Surah Az-Zumar
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ١
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[1]
Kitab (Al-Qur’an) kiyé déturunaken déning Gusti Allah Sing Mahamulya, Mahawicaksana.
اِنَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ فَاعْبُدِ اللّٰهَ مُخْلِصًا لَّهُ الدِّيْنَۗ٢
Innā anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi fa‘budillāha mukhliṣal lahud-dīn(a).
[2]
Setemené Ingsun nurunaken Kitab (Al-Qur’an) maring sliramu (Muhammad) kanthi (nggawa) bebener. Mangka sembaha Gusti Allah kanthi tulus pasrah ngrasuk agama maring Penjenengané.
اَلَا لِلّٰهِ الدِّيْنُ الْخَالِصُ ۗوَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۘ مَا نَعْبُدُهُمْ اِلَّا لِيُقَرِّبُوْنَآ اِلَى اللّٰهِ زُلْفٰىۗ اِنَّ اللّٰهَ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ فِيْ مَا هُمْ فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ ەۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ هُوَ كٰذِبٌ كَفَّارٌ٣
Alā lillāhid-dīnul-khāliṣ(u), wal-lażīnattakhażū min dūnihī auliyā'(a), mā na‘buduhum illā liyuqarribūnā ilallāhi zulfā, innallāha yaḥkumu bainahum fī mā hum fīhi yakhtalifūn(a), innallāha lā yahdī man huwa kāżibun kaffār(un).
[3]
Élinga! Mung kagungané Gusti Allah agama sing murni (sekang nyekuthokna Penjenengané). Lan wong-wong sing padha ndadékna pengayom seliyané Gusti Allah (padha ngucap), “Inyong ora padha nyembah maring brehala-brehala kuwé, ning mung (ngarep-arep) supaya dhéwéké padha gawé pérek inyong kabéh maring Gusti Allah kanthi sepérek-péreké.” Temen, Gusti Allah bakal paring putusan neng antarané dhéwéké kabéh ngenani apa sing dhéwéké padha persulayakna. Temen, Gusti Allah ora paring pituduh maring tukang goroh lan wong sing banget ingkaré.
لَوْ اَرَادَ اللّٰهُ اَنْ يَّتَّخِذَ وَلَدًا لَّاصْطَفٰى مِمَّا يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۙ سُبْحٰنَهٗ ۗهُوَ اللّٰهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ٤
Wa lau arādallāhu ay yattakhiża waladal laṣṭafā mimmā yakhluqu mā yasyā'(u), subḥānah(ū), huwallāhul-wāḥidul-qahhār(u).
[4]
Sekirané Gusti Allah ngersakna mundhut putra, mesthi Penjenengané bakal milih apa sing dékersakna sekang apa sing wis Penjenengané ciptakna. Mahasuci Penjenengané. Penjenengané Gusti Allah Sing Mahatunggal, Mahadigdaya.
خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۚ يُكَوِّرُ الَّيْلَ عَلَى النَّهَارِ وَيُكَوِّرُ النَّهَارَ عَلَى الَّيْلِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اَلَا هُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفَّارُ٥
Khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), yukawwirul-laila ‘alan-nahāri wa yukawwirun nahāra ‘alal-laili wa sakhkharasy-syamsa wal-qamar(a), kulluy yajrī li'ajalim musammā(n), alā huwal-‘azīzul-gaffār(u).
[5]
Penjenengané nyiptakna langit lan bumi kanthi (tujuan) sing sejati; Penjenengané nglebokna wengi maring awan lan nglebokna awan maring wengi. Lan Penjenengané nundhukna srengéngé lan wulan, kabéh-kabéh padha mlaku nuruti wektu sing wis détemtokna. Élinga! Penjenengané Sing Mahamulya, Maha Ngampura.
خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَاَنْزَلَ لَكُمْ مِّنَ الْاَنْعَامِ ثَمٰنِيَةَ اَزْوَاجٍ ۗ يَخْلُقُكُمْ فِيْ بُطُوْنِ اُمَّهٰتِكُمْ خَلْقًا مِّنْۢ بَعْدِ خَلْقٍ فِيْ ظُلُمٰتٍ ثَلٰثٍۗ ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ لَهُ الْمُلْكُۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ فَاَنّٰى تُصْرَفُوْنَ٦
Khalaqakum min nafsiw wāḥidatin ṡumma ja‘ala minhā zaujahā wa anzala lakum minal-an‘āmi ṡamāniyata azwāj(in), yakhluqukum fī buṭūni ummahātikum khalqam mim ba‘di khalqin fī ẓulumātin ṡalāṡ(in), żālikumullāhu rabbukum lahul-mulk(u), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tuṣrafūn(a).
[6]
Penjenengané nyiptakna ko kabéh sekang awakan sing siji (Adam), banjur sekang awakan siji kuwé, Penjenengané dadékna jodhoné lan Penjenengané nurunaken wolung pasang kéwan ingon nggo ko kabéh. Penjenengané ndadékna ko kabéh neng wetengé biyungmu kabéh, kedadéan mbaka kedadéan sejeroné telung petengan. 756 Sing (temindak) mengkana kuwé Gusti Allah, Pengérané ko kabéh, Pengéran sing kagungan praja. Ora nana sembahan seliyané Penjenengané; mangka kenangapa ko padha bisa depléngosna?
756) Telung petengan kuwé, petengan neng weteng, petengan neng guagarba (rahim) lan petengan neng sejeroné widhungan.
اِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ عَنْكُمْ ۗوَلَا يَرْضٰى لِعِبَادِهِ الْكُفْرَۚ وَاِنْ تَشْكُرُوْا يَرْضَهُ لَكُمْۗ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۗ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ مَّرْجِعُكُمْ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٧
In takfurū fa'innallāha ganiyyun ‘ankum, wa lā yarḍā li‘ibādihil-kufr(a), wa in tasykurū yarḍahu lakum, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, ṡumma ilā rabbikum marji‘ukum fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[7]
Angger ko padha mbangkang (ngertia) mangka setemené Gusti Allah ora mbutuhna ko kabéh 757 lan Penjenengané ora karenan (maring) kapiré kewula-kewula-Né. Angger ko padha kesuwun (sukur), Penjenengané karenan (dhemen) maring kesuwunmu kuwé. Sapa wongé sing nglakoni dosa ora mikul dosané wong liya. 758 Banjur mung maring Pengéranmu baliné ko kabéh, banjur Penjenengané wertakna maring ko kabéh apa sing wis ko kabéh padha pergawé. Temen, Penjenengané Maha Ngawuningani apa sing kesimpén neng njero dhadha(mu).
757) Menungsa arep precaya utawa ora, prekara kuwé ora mitunani Gusti Allah babar pisan.
758) Kabéh wong padha mikul dosané dhéwék-dhéwék.
