Surah Al-Ahzab
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اتَّقِ اللّٰهَ وَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۙ١
Yā ayyuhan-nabiyyuttaqillāha wa lā tuṭi‘il-kāfirīna wal-munāfiqīn(a), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[1]
Hé Nabi! Semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan aja pisan-pisan sliramu nuruti (kepénginané) wong-wong sing mbangkang (kapir) lan wong-wong lamis (munapék). Setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana,
وَّاتَّبِعْ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًاۙ٢
Wattabi‘ mā yūḥā ilaika mir rabbik(a), innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[2]
lan tutna apa sing déwahyokna déning Pengéranmu maring sliramu. Temen, Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing sliramu pergawé,
وَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٣
Wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[3]
lan semaraha (takwa) maring Gusti Allah, lan cukup Gusti Allah sing mbaureksa.
مَا جَعَلَ اللّٰهُ لِرَجُلٍ مِّنْ قَلْبَيْنِ فِيْ جَوْفِهٖ ۚوَمَا جَعَلَ اَزْوَاجَكُمُ الّٰـِٕۤيْ تُظٰهِرُوْنَ مِنْهُنَّ اُمَّهٰتِكُمْ ۚوَمَا جَعَلَ اَدْعِيَاۤءَكُمْ اَبْنَاۤءَكُمْۗ ذٰلِكُمْ قَوْلُكُمْ بِاَفْوَاهِكُمْ ۗوَاللّٰهُ يَقُوْلُ الْحَقَّ وَهُوَ يَهْدِى السَّبِيْلَ٤
Mā ja‘alallāhu lirajulim min qalbaini fī jaufih(ī), wa mā ja‘ala azwājakumul-lā'ī tuẓāhirūna minhunna ummahātikum, wa mā ja‘ala ad‘iyā'akum abnā'akum, żālikum qaulukum bi'afwāhikum, wallāhu yaqūlul-ḥaqqa wa huwa yahdis-sabīl(a).
[4]
Gusti Allah ora ndadékna nggo sewiji wong atiné loro neng dhadhané, lan Gusti Allah ora ndadékna bojo-bojomu sing wis désupatani zihar 663 kuwé dadi biyungmu, lan Penjeneng-ané ora ndadékna anak puponmu dadi anakmu cer. Sing mengkana kuwé, mung ucapan neng lésanmu baé. Gusti Allah ngendikakna sing sejati lan Penjenengané paring weruh (maring) dalan (sing bener).
663) Zihar kuwé ucapané wong lanang maring bojoné, “Gigirmu haram tumrap Inyong kayadéné gigiré biyungku,” utawa ucapan liya sing sepadhan. Kuwé dadi padatané wong Arab Jahiliyah, lamon wong lanang ngucap kaya kuwé maring bojoné, dadiné si bojo déharamna nggo dhéwéké selawasé. Ning bareng Islam teka, apa sing déharamna selawasé kuwé debusek, lan bojo-bojo kuwé bali halal tumrap sing lanang kanthi mbayar kafarat (dhendha).
اُدْعُوْهُمْ لِاٰبَاۤىِٕهِمْ هُوَ اَقْسَطُ عِنْدَ اللّٰهِ ۚ فَاِنْ لَّمْ تَعْلَمُوْٓا اٰبَاۤءَهُمْ فَاِخْوَانُكُمْ فِى الدِّيْنِ وَمَوَالِيْكُمْ ۗوَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ فِيْمَآ اَخْطَأْتُمْ بِهٖ وَلٰكِنْ مَّا تَعَمَّدَتْ قُلُوْبُكُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥
Ud‘ūhum li'ābā'ihim huwa aqsaṭu ‘indallāh(i), fa illam ta‘lamū ābā'ahum fa ikhwānukum fid-dīni wa mawālīkum, wa laisa ‘alaikum junāḥun fīmā akhṭa'tum bihī wa lākim mā ta‘ammadat qulūbukum, wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[5]
Celuka (anak-anak pupon kuwé) nganggo arané ramané dhéwék-dhéwék; kuwé sing lewih patrap neng sisihé Gusti Allah, lan angger sliramu ora ngerti sapa ramané (bo-cah-bocah kuwé), mangka (sebuta dhéwéké kabéh minangka) sedulur-sedulur tunggal agama, lan maula-maulamu. 664 Lan ora nana dosa tumrapmu angger sliramu kelalén ngenani kuwé, ning (sing ana dosané) apa sing desengaja déning atimu. Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
664) Maula-maula kuwé batur tukon sing wis merdhéka utawa wong sing dadi anak pupon, kayadéné Salim anak puponé Huzaifah, deceluké Maula Huzaifah.
اَلنَّبِيُّ اَوْلٰى بِالْمُؤْمِنِيْنَ مِنْ اَنْفُسِهِمْ وَاَزْوَاجُهٗٓ اُمَّهٰتُهُمْ ۗوَاُولُوا الْاَرْحَامِ بَعْضُهُمْ اَوْلٰى بِبَعْضٍ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُهٰجِرِيْنَ اِلَّآ اَنْ تَفْعَلُوْٓا اِلٰٓى اَوْلِيَاۤىِٕكُمْ مَّعْرُوْفًا ۗ كَانَ ذٰلِكَ فِى الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا٦
An-nabiyyu aulā bil-mu'minīna min anfusihim wa azwājuhū ummahātuhum, wa ulul-arḥāmi ba‘ḍuhum aulā biba‘ḍin fī kitābillāhi minal-mu'minīna wal-muhājirīna illā an taf‘alū ilā auliyā'ikum ma‘rūfā(n), kāna żālika fil-kitābi masṭūrā(n).
[6]
Nabi kuwé lewih utama tumrap wong-wong sing padha precaya (mukmin) tenimbang awak-awaké dhéwék 665 lan garwa-garwané (nabi) dadi biyung-biyungé wong mukmin. Wong-wong sing padha duwé tali pesedu-luran (kerabat) antarané siji lan sijiné lewih utama (neng prekara waris-warisan) neng kitabé Gusti Allah tenimbang wong-wong mukmin (liya) lan wong-wong boyongan (muhajirin), kejaba angger ko padha karep gawé kebagusan 666 maring sedulur-sedulur-mu (tunggal agama). Mengkana kuwé sing wis ketulis neng Kitabé (Gusti Allah).
665) Wong-wong mukmin padha lewih tresna maring Nabiné, ngungkuli tresnané maring awaké dhéwék.
666) Gawé apik neng kéné tegesé awéh wasiyat waris sing ora lewih sekang sepertelon bandhané.
وَاِذْ اَخَذْنَا مِنَ النَّبِيّٖنَ مِيْثَاقَهُمْ وَمِنْكَ وَمِنْ نُّوْحٍ وَّاِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى وَعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ ۖوَاَخَذْنَا مِنْهُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًاۙ٧
Wa iż akhażnā minan-nabiyyīna mīṡāqahum wa minka wa min nūḥiw wa ibrāhīma wa mūsā wa ‘īsabni maryam(a), wa akhażnā minhum mīṡāqan galīẓā(n).
[7]
Lan (élinga) rikala Ingsun mundhut janji sekang para nabi, karo sliramu pribadi, karo Nuh, karo Ibrahim, karo Musa lan karo Isa anak lanangé Maryam, lan Ingsun wis mundhut sekang dhéwéké (nabi-nabi) janji sing teguh, 667
667) Kesanggupané mbutulna agama maring umaté dhéwék-dhéwék.
لِّيَسْـَٔلَ الصّٰدِقِيْنَ عَنْ صِدْقِهِمْ ۚوَاَعَدَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ٨
Liyas'alaṣ-ṣādiqīna ‘an ṣidqihim, wa a‘adda lil-kāfirīna ‘ażāban alīmā(n).
[8]
supaya Penjenengané mundhut priksa maring wong-wong sing padha bener (para nabi) ngenani beneré dhéwéké kabéh. 668 Penjenengané nyedhiakna siksa sing perih nggo wong-wong sing mbangkang (kapir).
668) Neng dina Kiyamat, Gusti Allah bakal mundhut priksa maring para nabi butul ngendi usahané mbutulna piwulang-piwulangé Gusti Allah maring umaté, lan butul ngendi umaté olihé ngleksanakna piwulangé Gusti Allah kuwé.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ جَاۤءَتْكُمْ جُنُوْدٌ فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا وَّجُنُوْدًا لَّمْ تَرَوْهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرًاۚ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż jā'atkum junūdun fa'arsalnā ‘alaihim rīḥaw wa junūdal lam tarauhā, wa kānallāhu bimā ta‘malūna baṣīrā(n).
