Surah As-Sajdah

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1] Alif Lam Mim.

تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ لَا رَيْبَ فِيْهِ مِنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ٢
Tanzīlul-kitābi lā raiba fīhi mir rabbil-‘ālamīn(a).
[2] Temuruné Al-Qur’an kuwé babar pisan ora nana kemamangan ingatasé kuwé, (yakuwé) sekang Pengérané sekabéh ngalam.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۚ بَلْ هُوَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اَتٰىهُمْ مِّنْ نَّذِيْرٍ مِّنْ قَبْلِكَ لَعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٣
Am yaqūlūnaftarāhu balhuwal-ḥaqqu mir rabbika litunżira qaumam mā atāhum min nażīrim min qablika la‘allahum yahtadūn(a).
[3] Ning kenangapa dhéwéké kabéh (wong-wong kapir) padha ngucap, “Dhéwéké (Muhammad) wis ngana-anakna kuwé.” Ora! Al-Qur’an kuwé bebener (sing teka) sekang Pengéranmu supaya sliramu awéh pengéling-éling maring kaum sing urung tau detekani wong sing awéh pengéling-éling seurungé sliramu; supaya wong-wong kuwé padha olih pituduh.

اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ مَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا شَفِيْعٍۗ اَفَلَا تَتَذَكَّرُوْنَ٤
Allāhul-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), mā lakum min dūnihī miw waliyyiw wa lā syafī‘(in), afalā tatażakkarūn(a).
[4] Gusti Allah sing nyiptakna langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné sejeroné nem mangsa, banjur Penjenengané milenggah neng sendhuwuré ‘Arsy. 653 Tumrap ko kabéh ora nana sijia wong sing tulung utawa awéh sapangat 654 seliyané Penjenengané. Mangka apa ko ora padha nggatékna?
653) Milenggah neng sendhuwuré ‘Arsy salah sijiné sipaté Gusti Allah sing kudu inyong kabéh andeli selaras karo keluhuran lan kesuciané Penjenengané. 654) Sapangat yakuwé pitulungan sing déwéhna déning rasul utawa wong-wong pinilih nggo ngénthéng-énthéng siksa utawa renggan sewijiné wong neng akhérat.

يُدَبِّرُ الْاَمْرَ مِنَ السَّمَاۤءِ اِلَى الْاَرْضِ ثُمَّ يَعْرُجُ اِلَيْهِ فِيْ يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهٗٓ اَلْفَ سَنَةٍ مِّمَّا تَعُدُّوْنَ٥
Yudabbirul-amra minas-samā'i ilal-arḍi ṡumma ya‘ruju ilaihi fī yaumin kāna miqdāruhū alfa sanatim mimmā ta‘uddūn(a).
[5] Penjenengané ngatur sekabéh urusan sekang langit maring bumi, banjur (urusan) kuwé munggah maring Penjenengané 655 sejeroné sedina sing ukuran (suwéné) sewu taun miturut étunganmu.
655) Wertané sing degawa neng malaékat. Ayat kiyé sewijiné perlambang (tamsil) ingatasé agungé Gusti Allah lan keluhuran-É.

ذٰلِكَ عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُۙ٦
Żālika ‘ālimul-gaibi wasy-syahādatil-‘azīzur-raḥīm(u).
[6] Sing mengkana kuwé, yakuwé Gusti Allah sing ngawuningani sing ora keton (gaib) lan sing nyata, Sing Mahadigdaya, Mahaasih.

الَّذِيْٓ اَحْسَنَ كُلَّ شَيْءٍ خَلَقَهٗ وَبَدَاَ خَلْقَ الْاِنْسَانِ مِنْ طِيْنٍ٧
Allażī aḥsana kulla syai'in khalaqahū wa bada'a khalqal-insāni min ṭīn(in).
[7] Sing memaés samubarang kabéh sing Penjenengané ciptakna lan sing ngiwiti penciptanan menungsa sekang lemah,

ثُمَّ جَعَلَ نَسْلَهٗ مِنْ سُلٰلَةٍ مِّنْ مَّاۤءٍ مَّهِيْنٍ ۚ٨
Ṡumma ja‘ala naslahū min sulālatim mim mā'im mahīn(in).
[8] banjur Penjenengané ndadékna anak-turuné sekang saripati banyu sing ina (banyu mani).

ثُمَّ سَوّٰىهُ وَنَفَخَ فِيْهِ مِنْ رُّوْحِهٖ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٩
Ṡumma sawwāhu wa nafakha fīhi mir rūḥihī wa ja‘ala lakumus-sam‘a wal-abṣāra wal-af'idah(ta), qalīlam mā tasykurūn(a).
[9] Banjur Penjenengané nyempurnakna lan nyebulna roh (ciptanan)é maring njero (awak)é lan Penjenengané ndadékna pengrungon, pandeleng lan ati nggo ko kabéh, (ning) semendhing pisan ko padha kesuwun.

