Surah Sad

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
صۤ ۗوَالْقُرْاٰنِ ذِى الذِّكْرِۗ١
Ṣād, wal-qur'āni żiż-żikr(i).
[1] Saad, sekawit (sekawit) Al-Qur’an sing ngemu pengéling-éling.

بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ عِزَّةٍ وَّشِقَاقٍ٢
Balil-lażīna kafarū fī ‘izzatiw wa syiqāq(in).
[2] Ning wong-wong kapir (ana) neng sejeroné gemedhé lan memungsuhan.

كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ قَرْنٍ فَنَادَوْا وَّلَاتَ حِيْنَ مَنَاصٍ٣
Kam ahlaknā min qablihim min qarnin fanādaw wa lāta ḥīna manāṣ(in).
[3] Sepira akéhé umat sing seurungé wong-wong sing mbangkang (kapir) kuwé sing Ingsun tumpes, banjur dhéwéké padha njaluk tulung, mangkané (wektu kuwé) udu wektuné nggo mlayu nglolosna awak.

وَعَجِبُوْٓا اَنْ جَاۤءَهُمْ مُّنْذِرٌ مِّنْهُمْ ۖوَقَالَ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا سٰحِرٌ كَذَّابٌۚ٤
Wa ‘ajibū an jā'ahum munżirum minhum, wa qālal-kāfirūna hāżā sāḥirun każżāb(un).
[4] Lan wong-wong kuwé gumun, merga dhéwéké padha ketekanan sewiji wong sing awéh pengéling-éling (rasul) sekang bangsané dhéwék; lan wong-wong kapir padha ngucap, “Wong kiyé ora liya mung tukang sihir sing akéh olihé apus-apus.”

اَجَعَلَ الْاٰلِهَةَ اِلٰهًا وَّاحِدًا ۖاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ عُجَابٌ٥
Aja‘alal-ālihata ilāhaw wāḥidā(n), inna hāżā lasyai'un ‘ujāb(un).
[5] Apa dhéwéké ndadékna sembahan-sembahan kuwé Pengéran sing mung siji? Temen, kiyé dadi sewiji sing nyata-nyata nggumunaken pisan.

وَانْطَلَقَ الْمَلَاُ مِنْهُمْ اَنِ امْشُوْا وَاصْبِرُوْا عَلٰٓى اٰلِهَتِكُمْ ۖاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ يُّرَادُ ۖ٦
Wanṭalaqal-mala'u minhum animsyū waṣbirū ‘alā ālihatikum, inna hāżā lasyai'uy yurād(u).
[6] Banjur (pemimpin-pemimpiné) wong-wong kuwé padha lunga (kanthi ngucap), “Nganah padha lunga ko kabéh lan tetepa (nyembah) maring sembahan-sembahanmu, setemené kiyé nyata-nyata dadi prekara sing dekarepna. 744
744) Ujaré wong-wong kapir, nyembah brehala-brehala kuwé sing dékersakna déning Gusti Allah.

مَا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِى الْمِلَّةِ الْاٰخِرَةِ ۖاِنْ هٰذَآ اِلَّا اخْتِلَاقٌۚ٧
Mā sami‘nā bihāżā fil-millatil-ākhirah(ti), in hāżā illakhtilāq(un).
[7] Inyong kabéh padha urung nglakon krungu prekara kaya kiyé neng sejeroné agama sing wekasan; 745 kiyé (nyewijikna Gusti Allah) ora liya mung (apus-apus) sing deana-anakna,
745) Sing démaksud déning wong kapir Quraisy, agama sing wekasan kuwé agama Nasrani.

اَؤُنْزِلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ مِنْۢ بَيْنِنَا ۗبَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ مِّنْ ذِكْرِيْۚ بَلْ لَّمَّا يَذُوْقُوْا عَذَابِ ۗ٨
A'unzila ‘alaihiż-żikru mim baininā, bal hum fī syakkim min żikrī, bal lammā yażūqū ‘ażāb(i).
[8] kenangapa Al-Qur’an déturunaken maring dhéwéké neng antarané inyong kabéh?” Sebeneré wong-wong kuwé padha mamang maring Al-Qur’an Ingsun, ning dhéwéké kabéh urung padha ngrasakna siksa (Ingsun).

اَمْ عِنْدَهُمْ خَزَاۤىِٕنُ رَحْمَةِ رَبِّكَ الْعَزِيْزِ الْوَهَّابِۚ٩
Am ‘indahum khazā'inu raḥmati rabbikal-‘azīzil-wahhāb(i).
[9] Utawa, apa wong-wong kuwé padha nduwéni gudhang simpénan kewelasané (rahmat) Pengéranmu Sing Mahadigdaya, Mahaparing?

اَمْ لَهُمْ مُّلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۗفَلْيَرْتَقُوْا فِى الْاَسْبَابِ١٠
Am lahum mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, falyartaqū fil-asbāb(i).
[10] Utawa, apa wong-wong kuwé padha nduwéni praja langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné? (Angger ana), mangka jorna baé dhéwéké kabéh padha munggah andha (maring langit).

جُنْدٌ مَّا هُنَالِكَ مَهْزُوْمٌ مِّنَ الْاَحْزَابِ١١
Jundum mā hunālika mahzūmum minal-aḥzāb(i).
[11] (Wong-wong kuwé) golongan gedhé wadyabala sing ana neng kana, sing arep dékalahna. 746
746) Ayat kiyé nyritakna Perang Khandaq sing neng kana ana wadyabala sekang pirang-pirang golongan yakuwé golongan musrik, Yahudi lan sewetara brayat Arab sing padha nggrudug kaum muslimin neng Medinah. Perang kiyé rampung kanthi morak-mariké wadyabalané dhéwéké kabéh. Sebagéan ahli tapsir duwé penemu, sing démaksud neng ayat kiyé kuwé Perang Badar.

كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّعَادٌ وَّفِرْعَوْنُ ذُو الْاَوْتَادِۙ١٢
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa ‘āduw wa fir‘aunu żul-autād(i).
[12] Seurungé wong-wong kuwé, ana kaum Nuh, ‘Ad lan Fir’aun sing duwé wadyabala akéh, uga wis padha nggorohna (rasul-rasul),

وَثَمُوْدُ وَقَوْمُ لُوْطٍ وَّاَصْحٰبُ لْـَٔيْكَةِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ الْاَحْزَابُ١٣
Wa ṡamūdu wa qaumu lūṭiw wa aṣḥābul-aikah(ti), ulā'ikal-aḥzāb(u).
[13] lan (semana uga) Samud, kaum Lut lan warga Aikah. 747 Dhéwéké kabéh kuwé golongan-golongan sing padha gabungan (mbangkang maring para rasul).
747) Warga Madyan kuwé kaumé Nabi Syuaib.

اِنْ كُلٌّ اِلَّا كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ عِقَابِ ࣖ١٤
In kullun illā każżabar-rusula faḥaqqa ‘iqāb(i).
[14] Sekabéhé wong-wong kuwé padha nggorohna rasul-rasul, mangka pantes dhéwéké padha ngrasakna siksané Ingsun.

وَمَا يَنْظُرُ هٰٓؤُلَاۤءِ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً مَّا لَهَا مِنْ فَوَاقٍ١٥
Wa mā yanẓuru hā'ulā'i illā ṣaiḥataw wāḥidatam mā lahā min fawāq(in).
[15] Lan sebeneré sing dhéwéké padha enténi mung jeritan sepisan, sing ora nana selané. 748
748) Nggo tandha tekané dina Kiyamat lan jeritan kiyé rosa banget tur banter.

وَقَالُوْا رَبَّنَا عَجِّلْ لَّنَا قِطَّنَا قَبْلَ يَوْمِ الْحِسَابِ١٦
Wa qālū rabbanā ‘ajjil lanā qiṭṭanā qabla yaumil-ḥisāb(i).
[16] Lan wong-wong kuwé ngucap, “Dhuh Pengéran kula sedaya, mugi dipun enggalaken siksa ingkang nggé kula sami sedéréngé dinten perétangan.”

اِصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَاذْكُرْ عَبْدَنَا دَاوٗدَ ذَا الْاَيْدِۚ اِنَّهٗٓ اَوَّابٌ١٧
Iṣbir ‘alā mā yaqūlūna ważkur ‘abdanā dāwūda żal-aid(i), innahū awwāb(un).
[17] Sing sabara ingatasé apa sing déucapna déning wong-wong kuwé; lan élinga maring kawulané Ingsun Dawud sing duwé kekuwatan; temen, Dawud banget manuté (maring Gusti Allah).

اِنَّا سَخَّرْنَا الْجِبَالَ مَعَهٗ يُسَبِّحْنَ بِالْعَشِيِّ وَالْاِشْرَاقِۙ١٨
Innā sakhkharnal-jibāla ma‘ahū yusabbiḥna bil-‘asyiyyi wal-isyrāq(i).
[18] Temen, Ingsun sing nundhukna gunung-gunung supaya padha ngucap tasbéh (subhanallah) bareng karo Dawud neng wektu wengi lan ésuk

وَالطَّيْرَمَحْشُوْرَةً ۗ كُلٌّ لَّهٗٓ اَوَّابٌ١٩
Waṭ-ṭaira maḥsyūrah(tan), kullul lahū awwāb(un).
[19] Lan (Ingsun uga nglulutna) manuk-manuk neng kahanan padha ngumpul, kabéh padha banget manuté (maring Gusti Allah).

وَشَدَدْنَا مُلْكَهٗ وَاٰتَيْنٰهُ الْحِكْمَةَ وَفَصْلَ الْخِطَابِ٢٠
Wa syadadnā mulkahū wa ātaināhul-ḥikmata wa faṣlal-khiṭāb(i).
[20] Lan Ingsun kuwatna prajané lan Ingsun paringna hikmah maring dhéwéké 749 lan kewicaksanan neng sejeroné mutusi prekara.
749) Kenabian, kesempurnan ilmu lan tlitiné tindak-laku.

۞ وَهَلْ اَتٰىكَ نَبَؤُا الْخَصْمِۘ اِذْ تَسَوَّرُوا الْمِحْرَابَۙ٢١
Wa hal atāka naba'ul-khaṣm(i), iż tasawwarul-miḥrāb(a).
[21] Lan apa wis butul maring sliramu (Muhammad) ceritané wong-wong sing padha pesulayan, rikala dhéwéké padha manjat tembok panggonan semédi (mihrab)?

اِذْ دَخَلُوْا عَلٰى دَاوٗدَ فَفَزِعَ مِنْهُمْ قَالُوْا لَا تَخَفْۚ خَصْمٰنِ بَغٰى بَعْضُنَا عَلٰى بَعْضٍ فَاحْكُمْ بَيْنَنَا بِالْحَقِّ وَلَا تُشْطِطْ وَاهْدِنَآ اِلٰى سَوَاۤءِ الصِّرَاطِ٢٢
Iż dakhalū ‘alā dāwūda fafazi‘a minhum qālū lā takhaf, khaṣmāni bagā ba‘ḍunā ‘alā ba‘ḍin faḥkum bainanā bil-ḥaqqi wa lā tusyṭiṭ wahdinā ilā sawā'iṣ-ṣirāṭ(i).
[22] Rikala dhéwéké kabéh padha mlebu nemoni Dawud, banjur Dawud kaget, merga (tekané) wong-wong kuwé. Dhéwéké kabéh ngucap, “Aja pisan-pisan wedi! (Inyong kabéh) sekloron lagi padha pesulayan, salah sijiné inyong gawé aniaya (dolim) maring sing sijine; mangka awéha putusan maring inyong kabéh kanthi adil lan aja nganti nyimpang sekang bebener lan uga tidhokna inyong kabéh maring dalan sing jejeg.