[9]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha élinga maring nékmat (sekang) Gusti Allah (sing wis déparingna) maring ko kabéh rikala wadyabala (musuh) nglurug ko kabéh, banjur Ingsun tekakna maring dhéwéké kabéh angin lisus lan wadyabala sing ora keton déning ko kabéh. 669 Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko padha pergawé.
669) Ayat kiyé nerangna critané Ahzab yakuwé golongan-golongan sing détumpes sejeroné Perang Khandaq merga nglawan Gusti Allah lan Utusan-É. Sing démaksud wadyabala sing ora keton kuwé para malaékat sing sengaja déturunaken déning Gusti Allah nggo numpes mungsuh-mungsuhé Gusti Allah kuwé.
اِذْ جَاۤءُوْكُمْ مِّنْ فَوْقِكُمْ وَمِنْ اَسْفَلَ مِنْكُمْ وَاِذْ زَاغَتِ الْاَبْصَارُ وَبَلَغَتِ الْقُلُوْبُ الْحَنَاجِرَ وَتَظُنُّوْنَ بِاللّٰهِ الظُّنُوْنَا۠ ۗ١٠
Iż jā'ūkum min fauqikum wa min asfala minkum wa iż zāgatil-abṣāru wa balagatil-qulūbul-ḥanājira wa taẓunnūna billāhiẓ-ẓunūnā.
[10]
(Yakuwé) rikala wong-wong padha nglurug ko kabéh sekang prenah ndhuwur lan prenah ngisormu, lan rikala pendeleng(mu) padha pating pentheleng (kagét) lan atimu nyesek butul maring gulu 670 lan ko padha nyana sing ora-ora maring Gusti Allah.
670) Nggambarna sepira gedhéné rasa wedi lan gemeteré wektu kuwé.
هُنَالِكَ ابْتُلِيَ الْمُؤْمِنُوْنَ وَزُلْزِلُوْا زِلْزَالًا شَدِيْدًا١١
Hunālikabtuliyal-mu'minūna wa zulzilū zilzālan syadīdā(n).
[11]
Neng kono kuwé wong-wong mukmin déuji lan degoncang (atiné) kanthi goncangan sing ngedab-edabi.
وَاِذْ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ مَّا وَعَدَنَا اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اِلَّا غُرُوْرًا١٢
Wa iż yaqūlul-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍum mā wa‘adanallāhu wa rasūluhū illā gurūrā(n).
[12]
Lan (élinga) rikala wong-wong sing padha lamis (munapék) lan wong-wong sing atiné prenyakitén padha ngucap, “Sing déjanjékna déning Gusti Allah lan Utusan-É maring inyong kabéh ora liya mung apus-apus.”
وَاِذْ قَالَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ يٰٓاَهْلَ يَثْرِبَ لَا مُقَامَ لَكُمْ فَارْجِعُوْا ۚوَيَسْتَأْذِنُ فَرِيْقٌ مِّنْهُمُ النَّبِيَّ يَقُوْلُوْنَ اِنَّ بُيُوْتَنَا عَوْرَةٌ ۗوَمَا هِيَ بِعَوْرَةٍ ۗاِنْ يُّرِيْدُوْنَ اِلَّا فِرَارًا١٣
Wa iż qālat ṭā'ifatum minhum yā ahla yaṡriba lā muqāma lakum farji‘ū, wa yasta'żinu farīqum minhumun-nabiyya yaqūlūna inna buyūtanā ‘aurah(tun), wa mā hiya bi‘aurah(tin), iy yurīdūna illā firārā(n).
[13]
Lan (élinga) rikala salah sijiné golongan sekang wong-wong kuwé padha ngucap, “Hé warga Yasrib (Medinah)! Wis ora nana panggonan nggo ko kabéh, merga kuwé ko padha balia.” Lan sebagéané wong-wong kuwé padha njaluk idin maring Kanjeng Nabi (arep padha bali) kanthi ngucap, “Setemené umahé inyong kabéh padha ngablag (ora nana sing njaga).” Mangkané umah-umah kuwé ora padha ngablag, wong-wong kuwé mung padha kepéngin mlayu (wedi perang).
وَلَوْ دُخِلَتْ عَلَيْهِمْ مِّنْ اَقْطَارِهَا ثُمَّ سُىِٕلُوا الْفِتْنَةَ لَاٰتَوْهَا وَمَا تَلَبَّثُوْا بِهَآ اِلَّا يَسِيْرًا١٤
Wa lau dukhilat ‘alaihim min aqṭārihā ṡumma su'ilul-fitnata la'ātauhā wa mā talabbaṡū bihā illā yasīrā(n).
[14]
Lan angger (Yasrib) deserang sekang ngendi-ora, banjur wong-wong kuwé (munapék) padha dépréntah supaya gawé kisruh, mesthi dhéwéké padha temandang; lan mung sedhéla baé dhéwéké olihé padha ngenteni.
وَلَقَدْ كَانُوْا عَاهَدُوا اللّٰهَ مِنْ قَبْلُ لَا يُوَلُّوْنَ الْاَدْبَارَ ۗوَكَانَ عَهْدُ اللّٰهِ مَسْـُٔوْلًا١٥
Wa laqad kānū ‘āhadullāha min qablu lā yuwallūnal-adbār(a), wa kāna ‘ahdullāhi mas'ūlā(n).
[15]
Lan temen, wong-wong lamis (munapék) kuwé seurungé wis padha janji maring Gusti Allah, ora bakal padha mbalik maring mburi (mundur). Lan janjiné maring Gusti Allah kuwé bakal déjaluki tanggungjawabé.
قُلْ لَّنْ يَّنْفَعَكُمُ الْفِرَارُ اِنْ فَرَرْتُمْ مِّنَ الْمَوْتِ اَوِ الْقَتْلِ وَاِذًا لَّا تُمَتَّعُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا١٦
Qul lay yanfa‘akumul-firāru in farartum minal-mauti awil-qatli wa iżal lā tumatta‘ūna illā qalīlā(n).
[16]
Dhawuha sliramu (Muhammad), “Mlayu ora nana gunané tumrap ko kabéh, angger ko padha mlayu sekang pati utawa rajapati, lan angger mengkana (ko padha bisa indha sekang pati) ko kabéh mung bakal bisa seneng-seneng sedhéla thok.”
قُلْ مَنْ ذَا الَّذِيْ يَعْصِمُكُمْ مِّنَ اللّٰهِ اِنْ اَرَادَ بِكُمْ سُوْۤءًا اَوْ اَرَادَ بِكُمْ رَحْمَةً ۗوَلَا يَجِدُوْنَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٧
Qul man żal-lażī ya‘ṣimukum minallāhi in arāda bikum sū'an au arāda bikum raḥmah(tan), wa lā yajidūna lahum min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[17]
Dhawuha, “Sapa wongé sing bisa ngayomi ko kabéh sekang (pepesthéné) Gusti Allah angger Penjenengané ngersakna bebaya (temiba) ingatasé ko kabéh utawa ngersakna kewelasan (rahmat) maring ko kabéh?” Dhéwéké (wong munapék) kuwé ora bakal padha olih pengayom lan sing tulung seliyané Gusti Allah.
۞ قَدْ يَعْلَمُ اللّٰهُ الْمُعَوِّقِيْنَ مِنْكُمْ وَالْقَاۤىِٕلِيْنَ لِاِخْوَانِهِمْ هَلُمَّ اِلَيْنَا ۚوَلَا يَأْتُوْنَ الْبَأْسَ اِلَّا قَلِيْلًاۙ١٨
Qad ya‘lamullāhul-mu‘awwiqīna minkum wal-qā'ilīna li'ikhwānihim halumma ilainā, wa lā ya'tūnal-ba'sa illā qalīlā(n).