وَقَالُوْٓا ءَاِذَا ضَلَلْنَا فِى الْاَرْضِ ءَاِنَّا لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ەۗ بَلْ هُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّهِمْ كٰفِرُوْنَ١٠
Wa qālū a'iżā ḍalalnā fil-arḍi a'innā lafī khalqin jadīd(in), bal hum biliqā'i rabbihim kāfirūn(a).
[10] Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Apa angger inyong kabéh wis padha ilang (ajur) neng njero lemah, inyong kabéh bakal ana neng ciptanan sing anyar?” 656 Malah dhéwéké padha ngingkari (ora precaya bakal) ketemu karo Pengérané.
656) Déuripna maning nggo nampani piwalesé Gusti Allah neng dina Kiyamat.

۞ قُلْ يَتَوَفّٰىكُمْ مَّلَكُ الْمَوْتِ الَّذِيْ وُكِّلَ بِكُمْ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ تُرْجَعُوْنَ ࣖ١١
Qul yatawaffākum malakul-mautil-lażī wukkila bikum ṡumma ilā rabbikum turja‘ūn(a).
[11] Dhawuhna, “Malaékat juru pati sing depasrahi (njabud nyawa)mu bakal matékna ko kabéh, banjur maring Pengéranmu ko kabéh bakal débalékna.”

وَلَوْ تَرٰىٓ اِذِ الْمُجْرِمُوْنَ نَاكِسُوْا رُءُوْسِهِمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۗ رَبَّنَآ اَبْصَرْنَا وَسَمِعْنَا فَارْجِعْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا اِنَّا مُوْقِنُوْنَ١٢
Wa lau tarā iżil-mujrimūna nākisū ru'ūsihim ‘inda rabbihim, rabbanā abṣarnā wa sami‘nā farji‘nā na‘mal ṣāliḥan innā mūqinūn(a).
[12] Lan (kaya apa wediné) angger ko kabéh weruh wong-wong sing dosa kuwé padha ndhengklukna sirahé neng ngersané Pengérané (dhéwéké kabéh ngucap, “Dhuh Pengéran kula sami, kula sedaya empun ningali lan mireng, mangka mugi wangsulaken kula sedaya (teng dunya), mesthi kula sedaya ajeng nglampahi kesaénan sejatosipun kula sedaya niku tiyang-tiyang ingkang éstu pitados (yakin).”

وَلَوْ شِئْنَا لَاٰتَيْنَا كُلَّ نَفْسٍ هُدٰىهَا وَلٰكِنْ حَقَّ الْقَوْلُ مِنِّيْ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَ١٣
Wa lau syi'nā la'ātainā kulla nafsin hudāhā wa lākin ḥaqqal-qaulu minnī la'amla'anna jahannama minal-jinnati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[13] Lan angger Ingsun ngersakna mesthi Ingsun paringna maring saben awak-awakan pituduh (nggo dhéwéké), ning wis détetepna dhawuh (pepesthén) sekang Ingsun, “Mesthi bakal Ingsun kebeki neraka Jahanam kanthi jin lan menungsa bareng-bareng.”

فَذُوْقُوْا بِمَا نَسِيْتُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۚ اِنَّا نَسِيْنٰكُمْ وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْخُلْدِ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٤
Fa żūqū bimā nasītum liqā'a yaumikum hāżā, innā nasīnākum wa żūqū ‘ażābal-khuldi bimā kuntum ta‘malūn(a).
[14] Mangka rasakna déning ko kabéh (siksa kiyé) merga ko padha ngelalekna tetemon (karo) dinamu kiyé (dina Kiyamat), setemené Ingsun uga ngelalekna ko kabéh lan rasakna siksa sing langgeng merga déné apa sing wis ko padha pergawé.”

اِنَّمَا يُؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِّرُوْا بِهَا خَرُّوْا سُجَّدًا وَّسَبَّحُوْا بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ ۩١٥
Innamā yu'minu bi'āyātinal-lażīna iżā żukkirū bihā kharrū sujjadaw wa sabbaḥū biḥamdi rabbihim wa hum lā yastakbirūn(a).
[15] Wong-wong sing padha precaya maring ayat-ayat-É Ingsun mung wong-wong sing angger de-élingna kanthi (ayat-ayat-É Ingsun), dhéwéké padha ndheprok sujud 657 lan padha maha-nyucekna (maca tasbéh) karo muji Pengérané, lan dhéwéké ora padha ngagulna awaké dhéwék.
657) Dhéwéké padha sujud, manut-miturut maring Gusti Allah lan gentur (khusuk). Desunahna nglakoni sujud tilawah angger maca utawa krungu ayat-ayat sajdah sing kaya kiyé.

