Surah Saba’

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِى الْاٰخِرَةِۗ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa lahul-ḥamdu fil-ākhirah(ti), wa huwal-ḥakīmul-khabīr(u).
[1] Sekabéhé pengalembana kagungané Gusti Allah sing kagungan apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi, lan sekabéhé pengalembana neng akhérat kagungané Gusti Allah. Lan Penjenengané Sing Mahawicaksana, Mahanastiti.

يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِى الْاَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاۤءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيْهَاۗ وَهُوَ الرَّحِيْمُ الْغَفُوْرُ٢
Ya‘lamu mā yaliju fil-arḍi wa mā yakhruju minhā wa mā yanzilu minas-samā'i wa mā ya‘ruju fīhā, wa huwar-raḥīmul-gafūr(u).
[2] Gusti Allah ngawuningani apa sing mlebu maring njero bumi lan apa sing metu sekang bumi, lan sing temurun sekang langit lan apa sing munggah maring langit, lan Penjenengané Sing Mahawelas, Maha Ngampura.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَأْتِيْنَا السَّاعَةُ ۗقُلْ بَلٰى وَرَبِّيْ لَتَأْتِيَنَّكُمْۙ عٰلِمِ الْغَيْبِۙ لَا يَعْزُبُ عَنْهُ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِ وَلَآ اَصْغَرُ مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْبَرُ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍۙ٣
Wa qālal-lażīna kafarū lā ta'tīnas-sā‘ah(tu), qul balā wa rabbī lata'tiyannakum, ‘ālimul-gaib(i), lā ya‘zubu ‘anhu miṡqālu żarratin fis-samāwāti wa lā fil-arḍi wa lā aṣgaru min żālika wa lā akbaru illā fī kitābim mubīn(in).
[3] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap, “Dina Kiyamat kuwé ora bakal teka maring inyong kabéh.” Dhawuhna, “Mesthi tekané! Sekawit (sekawit) Pengéranku sing ngawuningani sing ora keton (gaib), dina Kiyamat kuwé mesthi bakal teka maring ko kabéh. Ora nana sing keumpet mungguh Penjenengané senajan mung sebobot zarrah 690 becik sing ana neng langit utawa sing ana neng bumi, sing lewih cilik sekang kuwé utawa sing lewih gedhé, kabéh ketulis neng Kitab sing cetha (Lauh Mahfuz),”
690) Zarrah kuwé semut sing paling cilik. Wong Arab mbasakna sewiji barang sing banget ciliké nganggo tembung zarrah.

لِّيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٤
Liyajziyal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), ulā'ika lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[4] supaya Penjenengané (Gusti Allah) paring ganjaran maring wong-wong sing padha precaya lan sing padha nglakoni kebecikan. Wong-wong kuwé padha olih pangampura lan rejeki sing mulya (suwarga).

وَالَّذِيْنَ سَعَوْ فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مِّنْ رِّجْزٍ اَلِيْمٌ٥
Wal-lażīna sa‘au fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika lahum ‘ażābum mir rijzin alīm(un).
[5] Lan wong-wong sing padha ngupaya (nglawan) ayat-ayat-É Ingsun kanthi anggepan dhéwéké padha bisa ngasorna (nyegah siksané Ingsun), dhéwéké kabéh kuwé bakal olih siksa sing banget perihé.

وَيَرَى الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ هُوَ الْحَقَّۙ وَيَهْدِيْٓ اِلٰى صِرَاطِ الْعَزِيْزِ الْحَمِيْدِ٦
Wa yaral-lażīna ūtul-‘ilmal-lażī unzila ilaika mir rabbika huwal-ḥaqq(a), wa yahdī ilā ṣirāṭil-‘azīzil-ḥamīd(i).
[6] Lan wong-wong sing déparingi ilmu (Ahli Kitab) padha duwé pinemu lamon (wahyu) sing déturunaken maring sliramu (Muhammad) sekang Pengéranmu, kuwé sing bener lan sing awéh pituduh (tumrap menungsa) maring dalané (Gusti Allah) Sing Mahadigdaya, Maha Pinuji.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا هَلْ نَدُلُّكُمْ عَلٰى رَجُلٍ يُّنَبِّئُكُمْ اِذَا مُزِّقْتُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍۙ اِنَّكُمْ لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍۚ٧
Wa qālal-lażīna kafarū hal nadullukum ‘alā rajuliy yunabbi'ukum iżā muzziqtum kulla mumazzaq(in), innakum lafī khalqin jadīd(in).
[7] Lan wong-wong kapir padha ngomong (maring batir-batiré), “Apa ko padha gelem tek tidhoki sewijiné wong lanang 691 sing mertakna maring ko kabéh, lamon angger awakmu wis padha ajur mumur, ko kabéh mesthi (bakal détangékna maning) dadi ciptanan sing anyar.
691) Sing dhéwéké maksud sewijiné wong lanang kuwé Kanjeng Nabi Muhammad minangka painan ingatasé kiyambeké.

اَفْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَمْ بِهٖ جِنَّةٌ ۗبَلِ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ فِى الْعَذَابِ وَالضَّلٰلِ الْبَعِيْدِ٨
Aftarā ‘alallāhi każiban am bihī jinnah(tun), balil-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati fil-‘ażābi waḍ-ḍalālil-ba‘īd(i).
[8] Apa dhéwéké ngarang apus-apus maring Gusti Allah utawa dhéwéké lara gemblung?” (Ora), ning wong-wong sing padha ora precaya maring (anané) akhérat kuwé ana neng sejeroné pesiksan lan kesasar sing adoh.