[18]
Temen, Gusti Allah ngawuningani wong-wong sing padha ngalang-alangi neng antarané ko kabéh lan wong-wong sing ngucap maring sedulur-seduluré, “Padha ngénéha bareng karo inyong kabéh.” Ning wong-wong kuwé nekani perang mung sedhéla,
اَشِحَّةً عَلَيْكُمْ ۖ فَاِذَا جَاۤءَ الْخَوْفُ رَاَيْتَهُمْ يَنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ تَدُوْرُ اَعْيُنُهُمْ كَالَّذِيْ يُغْشٰى عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِۚ فَاِذَا ذَهَبَ الْخَوْفُ سَلَقُوْكُمْ بِاَلْسِنَةٍ حِدَادٍ اَشِحَّةً عَلَى الْخَيْرِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَمْ يُؤْمِنُوْا فَاَحْبَطَ اللّٰهُ اَعْمَالَهُمْۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا١٩
Asyiḥḥatan ‘alaikum, fa iżā jā'al-khaufu ra'aitahum yanẓurūna ilaika tadūru a‘yunuhum kal-lażī yugsyā ‘alaihi minal-maut(i), fa iżā żahabal-khaufu salaqūkum bi'alsinatin ḥidādin asyiḥḥatan ‘alal-khair(i), ulā'ika lam yu'minū fa aḥbaṭallāhu a‘mālahum, wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[19]
dhéwéké padha medhit (kebecikan) maring ko kabéh. Angger lagi teka wewedi (bebaya), ko weruh wong-wong kuwé padha nyawang ko kanthi mata plarak-plirik kaya wong sing semaput utawa arep mati, lan angger bebayané wis ilang, dhéwéké kuwé padha ngala-ala ko nganggo ilat (pengucap) sing landhep, lan dhéwéké padha medhit maring temindak kebecikan. Wong-wong kuwé padha ora precaya, dadi Gusti Allah mbusek (ganjaran) kebecikané. Lan sing mengkana kuwé gampang mungguh Gusti Allah.
يَحْسَبُوْنَ الْاَحْزَابَ لَمْ يَذْهَبُوْا ۚوَاِنْ يَّأْتِ الْاَحْزَابُ يَوَدُّوْا لَوْ اَنَّهُمْ بَادُوْنَ فِى الْاَعْرَابِ يَسْاَلُوْنَ عَنْ اَنْۢبَاۤىِٕكُمْ ۗوَلَوْ كَانُوْا فِيْكُمْ مَّا قٰتَلُوْٓا اِلَّا قَلِيْلًا ࣖ٢٠
Yaḥsabūnal-aḥzāba lam yażhabū, wa iy ya'til aḥzābu yawaddū lau annahum bādūna fil a‘rābi yas'alūna ‘an ambā'ikum, wa lau kānū fīkum mā qātalū illā qalīlā(n).
[20]
Dhéwéké (wong-wong munapék) padha ngira (lamon) golongan-golongan (sing padha gabungan) kuwé urung lunga, lan angger golongan-golongan (gabungan) teka maning mesthi wong-wong munapék kuwé kepéngin manggon neng dhukuh-dhukuh bareng wong Badui (Arab pedésan), karo nakokna wertané ko kabéh. Lan sekirané wong-wong mau padha bareng karo ko kabéh, dhéwéké ora bakal padha perang kejaba mung sedhéla thok.
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ٢١
Laqad kāna lakum fī rasūlillāhi uswatun ḥasanatul liman kāna yarjullāha wal yaumal ākhira wa żakarallāha kaṡīrā(n).
[21]
Temen, wis ana neng (pribadiné) Rasulullah kuwé tuladha sing apik nggo ko kabéh (yakuwé) nggo wong-wong sing padha ngarep-arep (kewelasané) Gusti Allah lan tekané dina Kiyamat lan sing akéh élingé maring Gusti Allah.
وَلَمَّا رَاَ الْمُؤْمِنُوْنَ الْاَحْزَابَۙ قَالُوْا هٰذَا مَا وَعَدَنَا اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَصَدَقَ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ ۖوَمَا زَادَهُمْ اِلَّآ اِيْمَانًا وَّتَسْلِيْمًاۗ٢٢
Wa lammā ra'al-mu'minūnal-aḥzāb(a), qālū hāżā mā wa‘adanallāhu wa rasūluhū wa ṣadaqallāhu wa rasūluh(ū), wa mā zādahum illā īmānaw wa taslīmā(n).
[22]
Lan rikala wong-wong mukmin weruh golongan-golongan (sing padha gabungan) kuwé, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé sing déjanjékna déning Gusti Allah lan Utusan- É 671 maring inyong kabéh.” Lan pancén bener Gusti Allah lan Utusan-É. Lan sing mengkana kuwé nambahi olihé padha precaya lan islamé dhéwéké kabéh.
671) Sing déjanjékna déning Gusti Allah lan Utusan-É yakuwé kemenangan sewisé ngalami kangélan.
مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ رِجَالٌ صَدَقُوْا مَا عَاهَدُوا اللّٰهَ عَلَيْهِ ۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ قَضٰى نَحْبَهٗۙ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّنْتَظِرُ ۖوَمَا بَدَّلُوْا تَبْدِيْلًاۙ٢٣
Minal-mu'minīna rijālun ṣadaqū mā ‘āhadullāha ‘alaih(i), faminhum man qaḍā naḥbah(ū), wa minhum may yantaẓir(u), wa mā baddalū tabdīlā(n).
[23]
Lan neng antarané wong-wong mukmin kuwé ana wong sing padha netepi apa sing wis dhéwéké padha janjékna maring Gusti Allah. Lan ana neng antarané wong-wong kuwé ana sing tiwas lan neng antarané wong-wong kuwé ana (uga) sing nunggu-nunggu 672 lan dhéwéké semendhing baé ora padha ngowahi (janjiné),
672) Ngenténi apa sing wis déjanjékna déning Gusti Allah maring dhéwéké.
لِّيَجْزِيَ اللّٰهُ الصّٰدِقِيْنَ بِصِدْقِهِمْ وَيُعَذِّبَ الْمُنٰفِقِيْنَ اِنْ شَاۤءَ اَوْ يَتُوْبَ عَلَيْهِمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ٢٤
Liyajziyallāhuṣ-ṣādiqīna biṣidqihim wa yu‘ażżibal-munāfiqīna in syā'a au yatūba ‘alaihim, innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[24]
supaya Gusti Allah paring piwales (ganjaran) maring wong-wong sing padha bener kuwé merga beneré, lan nyiksa wong-wong sing lamis (munapék) angger Penjenengané ngersakna, utawa nampa tobaté dhéwéké kabéh. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
وَرَدَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِغَيْظِهِمْ لَمْ يَنَالُوْا خَيْرًا ۗوَكَفَى اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ الْقِتَالَ ۗوَكَانَ اللّٰهُ قَوِيًّا عَزِيْزًاۚ٢٥
Wa raddallāhul-lażīna kafarū bigaiẓihim lam yanālū khairā(n), wa kafallāhul-mu'minīnal-qitāl(a), wa kānallāhu qawiyyan ‘azīzā(n).
[25]
Lan Gusti Allah nyingkirna wong-wong kapir kuwé sing kahanané dhéwéké ésih padha jéngkél, merga dhéwéké (uga) padha ora olih untung apa-apa. Cukup Gusti Allah (sing nulungi) ngedohna wong-wong mukmin neng peperangan. 673 Lan Gusti Allah Mahakuwat, Maha Digdaya.
673) Sejeroné Perang Khandaq wong-wong mukmin ora nglakoni perang merga Gusti Allah wis nyingkirna mungsuhé kanthi nurunaken angin gedhé lan para malaékat.
وَاَنْزَلَ الَّذِيْنَ ظَاهَرُوْهُمْ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مِنْ صَيَاصِيْهِمْ وَقَذَفَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الرُّعْبَ فَرِيْقًا تَقْتُلُوْنَ وَتَأْسِرُوْنَ فَرِيْقًاۚ٢٦
Wa anzalal-lażīna ẓāharūhum min ahlil-kitābi min ṣayāṣīhim wa qażafa fī qulūbihimur-ru‘ba farīqan taqtulūna wa ta'sirūna farīqā(n).
[26]
Lan Penjenengané wis nurunaken wong-wong Ahli Kitab (Bani Quraizah) sing padha ngrewangi dhéwéké (golongan-golongan sing padha gabungan) sekang bénténg-bénténgé, lan Penjenengané nglebokna rasa wedi maring njero atiné wong-wong kuwé. Sebagéané dhéwéké padha ko paténi lan sebagéan liyané padha ko kabéh tawan. 674
674) Sewisé golongan-golongan sing padha gabungan kocar-kacir, mangka Gusti Allah dhawuh maring Kanjeng Nabi supaya numpes Bani Quraizah (Ahli Kitab) lan ngurak dhéwéké kabéh sekang bénténg-bénténgé, banjur sekabéh wong lanangé sing mélu perang dépaténi, wong-wong wadoné karo bocah-bocah détawan.
وَاَوْرَثَكُمْ اَرْضَهُمْ وَدِيَارَهُمْ وَاَمْوَالَهُمْ وَاَرْضًا لَّمْ تَطَـُٔوْهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرًا ࣖ٢٧
Wa auraṡakum arḍahum wa diyārahum wa amwālahum wa arḍal lam taṭa'ūhā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'in qadīrā(n).
