Surah Ya Sin
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰسۤ ۚ١
Yā sīn.
[1]
Yaa siin.
وَالْقُرْاٰنِ الْحَكِيْمِۙ٢
Wal-qur'ānil-ḥakīm(i).
[2]
Sekawit (sekawit) Al-Qur’an sing kebek hikmah,
اِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۙ٣
Innaka laminal-mursalīn(a).
[3]
temen, sliramu (Muhammad) salah siji sekang rasul-rasul,
عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍۗ٤
‘Alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[4]
(sing ana) neng sendhuwuré dalan sing jejeg,
تَنْزِيْلَ الْعَزِيْزِ الرَّحِيْمِۙ٥
Tanzīlal-‘azīzir-raḥīm(i).
[5]
(minangka wahyu) sing déturunaken déning (Gusti Allah) Sing Mahadigdaya, Mahaasih,
لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اُنْذِرَ اٰبَاۤؤُهُمْ فَهُمْ غٰفِلُوْنَ٦
Litunżira qaumam mā unżira ābā'uhum fahum gāfilūn(a).
[6]
supaya sliramu awéh pengéling-éling maring sewijiné kaum sing kaki-nininé urung padha nglakon déwéhi pengéling-éling, merga kuwé dhéwéké padha ngemprah.
لَقَدْ حَقَّ الْقَوْلُ عَلٰٓى اَكْثَرِهِمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٧
Laqad ḥaqqal-qaulu ‘alā akṡarihim fahum lā yu'minūn(a).
[7]
Temen, mesthi kelakoné dhawuh (siksa) ingatasé akéh-akéhé wong-wong kuwé, merga dhéwéké padha ora precaya.
اِنَّا جَعَلْنَا فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْ اَغْلٰلًا فَهِيَ اِلَى الْاَذْقَانِ فَهُمْ مُّقْمَحُوْنَ٨
Innā ja‘alnā fī a‘nāqihim aglālan fa hiya ilal-ażqāni fahum muqmaḥūn(a).
[8]
Temen, Ingsun wis masang jiret neng guluné wong-wong kuwé, banjur tangané dhéwéké (dejunjung) maring janggut, merga kuwé dhéwéké padha kedhengal.
وَجَعَلْنَا مِنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ سَدًّا وَّمِنْ خَلْفِهِمْ سَدًّا فَاَغْشَيْنٰهُمْ فَهُمْ لَا يُبْصِرُوْنَ٩
Wa ja‘alnā mim baini aidīhim saddaw wa min khalfihim saddan fa agsyaināhum fahum lā yubṣirūn(a).
[9]
Lan Ingsun dadékna neng ngarepé wong-wong kuwé aling-aling (pager) lan neng mburiné dhéwéké uga aling-aling, lan Ingsun tutupi (matané) saéngga dhéwéké padha ora weruh.
وَسَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠
Wa sawā'un ‘alaihim a'anżartahum am lam tunżirhum lā yu'minūn(a).
[10]
Lan padha baé tumrap wong-wong kuwé, apa sliramu élingna maring dhéwéké utawa sliramu ora élingna maring dhéwéké, wong-wong kuwé ajeg baé ora bakal precaya.
اِنَّمَا تُنْذِرُ مَنِ اتَّبَعَ الذِّكْرَ وَخَشِيَ الرَّحْمٰنَ بِالْغَيْبِۚ فَبَشِّرْهُ بِمَغْفِرَةٍ وَّاَجْرٍ كَرِيْمٍ١١
Innamā tunżiru manittaba‘aż-żikra wa khasyiyar-raḥmāna bil-gaib(i), fa basysyirhu bimagfiratiw wa ajrin karīm(in).
[11]
Setemené sliramu mung awéh pengéling-éling maring wong-wong sing padha gelem ngetutna pengéling-éling 716 lan sing padha wedi maring Pengéran Sing Mahaasih, sena-jan dhéwéké padha urung nglakon weruh Penjenengané. Mangka wehana dhéwéké kabéh werta bebungah kanthi pengampura lan ganjaran sing mulya.
716) Pengéling-éling sing debutulna déning Kanjeng Nabi mung ana gunané tumrap wong-wong sing padha gelem mélu Kanjeng Nabi.
اِنَّا نَحْنُ نُحْيِ الْمَوْتٰى وَنَكْتُبُ مَا قَدَّمُوْا وَاٰثَارَهُمْۗ وَكُلَّ شَيْءٍ اَحْصَيْنٰهُ فِيْٓ اِمَامٍ مُّبِيْنٍ ࣖ١٢
Innā naḥnu nuḥyil-mautā wa naktubu mā qaddamū wa āṡārahum, wa kulla syai'in aḥṣaināhu fī imāmim mubīn(in).
[12]
Temen, Ingsun sing nguripna wong-wong sing wis padha mati, lan Ingsun pribadi sing nyathet apa sing wis dhéwéké padha pergawé lan tilas-tilasé sing dhéwéké (padha tinggal-na). Lan samubarang kabéh Ingsun kumpulna neng Kitab sing cetha (Lauh Mahfuz).
وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلًا اَصْحٰبَ الْقَرْيَةِۘ اِذْ جَاۤءَهَا الْمُرْسَلُوْنَۚ١٣
Waḍrib lahum maṡalan aṣḥābal-qaryah(ti), iż jā'ahal-mursalūn(a).
[13]
Lan gawéa sewiji peumpaman tumrap dhéwéké kabéh, yakuwé wargané sewijiné negari, rikala para utusan padha teka maring para warga mau;
اِذْ اَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمُ اثْنَيْنِ فَكَذَّبُوْهُمَا فَعَزَّزْنَا بِثَالِثٍ فَقَالُوْٓا اِنَّآ اِلَيْكُمْ مُّرْسَلُوْنَ١٤
Iż arsalnā ilaihimuṡnaini fa każżabūhumā fa ‘azzaznā biṡāliṡin faqālū innā ilaikum mursalūn(a).
[14]
(yakuwé) rikala Ingsun ngutus maring dhéwéké utusan loro, banjur dhéwéké padha nggorohna sekloroné; banjur Ingsun kuwatna kanthi (utusan) sing ketelu, mangka telu-teluné (utusan kuwé) padha ngucap, “Temen, inyong nyata-nyata padha déutus maring ko kabéh.”
قَالُوْا مَآ اَنْتُمْ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۙ وَمَآ اَنْزَلَ الرَّحْمٰنُ مِنْ شَيْءٍۙ اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا تَكْذِبُوْنَ١٥
Qālū mā antum illā basyarum miṡlunā, wa mā anzalar-raḥmānu min syai'(in), in antum illā takżibūn(a).
[15]
Dhéwéké kabéh (warga negari) padha semaur, “Ko kiyé mung menungsa kaya inyong kabéh, lan (Gusti Allah) Sing Mahaeman ora nurunaken sewiji apa; ko kabéh mung tukang goroh thok.”
قَالُوْا رَبُّنَا يَعْلَمُ اِنَّآ اِلَيْكُمْ لَمُرْسَلُوْنَ١٦
Qālū rabbunā ya‘lamu innā ilaikum lamursalūn(a).
[16]
Utusan-utusan kuwé padha ngucap, “Pengérané inyong kabéh ngawuningani setemené inyong kiyé utusan-utusan Penjenengané maring ko kabéh.
وَمَا عَلَيْنَآ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٧
Wa mā ‘alainā illal-balāgul-mubīn(u).
[17]
Lan kewajibané inyong mung padha mbutulna (préntahé Gusti Allah) kanthi gamblang.”
قَالُوْٓا اِنَّا تَطَيَّرْنَا بِكُمْۚ لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهُوْا لَنَرْجُمَنَّكُمْ وَلَيَمَسَّنَّكُمْ مِّنَّا عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٨
Qālū innā taṭayyarnā bikum, la'il lam tantahū lanarjumannakum wa layamassannakum minnā ‘ażābun alīm(un).
[18]
Wong-wong kuwé padha semaur, “Seteme-né inyong dadi padha apes mergané ko kabéh. Temen, angger ko padha ora lérén (ajék-ajék inyong kabéh), mesthi ko kabéh bakal inyong krutugi watu (nganti mati), lan mesthi ko kabéh bakal ngrasakna siksa sing banget larané sekang inyong kabéh.”
قَالُوْا طَاۤىِٕرُكُمْ مَّعَكُمْۗ اَىِٕنْ ذُكِّرْتُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُوْنَ١٩
Qālū ṭā'irukum ma‘akum, a'in żukkirtum, bal antum qaumum musrifūn(a).
[19]
Dhéwéké (utusan-utusan) kuwé padha ngucap, “Apesmu kabéh kuwé merga ko dhéwék. Apa merga ko padha déwéhi pengéling-éling? Sebeneré ko kabéh kuwé kaum sing padha ngliwati wates.”
وَجَاۤءَ مِنْ اَقْصَا الْمَدِيْنَةِ رَجُلٌ يَّسْعٰى قَالَ يٰقَوْمِ اتَّبِعُوا الْمُرْسَلِيْنَۙ٢٠
Wa jā'a min aqṣal-madīnati rajuluy yas‘ā qāla yā qaumittabi‘ul-mursalīn(a).
[20]
Lan teka sekang pinggir kota sewijiné wong lanang 717 kanthi gupuh-gupuh, dhéwéké ngucap, “Hé kaumku! Padha mélua maring utusan-utusan kuwé.
717) juru tapsir, wong kuwé jenengé Habib An-Najjar.
اتَّبِعُوْا مَنْ لَّا يَسْـَٔلُكُمْ اَجْرًا وَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ ۔٢١
Ittabi‘ū mal lā yas'alukum ajraw wa hum muhtadūn(a).
[21]
Melua baé maring wong sing ora njaluk upah maring ko kabéh; dhéwéké kuwé wong sing padha olih pituduh.
وَمَا لِيَ لَآ اَعْبُدُ الَّذِيْ فَطَرَنِيْ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٢
Wa mā liya lā a‘budul-lażī faṭaranī wa ilaihi turja‘ūn(a).
[22]
Lan ora nana alesan tumrapé inyong nggo ora gelem nyembah (Gusti Allah) sing wis nyiptakna inyong lan mung maring Penjenengané ko kabéh bakal padha débalékna.