اَفَلَمْ يَرَوْا اِلٰى مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ اِنْ نَّشَأْ نَخْسِفْ بِهِمُ الْاَرْضَ اَوْ نُسْقِطْ عَلَيْهِمْ كِسَفًا مِّنَ السَّمَاۤءِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّكُلِّ عَبْدٍ مُّنِيْبٍ ࣖ٩
Afalam yarau ilā mā baina aidīhim wa mā khalfahum minas-samā'i wal-arḍ(i), in nasya' nakhsif bihimul-arḍa au nusqiṭ ‘alaihim kisafam minas-samā'(i), inna fī żālika la'āyatal likulli ‘abdim munīb(in).
[9] Mangka apa wong-wong mau ora padha nggatékna langit lan bumi sing ana neng ngarepé lan neng mburiné? Angger Ingsun ngersakna, mesthi Ingsun blesekna dhéwéké kabéh maring bumi utawa Ingsun tibakna maring dhéwéké jlebekan-jlebekan sekang langit. Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha utawa (kewasané Gusti Allah) tumrap saben-saben kewula sing padha bali (maring Penjenengané).

۞ وَلَقَدْ اٰتَيْنَا دَاوٗدَ مِنَّا فَضْلًاۗ يٰجِبَالُ اَوِّبِيْ مَعَهٗ وَالطَّيْرَ ۚوَاَلَنَّا لَهُ الْحَدِيْدَۙ١٠
Wa laqad ātainā dāwūda minnā faḍlā(n), yā jibālu awwibī ma‘ahū waṭ-ṭair(a), wa alannā lahul-ḥadīd(a).
[10] Lan temen, wis Ingsun paringna maring Dawud kenugrahan sekang Ingsun. (Ingsun dhawuh), “Hé gunung-gunung lan manuk-manuk! Padha maca tasbéh (maha-nyucekna maring Gusti Allah) kanthi bola-bali bareng karo Dawud,” lan Ingsun wis ngamohna wesi nggo dhéwéké,

اَنِ اعْمَلْ سٰبِغٰتٍ وَّقَدِّرْ فِى السَّرْدِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١
Ani‘mal sābigātiw wa qaddir fis-sardi wa‘malū ṣāliḥā(n), innī bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[11] (yakuwé) gawéa klambi wesi sing gedhé-gedhé lan ukuren anamané; lan lakonana kebecikan. Temen, Ingsun Maha Mriksani maring sing sliramu pergawé.

وَلِسُلَيْمٰنَ الرِّيْحَ غُدُوُّهَا شَهْرٌ وَّرَوَاحُهَا شَهْرٌۚ وَاَسَلْنَا لَهٗ عَيْنَ الْقِطْرِۗ وَمِنَ الْجِنِّ مَنْ يَّعْمَلُ بَيْنَ يَدَيْهِ بِاِذْنِ رَبِّهٖۗ وَمَنْ يَّزِغْ مِنْهُمْ عَنْ اَمْرِنَا نُذِقْهُ مِنْ عَذَابِ السَّعِيْرِ١٢
Wa lisulaimānar-rīḥa guduwwuhā syahruw wa rawāḥuhā syahr(un), wa asalnā lahū ‘ainal-qiṭr(i), wa minal-jinni may ya‘malu baina yadaihi bi'iżni rabbih(ī), wa may yazig minhum ‘an amrinā nużiqhu min ‘ażābis-sa‘īr(i).
[12] Lan Ingsun (tundhukna) angin nggo Sulaiman, sing mlakuné wektu ésuk padha karo lakon sewulan lan mlakuné neng wektu soré (uga) padha karo lakon sewulan, 692 lan Ingsun ilékna cor-coran tembaga nggo dhéwéké. Lan sebagéan sekang jin ana sing nyambet gawé neng ngarep (manut maring préntahé) kanthi idiné Pengérané. Lan sapa sing nyimpang neng antarané dhéwéké sekang dhawuh Ingsun, Ingsun rasakna maring dhéwéké siksa neraka sing geniné mulab-mulab.
692) Maksudé angger Sulaiman nganakaken lelaku sekang ésuk butul awan mangka adohé padha karo adohé onta mlaku sewulan. Semana uga angger Sulaiman nganakaken lelaku sekang awan butul soré, mangka cepeté padha karo lelaku sewulan.

يَعْمَلُوْنَ لَهٗ مَا يَشَاۤءُ مِنْ مَّحَارِيْبَ وَتَمَاثِيْلَ وَجِفَانٍ كَالْجَوَابِ وَقُدُوْرٍ رّٰسِيٰتٍۗ اِعْمَلُوْٓا اٰلَ دَاوٗدَ شُكْرًا ۗوَقَلِيْلٌ مِّنْ عِبَادِيَ الشَّكُوْرُ١٣
Ya‘malūna lahū mā yasyā'u mim maḥārība wa tamāṡīla wa jifānin kal-jawābi wa qudūrir-rāsiyāt(in), i‘malū āla dāwūda syukrā(n), wa qalīlum min ‘ibādiyasy-syakūr(u).
[13] Dhéwéké kabéh (para jin kuwé) padha nyambet gawé nggo Sulaiman selaras karo apa sing dekarepna neng Sulaiman, umpamané mbangun gedhong-gedhong sing dhuwur, reca-reca, piring-piring sing (gedhéné) kaya blumbang lan kewalen-kewalen sing tetep (neng ndhuwur pawon). Padha nyambet gawé, hé keluwarga Dawud minangka kesuwun (sukur maring Gusti Allah). Lan semendhing pisan kawula-kawulané Ingsun sing padha kesuwun (sukur).

