Surah As-Saffat

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالصّٰۤفّٰتِ صَفًّاۙ١
Waṣ-ṣāffāti ṣaffā(n).
[1] Sekawit (rombongan malaékat) sing padha baris sap-sapan,

فَالزّٰجِرٰتِ زَجْرًاۙ٢
Faz-zājirāti zajrā(n).
[2] sekawit (rombongan) sing nyegah kanthi temen,

فَالتّٰلِيٰتِ ذِكْرًاۙ٣
Fat-tāliyāti żikrā(n).
[3] sekawit (rombongan) sing padha macakna pengéling-éling,

اِنَّ اِلٰهَكُمْ لَوَاحِدٌۗ٤
Inna ilāhakum lawāḥid(un).
[4] temen, Pengérané ko kabéh kuwé nyata-nyata Tunggal.

رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَرَبُّ الْمَشَارِقِۗ٥
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā wa rabbul-masyāriq(i).
[5] Pengérané langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné lan Pengérané nggon-nggon mlethéké srengéngé.

اِنَّا زَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِزِيْنَةِ ِۨالْكَوَاكِبِۙ٦
Innā zayyannas-samā'ad-dun-yā bizīnatinil-kawākib(i).
[6] Setemené Ingsun wis maési langité dunya (sing paling pérek) nganggo pepaés lintang-lintang.

وَحِفْظًا مِّنْ كُلِّ شَيْطٰنٍ مَّارِدٍۚ٧
Wa ḥifẓam min kulli syaiṭānim mārid(in).
[7] Lan Ingsun wis ngreksa sekang saben-saben sétan sing duraka.

لَا يَسَّمَّعُوْنَ اِلَى الْمَلَاِ الْاَعْلٰى وَيُقْذَفُوْنَ مِنْ كُلِّ جَانِبٍۖ٨
Lā yassammā‘ūna ilal-mala'il-a‘lā wa yuqżafūna min kulli jānib(in).
[8] Dhéwéké (sétan-sétan kuwé) padha ora bisa krungu (pengucapané) para malaékat lan dhéwéké padha dekrutugi sekang sekabéh prenah,

دُحُوْرًا وَّلَهُمْ عَذَابٌ وَّاصِبٌ٩
Duḥūraw wa lahum ‘ażābuw wāṣib(un).
[9] nggo ngurak sétan-sétan kuwé lan dhéwéké padha olih siksa sing langgeng,

اِلَّا مَنْ خَطِفَ الْخَطْفَةَ فَاَتْبَعَهٗ شِهَابٌ ثَاقِبٌ١٠
Illā man khaṭifal-khaṭfata fa'atba‘ahū syihābun ṡāqib(un).
[10] kejaba (sétan) sing padha nyolong (pengucapan); mula dhéwéké kuwé deuber déning lintang sing murub.

فَاسْتَفْتِهِمْ اَهُمْ اَشَدُّ خَلْقًا اَمْ مَّنْ خَلَقْنَا ۗاِنَّا خَلَقْنٰهُمْ مِّنْ طِيْنٍ لَّازِبٍ١١
Fastaftihim ahum asyaddu khalqan am man khalaqnā, innā khalaqnāhum min ṭīnil lāzib(in).
[11] Mangka takokna maring wong-wong (musrik Mekah), “Apa penyiptanan ingatasé dhéwéké sing lewih angél, utawa apa 725 sing wis Ingsun ciptakna kuwé?” Setemené Ingsun nyiptakna wong-wong kuwé sekang lemah lempung.
725) Maksudé: malaékat, langit, bumi lan liya-liyané.

بَلْ عَجِبْتَ وَيَسْخَرُوْنَ ۖ١٢
Bal ‘ajibta wa yaskharūn(a).
[12] Malah sliramu (Muhammad) dadi gumun (maring ingkaré wong-wong kuwé) lan dhéwéké padha nyepélékna (sliramu).

وَاِذَا ذُكِّرُوْا لَا يَذْكُرُوْنَ ۖ١٣
Wa iżā żukkirū lā yażkurūn(a).
[13] Lan angger wong-wong mau déwéhi pengéling-éling dhéwéké padha ngapéngna kuwé.

وَاِذَا رَاَوْا اٰيَةً يَّسْتَسْخِرُوْنَۖ١٤
Wa iżā ra'au āyatay yastaskhirūn(a).
[14] Lan angger dhéwéké padha weruh sewiji tandha (kewasané kuwé Gusti Allah) wong-wong mau padha merguyu kuwé .

وَقَالُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ١٥
Wa qālū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[15] Lan dhéwéké padha ngucap, “Kiyé ora liya mung sihir sing nyata.

ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَۙ١٦
A'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[16] Angger inyong kabéh wis mati lan wis dadi lemah lan dadi balung-klunthung, apa iya inyong padha bakal détangékna (maning)?

اَوَاٰبَاۤؤُنَا الْاَوَّلُوْنَۗ١٧
Awa ābā'unal-awwalūn(a).
[17] lan apa kaki-nininé inyong kabéh sing wis padha keliwat (uga bakal détangékna)?”

قُلْ نَعَمْ وَاَنْتُمْ دٰخِرُوْنَۚ١٨
Qul na‘am wa antum dākhirūn(a).
[18] Dhawuha (Muhammad), “Ya, lan ko kabéh padha bakal kenang kanisthan.”

فَاِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَّاحِدَةٌ فَاِذَا هُمْ يَنْظُرُوْنَ١٩
Fa'innamā hiya zajratuw wāḥidatun fa'iżā hum yanẓurūn(a).
[19] Mangka setemené tanginé (sekang kubur) kuwé mung kanthi jeritan sepisan; mangka senalika dhéwéké kabéh padha weruh kuwé.

وَقَالُوْا يٰوَيْلَنَا هٰذَا يَوْمُ الدِّيْنِ٢٠
Wa qālū yā wailanā hāżā yaumud-dīn(i).
[20] Lan wong-wong mau padha ngucap, “Banget cilakané inyong kabéh! (Kayané) kiyé dina piwales kuwé.”

هٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَ ࣖ٢١
Hāżā yaumul-faṣlil-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[21] Kiyé dina putusan 726 sing gemiyén ko padha ora precaya (nggorohna).
726) Dina rikala Gusti Allah paring putusan lan piwales maring kewula-kewulané.

