Surah Luqman

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1] Alif lām mīm.

تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْحَكِيْمِۙ٢
Tilka āyātul-kitābil-ḥakīm(i).
[2] Kiyé ayat-ayat Al-Qur’an sing ngemu hikmah,

هُدًى وَّرَحْمَةً لِّلْمُحْسِنِيْنَۙ٣
Hudaw wa raḥmatal lil-muḥsinīn(a).
[3] minangka pituduh lan kewelasan (rahmat) tumrap wong-wong sing padha gawé kebagusan,

الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ٤
Allażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa hum bil-ākhirati hum yūqinūn(a).
[4] (yakuwé) wong-wong sing padha nglakoni sembayang, nglunasi jakat lan wong-wong kuwé padha precaya (maring) anané akhérat.

اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥
Ulā'ika ‘alā hudam mir rabbihim wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[5] Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing tetep olih pituduh sekang Pengérané lan dhéwéké kuwé wong-wong sing padha begya.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّشْتَرِيْ لَهْوَ الْحَدِيْثِ لِيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍۖ وَّيَتَّخِذَهَا هُزُوًاۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ٦
Wa minan-nāsi may yasytarī lahwal-ḥadīṡi liyuḍilla ‘an sabīlillāhi bigairi ‘ilmiw wa yattakhiżahā huzuwā(n), ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[6] Lan neng antarané menungsa (ana) wong sing nganggo pewicaran suwung nggo nyasarna (menungsa) sekang dalané Gusti Allah tanpa ilmu lan ndadékna kuwé dadi perguyon. Wong-wong kuwé bakal olih siksa sing gawé nistha.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا وَلّٰى مُسْتَكْبِرًا كَاَنْ لَّمْ يَسْمَعْهَا كَاَنَّ فِيْٓ اُذُنَيْهِ وَقْرًاۚ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٧
Wa iżā tutlā ‘alaihi āyātunā wallā mustakbiran ka'allam yasma‘hā ka'anna fī użunaihi waqrā(n), fabasyyirhu bi‘ażābin alīm(in).
[7] Lan angger déwacakna maring dhéwéké kabéh 646 ayat-ayat Ingsun, dhéwéké mléngos kanthi ngagulna awak api-api dhéwéké urung krungu, kaya-kaya ana sumpelan neng kuping loroné, mangka bombongna dhéwéké kanthi siksa sing perih.
646) Maring wong sing nggunakna crita suwung nggo nyasarna menungsa.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ جَنّٰتُ النَّعِيْمِۙ٨
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum jannātun na‘īm(i).
[8] Setemené wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebagusan, dhéwéké kabéh bakal olih suwarga-suwarga sing kebek kenékmatan,

خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَعْدَ اللّٰهِ حَقًّاۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٩
Khālidīna fīhā, wa‘dallāhi ḥaqqā(n), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[9] wong-wong kuwé langgeng neng njeroné, minangka dadi janjiné Gusti Allah sing bener. Lan Penjenengané Mahadigdaya, Mahawicaksana.

خَلَقَ السَّمٰوٰتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا وَاَلْقٰى فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِكُمْ وَبَثَّ فِيْهَا مِنْ كُلِّ دَاۤبَّةٍۗ وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ كَرِيْمٍ١٠
Khalaqas-samāwāti bigairi ‘amadin taraunahā wa alqā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bikum wa baṡṡa fīhā min kulli dābbah(tin), wa anzalnā minas-samā'i mā'an fa ambatnā fīhā min kulli zaujin karīm(in).
[10] Penjenengané nyiptakna langit ora nganggo saka kaya sing ko deleng, lan Penjenengané ndelah gunung-gunung (neng plataran bumi) supayané bumi ora nggoyang-nggoyangna ko; lan manak-pinakna sekabéhé werna-wernané titah (mahluk) obah sing padha duwé nyawa neng ndhuwur bumi. Lan Ingsun nurunaken banyu udan sekang langit, banjur Ingsun thukulna neng (bumi) kuwé sekabéhé werna-wernané thethukulan sing apik.