فَلَمَّا قَضَيْنَا عَلَيْهِ الْمَوْتَ مَا دَلَّهُمْ عَلٰى مَوْتِهٖٓ اِلَّا دَاۤبَّةُ الْاَرْضِ تَأْكُلُ مِنْسَاَتَهٗ ۚفَلَمَّا خَرَّ تَبَيَّنَتِ الْجِنُّ اَنْ لَّوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ الْغَيْبَ مَا لَبِثُوْا فِى الْعَذَابِ الْمُهِيْنِۗ١٤
Falammā qaḍainā ‘alaihil-mauta mā dallahum ‘alā mautihī illā dābbatul-arḍi ta'kulu minsa'atah(ū), falammā kharra tabayyanatil-jinnu allau kānū ya‘lamūnal-gaiba mā labiṡū fil-‘ażābil-muhīn(i).
[14] Mangka rikala Ingsun wis netepna pati ingatasé (Sulaiman), ora nana sing nidhokna maring para jin sédané kuwé kejaba rayap sing mangani tekené. Mangka rikala dhéwéké (Sulaiman) wis rubuh, tembé jin padha rumangsa lamon sekirané dhéwéké padha ngaweruhi prekara sing gaib mesthi dhéwéké padha ora tetep neng siksa sing gawé ina.

لَقَدْ كَانَ لِسَبَاٍ فِيْ مَسْكَنِهِمْ اٰيَةٌ ۚجَنَّتٰنِ عَنْ يَّمِيْنٍ وَّشِمَالٍ ەۗ كُلُوْا مِنْ رِّزْقِ رَبِّكُمْ وَاشْكُرُوْا لَهٗ ۗبَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَّرَبٌّ غَفُوْرٌ١٥
Laqad kāna lisaba'in fī maskanihim āyah(tun), jannatāni ‘ay yamīniw wa syimāl(in), kulū mir rizqi rabbikum wasykurū lah(ū), baldatun ṭayyibatuw wa rabbun gafūr(un).
[15] Temen, tumrap kaum Saba’ ana tandha (agungé Pengéran) neng papan panggonané dhéwéké yakuwé kebon loro neng sisih tengen lan sisih kiwéné, (maring wong-wong Saba’ kuwé déucapna), “Panganen déning ko kabéh sekang rejeki sing (déparingna) Pengéranmu lan padha kesuwuna maring Penjenengané. (Negarimu) kuwé negari sing apik (kepenak) lan (Pengéranmu) Pengéran Sing Maha Ngampura.”

فَاَعْرَضُوْا فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ سَيْلَ الْعَرِمِ وَبَدَّلْنٰهُمْ بِجَنَّتَيْهِمْ جَنَّتَيْنِ ذَوَاتَيْ اُكُلٍ خَمْطٍ وَّاَثْلٍ وَّشَيْءٍ مِّنْ سِدْرٍ قَلِيْلٍ١٦
Fa a‘raḍū fa arsalnā ‘alaihim sailal-‘arimi wa baddalnāhum bijannataihim jannataini żawātai ukulin khamṭiw wa aṡliw wa syai'im min sidrin qalīl(in).
[16] Ning kaum Saba’ padha mléngos, mangka Ingsun ngirim maring kaum kuwé blabur sing gedhé 693 lan Ingsun ijoli kebon sing loro kuwé nganggo kebon loro sing dethukuli (wit-witan) sing wohé pait, wit Asl lan semendhing wit Sidr. 694
693) Blabur gedhé sing dadi ambrolé bendungan Ma’rib. 694) Wit Asl kaya wit cemara, wit Sidr kaya wid widara.

ذٰلِكَ جَزَيْنٰهُمْ بِمَا كَفَرُوْاۗ وَهَلْ نُجٰزِيْٓ اِلَّا الْكَفُوْرَ١٧
Żālika jazaināhum bimā kafarū, wa hal nujāzī illal-kafūr(a).
[17] Mengkana kuwé Ingsun paring piwales merga mbangkangé (kapir) kaum Saba’. Lan Ingsun ora nibakna siksa (sing mengkana kuwé) kejaba mung maring wong-wong sing padha mbangkang (kapir).

وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ الْقُرَى الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَا قُرًى ظَاهِرَةً وَّقَدَّرْنَا فِيْهَا السَّيْرَۗ سِيْرُوْا فِيْهَا لَيَالِيَ وَاَيَّامًا اٰمِنِيْنَ١٨
Wa ja‘alnā bainahum wa bainal-qural-latī bāraknā fīhā quran ẓāhirataw wa qaddarnā fihas-sair(a), sīrū fīhā layāliya wa ayyāman āminīn(a).
[18] Lan Ingsun dadékna neng antarané wong-wong kuwé (warga Saba’) lan negari-negari sing Ingsun berkahi (Syam), pira-pira negari sing kepérek lan Ingsun tetepna antarané negari-negari kuwé (jangkahé) lakon. Padha mlakua ko kabéh neng negari-negari kuwé wengi lan awan kanthi aman. 695
695) Negari sing neng Syam, merga suburé lan negari-negari sing kepérek yakuwé antarané Yaman lan Syam, saéngga wong-wong padha bisa mlaku neng wektu wengi lan awan ora kudu mandheg neng segara wedhi lan ora nana kangélan.