اُحْشُرُوا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا وَاَزْوَاجَهُمْ وَمَا كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ ۙ٢٢
Uḥsyurul-lażīna ẓalamū wa azwājahum wa mā kānū ya‘budūn(a).
[22] (Dépréntahna maring malaékat), “Kumpulna wong-wong sing padha aniaya (dolim) karo batir-krabaté lan apa-apa sing gemiyén dhéwéké padha sembah,

مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَاهْدُوْهُمْ اِلٰى صِرَاطِ الْجَحِيْمِ٢٣
Min dūnillāhi fahdūhum ilā ṣirāṭil-jaḥīm(i).
[23] seliyané Gusti Allah, banjur tidhokna maring dhéwéké kabéh dalan maring neraka.

وَقِفُوْهُمْ اِنَّهُمْ مَّسْـُٔوْلُوْنَ ۙ٢٤
Waqifūhum innahum mas'ūlūn(a).
[24] Endhegna dhéwéké neng (nggon andhegan), setemené wong-wong kuwé bakal padha détakoni,

مَا لَكُمْ لَا تَنَاصَرُوْنَ٢٥
Mā lakum lā tanāṣarūn(a).
[25] “Kenangapa ko kabéh ora padha tulung-tulungan?”

بَلْ هُمُ الْيَوْمَ مُسْتَسْلِمُوْنَ٢٦
Bal humul-yauma mustaslimūn(a).
[26] Malah dhéwéké kabéh neng dina kuwé padha pasrah (maring putusané Gusti Allah).

وَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٢٧
Wa aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[27] Lan sebagéané wong-wong kuwé padha ngadhep maring sebagéan liyané padhadéné bantah-bantahan.

قَالُوْٓا اِنَّكُمْ كُنْتُمْ تَأْتُوْنَنَا عَنِ الْيَمِيْنِ٢٨
Qālū innakum kuntum ta'tūnanā ‘anil-yamīn(i).
[28] Setemené (para pendhérék) padha ngucap (maring pemimpin-pemimpiné), “Ko sing gemiyén padha nekani inyong kabéh sekang iring tengen.” 727
727) Pemimpin-pemimpin kuwé nekani para pendhéréké kanthi nggawa apus-apus sing nyenengna ati.

قَالُوْا بَلْ لَّمْ تَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَۚ٢٩
Qālū bal lam takūnū mu'minīn(a).
[29] (Pemimpin-pemimpiné) padha semaur, “(Ora!) Malah ko sing padha ora gelem dadi wong mukmin,

وَمَا كَانَ لَنَا عَلَيْكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍۚ بَلْ كُنْتُمْ قَوْمًا طٰغِيْنَ٣٠
Wa mā kāna lanā ‘alaikum min sulṭān(in), bal kuntum qauman ṭāgīn(a).
[30] éwadéné inyong ora padha duwé kewasa apa-apa maring ko kabéh, malah ko padha dadi kaum sing ngliwati wates.

فَحَقَّ عَلَيْنَا قَوْلُ رَبِّنَآ ۖاِنَّا لَذَاۤىِٕقُوْنَ٣١
Fa ḥaqqa ‘alainā qaulu rabbinā, innā lażā'iqūn(a).
[31] Mangka pantes putusané (siksa) Gusti Allah temiba maring dhéwék kabéh, mesthi dhéwék padha bakal ngrasakna (siksa kuwé).

فَاَغْوَيْنٰكُمْ اِنَّا كُنَّا غٰوِيْنَ٣٢
Fa agwainākum innā kunnā gāwīn(a).
[32] Mangka inyong padha wis mblangsakna ko kabéh, setemené inyong dhéwék, wong-wong sing padha kesasar.”

فَاِنَّهُمْ يَوْمَىِٕذٍ فِى الْعَذَابِ مُشْتَرِكُوْنَ٣٣
Fa innahum yauma'iżin fil-‘ażābi musytarikūn(a).
[33] Mangka setemené dhéwéké kabéh neng dina kuwé bareng-bareng padha ngrasakna siksa.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِيْنَ٣٤
Innā każālika naf‘alu bil-mujrimīn(a).
[34] Temen, mengkana kuwé, Ingsun temindak maring wong-wong sing padha gawé dosa.

اِنَّهُمْ كَانُوْٓا اِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ يَسْتَكْبِرُوْنَ ۙ٣٥
Innahum kānū iżā qīla lahum lā ilāha illallāhu yastakbirūn(a).
[35] Temen, gemiyén angger déucapna maring wong-wong kuwé, “Lailaha illallah” (ora nana Pengéran anging Gusti Allah) wong-wong mau padha ngagulna awaké dhéwéké,

وَيَقُوْلُوْنَ اَىِٕنَّا لَتَارِكُوْٓا اٰلِهَتِنَا لِشَاعِرٍ مَّجْنُوْنٍ ۗ٣٦
Wa yaqūlūna a'innā latārikū ālihatinā lisyā‘irim majnūn(in).
[36] lan padha ngucap, “Apa inyong kudu padha ninggal sembahané inyong jalaran sewiji tukang singir sing gemblung?”

بَلْ جَاۤءَ بِالْحَقِّ وَصَدَّقَ الْمُرْسَلِيْنَ٣٧
Bal jā'a bil-ḥaqqi wa ṣaddaqal-mursalīn(a).
[37] Mangkané dhéwéké (Muhammad) teka kanthi nggawa bebener lan mbenerna (nyerujuki) rasul-rasul (seurungé).

اِنَّكُمْ لَذَاۤىِٕقُوا الْعَذَابِ الْاَلِيْمِ ۚ٣٨
Innakum lażā'iqul-‘ażābil-alīm(i).
[38] Temen, ko kabéh mesti bakal ngrasakna siksa sing banget larané.

وَمَا تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۙ٣٩
Wa mā tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[39] Lan ko kabéh ora déparingi piwales kejaba maring apa sing wis ko padha pergawé,

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ٤٠
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[40] ning kewula-kewulané Gusti Allah sing debresihna (sekang dosa),

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ رِزْقٌ مَّعْلُوْمٌۙ٤١
Ulā'ika lahum rizqum ma‘lūm(un).
[41] wong-wong kuwé padha olih rejeki sing wis détemtokna,

فَوَاكِهُ ۚوَهُمْ مُّكْرَمُوْنَۙ٤٢
Fawākihu wa hum mukramūn(a).
[42] (yakuwé), woh-wohan. Lan dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha demulyakna.

فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِۙ٤٣
Fī jannātin na‘īm(i).
[43] neng njeroné suwarga-suwarga sing kebek kenékmatan,

عَلٰى سُرُرٍ مُّتَقٰبِلِيْنَ٤٤
‘Alā sururim mutaqābilīn(a).
[44] (wong-wong kuwé padha jagongan) adhep-adhepan neng ndhuwur ambén-ambén.