هٰذَا خَلْقُ اللّٰهِ فَاَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقَ الَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖۗ بَلِ الظّٰلِمُوْنَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ ࣖ١١
Hāżā khalqullāhi fa arūnī māżā khalaqal-lażīna min dūnih(ī), baliẓ-ẓālimūna fī ḍalālim mubīn(in).
[11] Kiyé ciptanané Gusti Allah, mangka tidhokna déning ko maring inyong apa sing wis déciptakna déning sesembahanmu seliyané Gusti Allah. Setemené wong-wong sing padha aniaya (dolim) kuwé ana neng sejeroné kesasar sing nyata.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ ۗوَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ١٢
Wa laqad ātainā luqmānal-ḥikmata anisykur lillāh(i), wa may yasykur fa'innamā yasykuru linafsih(ī), wa man kafara fa'innallāha ganiyyun ḥamīd(un).
[12] Lan temen, wis Ingsun paringna kawruh (hikmah) maring Lukman, yakuwé, ”Kesuwuna ko maring Gusti Allah! Lan sapa wongé kesuwun (maring Gusti Allah), mangka setemené dhéwéké kesuwun nggo awaké dhéwék; lan sing sapa wongé ora kesuwun (kufur), mangka setemené Gusti Allah Mahasugih, Maha Pinuji.”

وَاِذْ قَالَ لُقْمٰنُ لِابْنِهٖ وَهُوَ يَعِظُهٗ يٰبُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيْمٌ١٣
Wa iż qāla luqmānu libnihī wa huwa ya‘iẓuhū yā bunayya lā tusyrik billāh(i), innasy-syirka laẓulmun ‘aẓīm(un).
[13] Lan (élinga) rikala Lukman ngucap maring anaké, rikala dhéwéké awéh piwulang maring anaké, “Hé anakku! Aja pisan-pisan ko nyekuthokna Gusti Allah, setemené nyekuthokna (Gusti Allah) kuwé nyata-nyata dosa (kedolprecaya) sing gedhé.”

وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِۚ حَمَلَتْهُ اُمُّهٗ وَهْنًا عَلٰى وَهْنٍ وَّفِصَالُهٗ فِيْ عَامَيْنِ اَنِ اشْكُرْ لِيْ وَلِوَالِدَيْكَۗ اِلَيَّ الْمَصِيْرُ١٤
Wa waṣṣainal-insāna biwālidaih(i), ḥamalathu ummuhū wahnan ‘alā wahniw wa fiṣāluhū fī ‘āmaini anisykur lī wa liwālidaik(a), ilayyal-maṣīr(u).
[14] Lan Ingsun dhawuhna maring menungsa (supaya gawé bagus) maring wong tuwané sekloron. Biyungé wis ngandhut dhéwéké neng kahanan ringkih sing tambah-tambah, lan nyapih (methil suson) dhéwéké wektu umur rong taun 647 . Kesuwuna ko maring Ingsun lan maring wong tuwamu sekloron. Mung maring Ingsun balimu.
647) Nyapih anak kuwé seora-orané nganti umur rong taun.

وَاِنْ جَاهَدٰكَ عَلٰٓى اَنْ تُشْرِكَ بِيْ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا وَصَاحِبْهُمَا فِى الدُّنْيَا مَعْرُوْفًا ۖوَّاتَّبِعْ سَبِيْلَ مَنْ اَنَابَ اِلَيَّۚ ثُمَّ اِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٥
Wa in jāhadāka ‘alā an tusyrika bī mā laisa laka bihī ‘ilmun falā tuṭi‘humā wa ṣāḥibhumā fid-dun-yā ma‘rūfā(n), wattabi‘ sabīla man anāba ilayya(a), ṡumma ilayya marji‘ukum fa unabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[15] Lan angger sekloroné meksa maring ko supayané nyekuthokna Ingsun karo sewiji-wiji sing ko ora duwé ilmuné ngenani kuwé, mangka aja pisan-pisan ko manut (maring) sekloroné, lan srawungana sekloroné neng dunya kanthi becik, lan mélua dalané wong sing padha bali maring Ingsun. Banjur mung maring Ingsun nggon baliné ko kabéh, mangka bakal Ingsun paringi weruh maring ko kabéh apa sing ko padha pergawé.

يٰبُنَيَّ اِنَّهَآ اِنْ تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ فَتَكُنْ فِيْ صَخْرَةٍ اَوْ فِى السَّمٰوٰتِ اَوْ فِى الْاَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَطِيْفٌ خَبِيْرٌ١٦
Yā bunayya innahā in taku miṡqāla ḥabbatim min khardalin fatakun fī ṣakhratin au fis-samāwāti au fil-arḍi ya'ti bihallāh(u), innallāha laṭīfun khabīr(un).
[16] (Lukman ngucap), “Hé anaku! Temen, angger ana (sewijiné penggawéan) seaboté wiji sawi, lan ana neng njero watu utawa neng langit utawa neng bumi, mesthi Gusti Allah bakal paring (piwales). Setemené Gusti Allah Mahaalus, 648 Mahanastiti.
648) “Gusti Allah Mahaalus” yakuwé ilmuné Gusti Allah nglingkupi samubarang kabéh nganti sing paling lembut (cilik).

