Surah Fatir
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ جَاعِلِ الْمَلٰۤىِٕكَةِ رُسُلًاۙ اُولِيْٓ اَجْنِحَةٍ مَّثْنٰى وَثُلٰثَ وَرُبٰعَۗ يَزِيْدُ فِى الْخَلْقِ مَا يَشَاۤءُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١
Al-ḥamdu lillāhi fāṭiris-samāwāti wal-arḍi jā‘ilil-malāikati rusulā(n), ulī ajniḥatim maṡnā wa ṡulāṡa wa rubā‘(a), yazīdu fil-khalqi mā yasyā'(u), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[1]
Sekabéhé pengalembana kuwé kagungané Gusti Allah sing nyipta langit lan bumi, sing ndadékna malaékat minangka utusan-utusan (sing ngurusi pirang-pirang urusan), sing padha duwé kiplik, dhéwék-dhéwék (ana sing) loro, telu, lan papat. Gusti Allah ngimbuhna maring ciptanan-É apa sing Penjenengané kersakna. Temen, Gusti Allah Maha kuwasa ingatasé samubarang kabéh.
مَا يَفْتَحِ اللّٰهُ لِلنَّاسِ مِنْ رَّحْمَةٍ فَلَا مُمْسِكَ لَهَا ۚوَمَا يُمْسِكْۙ فَلَا مُرْسِلَ لَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢
Mā yaftaḥillāhu lin-nāsi mir raḥmatin falā mumsika lahā, wa mā yumsik falā mursila lahū mim ba‘dih(ī), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[2]
Apa baé neng antarané kewelasané (rahmat) Gusti Allah sing déparingna maring menungsa, mangka ora nana sing bisa nyegah kuwé; lan apa baé sing decegah déning Penjenengané mangka ora nana sing bisa ngelosna sewisé kuwé. Lan Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْۗ هَلْ مِنْ خَالِقٍ غَيْرُ اللّٰهِ يَرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۖ فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٣
Yā ayyuhan-nāsużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum, hal min khāliqin gairullāhi yarzuqukum minas-samā'i wal-arḍ(i), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tu'fakūn(a).
[3]
Hé menungsa! Padha élinga ingatasé nékmaté Gusti Allah maring ko kabéh. Apa ana sing nyipta seliyané Gusti Allah sing bisa paring rejeki maring ko kabéh sekang langit lan bumi? Ora nana sembahan seliyané Penjenengané; mangka kenangapa ko padha mléngos (sekang nyewijekna Gusti Allah)?
وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ٤
Wa iy yukażżibūka faqad kużżibat rusulum min qablik(a), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[4]
Lan angger wong-wong kuwé padha nggorohna sliramu (sewisé sliramu awéh pengéling-éling), mangka temen, utusan-utusan seurungé sliramu uga padha dégorohna. Lan mung maring Gusti Allah sekabéh urusan bakal débalékna.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۗ وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ٥
Yā ayyuhan-nāsu inna wa‘dallāhi ḥaqqun falā tagurrannakumul-ḥayātud-dun-yā, wa lā yagurrannakum billāhil-garūr(u).
[5]
Hé menungsa! Temen, janjiné Gusti Allah kuwé bener, mangka aja pisan-pisan penguripan dunya bisa ngapusi ko kabéh, lan aja nganti (sétan) sing pinter nglombo ngapusi ko kabéh ngenani Gusti Allah.
اِنَّ الشَّيْطٰنَ لَكُمْ عَدُوٌّ فَاتَّخِذُوْهُ عَدُوًّاۗ اِنَّمَا يَدْعُوْا حِزْبَهٗ لِيَكُوْنُوْا مِنْ اَصْحٰبِ السَّعِيْرِۗ٦
Innasy-syaiṭāna lakum ‘aduwwun fattakhiżūhu ‘aduwwā(n), innamā yad‘ū ḥizbahū liyakūnū min aṣḥābis-sa‘īr(i).
[6]
Temen, sétan kuwé mungsuh tumrap ko kabéh, mangka perlakokna dhéwéké minangka mungsuh, merga setemené sétan kuwé mung ajék-ajék golongané supayané padha dadi warga neraka sing mulab-mulab.
اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ەۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ ࣖ٧
Allażīna kafarū lahum ‘ażābun syadīd(un), wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum magfiratuw wa ajrun kabīr(un).
[7]
Wong-wong sing mbangkang (kapir), padha bakal olih siksa sing banget kerasé. Lan wong-wong padha precaya lan nglakoni kebecikan, dhéwéké padha olih pangampura lan ganjaran sing gedhé.