فَقَالُوْا رَبَّنَا بٰعِدْ بَيْنَ اَسْفَارِنَا وَظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَجَعَلْنٰهُمْ اَحَادِيْثَ وَمَزَّقْنٰهُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ١٩
Fa qālū rabbanā bā‘id baina asfārinā wa ẓalamū anfusahum fa ja‘alnāhum aḥādīṡa wa mazzaqnāhum kulla mumazzaq(in), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[19] Mangka wong-wong kuwé padha ngucap, “Dhuh Pengéran kula sedaya, mugi tebihakén jangkah lelampahan kula sami,” 696 lan (tegesé wong-wong kuwé) padha nganiaya awaké dhéwék, mangka dhéwéké kabéh Ingsun dadékna banah crita lan Ingsun tumpes-tapis wong-wong mau ludhes-dhes. Temen, neng sing mengkana kuwé, ana tandha (kewasané Gusti Allah) tumrap saben wong sing padha sabar lan kesuwun (sukur).
696) Supaya kota-kota sing pérek debusek, supaya lelakon dadi dawa lan dhéwéké padha téyéng ngukuhi dhéwék (monopoli) dagangan kuwé saéngga bathiné lewih gedhé.

وَلَقَدْ صَدَّقَ عَلَيْهِمْ اِبْلِيْسُ ظَنَّهٗ فَاتَّبَعُوْهُ اِلَّا فَرِيْقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٢٠
Wa laqad ṣaddaqa ‘alaihim iblīsu ẓannahū fattaba‘ūhu illā farīqam minal-mu'minīn(a).
[20] Lan temen, Iblis wis bisa ngyakinaken maring wong-wong mau bebener pengira-irané Iblis kuwé, banjur wong-wong kuwé padha ngetutna si Iblis kejaba sebagéané wong-wong sing padha precaya.

وَمَا كَانَ لَهٗ عَلَيْهِمْ مِّنْ سُلْطَانٍ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يُّؤْمِنُ بِالْاٰخِرَةِ مِمَّنْ هُوَ مِنْهَا فِيْ شَكٍّ ۗوَرَبُّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَفِيْظٌ ࣖ٢١
Wa mā kāna lahū ‘alaihim min sulṭānin illā lina‘lama may yu'minu bil-ākhirati mimman huwa minhā fī syakk(in), wa rabbuka ‘alā kulli syai'in ḥafīẓ(un).
[21] Lan ora nana kekuwasan (Iblis) ingatasé dhéwéké kabéh, kejaba mung supaya Ingsun bisa mbédakna sapa sing precaya maring anané akhérat lan sapa sing ésih padha mamang ngenani (akhérat) kuwé. Lan Pengéranmu Maha Ngreksa samubarang.

قُلِ ادْعُوا الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِۚ لَا يَمْلِكُوْنَ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِ وَمَا لَهُمْ فِيْهِمَا مِنْ شِرْكٍ وَّمَا لَهٗ مِنْهُمْ مِّنْ ظَهِيْرٍ٢٢
Qulid‘ul-lażīna za‘amtum min dūnillāh(i), lā yamlikūna miṡqāla żarratin fis-samāwāti wa lā fil-arḍi wa mā lahum fīhimā min syirkiw wa mā lahū minhum min ẓahīr(in).
[22] Dhawuha (Muhammad) maring wong-wong musrik, “Sebuten dhéwéké kabéh sing ko padha anggep (dadi sembahan) seliyané Gusti Allah! Dhéwéké ora padha duwé kewasa semendhing-mendhinga neng langit lan neng bumi, lan dhéwéké ora padha duwé urun apa-apa neng (penciptanané) langit lan bumi lan ora nana sijia neng antarané dhéwéké sing dadi rewang tumrap Penjenengané.”

وَلَا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا لِمَنْ اَذِنَ لَهٗ ۗحَتّٰىٓ اِذَا فُزِّعَ عَنْ قُلُوْبِهِمْ قَالُوْا مَاذَاۙ قَالَ رَبُّكُمْۗ قَالُوا الْحَقَّۚ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ٢٣
Wa lā tanfa‘usy-syafā‘atu ‘indahū illā liman ażina lah(ū), ḥattā iżā fuzzi‘a ‘an qulūbihim qālū māżā, qāla rabbukum, qālul-ḥaqq(a), wa huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[23] Lan sapangat (pitulung) sekang sapa baé, ora nana gunané neng sisihé Penjenengané, mung migunani tumrap wong-wong sing wis deidini déning Penjenengané (olih pitulung kuwé). Saéngga angger wis deilangna rasa wedi sekang atiné wong-wong kuwé, dhéwéké padha padha ngucap, “Apa sing wis dédhawuhna déning Pengéranmu?” Wong-wong mau padha semaur, “(Dhawuh) sing bener,” lan Penjenengané Sing Mahaluhur lan Mahaagung. 697
697) Ayat kiyé nerangna lamon awéhé sapangat (pitulung) mung bisa kelakon kanthi idiné Gusti Allah. Wong-wong sing bakal déparingi idin awéh sapangat (pitulung) lan wong-wong sing arep olih pitulung padha krasa wedi lan ngarep-arep idiné Gusti Allah kuwé.

۞ قُلْ مَنْ يَّرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلِ اللّٰهُ ۙوَاِنَّآ اَوْ اِيَّاكُمْ لَعَلٰى هُدًى اَوْ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٤
Qul may yarzuqukum minas-samāwāti wal-arḍ(i), qulillāh(u), wa innā au iyyākum la‘alā hudan au fī ḍalālim mubīn(in).
[24] Dhawuha (Muhammad), “Sapa sing paring rejeki maring ko kabéh sekang langit lan sekang bumi?” Dhawuha, “Gusti Allah,” lan setemené inyong kabéh apa ko kabéh (wong-wong musrik), mesthi ana neng sejeroné bebener utawa neng sejeroné kesasar sing nyata.