ءَاَتَّخِذُ مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً اِنْ يُّرِدْنِ الرَّحْمٰنُ بِضُرٍّ لَّا تُغْنِ عَنِّيْ شَفَاعَتُهُمْ شَيْـًٔا وَّلَا يُنْقِذُوْنِۚ٢٣
A'attakhiżu min dūnihī ālihatan iy yuridnir-raḥmānu biḍurril lā tugni ‘annī syafā‘atuhum syai'aw wa lā yunqiżūn(i).
[23]
Kenangapa inyong arep nyembah sembahan-sembahan seliyané Penjenengané? Angger (Gusti Allah) Sing Mahaasih ngersakna kecilakan maring inyong, pitulungané sembahan-sembahan kuwé ora migunani apa-apa maring inyong, lan sembahan-sembahan kuwé uga ora bisa nylametna inyong.
اِنِّيْٓ اِذًا لَّفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٤
Innī iżal lafī ḍalālim mubīn(in).
[24]
Setemené angger inyong (nglakoni) kaya kuwé (nyembah seliyané Gusti Allah), mesthi inyong ana neng sejeroné kesasar sing nyata.
اِنِّيْٓ اٰمَنْتُ بِرَبِّكُمْ فَاسْمَعُوْنِۗ٢٥
Innī āmantu birabbikum fasma‘ūn(i).
[25]
Setemené inyong wis precaya maring Pengérané ko kabéh; mangka padha derungokna (ikrar precayaé) inyong.”
قِيْلَ ادْخُلِ الْجَنَّةَ ۗقَالَ يٰلَيْتَ قَوْمِيْ يَعْلَمُوْنَۙ٢٦
Qīladkhulil-jannah(ta), qāla yā laita qaumī ya‘lamūn(a).
[26]
Déucapna (maring dhéwéké), “Mlebua maring suwarga.” 718 Dhéwéké (wong lanang kuwé) matur, “Banget apiké énggané kaumé inyong padha ngaweruhi,
718) Miturut riwayat, wong lanang kuwé dépaténi déning kaumé ngucapna tembung minangka wewarah maring kaumé kaya désebut neng ayat 20 butul 25. Rikala dhéwéké arep mati malaékat temurun awéh werta lamon Gusti Allah wis ngampurani dosané lan dhéwéké bakal mlebu maring suwarga.
بِمَا غَفَرَ لِيْ رَبِّيْ وَجَعَلَنِيْ مِنَ الْمُكْرَمِيْنَ٢٧
Bimā gafaralī rabbī wa ja‘alanī minal-mukramīn(a).
[27]
apa sing njalari Pengéranku paring pengampura maring inyong lan ndadékna inyong klebu wong-wong sing padha demulyakna.”
۞ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى قَوْمِهٖ مِنْۢ بَعْدِهٖ مِنْ جُنْدٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَمَا كُنَّا مُنْزِلِيْنَ٢٨
Wa mā anzalnā ‘alā qaumihī mim ba‘dihī min jundim minas-samā'i wa mā kunnā munzilīn(a).
[28]
Lan sewisé wong kuwé (mati), Ingsun ora nurunaken sewiji baé wadyabala sekang langit nggo numpes kaumé, lan Ingsun ora perlu nurunaken.
اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَاِذَا هُمْ خٰمِدُوْنَ٢٩
In kānat illā ṣaiḥataw wāḥidatan fa'iżā hum khāmidūn(a).
[29]
Ora nana siksan ingatasé dhéwéké kabéh kejaba mung kanthi jeritan sepisan; mangka dadakan wong-wong kuwé padha mati.
يٰحَسْرَةً عَلَى الْعِبَادِۚ مَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٣٠
Yā ḥasratan ‘alal-‘ibād(i), mā ya'tīhim mir rasūlin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[30]
Banget gedhéné pengajogé kewula-kewula mau, saben-saben ana sewiji rasul teka maring dhéwéké kabéh, dhéwéké gawéné padha merguyokna rasul kuwé.
اَلَمْ يَرَوْا كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ اَنَّهُمْ اِلَيْهِمْ لَا يَرْجِعُوْنَ٣١
Alam yarau kam ahlaknā qablahum minal-qurūni annahum ilaihim lā yarji‘ūn(a).
[31]
Apa dhéwéké padha ora ngaweruhi, sepira akéhé kaum seurungé dhéwéké sing wis Ingsun tumpes. Wong-wong (sing wis Ingsun tumpes) kuwé ora nana sing bisa bali maring dhéwéké kabéh. 719
719) Dhéwéké ora padha bali maring dunya.
وَاِنْ كُلٌّ لَّمَّا جَمِيْعٌ لَّدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ ࣖ٣٢
Wa in kullul lammā jamī‘ul ladainā muḥḍarūn(a).
[32]
Lan saben-saben (umat) sekabéhane bakal déadhepna maring Ingsun.
وَاٰيَةٌ لَّهُمُ الْاَرْضُ الْمَيْتَةُ ۖاَحْيَيْنٰهَا وَاَخْرَجْنَا مِنْهَا حَبًّا فَمِنْهُ يَأْكُلُوْنَ٣٣
Wa āyatul lahumul-arḍul-maitah(tu), aḥyaināhā wa akhrajnā minhā ḥabban faminhu ya'kulūn(a).