۞ وَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ ضُرٌّ دَعَا رَبَّهٗ مُنِيْبًا اِلَيْهِ ثُمَّ اِذَا خَوَّلَهٗ نِعْمَةً مِّنْهُ نَسِيَ مَا كَانَ يَدْعُوْٓا اِلَيْهِ مِنْ قَبْلُ وَجَعَلَ لِلّٰهِ اَنْدَادًا لِّيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖ ۗ قُلْ تَمَتَّعْ بِكُفْرِكَ قَلِيْلًا ۖاِنَّكَ مِنْ اَصْحٰبِ النَّارِ٨
Wa iżā massal-insāna ḍurrun da‘ā rabbahū munīban ilaihi ṡumma iżā khawwalahū ni‘matan minhu nasiya mā kāna yad‘ū ilaihi min qablu wa ja‘ala lilllāhi andādal liyuḍilla ‘an sabīlih(ī), qul tamatta‘ bikufrika qalīlā(n), innaka min aṣḥābin-nār(i).
[8]
Lan angger menungsa kenang bebaya, dhéwéké padha nyuwun (pitulungan) maring Pengérané kanthi bali (manut-miturut) maring Penjenengané; ning angger Penjenengané paring kenékmatan maring dhéwéké, dhéwéké padha kelalén (maring bebaya) sing dhéwéké nglakon nyuwun (pitulungan) seurungé, lan padha gawé sekuthon-sekuthon tumrap Gusti Allah nggo nyasarna menungsa liyané sekang dalané Penjenengané. Ucapna, “Padha seneng-senenga neng sejeroné kapirmu kuwé mung nggo wektu sedhéla. Temen, ko kabéh kelebu warga neraka.”
اَمَّنْ هُوَ قَانِتٌ اٰنَاۤءَ الَّيْلِ سَاجِدًا وَّقَاۤىِٕمًا يَّحْذَرُ الْاٰخِرَةَ وَيَرْجُوْا رَحْمَةَ رَبِّهٖۗ قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الَّذِيْنَ يَعْلَمُوْنَ وَالَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ ۗ اِنَّمَا يَتَذَكَّرُ اُولُوا الْاَلْبَابِ ࣖ٩
Amman huwa qānitun ānā'al-laili sājidaw wa qā'imay yaḥżarul-ākhirata wa yarjū raḥmata rabbih(ī), qul hal yastawil-lażīna ya‘lamūna wal-lażīna lā ya‘lamūn(a), innamā yatażakkaru ulul-albāb(i).
[9]
(Apa ko kabéh wong kapir sing padha lewih bagya) utawa wong sing padha ngabekti (ngibadah) neng tengahé wengi kanthi sujud lan ngadeg, merga wedi maring (siksa) akhérat lan ngarep-arep kewelasané (rahmat) Pengérané? Ucapna, “Apa padha, wong-wong sing ngaweruhi karo wong-wong sing ora ngaweruhi?” Sebeneré mung wong-wong sing duwé nalar waras sing bisa nampani piwulang.
قُلْ يٰعِبَادِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوْا رَبَّكُمْ ۗلِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌ ۗوَاَرْضُ اللّٰهِ وَاسِعَةٌ ۗاِنَّمَا يُوَفَّى الصّٰبِرُوْنَ اَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ١٠
Qul yā ‘ibādil-lażīna āmanuttaqū rabbakum, lil-lażīna aḥsanū fī hāżihid-dun-yā ḥasanah(tun), wa arḍullāhi wāsi‘ah(tun), innamā yuwaffaṣ-ṣābirūna ajrahum bigairi ḥisāb(in).
[10]
Dhawuha (Muhammad), “Hé kewula-kewulané Ingsun sing padha precaya! Padha semaraha (takwa) maring Pengérané ko kabéh.” Tumrap wong-wong sing padha mergawé bagus neng dunya kiyé bakal olih kebagusan. Lan buminé Gusti Allah kuwé ombér. Mung wong-wong sing padha sabar sing desempurnakna ganjarané tanpa wates.
قُلْ اِنِّيْٓ اُمِرْتُ اَنْ اَعْبُدَ اللّٰهَ مُخْلِصًا لَّهُ الدِّيْنَ١١
Qul innī umirtu an a‘budallāha mukhliṣal lahud-dīn(a).
[11]
Dhawuha, “Setemené inyong dédhawuhi supaya nyembah Gusti Allah kanthi temen-temen tulus maring Penjenengané olihé (nglakoni) agama.
وَاُمِرْتُ لِاَنْ اَكُوْنَ اَوَّلَ الْمُسْلِمِيْنَ١٢
Wa umirtu li'an akūna awwalal-muslimīn(a).
[12]
Lan inyong dédhawuhi supaya dadi kawitané wong-wong sing padha pasrah awak.”
قُلْ اِنِّيْٓ اَخَافُ اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٣
Qul innī akhāfu in ‘aṣaitu rabbī ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[13]
Dhawuha, “Setemené inyong wedi maring siksané dina sing agung angger inyong duraka maring Pengéranku.”
قُلِ اللّٰهَ اَعْبُدُ مُخْلِصًا لَّهٗ دِيْنِيْۚ١٤
Qulillāha a‘budu mukhliṣal lahū dīnī.
[14]
Dhawuha, “Mung Gusti Allah sing inyong sembah kanthi temen-temen manut-miturut maring Penjenengané olihé (nglakoni) agamaku.”
فَاعْبُدُوْا مَا شِئْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖۗ قُلْ اِنَّ الْخٰسِرِيْنَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَاَهْلِيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اَلَا ذٰلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِيْنُ١٥
Fa‘budū mā syi'tum min dūnih(ī), qul innal-khāsirīnal-lażīna khasirū anfusahum wa ahlīhim yaumal-qiyāmah(ti), alā żālika huwal-khusrānul-mubīn(u).
[15]
Mangka padha nyembaha maring seliyané Penjenengané sekarepé ko kabéh! (Hé wong-wong musrik). 759 Dhawuha, “Setemené wong-wong sing padha tuna kuwé wong-wong sing gawé kapitunan maring awaké dhéwék lan kulawargané neng dina Kiyamat.” Élinga! Sing mengkana kuwé dadi kapitunan sing nyata.
759) Dhawuh kiyé ora démaksud kaya tegesé sing seluguné. Ning minangka dadi pengendikan murkané Gusti Allah maring kaum sing nyekuthokna Penjenengané (musrik) sing wis wara-wiri dédhawuhi supaya nyewijikna Gusti Allah ning dhéwéké tansah padha mbangkang.
لَهُمْ مِّنْ فَوْقِهِمْ ظُلَلٌ مِّنَ النَّارِ وَمِنْ تَحْتِهِمْ ظُلَلٌ ۗذٰلِكَ يُخَوِّفُ اللّٰهُ بِهٖ عِبَادَهٗ ۗيٰعِبَادِ فَاتَّقُوْنِ١٦
Lahum min fauqihim ẓulalum minan-nāri wa min taḥtihim ẓulal(un), żālika yukhawwifullāhu bihī ‘ibādah(ū), yā ‘ibādi fattaqūn(i).