[27]
Lan Penjenengané marisna maring ko kabéh tanah-tanah, umah-umah lan bandha-bandhané dhéwéké, (semana uga) tanah sing urung ko kabéh padha ambah. 675 Lan Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
675) Tanah-tanah sing bakal déleboni déning wadyabala Islam.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ اِنْ كُنْتُنَّ تُرِدْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا وَزِيْنَتَهَا فَتَعَالَيْنَ اُمَتِّعْكُنَّ وَاُسَرِّحْكُنَّ سَرَاحًا جَمِيْلًا٢٨
Yā ayyuhan-nabiyyu qul li'azwājika in kuntunna turidnal-ḥayātad-dun-yā wa zīnatahā fa ta‘ālaina umatti‘kunna wa usarriḥkunna sarāḥan jamīlā(n).
[28]
Hé Nabi! Dhawuha maring garwa-garwamu, “Angger ko kabéh padha kepéngin penguri-pan neng dunya lan pepaésé, mangka padha ngénéha supaya inyong wéhna maring ko kabéh mut’ah lan inyong pegat ko kabéh kanthi cara sing becik.”
وَاِنْ كُنْتُنَّ تُرِدْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَالدَّارَ الْاٰخِرَةَ فَاِنَّ اللّٰهَ اَعَدَّ لِلْمُحْسِنٰتِ مِنْكُنَّ اَجْرًا عَظِيْمًا٢٩
Wa in kuntunna turidnallāha wa rasūlahū wad-dāral-ākhirata fa innallāha a‘adda lil-muḥsināti minkunna ajran ‘aẓīmā(n).
[29]
Lan angger ko padha kepéngin (milih) Gusti Allah, Utusan-É lan negari akhérat, mangka setemené Gusti Allah wis ngancengi ganjaran gedhé nggo sapa sing padha nglakoni kebecikan neng antarané ko kabéh.
يٰنِسَاۤءَ النَّبِيِّ مَنْ يَّأْتِ مِنْكُنَّ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ يُّضٰعَفْ لَهَا الْعَذَابُ ضِعْفَيْنِۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا ۔٣٠
Yā nisā'an-nabiyyi may ya'ti minkunna bifāḥisyatim mubayyinatiy yuḍā‘af lahal-‘ażābu ḍi‘fain(i), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[30]
Hé garwa-garwané Nabi! Sapa baé neng antarané ko kabéh sing nglakoni pegawéan kotor sing nyata, mesthi siksané detikelna lipet pindho. Lan sing mengkana kuwé gampang mungguhe Gusti Allah.
۞ وَمَنْ يَّقْنُتْ مِنْكُنَّ لِلّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتَعْمَلْ صَالِحًا نُّؤْتِهَآ اَجْرَهَا مَرَّتَيْنِۙ وَاَعْتَدْنَا لَهَا رِزْقًا كَرِيْمًا٣١
Wa may yaqnut minkunna lillāhi wa rasūlihī wa ta‘mal ṣāliḥan nu'tihā ajrahā marratain(i), wa a‘tadnā lahā rizqan karīmā(n).
[31]
Lan sapa neng antarané ko kabéh (garwa-garwané Nabi) manut maring Gusti Allah lan Utusan-É lan nglakoni kebecikan, Ingsun bakal paringi ganjaran maring dhéwéké tikel pindho lan Ingsun sedhiakna rejeki sing mulya nggo dhéwéké.
يٰنِسَاۤءَ النَّبِيِّ لَسْتُنَّ كَاَحَدٍ مِّنَ النِّسَاۤءِ اِنِ اتَّقَيْتُنَّ فَلَا تَخْضَعْنَ بِالْقَوْلِ فَيَطْمَعَ الَّذِيْ فِيْ قَلْبِهٖ مَرَضٌ وَّقُلْنَ قَوْلًا مَّعْرُوْفًاۚ٣٢
Yā nisā'an-nabiyyi lastunna ka'aḥadim minan-nisā'i inittaqaitunna falā takhḍa‘na bil-qauli fa yaṭma‘al-lażī fī qalbihī maraḍuw wa qulna qaulam ma‘rūfā(n).
[32]
Hé para garwa Nabi! Ko kabéh ora padha karo wong-wong wadon sing liya, angger ko kabéh padha semarah (takwa), mangka aja pisan-pisan ngasor (ngalus-alusna sewara) 676 sejeroné wicara saéngga tangi brahiné wong sing ana prenyakit neng atiné 677 ning ngucapa kanthi pengucap sing becik.
676) Sing démaksud ngasor neng kéné yakuwé wicara kanthi cara sing bisa gawé wani wong lanang liya temindak ala maring dhéwéké.
677) Maksudé wong sing duwé niyat ala maring wong wadon, umpamané jinah.
وَقَرْنَ فِيْ بُيُوْتِكُنَّ وَلَا تَبَرَّجْنَ تَبَرُّجَ الْجَاهِلِيَّةِ الْاُوْلٰى وَاَقِمْنَ الصَّلٰوةَ وَاٰتِيْنَ الزَّكٰوةَ وَاَطِعْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗاِنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُذْهِبَ عَنْكُمُ الرِّجْسَ اَهْلَ الْبَيْتِ وَيُطَهِّرَكُمْ تَطْهِيْرًاۚ٣٣
Wa qarna fī buyūtikunna wa lā tabarrajna tabarrujal-jāhiliyyatil-ūlā wa aqimnaṣ-ṣalāta wa ātīnaz-zakāta wa aṭi‘nallāha wa rasūlah(ū), innamā yurīdullāhu liyużhiba ‘ankumur-rijsa ahlal-baiti wa yuṭahhirakum taṭhīrā(n).
[33]
Lan preyogané ko kabéh padha tetep neng umahmu 678 lan aja pisan-pisan ko padha ngudi-selira (dandan) lan (polah) kayadéné wong-wong jahiliyah gemiyén, 679 lan leksanakna sembayang, nglunasi jakat lan manuta maring Gusti Allah lan Utusan-É. Setemené Gusti Allah ngersakna ngilangi dosa sekang awakmu kabéh, hé ahlulbait 680 lan mbresihna awakmu kabéh kanthi sebrésih-brésihé.
678) Supayané garwa-garwané Rasul tetep manggon neng njero umah, lan olih metu angger ana perlu sing debenerna déning syara’.
679) Sing démaksud Jahiliyah gemiyén yakuwé jahiliyah kekapiran seurungé Nabi Muhammad s.a.w lan sing démaksud Jahiliyah siki yakuwé jahiliyah kemaksiyatan sewisé ana Islam.
680) Ahlul bait tegesé keluwarga balesomahe Rasulullah s.a.w.
وَاذْكُرْنَ مَا يُتْلٰى فِيْ بُيُوْتِكُنَّ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ وَالْحِكْمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ لَطِيْفًا خَبِيْرًا ࣖ٣٤
Ważkurna mā yutlā fī buyūtikunna min āyātillāhi wal-ḥikmah(ti), innallāha kāna laṭīfan khabīrā(n).
[34]
Lan élinga (maring) apa sing déwacakna neng umahmu sekang ayat-ayat-É Gusti Allah lan hikmah (sunahé Nabimu). Temen, Gusti Allah Mahaalus, Maha Ngawuningani.
اِنَّ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمٰتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ وَالْقٰنِتِيْنَ وَالْقٰنِتٰتِ وَالصّٰدِقِيْنَ وَالصّٰدِقٰتِ وَالصّٰبِرِيْنَ وَالصّٰبِرٰتِ وَالْخٰشِعِيْنَ وَالْخٰشِعٰتِ وَالْمُتَصَدِّقِيْنَ وَالْمُتَصَدِّقٰتِ وَالصَّاۤىِٕمِيْنَ وَالصّٰۤىِٕمٰتِ وَالْحٰفِظِيْنَ فُرُوْجَهُمْ وَالْحٰفِظٰتِ وَالذّٰكِرِيْنَ اللّٰهَ كَثِيْرًا وَّالذّٰكِرٰتِ اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ مَّغْفِرَةً وَّاَجْرًا عَظِيْمًا٣٥
Innal-muslimīna wal-muslimāti wal-mu'minīna wal-mu'mināti wal-qānitīna wal-qānitāti waṣ-ṣādiqīna waṣ-ṣādiqāti waṣ-ṣābirīna waṣ-ṣābirāti wal-khāsyi‘īna wal-khāsyi‘āti wal-mutaṣaddiqīna wal-mutaṣaddiqāti waṣ-ṣā'imīna waṣ-ṣā'imāti wal-ḥāfiẓīna furūjahum wal-ḥāfiẓāti waż-żākirīnallāha kaṡīraw waż-żākirāti a‘addallāhu lahum magfirataw wa ajran ‘aẓīmā(n).