يُطَافُ عَلَيْهِمْ بِكَأْسٍ مِّنْ مَّعِيْنٍۢ ۙ٤٥
Yuṭāfu ‘alaihim bika'sim mim ma‘īn(in).
[45] Maring wong-wong kuwé padha deideri gelas (sing isi banyu) sekang tuk (suwarga),

بَيْضَاۤءَ لَذَّةٍ لِّلشّٰرِبِيْنَۚ٤٦
Baiḍā'a lażżatil lisy-syāribīn(a).
[46] (wernané) putih bresih, sedhep rasané tumrap wong sing padha nginum.

لَا فِيْهَا غَوْلٌ وَّلَا هُمْ عَنْهَا يُنْزَفُوْنَ٤٧
Lā fīhā gauluw wa lā hum ‘anhā yunzafūn(a).
[47] Neng njeroné ora nana (barang) sing gawé mendem lan wong-wong kuwé padha ora mendem merga inuman kuwé.

وَعِنْدَهُمْ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِ عِيْنٌ ۙ٤٨
Wa ‘indahum qāṣirātuṭ-ṭarfi ‘īn(un).
[48] Lan neng sisihé wong-wong kuwé ana (widadari-widadari) sing matané apik, lan ngreksa penyawangé,

كَاَنَّهُنَّ بَيْضٌ مَّكْنُوْنٌ٤٩
Ka'annahum baiḍum maknūn(un).
[49] kaya-kaya widadari-widadari kuwé endhog sing desimpén kanthi apik.

فَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٥٠
Fa'aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[50] Banjur wong-wong kuwé padha adhep-adhepan siji maring liyané karo omong-omongan.

قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ اِنِّيْ كَانَ لِيْ قَرِيْنٌۙ٥١
Qāla qā'ilum minhum innī kāna lī qarīn(un).
[51] Ngucap salah sijiné wong-wong kuwé, “Setemené inyong gemiyén (neng ndunya) nglakon duwé batir,

يَّقُوْلُ اَءِنَّكَ لَمِنَ الْمُصَدِّقِيْنَ٥٢
Yaqūlu a'innaka laminal-muṣaddiqīn(a).
[52] sing ngucap, “Apa setemene ko klebu wong sing padha precaya (anané dina wong menyat sekang kubur)?

ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَدِيْنُوْنَ٥٣
A'iżā mitnā wa kunnā turāban a'innā lamadīnūn(a).
[53] Apa angger dhéwék kabéh padha wis mati lan wis dadi lemah lan balung-klunthung, apa dhéwék kabéh temen-temen (arep détangékna) nggo déwéhi piwales?”

قَالَ هَلْ اَنْتُمْ مُّطَّلِعُوْنَ٥٤
Qāla hal antum muṭṭali‘ūn(a).
[54] Wong kuwé ngucap, “Apa ko gelem niliki (batirku kuwé)?”

فَاطَّلَعَ فَرَاٰهُ فِيْ سَوَاۤءِ الْجَحِيْمِ٥٥
Faṭṭala‘a fa ra'āhu fī sawā'il-jaḥīm(i).
[55] Mangka dhéwéké niliki, banjur dhéwéké weruh (batiré) neng tengahé neraka sing mulab-mulab.

قَالَ تَاللّٰهِ اِنْ كِدْتَّ لَتُرْدِيْنِ ۙ٥٦
Qāla tallāhi in kitta laturdīn(i).
[56] Dhéwéké ngucap, “Sekawit Gusti Allah, ko méh baé gawé cilaka maring inyong,

وَلَوْلَا نِعْمَةُ رَبِّيْ لَكُنْتُ مِنَ الْمُحْضَرِيْنَ٥٧
Wa lau lā ni‘matu rabbī lakuntu minal-muḥḍarīn(a).
[57] lan angger ora merga nékmat (sekang) Pengéranku, mesthi inyong wis klebu wong-wong sing deséréd (maring neraka).”

اَفَمَا نَحْنُ بِمَيِّتِيْنَۙ٥٨
Afamā naḥnu bimayyitīn(a).
[58] Mangka apa dhéwék kabéh ora bakal padha mati?

اِلَّا مَوْتَتَنَا الْاُوْلٰى وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ٥٩
Illā mautatunal-ūlā wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[59] Kejaba mung patiné dhéwék kabéh sing kawitan (neng dunya), lan dhéwék kabéh ora padha bakal désiksa (neng akhérat) kiyé)?”

اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٦٠
Inna hāżā lahuwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[60] Temen, kiyé nyata-nyata kebegyan sing agung.

لِمِثْلِ هٰذَا فَلْيَعْمَلِ الْعٰمِلُوْنَ٦١
Limiṡli hāżā falya‘malil-‘āmilūn(a).
[61] Nggo (kemenangan) sing kaya kiyé, preyoga padha gawéa becik wong-wong sing padha kewawa gawé kebecikan.

اَذٰلِكَ خَيْرٌ نُّزُلًا اَمْ شَجَرَةُ الزَّقُّوْمِ٦٢
Ażālika khairun nuzulan am syajaratuz-zaqqūm(i).
[62] Apa (panganan suwarga) kuwé ancengan sing lewih apik utawa wit zaqqum?

اِنَّا جَعَلْنٰهَا فِتْنَةً لِّلظّٰلِمِيْنَ٦٣
Innā ja‘alnāhā fitnatal liẓ-ẓālimīn(a).
[63] Temen, Ingsun ndadékna wit kuwé (zaqqum) minangka siksa tumrap wong-wong sing padha aniaya (dolim).

اِنَّهَا شَجَرَةٌ تَخْرُجُ فِيْٓ اَصْلِ الْجَحِيْمِۙ٦٤
Innahā syajaratun takhruju fī aṣlil-jaḥīm(i).
[64] Temen, kuwé wit sing thukul sekang dhasaré neraka Jahim,

طَلْعُهَا كَاَنَّهٗ رُءُوْسُ الشَّيٰطِيْنِ٦٥
Ṭal‘uhā ka'annahū ru'ūsusy-syayāṭīn(i).
[65] mayangé kaya endhas-endhasé sétan.

فَاِنَّهُمْ لَاٰكِلُوْنَ مِنْهَا فَمَالِـُٔوْنَ مِنْهَا الْبُطُوْنَۗ٦٦
Fa innahum la'ākilūna minhā fa māli'ūna minhal-buṭūn(a).
[66] Mangka temen, wong-wong kuwé nyata-nyata padha mangan sebagéané (wohé wit kuwé) lan dhéwéké padha ngebeki wetengé karo wohé (zaqqum).

ثُمَّ اِنَّ لَهُمْ عَلَيْهَا لَشَوْبًا مِّنْ حَمِيْمٍۚ٦٧
Ṡumma inna lahum ‘alaihā lasyaubam min ḥamīm(in).
[67] Banjur temen, sewisé mangan (wohé zaqqum), wong-wong kuwé padha olih inuman sing décampuri banyu sing banget panasé.