اَفَمَنْ زُيِّنَ لَهٗ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ فَرَاٰهُ حَسَنًاۗ فَاِنَّ اللّٰهَ يُضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۖ فَلَا تَذْهَبْ نَفْسُكَ عَلَيْهِمْ حَسَرٰتٍۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِمَا يَصْنَعُوْنَ٨
Afaman zuyyina lahū sū'u ‘amalihī fara'āhu ḥasanā(n), fa'innallāha yuḍillu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), falā tażhab nafsuka ‘alaihim ḥasarāt(in), innallāha ‘alīmum bimā yaṣna‘ūn(a).
[8]
Mangka apa pantes wong sing dédadékna rasané apik penggawéané sing ala, banjur nganggep apik penggawéané (sing ala) kuwé? Setemené Gusti Allah nyasarna sapa sing Penjenengané kersakna lan maringi pituduh maring sapa sing Penjenengané kersakna. Mangka aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) ngejorna awakmu rusak merga susah (mikir) maring wong-wong kuwé. Setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani apa sing dhéwéké padha pergawé.
وَاللّٰهُ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ الرِّيٰحَ فَتُثِيْرُ سَحَابًا فَسُقْنٰهُ اِلٰى بَلَدٍ مَّيِّتٍ فَاَحْيَيْنَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ كَذٰلِكَ النُّشُوْرُ٩
Wallāhul-lażī arsalar-riyāḥa fatuṡīru saḥāban fasuqnāhu ilā baladim mayyitin fa'aḥyainā bihil-arḍa ba‘da mautihā, każālikan-nusyūr(u).
[9]
Lan Gusti Allah sing ngirimna angin; banjur (angin kuwé) ngobahna lamuk, mangka Ingsun nggiring lamuk kuwé maring sewijiné negari sing mati (cengkar) banjur kanthi udan kuwé Ingsun uripna bumi sewisé mati (garing). Mengkana (gambarané) kemenyatan kuwé (menyat sekang kubur).
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعِزَّةَ فَلِلّٰهِ الْعِزَّةُ جَمِيْعًاۗ اِلَيْهِ يَصْعَدُ الْكَلِمُ الطَّيِّبُ وَالْعَمَلُ الصَّالِحُ يَرْفَعُهٗ ۗوَالَّذِيْنَ يَمْكُرُوْنَ السَّيِّاٰتِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۗوَمَكْرُ اُولٰۤىِٕكَ هُوَ يَبُوْرُ١٠
Man kāna yurīdul-‘izzata falillāhil-‘izzatu jamī‘ā(n), ilaihi yaṣ‘adul-kalimuṭ-ṭayyibu wal-‘amaluṣ-ṣāliḥu yarfa‘uh(ū), wal-lażīna yamkurūnas-sayyi'āti lahum ‘ażābun syadīd(un), wa makru ulā'ika huwa yabūr(u).
[10]
Sapa wongé sing ngarepna kemulyan, mangka (kawruhana) lamon kabéh kemulyan kuwé sekabéhé kagungané Gusti Allah. Maring Penjenengané bakal munggah ucapan-ucapan sing bagus 706 lan laku kebecikan bakal Penjenengané junjung. 707 Anadéné wong sing padha ngrencanakna kejahatan, dhéwéké kabéh bakal olih siksa sing banget kerasé, lan réka daya jahaté wong-wong kuwé bakal ajur lebur.
706) Sebagéan ahli tapsir negesi lamon ucapan sing apik kuwé kalimah tauhid yakuwé laa ilaha illallah; lan uga ana duwé penemu dikir maring Gusti Allah, lan ana uga sing duwé penemu kabéh ucapan sing apik sing déucapna krana Gusti Allah.
707) Ucapan sing apik lan temindak sing becik kuwé détampa lan déparingi ganjaran déning Gusti Allah.
وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ جَعَلَكُمْ اَزْوَاجًاۗ وَمَا تَحْمِلُ مِنْ اُنْثٰى وَلَا تَضَعُ اِلَّا بِعِلْمِهٖۗ وَمَا يُعَمَّرُ مِنْ مُّعَمَّرٍ وَّلَا يُنْقَصُ مِنْ عُمُرِهٖٓ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍۗ اِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ١١
Wallāhu khalaqakum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma ja‘alakum azwājā(n), wa mā taḥmilu min unṡā wa lā taḍa‘u illā bi‘ilmih(ī), wa mā yu‘ammaru mim mu‘ammariw wa lā yunqaṣu min ‘umurihī illā fī kitāb(in), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[11]
Lan Gusti Allah nyiptakna ko kabéh sekang lemah banjur sekang banyu mani, banjur Penjenengané ndadékna ko kabéh jodhon-jodhon (lanang karo wadon). Ora nana sijia wong wadon sing mbobot lan babaran kejaba kanthi dekawuningani déning Penjenengané. Lan ora dedawakna umur sewiji wong lan uga ora decindhekna umuré, kejaba (wis détetepna) neng Kitab (Lauh Mahfuz). Temen, sing mengkana kuwé gampang mungguh Gusti Allah.