[35]
Temen, wong-wong muslim lanang lan muslim wadon, wong mukmin lanang lan mukmin wadon, wong lanang lan wong wadon sing padha tetep miturut, wong lanang lan wong wadon sing padha bener, wong lanang lan wong wadon sing padha sabar, wong lanang lan wong wadon sing padha gentur (khusuk), wong lanang lan wong wadon sing padha seneng wéwéh (sodakoh), wong lanang lan wong wadon sing padha (seneng) puasa, wong lanang lan wong wadon sing padha ngreksa perjiné (barang wadiné), wong lanang lan wong wadon sing padha akéh nyebut (asmané) Gusti Allah, Gusti Allah wis nyedhiakna pangampura lan ganjaran sing gedhé nggo dhéwéké kabéh.
وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَّلَا مُؤْمِنَةٍ اِذَا قَضَى اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اَمْرًا اَنْ يَّكُوْنَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ اَمْرِهِمْ ۗوَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا مُّبِيْنًاۗ٣٦
Wa mā kāna limu'miniw wa lā mu'minatin iżā qaḍallāhu wa rasūluhū amran ay yakūna lahumul-khiyaratu min amrihim, wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū faqad ḍalla ḍalālam mubīnā(n).
[36]
Lan temen ora pantes tumrap wong lanang sing mukmin lan wong wadon sing mukmin, angger Gusti Allah lan Utusan-É wis netepna sewijiné kekancingan (putusan), bakal ana pilihan (sing liya) nggo dhéwéké ngenani urusané dhéwéké kabéh. Lan sapa wongé sing nyidrani (mbangkang) maring Gusti Allah lan Utusan-É mangka temen, dhéwéké wis kesasar kanthi sasar sing nyata.
وَاِذْ تَقُوْلُ لِلَّذِيْٓ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَاَنْعَمْتَ عَلَيْهِ اَمْسِكْ عَلَيْكَ زَوْجَكَ وَاتَّقِ اللّٰهَ وَتُخْفِيْ فِيْ نَفْسِكَ مَا اللّٰهُ مُبْدِيْهِ وَتَخْشَى النَّاسَۚ وَاللّٰهُ اَحَقُّ اَنْ تَخْشٰىهُ ۗ فَلَمَّا قَضٰى زَيْدٌ مِّنْهَا وَطَرًاۗ زَوَّجْنٰكَهَا لِكَيْ لَا يَكُوْنَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ حَرَجٌ فِيْٓ اَزْوَاجِ اَدْعِيَاۤىِٕهِمْ اِذَا قَضَوْا مِنْهُنَّ وَطَرًاۗ وَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ مَفْعُوْلًا٣٧
Wa iż taqūlu lil-lażī an‘amallāhu ‘alaihi wa an‘amta ‘alaihi amsik ‘alaika zaujaka wattaqillāha wa tukhfī fī nafsika mallāhu mubdīhi wa takhsyan-nās(a), wallāhu aḥaqqu an takhsyāh(u), falammā qaḍā zaidum minhā waṭaran zawwajnākahā likai lā yakūna ‘alal-mu'minīna ḥarajun fī azwāji ad‘iyā'ihim iżā qaḍau minhunna waṭarā(n), wa kāna amrullāhi maf‘ūlā(n).
[37]
Lan (élinga) rikala sliramu (Muhammad) ngucap maring wong sing wis déparingi nékmat déning Gusti Allah lan sliramu (uga) wis awéh nékmat maring dhéwéké, “Kukuhi terus bojomu (aja dépegat) lan semaraha (takwa) maring Gusti Allah,” ning sliramu ngumpetna neng njero atimu apa sing bakal debuktékna déning Gusti Allah, lan sliramu wedi maring menungsa, mangkané Gusti Allah lewih hak sliramu wedéni. Mangka rikala Zaid (anak puponé kanjeng Nabi) wis mungkasi butuhé maring bojoné (megat bojo), Ingsun nikahna sliramu karo dhéwéké (Zaenab, randhané Zaid) 681 supayané ora nana pekéwuh tumrap wong mukmin mbojo (ngrabi) randha-randhané anak puponé dhéwéké kabéh, angger anak-anak puponé wis padha ngrampungi butuhé (megat) ingatasé bojoné. Lan pepesthéné Gusti Allah kuwé mesthi kelakon.
681) Sewisé entong idahé.
مَا كَانَ عَلَى النَّبِيِّ مِنْ حَرَجٍ فِيْمَا فَرَضَ اللّٰهُ لَهٗ ۗسُنَّةَ اللّٰهِ فِى الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلُ ۗوَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ قَدَرًا مَّقْدُوْرًاۙ٣٨
Mā kāna ‘alan-nabiyyi min ḥarajin fīmā faraḍallāhu lah(ū), sunnatallāhi fil-lażīna khalau min qabl(u), wa kāna amrullāhi qadaram maqdūrā(n).
[38]
Ora nana kabotan apa-apa tumrap Nabi ngenani apa sing wis détetepna déning Gusti Allah nggo slirané. (Gusti Allah wis netepna sing mengkana kuwé) minangka sunahé Gusti Allah maring nabi-nabi sing dhisit. Lan ketetepané Gusti Allah kuwé sewijiné ketetepan sing mesthi kelakoné,
ۨالَّذِيْنَ يُبَلِّغُوْنَ رِسٰلٰتِ اللّٰهِ وَيَخْشَوْنَهٗ وَلَا يَخْشَوْنَ اَحَدًا اِلَّا اللّٰهَ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ حَسِيْبًا٣٩
Allażīna yuballigūna risālātillāhi wa yakhsyaunahū wa lā yakhsyauna aḥadan illallāh(a), wa kafā billāhi ḥasībā(n).
[39]
(yakuwé) wong-wong sing wis padha mbutulna risalah-risalahé Gusti Allah, 682 dhéwéké padha wedi maring Gusti Allah lan ora padha wedi maring sapa baé seliyané Gusti Allah. Lan cukup Gusti Allah baé sing gawé prétungan.
682) Para utusan (rasul) sing mbutulna saréngat-saréngaté Gusti Allah maring menungsa.
مَا كَانَ مُحَمَّدٌ اَبَآ اَحَدٍ مِّنْ رِّجَالِكُمْ وَلٰكِنْ رَّسُوْلَ اللّٰهِ وَخَاتَمَ النَّبِيّٖنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا ࣖ٤٠
Mā kāna muḥammadun abā aḥadim mir rijālikum wa lākir rasūlallāhi wa khātaman-nabiyyīn(a), wa kānallāhu bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[40]
Muhammad kuwé udu ramané salah sijiné wong lanang neng antarané ko kabéh, 683 ning (Muhammad) kuwé utusané Gusti Allah lan mungkasani para nabi. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.
683) Kanjeng Nabi Muhammad udu ramané salah sijiné sahabat, merga kuwé randhané Zaid (Zaenab) kena degarwa déning Kanjeng Nabi.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوا اللّٰهَ ذِكْرًا كَثِيْرًاۙ٤١
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurullāha żikran kaṡīrā(n),
[41]
Hé wong-wong sing padha precaya! Élinga maring Gusti Allah kanthi ngéling-éling (asma)-Né seakéh-akéhé,
وَّسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٤٢
Wa sabbiḥūhu bukrataw wa aṣīlā(n).
[42]
lan padha maha-nyucékna (maca tasbéh) maring Penjenengané neng wektu ésuk lan soré.
هُوَ الَّذِيْ يُصَلِّيْ عَلَيْكُمْ وَمَلٰۤىِٕكَتُهٗ لِيُخْرِجَكُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَكَانَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَحِيْمًا٤٣
Huwal-lażī yuṣallī ‘alaikum wa malā'ikatahū liyukhrijakum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa kāna bil-mu'minīna raḥīmā(n).
[43]
Penjenengané sing paring kewelasan (rahmat) maring ko kabéh lan para malaékat-É (padha nyuwuna ngampura nggo ko kabéh), supaya Gusti Allah ngetokna ko kabéh sekang pepeteng maring pepadhang (sing jembrang). Lan Penjenengané Mahawelas maring wong-wong sing padha precaya.
تَحِيَّتُهُمْ يَوْمَ يَلْقَوْنَهٗ سَلٰمٌ ۚوَاَعَدَّ لَهُمْ اَجْرًا كَرِيْمًا٤٤
Taḥiyyatuhum yauma yalqaunahū salām(un), wa a‘adda lahum ajran karīmā(n).
[44]
Pekurmatané dhéwéké kabéh (wong-wong mukmin kuwé) rikala dhéwéké padha nyowani Penjenengané yakuwé, “Rahayu (Salam),” 684 lan Penjenengané nyawisna ganjaran sing mulya nggo wong-wong sing padha precaya.