اِنَّ هٰذَآ اَخِيْ ۗ لَهٗ تِسْعٌ وَّتِسْعُوْنَ نَعْجَةً وَّلِيَ نَعْجَةٌ وَّاحِدَةٌ ۗفَقَالَ اَكْفِلْنِيْهَا وَعَزَّنِيْ فِى الْخِطَابِ٢٣
Inna hāżā akhī, lahū tis‘uw wa tis‘ūna na‘jataw wa liya na‘jatuw wāḥidah(tun), faqāla aqfilnīhā wa ‘azzanī fil-khiṭāb(i).
[23] Setemené sedulurku kiyé duwé wedhus wadon sangang puluh sanga, lan inyong dhéwék mung duwé siji, banjur dhéwéké ngucap. “Pasrahna (wedhusmu) kuwé maring inyong! Lan dhéwéké ngalahna inyong neng debadan.”

قَالَ لَقَدْ ظَلَمَكَ بِسُؤَالِ نَعْجَتِكَ اِلٰى نِعَاجِهٖۗ وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ الْخُلَطَاۤءِ لَيَبْغِيْ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَقَلِيْلٌ مَّا هُمْۗ وَظَنَّ دَاوٗدُ اَنَّمَا فَتَنّٰهُ فَاسْتَغْفَرَ رَبَّهٗ وَخَرَّ رَاكِعًا وَّاَنَابَ ۩٢٤
Qāla laqad ẓalamaka bisu'āli na‘jatika ilā ni‘ājih(ī), wa inna kaṡīram minal-khulaṭā'i layabgī ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍin illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa qalīlum mā hum, wa ẓanna dāwūdu annamā fatannāhu fastagfara rabbahū wa kharra rāki‘aw wa anāb(a).
[24] Dhéwéké (Dawud) ngucap, “Temen, dhéwéké wis temindak aniaya (dolim) maring awakmu kanthi njaluk wedhusmu kuwé nggo (detambahna) maring wedhusé. Pancén akéh neng antarané wong sing padha gawé gabungan kuwé temindak aniaya (dolim) maring liyané, kejaba wong-wong sing precaya lan padha nglakoni kebecikan; lan mung semendhing baé sing kaya kuwé.” Lan Dawud ngira lamon Ingsun nguji dhéwéké; mangka dhéwéké nyuwun pengampura maring Pengérané banjur ngglosor sujud lan mertobat.

فَغَفَرْنَا لَهٗ ذٰلِكَۗ وَاِنَّ لَهٗ عِنْدَنَا لَزُلْفٰى وَحُسْنَ مَاٰبٍ٢٥
Fa gafarnā lahū żālik(a), wa inna lahū ‘indanā lazulfā wa ḥusna ma'āb(in).
[25] Banjur Ingsun ampurani (kesalahané) kuwé. Lan temen, dhéwéké duwé drajat sing nyata-nyata pérek karo Ingsun lan duwé panggonan bali sing apik.

يٰدَاوٗدُ اِنَّا جَعَلْنٰكَ خَلِيْفَةً فِى الْاَرْضِ فَاحْكُمْ بَيْنَ النَّاسِ بِالْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعِ الْهَوٰى فَيُضِلَّكَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَضِلُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۢبِمَا نَسُوْا يَوْمَ الْحِسَابِ ࣖ٢٦
Yā dāwūdu innā ja‘alnāka khalīfatan fil-arḍi faḥkum bainan nāsi bil-ḥaqqi wa lā tattabi‘il-hawā fa yuḍillaka ‘an sabīlillāh(i), innal-lażīna yaḍillūna ‘an sabīlillāhi lahum ‘ażābun syadīdum bimā nasū yaumal-ḥisāb(i).
[26] (Gusti Allah dhawuh), “Hé Dawud! Setemené sliramu Ingsun dadékna khalifah (penguwasa) neng bumi, maka wéhna putusan (prekara) neng antarané menungsa kanthi adil lan aja pisan-pisan sliramu nuruti hawa napsu, merga (kuwé) bakal nyasarna sliramu sekang dalané Gusti Allah. Temen, wong-wong sing padha kesasar sekang dalané Gusti Allah kuwé bakal olih siksa sing abot merga dhéwéké kabéh padha kelalén maring dina prétungan.”

وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاۤءَ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا بَاطِلًا ۗذٰلِكَ ظَنُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنَ النَّارِۗ٢٧
Wa mā khalaqnas-samā'a wal-arḍa wa mā bainahumā bāṭilā(n), żālika ẓannul-lażīna kafarū, fawailul lil-lażīna kafarū minan-nār(i).
[27] Lan Ingsun ora nyiptakna langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné kanthi muspra. Kuwé anggepané wong-wong kapir, mangka temen padha cilaka wong-wong kapir kuwé merga dhéwéké kabéh bakal mlebu neraka.