وَمَا يَسْتَوِى الْبَحْرٰنِۖ هٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ سَاۤىِٕغٌ شَرَابُهٗ وَهٰذَا مِلْحٌ اُجَاجٌۗ وَمِنْ كُلٍّ تَأْكُلُوْنَ لَحْمًا طَرِيًّا وَّتَسْتَخْرِجُوْنَ حِلْيَةً تَلْبَسُوْنَهَا ۚوَتَرَى الْفُلْكَ فِيْهِ مَوَاخِرَ لِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٢
Wa mā yastawil-baḥrān(i), hāżā ‘ażbun furātun sā'igun syarābuhū wa hāżā milḥun ujāj(un), wa min kullin ta'kulūna laḥman ṭariyyaw wa tastakhrijūna ḥilyatan talbasūnahā, wa taral-fulka fīhi mawākhira litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[12]
Lan ora padha (antarané) segara loro, sing kiyé anyeb, seger, enak deinum, lan sing liyané asin tur pait (letek). Lan sekang (saben-saben segara) kuwé ko kabéh bisa mangan daging sing ésih seger lan ko kabéh bisa ngetokna pepaésan sing ko kabéh enggo, lan neng kono ko kabéh bisa ndeleng prahu-prahu padha lelayar nyigar segara supaya ko kabéh bisa olih kanugrahané Gusti Allah lan supaya ko kabéh padha kesuwun (sukur).
يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِۚ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ لَهُ الْمُلْكُۗ وَالَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ مَا يَمْلِكُوْنَ مِنْ قِطْمِيْرٍۗ١٣
Yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-lail(i), wa sakhkharasy-syamsa wal-qamara kulluy yajrī li'ajalim musammā(n), żālikumullāhu rabbukum lahul-mulk(u), wal-lażīna tad‘ūna min dūnihī mā yamlikūna min qiṭmīr(in).
[13]
Penjenengané nglebokna wengi maring njeroné awan lan nglebokna awan maring njeroné wengi lan nundhukna srengéngé lan wulan, kabéh padha mubeng nuruti wektu sing wis détemtokna. Sing (mergawé) mengkana kuwé Gusti Allah Pengérané ko kabéh, kagungan Penjenengané sekabéh praja. Lan sewiji-wiji sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah ora duwé apa-apa senajan setipisé kulit bawang.
اِنْ تَدْعُوْهُمْ لَا يَسْمَعُوْا دُعَاۤءَكُمْۚ وَلَوْ سَمِعُوْا مَا اسْتَجَابُوْا لَكُمْۗ وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكْفُرُوْنَ بِشِرْكِكُمْۗ وَلَا يُنَبِّئُكَ مِثْلُ خَبِيْرٍ ࣖ١٤
In tad‘ūhum lā yasma‘ū du‘ā'akum, wa lau sami‘ū mastajābū lakum, wa yaumal-qiyāmati yakfurūna bisyirkikum, wa lā yunabbi'uka miṡlu khabīr(in).
[14]
Angger ko padha nyebut-nyebut maring sembahan-sembahan kuwé, dhéwéké padha ora krungu penyebutmu, lan sekirané dhéwéké padha krungu, dhéwéké uga ora ngijabahi penjalukmu. Lan neng dina Kiyamat sembahan-sembahan kuwé bakal ngingkari kemusrikanmu lan ora nana sing bisa awéh keterangan maring ko kabéh kayadéné sing déparingna déning Gusti Allah Sing Mahanastiti.
۞ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اَنْتُمُ الْفُقَرَاۤءُ اِلَى اللّٰهِ ۚوَاللّٰهُ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ١٥
Yā ayyuhan-nāsu antumul-fuqarā'u ilallāh(i), wallāhu huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[15]
Hé menungsa! Ko kabéh sing padha mbutuhna Gusti Allah; lan Gusti Allah, Penjenengané Sing Mahasugih (ora mbutuhna apa-apa), Maha Pinuji.
اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيْدٍۚ١٦
Iy yasya' yużhibkum wa ya'ti bikhalqin jadīd(in).
[16]
Angger Penjenengané ngersakna, mesthi Penjenengané numpes ko kabéh, lan nekakna titah (mahluk) sing anyar (nggo nggenténi ko kabéh).
وَمَا ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ بِعَزِيْزٍ١٧
Wa mā żālika ‘alallāhi bi‘azīz(in).
[17]
Lan sing mengkana kuwé ora angél mungguh Gusti Allah.
وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰى ۗوَاِنْ تَدْعُ مُثْقَلَةٌ اِلٰى حِمْلِهَا لَا يُحْمَلْ مِنْهُ شَيْءٌ وَّلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۗ اِنَّمَا تُنْذِرُ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ ۗوَمَنْ تَزَكّٰى فَاِنَّمَا يَتَزَكّٰى لِنَفْسِهٖ ۗوَاِلَى اللّٰهِ الْمَصِيْرُ١٨
Wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, wa in tad‘u muṡqalatun ilā ḥimlihā lā yuḥmal minhu syai'uw wa lau kāna żā qurbā, innamā tunżirul-lażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi wa aqāmuṣ-ṣalāh(ta), wa man tazakkā fa innamā yatazakkā linafsih(ī), wa ilallāhil-maṣīr(u).
[18]
Lan wong sing gawé dosa ora bakal mikul dosané wong liya. Lan angger sewijiné wong sing kaboten dosa nyeluki (wong liya) supaya manggul dosané kuwé, ora bakal dépanggul-na (maring wong liya kuwé) senajan mung semendhing, senajan wong sing deceluk kuwé sedulur péreké. Setemené sing bisa sliramu wéhi pengéling-éling kuwé mung wong-wong sing padha wedi maring (siksa) né Pengérané (senajan) dhéwéké padha ora weruh Penjenengané 708 lan dhéwéké sing padha nglakoni sembayang. Lan sapa wongé nyucékna awaké dhéwék, setemené wong kuwé nyuceni awaké nggo kebecikané dhéwék. Lan mung maring Gusti Allah panggonan bali.
708) Sebagéan ahli tapsir negesi gaib neng ayat kiyé yakuwé rikala wong-wong kuwé dhéwékan ora weruh wong liya.
وَمَا يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ۙ١٩
Wa mā yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u).
[19]
Lan nyata ora padha antarané wong picek karo wong sing weruh,
وَلَا الظُّلُمٰتُ وَلَا النُّوْرُۙ٢٠
Wa laẓ-ẓulumātu wa lan-nūr(u).
[20]
lan (uga) ora padha peteng-dhédhet karo cahya,
وَلَا الظِّلُّ وَلَا الْحَرُوْرُۚ٢١
Wa laẓ-ẓillu wa lal-ḥarūr(u).
[21]
lan (uga) ora padha sing aub karo sing panas,
وَمَا يَسْتَوِى الْاَحْيَاۤءُ وَلَا الْاَمْوَاتُۗ اِنَّ اللّٰهَ يُسْمِعُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَمَآ اَنْتَ بِمُسْمِعٍ مَّنْ فِى الْقُبُوْرِ٢٢
Wa mā yastawil-aḥyā'u wa lal-amwāt(u), innallāha yusmi‘u may yasyā'(u), wa mā anta bimusmi‘im man fil-qubūr(i).
[22]
lan (uga) ora padha wong sing urip karo wong sing mati. Temen, Gusti Allah paring pengrungon maring sapa sing Penjenengané kersakna lan sliramu (Muhammad) ora bakal kewawa ndadékna wong sing neng njero kubur bisa krungu. 709
709) Kanjeng Nabi Muhammad ora bisa awéh pituduh maring wong-wong musrik sing wis mati atiné.
اِنْ اَنْتَ اِلَّا نَذِيْرٌ٢٣
In anta illā nażīr(un).
[23]
Sliramu ora liya mung wong sing awéh pengéling-éling.
اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًا ۗوَاِنْ مِّنْ اُمَّةٍ اِلَّا خَلَا فِيْهَا نَذِيْرٌ٢٤
Innā arsalnāka bil-ḥaqqi basyīraw wa nażīrā(n), wa im min ummatin illā khalā fīhā nażīr(un).
[24]
Temen, Ingsun ngutus sliramu kanthi nggawa bebener 710 minangka sing nggawa werta bebungah lan minangka sing awéh pengéling-éling. Lan ora nana sijia umat kejaba neng kono wis teka sewijiné wong sing awéh pengéling-éling.
710) Agama tauhid (ora mangro tingal) lan hukum-hukumé.
وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ وَبِالزُّبُرِ وَبِالْكِتٰبِ الْمُنِيْرِ٢٥
Wa iy yukażżibūka faqad każżabal-lażīna min qablihim, jā'athum rusuluhum bil-bayyināti wa biz-zuburi wa bil-kitābil-munīr(i).
[25]
Lan angger dhéwéké padha nggorohna sliramu, mangka wong-wong sing seurungé dhéwéké uga wis padha nggorohna maring (rasul-rasul); rikala rasul-rasulé padha teka kanthi nggawa keterangan sing nyata (mukjizat), zubur, lan kitab sing awéh keterangan sing sempurna. 711
711) Gusti Allah paring pituduh maring sapa sing Penjenengané kersakna kanthi paring kesanggupan nggo ngrungokna lan nampa keterangan-keterangan.