684) Waras slamet sekang sekabéh bebaya.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ شَاهِدًا وَّمُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۙ٤٥
Yā ayyuhan-nabiyyu innā arsalnāka syāhidaw wa mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[45]
Hé Nabi! Setemené Ingsun ngutus sliramu supaya dadi seksi, sing nggawa werta bebungah lan sing awéh pengéling-éling,
وَّدَاعِيًا اِلَى اللّٰهِ بِاِذْنِهٖ وَسِرَاجًا مُّنِيْرًا٤٦
Wa dā‘iyan ilallāhi bi'iżnihī wa sirājam munīrā(n).
[46]
lan nggo dadi sing ajék-ajék maring (agamané) Gusti Allah kanthi idin-É lan minangka cahya sing memadhangi.
وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ بِاَنَّ لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ فَضْلًا كَبِيْرًا٤٧
Wa basysyiril-mu'minīna bi'anna lahum minallāhi faḍlan kabīrā(n).
[47]
Lan butulna werta bebungah maring wong-wong mukmin, lamon setemené tumrap dhéwéké kabéh (desedhiakna) ganjaran sing gedhé sekang Gusti Allah.
وَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَدَعْ اَذٰىهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٤٨
Wa lā tuṭi‘il-kāfirīna wal-munāfiqīna wa da‘ ażāhum wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[48]
Lan aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) manut maring wong-wong sing mbangkang (kapir) lan wong-wong sing lamis (munapék) kuwé, lan aja pisan-pisan sliramu opén maring pengridhuné dhéwéké kabéh lan pasraha (tawakala) maring Gusti Allah. Lan cukup Gusti Allah sing dadi pengayom.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نَكَحْتُمُ الْمُؤْمِنٰتِ ثُمَّ طَلَّقْتُمُوْهُنَّ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَمَسُّوْهُنَّ فَمَا لَكُمْ عَلَيْهِنَّ مِنْ عِدَّةٍ تَعْتَدُّوْنَهَاۚ فَمَتِّعُوْهُنَّ وَسَرِّحُوْهُنَّ سَرَاحًا جَمِيْلًا٤٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā nakaḥtumul-mu'mināti ṡumma ṭallaqtumūhunna min qabli an tamassūhunna famā lakum ‘alaihinna min ‘iddatin ta‘taddūnahā, fa matti‘ūhunna wa sarriḥūhunna sarāḥan jamīlā(n).
[49]
Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko padha mbojo wong-wong wadon mukmin, banjur ko padha megat dhéwéké seurungé dhéwéké dekembuli, kuwé ora nana wektu idah sing kudu ko kabéh prétungna. Ning awéha maring wong-wong wadon kuwé mut’ah (pewéwéh) lan culna (pegat) dhéwéké kabéh kanthi cara sing seapik-apiké.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَحْلَلْنَا لَكَ اَزْوَاجَكَ الّٰتِيْٓ اٰتَيْتَ اُجُوْرَهُنَّ وَمَا مَلَكَتْ يَمِيْنُكَ مِمَّآ اَفَاۤءَ اللّٰهُ عَلَيْكَ وَبَنٰتِ عَمِّكَ وَبَنٰتِ عَمّٰتِكَ وَبَنٰتِ خَالِكَ وَبَنٰتِ خٰلٰتِكَ الّٰتِيْ هَاجَرْنَ مَعَكَۗ وَامْرَاَةً مُّؤْمِنَةً اِنْ وَّهَبَتْ نَفْسَهَا لِلنَّبِيِّ اِنْ اَرَادَ النَّبِيُّ اَنْ يَّسْتَنْكِحَهَا خَالِصَةً لَّكَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۗ قَدْ عَلِمْنَا مَا فَرَضْنَا عَلَيْهِمْ فِيْٓ اَزْوَاجِهِمْ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ لِكَيْلَا يَكُوْنَ عَلَيْكَ حَرَجٌۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥٠
Yā ayyuhan-nabiyyu innā aḥlalnā laka azwājakal-lātī ātaita ujūrahunna wa mā malakat yamīnuka mimmā afā'allāhu ‘alaika wa banāti ‘ammika wa banāti ‘ammātika wa banāti khālika wa banāti khālātikal-lātī hājarna ma‘ak(a), wamra'atam mu'minatan iw wahabat nafsahā lin-nabiyyi in arādan-nabiyyu ay yastankiḥahā, khāliṣatal laka min dūnil-mu'minīn(a), qad ‘alimnā mā faraḍnā ‘alaihim fī azwājihim wa mā malakat aimānuhum likailā yakūna ‘alaika ḥaraj(un), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[50]
Hé Nabi! Setemené Ingsun wis marengna (halal) garwa-garwabmu nggo sliramu yakuwé sing wis sliramu paringi maskawiné lan batur tukon (budak) sing sliramu duwéni, klebu apa sing sliramu pekolih neng peperangan sing déparingna déning Gusti Allah maring sliramu, lan (semana uga) anak-anak wadon sekang sedulur lanangé ramamu, lan anak-anak wadon sekang sedulur wadoné ramamu, lan anak-anak wadon sekang sedu-lur wadoné ramamu, lan anak-anak wadon sekang sedulur lanangé biyungmu sing padha mélu boyong (hijrah) bareng sliramu, lan wong-wong wadon mukmin sing padha mas-rahna awaké maring Kanjeng Nabi angger Kanjeng Nabi ngersakna nggarwa, minangka prekara sing mung nggo sliramu, ora nggo kabéh wong mukmin (seliyané Kanjeng Nabi). Ingsun wis ngawuningani apa sing wis Ingsun wajibna maring dhéwéké kabéh ngenani bojo-bojoné lan batur tukon (budak) sing padha dhéwéké duwéni supayané ora dadi kerupekan tumrap sliramu. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
۞ تُرْجِيْ مَنْ تَشَاۤءُ مِنْهُنَّ وَتُـْٔوِيْٓ اِلَيْكَ مَنْ تَشَاۤءُۗ وَمَنِ ابْتَغَيْتَ مِمَّنْ عَزَلْتَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكَۗ ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَنْ تَقَرَّ اَعْيُنُهُنَّ وَلَا يَحْزَنَّ وَيَرْضَيْنَ بِمَآ اٰتَيْتَهُنَّ كُلُّهُنَّۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا فِيْ قُلُوْبِكُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَلِيْمًا٥١
Turjī man tasyā'u wa tu'wī ilaika man tasyā'(u), wa manibtagaita mimman ‘azalta falā junāḥa ‘alaik(a), żālika adnā an taqarra a‘yunuhunna wa lā yaḥzanna wa yarḍaina bimā ātaitahunna kulluhunn(a), wallāhu ya‘lamu mā fī qulūbikum, wa kānallāhu ‘alīman ḥalīmā(n).
[51]
Sliramu kena nundha (ora ngembuli) sapa sing sliramu karepna antarané dhéwéké (garwa-garwamu) lan (uga kena) ngembuli (antarané dhéwéké kabéh) sing sliramu karepna. Lan sapa sing sliramu kepéngin ngembuli dhéwéké maning sekang wong wadon sing wis sliramu pegat, mangka ora nana dosa ingatasé sliramu. Sing mengkana kuwé, yakuwé lewih pérek kanggo tentremé ati dhéwéké kabéh, lan dhéwéké kabéh ora krasa susah, lan sekabéhané rila kanthi apa baé sing sliramu wehna maring dhéwéké kabéh. Lan Gusti Allah ngawuningani apa sing (kesimpén) neng njero atimu. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahaaris. 685
685) Miturut riwayat, sewiji wektu garwa-garwané Kanjeng Nabi ana sing iri lan ana sing njaluk tambahan blanja, dadi Kanjeng Nabi medhot srawung karo dhéwéké nganti sewulan lawasé. Sebab wedi dépegat déning Kanjeng Nabi, dhéwéké padha sowan maring Kanjeng Nabi lan matur rila maring apa baé sing bakal députusna déning Nabi maring dhéwéké. Temuruné ayat kiyé awéh kepareng maring Kanjeng Nabi nggo ngembuli sapa sing dekarepna sekang bojo-bojoné utawa ora ngembuli dhéwéké; lan uga awéh kepareng maring Nabi nggo apikan maning (rujuk) maring bojo-bojoné angger ana bojo sing wis dépegat.
لَا يَحِلُّ لَكَ النِّسَاۤءُ مِنْۢ بَعْدُ وَلَآ اَنْ تَبَدَّلَ بِهِنَّ مِنْ اَزْوَاجٍ وَّلَوْ اَعْجَبَكَ حُسْنُهُنَّ اِلَّا مَا مَلَكَتْ يَمِيْنُكَۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ رَّقِيْبًا ࣖ٥٢
Lā yaḥillu lakan-nisā'u mim ba‘du wa lā an tabaddala bihinna min azwājiw wa lau a‘jabaka ḥusnuhunna illā mā malakat yamīnuk(a), wa kānallāhu ‘alā kulli syai'ir raqībā(n).