[16]
Neng ndhuwuré wong-wong kuwé ana sap-sapan sekang geni lan neng ngisoré uga ana sap-sapan maning. Mengkana kuwé Gusti Allah ngancam kewula-kewulané (karo siksa kuwé). “Hé kewula-kewulané Ingsun, mangka padha semaraha (takwa) maring Ingsun.”
وَالَّذِيْنَ اجْتَنَبُوا الطَّاغُوْتَ اَنْ يَّعْبُدُوْهَا وَاَنَابُوْٓا اِلَى اللّٰهِ لَهُمُ الْبُشْرٰىۚ فَبَشِّرْ عِبَادِۙ١٧
Wal-lażīnajtanabuṭ-ṭāgūta ay ya‘budūhā wa anābū ilallāhi lahumul-busyrā, fabasysyir ‘ibād(i).
[17]
Lan wong-wong sing padha ngedohi Tagut (yakuwé) ora nyembah dhéwéké 760 lan wong-wong kuwé padha bali (tobat) maring Gusti Allah, dhéwéké kabéh pantes olih werta bebungah; merga kuwé butulna werta bebungah maring kewula-kewulané Ingsun,
760) Tagut kuwé sétan lan apa baé sing désembah seliyané Gusti Allah.
الَّذِيْنَ يَسْتَمِعُوْنَ الْقَوْلَ فَيَتَّبِعُوْنَ اَحْسَنَهٗ ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ هَدٰىهُمُ اللّٰهُ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمْ اُولُوا الْاَلْبَابِ١٨
Allażīna yastami‘ūnal-qaula fa yattabi‘ūna aḥsanah(ū), ulā'ikal-lażīna hadāhumullāhu wa ulā'ika hum ulul-albāb(i).
[18]
(yakuwé) wong-wong sing padha ngrungokna wulangan banjur ngetutna wulangan sing paling apik 761 neng antarané wulangan kuwé. Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing déparingi pituduh déning Gusti Allah lan dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha duwé nalar sing waras.
761) Wong-wong sing padha ngrungokna piwulang-piwulang Al-Qur’an lan piwulang liyané, ning sing détutna kuwé piwulang Al-Qur’an mega kuwé sing paling apik.
اَفَمَنْ حَقَّ عَلَيْهِ كَلِمَةُ الْعَذَابِۗ اَفَاَنْتَ تُنْقِذُ مَنْ فِى النَّارِ ۚ١٩
Afaman ḥaqqa ‘alaihi kalimatul-‘ażāb(i), afa'anta tunqiżu man fin-nār(i).
[19]
Mangka apa (sliramu arep ngowahi nasibé) wong-wong sing wis dépesthékna olih siksa? Apa sliramu (Muhammad) arep nylametna wong sing ana neng njeroné geni neraka?
لٰكِنِ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ لَهُمْ غُرَفٌ مِّنْ فَوْقِهَا غُرَفٌ مَّبْنِيَّةٌ ۙتَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ەۗ وَعْدَ اللّٰهِ ۗ لَا يُخْلِفُ اللّٰهُ الْمِيْعَادَ٢٠
Lākinil-lażīnattaqau rabbahum lahum gurafum min fauqihā gurafum mabniyyah(tun), tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa‘dallāh(i), lā yukhlifullāhul-mī‘ād(a).
[20]
Ning wong-wong sing padha semarah (takwa) maring Pengérané, dhéwéké padha olih senthong-senthong (neng suwarga), neng ndhuwuré uga ana senthong-senthong sing dégawé (nganggo loteng-loteng), sing mili neng ngisoré bengawan-bengawan. (Kuwé) janjiné Gusti Allah. Gusti Allah ora bakal nyulayani janji(-Né).
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَسَلَكَهٗ يَنَابِيْعَ فِى الْاَرْضِ ثُمَّ يُخْرِجُ بِهٖ زَرْعًا مُّخْتَلِفًا اَلْوَانُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰىهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَجْعَلُهٗ حُطَامًا ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ ࣖ٢١
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'an fasalakahū yanābī‘a fil-arḍi ṡumma yaj‘aluhū ḥuṭāmā(n), ina fī żālika lażikrā li'ulil-albāb(i).
[21]
Apa ko ora padha nggatékna lamon Gusti Allah nurunaken banyu sekang langit, banjur Penjenengané ngatur banyu kuwé dadi tuk-tuk neng bumi, banjur kanthi banyu kuwé Penjenengané thukulna tanduran-tanduran sing beda-beda wernané, banjur dadi garing, banjur ko kabéh weruh (tanduran) padha dadi semu kuning, banjur Penjenengané dadékna kuwé remuk pating prethil. Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana piwulang tumrap wong-wong sing padha duwé nalar waras.
اَفَمَنْ شَرَحَ اللّٰهُ صَدْرَهٗ لِلْاِسْلَامِ فَهُوَ عَلٰى نُوْرٍ مِّنْ رَّبِّهٖ ۗفَوَيْلٌ لِّلْقٰسِيَةِ قُلُوْبُهُمْ مِّنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٢
Afaman syaraḥallāhu ṣadrahū lil-islāmi fahuwa ‘alā nūrim mir rabbih(ī), fawailul lil-qāsiyati qulūbuhum min żikrillāh(i), ulā'ika fī ḍalālim mubīn(in).
[22]
Mangka apa wong-wong sing debukak atiné déning Gusti Allah nggo (nampani) agama Islam banjur dhéwéké olih pepadhang sekang Pengérané (padha baé karo wong sing atiné wangkot kaya watu)? Mangka cilaka banget wong-wong sing atiné wis kaya watu (dadi angél) nggo éling maring Gusti Allah. Dhéwéké kabéh kuwé neng sejeroné kesasar sing nyata.
اَللّٰهُ نَزَّلَ اَحْسَنَ الْحَدِيْثِ كِتٰبًا مُّتَشَابِهًا مَّثَانِيَۙ تَقْشَعِرُّ مِنْهُ جُلُوْدُ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ ۚ ثُمَّ تَلِيْنُ جُلُوْدُهُمْ وَقُلُوْبُهُمْ اِلٰى ذِكْرِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُدَى اللّٰهِ يَهْدِيْ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ٢٣
Allāhu nazzala aḥsanal-ḥadīṡi kitābam mutasyābiham maṡāniy(a), taqsya‘irru minhu julūdul-lażīna yakhsyauna rabbahum, ṡumma talīnu julūduhum wa qulūbuhum ilā żikrillāh(i), żālika hudallāhi yahdī bihī may yasyā'(u), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[23]
Gusti Allah wis nurunaken pengendikan sing paling apik (yakuwé) Al-Qur’an sing serupa (ayat-ayat-É) tur debolan-baléni, 762 mulané dadi mrinding kulité wong-wong sing padha wedi maring Pengérané merga kuwé (Al-Qur’an), banjur dadi anteng kulit lan atiné dhéwéké kabéh rikala padha éling maring Gusti Allah. Kuwé pituduhé Gusti Allah, kanthi Kitab kuwé Penjenengané paring pituduh maring sapa baé sing Penjenengané kersakna. Lan sapa wongé sing dejorna kesasar déning Gusti Allah, mangka ora nana sijia wong sing bisa awéh pituduh.