قُلْ لَّا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّآ اَجْرَمْنَا وَلَا نُسْـَٔلُ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٢٥
Qul lā tus'alūna ‘ammā ajramnā wa lā nus'alu ‘ammā ta‘malūn(a).
[25] Dhawuha, “Ko kabéh ora bakal déjaluki tanggung jawab ingatasé apa sing inyong kabéh pergawé lan inyong kabéh ora bakal déjaluki tanggung jawab ingatasé apa sing ko kabéh pergawé.”

قُلْ يَجْمَعُ بَيْنَنَا رَبُّنَا ثُمَّ يَفْتَحُ بَيْنَنَا بِالْحَقِّۗ وَهُوَ الْفَتَّاحُ الْعَلِيْمُ٢٦
Qul yajma‘u bainanā rabbunā ṡumma yaftaḥu bainanā bil-ḥaqq(i), wa huwal-fattāḥul-‘alīm(u).
[26] Dhawuha, “Pengérané dhéwék kabéh (inyong karo ko) bakal ngumpulna dhéwék kabéh, banjur Penjenengané paring putusan antarané inyong kabéh lan ko kabéh kanthi bener, lan Penjenengané Sing Maha Paring Putusan, Maha Ngawuningani.”

قُلْ اَرُوْنِيَ الَّذِيْنَ اَلْحَقْتُمْ بِهٖ شُرَكَاۤءَ كَلَّا ۗبَلْ هُوَ اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢٧
Qul arūniyal-lażīna alḥaqtum bihī syurakā'a kallā, bal huwallāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[27] Dhawuha, “Mara tidhokna maring inyong sembahan-sembahan sing ko kabéh gathuk-gathukna karo Penjenengané minangka sekuthon-sekuthon-(é), ora gadhang! Sebeneré Penjenengané Gusti Allah Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.

وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا كَاۤفَّةً لِّلنَّاسِ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًا وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٨
Wa mā arsalnāka illā kāffatal lin-nāsi basyīraw wa nażīraw wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[28] Lan Ingsun ora ngutus sliramu (Muhammad), anging maring kabéh umat menungsa minangka sing nggawa werta bebungah lan minangka sing awéh pengéling-éling, ning akéh-akéhé menungsa padha ora ngaweruhi.

وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٩
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[29] Lan wong-wong mau padha ngucap, “Kapan tekané janji kuwé, angger ko kabéh wong sing padha bener?”

قُلْ لَّكُمْ مِّيْعَادُ يَوْمٍ لَّا تَسْتَأْخِرُوْنَ عَنْهُ سَاعَةً وَّلَا تَسْتَقْدِمُوْنَ ࣖ٣٠
Qul lakum mī‘ādu yaumil lā tasta'khirūna ‘anhu sā‘ataw wa lā tastaqdimūn(a).
[30] Dhawuha, “Tumrap ko kabéh ana dina sing wis déjanjékna (dina Kiyamat), ko kabéh ora bisa njaluk kuwé detundha utawa dégelisna senajan mung sedhéla.”

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ بِهٰذَا الْقُرْاٰنِ وَلَا بِالَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِۗ وَلَوْ تَرٰىٓ اِذِ الظّٰلِمُوْنَ مَوْقُوْفُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْۖ يَرْجِعُ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضِ ِۨالْقَوْلَۚ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا لَوْلَآ اَنْتُمْ لَكُنَّا مُؤْمِنِيْنَ٣١
Wa qālal-lażīna kafarū lan nu'mina bihāżal-qur'āni wa lā bil-lażī baina yadaih(i), wa lau tarā iżiẓ-ẓālimūna mauqūfūna ‘inda rabbihim, yarji‘u ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍinil-qaul(a), yaqūlul-lażīnastuḍ‘ifū lil-lażīnastakbarū lau lā antum lakunnā mu'minīn(a).
[31] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap, “Inyong kabéh ora bakal padha precaya maring Al-Qur’an kiyé lan (uga) maring Kitab seurungé.” Lan (banget keriné) angger sliramu weruh rikala wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé padha déadhepna maring Pengérané, sebagéané wong-wong kuwé padha mbalékna ucapan maring sebagéan liyané (salah-salahan), wong-wong sing deanggep asor padha ngucap maring wong-wong sing padha gemedhé, “Angger ora jalaran ko kabéh mesthi inyong padha dadi wong-wong mukmin.”

قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْٓا اَنَحْنُ صَدَدْنٰكُمْ عَنِ الْهُدٰى بَعْدَ اِذْ جَاۤءَكُمْ بَلْ كُنْتُمْ مُّجْرِمِيْنَ٣٢
Qālal-lażīnastakbarū lil-lażīnastuḍ‘ifū anaḥnu ṣadadnākum ‘anil-hudā ba‘da iż jā'akum bal kuntum mujrimīn(a).
[32] Wong-wong sing padha gemedhé ngucap maring wong-wong sing deanggep asor, “Apa inyong sing padha ngalang-ngalangi ko olih pituduh sewisé pituduh kuwé butul maring ko kabéh? (Ora!) Sebeneré ko dhéwék wong-wong sing padha gawé dosa.”