[52]
Ora kepareng (ora halal) tumrap sliramu (Muhammad) nggarwa wong-wong wadon (liya) sewisé kuwé, lan uga ora kena ngganti garwa-garwamu karo wong wadon liya senajan ayuné gawé dhemen atimu, kejaba batur-batur tukon (budak-budak) sing sliramu duwéni. Lan Gusti Allah Maha Ngawat-awati samubarang kabéh.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَدْخُلُوْا بُيُوْتَ النَّبِيِّ اِلَّآ اَنْ يُّؤْذَنَ لَكُمْ اِلٰى طَعَامٍ غَيْرَ نٰظِرِيْنَ اِنٰىهُ وَلٰكِنْ اِذَا دُعِيْتُمْ فَادْخُلُوْا فَاِذَا طَعِمْتُمْ فَانْتَشِرُوْا وَلَا مُسْتَأْنِسِيْنَ لِحَدِيْثٍۗ اِنَّ ذٰلِكُمْ كَانَ يُؤْذِى النَّبِيَّ فَيَسْتَحْيٖ مِنْكُمْ ۖوَاللّٰهُ لَا يَسْتَحْيٖ مِنَ الْحَقِّۗ وَاِذَا سَاَلْتُمُوْهُنَّ مَتَاعًا فَسْـَٔلُوْهُنَّ مِنْ وَّرَاۤءِ حِجَابٍۗ ذٰلِكُمْ اَطْهَرُ لِقُلُوْبِكُمْ وَقُلُوْبِهِنَّۗ وَمَا كَانَ لَكُمْ اَنْ تُؤْذُوْا رَسُوْلَ اللّٰهِ وَلَآ اَنْ تَنْكِحُوْٓا اَزْوَاجَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖٓ اَبَدًاۗ اِنَّ ذٰلِكُمْ كَانَ عِنْدَ اللّٰهِ عَظِيْمًا٥٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tadkhulū buyūtan-nabiyyi illā ay yu'żana lakum ilā ṭa‘āmin gaira nāẓirīna ināhu wa lākin iżā du‘ītum fadkhulū fa iżā ṭa‘imtum fantasyirū wa lā musta'nisīna liḥadīṡ(in), inna żālikum kāna yu'żin-nabiyya fayastaḥyī minkum, wallāhu lā yastaḥyī minal-ḥaqq(i), wa iżā sa'altumūhunna matā‘an fas'alūhunna miw warā'i ḥijāb(in), żālikum aṭharu liqulūbikum wa qulūbihinn(a), wa mā kāna lakum an tu'żū rasūlallāhi wa lā an tankiḥū azwājahū mim ba‘dihī abadā(n), inna żālikum kāna ‘indallāhi ‘aẓīmā(n).
[53]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan ko padha mlebu maring umahé Kanjeng Nabi kejaba angger ko padha déparengna seperlu mangan kanthi ora ngenténi wektu olah-olahé (panganané), 686 ning angger ko padha detimbali mangka mlebua lan angger ko wis rampung mangan, padha metua ko kabéh tanpa ndawakna rasan-rasanan. Setemené sing mengkana kuwé ngganggu maring Kanjeng Nabi, saéngga Kanjeng Nabi rikuh maring ko kabéh (préntah ko padha metu) lan Gusti Allah ora rikuh (nerangna) sing bener. Lan angger ko kabéh padha njaluk sewiji (kebutuhan) maring garwa-garwané Kanjeng Nabi, mangka njaluka sekang mburiné aling-aling. (Temindak) sing mengkana kuwé, lewih suci tumrap atimu kabéh lan atiné garwa-garwané Kanjeng Nabi. Lan banget ora kenané tumrap ko kabéh nglarani (penggalihé) Kanjeng Nabi lan ko kabéh (uga) ora kena ngarah (mbojo) garwa-garwané Kanjeng Nabi selawasé sewisé (kanjeng Nabi) séda. Temen, sing mengkana kuwé (mbojo randhané Kanjeng Nabi) banget gedhé dosané neng sisihé Gusti Allah.
686) Ayat kiyé nglarang para sahabat mlebu maring umahé Rasulullah seprelu mangan karo nunggu-nunggu wektu dhaharé Rasulullah.
اِنْ تُبْدُوْا شَيْـًٔا اَوْ تُخْفُوْهُ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا٥٤
In tubdū syai'an au tukhfūhu fa'innallāha kāna bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[54]
Angger ko padha ngedhéngna barang sewiji utawa ngumpetna kuwé, mangka setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.
لَا جُنَاحَ عَلَيْهِنَّ فِيْٓ اٰبَاۤىِٕهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤىِٕهِنَّ وَلَآ اِخْوَانِهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤءِ اِخْوَانِهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤءِ اَخَوٰتِهِنَّ وَلَا نِسَاۤىِٕهِنَّ وَلَا مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُنَّۚ وَاتَّقِيْنَ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدًا٥٥
Lā junāḥa ‘alaihinna fī ābā'ihinna wa lā abnā'ihinna wa lā ikhwānihinna wa lā abnā'i ikhwānihinna wa lā abnā'i akhawātihinna wa lā nisā'ihinna wa lā mā malakat aimānuhunn(a), wattaqīnallāh(a), innallāha kāna ‘alā kulli syai'in syahīdā(n).
[55]
Ora nana dosa tumrap garwa-garwané Kanjeng Nabi (ketemu tanpa aling-aling) karo rama-ramané, anak-anak lanangé, sedulur-sedulur lanangé, keponakan-keponakan lanang sekang sedulur lanang, keponakan-keponakan lanang sekang sedulur wadon, wong-wong wadon (sing padha precaya) lan kewula-kewula sing deduwéni (ora kudu nganggo aling-aling), lan padha semaraha ko kabéh (garwa-garwané Nabi) maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Nyekséni samubarang kabéh.
اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا٥٦
Innallāha wa malā'ikatahū yuṣallūna ‘alan-nabiyy(i), yā ayyuhal-lażīna āmanū ṣallū ‘alaihi wa sallimū taslīmā(n).
[56]
Setemené Gusti Allah lan malaékat-malaékat-É padha slawat nggo Kanjeng Nabi. 687 Hé wong-wong sing padha precaya! Padha slawata ko kabéh maring Kanjeng Nabi lan padha ucapna salam kanthi temen-temen pekurmatan maring kiyambeké. 688
687) Slawat sekang Gusti Allah tegesé paring kewelasan (rahmat); sekang malaékat nyuwunaken ampura, lan angger sekang wong mukmin tegesé penyuwun supaya deparing kewelasan, Umpamané nganggo kalimah Allahumma salli ‘ala Muhammad.
688) Kanthi ngucapna kalimah kayadéné Assalamu ‘alaika ayyuhan Nabi, tegesé moga-moga keslametan ingatasé penjenengan hé, Nabi.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ وَاَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا مُّهِيْنًا٥٧
Innal-lażīna yu'żūnallāha wa rasūlahū la‘anahumullāhu fid-dun-yā wal-ākhirati wa a‘adda lahum ‘ażābam muhīnā(n).
[57]
Setemené (ingatasé) wong-wong sing padha nglarani Gusti Allah lan Utusan-É, Gusti Allah bakal nglaknati dhéwéké kabéh neng dunya lan neng akhérat, lan ngancengna siksa sing gawé nistha tumrap wong-wong kuwé.
وَالَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوْا فَقَدِ احْتَمَلُوْا بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ٥٨
Wal-lażīna yu'żūnal-mu'minīna wal-mu'mināti bigairi maktasabū faqadiḥtamalū buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[58]
Lan wong-wong sing padha nglarani wong-wong mukmin lanang lan mukmin wadon sing ora padha nglakoni keluputan, mangka setemené wong-wong (sing nglarani) kuwé padha manggul goroh lan dosa sing nyata.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ وَبَنٰتِكَ وَنِسَاۤءِ الْمُؤْمِنِيْنَ يُدْنِيْنَ عَلَيْهِنَّ مِنْ جَلَابِيْبِهِنَّۗ ذٰلِكَ اَدْنٰىٓ اَنْ يُّعْرَفْنَ فَلَا يُؤْذَيْنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥٩
Yā ayyuhan-nabiyyu qul li'azwājika wa banātika wa nisā'il-mu'minīna yudnīna ‘alaihinna min jalābībihinn(a), żālika adnā ay yu‘rafna falā yu'żain(a), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[59]
Hé Nabi! Ucapna maring garwa-garwané sliramu, anak-anak wadonmu lan maring bojo-bojoné wong mukmin, “Preyoga banget padha nutupna jilbabé 689 maring awaké sekojur.” Sing mengkana kuwé, supayané dhéwéké dadi padha lewih gampang detengeri, saéngga dhéwéké ora padha deganggu. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
689) Jilbab kuwé klambi sarung ombér sing bisa nutupi sirah, rai lan dhadha.