ثُمَّ اِنَّ مَرْجِعَهُمْ لَاِلَى الْجَحِيْمِ٦٨
Ṡumma inna marji‘ahum la'ilal-jaḥīm(i).
[68] Banjur mesthi nggon baliné wong-wong kuwé maring neraka Jahim.

اِنَّهُمْ اَلْفَوْا اٰبَاۤءَهُمْ ضَاۤلِّيْنَۙ٦٩
Innahum alfau ābā'ahum ḍāllīn(a).
[69] Setemené wong-wong kuwé padha weruh kaki-nininé neng sejeroné kesasar,

فَهُمْ عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ يُهْرَعُوْنَ٧٠
Fahum ‘alā āṡārihim yuhra‘ūn(a).
[70] banjur dhéwéké kabéh padha kesusu ngetut-buri (kaki nininé) dhéwéké.

وَلَقَدْ ضَلَّ قَبْلَهُمْ اَكْثَرُ الْاَوَّلِيْنَۙ٧١
Wa laqad ḍalla qablahum akṡarul-awwalīn(a).
[71] Lan temen, seurungé wong-wong mau (trah Quraisy), wis kesasar sebagéan akéh sekang wong sing lewih dhisit,

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا فِيْهِمْ مُّنْذِرِيْنَ٧٢
Wa laqad arsalnā fīhim munżirīn(a).
[72] lan temen, Ingsun wis ngutus (rasul) sing awéh pengéling-éling neng kalangané wong-wong kuwé.

فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنْذَرِيْنَۙ٧٣
Fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-munżarīn(a).
[73] Mangka gatékna kaya apa wekasané wong-wong sing padha déwéhi pengéling-éling kuwé,

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ ࣖ٧٤
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[74] kejaba kawula-kawulané Gusti Allah sing padha desucékna (sekang dosa).

وَلَقَدْ نَادٰىنَا نُوْحٌ فَلَنِعْمَ الْمُجِيْبُوْنَۖ٧٥
Wa laqad nādānā nūḥun falani‘mal-mujībūn(a).
[75] Lan temen, Nuh wis nyuwun maring Ingsun, mangka temen, Ingsun seapik-apiké sing ngeparengna penyuwunan.

وَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِۖ٧٦
Wa najjaināhu wa ahlahū minal-karbil-‘aẓīm(i).
[76] Ingsun wis nylametna dhéwéké (Nuh) lan pendhéréké sekang bebaya sing gedhé.

وَجَعَلْنَا ذُرِّيَّتَهٗ هُمُ الْبَاقِيْنَ٧٧
Wa ja‘alnā żurriyyatahū humul-bāqīn(a).
[77] Lan Ingsun dadékna anak-putuné wong-wong sing padha nerusna keturunan.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ٧٨
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[78] Lan Ingsun langgengna (pengalembana) nggo Nuh neng kalangané wong-wong sing padha teka (urip) sepungkuré.

سَلٰمٌ عَلٰى نُوْحٍ فِى الْعٰلَمِيْنَ٧٩
Salāmun ‘alā nūḥin fil-‘ālamīn(a).
[79] “Keraharjan (Ingsun paringna) ingatasé Nuh neng sekabéh ngalam.”

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٨٠
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[80] Temen, kaya mengkana Ingsun paring piwales maring wong-wong sing padha gawé becik.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ٨١
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[81] Temen, dhéwéké klebu neng antarané kewula-kewulané Ingsun sing padha precaya.

ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ٨٢
Ṡumma agraqnal-ākharīn(a).
[82] Banjur Ingsun lelepna sing liyané.

۞ وَاِنَّ مِنْ شِيْعَتِهٖ لَاِبْرٰهِيْمَ ۘ٨٣
Wa inna min syī‘atihī la'ibrāhīm(a).
[83] Lan temen, Ibrahim klebu golongané (Nuh). 728
728) Nabi Ibrahim klebu golongané Nabi Nuh olihé precaya maring Gusti Allah lan saripathiné piwulang agama

اِذْ جَاۤءَ رَبَّهٗ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍۙ٨٤
Iż jā'a rabbahū biqalbin salīm(in).
[84] (Élinga) rikala dhéwéké teka maring Pengérané kanthi ati sing suci, 729
729) Nulusna ati maring Gusti Allah kanthi temen.

اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَاذَا تَعْبُدُوْنَ ۚ٨٥
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī māżā ta‘budūn(a).
[85] (élinga) rikala dhéwéké matur maring ramané lan kaumé, “Apa sing rika padha sembah kuwé?

اَىِٕفْكًا اٰلِهَةً دُوْنَ اللّٰهِ تُرِيْدُوْنَۗ٨٦
A'ifkan ālihatan dūnallāhi turīdūn(a).
[86] Apa rika padha kepéngin pengapus-apus kanthi sembahan seliyané Gusti Allah kuwé?

فَمَا ظَنُّكُمْ بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨٧
Famā ẓannukum birabbil-‘ālamīn(a).
[87] Mangka kepriwé anggepané rika kabéh maring Pengérané sekabéh ngalam?”

فَنَظَرَ نَظْرَةً فِى النُّجُوْمِۙ٨٨
Fa naẓara naẓratan fin-nujūm(i).
[88] Banjur dhéwéké nyawang seplérédan maring lintang-lintang,

فَقَالَ اِنِّيْ سَقِيْمٌ٨٩
Fa qāla innī saqīm(un).
[89] banjur dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Setemené inyong mriyang.”

فَتَوَلَّوْا عَنْهُ مُدْبِرِيْنَ٩٠
Fa tawallau ‘anhu mudbirīn(a).
[90] Banjur wong-wong kuwé padha mléngos sekang dhéwéké lan lunga ninggalna dhéwéké.

فَرَاغَ اِلٰٓى اٰلِهَتِهِمْ فَقَالَ اَلَا تَأْكُلُوْنَۚ٩١
Farāga ilā ālihatihim faqāla alā ta'kulūn(a).
[91] Banjur dhéwéké (Ibrahim) lunga kanthi sidhem-sidheman maring brehala-brehala (reca-recané) wong-wong kuwé; banjur dhéwéké ngucap, “Kenangapa ko padha ora mangan? 730
730) Ngina brehala-brehala kuwé, merga neng péreké brehala kuwé désandhingna pirang-pirang panganan sing apik minangka sajén.

مَا لَكُمْ لَا تَنْطِقُوْنَ٩٢
Mā lakum lā tanṭiqūn(a).
[92] Kenangapa ko padha ora semaur?”