762) Hukum-hukum, piwulang lan crita-crita kuwé debolan-baléni olihé nyebut neng Al-Qur’an supayané lewih kuwat pengaruhé lan lewih ngresep. Sebagéan ahli tapsir ngucap, lamon maksudé kuwé, ayat-ayat Al-Qur’an kuwé debolan-baléni olihé maca kayadéné bukakané, surah Al-Fatihah.
اَفَمَنْ يَّتَّقِيْ بِوَجْهِهٖ سُوْۤءَ الْعَذَابِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗوَقِيْلَ لِلظّٰلِمِيْنَ ذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ٢٤
Afamay yattaqī biwajhihī sū'al-‘ażābi yaumal-qiyāmah(ti), wa qīla liẓ-ẓālimīna żūqū mā kuntum taksibūn(a).
[24]
Mangka apa wong-wong sing nutupi rainé ngindhani siksa sing ala neng dina Kiyamat (padha baé karo wong-wong mukmin sing ora kenang siksa)? Lan déucapna maring wong-wong sing aniaya (dolim), “Padha rasakna piwalesé apa sing wis ko kabéh wis padha pergawé.”
كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَاَتٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَ٢٥
Każżabal-lażīna min qablihim fa'atāhumul-‘ażābu mi ḥaiṡu lā yasy‘urūn(a).
[25]
Wong-wong sing (urip) seurungé dhéwéké kabéh padha nggorohna (rasul-rasul), mangka teka maring dhéwéké kabéh siksa sekang prenah sing dhéwéké padha ora nyana.
فَاَذَاقَهُمُ اللّٰهُ الْخِزْيَ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُ ۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٢٦
Fa ażāqahumullāhul-khizya fil-ḥayātid-dun-yā, wa la‘ażābul-ākhirati akbar(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[26]
Banjur Gusti Allah nibakna maring wong-wong kuwé kenisthan neng penguripan dunya. Lan temen, siksa akhérat lewih gedhé, angger (baé) dhéwéké padha ngaweruhi.
وَلَقَدْ ضَرَبْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍ لَّعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَۚ٢٧
Wa laqad ḍarabnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡalil la‘allahum yatażakkarūn(a).
[27]
Lan temen, wis Ingsun gawékna sejeroné Al-Qur’an kiyé, sekabéh peumpaman tumrap menungsa supaya padha olih piwulang.
قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا غَيْرَ ذِيْ عِوَجٍ لَّعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ٢٨
Qur'ānan ‘arabiyyan gaira żī ‘iwajil la‘allahum yattaqūn(a).
[28]
(Yakuwé) Al-Qur’an (sing) nganggo basa Arab, sing ora nana bengkoké (neng sejeroné) supayané wong-wong kuwé padha semarah (takwa).
ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا رَّجُلًا فِيْهِ شُرَكَاۤءُ مُتَشٰكِسُوْنَ وَرَجُلًا سَلَمًا لِّرَجُلٍ هَلْ يَسْتَوِيٰنِ مَثَلًا ۗ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٩
Ḍaraballāhu maṡalar rajulan fīhi syurakā'u mutasyākisūna wa rajulan salamal lirajulin hal yastawiyāni maṡalā(n), al-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[29]
Gusti Allah gawé peumpaman (yakuwé) ana siwijiné wong lanang (rewang tukon) sing duwé majikan akéh lan majikan-majikané kuwé lagi padha pasulayan, karo rewang tukon sing deduwéni mung neng majikan siji (baé). Apa kahanané padha baé antarané rewang tukon loro kuwé? Sekabéhé pengalembana kagungané Gusti Allah, ning akéh-akéhé wong kuwé padha ora ngaweruhi.
اِنَّكَ مَيِّتٌ وَّاِنَّهُمْ مَّيِّتُوْنَ ۖ٣٠
Innaka mayyituw wa innahum mayyitūn(a).
[30]
Setemené sliramu (Muhammad) bakal mati lan wong-wong kuwé bakal mati (uga).
ثُمَّ اِنَّكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عِنْدَ رَبِّكُمْ تَخْتَصِمُوْنَ ࣖ ۔٣١
Ṡumma innakum yaumal-qiyāmati ‘inda rabbikum takhtaṣimūn(a).
[31]
Banjur setemené ko kabéh neng dina Kiyamat bakal padha bantah-bantahan neng ngersané Pengérané ko kabéh.
۞ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَذَبَ عَلَى اللّٰهِ وَكَذَّبَ بِالصِّدْقِ اِذْ جَاۤءَهٗۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْكٰفِرِيْنَ٣٢
Faman aẓlamu mimman każaba ‘alallāhi wa każżaba biṣ-ṣidqi iż jā'ah(ū), alaisa fī jahannama maṡwal lil-kāfirīn(a).
[32]
Mangka sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing padha gawé-gawé goroh maring Gusti Allah lan nggorohna bebener sing teka maring dhéwéké? Mbok iya neraka Jahanam papan panggonané wong-wong sing padha mbangkang (kapir)?
وَالَّذِيْ جَاۤءَ بِالصِّدْقِ وَصَدَّقَ بِهٖٓ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُتَّقُوْنَ٣٣
Wal-lażī jā'a biṣ-ṣidqi wa ṣaddaqa bihī ulā'ika humul-muttaqūn(a).
[33]
Lan wong sing nggawa bebener (Muhammad) lan wong sing mbenerna apa sing degawa kuwé, dhéwéké kabéh wong sing padha semarah (takwa).
لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗ ذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْمُحْسِنِيْنَۚ٣٤
Lahum mā yasyā'ūna ‘inda rabbihim, żālika jazā'ul-muḥsinīn(a).
[34]
Dhéwéké kabéh padha olih apa sing dhéwéké kepéngini neng sisihé Pengérané. Mengkana kuwé piwalesé tumrap wong-wong sing padha mergawé becik,
لِيُكَفِّرَ اللّٰهُ عَنْهُمْ اَسْوَاَ الَّذِيْ عَمِلُوْا وَيَجْزِيَهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٣٥
Liyukaffirallāhu ‘anhum aswa'al-lażī ‘amilū wa yajziyahum ajrahum bi'aḥsanil-lażī kānū ya‘malūn(a).