يٰبُنَيَّ اَقِمِ الصَّلٰوةَ وَأْمُرْ بِالْمَعْرُوْفِ وَانْهَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَاصْبِرْ عَلٰى مَآ اَصَابَكَۗ اِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ١٧
Yā bunayya aqimiṣ-ṣalāta wa'mur bil-ma‘rūfi wanha ‘anil-munkari waṣbir ‘alā mā aṣābak(a), inna żālika min ‘azmil-umūr(i).
[17] Hé anaku! Lakonana sembayang lan (préntaha menungsa) nglakoni sing bagus (makruf) lan cegahen (wong-wong kuwé) sekang prekara sing ala (munkar) lan sabara maring apa sing temiba maring ko kabéh, setemené sing mengkana kuwé klebu prekara sing penting.

وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۚ١٨
Wa lā tuṣa‘‘ir khaddaka lin-nāsi wa lā tamsyi fil-arḍi maraḥā(n), innallāha lā yuḥibbu kulla mukhtālin fakhūr(in).
[18] Lan aja pisan-pisan ko mléngosna raimu sekang menungsa (merga gemedhé) lan aja pisan-pisan mlaku neng bumi kanthi anggak. Temen, Gusti Allah ora karenan (maring) wong-wong sing gemedhé lan ngagul-agulna awaké dhéwék.

وَاقْصِدْ فِيْ مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِنْ صَوْتِكَۗ اِنَّ اَنْكَرَ الْاَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيْرِ ࣖ١٩
Waqṣid fī masy-yika wagḍuḍ min ṣautik(a), inna ankaral-aṣwāti laṣautul-ḥamīr(i).
[19] Lan depersajakna olihé mlaku, 649 lan lirihna sewaramu. Setemené seala-alané sewara kuwé sewarané jaran khimar ( keledai).”
649) Angger mlaku aja kebanteren lan uga aja kedhologen.

اَلَمْ تَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ سَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَاَسْبَغَ عَلَيْكُمْ نِعَمَهٗ ظَاهِرَةً وَّبَاطِنَةً ۗوَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّلَا هُدًى وَّلَا كِتٰبٍ مُّنِيْرٍ٢٠
Alam tarau annallāha sakhkhara lakum mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa asbaga ‘alaikum ni‘amahū ẓāhirataw wa bāṭinah(tan), wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa lā hudaw wa lā kitābim munīr(in).
[20] Apa ko ora nggatékna lamon Gusti Allah wis nundhukna apa sing neng langit lan apa sing neng bumi nggo (kepentingan)mu lan nyempurnakna nékmat-É nggo ko kabéh lair batin. Ning neng antarané menungsa ana sing mbantah ngenani (nyewijiné) Gusti Allah kanthi ora nganggo ilmu utawa pituduh lan ora nganggo Kitab sing awéh penerangan.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّبِعُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا بَلْ نَتَّبِعُ مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَاۗ اَوَلَوْ كَانَ الشَّيْطٰنُ يَدْعُوْهُمْ اِلٰى عَذَابِ السَّعِيْرِ٢١
Wa iżā qīla lahumuttabi‘ū mā anzalallāhu qālū bal nattabi‘u mā wajadnā ‘alaihi ābā'anā, awalau kānasy-syaiṭānu yad‘ūhum ilā ‘ażābis-sa‘īr(i).
[21] Lan angger déucapna maring wong-wong kuwé, “Melua maring apa sing déturunaken déning Gusti Allah!” Dhéwéké padha semaur, “(Ora), ning inyong kabéh (mung) ngetutna kebiasan sing inyong padha weruhi sekang kaki-nininé inyong.” Apa wong-wong (arep padha ngetutna kaki-nininé) senajan sebeneré sétan ajék-ajék wong-wong kuwé maring siksa geni sing mulab-mulab (neraka)?