اَمْ نَجْعَلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ كَالْمُفْسِدِيْنَ فِى الْاَرْضِۖ اَمْ نَجْعَلُ الْمُتَّقِيْنَ كَالْفُجَّارِ٢٨
Am naj‘alul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti kal-mufsidīna fil-arḍ(i), am naj‘alul-muttaqīna kal-fujjār(i).
[28] Apa pantes Ingsun nyadoni (merlakokna) wong-wong sing padha precaya lan sing nglakoni kebecikan padha karo wong-wong sing gawé kerusakan neng bumi? Utawa, apa pantes Ingsun nganggep wong-wong sing padha semarah (takwa) padha karo wong-wong sing jahat?

كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ اِلَيْكَ مُبٰرَكٌ لِّيَدَّبَّرُوْٓا اٰيٰتِهٖ وَلِيَتَذَكَّرَ اُولُوا الْاَلْبَابِ٢٩
Kitābun anzalnāhu ilaika mubārakul liyaddabbarū āyātihī wa liyatażakkara ulul-albāb(i).
[29] Kitab (Al-Qur’an) sing Ingsun turunaken maring sliramu kuwé akéh berkahé, supaya wong-wong kuwé padha ngangen-angen ayat-ayat-É lan supaya wong-wong sing duwé nalar padha olih piwulang.

وَوَهَبْنَا لِدَاوٗدَ سُلَيْمٰنَۗ نِعْمَ الْعَبْدُ ۗاِنَّهٗٓ اَوَّابٌۗ٣٠
Wa wahabnā lidāwūda wa sulaimān(a), ni‘mal-‘abd(u), innahū awwāb(un).
[30] Lan maring Dawud Ingsun paringna (anak lanang arané) Sulaiman; dhéwéké kuwé seapik-apiké kawula. Temen, Sulaiman banget manuté (maring Gusti Allah).

اِذْ عُرِضَ عَلَيْهِ بِالْعَشِيِّ الصّٰفِنٰتُ الْجِيَادُۙ٣١
Iż ‘uriḍa ‘alaihi bil-‘asyiyyiṣ-ṣāfinātul-jiyād(u).
[31] (Élinga) rikala neng sewijiné wektu soré deweruhna maring dhéwéké jaran-jaran sing lulut, (ning) banter banget mlayuné,

فَقَالَ اِنِّيْٓ اَحْبَبْتُ حُبَّ الْخَيْرِ عَنْ ذِكْرِ رَبِّيْۚ حَتّٰى تَوَارَتْ بِالْحِجَابِۗ٣٢
Fa qāla innī aḥbabtu ḥubbal-khairi ‘an żikri rabbī, ḥattā tawārat bil-ḥijāb(i).
[32] mangka dhéwéké (Sulaiman) ngucap, “Setemené inyong seneng maring apa baé sing apik (jaran), sing njalari inyong kémutan maring (kemulyané) Pengéranku, nganthi srengéngé surup. 750
750) Sebagéan ahli tapsir ana sing negesi ayat 32 kaya kiyé, “Inyong nyata-nyata nyenengi barang sing apik (jaran) kiyé saéngga Inyong kelalén ora éling maring Gusti Allah nganti jaran-jaran kuwé ilang sekang pendelengan.”

رُدُّوْهَا عَلَيَّ ۚفَطَفِقَ مَسْحًا ۢبِالسُّوْقِ وَالْاَعْنَاقِ٣٣
Ruddūhā ‘alayy(a), faṭafiqa masḥam bis-sūqi wal-a‘nāq(i).
[33] “Gawanen jaran-jaran kuwé kabéh maring inyong.” Banjur dhéwéké ngusap-usap sikil lan guluné jaran kuwé. 751
751) Sebagéan ahli tapsir ana sing negesi ayat 33 kaya kiyé, “Gawa maning kabéh kuwé maring inyong, banjur dhéwéké motong sikilé lan guluné.”

وَلَقَدْ فَتَنَّا سُلَيْمٰنَ وَاَلْقَيْنَا عَلٰى كُرْسِيِّهٖ جَسَدًا ثُمَّ اَنَابَ٣٤
Wa laqad fatannā sulaimāna wa alqainā ‘alā kursiyyihī jasadan ṡumma anāb(a).
[34] Lan temen, Ingsun wis nguji Sulaiman lan Ingsun dadékna (dhéwéké) nggletak neng ndhuwur korsiné dadi pawakan (sing lemes merga mriyang), banjur dhéwéké mertobat. 752
752) Sebagéan ahli tapsir ngucap, sing démaksud “ujian” kuwé ambruké prajané Sulaiman saéngga wong liya njagong neng korsiné.

قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَهَبْ لِيْ مُلْكًا لَّا يَنْۢبَغِيْ لِاَحَدٍ مِّنْۢ بَعْدِيْۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ٣٥
Qāla rabbigfir lī wa hab lī mulkal lā yambagī li'aḥadim mim ba‘dī, innaka antal-wahhāb(u).
[35] Dhéwéké ngucap, “Dhuh Pengéran kula, mugi paring pengapunten dhateng kula lan mugi Penjenengan paring dhateng kula praja ingkang mboten dipun gadhehi déning sinten mawon sesampunipun kula. Éstu, Penjenengan niku Ingkang Mahaparing.”