تَتَجَافٰى جُنُوْبُهُمْ عَنِ الْمَضَاجِعِ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ خَوْفًا وَّطَمَعًاۖ وَّمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ١٦
Tatajāfā junūbuhum ‘anil-maḍāji‘i yad‘ūna rabbahum khaufaw wa ṭama‘ā(n), wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[16] Wetengé wong-wong kuwé adoh sekang nggon turuné, 658 dhéwéké padha nyenyuwun maring Pengérané kanthi rasa wedi lan pengarep-arep, lan dhéwéké padha nyumbangna (infak) sebagéan sekang rejeki sing wis Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh.
658) Dhéwéké padha ora turu neng wektu sing biasané wong padha turu.

فَلَا تَعْلَمُ نَفْسٌ مَّآ اُخْفِيَ لَهُمْ مِّنْ قُرَّةِ اَعْيُنٍۚ جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٧
Falā ta‘lamu nafsum mā ukhfiya lahum min qurrati a‘yun(in), jazā'am bimā kānū ya‘malūn(a).
[17] Mangka ora nana sijia wong sing ngaweruhi apa sing deumpetna sekang dhéwéké (werna-werna nékmat) sing nyenengna ati minangka piwales ingatasé apa sing dhéwéké padha pergawé.

اَفَمَنْ كَانَ مُؤْمِنًا كَمَنْ كَانَ فَاسِقًاۗ لَا يَسْتَوٗنَ١٨
Afaman kāna mu'minan kaman kāna fāsiqā(n), lā yastawūn(a).
[18] Mangka apa wong sing precaya padha karo wong sing pasék (kapir)? Wong-wong kuwé ora padha.

اَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَلَهُمْ جَنّٰتُ الْمَأْوٰىۖ نُزُلًا ۢبِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٩
Ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti falahum jannātul-ma'wā, nuzulam bimā kānū ya‘malūn(a).
[19] Anadéné wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, mangka dhéwéké bakal padha olih suwarga-suwarga papan manggon, minangka ganjaran ingatasé apa sing wis dhéwéké padha pergawé.

وَاَمَّا الَّذِيْنَ فَسَقُوْا فَمَأْوٰىهُمُ النَّارُ كُلَّمَآ اَرَادُوْٓا اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَآ اُعِيْدُوْا فِيْهَا وَقِيْلَ لَهُمْ ذُوْقُوْا عَذَابَ النَّارِ الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَ٢٠
Wa ammal-lażīna fasaqū fa ma'wākumun nāru kullamā arādū ay yakhrujū minhā u‘īdū fīhā wa qīla lahum żūqū ‘ażāban nāril-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[20] Lan anadéné wong-wong sing pasék (kapir) mangka papan manggoné dhéwéké yakuwé neraka. Saben-saben dhéwéké padha kepéngin metu sekang kuwé (neraka) wong-wong mau débalékna (maning) maring njeroné lan déucapna maring dhéwéké kabéh, “Rasakna siksa neraka sing gemiyén ko kabéh padha ora precaya.”

وَلَنُذِيْقَنَّهُمْ مِّنَ الْعَذَابِ الْاَدْنٰى دُوْنَ الْعَذَابِ الْاَكْبَرِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٢١
Wa lanużīqannahum minal-‘ażābil-adnā dūnal-‘ażābil-akbari la‘allahum yarji‘ūn(a).
[21] Lan mesti Ingsun tibakna siksa maring wong-wong kuwé sebagéan siksa sing pérek (neng dunya) seurungé siksa sing lewih gedhé (neng akhérat); supaya dhéwéké padha bali (maring dalan sing bener).

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ ذُكِّرَ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖ ثُمَّ اَعْرَضَ عَنْهَا ۗاِنَّا مِنَ الْمُجْرِمِيْنَ مُنْتَقِمُوْنَ ࣖ٢٢
Wa man aẓlamu mimman żukkira bi'āyāti rabbihī ṡumma a‘raḍa ‘anhā, innā minal-mujrimīna muntaqimūn(a).
[22] Lan sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing wis déwéhi pengéling-éling kanthi ayat-ayat-É Pengérané, banjur wong kuwé mléngos sekang kuwé? Temen, Ingsun bakal paring piwales maring wong-wong sing padha gawé dosa.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَلَا تَكُنْ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْ لِّقَاۤىِٕهٖ وَجَعَلْنٰهُ هُدًى لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۚ٢٣
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba falā takun fī miryatim mil liqā'ihī wa ja‘alnāhu hudal libanī isrā'īl(a).
[23] Lan temen, Ingsun wis paringna Kitab (Taurat) maring Musa, mangka aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) mamang nampani (Al-Qur’an) lan Ingsun dadékna Kitab (Taurat) kuwé pituduh kanggo Bani Israil. 659
659) Maksudé, kayadéné déwéhna Taurat maring Musa, semana uga Al-Qur’an déwéhna maring Muhammad. Kayadéné Taurat dadi pituduh tumrap Bani Israil, mangka dédadékna Al-Qur’an tumrap umat Nabi Muhammad.