ثُمَّ اَخَذْتُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ ࣖ٢٦
Ṡumma akhażtul-lażīna kafarū fakaifa kāna nakīr(i).
[26]
Banjur Ingsun siksa wong-wong sing mbangkang (kapir); mangka (delengen) kepriwé akibat benduné Ingsun.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۚ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ ثَمَرٰتٍ مُّخْتَلِفًا اَلْوَانُهَا ۗوَمِنَ الْجِبَالِ جُدَدٌ ۢبِيْضٌ وَّحُمْرٌ مُّخْتَلِفٌ اَلْوَانُهَا وَغَرَابِيْبُ سُوْدٌ٢٧
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa'akhrajnā bihī ṡamarātim mukhtalifan alwānuhā, wa minal-jibāli judadum bīḍuw wa khumrum mukhtalifun alwānuhā wa garābību sūd(un).
[27]
Apa ko ora weruh lamon Gusti Allah nurunaken banyu (udan) sekang langit banjur kanthi banyu kuwé Ingsun tuwuhna woh-wohan sing werna-werna rupané. Lan neng antarané gunung-gunung kuwé ana garis-garis putih lan abang sing werna-werna rupané lan ana (uga) sing ireng thuntheng.
وَمِنَ النَّاسِ وَالدَّوَاۤبِّ وَالْاَنْعَامِ مُخْتَلِفٌ اَلْوَانُهٗ كَذٰلِكَۗ اِنَّمَا يَخْشَى اللّٰهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمٰۤؤُاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ غَفُوْرٌ٢٨
Wa minan-nāsi wad-dawābbi wal-an‘āmi mukhtalifun alwānuhū każālik(a), innamā yakhsyallāha min ‘ibādihil-ulamā'(u), innallāha ‘azīzun gafūr(un).
[28]
Lan mengkana (uga) neng antarané menungsa, titah (mahluk) gremetan sing duwé nyawa lan kéwan-kéwan ingon, ana sing werna-werna rupané (lan bangsané). Neng antarané kawula-kawulané Gusti Allah sing paling wedi maring Penjeneng-ané, mung para ngulama. 712 Temen, Gusti Allah Mahadigdaya, Maha Ngampura.
712) Wong-wong sing padha ngaweruhi ilmu agungé lan kewasané Gusti Allah.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَتْلُوْنَ كِتٰبَ اللّٰهِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً يَّرْجُوْنَ تِجَارَةً لَّنْ تَبُوْرَۙ٢٩
Innal-lażīna yatlūna kitāballāhi wa aqāmuṣ-ṣalāta wa anfaqū mimmā razaqnāhum sirraw wa ‘alāniyatay yarjūna tijāratal lan tabūr(a).
[29]
Setemené wong-wong sing gunané maca Kitabé Gusti Allah (Al-Qur’an) lan nglakoni sembayang lan nyumbangna (infak) sebagéan rejekiné sing Ingsun paringna maring dhéwéké, kanthi sidheman utawa ngedhéng, wong-wong kuwé padha ngarep-arep dagang sing ora bakal tuna,
لِيُوَفِّيَهُمْ اُجُوْرَهُمْ وَيَزِيْدَهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ٣٠
Liyuwaffiyahum ujūrahum wa yazīdahum min faḍlih(ī), innahū gafūrun syakūr(un).
[30]
supaya Gusti Allah nyempurnakna ganjarané maring wong-wong mau lan nambahi kanugrahan-É. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Maha Ngesuwuni. 713
713) Gusti Allah kesuwun maring kewula-Né, tegesé paring ganjaran ingatasé lakon-lakon beciké kewula lan ngampurani salahé, nambahi kenékmatané lan seterusé.
وَالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ هُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِۗ اِنَّ اللّٰهَ بِعِبَادِهٖ لَخَبِيْرٌۢ بَصِيْرٌ٣١
Wal-lażī auḥainā ilaika minal-kitābi huwal-ḥaqqu muṣaddiqal limā baina yadaih(i), innallāha bi‘ibādihī lakhabīrum baṣīr(un).
[31]
Lan apa sing wis Ingsun wahyokna maring sliramu (Muhammad) yakuwé Kitab (Al-Qur’an) kuwé sing bener, mbenerna (nyerujuki) kitab-kitab seurungé. Temen, Gusti Allah nyata-nyata Maha Ngawuning-ani, Maha Mriksani (kahanané) kewula-kewula-Né.
