīmīnaṣ-ṣalāta wal-mu'tūnaz-zakāta wal-mu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), ulā'ika sanu'tīhim ajran ‘aẓīmā(n).
[162]
Ning wong-wong sing ilmuné jero neng antarané dhéwéké, lan wong-wong sing precaya, dhéwéké padha precaya maring (Al-Qur’an) sing déturunaken maring sliramu (Muhammad) lan maring (kitab-kitab) sing déturunaken seurungé sliramu. Kaya kuwé uga dhéwéké sing padha nglakoni sembayang lan nglunasi jakat lan precaya maring Gusti Allah lan dina pungkasan. Maring dhéwéké kabéh ingsun paring ganjaran sing gedhé.
۞ اِنَّآ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ كَمَآ اَوْحَيْنَآ اِلٰى نُوْحٍ وَّالنَّبِيّٖنَ مِنْۢ بَعْدِهٖۚ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ وَعِيْسٰى وَاَيُّوْبَ وَيُوْنُسَ وَهٰرُوْنَ وَسُلَيْمٰنَ ۚوَاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًاۚ١٦٣
Innā auḥainā ilaika kamā auḥainā ilā nūḥiw wan-nabiyyīna mim ba‘dih(ī), wa auḥainā ilā ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭi wa ‘īsā wa ayyūba wa yūnusa wa hārūna wa sulaimān(a), wa ātainā dāwūda zabūrā(n).
[163]
Setemené Ingsun wis paring wahyu maring sliramu (Muhammad) kayadéné Ingsun wis paring wahyu maring Nuh lan nabi-nabi sewisé, lan Ingsun wis paring wahyu (uga) maring Ibrahim, Ismail, Ishak, Yakub lan anak putuné; Isa, Ayub, Yunus, Harun, lan Sulaiman. Lan Ingsun wis paring Kitab Zabur maring Dawud.
وَرُسُلًا قَدْ قَصَصْنٰهُمْ عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ وَرُسُلًا لَّمْ نَقْصُصْهُمْ عَلَيْكَ ۗوَكَلَّمَ اللّٰهُ مُوْسٰى تَكْلِيْمًاۚ١٦٤
Wa rusulan qad qaṣaṣnāhum ‘alaika wa rusulal lam naqṣuṣhum ‘alaik(a), wa kallamallāhu mūsā taklīmā(n).
[164]
Lan ana sewetara utusan sing Ingsun ceritakna dhéwéké maring sliramu seurungé, lan ana sewetara utusan (liya) sing ora Ingsun ceritakna dhéwéké maring sliramu. Lan maring Musa Gusti Allah dhawuh langsung 246 .
246) Gusti Allah dhawuh langsung maring Nabi Musa a.s ngetonaken istiméwané slirané, lan mula kuwé Nabi Musa a.s désebut kalimullah. Éwadéné utusan-utusan sing liya déparingi wahyu sekang Gusti Allah lantaran Malaékat Jibril. Anadéné Nabi Muhammad s.a.w nglakon pangendikan langsung karo Gusti Allah neng wektu wenginé isro’-mi’raj.
رُسُلًا مُّبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَ لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَى اللّٰهِ حُجَّةٌ ۢ بَعْدَ الرُّسُلِ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٦٥
Rusulam mubasysyirīna wa munżirīna li'allā yakūna lin-nāsi ‘alallāhi ḥujjatum ba‘dar-rusul(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[165]
Utusan-utusan mau minangka pengusung werta bebungah lan awéh pengéling-éling, supaya ora nana alesan tumrap menungsa nggo mbantah Gusti Allah sewisé rasul-rasul kuwé déutus. Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.
لٰكِنِ اللّٰهُ يَشْهَدُ بِمَآ اَنْزَلَ اِلَيْكَ اَنْزَلَهٗ بِعِلْمِهٖ ۚوَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يَشْهَدُوْنَ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۗ١٦٦
Lākinillāhu yasyhadu bimā anzala ilaika anzalahū bi‘ilmih(ī), wal-malā'ikatu yasyhadūn(a), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[166]
Ning Gusti Allah dadi seksi ingatasé (Al-Qur’an) sing déturunaken Penjenengané maring sliramu (Muhammad), Penjenengané nurunaken kanthi ilmu-Né lan para malaékat uga nyekséni. Lan cukup Gusti Allah sing dadi seksi.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ قَدْ ضَلُّوْا ضَلٰلًا ۢ بَعِيْدًا١٦٧
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi qad ḍallū ḍalālam ba‘īdā(n).
[167]
setemené wong-wong sing mbangkang (kapir) lan ngalang-alangi (wong liya) sekang dalané Gusti Allah, nyata-nyata wis kesasar seadoh-adohé.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَظَلَمُوْا لَمْ يَكُنِ اللّٰهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ طَرِيْقًاۙ١٦٨
Innal-lażīna kafarū wa ẓalamū lam yakunillāhu liyagfira lahum wa lā liyahdiyahum ṭarīqā(n).