[35]
supaya Gusti Allah mbusek penggawéané dhéwéké kabéh sing paling ala sing wis dhéwéké padha lakoni lan paring ganjaran maring wong-wong kuwé kanthi sing lewih apik ketimbang apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
اَلَيْسَ اللّٰهُ بِكَافٍ عَبْدَهٗۗ وَيُخَوِّفُوْنَكَ بِالَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖۗ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍۚ٣٦
Alaisallāhu bikāfin ‘abdah(ū), wa yukhawwifūnaka bil-lażīna min dūnih(ī), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[36]
Mbok iya Gusti Allah wis nyukupi kewula-Né? Wong-wong kuwé padha medén-medéni ko kabéh karo (sesembahan) seliyané Gusti Allah. Sapa wongé sing dejorna kesasar déning Gusti Allah, mangka ora nana sijia wong sing bisa awéh pituduh maring dhéwéké.
وَمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ مُّضِلٍّ ۗ اَلَيْسَ اللّٰهُ بِعَزِيْزٍ ذِى انْتِقَامٍ٣٧
Wa may yahdillāhu famā lahū min muḍill(in), alaisallāhu bi‘azīzin żintiqām(in).
[37]
Lan sapa wongé sing déparingi pituduh déning Gusti Allah, mangka ora nana sijia wong sing bisa nyasarna dhéwéké. Mbok iya Gusti Allah Mahadigdaya lan kagungan (kewasa nggo) ngukum?
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗ قُلْ اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ اَرَادَنِيَ اللّٰهُ بِضُرٍّ هَلْ هُنَّ كٰشِفٰتُ ضُرِّهٖٓ اَوْ اَرَادَنِيْ بِرَحْمَةٍ هَلْ هُنَّ مُمْسِكٰتُ رَحْمَتِهٖۗ قُلْ حَسْبِيَ اللّٰهُ ۗعَلَيْهِ يَتَوَكَّلُ الْمُتَوَكِّلُوْنَ٣٨
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunnallāh(u), qul afara'aitum mā tad‘ūna min dūnillāhi in arādaniyallāhu biḍurrin hal hunna kāsyifātu ḍurrihī au arādanī biraḥmatin hal hunna mumsikātu raḥmatih(ī), qul ḥasbiyallāh(u), ‘alaihi yatawakkalul-mutawakkilūn(a).
[38]
Lan temen, angger sliramu takon maring wong-wong kuwé, “Sapa sing nyiptakna langit lan bumi?” Mesti dhéwéké kabéh padha semaur, “Gusti Allah.” Dhawuha, “Angger kaya kuwé apa ko padha ngaweruhi ngenani apa sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah, angger Gusti Allah kersa nekakna bebaya maring inyong, apa sembahan-sembahan mau padha kewawa ngilangna bebaya kuwé, utawa angger Gusti Allah kersa paring kewelasan (rahmat) maring inyong, apa sembahan-sembahan kuwé bisa nyegah kewelasan (rahmat) Penjenengané?” Dhawuha, “Tumrap inyong, cukup Gusti Allah. Maring Penjenengané wong-wong sing padha tawakal padha pasrah awak.”
قُلْ يٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌ ۚفَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ٣٩
Qul yā qaumi‘malū ‘alā makānatikum innī ‘āmil(un), fa saufa ta‘lamūn(a).
[39]
Dhawuha (Muhammad), “Hé kaumku! Padha temindaka miturut drajaté ko kabéh, inyong uga temindak (mengkana uga), mbésuk ko kabéh bakal ngaweruhi,
مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٤٠
May ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa yaḥillu ‘alaihi ‘ażābum muqīm(un).
[40]
sapa sing olih siksa sing nisthakna lan maring dhéwéké détibakna siksa sing langgeng.”
اِنَّآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ لِلنَّاسِ بِالْحَقِّۚ فَمَنِ اهْتَدٰى فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۚوَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ ࣖ٤١
Innā anzalnā ‘alaikal-kitāba lin-nāsi bil-ḥaqq(i), fa manihtadā fa linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[41]
Temen, Ingsun nurunaken maring sliramu Kitab (Al-Qur’an) kanthi nggawa bebener nggo menungsa; sapa wongé sing olih pituduh, mangka (pituduh kuwé) nggo awaké dhéwék, lan sapa kesasar setemené kesasaré kuwé nggo awaké dhéwék, lan sliramu udu wong sing nanggungjawabi wong-wong kuwé.
اَللّٰهُ يَتَوَفَّى الْاَنْفُسَ حِيْنَ مَوْتِهَا وَالَّتِيْ لَمْ تَمُتْ فِيْ مَنَامِهَا ۚ فَيُمْسِكُ الَّتِيْ قَضٰى عَلَيْهَا الْمَوْتَ وَيُرْسِلُ الْاُخْرٰىٓ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٤٢
Allāhu yatawaffal-anfusa ḥīna mautihā wal-latī lam tamut fī manāmihā, fayumsikul-latī qaḍā ‘alaihal-mauta wa yursilul-ukhrā ilā ajalim musammā(n), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[42]
Gusti Allah ngasta nyawané (sewijiné wong) rikala matiné lan nyawané (sewijiné wong) sing urung mati rikala dhéwéké turu; mangka Penjenengané tahan nyawané (wong) sing wis Penjenengané tetepna patiné lan Penjene-ngané culna nyawa sing liyané nganti butul wektu sing détemtokna. 763 Temen, sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha (agungé) Gusti Allah tumrap wong-wong sing padha mikir.
763) Wong-wong sing padha mati kuwé rohé detahan déning Gusti Allah saéngga ora bisa bali maring ragane; lan wong-wong sing ora mati ning mung turu, rohé deculma maning saéngga bisa bali maring ragané
اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ شُفَعَاۤءَۗ قُلْ اَوَلَوْ كَانُوْا لَا يَمْلِكُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَعْقِلُوْنَ٤٣
Amittakhażū min dūnillāhi syufa‘ā'(a), qul awalau kānū lā yamlikūna syai'aw wa lā ya‘qilūn(a).
[43]
Utawa apa wong-wong kuwé padha ngalap pitulungan maring seliyané Gusti Allah. Dhawuha, “Apa (ko kabéh tetep ngalap pitulungan) senajan sembahan-sembahan kuwé ora duwé sewiji apa lan padha ora (bisa) mengerténi?”
قُلْ لِّلّٰهِ الشَّفَاعَةُ جَمِيْعًا ۗ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٤٤
Qul lillāhisy-syafā‘atu jamī‘ā(n), lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[44]
Dhawuha, “Pitulungan kuwé mung kagunga-né Gusti Allah sekabéhé. Penjenengané kagungan praja langit lan bumi. Banjur maring Penjenengané ko kabéh bakal padha débalékna.”
وَاِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَحْدَهُ اشْمَـَٔزَّتْ قُلُوْبُ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِۚ وَاِذَا ذُكِرَ الَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِذَا هُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَ٤٥
Wa iżā żukirallāhu waḥdahusyma'azzat qulūbul-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirah(ti), wa iżā żukiral-lażīna min dūnihī iżā hum yastabsyirūn(a).