وَقَالَ الَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا بَلْ مَكْرُ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ اِذْ تَأْمُرُوْنَنَآ اَنْ نَّكْفُرَ بِاللّٰهِ وَنَجْعَلَ لَهٗٓ اَنْدَادًا ۗوَاَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَۗ وَجَعَلْنَا الْاَغْلٰلَ فِيْٓ اَعْنَاقِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ هَلْ يُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٣٣
Wa qālal-lażīnastuḍ‘ifū lil-lażīnastakbarū bal makrul-laili wan-nahāri iż ta'murūnanā an nakfura billāhi wa naj‘ala lahū andādā(n), wa asarrun-nadāmata lammā ra'awul-‘ażāb(a), wa ja‘alnal-aglāla fī a‘nāqil-lażīna kafarū, hal yujzauna illā mā kānū ya‘malūn(a).
[33] Lan wong-wong sing deanggep asor padha ngucap maring wong-wong sing padha gemedhé, “(Ora!) Sebeneré pengapus-apus(mu) kabéh, neng wektu wengi lan awan (sing ngalang-ngalangi inyong kabéh), rikala ko padha ajék-ajék inyong supaya padha mbangkang maring Gusti Allah lan gawé sekuthon-sekuthon nggo Gusti Allah.” Wong-wong kuwé padha krasa ngajog rikala dhéwéké padha weruh siksa. Lan Ingsun pasangi jiret neng guluné wong-wong sing padha kapir. Dhéwéké ora padha dewales kejaba selaras karo apa sing wis dhéwéké padha pergawé.

وَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّذِيْرٍ اِلَّا قَالَ مُتْرَفُوْهَآ ۙاِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٣٤
Wa mā arsalnā min qaryatim min nażīrin illā qāla mutrafūhā, innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[34] Lan saben-saben Ingsun ngutus wong sing awéh pengéling-éling maring sewiji negari, wong-wong sing padha urip moncér (neng negari kuwé) padha ngucap, “Inyong temen-temen padha ngingkari apa sing debutulna déning ko minangka utusan.”

وَقَالُوْا نَحْنُ اَكْثَرُ اَمْوَالًا وَّاَوْلَادًاۙ وَّمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ٣٥
Wa qālū naḥnu akṡaru amwālaw wa aulādā(n), wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[35] Lan dhéwéké padha ngucap, ”Inyong padha duwé bandha lan anak lewih akéh (tenimbang ko) lan inyong kabéh ora bakal désiksa.” 698
698) Merga déné wong-wong sing padha mbangkang (kapir) kuwé padha olih kenékmatan sing gedhé neng dunya, mangka dhéwéké padha rumangsa détresnani déning Gusti Allah lan ora bakal kenang siksa neng akhérat,

قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٣٦
Qul inna rabbī yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdiru wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[36] Dhawuha, ”Temen, Pengéranku ngombérna rejeki tumrap sapa sing Penjenengané kersakna lan matesi (tumrap sapa sing Penjenengané kersakna). Ning akéh-akéhé menungsa padha ora ngaweruhi.”

وَمَآ اَمْوَالُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ بِالَّتِيْ تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفٰىٓ اِلَّا مَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًاۙ فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ جَزَاۤءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوْا وَهُمْ فِى الْغُرُفٰتِ اٰمِنُوْنَ٣٧
Wa mā amwālukum wa lā aulādukum bil-latī tuqarribukum ‘indanā zulfā illā man āmana wa ‘amila ṣāliḥā(n), fa'ulā'ika lahum jazā'uḍ-ḍi‘fi bimā ‘amilū wa hum fil-gurufāti āminūn(a).
[37] Lan udu bandha utawa anak-anakmu kabéh sing gawé péreké ko kabéh maring Ingsun; ning wong-wong sing padha precaya lan padha gawé kebecikan, wong-wong kuwé sing olih ganjaran tikel-tekuk ingatasé apa sing wis dhéwéké padha pergawé; lan dhéwéké padha ayem tentrem neng panggo-nan-panggonan sing dhuwur (neng suwarga).

وَالَّذِيْنَ يَسْعَوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ فِى الْعَذَابِ مُحْضَرُوْنَ٣٨
Wal-lażīna yas‘auna fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika fil-‘ażābi muḥḍarūn(a).
[38] Lan wong-wong sing padha ngupaya nglawan maring ayat-ayat-É Ingsun nggo ngasorna (murungna siksa Ingsun), wong-wong kuwé padha délebokna maring siksa.

قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُ لَهٗ ۗوَمَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهٗ ۚوَهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٣٩
Qul inna rabbī yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u min ‘ibādihī wa yaqdiru lah(ū), wa mā anfaqtum min syai'in fahuwa yukhlifuh(ū), wa huwa khairur-rāziqīn(a).
[39] Dhawuha, “Temen, Pengéranku ngombérna rejeki lan matesi kuwé tumrap sapa sing Penjenengané kersakna neng antarané kewula-kewula-Né.” Lan apa baé sing ko kabéh sumbangna (infak), Gusti Allah bakal paring ijol lan Penjenengané juru paring rejeki sing paling apik.

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا ثُمَّ يَقُوْلُ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اَهٰٓؤُلَاۤءِ اِيَّاكُمْ كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ٤٠
Wa yauma yaḥsyuruhum jamī‘an ṡumma yaqūlu lil-malā'ikati ahā'ulā'i iyyākum kānū ya‘budūn(a).
[40] Lan (élinga) neng dinané Gusti Allah ngumpulna wong-wong kuwé sekabéhé banjur Penjenengané dhawuh maring para malaékat, “Apa maring ko kabéh wong-wong kiyé gemiyén padha nyembah?”