[168]
setemené wong-wong sing mbangkang (kapir) lan nglakoni kejahatan, Gusti Allah ora bakal ngampurani dhéwéké, lan ora bakal (uga) paring pitudhuh maring dhéwéké dalan (sing jejeg),
اِلَّا طَرِيْقَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗوَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا١٦٩
Illā ṭarīqa jahannama khālidīna fīhā abadā(n), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[169]
kejaba dalan maring neraka Jahanam; dhéwéké langgeng neng njeroné selawas-lawasé, lan kuwé prékara (banget) gampangé mungguhé Gusti Allah.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمُ الرَّسُوْلُ بِالْحَقِّ مِنْ رَّبِّكُمْ فَاٰمِنُوْا خَيْرًا لَّكُمْ ۗوَاِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا١٧٠
Yā ayyuhan-nāsu qad jā'akumur-rasūlu bil-ḥaqqi mir rabbikum fa āminū khairal lakum, wa in takfurū fa inna lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[170]
Hé menungsa! Temen, wis teka Utusan (Muhammad) maring ko kabéh kanthi (ngas-ta) bebener sekang Pengéranmu, mangka padha precayaa (maring slirané), kuwé lewih apik tumrap ko kabéh. Lan angger ko mbang-kang (kuwé ora gawé tuna maring Gusti Allah semendhing-mendhinga) merga setemené kagungané Gusti Allah apa sing neng langit lan neng bumi. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَا تَغْلُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ وَلَا تَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ اِلَّا الْحَقَّۗ اِنَّمَا الْمَسِيْحُ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ رَسُوْلُ اللّٰهِ وَكَلِمَتُهٗ ۚ اَلْقٰىهَآ اِلٰى مَرْيَمَ وَرُوْحٌ مِّنْهُ ۖفَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖۗ وَلَا تَقُوْلُوْا ثَلٰثَةٌ ۗاِنْتَهُوْا خَيْرًا لَّكُمْ ۗ اِنَّمَا اللّٰهُ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ ۗ سُبْحٰنَهٗٓ اَنْ يَّكُوْنَ لَهٗ وَلَدٌ ۘ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا ࣖ١٧١
Yā ahlal-kitābi lā taglū fī dīnikum wa lā taqūlū ‘alallāhi illal-ḥaqq(a), innamal-masīḥu ‘īsabnu maryama rasūlullāhi wa kalimatuh(ū), alqāhā ilā maryama wa rūḥum minh(u), fa āminū billāhi wa rusulih(ī), wa lā taqūlū ṡalāṡah(tun), inntahū khairal lakum innamallāhu ilāhuw wāḥid(un), subḥānahū ay yakūna lahū walad(un), lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[171]
Hé Ahli Kitab! Aja nganti ko padha nglewi-hi wates neng sejerone agamamu, 247 lan aja nganti ko padha matur maring Gusti Allah kejaba sing bener. Temen, Al-Masih Isa putrané Maryam kuwé, utusané Gusti Allah lan (sing déciptakna) karo sabda-Né 248 sing débutulna maring Maryam, lan (karo semprongan) roh sekang Penjenengané. 249 Mangka padha precayaa maring Gusti Allah lan utusan-utusan-É lan aja padha ngucap “(Gusti Allah kuwé) telu,” mandhega (sekang ucapan kuwé). (Kuwé) lewih apik kanggo ko kabéh. Setemené Gusti Allah Pengéran sing Mahatunggal, Mahasuci Penjenengané sekang (anggepan) kagungan putra. Kagungan-É apa sing ana neng langit lan apa sing neng bumi. Lan cukup Gusti Allah dadi pengayom.
247) Aja ngasi ko kabéh ngomongna nabi Isa.as kuwé Pengéran, kayadéné wong nasrani
248) Maksudé kalimah (sabda) yakuwé “kun”, dadiné Nabi Isa a.s déciptakna tanpa rama.
249) Désebut semprongan (sebulan) sekang Gusti Allah merga semprongan kuwé sekang Gusti Allah.
لَنْ يَّسْتَنْكِفَ الْمَسِيْحُ اَنْ يَّكُوْنَ عَبْدًا لِّلّٰهِ وَلَا الْمَلٰۤىِٕكَةُ الْمُقَرَّبُوْنَۗ وَمَنْ يَّسْتَنْكِفْ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَيَسْتَكْبِرْ فَسَيَحْشُرُهُمْ اِلَيْهِ جَمِيْعًا١٧٢
Lay yastankifal-masīḥu ay yakūna ‘abdal lillāhi wa lal-malā'ikatul-muqarrabūn(a), wa may yastankif ‘an ‘ibādatihī wa yastakbir fa sayaḥsyuruhum ilaihi jamī‘ā(n).
[172]
Al-Masih babar pisan ora kabotan dadi kawulané Gusti Allah, lan mengkana uga para malaékat sing kepérek (maring Gusti Allah). 250 Lan sapa wongé kabotan (ngedhap) nyembah Penjenengané lan ngagul-agulna awaké dhéwék, mangka Gusti Allah bakal ngumpulna dhéwéké kabéh maring Penjenengané.