[33]
Lan sewijiné tandha (agungé Gusti Allah) nggo dhéwéké yakuwé anané bumi sing mati (cengkar). Ingsun uripna bumi mau lan Ingsun thukulna sekang kuwé wiji-wijian, mangka sekang (wiji-wijian) kuwé wong-wong mau padha mangan.
وَجَعَلْنَا فِيْهَا جَنّٰتٍ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍ وَّفَجَّرْنَا فِيْهَا مِنَ الْعُيُوْنِۙ٣٤
Wa ja‘alnā fīhā jannātim min nakhīliw wa a‘nābiw wa fajjarnā fīhā minal-‘uyūn(i).
[34]
Lan Ingsun dadékna neng bumi kuwé kebon-kebon korma lan anggur lan Ingsun pancurna maring kebon-kebon mau pirang-pirang tuk,
لِيَأْكُلُوْا مِنْ ثَمَرِهٖۙ وَمَا عَمِلَتْهُ اَيْدِيْهِمْ ۗ اَفَلَا يَشْكُرُوْنَ٣٥
Liya'kulū min ṡamarihī wa mā ‘amilathu aidīhim, afalā yasykurūn(a).
[35]
supaya dhéwéké padha bisa mangan sekang wohé, lan sekang kasil keprigélan tangané dhéwéké kabéh. Ning kenangapa wong-wong mau padha ora kesuwun (sukur)?
سُبْحٰنَ الَّذِيْ خَلَقَ الْاَزْوَاجَ كُلَّهَا مِمَّا تُنْۢبِتُ الْاَرْضُ وَمِنْ اَنْفُسِهِمْ وَمِمَّا لَا يَعْلَمُوْنَ٣٦
Subḥānal-lażī khalaqal-azwāja kullahā mimmā tumbitul-arḍu wa min anfusihim wa mimmā lā ya‘lamūn(a).
[36]
Mahasuci (Gusti Allah) sing wis nyipta sekabéhané padha jodhon-jodhon, becik sekang apa sing dethukulna déning bumi lan sekang awaké dhéwéké, lan uga sekang apa sing ora dhéwéké padha kaweruhi.
وَاٰيَةٌ لَّهُمُ الَّيْلُ ۖنَسْلَخُ مِنْهُ النَّهَارَ فَاِذَا هُمْ مُّظْلِمُوْنَۙ٣٧
Wa āyatul lahumul-lailu naslakhu minhun-nahāra fa'iżā hum muẓlimūn(a).
[37]
Lan sewiji tandha (agungé Gusti Allah) nggo dhéwéké kabéh yakuwé anané wengi; Ingsun uculna awan sekang (wengi) kuwé, mangka senalika wong-wong kuwé (ana neng sejeroné) kepetengen.
وَالشَّمْسُ تَجْرِيْ لِمُسْتَقَرٍّ لَّهَا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِۗ٣٨
Wasy-syamsu tajrī limustaqarril lahā, żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[38]
Lan srengéngé mlaku neng papan ubengané. Mengkana kuwé ketetepané (Gusti Allah) Sing Maha Digdaya, Maha Ngawuningani.
وَالْقَمَرَ قَدَّرْنٰهُ مَنَازِلَ حَتّٰى عَادَ كَالْعُرْجُوْنِ الْقَدِيْمِ٣٩
Wal-qamara qaddarnāhu manāzila ḥattā ‘āda kal-‘urjūnil-qadīm(i).
[39]
Lan wis Ingsun tetepna papan mubengé wulan, saéngga (sewisé wulan butul maring nggon ubengan sing pungkasan) wulan bali maning kaya rupa manggar sing tuwa. 720
720) Kuwé mikiné cilik rupané kaya arit, banjur sewisé mapan neng papan ubengané wulan kuwé dadi bunder kempleng, banjur neng papan ubengan sing pungkasan keton kaya manggar (mancung) garing sing mlengkung.
لَا الشَّمْسُ يَنْۢبَغِيْ لَهَآ اَنْ تُدْرِكَ الْقَمَرَ وَلَا الَّيْلُ سَابِقُ النَّهَارِ ۗوَكُلٌّ فِيْ فَلَكٍ يَّسْبَحُوْنَ٤٠
Lasy-syamsu yambagī lahā an tudrikal-qamara wa lal-lailu sābiqun-nahār(i), wa kullun fī falakiy yasbaḥūn(a).
[40]
Ora gadhang tumrap srengéngé bisa nguber wulan, lan wengi uga ora bisa ndhisiti awan. Kabéh-kabéh padha mubeng neng garis ubengané dhéwék-dhéwék.
وَاٰيَةٌ لَّهُمْ اَنَّا حَمَلْنَا ذُرِّيَّتَهُمْ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِۙ٤١
Wa āyatul lahum annā ḥamalnā żurriyyatahum fil-fulkil-masyḥūn(i).