۞ لَىِٕنْ لَّمْ يَنْتَهِ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْمُرْجِفُوْنَ فِى الْمَدِيْنَةِ لَنُغْرِيَنَّكَ بِهِمْ ثُمَّ لَا يُجَاوِرُوْنَكَ فِيْهَآ اِلَّا قَلِيْلًا٦٠
La'il lam yantahil-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-murjifūna fil-madīnati lanugriyannaka bihim ṡumma lā yujāwirūnaka fīhā illā qalīlā(n).
[60]
Temen, angger wong-wong sing lamis (munapék) lan wong-wong sing atiné padha kenang prenyakit lan wong-wong sing padha nyebar werta ora bener neng Medinah ora padha lérén (olihé nglarani atimu), mesti Ingsun wis préntah sliramu (nggo numpes) wong-wong kuwé kabéh, banjur dhéwéké padha ora dadi tanggamu (neng Medinah) kejaba mung sedhéla,
مَلْعُوْنِيْنَۖ اَيْنَمَا ثُقِفُوْٓا اُخِذُوْا وَقُتِّلُوْا تَقْتِيْلًا٦١
Mal‘ūnīn(a), ainamā ṡuqifū ukhiżū wa quttilū taqtīlā(n).
[61]
neng kahanan kenang supata (laknat). Neng endi baé wong-wong kuwé detemokna, dhéwéké bakal padha dedikep lan dépaténi kanthi ora nana ampura.
سُنَّةَ اللّٰهِ فِى الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلُ ۚوَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا٦٢
Sunnatallāhi fil-lażīna khalau min qabl(u), wa lan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n).
[62]
Minangka dadi ketetepané (sunah) Gusti Allah sing (lemaku uga) maring wong-wong gemiyén seurung (sliramu) lan sliramu ora bakal bisa nemoni owah-owahan neng sunahé Gusti Allah.
يَسْـَٔلُكَ النَّاسُ عَنِ السَّاعَةِۗ قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ تَكُوْنُ قَرِيْبًا٦٣
Yas'alukan-nāsu ‘anis-sā‘ah(ti), qul innamā ‘ilmuhā ‘indallāh(i), wa mā yudrīka la‘allas-sā‘ata takūnu qarībā(n).
[63]
Menungsa padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani dina Kiyamat. Dhawuha, “Kawruh ngenani dina Kiyamat kuwé anané mung neng sisihé Gusti Allah.” Lan apa sliramu ngerti, bisa uga dina Kiyamat kuwé wis pérek tekané.
اِنَّ اللّٰهَ لَعَنَ الْكٰفِرِيْنَ وَاَعَدَّ لَهُمْ سَعِيْرًاۙ٦٤
Innallāha la‘anal-kāfirīna wa a‘adda lahum sa‘īrā(n).
[64]
Temen, Gusti Allah nyupatani (nglaknat) wong-wong sing padha mbangkang (kapir) lan ngancengi nggo dhéwéké kabéh, geni sing mulab-mulab (neraka),
خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۚ لَا يَجِدُوْنَ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا ۚ٦٥
Khālidīna fīhā abadā(n), lā yajidūna waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[65]
wong-wong kuwé padha langgeng neng njeroné (neraka) selawasé; dhéwéké kabéh ora bakal nemu pengayom lan sing tulung,
يَوْمَ تُقَلَّبُ وُجُوْهُهُمْ فِى النَّارِ يَقُوْلُوْنَ يٰلَيْتَنَآ اَطَعْنَا اللّٰهَ وَاَطَعْنَا الرَّسُوْلَا۠٦٦
Yauma tuqallabu wujūhuhum fin-nāri yaqūlūna yā laitanā aṭa‘nallāha wa aṭa‘nar-rasūlā.
[66]
Neng dinané (rikala) rainé dhéwéké padha dewolak-walik neng njero neraka, wong-wong kuwé padha ngucap, “Dhuh, énggané gemiyén inyong padha manut maring Gusti Allah lan manut (uga) maring Utusan.”
وَقَالُوْا رَبَّنَآ اِنَّآ اَطَعْنَا سَادَتَنَا وَكُبَرَاۤءَنَا فَاَضَلُّوْنَا السَّبِيْلَا۠٦٧
Wa qālū rabbanā innā aṭa‘nā sādatanā wa kubarā'anā fa aḍallūnas-sabīlā.
[67]
Lan wong-wong mau padha ngucap, “Dhuh Pengéran kula sedaya, sejatosipun kula empun sami nuruti para pemimpin lan para pengageng kula sedaya, lajeng kiyambeké sami nyasaraken kula sedaya saking mergi (ingkang leres).
رَبَّنَآ اٰتِهِمْ ضِعْفَيْنِ مِنَ الْعَذَابِ وَالْعَنْهُمْ لَعْنًا كَبِيْرًا ࣖ٦٨
Rabbanā ātihim ḍi‘faini minal-‘ażābi wal‘anhum la‘nan kabīrā(n).
[68]
Dhuh, Pengéran kula sedaya, mugi Penjenengan dhawahakén dhateng kiyambeké sedaya siksa tikel ping kalih lan mugi Penjenengan nglaknat dateng tiyang-tiyang niku nganggé laknat ingkang ageng.”
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ اٰذَوْا مُوْسٰى فَبَرَّاَهُ اللّٰهُ مِمَّا قَالُوْا ۗوَكَانَ عِنْدَ اللّٰهِ وَجِيْهًا ۗ٦٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā takūnū kal-lażīna āżau mūsā fa barra'ahullāhu mimmā qālū, wa kāna ‘indallāhi wajīhā(n).
[69]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan ko kabéh kaya wong-wong sing padha nglarani Musa, mangka Gusti Allah mbrésihna dhéwéké sekang dakwan-dakwan sing wong-wong kuwé padha dakwakna. Lan dhéwéké (Musa) duwé drajat luhur neng sisihé Gusti Allah.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ٧٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa qūlū qaulan sadīdā(n).
[70]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha semaraha (takwa) ko kabéh maring Gusti Allah lan ucapna ucapan sing bener,
يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا٧١
Yuṣliḥ lakum a‘mālakum wa yagfir lakum żunūbakum, wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū faqad fāza fauzan ‘aẓīmā(n).
[71]
mesthi Gusti Allah bakal ndandani lakon bektimu kabéh lan paring ampura dosa-dosané ko kabéh. Lan sapa wongé manut maring Gusti Allah lan Utusan-É, mangka temen, dhéwéké wis olih kebegyan sing gedhé.
اِنَّا عَرَضْنَا الْاَمَانَةَ عَلَى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَالْجِبَالِ فَاَبَيْنَ اَنْ يَّحْمِلْنَهَا وَاَشْفَقْنَ مِنْهَا وَحَمَلَهَا الْاِنْسَانُۗ اِنَّهٗ كَانَ ظَلُوْمًا جَهُوْلًاۙ٧٢
Innā ‘araḍnal-amānata ‘alas-samāwāti wal-arḍi fa abaina ay yaḥmilnahā wa asyfaqna minhā wa ḥamalahal-insān(u), innahū kāna ẓalūman jahūlā(n).
[72]
Setemené Ingsun wis nawakna amanat maring langit, bumi lan gunung-gunung; ning kabéh padha wegah manggul amanat kuwé lan dhéwéké padha kewatir bakal ora bisa ngleksanakna kuwé (abot), banjur amanat kuwé dépanggul neng menungsa. Temen, menungsa kuwé padha banget aniayané (dolim) lan banget bodhoné,
لِّيُعَذِّبَ اللّٰهُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْمُشْرِكٰتِ وَيَتُوْبَ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ٧٣
Liyu‘ażżiballāhul-munāfiqīna wal-munāfiqāti wal-musyrikīna wal-musyrikāti wa yatūballāhu ‘alal-mu'minīna wal-mu'mināt(i), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[73]
saéngga Gusti Allah bakal nyiksa wong-wong sing lamis (munapék) lanang lan wadon lan wong-wong sing padha nyekuthokna (musrik) lanang lan wadon; lan Gusti Allah bakal nampa tobaté wong-wong mukmin lanang lan wadon. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.