فَرَاغَ عَلَيْهِمْ ضَرْبًا ۢبِالْيَمِيْنِ٩٣
Farāga ‘alaihim ḍarbam bil-yamīn(i).
[93] Banjur (Ibrahim) ngadhepi (reca-reca) kuwé karo ngantemi nganggo tangan tengené.

فَاَقْبَلُوْٓا اِلَيْهِ يَزِفُّوْنَ٩٤
Fa aqbalū ilaihi yaziffūn(a).
[94] Banjur wong-wong kuwé (kaumé) padha gagiyan teka maring dhéwéké.

قَالَ اَتَعْبُدُوْنَ مَا تَنْحِتُوْنَۙ٩٥
Qāla ata‘budūna mā tanḥitūn(a).
[95] Dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Apa ko padha nyembah reca-reca sing deukir déning ko dhéwék kuwé?

وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ وَمَا تَعْمَلُوْنَ٩٦
Wallāhu khalaqakum wa mā ta‘malūn(a).
[96] Mangkané Gusti Allah sing wis nyiptakna ko kabéh lan apa sing ko padha pergawé kuwé.”

قَالُوا ابْنُوْا لَهٗ بُنْيَانًا فَاَلْقُوْهُ فِى الْجَحِيْمِ٩٧
Qālubnū lahū bun-yānan fa'alqūhu fil-jaḥīm(i).
[97] Wong-wong kuwé padha ngucap, “Gawéa bangunan (pawon) nggo dhéwéké (nggo ngobong Ibrahim); banjur balangna dhéwéké maring geni sing mulab-mulab kuwé.”

فَاَرَادُوْا بِهٖ كَيْدًا فَجَعَلْنٰهُمُ الْاَسْفَلِيْنَ٩٨
Fa arādū bihī kaidan faja‘alnāhumul-asfalīn(a).
[98] Mangka wong-wong kuwé padha kepéngin ngrekadaya Ibrahim kanthi (ngobong) dhéwéké, (ning Gusti Allah nylametna), banjur Ingsun dadékna kaum kuwé wong-wong sing padha ina.

وَقَالَ اِنِّيْ ذَاهِبٌ اِلٰى رَبِّيْ سَيَهْدِيْنِ٩٩
Wa qāla innī żāhibun ilā rabbī sayahdīn(i).
[99] Lan dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Setemené inyong kudu lunga (sowan) maring Pengé-ranku, Penjenengané bakal paring pituduh maring inyong. 731
731) Nabi Ibrahim lunga maring sewijiné negari seprelu bisa nyembah Gusti Allah lan ajék-ajék maring dalané Penjenengané (dakwah).

رَبِّ هَبْ لِيْ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ١٠٠
Rabbi hab lī minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[100] Dhuh Pengéran kula, mugi paring dhateng kula (anak) ingkang kelebet tiyang sae (saléh).”

فَبَشَّرْنٰهُ بِغُلٰمٍ حَلِيْمٍ١٠١
Fa basysyarnāhu bigulāmin ḥalīm(in).
[101] Mangka Ingsun paring werta bebungah maring dhéwéké kanthi (lairé) bocah sing banget sabaré (Ismail).

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ١٠٢
Falammā balaga ma‘ahus-sa‘ya qāla yā bunayya innī arā fil-manāmi annī ażbaḥuka fanẓur māżā tarā, qāla yā abatif‘al mā tu'mar(u), satajidunī in syā'allāhu minaṣ-ṣābirīn(a).
[102] Mangka rikala bocah kuwé butul (maring umur) bisa nyambut gawé karo dhéwéké, (Ibrahim) ngucap, “Hé anaku! Setemené inyong ngimpi lamon inyong nyembeléh ko. Mangka pikirna kepriwé penemumu?” Dhéwéké (Ismail) mangsuli, “Hé ramaku! Tandangi baé apa sing dédhawuhna déning Gusti Allah maring rika; angger Gusti Allah ngersakna, rika bakal weruh inyong klebu wong sing sabar.”

فَلَمَّآ اَسْلَمَا وَتَلَّهٗ لِلْجَبِيْنِۚ١٠٣
Falammā aslamā wa tallahū lil-jabīn(i).
[103] Banjur rikala wong loro kuwé wis padha pasrah awak lan dhéwéké (Ibrahim) nurokna anaké sendhuwur pilingané, (nggo nglakoni dhawuhé Gusti Allah).

وَنَادَيْنٰهُ اَنْ يّٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۙ١٠٤
Wa nādaināhu ay yā ibrāhīm(u).
[104] Banjur Ingsun dangu dhéwéké, “Hé Ibrahim!

قَدْ صَدَّقْتَ الرُّءْيَا ۚاِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٠٥
Qad ṣaddaqtar-ru'yā, innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[105] Temen, sliramu wis mbenerna impén kuwé.” 732 Temen, Mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing padha gawé becik.
732) Precaya lamon impén kuwé pancén nyata bener sekang Gusti Allah lan kudu detandangi.

اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْبَلٰۤؤُا الْمُبِيْنُ١٠٦
Inna hāżā lahuwal-balā'ul-mubīn(u).
[106] Setemené kiyé temen-temen sewiji coban sing nyata.

وَفَدَيْنٰهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ١٠٧
Wa fadaināhu biżibḥin ‘aẓīm(in).
[107] Lan Ingsun ijoli bocah kuwé kanthi sewiji (kéwan) sembeléhan sing gedhé. 733
733) Sewisé nyata sabaré lan manuté Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail, mangka Gusti Allah nglarang Ibrahim nyembeléh Ismail. Nggo nerusna gawé kurban, Gusti Allah ngijoli dhéwéké kanthi sembeléhan (wedhus). Kedadéan kiyé dadi dhasar saréngat kurban sing deleksanakna neng dina Bada Haji.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ١٠٨
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[108] Lan Ingsun langgengna nggo Ibrahim (pengalembana) neng kalangané wong sing padha (urip) sepungkuré.

سَلٰمٌ عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ١٠٩
Salāmun ‘alā ibrāhīm(a).
[109] “Rahayu (salam) sentosa ingatasé Ibrahim.”

كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١١٠
Każālika najzil-muḥsinīn(a).
[110] Mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing padha mergawé becik.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١١١
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[111] Temen, dhéwéké klebu kawula-kawulané Ingsun sing padha precaya.

وَبَشَّرْنٰهُ بِاِسْحٰقَ نَبِيًّا مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ١١٢
Wa basysyarnāhu bi'isḥāqa nabiyyam minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[112] Lan Ingsun paring werta bebungah maring dhéwéké kanthi (lairé) Ishak, sewiji nabi sing klebu wong-wong sing apik (saléh).