قَالُوْا سُبْحٰنَكَ اَنْتَ وَلِيُّنَا مِنْ دُوْنِهِمْ ۚبَلْ كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ الْجِنَّ اَكْثَرُهُمْ بِهِمْ مُّؤْمِنُوْنَ٤١
Qālū subḥānaka anta waliyyunā min dūnihim, bal kānū ya‘budūnal-jinna akṡaruhum bihim mu'minūn(a).
[41] Para malaékat padha matur, “Mahasuci Penjenengan. Penjenengan pengayom kula sedaya, sanes tiyang-tiyang niku; malah kiyambeké sami empun nyembah jin, 699 kathah-kathahipun kiyambeké sami pitados dhateng jin niku.”
699) Jin sing duraka yakuwé sétan.

فَالْيَوْمَ لَا يَمْلِكُ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ نَّفْعًا وَّلَا ضَرًّا ۗوَنَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذُوْقُوْا عَذَابَ النَّارِ الَّتِيْ كُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ٤٢
Fal-yauma lā yamliku ba‘ḍukum liba‘ḍin naf‘aw wa ḍarrā(n), wa naqūlu lil-lażīna ẓalamū żūqū ‘ażāban-nāril-latī kuntum bihā tukażżibūn(a).
[42] Mangka neng dina kiyé sebagéané ko kabéh ora kewasa (nekakna) piguna utawa nolak rubéda (mudarat) maring sebagéan liya. Lan Ingsun dhawuhna maring wong-wong sing padha aniaya (dolim), “Padha rasakna déning ko kabéh siksa neraka sing gemiyén ko padha ora precaya.”

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالُوْا مَا هٰذَآ اِلَّا رَجُلٌ يُّرِيْدُ اَنْ يَّصُدَّكُمْ عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُكُمْ ۚوَقَالُوْا مَا هٰذَآ اِلَّآ اِفْكٌ مُّفْتَرًىۗ وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْۙ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٤٣
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālū mā hāżā illā rajuluy yurīdu ay yaṣuddakum ‘ammā kāna ya‘budu ābā'ukum, wa qālū mā hāżā illā ifkum muftarā(n), wa qālal-lażīna kafarū lil-ḥaqqi lammā jā'ahum, in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[43] Lan angger déwacakna maring dhéwéké ayat-ayat Ingsun sing cetha, wong-wong kuwé padha ngucap, “Wong kiyé ora liya mung kepéngin ngalang-alangi ko kabéh sekang apa sing désembah déning kaki-ninimu,” lan wong-wong kuwé padha ngucap, “(Al-Qur;an) kiyé ora liya mung gorohan sing mung dégawé-gawé.” Lan wong-wong kapir padha ngucap maring bebener rikala bebener (AlQur’an) kuwé teka maring dhéwéké kabéh, “Kiyé ora liya mung sihir sing nyata.”

وَمَآ اٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ كُتُبٍ يَّدْرُسُوْنَهَا وَمَآ اَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمْ قَبْلَكَ مِنْ نَّذِيْرٍۗ٤٤
Wa mā ātaināhum min kutubiy yadrusūnahā wa mā arsalnā ilaihim qablaka min nażīr(in).
[44] Lan Ingsun ora nglakon paring maring wong-wong kuwé kitab-kitab sing dhéwéké padha waca lan Ingsun ora nglakon ngutus wong sing awéh pengéling-éling maring dhéwéké kabéh seurungé sliramu (Muhammad).

وَكَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۙ وَمَا بَلَغُوْا مِعْشَارَ مَآ اٰتَيْنٰهُمْ فَكَذَّبُوْا رُسُلِيْۗ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ ࣖ٤٥
Wa każżabal-lażīna min qablihim, wa mā balagū mi‘syāra mā ātaināhum fakażżabū rusulī, fakaifa kāna nakīr(i).
[45] Lan wong-wong sing seurungé dhéwéké wis padha nggorohna (para utusan) anadéné wong-wong (kapir Mekah) kuwé urung nganti nampa seprasepuluhé sekang apa 700 sing wis Ingsun paringna maring wong-wong sing dhisit kuwé ning dhéwéké padha nggorohna para utusané Ingsun. Mangka (delengen) kaya apa nggilaniné akibat benduné Ingsun.
700) Peparingé Gusti Allah ngenani kepinteran lan kawruh, umur dawa, kekuwatan awak, sugih dunya brana lan liya-liyané.

۞ قُلْ اِنَّمَآ اَعِظُكُمْ بِوَاحِدَةٍۚ اَنْ تَقُوْمُوْا لِلّٰهِ مَثْنٰى وَفُرَادٰى ثُمَّ تَتَفَكَّرُوْاۗ مَا بِصَاحِبِكُمْ مِّنْ جِنَّةٍۗ اِنْ هُوَ اِلَّا نَذِيْرٌ لَّكُمْ بَيْنَ يَدَيْ عَذَابٍ شَدِيْدٍ٤٦
Qul innamā a‘iẓukum biwāḥidah(tin), an taqūmū lillāhi maṡnā wa furādā ṡumma tatafakkarū, mā biṣāḥibikum min jinnah(tin), in huwa illā nażīrul lakum baina yadai ‘ażābin syadīd(in).
[46] Dhawuha, “Inyong bakal ngélingna maring ko kabéh mung prekara siji, yakuwé supaya ko kabéh padha madhep maring Gusti Allah (kanthi tulus) loro-loro utawa dhéwék-dhéwék, 701 banjur padha pikirna (ngenani Muhammad). Batiré ko kabéh kuwé ora édan babar pisan. Dhéwéké ora liya mung wong sing awéh pengéling-éling maring ko kabéh seurungé (ngadhepi) siksa sing keras.”
701) “Loro-loro utawa siji-siji” tegesé olihé ngadhep maring Gusti Allah, banjur mikirna kahanané Kanjeng Nabi Muhammad kuwé apiké délakoni neng wektu sing sepi lan kiyé ora bisa délakoni neng kahanan ramé.