250) Malaékat sing ana neng sekubeng ‘Arsyi, kaya Jibril, Mikail lan Israfil.
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُوَفِّيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ وَيَزِيْدُهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۚ وَاَمَّا الَّذِيْنَ اسْتَنْكَفُوْا وَاسْتَكْبَرُوْا فَيُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ وَّلَا يَجِدُوْنَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٧٣
Fa ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fa yuwaffīhim ujūrahum wa yazīduhum min faḍlih(ī), wa ammal-lażīnastankafū wastakbarū fa yu‘ażżibuhum ‘ażāban alīmā(n), wa lā yajidūna lahum min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[173]
Anadéné wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebagusan, Gusti Allah bakal nyempurnakna ganjaran nggo dhéwéké lan nambahi sebagéan sekang peparing-É. Éwadéné wong-wong sing padha kabotan (nyembah Gusti Allah) lan ngagul-agulna awaké dhéwék, mangka Gusti Allah bakal nyiksa dhéwéké kanthi siksa sing perih. Lan dhéwéké ora bakal olih pengayom lan penulung seliyané Gusti Allah.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمْ بُرْهَانٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ نُوْرًا مُّبِيْنًا١٧٤
Yā ayyuhan-nāsu qad jā'akum burhānum mir rabbikum wa anzalnā ilaikum nūram mubīnā(n).
[174]
Hé para menungsa! Setemené wis butul maring ko kabéh bukti bebener sekang Pengéranmu, (Muhammad karo mukjijaté) lan wis ingsun turunaken maring ko kabéh cahya sing padhang-jembrang (Al-Qur’an).
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَاعْتَصَمُوْا بِهٖ فَسَيُدْخِلُهُمْ فِيْ رَحْمَةٍ مِّنْهُ وَفَضْلٍۙ وَّيَهْدِيْهِمْ اِلَيْهِ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۗ١٧٥
Fa ammal-lażīna āmanū billāhi wa‘taṣamū bihī fa sayudkhiluhum fī raḥmatim minhu wa faḍl(in), wa yahdīhim ilaihi ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[175]
Anadéné wong-wong sing padha precaya maring Gusti Allah lan cekelan kenceng maring (agama)-Né, mangka Gusti Allah bakal nglebokna dhéwéké kabéh maring senjeroné welas-asih lan ganjaran sekang Penjenengané (suwarga) lan nidhokna dalan sing jejeg maring Penjenengané.
يَسْتَفْتُوْنَكَۗ قُلِ اللّٰهُ يُفْتِيْكُمْ فِى الْكَلٰلَةِ ۗاِنِ امْرُؤٌا هَلَكَ لَيْسَ لَهٗ وَلَدٌ وَّلَهٗٓ اُخْتٌ فَلَهَا نِصْفُ مَا تَرَكَۚ وَهُوَ يَرِثُهَآ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهَا وَلَدٌ ۚ فَاِنْ كَانَتَا اثْنَتَيْنِ فَلَهُمَا الثُّلُثٰنِ مِمَّا تَرَكَ ۗوَاِنْ كَانُوْٓا اِخْوَةً رِّجَالًا وَّنِسَاۤءً فَلِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْاُنْثَيَيْنِۗ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اَنْ تَضِلُّوْا ۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ١٧٦
Yastaftūnak(a), qulillāhu yuftīkum fil-kalālah(ti), inimru'un halaka laisa lahū waladuw wa lahū ukhtun fa lahā niṣfu mā tarak(a), wa huwa yariṡuhā illam yakul lahā walad(un), fa in kānataṡnataini fa lahumaṡ-ṡuluṡāni mimmā tarak(a), wa in kānū ikhwatar rijālaw wa nisā'an fa liż-żakari miṡlu ḥaẓẓil-unṡayain(i), yubayyinullāhu lakum an taḍillū, wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[176]
Dhéwéké padha njaluk keterangan maring sliramu (ngenani kalalah). 251 Dhawuha, “Gusti Allah paring ketetepan hukum (fatwa) maring ko kabéh ngenani kalalah (yakuwé), angger sewiji wong mati lan dhéwéké ora duwé anak tapi duwé sedulur wadon, mangka bagéané (sedulur wadon kuwé) separoné sekang bandhané sing détinggalna, lan seduluré sing lanang marisi (kabéh bandhané seduluré sing wadon) angger dhéwéké ora duwé anak. Ning angger sedulur wadon kuwé ana loro, mangka tumrap loroné rong pertelon sekang bandha sing détinggalna lan angger dhéwéké (ahli waris kuwé ana) lanang lan wadon, mangka bagéané sedulur lanang siji padha karo bagéané sedulur wadon loro. Gusti Allah nerangna (hukum kiyé) maring ko kabéh supayané ko padha ora kesasar. Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.”
251) Kalalah, kuwé wong mati sing ora ninggalna rama lan anak.