وَجَعَلْنَا مِنْهُمْ اَىِٕمَّةً يَّهْدُوْنَ بِاَمْرِنَا لَمَّا صَبَرُوْاۗ وَكَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يُوْقِنُوْنَ٢٤
Wa ja‘alnā minhum a'immatay yahdūna bi'amrinā lammā ṣabarū, wa kānū bi'āyātinā yūqinūn(a).
[24] Lan Ingsun dadékna neng antarané wong-wong kuwé, pemimpin-pemimpin sing awéh pituduh kanthi dhawuhé Ingsun, sedawané dhéwéké padha sabar. 660 Wong-wong mau padha precaya (yakin) maring ayat-ayat-É Ingsun.
660) Sing démaksud sabar yakuwé sabar senjeroné ngedegna kebecikan.

اِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٢٥
Inna rabbaka huwa yafṣilu bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[25] Temen Pengéranmu, Penjenengané sing paring putusan neng antarané wong-wong kuwé neng dina Kiyamat ngenani apa sing gemiyén dhéwéké padha persulayakna ingatasé kuwé.

اَوَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ يَمْشُوْنَ فِيْ مَسٰكِنِهِمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍۗ اَفَلَا يَسْمَعُوْنَ٢٦
Awalam yahdi lahum kam ahlaknā min qablihim minal-qurūni yamsyūna fī masākinihim, inna fī żālika la'āyāt(in), afalā yasma‘ūn(a).
[26] Lan apa ora dadi pituduh tumrap wong-wong kuwé, sepira akéhé umat-umat seurungé dhéwéké sing wis Ingsun tumpes, mangkané dhéwéké kabéh padha mlaku neng panggonan-panggonan sing degenohi (déning umat seurungé) kuwé. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (kewasané Gusti Allah). Apa wong-wong kuwé ora padha ngrungokna (nggatékna)?

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا نَسُوْقُ الْمَاۤءَ اِلَى الْاَرْضِ الْجُرُزِ فَنُخْرِجُ بِهٖ زَرْعًا تَأْكُلُ مِنْهُ اَنْعَامُهُمْ وَاَنْفُسُهُمْۗ اَفَلَا يُبْصِرُوْنَ٢٧
Awalam yarau annā nasūqul-mā'a ilal-arḍil juruzi fanukhriju bihī zar‘an ta'kulu minhu an‘āmuhum wa anfushum, afalā yubṣirūn(a).
[27] Lan apa wong-wong kuwé ora padha nggatékna, lamon Ingsun nggiring (lamuk sing nggawa) banyu maring bumi sing cengkar, banjur Ingsun thukulna (kanthi banyu udan kuwé) tetanduran saéngga kéwan-kéwan ingoné wong-wong mau lan uga dhéwéké bisa mangan sekang (tetanduran) kuwé. Mangka, kenangapa dhéwéké ora padha nggatékna?

وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْفَتْحُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-fatḥu in kuntum ṣādiqīn(a).
[28] Lan wong-wong mau padha takon, “Kapan tekané dina kemenangan kuwé, angger sliramu wong sing bener?”

قُلْ يَوْمَ الْفَتْحِ لَا يَنْفَعُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِيْمَانُهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٢٩
Qul yaumal-fatḥi lā yanfa‘ul-lażīna kafarū īmānuhum wa lā hum yunẓarūn(a).
[29] Dhawuha (Muhammad), “Neng dina kemenangan 661 kuwé, ora nana gunané maning tumrap wong-wong kapir precayaé dhéwéké, lan dhéwéké ora padha déparingi wektu semaya.”
661) Dina kemenangan yakuwé dina Kiyamat.

فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَانْتَظِرْ اِنَّهُمْ مُّنْتَظِرُوْنَ ࣖ٣٠
Fa a‘riḍ ‘anhum wantaẓir innahum muntaẓirūn(a).
[30] Mangka mléngosa sliramu sekang wong-wong kuwé, lan enténi baé, setemené dhéwéké (uga) lagi padha ngenténi. 662
662) Nabi Muhammad s.a.w bareng karo wong-wong sing precaya (mukmin) dépréntah supaya nunggu dina kemenangan ingatasé wong sing padha mbangkang (kapir) lan ajuré wong-wong kuwé.