قُلْ مَا سَاَلْتُكُمْ مِّنْ اَجْرٍ فَهُوَ لَكُمْۗ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ ۚوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ٤٧
Qul mā sa'altukum min ajrin fahuwa lakum, in ajriya illā ‘alallāh(i), wa huwa ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[47] Dhawuha (Muhammad), “Upah apa baé sing inyong jaluk maring ko, mangka kuwé nggo ko kabéh. 702 Upahku mung sekang Gusti Allah lan Penjenengané Maha Ngawuningani samubarang kabéh.”
702) Kanjeng Nabi babar pisan ora njaluk upah maring wong-wong kuwé, ning sing déjaluk neng Kanjeng Nabi, dhéwéké padha precaya maring Gusti Allah. Lan precaya kuwé nggo kebegyané dhéwéké kabéh.

قُلْ اِنَّ رَبِّيْ يَقْذِفُ بِالْحَقِّۚ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ٤٨
Qul inna rabbī yaqżifu bil-ḥaqq(i), ‘allāmul-guyūb(i).
[48] Dhawuha, “Setemené Pengéranku wis mahyokna bebener. Penjenengané Maha Ngawuningani sekabéh sing ora katon (gaib).”

قُلْ جَاۤءَ الْحَقُّ وَمَا يُبْدِئُ الْبَاطِلُ وَمَا يُعِيْدُ٤٩
Qul jā'al-ḥaqqu wa mā yubdi'ul-bāṭilu wa mā yu‘īd(u).
[49] Dhawuha, “Bebener wis teka, sing salah (batil) ora bakal ngawiti lan ora (uga) bakal mbaléni.” 703
703) Angger bebener wis teka mangka sing luput (batil) bakal ajur mumur lan ora bisa polah apa-apa nggo nglawan lan ngrubuhna bebener kuwé.

قُلْ اِنْ ضَلَلْتُ فَاِنَّمَآ اَضِلُّ عَلٰى نَفْسِيْۚ وَاِنِ اهْتَدَيْتُ فَبِمَا يُوْحِيْٓ اِلَيَّ رَبِّيْۗ اِنَّهٗ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ٥٠
Qul in ḍalaltu fa'innamā aḍillu ‘alā nafsī, wa inihtadaitu fabimā yūḥī ilayya rabbī, innahū samī‘un qarīb(un).
[50] Dhawuha, “Angger inyong kesasar mangka setemené inyong kesasar nggo awaku dhéwék, lan angger inyong olih pituduh mangka kuwé jalaran apa sing déwahyokna déning Pengéranku maring inyong. Temen, Penjenengané Maha Midhanget, Mahacaket.“

وَلَوْ تَرٰىٓ اِذْ فَزِعُوْا فَلَا فَوْتَ وَاُخِذُوْا مِنْ مَّكَانٍ قَرِيْبٍۙ٥١
Wa lau tarā iż fazi‘ū falā fauta wa ukhiżū mim makānin qarīb(in).
[51] Lan (kaya apa keriné) angger sliramu weruh dhéwéké (wong-wong kapir) rikala padha njimprak kamigilan (neng dina Kiyamat); banjur dhéwéké ora padha uwal lan dhéwéké dedikep sekang panggonan sing pérek (nggo degawa maring neraka),

وَّقَالُوْٓا اٰمَنَّا بِهٖۚ وَاَنّٰى لَهُمُ التَّنَاوُشُ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍۚ٥٢
Wa qālū āmannā bih(ī), wa annā lahumut-tanāwusyu mim makānim ba‘īd(in).
[52] lan (rikala) dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh padha precaya maring Gusti Allah.” Ning kepriwé olihé dhéwéké padha bisa ngranggéh (precaya) sekang panggonan sing adoh? 704
704) Sewisé dhéwéké padha weruh kaya apa nggilaniné siksa neng dina Kiyamat kuwé mangka dhéwéké nembé padha gelem precaya maring Gusti Allah lan Utusan-É, mangkané papan nggo precaya kuwé wis adoh pisan yakuwé neng dunya.

وَقَدْ كَفَرُوْا بِهٖ مِنْ قَبْلُۚ وَيَقْذِفُوْنَ بِالْغَيْبِ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍۚ٥٣
Wa qad kafarū bihī min qabl(u), wa yaqżifūna bil-gaibi mim makānim ba‘īd(in).
[53] Lan temen, wong-wong mau wis padha ngingkari Gusti Allah seurungé kuwé; lan dhéwéké padha nggorohna ngenani sing samar (gaib) sekang panggonan sing adoh.

وَحِيْلَ بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ مَا يَشْتَهُوْنَۙ كَمَا فُعِلَ بِاَشْيَاعِهِمْ مِّنْ قَبْلُۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا فِيْ شَكٍّ مُّرِيْبٍ ࣖ٥٤
Wa ḥīla bainahum wa baina mā yasytahūn(a), kamā fu‘ila bi'asy-yā‘ihim min qabl(u), innahum fī syakkim murīb(in).
[54] Lan déwéhi palangan antarané dhéwéké kabéh karo apa sing dhéwéké padha kepéngini 705 kayadéné sing délakokna ingatasé wong-wong kuna sing sepaham karo dhéwéké kabéh. Setemené wong-wong kuwé gemiyén (neng dunya) ana neng sejeroné kemamangan sing banget.
705) Sing dekepingini déning wong-wong kuwé, precaya maring Gusti Allah utawa bali maring dunya nggo mertobat.