۞ وَمَنْ يُّسْلِمْ وَجْهَهٗٓ اِلَى اللّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقٰىۗ وَاِلَى اللّٰهِ عَاقِبَةُ الْاُمُوْرِ٢٢
Wa may yuslim wajhahū ilallāhi wa huwa muḥsinun faqadistamsaka bil-‘urwatil-wuṡqā, wa ilallāhi ‘āqibatul-umūr(i).
[22] Lan sapa wongé pasrah awak maring Gusti Allah, apadéné dhéwéké wong sing gawé kebecikan, mangka setemené dhéwéké wis cekelan maring jiret (tali) sing kuwat. Mung maring Gusti Allah pungkasané sekabéh urusan.

وَمَنْ كَفَرَ فَلَا يَحْزُنْكَ كُفْرُهٗۗ اِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ فَنُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ٢٣
Wa man kafara falā yaḥzunka kufruh(ū), ilainā marji‘uhum fanunabbi'uhum bimā ‘amilū, innallāha ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[23] Lan sapa wongé mabangkang (kapir) mangka kapiré dhéwéké kuwé aja pisan-pisan nyusahna sliramu (Muhammad). Mung maring Ingsun nggon baliné wong-wong kuwé, banjur Ingsun wertakna maring dhéwéké kabéh apa sing wis dhéwéké padha lakoni. Setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani sekabéh isiné ati.

نُمَتِّعُهُمْ قَلِيْلًا ثُمَّ نَضْطَرُّهُمْ اِلٰى عَذَابٍ غَلِيْظٍ٢٤
Numatti‘uhum qalīlan ṡumma naḍṭarruhum ilā ‘ażābin galīẓ(in).
[24] Ingsun jorna wong-wong kuwé padha seneng-seneng sedhéla, banjur Ingsun peksa dhéwéké kabéh (mlebu) maring siksa sing keras.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٥
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunnallāh(u), qulil-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[25] Lan temen, angger sliramu (Muhammad) takokna maring wong-wong kuwé, “Sapa sing nyiptakna langit lan bumi?” Mesthi dhéwéké bakal padha semaur, “Gusti Allah.” Dhawuhna, “Sekabéh pengalembana kagungané Gusti Allah,” ning akéh-akéhé wong-wong kuwé padha ora ngaweruhi.

لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ٢٦
Lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), innallāha huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[26] Kagungané Gusti Allah apa sing neng langit lan neng bumi. Setemené Gusti Allah, Penjenengané Sing Mahasugih, Maha Pinuji.

وَلَوْ اَنَّ مَا فِى الْاَرْضِ مِنْ شَجَرَةٍ اَقْلَامٌ وَّالْبَحْرُ يَمُدُّهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖ سَبْعَةُ اَبْحُرٍ مَّا نَفِدَتْ كَلِمٰتُ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٧
Wa lau anna mā fil-arḍi min syajaratin aqlāmuw wal-baḥru yamudduhū mim ba‘dihī sab‘atu abḥurim mā nafidat kalimātullāh(i), innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[27] Lan énggané wit-wit sing neng bumi dadi pulpen lan segara (dadi mangsi), detambahi maring kuwé (maning) pitung segara sewisé (garing)é, mesthi ora nana entong-entongé (detulisna) kalimat-kalimaté Gusti Allah. 650 setemené Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.
650) Ilmu-Né lan hikmah-É, tegesé kabéh kuwé ora cukup nggo nulis kalimah Allah.

مَا خَلْقُكُمْ وَلَا بَعْثُكُمْ اِلَّا كَنَفْسٍ وَّاحِدَةٍ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ٢٨
Mā khalqukum wa lā ba‘ṡukum illā kanafsiw wāḥidah(tin), innallāha samī‘um baṣīr(un).
[28] Nyiptakna lan nangékna ko kabéh (tumrap Gusti Allah) mung kaya (nyiptakna lan nangékna) jiwa siji thok (gampang). Setemené Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Mriksani.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۖ كُلٌّ يَّجْرِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى وَّاَنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٩
Alam tara annallāha yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-laili wa sakhkharasy-syamsa wal-qamar(a), kulluy yajrī ilā ajalim musammaw wa annallāha bimā ta‘malūna khabīr(un).
[29] Apa ko ora padha nggatékna lamon setemené Gusti Allah nglebokna wengi maring awan lan nglebokna awan maring wengi lan Penjenengané nundhukna srengéngé lan wulan, dhéwéké-dhéwék mlaku (mubeng) butul wektu sing détemtokna. Temen, Gusti Allah Mahanastiti (ingatasé) apa sing ko padha pergawé.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهِ الْبَاطِلُۙ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ ࣖ٣٠
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa anna mā yad‘ūna min dūnihil-bāṭil(u), wa annallāha huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[30] Mengkana kuwé, merga setemené Gusti Allah, Penjenengané (Pengéran) sing sejati lan apa baé sing wong-wong kuwé padha sebut seliyané Gusti Allah kuwé ora bener (batil). Lan setemené Gusti Allah, Penjenengané Sing Mahaluhur, Mahaagung.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ الْفُلْكَ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِنِعْمَتِ اللّٰهِ لِيُرِيَكُمْ مِّنْ اٰيٰتِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ٣١
Alam tara annal-fulka tajrī fil-baḥri bini‘matillāhi liyuriyakum min āyātih(ī), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[31] Apa ko ora padha nggatékna lamon setemené prahu sing mlaku neng segara kuwé kanthi nékmaté (pitulungan) Gusti Allah, supaya Penjenengané nidhokna maring ko kabéh sebagéan tandha-tandha (agung)-É. Temen, sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (agung)-É tumrap saben-saben wong sing sabar lan akéh kesuwuné.