فَسَخَّرْنَا لَهُ الرِّيْحَ تَجْرِيْ بِاَمْرِهٖ رُخَاۤءً حَيْثُ اَصَابَۙ٣٦
Fasakhkharnā lahur-rīḥa tajrī bi'amrihī rukhā'an ḥaiṡu aṣāb(a).
[36] Banjur Ingsun tundhukna maring dhéwéké angin sing semilir khanti alon manut préntahé maring prenah endi baé sing dhéwéké karepna,

وَالشَّيٰطِيْنَ كُلَّ بَنَّاۤءٍ وَّغَوَّاصٍۙ٣٧
Wasy-syayāṭīna kulla bannā'iw wa gawwāṣ(in).
[37] lan (Ingsun tundhukna uga maring dhéwéké) sétan-sétan, kabéh padha ahli gawé gedhong lan tukang silem,

وَّاٰخَرِيْنَ مُقَرَّنِيْنَ فِى الْاَصْفَادِ٣٨
Wa ākharīna muqarranīna fil-aṣfād(i).
[38] lan (sétan) sing liyané sing ésih kejiret neng bandan.

هٰذَا عَطَاۤؤُنَا فَامْنُنْ اَوْ اَمْسِكْ بِغَيْرِ حِسَابٍ٣٩
Hāżā ‘aṭā'unā famnun au amsik bigairi ḥisāb(in).
[39] Kiyé kuwé paringané Ingsun; mangka wéwéhna (maring wong liya) utawa cekela baé (nggo awakmu dhéwék) kanthi ora nana prétungan.

وَاِنَّ لَهٗ عِنْدَنَا لَزُلْفٰى وَحُسْنَ مَاٰبٍ ࣖ٤٠
Wa inna lahū ‘indanā lazulfā wa ḥusna ma'āb(in).
[40] Lan temen, dhéwéké duwé drajat sing pérek neng sisihé Ingsun lan panggonan bali sing apik.

وَاذْكُرْ عَبْدَنَآ اَيُّوْبَۘ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَسَّنِيَ الشَّيْطٰنُ بِنُصْبٍ وَّعَذَابٍۗ٤١
Ważkur ‘abdanā ayyūb(a), iż nādā rabbahū annī massaniyasy-syaiṭānu binuṣbiw wa ‘ażāb(in).
[41] Lan élinga maring kewulané Ingsun Ayub, rikala dhéwéké sambat-sambat maring Pengérané, “Sejatosipun kula dipun ganggu déning sétan kanthi kesisahan lan pilara.”

اُرْكُضْ بِرِجْلِكَۚ هٰذَا مُغْتَسَلٌۢ بَارِدٌ وَّشَرَابٌ٤٢
Urkuḍ birijlik(a), hāżā mugtasalum bāriduw wa syarāb(un).
[42] (Gusti Allah dhawuh), “Gejugna sikilmu; kiyé banyu sing adhem nggo adus lan nginum.”

وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اَهْلَهٗ وَمِثْلَهُمْ مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنَّا وَذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ٤٣
Wa wahabnā lahū ahlahū wa miṡlahum ma‘ahum raḥmatam minnā wa żikrā li'ulil-albāb(i).
[43] Lan Ingsun paringi dhéwéké kanugrahan (kanthi ngumpulna maning) kaluwargané lan Ingsun tikel-tikelna cacahé dhéwéké, merga kewelasan (rahmat) sekang Ingsun lan dadi piwulang nggo wong-wong sing padha duwé nalar waras. 753
753) Nabi Ayub kenang lara kulit sewetara wektu suwéné lan dhéwéké nyuwun pitulungan maring Gusti Allah sing banjur ngeparengaken penyuwuné lan dhawuh supayané dhéwéké nggejugna sikilé maring lemah. Nabi Ayub manut mangka sekang tilas sikilé metu banyu kanthi pituduhé Gusti Allah, banjur Nabi Ayub adus lan nginum nganggo banyu kuwé saéngga dhéwéké mari sekang prenyakité lan bisa kumpul maning karo kulawargané. Mangka dhéwéké kabéh banjur padha manak-pinak nganti cacahé dadi lipet pindho tenimbang mikiné. Neng sewiji wektu Nabi Ayub kémutan sumpahé, arep nggebug bojoné angger prenyakité wis mari merga bojoné nglakon ora gelem ngurusi wektu dhéwéké ésih kenang pilara. Ning tuwuh neng atiné Nabi Ayub rasa melas lan éman maring bojoné saéngga dhéwéké ora kewawa nandangi sumpahé. Mangka temurun pituduh sekang Gusti Allah kaya sing ketulis neng ayat 44 surah kiyé, supaya dhéwéké bisa ngleksanakna sumpahé kanthi ora nglarani bojoné, yakuwé nyabet bojoné karo suket sebengket.

وَخُذْ بِيَدِكَ ضِغْثًا فَاضْرِبْ بِّهٖ وَلَا تَحْنَثْ ۗاِنَّا وَجَدْنٰهُ صَابِرًا ۗنِعْمَ الْعَبْدُ ۗاِنَّهٗٓ اَوَّابٌ٤٤
Wa khuż biyadika ḍigṡan faḍrib bihī wa lā taḥnaṡ, innā wajadnāhu ṣābirā(n), ni‘mal-‘abd(u), innahū awwāb(un).
[44] Lan njikota sebengket (suket) kanthi tanganmu, banjur sabeta karo suket kuwé lan aja pisan-pisan sliramu nyulayani sumpah. Setemené Ingsun ngawuningani dhéwéké (Ayub) wong sing sabar. Dhéwéké kuwé seapik-apiké kawula. Temen, dhéwéké wong sing banget manuté (maring Gusti Allah).

وَاذْكُرْ عِبٰدَنَآ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ اُولِى الْاَيْدِيْ وَالْاَبْصَارِ٤٥
Ważkur ‘ibādanā ibrāhīma wa isḥāqa wa ya‘qūba ulil-aidī wal-abṣār(i).
[45] Lan élinga maring kewula-kewulané Ingsun: Ibrahim, Ishak lan Yakub sing duwé kekuwatan-kekuwatan gedhé lan ilmu-ilmu (sing dhuwur).