وَبٰرَكْنَا عَلَيْهِ وَعَلٰٓى اِسْحٰقَۗ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهِمَا مُحْسِنٌ وَّظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ مُبِيْنٌ ࣖ١١٣
Wa bāraknā ‘alaihi wa ‘alā isḥāq(a), wa min żurriyyatihimā muḥsinuw wa ẓālimul linafsihī mubīn(un).
[113] Lan Ingsun lubérna berkah maring dhéwéké lan maring Ishak. Lan neng antarané keturunané wong loro kuwé ana sing mergawé becik lan (uga) ana sing nyata-nyata mergawé aniaya (dolim) maring awaké dhéwék.

وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلٰى مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ ۚ١١٤
Wa laqad manannā ‘alā mūsā wa hārūn(a).
[114] Lan temen, Ingsun wis nglubérna nékmat maring Musa lan Harun.

وَنَجَّيْنٰهُمَا وَقَوْمَهُمَا مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِۚ١١٥
Wa najjaināhumā wa qaumahumā minal-karbil-‘aẓīm(i).
[115] Lan Ingsun slametna sekloroné lan kaumé sekang bebaya sing gedhé,

وَنَصَرْنٰهُمْ فَكَانُوْا هُمُ الْغٰلِبِيْنَۚ١١٦
Wa naṣarnāhum fakānū humul-gālibīn(a).
[116] lan Ingsun tulungi dhéwéké kabéh, mangka dhéwéké padha dadi wong-wong sing menang.

وَاٰتَيْنٰهُمَا الْكِتٰبَ الْمُسْتَبِيْنَ ۚ١١٧
Wa ātaināhumal-kitābal-mustabīn(a).
[117] Lan Ingsun paringna maring sekloroné Kitab sing banget cethané,

وَهَدَيْنٰهُمَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۚ١١٨
Wa hadaināhumaṣ-ṣirāṭal-mustaqīm(a).
[118] lan Ingsun tidokna sekloroné dalan sing jejeg.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِمَا فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ١١٩
Wa taraknā ‘alaihimā fil-ākhirīn(a).
[119] Lan Ingsun langgengna (pengalembana) nggo sekloroné neng kalangané wong-wong sing padha (urip) sepungkuré,

سَلٰمٌ عَلٰى مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ١٢٠
Salāmun ‘alā mūsā wa hārūn(a).
[120] “Rahayu (salam) sentosa nggo Musa lan Harun.”

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٢١
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[121] Mengkana kuwé Ingsun olihé paring piwales maring wong sing padha mergawé becik.

اِنَّهُمَا مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١٢٢
Innahumā min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[122] Temen, wong sekloron kuwé klebu kawula-kawulané Ingsun sing padha precaya.

وَاِنَّ اِلْيَاسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٢٣
Wa inna ilyāsa laminal-mursalīn(a).
[123] Lan temen, Ilyas nyata-nyata klebu salah sewijiné utusan (rasul).

اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَلَا تَتَّقُوْنَ١٢٤
Iż qāla liqaumihī alā tattaqūn(a).
[124] (Élinga) rikala dhéwéké ngucap maring kaumé, “Kenangapa ko ora padha semarah (takwa)?

اَتَدْعُوْنَ بَعْلًا وَّتَذَرُوْنَ اَحْسَنَ الْخٰلِقِيْنَۙ١٢٥
Atad‘ūna ba‘law wa tażarūna aḥsanal-khāliqīn(a).
[125] Apa pantes ko padha nyembah Ba’l 734 lan ko kabéh ninggal (Gusti Allah) seapik-apiké (sembahan) sing nyiptakna.
734) Ba’l kuwé salah sijiné aran brehala sing dadi sembahané wong Phunicia.

اللّٰهَ رَبَّكُمْ وَرَبَّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ١٢٦
Allāha rabbakum wa rabba ābā'ikumul-awwalīn(a).
[126] (Yakuwé) Gusti Allah Pengérané ko kabéh lan Pengérané kaki-nininé ko kabéh sing padha (urip) gemiyén?”

فَكَذَّبُوْهُ فَاِنَّهُمْ لَمُحْضَرُوْنَۙ١٢٧
Fakażżabūhu fa'innahum lamuḥḍarūn(a).
[127] Ning wong-wong kuwé padha ora precaya (nggorohna) maring dhéwéké (Ilyas). Mangka setemené dhéwéké bakal padha desered (maring neraka),

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٢٨
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[128] kejaba kewula-kewulané Gusti Allah sing padha desucékna (sekang dosa).

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۙ١٢٩
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[129] Lan Ingsun langgengna (pengalembana) nggo Ilyas neng wong sing padha (urip) sepungkuré.

سَلٰمٌ عَلٰٓى اِلْ يَاسِيْنَ١٣٠
Salāmun ‘alā ilyāsīn(a).
[130] “Rahayu (salam) sentosa nggo Ilyas.”

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٣١
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[131] Mengkana kuwé Ingsun olihé paring piwales maring wong-wong sing padha mergawé becik.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١٣٢
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[132] Temen, dhéwéké klebu kewula-kewulané Ingsun sing padha precaya.

وَاِنَّ لُوْطًا لَّمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٣٣
Wa inna lūṭal laminal-mursalīn(a).
[133] Lan temen, Lut klebu salah sewijiné utusan (rasul).

اِذْ نَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اَجْمَعِيْنَۙ١٣٤
Iż najjaināhu wa ahlahū ajma‘īn(a).
[134] (Élinga) rikala Ingsun wis nylametna dhéwéké lan pendhéréké kabéh,

اِلَّا عَجُوْزًا فِى الْغٰبِرِيْنَ١٣٥
Illā ‘ajūzan fil-gābirīn(a).
[135] kejaba wong wadon tuwa (bojoné) bareng-bareng karo wong sing padha manggon (neng kota).

ثُمَّ دَمَّرْنَا الْاٰخَرِيْنَ١٣٦
Ṡumma dammarnal-ākharīn(a).
[136] Banjur Ingsun tumpes wong-wong sing liyané. 735
735) Wong-wong sing manggon neng kota sing ora padha mélu maring Nabi Nuh.

وَاِنَّكُمْ لَتَمُرُّوْنَ عَلَيْهِمْ مُّصْبِحِيْنَۙ١٣٧
Wa innakum latamurrūna ‘alaihim muṣbiḥīn(a).
[137] Lan setemené ko kabéh (warga Mekah) bakal ngliwati (petilasan-petilasané) wong-wong kuwé neng wektu esuk,

وَبِالَّيْلِۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ١٣٨
Wa bil-lail(i), afalā ta‘qilūn(a).
[138] lan neng wektu wengi. Banjur kenangapa ko padha ora mengerténi?