[41]
Lan sewijiné tandha (agungé Gusti Allah) nggo dhéwéké kabéh yakuwé Ingsun angkut keturunané wong-wong kuwé neng prahu sing kebek momotan,
وَخَلَقْنَا لَهُمْ مِّنْ مِّثْلِهٖ مَا يَرْكَبُوْنَ٤٢
Wa khalaqnā lahum mim miṡlihī mā yarkabūn(a).
[42]
Lan Ingsun ciptakna (uga) nggo wong-wong kuwé (tumpakan liyané) kaya sing dhéwéké padha tumpaki. 721
721) Kéwan-kéwan tumpakan lan bekakas angkutan liyané
وَاِنْ نَّشَأْ نُغْرِقْهُمْ فَلَا صَرِيْخَ لَهُمْ وَلَاهُمْ يُنْقَذُوْنَۙ٤٣
Wa in nasya' nugriqhum falā ṣarīkha lahum wa lā hum yunqażūn(a).
[43]
Lan angger Ingsun ngersakna, Ingsun lelepna wong-wong kuwé. Mangka ora nana sing bisa nulungi dhéwéké lan (uga) wong-wong kuwé padha ora bisa deslametna,
اِلَّا رَحْمَةً مِّنَّا وَمَتَاعًا اِلٰى حِيْنٍ٤٤
Illā raḥmatam minnā wa matā‘an ilā ḥīn(in).
[44]
anging (Ingsun slametna wong-wong mau) merga kewelasan (rahmat) sing gedhé sekang Ingsun lan nggo paring kesenengan urip butul wektu sing ketemtu.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّقُوْا مَا بَيْنَ اَيْدِيْكُمْ وَمَا خَلْفَكُمْ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٤٥
Wa iżā qīla lahumuttaqū mā baina aidīkum wa mā khalfakum la‘allakum turḥamūn(a).
[45]
Lan angger déucapna maring wong-wong kuwé, “Padha wedia maring siksa sing neng ngarepmu (neng dunya) lan siksa sing bakal teka (neng akhérat) supaya ko padha olih kewelasan (rahmat).”
وَمَا تَأْتِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ مِّنْ اٰيٰتِ رَبِّهِمْ اِلَّا كَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَ٤٦
Wa mā ta'tīhim min āyatim min āyāti rabbihim illā kānū ‘anhā mu‘riḍīn(a).
[46]
Lan saben ana sewijiné tandha sekang pirang-pirang tandha (agungé) Pengéran teka maring wong-wong kuwé, dhéwéké mesthi padha mléngos sekang kuwé.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ ۙقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنُطْعِمُ مَنْ لَّوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ اَطْعَمَهٗٓ ۖاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٤٧
Wa iżā qīla lahum anfiqū mimmā razaqakumullāh(u), qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū anuṭ‘imu mal lau yasyā'ullāhu aṭ‘amah(ū), in antum illā fī ḍalālim mubīn(in).
[47]
Lan angger déucapna maring wong-wong kuwé, “Padha sumbangna (infak) sebagéan rejeki sing déparingna déning Gusti Allah maring ko kabéh,” wong-wong sing mbangkang (kapir) kuwé padha ngucap maring wong-wong sing padha precaya, “Apa pantes inyong padha awéh pangan maring wong-wong sing angger Gusti Allah ngersakna, Penjenengané bakal paring dhéwéké pangan? Ko kabéh temen-temen padha neng sejeroné kesasar sing nyata.”
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[48]
Lan dhéwéké kabéh (wong-wong sing kapir) padha ngucap, “Kapan janji (dinane tangi sekang kubur) kuwé (kedadén) angger ko kabéh wong sing padha bener?”
مَا يَنْظُرُوْنَ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً تَأْخُذُهُمْ وَهُمْ يَخِصِّمُوْنَ٤٩
Mā yanẓurūna illā ṣaiḥataw wāḥidatan ta'khużuhum wa hum yakhiṣṣimūn(a).
[49]
Wong-wong kuwé mung ngenténi siji jeritan 722 sing bakal numpes dhéwéké kabéh rikala wong-wong kuwé lagi padha padu.
722) Sewara semprongan slomprét sing kawitan sing ngajurna bumi kiyé.
فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ تَوْصِيَةً وَّلَآ اِلٰٓى اَهْلِهِمْ يَرْجِعُوْنَ ࣖ٥٠
Falā yastaṭī‘ūna tauṣiyataw wa lā ilā ahlihim yarji‘ūn(a).
[50]
Saéngga wong-wong kuwé ora padha kewawa gawé sewiji wasiyat lan dhéwéké kabéh (uga) ora bisa bali maning maring kulawargané.
وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَاِذَا هُمْ مِّنَ الْاَجْدَاثِ اِلٰى رَبِّهِمْ يَنْسِلُوْنَ٥١
Wa nufikha fiṣ-ṣūri fa'iżā hum minal-ajdāṡi ilā rabbihim yansilūn(a).
[51]
Banjur slomprét 723 desemprong, mangka senalika kuwé dhéwéké padha metu sekang kuburé (neng kahanan urip), nuju maring Pengérané.
723) Semprongan kiyé semprongan slomprét sing kepindho sing nangékna wong-wong sekang kubur.