اِنَّآ اَخْلَصْنٰهُمْ بِخَالِصَةٍ ذِكْرَى الدَّارِۚ٤٦
Innā akhlaṣnāhum bikhāliṣatin żikrad-dār(i).
[46] Temen, Ingsun wis nyucékna wong-wong kuwé kanthi (maringi) budi pekerti sing luhur, yakuwé dhéwéké padha ora lérén ngélingna (menungsa supaya) kémutan maring negari akhérat.

وَاِنَّهُمْ عِنْدَنَا لَمِنَ الْمُصْطَفَيْنَ الْاَخْيَارِۗ٤٧
Wa innahum ‘indanā laminal-muṣṭafainal-akhyār(i).
[47] Lan temen, neng sisihé Ingsun dhéwéké padha klebu wong-wong pilihan sing paling apik.

وَاذْكُرْ اِسْمٰعِيْلَ وَالْيَسَعَ وَذَا الْكِفْلِ ۗوَكُلٌّ مِّنَ الْاَخْيَارِۗ٤٨
Ważkur ismā‘īla wal-yasa‘a wa żal-kifl(i), wa kullum minal-akhyār(i).
[48] Lan élinga maring Ismail, Ilyasa’ lan Zulkifli. Sekabéhané klebu wong-wong sing paling apik.

هٰذَا ذِكْرٌ ۗوَاِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ لَحُسْنَ مَاٰبٍۙ٤٩
Hāżā żikr(un), wa inna lil-muttaqīna laḥusna ma'āb(in).
[49] Kiyé dadi pekurmatan (tumrap wong-wong kuwé). Lan temen, nggo wong-wong sing padha semarah (desedhiakna) panggonan bali sing paling apik.

جَنّٰتِ عَدْنٍ مُّفَتَّحَةً لَّهُمُ الْاَبْوَابُۚ٥٠
Jannāti ‘adnim mufattaḥatal lahumul-abwāb(u).
[50] (yakuwé) suwarga Ngaden (‘Adn) sing lawang-lawangé padha ngablag nggo dhéwéké kabéh,

مُتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا يَدْعُوْنَ فِيْهَا بِفَاكِهَةٍ كَثِيْرَةٍ وَّشَرَابٍ٥١
Muttaki'īna fīhā yad‘ūna fīhā bifākihatin kaṡīratiw wa syarāb(in).
[51] neng njeroné wong-wong kuwé padha njagong séndhéhan (neng ndhuwur ambén) karo padha njaluk woh-wohan sing akéh lan inuman (neng suwarga kuwé).

۞ وَعِنْدَهُمْ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِ اَتْرَابٌ٥٢
Wa ‘indahum qāṣirātuṭ-ṭarfi atrāb(un).
[52] Lan neng jejeré wong-wong kuwé (ana widadari-widadari) sing liyer-liyer matané lan rampag umuré.

هٰذَا مَا تُوْعَدُوْنَ لِيَوْمِ الْحِسَابِ٥٣
Hāżā mā tū‘adūna liyaumil-ḥisāb(i).
[53] Kiyé sing déjanjékna maring ko kabéh neng dina prétungan.

اِنَّ هٰذَا لَرِزْقُنَا مَا لَهٗ مِنْ نَّفَادٍۚ٥٤
Ina hāżā larizqunā mā lahū min nafād(in).
[54] Temen, kiyé rejeki sekang Ingsun sing ora nana tutugé.

هٰذَا ۗوَاِنَّ لِلطّٰغِيْنَ لَشَرَّ مَاٰبٍۙ٥٥
Hāżā, wa inna liṭ-ṭāgīna lasyarra ma'āb(in).
[55] Kaya kuwé (kahanané dhéwéké kabéh). Lan temen, nggo wong-wong sing padha duraka mesthi (desedhiakna) panggonan bali sing ala.

جَهَنَّمَۚ يَصْلَوْنَهَاۚ فَبِئْسَ الْمِهَادُ٥٦
Jahannam(a), yaṣlaunahā, fabi'sal-mihād(u).
[56] (yakuwé) neraka Jahanam sing wong-wong kuwé padha leboni; mangka kuwé seala-alané papan panggonan.

هٰذَاۙ فَلْيَذُوْقُوْهُ حَمِيْمٌ وَّغَسَّاقٌۙ٥٧
Hāżā, falyażūqūhu ḥamīmuw wa gassāq(un).
[57] Kiyé (siksa neraka), mangka jorna baé wong-wong kuwé padha ngrasakna, (inumané dhéwéké kabéh) banyu sing banget panasé lan banyu sing banget adhemé,

وَّاٰخَرُ مِنْ شَكْلِهٖٓ اَزْوَاجٌۗ٥٨
Wa ākharu min syaklihī azwāj(un).
[58] Lan werna-werna (siksa) liyané, sing serupa kuwé.

هٰذَا فَوْجٌ مُّقْتَحِمٌ مَّعَكُمْۚ لَا مَرْحَبًا ۢبِهِمْ ۗ اِنَّهُمْ صَالُوا النَّارِ٥٩
Hāżā faujum muqtaḥimum ma‘akum, lā marḥabam bihim, innahum ṣālun-nār(i).
[59] (Déucapna maring wong-wong kuwé), “Kiyé rombongan sing gedhé (pendhérék-pendhérékmu) sing padha mlebu kanthi sek-sekan bareng karo ko kabéh (maring neraka).” Ora nana ucapan ‘sugeng rawuh’, nggo wong-wong kuwé, merga setemené dhéwéké kabéh bakal padha mlebu neraka (ujaré pemimpin-pemimpiné).