[45]
Lan angger sing désebut mung asmané Gusti Allah, mangka gela banget atiné wong-wong sing ora precaya maring akhérat. Ning angger aran (sembahan-sembahan) seliyané Gusti Allah kuwé sing désebut, dadakan dhéwéké dadi padha bungah.
قُلِ اللّٰهُمَّ فَاطِرَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ عٰلِمَ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ اَنْتَ تَحْكُمُ بَيْنَ عِبَادِكَ فِيْ مَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٤٦
Qulillāhumma fāṭiras-samāwāti wal-arḍi ‘ālimal-gaibi wasy-syahādati anta taḥkumu baina ‘ibādika fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[46]
Dhawuha, “Dhuh Gusti Allah, Ingkang nyipta langit lan bumi; ingkang ngawuning-ani sedaya ingkang samar (gaib) lan ingkang ketawis, Penjenengan ingkang mutusi wonten antawisipun kewula-kewula Penjenengan ngengingi napa ingkang tansah kiyambekipun sami persulayakaken.”
وَلَوْ اَنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لَافْتَدَوْا بِهٖ مِنْ سُوْۤءِ الْعَذَابِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ وَبَدَا لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مَا لَمْ يَكُوْنُوْا يَحْتَسِبُوْنَ٤٧
Wa lau anna lil-lażīna ẓalamū mā fil-arḍi jamī‘aw wa miṡlahū ma‘ahū laftadau bihī min sū'il-‘ażābi yaumal-qiyāmah(ti), wa badā lahum minallāhi mā lam yakūnū yaḥtasibūn(a).
[47]
Lan sekirané wong-wong sing padha aniaya (dolim) kuwé nduwéni kabéh sing ana neng bumi lan detambahi maning semeno akéhé, mesthi wong-wong kuwé bakal padha nebus awaké dhéwék nganggo (banda-banda kuwé) supaya dadi tebusan sekang siksa sing ala neng dina Kiyamat. Lan dadi gamblang tumrap wong-wong kuwé siksa sekang Gusti Allah sing gemiyén ora nglakon padha degliga.
وَبَدَا لَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٤٨
Wa badā lahum sayyi'ātu mā kasabū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[48]
Lan dadi genah tumrap wong-wong kuwé penggawéan ala kaya apa sing dhéwéké wis padha lakoni, lan dhéwéké padha delingkupi déning apa sing gemiyén dhéwéké tansah padha perguyokna.
فَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ ضُرٌّ دَعَانَاۖ ثُمَّ اِذَا خَوَّلْنٰهُ نِعْمَةً مِّنَّاۙ قَالَ اِنَّمَآ اُوْتِيْتُهٗ عَلٰى عِلْمٍ ۗبَلْ هِيَ فِتْنَةٌ وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٤٩
Fa'iżā massal-insāna ḍurrun da‘ānā ṡumma iżā khawwalnāhu ni‘matam minnā, qāla innamā ūtītuhū ‘alā ‘ilm(in), bal hiya fitnatuw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[49]
Mangka menungsa angger lagi ketiban bebaya dhéwéké padha nyenyuwun maring Ingsun, banjur angger Ingsun wis paringna nékmaté Ingsun maring wong-wong kuwé, dhéwéké padha ngucap, “Sebeneré inyong déparingi nékmat kiyé mung merga pinteré inyong.” Sebeneré, kuwé mung ujian, ning akéh-akéhé wong ora padha ngaweruhi.
قَدْ قَالَهَا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٥٠
Qad qālahal-lażīna min qablihim famā agnā ‘anhum mā kānū yaksibūn(a).
[50]
Temen, wong-wong sing seurungé dhéwéké kabéh uga wis padha ngomongna ngenani prekara kuwé, mangka ora nana gunané maning tumrap dhéwéké kabéh apa sing gemiyén padha dhéwéké pergawé.
فَاَصَابَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا ۗوَالَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْ هٰٓؤُلَاۤءِ سَيُصِيْبُهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا ۙوَمَا هُمْ بِمُعْجِزِيْنَ٥١
Fa'aṣābahum sayyi'ātu mā kasabū, wal-lażīna ẓalamū min hā'ulā'i sayuṣībuhum sayyi'ātu mā kasabū, wa mā hum bimu‘jizīn(a).
[51]
Banjur wong-wong kuwé padha kenang (bebaya) sekang akibat alané apa sing wis dhéwéké padha pergawé. Lan wong-wong sing padha aniaya (dolim) neng antarané dhéwéké kabéh uga bakal padha kenang (bebaya) sekang akibat alané apa sing dhéwéké padha pergawé lan dhéwéké ora padha bisa nguwalna awak.
اَوَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ٥٢
Awalam ya‘lamū annallāha yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[52]
Lan apa ora padha ngaweruhi lamon Gusti Allah ngombérna rejeki tumrap sapa sing Penjenengané kersakna lan matesi (tumrap sapa sing Penjenengané kersakna)? Setemené neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (kewasané Gusti Allah) tumrap kaum sing padha precaya.
۞ قُلْ يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اَسْرَفُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوْا مِنْ رَّحْمَةِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ جَمِيْعًا ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٥٣
Qul yā ‘ibādiyal-lażīna asrafū ‘alā anfusihim lā taqnaṭū mir raḥmatillāh(i), innallāha yagfiruż-żunūba jamī‘ā(n), innahū huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[53]
Dhawuhna, “Hé kewula-kewulané Ingsun sing padha ngliwati wates maring awaké dhéwék! Aja pisan-pisan ko padha pungkas (pedhot pengarep-arep) sekang kewelasané (rahmat) Gusti Allah. Setemené Gusti Allah ngampurani dosa-dosa 764 sekabéhé. Temen, Gusti Allah Sing Maha Ngampura, Mahawelas.
764) Deleng An-Nisa’ (4): 48, kejaba dosa syirik.
وَاَنِيْبُوْٓا اِلٰى رَبِّكُمْ وَاَسْلِمُوْا لَهٗ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ الْعَذَابُ ثُمَّ لَا تُنْصَرُوْنَ٥٤
Wa anībū ilā rabbikum wa aslimū lahū min qabli ay ya'tiyakumul-‘ażābu ṡumma lā tunṣarūn(a).
[54]
Lan padha balia ko kabéh maring Pengéranmu, lan padha pasraha maring Penjenengané seurungé teka siksa maring ko kabéh, banjur ko kabéh dadi ora bisa detulungi.
وَاتَّبِعُوْٓا اَحْسَنَ مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ الْعَذَابُ بَغْتَةً وَّاَنْتُمْ لَا تَشْعُرُوْنَ ۙ٥٥
Wattabi‘ū aḥsana mā unzila ilaikum mir rabbikum min qabli ay ya'tiyakumul ‘ażābu bagtataw wa antum lā tasy‘urūn(a).