قَالُوْا يٰوَيْلَنَا مَنْۢ بَعَثَنَا مِنْ مَّرْقَدِنَا ۜهٰذَا مَا وَعَدَ الرَّحْمٰنُ وَصَدَقَ الْمُرْسَلُوْنَ٥٢
Qālū yā wailanā mam ba‘aṡanā mim marqadinā…hāżā mā wa‘adar-raḥmānu wa ṣadaqal-mursalūn(a).
[52]
Wong-wong kuwé padha ngucap, “Cilaka pisan inyong kabéh! Sapa sing nangékna inyong kabéh sekang nggon turuné inyong (kuburan)?” Kiyé sing déjanjékna déning (Gusti Allah) Sing Mahaasih lan pancén bener utusan-utusané Penjenengané.
اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَاِذَا هُمْ جَمِيْعٌ لَّدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ٥٣
In kānat illā ṣaiḥataw wāḥidatan fa'iżā hum jamī‘ul ladainā muḥḍarūn(a).
[53]
Jeritan kuwé mung sepisan thok, mangka senalika wong-wong kuwé padha déadhepna maring Ingsun (seperlu detimbang ala-apiké).
فَالْيَوْمَ لَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْـًٔا وَّلَا تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٥٤
Fal-yauma lā tuẓlamu nafsun syai'aw wa lā tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[54]
Mangka neng dina kuwé ora nana sijia wong sing dékapitunani semendhing-mendhinga, lan ko padha ora bakal déparingi piwales kejaba sepadhan karo apa sing wis ko kabéh pergawé.
اِنَّ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ الْيَوْمَ فِيْ شُغُلٍ فٰكِهُوْنَ ۚ٥٥
Inna aṣḥābal-jannatil-yauma fī syugulin fākihūn(a).
[55]
Setemené warga suwarga neng dina kuwé padha ketungkul seneng-seneng sejeroné kegisusané dhéwéké kabéh.
هُمْ وَاَزْوَاجُهُمْ فِيْ ظِلٰلٍ عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ مُتَّكِـُٔوْنَ ۚ٥٦
Hum wa azwājuhum fī ẓilālin ‘alal-arā'iki muttaki'ūn(a).
[56]
Wong-wong kuwé karo bojo-bojoné padha neng panggonan sing aub, padha séndhéhan neng ambén.
لَهُمْ فِيْهَا فَاكِهَةٌ وَّلَهُمْ مَّا يَدَّعُوْنَ ۚ٥٧
Lahum fīhā fākihatuw wa lahum mā yadda‘ūn(a).
[57]
Neng suwarga kuwé, dhéwéké kabéh padha olih woh-wohan lan olih apa baé sing padha dekepéngini.
سَلٰمٌۗ قَوْلًا مِّنْ رَّبٍّ رَّحِيْمٍ٥٨
Salāmun qaulam mir rabbir raḥīm(in).
[58]
(Maring wong-wong dédhawuhna), “Rahayu (salam),” minangka dadi pengucap sadonan sekang Pengéran Sing Mahawelas.
وَامْتَازُوا الْيَوْمَ اَيُّهَا الْمُجْرِمُوْنَ٥٩
Wamtāzul-yauma ayyuhal-mujrimūn(a).
[59]
Lan (Dédhawuhna maring wong-wong kapir), “Padha misaha ko kabéh (sekang wong-wong mukmin) neng dina kiyé, hé wong-wong sing padha dosa!
۞ اَلَمْ اَعْهَدْ اِلَيْكُمْ يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ اَنْ لَّا تَعْبُدُوا الشَّيْطٰنَۚ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٦٠
Alam a‘had ilaikum yā banī ādama allā ta‘budusy-syaiṭān(a), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[60]
Ora ina Ingsun wis dhawuh maring ko kabéh, hé anak-putu Adam, supaya ko kabéh aja padha nyembah sétan? Temen, sétan kuwé mungsuh sing nyata tumrap ko kabéh,
وَاَنِ اعْبُدُوْنِيْ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦١
Wa ani‘budūnī, hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[61]
lan preyogané ko kabéh padha nyembah maring Ingsun. Kiyé dalan sing jejeg.”
وَلَقَدْ اَضَلَّ مِنْكُمْ جِبِلًّا كَثِيْرًا ۗاَفَلَمْ تَكُوْنُوْا تَعْقِلُوْنَ٦٢
Wa laqad aḍalla minkum jibillan kaṡīrā(n), afalam takūnū ta‘qilūn(a).
[62]
Lan temen, dhéwéké (sétan kuwé) wis mblangsakna sebagéan akéh neng antarané ko kabéh. Mangka apa ko ora padha mengerténi?
هٰذِهٖ جَهَنَّمُ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ٦٣
Hāżihī jahannamul-latī kuntum tū‘adūn(a).
[63]
Kiyé (neraka) Jahanam sing gemiyén wis deémutna maring ko kabéh.
اِصْلَوْهَا الْيَوْمَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٦٤
Iṣlauhal-yauma bimā kuntum takfurūn(a).
[64]
Mlebua maring njeroné neng dina kiyé merga gemiyén ko padha ora precaya (ingkar) maring kuwé.
اَلْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلٰٓى اَفْوَاهِهِمْ وَتُكَلِّمُنَآ اَيْدِيْهِمْ وَتَشْهَدُ اَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٦٥
Al-yauma nakhtimu ‘alā afwāhihim wa tukallimunā aidīhim wa tasyhadu arjuluhum bimā kānū yaksibūn(a).
[65]
Neng dina kiyé Ingsun mbingkem cangkemé wong-wong kuwé; tangan-tangané dhéwéké padha ngucap maring Ingsun lan sikil-sikilé bakal padha awéh perseksén maring apa sing gemiyén padha dhéwéké pergawé.
وَلَوْ نَشَاۤءُ لَطَمَسْنَا عَلٰٓى اَعْيُنِهِمْ فَاسْتَبَقُوا الصِّرَاطَ فَاَنّٰى يُبْصِرُوْنَ٦٦
Wa lau nasyā'u laṭamasnā ‘alā a‘yunihim fastabaquṣ-ṣirāṭa fa annā yubṣirūn(a).
[66]
Lan angger Ingsun ngersakna, mesthi Ingsun picekna matané wong-wong kuwé; saéngga dhéwéké padha rebutan (nggoléti) dalan. Mangka kepriwé olihé arep padha bisa weruh?
وَلَوْ نَشَاۤءُ لَمَسَخْنٰهُمْ عَلٰى مَكَانَتِهِمْ فَمَا اسْتَطَاعُوْا مُضِيًّا وَّلَا يَرْجِعُوْنَ ࣖ٦٧
Wa lau nasyā'u lamasakhnāhum ‘alā makānatihim famastaṭā‘ū muḍiyyaw wa lā yarji‘ūn(a).
[67]
Lan angger Ingsun ngersakna, mesthi Ingsun owahi wujudé wong-wong kuwé neng papan panggonané; saéngga dhéwéké padha ora kongang lunga lan ora kongang bali.
وَمَنْ نُّعَمِّرْهُ نُنَكِّسْهُ فِى الْخَلْقِۗ اَفَلَا يَعْقِلُوْنَ٦٨
Wa man nu‘ammirhu nunakkishu fil-khalq(i), afalā ya‘qilūn(a).
[68]
Lan sapa wongé sing Ingsun dawakna umuré, mesthi Ingsun balékna maring asal kedadéan(é). 724 Mangka kenangapa dhéwéké padha ora mengerténi?
724) Malik maning dadi ora duwé daya lan linglung. Kaya bocah cilik.
وَمَا عَلَّمْنٰهُ الشِّعْرَ وَمَا يَنْۢبَغِيْ لَهٗ ۗاِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ وَّقُرْاٰنٌ مُّبِيْنٌ ۙ٦٩
Wa mā ‘allamnāhusy-syi‘ra wa mā yambagī lah(ū), in huwa illā żikruw wa qur'ānum mubīn(un).
[69]
Lan Ingsun ora mulangna guritan (singir) maring dhéwéké (Muhammad) lan singiran kuwé ora pantes tumrap dhéwéké. Al-Qur’an kuwé ora liya mung wulangan lan Kitab sing cetha,
لِّيُنْذِرَ مَنْ كَانَ حَيًّا وَّيَحِقَّ الْقَوْلُ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٧٠
Liyunżira man kāna ḥayyaw wa yaḥiqqal-qaulu ‘alal-kāfirīn(a).
[70]
supaya dhéwéké (Muhammad) awéh pengéling-éling maring wong-wong sing padha urip (atiné), lan supaya ana kepesthéné siksa tumrap wong-wong sing mbangkang (kapir).
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا خَلَقْنَا لَهُمْ مِّمَّا عَمِلَتْ اَيْدِيْنَآ اَنْعَامًا فَهُمْ لَهَا مٰلِكُوْنَ٧١
Awalam yarau annā khalaqnā lahum mimmā ‘amilat aidīnā an‘āman fahum lahā mālikūn(a).
[71]
Lan apa wong-wong kuwé padha ora weruh, lamon Ingsun wis nyiptakna kéwan ingon nggo dhéwéké kabéh; yakuwé sebagéan sekang apa sing wis Ingsun ciptakna kanthi kewasané Ingsun, banjur wong-wong kuwé padha ngewasani (kéwan ingon kuwé)?
وَذَلَّلْنٰهَا لَهُمْ فَمِنْهَا رَكُوْبُهُمْ وَمِنْهَا يَأْكُلُوْنَ٧٢
Wa żallalnāhā lahum fa minhā rakūbuhum wa minhā ya'kulūn(a).
[72]
Lan Ingsun lulutna (kéwan-kéwan kuwé) nggo dhéwéke; banjur sebagéan ana sing dadi kéwan tumpakané wong-wong kuwé lan sebagéan nggo dépangan neng dhéwéké kabéh.
وَلَهُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ وَمَشَارِبُۗ اَفَلَا يَشْكُرُوْنَ٧٣
Wa lahum fīhā manāfi‘u wa masyārib(u), afalā yasykurūn(a).
[73]
Lan wong-wong kuwé padha olih pirang-pirang piguna lan inuman sekang (kéwan-kéwan) kuwé. Mangka kenangapa wong-wong kuwé padha ora kesuwun (sukur)?
وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اٰلِهَةً لَّعَلَّهُمْ يُنْصَرُوْنَ ۗ٧٤
Wattakhażū min dūnillāhi ālihatal la‘allahum yunṣarūn(a).
[74]
Lan wong-wong kuwé padha gawé sembahan seliyané Gusti Allah supaya wong-wong kuwé padha olih pitulungan.
لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَهُمْۙ وَهُمْ لَهُمْ جُنْدٌ مُّحْضَرُوْنَ٧٥
Lā yastaṭī‘ūna naṣrahum, wa hum lahum jundum muḥḍarūn(a).
[75]
Dhéwéké (sembahan-sembahan) kuwé ora bisa awéh pitulung maring dhéwéké kabéh; mangkané wong-wong kuwé padha dadi tentara sing desiapna nggo ngreksa (sembahané) kuwé.
فَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْ ۘاِنَّا نَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٦
Falā yaḥzunka qauluhum, innā na‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a).
[76]
Mangka aja nganti ucapané wong-wong kuwé gawé sliramu (Muhammad) dadi susah. Temen, Ingsun ngawuningani apa sing wong-wong kuwé padha umpetna lan apa sing dhéwéké kabéh edhéngna.
اَوَلَمْ يَرَ الْاِنْسَانُ اَنَّا خَلَقْنٰهُ مِنْ نُّطْفَةٍ فَاِذَا هُوَ خَصِيْمٌ مُّبِيْنٌ٧٧
Awalam yaral-insānu annā khalaqnāhu min nuṭfatin fa'iżā huwa khaṣīmum mubīn(un).
[77]
Lan apa menungsa padha ora nggatékna lamon Ingsun nyiptakna dhéwéké sekang banyu mani, nyatané menungsa padha dadi mungsuh sing nyata!
وَضَرَبَ لَنَا مَثَلًا وَّنَسِيَ خَلْقَهٗۗ قَالَ مَنْ يُّحْيِ الْعِظَامَ وَهِيَ رَمِيْمٌ٧٨
Wa ḍaraba lanā maṡalaw wa nasiya khalqah(ū), qāla may yuḥyil-‘iẓāma wa hiya ramīm(un).
[78]
Lan dhéwéké (menungsa) padha gawé peumpaman ingatasé Ingsun lan nglalénaken asal kedadéané dhéwéké; lan ngucap, “Sapa sing bisa nguripna balung-balung sing wis padha ajur-mumur?”
قُلْ يُحْيِيْهَا الَّذِيْٓ اَنْشَاَهَآ اَوَّلَ مَرَّةٍ ۗوَهُوَ بِكُلِّ خَلْقٍ عَلِيْمٌ ۙ٧٩
Qul yuḥyīhal-lażī ansya'ahā awwala marrah(tin), wa huwa bikulli khalqin ‘alīm(un).
[79]
Dhawuha (Muhammad), “Sing arep nguripna (balung ajur) kuwé (Gusti Allah) sing nyiptakna kuwé sekawitané. Lan Penjenengané Maha Ngawuningani ngenani sekabéhé titah (mahluk),
ۨالَّذِيْ جَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الشَّجَرِ الْاَخْضَرِ نَارًاۙ فَاِذَآ اَنْتُمْ مِّنْهُ تُوْقِدُوْنَ٨٠
Allażī ja‘ala lakum minasy-syajaril-akhḍari nārā(n), fa'iżā antum minhu tūqidūn(a).
[80]
yakuwé (Gusti Allah) sing ndadékna geni nggo ko kabéh sekang kayu sing ijo, mula senalika kuwé ko padha ngurubna geni sekang kayu kuwé.”
اَوَلَيْسَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ ۗبَلٰى وَهُوَ الْخَلّٰقُ الْعَلِيْمُ٨١
Awa laisal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa biqādirin ‘alā ay yakhluqa miṡlahum, balā wa huwal-khallāqul-‘alīm(u).
[81]
Lan apa udu (Gusti Allah) sing nyiptakna langit lan bumi, kewasa nyipta maning sing padha karo kuwé (ragané menungsa sing wis ajur-mumur)? Bener, lan Penjenengané Maha Nyipta, Maha Ngawuningani.
اِنَّمَآ اَمْرُهٗٓ اِذَآ اَرَادَ شَيْـًٔاۖ اَنْ يَّقُوْلَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ٨٢
Innamā amruhū iżā arāda syai'an ay yaqūla lahū kun fa yakūn(u).
[82]
Setemené urusané Penjenengané angger Penjenengané ngersakna sewiji-wiji, Penjenengané mung dhawuh maring sewiji-wiji kuwé, “Dadia!” Mangka demadi (mujud) sewiji-sewiji kuwé.
فَسُبْحٰنَ الَّذِيْ بِيَدِهٖ مَلَكُوْتُ كُلِّ شَيْءٍ وَّاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ ࣖ٨٣
Fa subḥānal-lażī biyadihī malakūtu kulli syai'iw wa ilaihi turja‘ūn(a).
[83]
Mangka Mahasuci (Gusti Allah) sing neng asta-Né ana kewasa ingatasé samubarang kabéh lan maring Penjenengané ko kabéh padha débalékna.