وَاِنَّ يُوْنُسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٣٩
Wa inna yūnusa laminal-mursalīn(a).
[139] Lan temen, Yunus nyata-nyata klebu salah sijiné utusan (rasul),

اِذْ اَبَقَ اِلَى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِۙ١٤٠
Iż abaqa ilal-fulkil-masyḥūn(i).
[140] (élinga) rikala dhéwéké mlayu, 736 maring prahu sing kebek momotan,
736) Lunga ninggalna kewajiban.

فَسَاهَمَ فَكَانَ مِنَ الْمُدْحَضِيْنَۚ١٤١
Fa sāhama fakāna minal-mudḥaḍīn(a).
[141] banjur dhéwéké mélu deundhi 737 nyatané dhéwéké klebu wong sing kalah (neng undhian).
737) Undhian dégawé merga momotan prahu kebek pisan. Angger sing numpak ora dekurangi kayané bisa kérem. Dadi deanakna undhian. Sapa sing undhiané kalah kudu debalangna maring segara, mangkané Nabi Nuh kepélu wong sing undhiané kalah.

فَالْتَقَمَهُ الْحُوْتُ وَهُوَ مُلِيْمٌ١٤٢
Faltaqamahul-ḥūtu wa huwa mulīm(un).
[142] Banjur dhéwéké deuntal déning iwak gedhé kanthi kahanan sing ina. 738
738) Ina merga dhéwéké mlayu ninggalna kaumé

فَلَوْلَآ اَنَّهٗ كَانَ مِنَ الْمُسَبِّحِيْنَ ۙ١٤٣
Falau lā annahū kāna minal-musabbiḥīn(a).
[143] Mangka sekirané dhéwéké ora klebu wong-wong sing padha akéh élingé (maca tasbéh) maring Gusti Allah,

لَلَبِثَ فِيْ بَطْنِهٖٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَۚ١٤٤
Lalabiṡa fī baṭnihī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[144] mesthi dhéwéké bakal langgeng neng njero wetengé (iwak kuwé) nganti butul dinané détangékna.

۞ فَنَبَذْنٰهُ بِالْعَرَاۤءِ وَهُوَ سَقِيْمٌ ۚ١٤٥
Fa nabażnāhu bil-‘arā'i wa huwa saqīm(un).
[145] Banjur Ingsun balangna dhéwéké maring dharatan sing cengkar, mangkané dhéwéké lagi mriyang.

وَاَنْۢبَتْنَا عَلَيْهِ شَجَرَةً مِّنْ يَّقْطِيْنٍۚ١٤٦
Wa ambatnā ‘alaihi syajaratam miy yaqṭīn(in).
[146] Banjur nggo dhéwéké Ingsun thukulna wit sekang bangsané labu.

وَاَرْسَلْنٰهُ اِلٰى مِائَةِ اَلْفٍ اَوْ يَزِيْدُوْنَۚ١٤٧
Wa arsalnāhu ilā mi'ati alfin au yazīdūn(a).
[147] Lan Ingsun utus dhéwéké maring satus ewu (wong) utawa lewih,

فَاٰمَنُوْا فَمَتَّعْنٰهُمْ اِلٰى حِيْنٍ١٤٨
Fa'āmanū famatta‘nāhum ilā ḥīn(in).
[148] saéngga wong-wong kuwé padha precaya, merga kuwé Ingsun paringi kanugrahan nékmaté urip maring wong-wong kuwé nganti butul wektu sing wis détemtokna.

فَاسْتَفْتِهِمْ اَلِرَبِّكَ الْبَنَاتُ وَلَهُمُ الْبَنُوْنَۚ١٤٩
Fastaftihim alirabbikal-banātu wa lahumul-banūn(a).
[149] Mangka sliramu takokna (Muhammad) maring wong-wong kuwé (kapir Mekah), “Apa anak-anak wadon kuwé nggo Pengéranmu mangkané nggo dhéwéké kabéh kuwé anak-anak lanang?” 739
739) Wong-wong musrik padha ngucap lamon Gusti Allah kagungan putra-putra wadon (malaékat), mangkané dhéwéké padha nganggep anak wadon kuwé ina.

اَمْ خَلَقْنَا الْمَلٰۤىِٕكَةَ اِنَاثًا وَّهُمْ شٰهِدُوْنَ١٥٠
Am khalaqnal-malā'ikata ināṡaw wa hum syāhidūn(a).
[150] utawa apa Ingsun nyiptakna malaékat-malaékat rupa wadon lan dhéwéké padha nyekséni (kuwé)?

اَلَآ اِنَّهُمْ مِّنْ اِفْكِهِمْ لَيَقُوْلُوْنَۙ١٥١
Alā innahum min ifkihim layaqūlūn(a).
[151] Élinga, setemené neng antarané pengapus-apusé, dhéwéké padha temen-temen ngucapna,

وَلَدَ اللّٰهُ ۙوَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَۙ١٥٢
Waladallāh(u), wa innahum lakāżibūn(a).
[152] “Gusti Allah kagungan putra.” Lan temen, wong-wong kuwé kabéh nyata-nyata tukang apus-apus,

اَصْطَفَى الْبَنَاتِ عَلَى الْبَنِيْنَۗ١٥٣
Aṣṭafal-banāti ‘alal-banīn(a).
[153] apa Penjenengané (Gusti Allah) milih anak-anak wadon ketimbang anak-anak lanang?

مَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَ١٥٤
Mā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[154] Kenangapa ko kabéh kiyé? Kepriwé carané ko kabéh padha netepna?

اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَۚ١٥٥
Afalā tażakkarūn(a).
[155] Mangka kenangapa ko ora padha mikirna?

اَمْ لَكُمْ سُلْطٰنٌ مُّبِيْنٌۙ١٥٦
Am lakum sulṭānum mubīn(un).
[156] Apa ko padha duwé bukti sing genah?

فَأْتُوْا بِكِتٰبِكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٥٧
Fa'tū bikitābikum in kuntum ṣādiqīn(a).
[157] (Angger kaya kuwé) mangka gawane kitabé ko kabéh angger ko wong sing padha bener.

وَجَعَلُوْا بَيْنَهٗ وَبَيْنَ الْجِنَّةِ نَسَبًا ۗوَلَقَدْ عَلِمَتِ الْجِنَّةُ اِنَّهُمْ لَمُحْضَرُوْنَۙ١٥٨
Wa ja‘alū bainahū wa bainal-jinnati nasabā(n), wa laqad ‘alimatil-jinnatu innahum lamuḥḍarūn(a).
[158] Lan wong-wong kuwé padha gawé (saluran) trah antarané Penjenengané (Gusti Allah) karo jin. Lan temen, jin wis ngerti lamon wong-wong kuwé bakal padha deséréd (maring neraka),

سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يَصِفُوْنَۙ١٥٩
Subḥānallāhi ‘ammā yaṣifūn(a).
[159] Mahasuci Gusti Allah sekang apa sing wong-wong kuwé padha sipatna,

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٦٠
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[160] kejaba kewula-kewulané Gusti Allah 740 sing padha desucékna (sekang dosa).
740) golongan jin sing padha precaya.

فَاِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُوْنَۙ١٦١
Fa'innakum wa mā ta‘budūn(a).
[161] Mangka setemené ko kabéh lan apa sing ko padha sembah kuwé,

مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِ بِفٰتِنِيْنَۙ١٦٢
Mā antum ‘alaihi bifātinīn(a).
[162] ora bakal bisa mblangsakna (sewijiné wong) sekang Gusti Allah,

اِلَّا مَنْ هُوَ صَالِ الْجَحِيْمِ١٦٣
Illā man huwa ṣālil-jaḥīm(i).
[163] kejaba wong-wong sing bakal padha mlebu maring neraka Jahim.

وَمَا مِنَّآ اِلَّا لَهٗ مَقَامٌ مَّعْلُوْمٌۙ١٦٤
Wa mā minnā illā lahū maqāmum ma‘lūm(un).
[164] Lan ora sijia neng antarané inyong kabéh (malaékat) anging duwé drajat sing ketemtu,

وَّاِنَّا لَنَحْنُ الصَّۤافُّوْنَۖ١٦٥
Wa innā lanaḥnuṣ-ṣāffūn(a).
[165] lan setemené inyong kabéh tansah tertib neng barisan (sejeroné ngleksanakna dhawuhé Gusti Allah).

وَاِنَّا لَنَحْنُ الْمُسَبِّحُوْنَ١٦٦
Wa innā lanaḥnul-musabbiḥūn(a).
[166] Lan temen, inyong kabéh padha dhur-dhuran maha-nyucekna (maring Gusti Allah).

وَاِنْ كَانُوْا لَيَقُوْلُوْنَۙ١٦٧
Wa in kānū layaqūlūn(a).
[167] Lan setemené wong-wong kuwé (kapir Mekah) nyata-nyata padha ngucap,

لَوْ اَنَّ عِنْدَنَا ذِكْرًا مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ١٦٨
Lau anna ‘indanā żikram minal-awwalīn(a).
[168] “Sekirané neng sisihé inyong kabéh ana kitab sekang (kitab-kitab sing déturunaken maring) wong jaman gemiyén,

لَكُنَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٦٩
Lakunnā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[169] mesthi inyong kabéh padha dadi kewulané Gusti Allah sing padha desucékna (sekang dosa).”

فَكَفَرُوْا بِهٖۚ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ١٧٠
Fa kafarū bih(ī), fasaufa ya‘lamūn(a).
[170] Ning nyatané wong-wong kuwé padha ngingkari (Al-Qur’an); mangka mbésuk wong-wong kuwé bakal ngaweruhi (akibat olihé padha ingkar).

وَلَقَدْ سَبَقَتْ كَلِمَتُنَا لِعِبَادِنَا الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٧١
Wa laqad sabaqat kalimatunā li‘ibādinal-mursalīn(a).
[171] Lan temen, janjiné Ingsun wis tetep tumrapé kewula-kewulané Ingsun sing padha dadi utusan (rasul),

اِنَّهُمْ لَهُمُ الْمَنْصُوْرُوْنَۖ١٧٢
Innahum lahumul-manṣūrūn(a).
[172] (yakuwé) rasul-rasul kuwé mesthi bakal olih pitulungan.

وَاِنَّ جُنْدَنَا لَهُمُ الْغٰلِبُوْنَ١٧٣
Wa inna jundanā lahumul-gālibūn(a).
[173] Lan setemené wadyabalané Ingsun 741 kuwé sing mesthi menang.
741) Utusan (rasul) karo pendhérék-pendhéréké.

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتّٰى حِيْنٍۙ١٧٤
Fatawalla ‘anhum ḥattā ḥīn(in).
[174] Mangka mléngosa sliramu (Muhammad) sekang wong-wong kuwé nganti butul wektu sing détemtokna,

وَّاَبْصِرْهُمْۗ فَسَوْفَ يُبْصِرُوْنَ١٧٥
Wa abṣirhum, fa saufa yubṣirūn(a).
[175] lan tidhokna maring wong-wong kuwé, mangka mbésuk dhéwéké bakal padha weruh (siksa kuwé). 742
742) Maksudé: butul Rasulullah s.a.w. nduwé kekuwatan.

اَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُوْنَ١٧٦
Afabi‘ażābinā yasta‘jilūn(a).
[176] Mangka apa wong-wong kuwé padha njaluk siksané Ingsun dégelisna (tekané)?

فَاِذَا نَزَلَ بِسَاحَتِهِمْ فَسَاۤءَ صَبَاحُ الْمُنْذَرِيْنَ١٧٧
Fa iżā nazala bisāḥatihim fa sā'a ṣabāḥul-munżarīn(a).
[177] Mangka angger (siksan) mau medhun neng lataré wong-wong kuwé, mangka banget alané wektu ésuk nggo wong-wong sing wis padha de-élingna 743 kuwé.
743) Sing démaksud “wektu esuk” yakuwé ora mung wektu ésuk, ning sembarang wektu neng endi wong-wong sing nyerang seurungé subuh; mangka wong-wong sing kalah kuwé ngalami susah neng wektu ésuk

وَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتّٰى حِيْنٍۙ١٧٨
Wa tawalla ‘anhum ḥattā ḥīn(in).
[178] Lan mléngosa sliramu sekang dhéwéké kabéh nganti butul wektu sing détemtokna.

وَّاَبْصِرْۗ فَسَوْفَ يُبْصِرُوْنَ١٧٩
Wa abṣir, fasaufa yubṣirūn(a).
[179] Lan tidhokna, mangka mbésuk dhéwéké kabéh bakal padha weruh (siksa kuwé).

سُبْحٰنَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَۚ١٨٠
Subḥāna rabbika rabbil-‘izzati ‘ammā yaṣifūn(a).
[180] Mahasuci Pengéranmu, Pengéran Sing Mahadigdaya sekang sipat sing dhéwéké kabéh padha ucapna.

وَسَلٰمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَۚ١٨١
Wa salāmun ‘alal-mursalīn(a).
[181] Lan rahayu (salam) sentosa nggo para utusan (rasul-rasul).

وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١٨٢
Wal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[182] Lan sekabéh pengalembana kagungané Gusti Allah Pengérané sekabéh ngalam.