ثُمَّ اَوْرَثْنَا الْكِتٰبَ الَّذِيْنَ اصْطَفَيْنَا مِنْ عِبَادِنَاۚ فَمِنْهُمْ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ ۚوَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌ ۚوَمِنْهُمْ سَابِقٌۢ بِالْخَيْرٰتِ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُۗ٣٢
Ṡumma auraṡnal-kitābal-lażīnaṣṭafainā min ‘ibādinā, fa minhum ẓālimul linafsih(ī), wa minhum muqtaṣid(un), wa minhum sābiqum bil-khairāti bi'iżnillāh(i), żālika huwal-faḍlul-kabīr(u).
[32]
Banjur Kitab kuwé Ingsun warisna maring wong-wong sing Ingsun pilih neng antarané kewula-kewulané Ingsun, banjur neng antara-né wong-wong kuwé ana sing nganiaya (dolim) maring awaké dhéwék, sebagéan ana sing tengah-tengah lan ana (uga) sing lewih dhisit nglakoni kebecikan 714 kanti idiné Gusti Allah. Sing mengkana kuwé dadi kanugrahan sing gedhé.
714) Nganiaya (gawé kapitunan) awaké dhéwék yakuwé lewih akéh salahé tenimbang apiké, lan “tengah-tengah” tegesé, salah karo apiké padha akéhé, lan “wong-wong sing lewih dhisit olihé gawé kebecikan” yakuwé wong sing apiké akéh pisan lan mung semendhing olihé gawé kesalahan.
جَنّٰتُ عَدْنٍ يَّدْخُلُوْنَهَا يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّلُؤْلُؤًا ۚوَلِبَاسُهُمْ فِيْهَا حَرِيْرٌ٣٣
Jannātu ‘adniy yadkhulūnahā yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa lu'lu'ā(n), wa libāsuhum fīhā ḥarīr(un).
[33]
(Wong-wong kuwé bakal olih) suwarga Ngaden (‘Adn), dhéwéké kabéh padha mlebu maring njeroné, neng njeroné dhéwéké padha déparingi pepaésan gelang-gelang sekang emas lan mutiara, lan sandhangané wong-wong kuwé neng njero suwarga rupané sutra.
وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْٓ اَذْهَبَ عَنَّا الْحَزَنَۗ اِنَّ رَبَّنَا لَغَفُوْرٌ شَكُوْرٌۙ٣٤
Wa qālul-ḥamdu lillāhil-lażī ażhaba ‘annal-ḥazan(a), inna rabbanā lagafūrun syakūr(un).
[34]
Lan wong-wong kuwé padha matur, “Sedaya pengalembana kagunganipun Gusti Allah ingkang empun ngicalaken kesusahan saking kula sedaya. Éstu, Pengérané kula sedaya, nyata-nyata Maha Ngampura, Maha Ngesuwuni,
ۨالَّذِيْٓ اَحَلَّنَا دَارَ الْمُقَامَةِ مِنْ فَضْلِهٖۚ لَا يَمَسُّنَا فِيْهَا نَصَبٌ وَّلَا يَمَسُّنَا فِيْهَا لُغُوْبٌ٣٥
Allażī aḥallanā dāral-muqāmati min faḍlih(ī), lā yamassunā fīhā naṣabuw wa lā yamassunā fīhā lugūb(un).
[35]
ingkang kanthi anugrahipun Penjenengané mapanaken kula sami wonten panggenan ingkang langgeng (suwargi); wonten lebetipun kula sedaya mboten ngraos sayah lan mboten ugi lesu.”
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ نَارُ جَهَنَّمَۚ لَا يُقْضٰى عَلَيْهِمْ فَيَمُوْتُوْا وَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمْ مِّنْ عَذَابِهَاۗ كَذٰلِكَ نَجْزِيْ كُلَّ كَفُوْرٍ ۚ٣٦
Wal-lażīna kafarū lahum nāru jahannam(a), lā yuqḍā ‘alaihim fayamūtū wa lā yukhaffafu ‘anhum min ‘ażābihā, każālika najzī kulla kafūr(in).
[36]
Lan wong-wong sing padha mbangkang (kapir), nggo dhéwéké kabéh neraka Jahanam. Wong-wong kuwé ora dégawé remuk nganti dhéwéké padha mati, lan ora de-énthéngna sekang dhéwéké siksané. Mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring saben-saben wong sing banget mbangkangé (kapiré).
وَهُمْ يَصْطَرِخُوْنَ فِيْهَاۚ رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِيْ كُنَّا نَعْمَلُۗ اَوَلَمْ نُعَمِّرْكُمْ مَّا يَتَذَكَّرُ فِيْهِ مَنْ تَذَكَّرَ وَجَاۤءَكُمُ النَّذِيْرُۗ فَذُوْقُوْا فَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ نَّصِيْرٍ ࣖ٣٧
Wa hum yaṣṭarikhūna fīhā, rabbanā akhirjnā na‘mal ṣāliḥan gairal-lażī kunnā na‘mal(u), awalam nu‘ammirkum mā yatażakkaru fīhi man tażakkara wa jā'akumun nażīr(u), fa żūqū famā liẓ-ẓālimīna min naṣīr(in).