قَالُوْا بَلْ اَنْتُمْ لَا مَرْحَبًاۢ بِكُمْ ۗ اَنْتُمْ قَدَّمْتُمُوْهُ لَنَاۚ فَبِئْسَ الْقَرَارُ٦٠
Qālū bal antum lā marḥabam bikum, antum qaddamtumūhu lanā, fabi'sal-qarār(u).
[60] (Para pendhéréké dhéwéké padha semaur), “Sebeneré ko kabéh sing (lewih pantes) ora nampa ucapan sugeng rawuh, merga ko kuwé sing padha mblusukna inyong kabéh maring sejeroné siksa, mangka kuwé sealané-alané papan manggon.”

قَالُوْا رَبَّنَا مَنْ قَدَّمَ لَنَا هٰذَا فَزِدْهُ عَذَابًا ضِعْفًا فِى النَّارِ٦١
Qālū rabbanā man qaddama lanā hāżā fazidhu ‘ażāban ḍi‘fan fin-nār(i).
[61] Dhéwéké padha ngucap (maning), “Dhuh Pengéran kula sami, sintena kémawon mblusukaken kula sedaya dhateng (siksa) niki, mugi Penjenengan nambahi siksa dhateng kiyambeké lipet ping kalih wonten lebetipun neraka.”

وَقَالُوْا مَا لَنَا لَا نَرٰى رِجَالًا كُنَّا نَعُدُّهُمْ مِّنَ الْاَشْرَارِ٦٢
Wa qālū mā lanā lā narā rijālan kunnā na‘udduhum minal-asyrār(i).
[62] Lan (wong-wong sing duraka) padha ngucap, “Kenangapa inyong kabéh ora weruh wong-wong sing gemiyén (neng dunya) inyong anggep dadi wong-wong sing jahat (ina).

اَتَّخَذْنٰهُمْ سِخْرِيًّا اَمْ زَاغَتْ عَنْهُمُ الْاَبْصَارُ٦٣
Attakhażnāhum sikhriyyan am zāgat ‘anhumul-abṣār(u).
[63] Gemiyén inyong kabéh padha ndadékna wong-wong kuwé dadi perguyon, utawa merga pendelengé inyong sing padha ora weruh dhéwéké?”

اِنَّ ذٰلِكَ لَحَقٌّ تَخَاصُمُ اَهْلِ النَّارِ ࣖ٦٤
Inna żālika laḥaqqun takhāṣumu ahlin-nār(i).
[64] Temen, sing mengkana kuwé nyata-nyata ana, (yakuwé) pesulayan neng antarané para warga neraka.

قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ مُنْذِرٌ ۖوَّمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّا اللّٰهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ٦٥
Qul innamā ana munżir(un), wa mā min ilāhin illallāhul-wāḥidul-qahhār(u).
[65] Dhawuha (Muhammad), “Setemené inyong mung wong sing awéh pengéling-éling, ora nana sembahan seliyané Gusti Allah Sing Mahatunggal, Mahadigdaya,

رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الْعَزِيْزُ الْغَفَّارُ٦٦
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumal-‘azīzul-gaffār(u).
[66] (yakuwé) Pengérané langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné, Sing Mahadigdaya, Maha Ngampura.”

قُلْ هُوَ نَبَؤٌا عَظِيْمٌۙ٦٧
Qul huwa naba'un ‘aẓīm(un).
[67] Ucapna, “Kiyé (Al-Qur’an), kuwé pewerta sing gedhé,

اَنْتُمْ عَنْهُ مُعْرِضُوْنَ٦٨
Antum ‘anhu mu‘riḍūn(a).
[68] sing ko kabéh padha mléngos sekang kuwé.

مَا كَانَ لِيَ مِنْ عِلْمٍۢ بِالْمَلَاِ الْاَعْلٰٓى اِذْ يَخْتَصِمُوْنَ٦٩
Mā kāna liya min ‘ilmim bil-mala'il-a‘lā iż yakhtaṣimūn(a).
[69] Inyong (Muhammad) ora duwé kawruh semendhing-mendhinga ngenani al-mala’ul a’la (malaékat) rikala dhéwéké lagi padha bantah-bantahan.

اِنْ يُّوْحٰىٓ اِلَيَّ اِلَّآ اَنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٧٠
Iy yūḥā ilayya illā annamā ana nażīrum mubīn(un).
[70] Sing déwahyokna maring inyong, lamon inyong mung wong sing awéh pengéling-éling sing nyata.”

اِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ خَالِقٌۢ بَشَرًا مِّنْ طِيْنٍ٧١
Iż qāla rabbuka lil-malā'ikati innī khāliqum basyaram min ṭīn(in).
[71] (Élinga) rikala Pengéranmu dhawuh maring malaékat, “Setemené, Ingsun bakal nyiptakna menungsa sekang lemah.

فَاِذَا سَوَّيْتُهٗ وَنَفَخْتُ فِيْهِ مِنْ رُّوْحِيْ فَقَعُوْا لَهٗ سٰجِدِيْنَ٧٢
Fa'iżā sawwaituhū wa nafakhtu fīhi mir rūḥī faqa‘ū lahū sājidīn(a).
[72] Banjur, angger wis Ingsun sempurnakna demadiné lan wis semprongna roh (ciptanané) Ingsun maring (sing demadi) kuwé; mangka temungkula ko kabéh (malaékat) kanthi sujud maring dhéwéké.”

فَسَجَدَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ كُلُّهُمْ اَجْمَعُوْنَۙ٧٣
Fasajadal-malā'ikatu kulluhum ajma‘ūn(a).
[73] Banjur para malaékat padha sujud kabéh,

اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اِسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٧٤
Illā iblīs(a), istakbara wa kāna minal-kafirīn(a).
[74] kejaba Iblis; dhéwéké ngagulna awaké dhéwék lan kelebu golongan sing mbangkang (kapir).

قَالَ يٰٓاِبْلِيْسُ مَا مَنَعَكَ اَنْ تَسْجُدَ لِمَا خَلَقْتُ بِيَدَيَّ ۗ اَسْتَكْبَرْتَ اَمْ كُنْتَ مِنَ الْعَالِيْنَ٧٥
Qāla yā iblīsu mā mana‘aka an tasjuda limā khalaqtu biyadayy(a), astakbarta am kunta minal-‘ālīn(a).
[75] (Gusti Allah) dhawuh, “Hé Iblis, apa sing ngalang-alangi ko sujud maring apa sing Ingsun ciptakna kanthi kewasané Ingsun? Apa ko gemedhé utawa ko (rumasa) kelebu golongan sing (lewih) dhuwur?”

قَالَ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْهُ خَلَقْتَنِيْ مِنْ نَّارٍ وَّخَلَقْتَهٗ مِنْ طِيْنٍ٧٦
Qāla ana khairum minhu khalaqtanī min nāriw wa khalaqtahū min ṭīn(in).
[76] (Iblis) ngucap, “Kula langkung sae tenimbang kiyambeké (menungsa), mergi Penjenengan ciptakaken kula saking brama, aridéné kiyambeké Penjenengan ciptakaken saking siti.”

قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَاِنَّكَ رَجِيْمٌۖ٧٧
Qāla fakhruj minhā fa'innaka rajīm(un).
[77] (Gusti Allah) dhawuh, “Angger kaya kuwé, nganah metua ko sekang suwarga! Setemené ko kuwé titah sing kenang supata (derajam).

وَّاِنَّ عَلَيْكَ لَعْنَتِيْٓ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ٧٨
Wa inna ‘alaika la‘natī ilā yaumid-dīn(i).
[78] Lan temen, supatané Ingsun maring ko nganti butul dina piwalesan.”

قَالَ رَبِّ فَاَنْظِرْنِيْٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ٧٩
Qāla rabbi fa'anẓirnī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[79] (Iblis) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, mugi Penjenengan nangguhakén kula dugi dintenipun (para menungsa) dipun tangekaken (saking kubur).”

قَالَ فَاِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِيْنَۙ٨٠
Qāla fa'innaka minal-munẓarīn(a).
[80] (Gusti Allah) dhawuh, “Mangka setemené ko eklebu golongan sing déparingi penangguhan,

اِلٰى يَوْمِ الْوَقْتِ الْمَعْلُوْمِ٨١
Ilā yaumil-waqtil-ma‘lūm(i).
[81] nganti butul dina sing wis détemtokna wektuné (dina Kiyamat).”

قَالَ فَبِعِزَّتِكَ لَاُغْوِيَنَّهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٨٢
Qāla fabi‘izzatika la'ugwiyannahum ajma‘īn(a).
[82] (Iblis) semaur, “Sekawit (sekawit) keluhuran Penjenengan, mesthi kula ajeng nyasaraken menungsa-menungsa kabéh,

اِلَّا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِيْنَ٨٣
Illā ‘ibādaka minhumul-mukhlaṣīn(a).
[83] kejawi kewula-kewulané Penjenengan ingkang pinilih wonten antiwisipun kiyambeké sami. 754
754) Wong-wong sing wis keparingan pepadhang (taufik) nggo nglakoni kabéh pituduh lan dhawuhé Gusti Allah.

قَالَ فَالْحَقُّۖ وَالْحَقَّ اَقُوْلُۚ٨٤
Qāla fal-ḥaqq(u), wal-ḥaqqa aqūl(u).
[84] (Gusti Allah) dhawuh, “Mangka sing bener (kuwé supatané Ingsun), lan mung bebener kuwé sing Ingsun ngendikakna.

لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنْكَ وَمِمَّنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ اَجْمَعِيْنَ٨٥
La'amla'anna jahannama minka wa mimman tabi‘aka minhum ajma‘īn(a).
[85] Temen, Ingsun bakal ngebeki neraka Jahanam kanthi ko lan kanthi wong-wong sing padha mélu maring ko neng antarané dhéwéké (menungsa) kabéh.”

قُلْ مَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُتَكَلِّفِيْنَ٨٦
Qul mā as'alukum ‘alaihi min ajriw wa mā ana minal-mutakallifīn(a).
[86] Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora njaluk upah semendhing-mendhinga maring ko kabéh, lan inyong udu wong sing ngarang-ngarang.

اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَ٨٧
In huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[87] (Al-Qur’an) kiyé ora liya mung nggo pengéling-éling tumrap sekabéh ngalam.

وَلَتَعْلَمُنَّ نَبَاَهٗ بَعْدَ حِيْنٍ ࣖ٨٨
Wa lata‘lamunna naba'ahū ba‘da ḥīn(in).
[88] Lan temen, ko kabéh bakal ngaweruhi (beneré) wertané (Al-Qur’an) sewisé sewetara wektu maning.” 755
755) Beneré werta-werta Al-Qur’an kuwé ana sing kelakon maring dunya ana uga neng akhérat. Sing kebukti neng dunya kayadéné beneré janjiné Gusti Allah maring wong-wong mukmin lamon dhéwéké kabéh bakal menang neng peperangan karo wong musrik, lan sing kelakon neng akhérat kayadéné beneré janjiné Gusti Allah ngenani piwales utawa prétungan sing bakal deleksanakna maring menungsa.