[55]
Lan tutna seapik-apiké apa sing wis déturunaken maring ko kabéh (Al-Qur’an) sekang Pengéranmu seurungé teka siksa maring ko kabéh kanthi dadakan, éwadéné ko kabéh padha ora nggliga,
اَنْ تَقُوْلَ نَفْسٌ يّٰحَسْرَتٰى عَلٰى مَا فَرَّطْتُّ فِيْ جَنْۢبِ اللّٰهِ وَاِنْ كُنْتُ لَمِنَ السّٰخِرِيْنَۙ٥٦
An taqūla yā ḥasratā ‘alā mā farraṭṭu fī jambillāhi wa in kuntu laminas-sākhirīn(a).
[56]
supaya aja ana wong sing ngucap, ‘Banget gedhéné pengajogé inyong ingatasé pengemprahku olihé (nglakoni kewajiban) maring Gusti Allah, lan setemené inyong klebu wong-wong sing padha merguyu (agamané Gusti Allah),’
اَوْ تَقُوْلَ لَوْ اَنَّ اللّٰهَ هَدٰىنِيْ لَكُنْتُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ ۙ٥٧
Au taqūla lau annallāha hadānī lakuntu minal-muttaqīn(a).
[57]
utawa (supayané aja) ana sing ngucap, ‘Sekirané Gusti Allah paring pituduh maring inyong mesthi inyong kelebu wong-wong sing padha semarah (takwa),’
اَوْ تَقُوْلَ حِيْنَ تَرَى الْعَذَابَ لَوْ اَنَّ لِيْ كَرَّةً فَاَكُوْنَ مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ٥٨
Au taqūla ḥīna taral-‘ażāba lau anna lī karratan fa akūna minal-muḥsinīn(a).
[58]
utawa (supayané aja) ana sing ngucap rikala weruh siksa, ‘Sekirané inyong bisa bali (maring dunya), mesthi inyong kelebu wong-wong sing mergawé becik.’
بَلٰى قَدْ جَاۤءَتْكَ اٰيٰتِيْ فَكَذَّبْتَ بِهَا وَاسْتَكْبَرْتَ وَكُنْتَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٥٩
Balā qad jā'atka āyātī fa każżabta bihā wastakbarta wa kunta minal-kāfirīn(a).
[59]
Temen, sebeneré ayat-ayat Ingsun wis butul maring ko, ning ko nggorohna, malah ko (temindak) gemedhé lan ko kelebu wong-wong sing mbangkang (kapir).”
وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ تَرَى الَّذِيْنَ كَذَبُوْا عَلَى اللّٰهِ وُجُوْهُهُمْ مُّسْوَدَّةٌ ۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْمُتَكَبِّرِيْنَ٦٠
Wa yaumal-qiyāmati taral-lażīna każabū ‘alallāhi wujūhuhum muswaddah(tun), alaisa fī jahannama maṡwal lil-mutakabbirīn(a).
[60]
Lan neng dina Kiyamat sliramu bakal weruh wong-wong sing padha gawé goroh maring Gusti Allah, rainé dadi ireng. Mbok iya neraka Jahanam kuwé papan manggoné wong-wong sing padha gemedhé?
وَيُنَجِّى اللّٰهُ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا بِمَفَازَتِهِمْۖ لَا يَمَسُّهُمُ السُّوْۤءُ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦١
Wa yunajjillāhul-lażīnattaqau bimafāzatihim, lā yamassuhumus-sū'u wa lā hum yaḥzanūn(a).
[61]
Lan Gusti Allah nylametna wong-wong sing padha semarah (takwa) merga menangé dhéwéké kabéh. Wong-wong kuwé padha ora kesénggol siksa lan ora padha susah atiné.
اَللّٰهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ ۙوَّهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ٦٢
Allāhu khāliqu kulli syai'(in), wa huwa ‘alā kulli syai'iw wakīl(un).
[62]
Gusti Allah sing nyipta samubarang kabéh, lan Penjenengané Maha Ngupakara ingatasé samubarang kabéh.
لَهٗ مَقَالِيْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ٦٣
Lahū maqālīdus-samāwāti wal-arḍ(i), wal-lażīna kafarū bi'āyātillāhi ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[63]
Kagungan Penjenengané kunci-kunciné (gudhang bandha) langit lan bumi. Lan wong-wong sing padha ora precaya maring ayat-ayat-É Gusti Allah, dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha kapitunan.
قُلْ اَفَغَيْرَ اللّٰهِ تَأْمُرُوْۤنِّيْٓ اَعْبُدُ اَيُّهَا الْجٰهِلُوْنَ٦٤
Qul afagairallāhi ta'murūnnī a‘budu ayyuhal-jāhilūn(a).
[64]
Dhawuha (Muhammad), “Apa ko padha préntah inyong supayané nyembah seliyané Gusti Allah, hé wong-wong sing padha bodho?”
وَلَقَدْ اُوْحِيَ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۚ لَىِٕنْ اَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٦٥
Wa laqad ūḥiya ilaika wa ilal-lażīna min qablik(a), la'in asyrakta layaḥbaṭanna ‘amaluka wa latakūnanna minal-khāsirīn(a).
[65]
Lan temen, wis déwahyokna maring sliramu lan maring (nabi-nabi) sing seurungé sliramu, “Temen, angger sliramu nyekuthokna (Gusti Allah), mesthi bakal ilang kebecikanmu, lan mesthi sliramu klebu wong sing padha kapitunan.
بَلِ اللّٰهَ فَاعْبُدْ وَكُنْ مِّنَ الشّٰكِرِيْنَ٦٦
Balillāha fa‘bud wa kum minasy-syākirīn(a).
[66]
Merga kuwé, preyogané mung Gusti Allah sing sliramu sembah, lan preyogané sliramu kelebu wong-wong sing padha kesuwun (sukur).”
وَمَا قَدَرُوا اللّٰهَ حَقَّ قَدْرِهٖۖ وَالْاَرْضُ جَمِيْعًا قَبْضَتُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَالسَّمٰوٰتُ مَطْوِيّٰتٌۢ بِيَمِيْنِهٖ ۗسُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٦٧
Wa mā qadarullāha ḥaqqa qadrih(ī), wal-arḍu jamī‘an qabḍatuhū yaumal-qiyāmati was-samāwātu maṭwiyyātum biyamīnih(ī), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[67]
Lan wong-wong kuwé padha ora ngegungna Gusti Allah kanthi semesthiné, mangkané bumi sekabéhé neng gegemané Penjenengané neng dina Kiyamat lan langit degulung kanthi asta tengené Penjenengané. 765 Mahasuci Penjenengané lan Mahaluhur Penjenengané sekang apa sing wong-wong kuwé padha sekuthokna.
765) Ayat kiyé nggambarna agungé lan kewasané Gusti Allah lan mung Penjenengané sing kewasa neng dina Kiyamat.
وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَصَعِقَ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اللّٰهُ ۗ ثُمَّ نُفِخَ فِيْهِ اُخْرٰى فَاِذَا هُمْ قِيَامٌ يَّنْظُرُوْنَ٦٨
Wa nufikha fiṣ-ṣūri faṣa‘iqa man fis-samāwāti wa man fil-arḍi illā man syā'allāh(u), ṡumma nufikha fīhi ukhrā fa'iżā hum qiyāmuy yanẓurūn(a).