[37]
Lan dhéwéké padha njerit-njerit neng njero neraka kuwé, “Dhuh Pengéran kula sedaya, mugi Penjenengan wedalaken kula sami (saking neraka), saéstu kula sami ajeng nglampahi kebecikan, ingkang benten kaliyan ingkang empun kula sedaya lampahi krihin.” (Dengendikakna maring wong-wong kuwé), “Mbok iya Ingsun wis ndawakna umuré ko kabéh, supayané padha mikir tumrap wong sing padha gelem mikir, mangkané wis teka maring ko kabéh wong sing ngéling-élingna? Mangka rasakna (siksané Ingsun), lan tumrap wong-wong sing aniaya (dolim) babar pisan ora nana sing bakal nulungi.”
اِنَّ اللّٰهَ عَالِمُ غَيْبِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٣٨
Innallāha ‘ālimu gaibis-samāwāti wal-arḍ(i), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[38]
Temen, Gusti Allah ngawuningani maring sing gaib (ora keton) neng langit lan neng bumi. Temen, Gusti Allah Maha Ngawu-ningani sekabéhé isén-iséné ati.
هُوَ الَّذِيْ جَعَلَكُمْ خَلٰۤىِٕفَ فِى الْاَرْضِۗ فَمَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهٗۗ وَلَا يَزِيْدُ الْكٰفِرِيْنَ كُفْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ اِلَّا مَقْتًا ۚوَلَا يَزِيْدُ الْكٰفِرِيْنَ كُفْرُهُمْ اِلَّا خَسَارًا٣٩
Huwal-lażī ja‘alakum khalā'ifa fil-arḍ(i), faman kafara fa‘alaihi kufruh(ū), wa lā yazīdul-kāfirīna kufruhum ‘inda rabbihim illā maqtā(n), wa lā yazīdul-kāfirīna kufruhum illā khasārā(n).
[39]
Penjenengané sing ndadékna ko kabéh khalifah-khalifah (sing marisi) neng bumi. Sapa wongé sing mbangkang (kapir), mangka (akibat) kapiré bakal temiba maring awaké dhéwék. Lan kapiré wong-wong kapir kuwé mung bakal nambahi bendu neng sisihé Pengérané dhéwéké. Lan kapiré wong-wong kapir kuwé mung bakal nambah kapitunané dhéwéké kabéh.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ شُرَكَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقُوْا مِنَ الْاَرْضِ اَمْ لَهُمْ شِرْكٌ فِى السَّمٰوٰتِۚ اَمْ اٰتَيْنٰهُمْ كِتٰبًا فَهُمْ عَلٰى بَيِّنَتٍ مِّنْهُۚ بَلْ اِنْ يَّعِدُ الظّٰلِمُوْنَ بَعْضُهُمْ بَعْضًا اِلَّا غُرُوْرًا٤٠
Qul ara'aitum syurakā'akumul-lażīna tad‘ūna min dūnillāh(i), arūnī māżā khalaqū minal-arḍi am lahum syirkun fis-samāwāt(i), am ātaināhum kitāban fahum ‘alā bayyinatim minh(u), bal iy ya‘iduẓ-ẓālimūna ba‘ḍuhum ba‘ḍan illā gurūrā(n).
[40]
Dhawuha, “Mara terangna déning ko kabéh ngenani bala-bngalamu sing ko kabéh padha sebut seliyané Gusti Allah.” Mara tidhokna maring Ingsun (sisih) ngendi sekang bumi kiyé sing wis bala-bngalamu kuwé ciptakna; utawané dhéwéké padha duwé urun neng (penciptanané) langit; utawa apa Ingsun paring kitab nggo dhéwéké kabéh saéngga dhéwéké padha olih keterangan-keterangan sing genah sekang kitab kuwé? Sebeneré ong-wong sing aniaya kuwé, sebagéané mung njanjékna apus-apus maring sebagéané sing liya.
۞ اِنَّ اللّٰهَ يُمْسِكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ اَنْ تَزُوْلَا ەۚ وَلَىِٕنْ زَالَتَآ اِنْ اَمْسَكَهُمَا مِنْ اَحَدٍ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗاِنَّهٗ كَانَ حَلِيْمًا غَفُوْرًا٤١
Innallāha yumsikus-samāwāti wal-arḍa an tazūlā, wa la'in zālatā in amsakahumā min aḥadim mim ba‘dih(ī), innahū kāna ḥalīman gafūrā(n).