وَاِذَا غَشِيَهُمْ مَّوْجٌ كَالظُّلَلِ دَعَوُا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ فَلَمَّا نَجّٰىهُمْ اِلَى الْبَرِّ فَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا كُلُّ خَتَّارٍ كَفُوْرٍ٣٢
Wa iżā gasyiyahum maujun kaẓ-ẓulali da‘awullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), falammā najjāhum ilal-barri faminhum muqtaṣid(un), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illā kullu khattārin kafūr(in).
[32] Lan angger wong-wong kuwé degulung déning ombak sing gedhé kaya gunung, dhéwéké padha nyebut-nyebut Gusti Allah kanthi tulus iklas ngrasuk agama maring Penjenengané. Ning rikala Gusti Allah nylametna dhéwéké kabéh butul neng dharat, banjur sebagéané tetep ngambah dalan sing jejeg. 651 Anadéné sing padha ngingkari ayat-ayat-É Ingsun mung wong tukang cidra sing ora padha (gelem) kesuwun.
651) Dalan sing jejeg kuwé ngakoni nyewijiné Gusti Allah.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لَّا يَجْزِيْ وَالِدٌ عَنْ وَّلَدِهٖۖ وَلَا مَوْلُوْدٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَّالِدِهٖ شَيْـًٔاۗ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۗ وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ٣٣
Ya ayyuhan-nāsuttaqū rabbakum wakhsyau yaumal lā yajzī wālidun ‘aw waladih(ī), wa lā maulūdun huwa jāzin ‘aw wālidihī syai'ā(n), inna wa‘dallāhi ḥaqqun falā tagurrannakumul-ḥayātud-dun-yā, wa lā yagurrannakum billāhil-garūr(u).
[33] Hé menungsa! Padha semaraha (takwa) maring Pengéranmu lan wedia maring dina sing (rikala kuwé) rama ora bisa nulungi anaké, lan anak (uga) ora bisa nulungi ramané babar pisan. Temen, janjiné Gusti Allah mesti bener, mangka aja pisan-pisan ko padha kapusan déning penguripan dunya, lan aja nganti ko padha kapusan déning tukang apus-apus sejeroné (manut maring) Gusti Allah.

اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ ࣖ٣٤
Innallāha ‘indahū ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa yunazzilul-gaiṡ(a), wa ya‘lamu mā fil-arḥām(i), wa mā tadrī nafsum māżā taksibu gadā(n), wa mā tadrī nafsum bi'ayyi arḍin tamūt(u), innallāha ‘alīmun khabīr(un).
[34] Setemené mung neng sisihé Gusti Allah ilmu ngenani dina Kiyamat; lan Penjenengané sing nurunaken udan, lan ngawuningani apa sing ana neng njeroné gua garba (wetengan). Lan ora nana sijia wong sing bisa ngaweruhi (kanthi maton) apa sing bakal dhéwéké pergawé ngésuk. 652 Lan ora nana sijia wong sing bisa ngaweruhi neng bumi endi dhéwéké bakal mati. Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani, Maha Mengerténi.
652) Menungsa ora bakal ngaweruhi kanthi maton apa sing bakal dhéwéké pergawé neng dina ngésuk utawa apa sing bakal dhéwéké pekolih, senajan kaya kuwé dhéwéké déwajibna setiyar (usaha).