[68]
Lan slomprété banjur desemprong, banjur mati kabéh (titah) sing neng langit lan neng bumi kejaba dhéwéké (titah-titah) sing dékersakna déning Gusti Allah, banjur desemprong sepisan maning (slomprét kuwé), mangka senalika dhéwéké padha menyat kabéh (sekang kuburé) padha ngenténi (putusané Gusti Allah).
وَاَشْرَقَتِ الْاَرْضُ بِنُوْرِ رَبِّهَا وَوُضِعَ الْكِتٰبُ وَجِايْۤءَ بِالنَّبِيّٖنَ وَالشُّهَدَاۤءِ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْحَقِّ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٦٩
Wa asyraqatil-arḍu binūri rabbihā wa wuḍi‘al-kitābu wa jī'a bin-nabiyyīna wasy-syuhadā'i wa quḍiya bainahum bil-ḥaqqi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[69]
Lan bumi (ara-ara Mahsyar) dadi padhang jembrang kanthi cahya (adilé) Pengérané; lan buku-buku cathetan (prétungan penggawéané dhéwéké) déwéhna (maring saben wong), nabi-nabi lan seksi-seksi banjur detekakna, banjur déwéhna putusan neng antarané wong-wong kuwé kanthi adil, lan wong-wong kuwé ora padha dékapitunani.
وَوُفِّيَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ وَهُوَ اَعْلَمُ بِمَا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٧٠
Wa wuffiyat kullu nafsim mā ‘amilat wa huwa a‘lamu bimā yaf‘alūn(a).
[70]
Lan maring saben-saben jiwa déparingi piwales padha karo lakoné kanthi sempurna, selaras karo apa sing wis padha dépergawé lan Penjenengané lewih ngerti maring apa sing dhéwéké kabéh padha pergawé.
وَسِيْقَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى جَهَنَّمَ زُمَرًا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءُوْهَا فُتِحَتْ اَبْوَابُهَا وَقَالَ لَهُمْ خَزَنَتُهَآ اَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ يَتْلُوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِ رَبِّكُمْ وَيُنْذِرُوْنَكُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَا ۗقَالُوْا بَلٰى وَلٰكِنْ حَقَّتْ كَلِمَةُ الْعَذَابِ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٧١
Wasīqal-lażīna kafarū ilā jahannama zumarā(n), ḥattā iżā jā'ūhā futiḥat abwābuhā wa qāla lahum khazanatuhā alam ya'tikum rusulum minkum yatlūna ‘alaikum āyāti rabbikum wa yunżirūnakum liqā'a yaumikum hāżā, qālū balā wa lākin ḥaqqat kalimatul-‘ażābi ‘alal-kāfirīn(a).
[71]
Wong-wong sing padha mbangkang (kapir) dégiring maring neraka Jahanam kanthi rerombongan. Saéngga angger dhéwéké padha butul nganah (neraka), lawang-lawangé debukakna lan malaékat-malaékat sing jaga padha ngucap maring wong-wong kuwé, “Apa urung nglakon teka maring ko kabéh rasul-rasul sekang kalanganmu, sing macakna ayat-ayat-É Pengéranmu lan ngélingna maring ko kabéh ngenani anané sapatemon (karo) dinamu kiyé?” Dhéwéké padha semaur, “Leres, wonten,” ning patrapan siksa meshti kelakon maring wong-wong kapir.
قِيْلَ ادْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚفَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ٧٢
Qīladkhulū abwāba jahannama khālidīna fīhā, fa bi'sa maṡwal-mutakabūbirīn(a).
[72]
Déucapna (maring wong-wong kuwé), “Padha lebonia lawang-lawang neraka Jahanam kuwé, (ko kabéh) langgeng neng njeroné.” Mangka neraka Jahanam kuwé seala-alané papan panggonan nggo wong-wong sing padha ngagul-agulna awaké dhéwék (gemedhe).
وَسِيْقَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ اِلَى الْجَنَّةِ زُمَرًا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءُوْهَا وَفُتِحَتْ اَبْوَابُهَا وَقَالَ لَهُمْ خَزَنَتُهَا سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ طِبْتُمْ فَادْخُلُوْهَا خٰلِدِيْنَ٧٣
Wasīqal-lażīnattaqau rabbahum ilal-jannati zumarā(n), ḥattā iżā jā'ūhā wa futiḥat abwābuhā wa qāla lahum khazanatuhā salāmun ‘alaikum ṭibtum fadkhulūhā khālidīn(a).
[73]
Lan wong-wong sing padha semarah (takwa) maring Pengérané dejujugna maring suwarga kanthi rombongan. Saéngga angger dhéwéké kabéh padha butul maring nganah (suwarga) lan lawang-lawangé wis debukakna, malaé-kat-malaékat sing jaga padha ngucap maring wong-wong kuwé, “Keraharjan (déparingna) ingatasé ko kabéh, padha sing ayem tentrema ko kabéh! Mangka maran padha mlebua, ko kabéh langgeng neng njeroné.”
وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ صَدَقَنَا وَعْدَهٗ وَاَوْرَثَنَا الْاَرْضَ نَتَبَوَّاُ مِنَ الْجَنَّةِ حَيْثُ نَشَاۤءُ ۚفَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَ٧٤
Wa qālul-ḥamdu lillāhil-lażī ṣadaqanā wa‘dahū wa auraṡanal-arḍa natabawwa'u minal-jannati ḥaiṡu nasyā'(u), fani‘ma ajrul-‘āmilīn(a).
[74]
Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Sedaya pengalembana kagungané Gusti Allah ingkang empun netepi janji dhateng kula sami, empun paring dhateng kula sedaya panggenan niki, éwadéné kula sedaya (kepareng) ngenggéni suwarga teng pundi mawon sekajengé kula sami.” Suwarga kuwé seapik-apiké ganjaran nggo wong-wong sing padha ngamal (temindak becik).
وَتَرَى الْمَلٰۤىِٕكَةَ حَاۤفِّيْنَ مِنْ حَوْلِ الْعَرْشِ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْۚ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْحَقِّ وَقِيْلَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٧٥
Wa taral-malā'ikata ḥāffīna min ḥaulil-‘arsyi yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim, wa quḍiya bainahum bil-ḥaqqi wa qīlal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[75]
Lan sliramu (Muhammad) bakal priksa lamon malaékat-malaékat bakal padha ngubengi sekiwe-tengené ‘Arsy, padha maca tasbéh kanthi ngalembana maring Pengérané; banjur déparingna putusan neng antarané dhéwéké (kewula-kewulané Gusti Allah) kanthi adil lan déucapna, “Sedaya pengalembana niku kagungané Gusti Allah, Pengérané sedaya ngalam.”