[41]
Temen, Gusti Allah sing njagani langit lan bumi supayané ora ilang; lan angger sekloro-né arep ilang ora nana sijia wong sing kewawa nahan seliyané Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Mahaaris, Maha Ngampura.
وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ لَىِٕنْ جَاۤءَهُمْ نَذِيْرٌ لَّيَكُوْنُنَّ اَهْدٰى مِنْ اِحْدَى الْاُمَمِۚ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ نَذِيْرٌ مَّا زَادَهُمْ اِلَّا نُفُوْرًاۙ٤٢
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim la'in jā'ahum nażīrul layakūnunna ahdā min iḥdal-umam(i), falammā jā'ahum nażīrum mā zādahum illā nufūrā(n).
[42]
Lan dhéwéké padha sumpah kanthi asmané Gusti Allah kanthi temen lamon angger teka sewijiné wong sing awéh pengéling-éling, mesthi dhéwéké padha bakal lewih olih pituduh sekang salah sijiné umat-umat (sing liya). Ning rikala sing awéh pengéling-éling kuwé teka maring dhéwéké kabéh, ora nambahi (apa-apa) maring wong-wong kuwé, malah sengsaya adoh dhéwéké kabéh sekang (bebener),
ۨاسْتِكْبَارًا فِى الْاَرْضِ وَمَكْرَ السَّيِّئِۗ وَلَا يَحِيْقُ الْمَكْرُ السَّيِّئُ اِلَّا بِاَهْلِهٖ ۗفَهَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا سُنَّتَ الْاَوَّلِيْنَۚ فَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّتِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا ەۚ وَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّتِ اللّٰهِ تَحْوِيْلًا٤٣
Istikbāran fil-arḍi wa makras-sayyi'(i), wa lā yaḥīqul-makrus-sayyi'u illā bi'ahlih(ī), fahal yanẓurūna illā sunnatal-awwalīn(a), falan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n), wa lan tajida lisunnatillāhi taḥwīlā(n).
[43]
merga gemedhené (wong-wong kuwé) neng bumi lan merga rencanané (dhéwéké kabéh) sing jahat. Rencana sing jahat kuwé mung bakal nyilakani maring dhéwéké sing gawé rencana kuwé. Wong-wong kuwé mung ngenténi (lemakuné) pepesthén tumrap wong-wong sing dhisit. 715 Mangka sliramu ora bakal meruhi owah-owahan mungguh Gusti Allah, lan (uga) ora bakal nemokna penyelewengan tumrap pepesthéné Gusti Allah kuwé.
715) Sing démaksud “pepesthéné wong-wong sing dhisit” yakuwé temuruné siksa maring wong-wong sing padha nggorohna nabi (utusan).
اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَكَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۗوَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعْجِزَهٗ مِنْ شَيْءٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِۗ اِنَّهٗ كَانَ عَلِيْمًا قَدِيْرًا٤٤
Awalam yasīrū fil-arḍi fa yanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim wa kānū asyadda minhum quwwah(tan), wa mā kānallāhu liyu‘jizahū min syai'in fis-samāwāti wa lā fil-arḍ(i), innahū kāna ‘alīman qadīrā(n).
[44]
Lan apa dhéwéké ora padha lelungan neng bumi banjur weruh kepriwé wekasané wong-wong sing seurungé dhéwéké (sing ora padha precaya maring utusan), mangka-né wong-wong kuwé lewih gedhé kekuwa-tané tenimbang dhéwéké kabéh? Lan ora nana sewiji-wiji sing bisa ngasoraken Gusti Allah neng langit, ora uga neng bumi, Temen, Penjenengané Maha Ngawuningani, Mahakewasa.
وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللّٰهُ النَّاسَ بِمَا كَسَبُوْا مَا تَرَكَ عَلٰى ظَهْرِهَا مِنْ دَاۤبَّةٍ وَّلٰكِنْ يُّؤَخِّرُهُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِعِبَادِهٖ بَصِيْرًا ࣖ٤٥
Wa lau yu'ākhiżullāhun-nāsa bimā kasabū mā taraka ‘alā ẓahrihā min dābbatiw wa lākiy yu'akhkhiruhum ilā ajalim musammā(n), fa iżā jā'a ajaluhum fa innallāha kāna bi‘ibādihī baṣīrā(n).
[45]
Lan sekirané Gusti Allah ngukum menungsa merga apa sing wis dhéwéké padha pergawé, mesthi Penjenengané ora ngengah siji-sijia mahluk sing obah lan sing duwé nyawa neng bumi kiyé, ning Penjenengané nundha (uku-man)-É, butul wektu sing wis détemtokna. Mengko angger patiné wong-wong kuwé wis teka, mangka Gusti Allah Maha Mriksani (kahanan) kawula-kawula-Né.