Surah Ar-Rum

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۚ١
Alif lām mīm.
[1] Alif lām mīm.

غُلِبَتِ الرُّوْمُۙ٢
Gulibatir-rūm(u).
[2] Bangsa Romawi wis dékalahna, 631
631) Romawi Wétan sing pusaté neng kota Konstantinopel.

فِيْٓ اَدْنَى الْاَرْضِ وَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ غَلَبِهِمْ سَيَغْلِبُوْنَۙ٣
Fī adnal-arḍi wa hum mim ba‘di galabihim sayaglibūn(a).
[3] neng negari sing paling pérek 632 lan dhéwéké kabéh sewisé dékalahna kuwé bakal menang, 633
632) Paling pérek maring negari Arab yakuwé Suriah lan Palestina. 633) Bangsa Romawi (rikala ayat kiyé temurun) dadi bangsa sing agamané Nasrani sing duwé Kitab Suci, anadéné Bangsa Persia (Iran) agamané Majusi sing nyembah geni lan brehala (musrik). Bangsa loro kuwé padha perang. Rikala ana kabar kalahé bangsa Romawi déning bangsa Persia, wong musrik Mekah padha bungah merga padha mehak musrik Persia. Anadéné wong Islam Mekah padha susah merga kuwé. Banjur temurun ayat kiyé lan ayat sing sebanjuré sing nerangna lamon bangsa Romawi sewisé kalah bakal menang neng jangkah sewetara taun baé. Kuwé temen kedadén. Sewetara taun sewisé kuwé bangsa Romawi menang lan bangsa Persia kalah, Kanthi kedadéan kuwé dadi nyata beneré Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w, minangka Nabi lan Rasul lan bebeneré Al-Qur’an minangka sabdané Gusti Allah.

فِيْ بِضْعِ سِنِيْنَ ەۗ لِلّٰهِ الْاَمْرُ مِنْ قَبْلُ وَمِنْۢ بَعْدُ ۗوَيَوْمَىِٕذٍ يَّفْرَحُ الْمُؤْمِنُوْنَۙ٤
Fī biḍ‘i sinīn(a), lillāhil-amru min qablu wa mim ba‘d(u), wa yauma'iżiy yafraḥul-mu'minūn(a).
[4] sejeroné sewetara taun (maning). 634 Kagungané Gusti Allah urusan seurungé lan sewisé (wong-wong kuwé menang). Lan neng dina (kemenangané bangsa Romawi) kuwé wong-wong sing precaya padha bungah,
634) Antarané telu nganti sangang taun. Wektu antarané kalahé bangsa Romawi (taun 614-615 Masehi) karo menangé (taun 622 M) kuwé kira-kira pitung taun.

بِنَصْرِ اللّٰهِ ۗيَنْصُرُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ٥
Binaṣrillāh(i), yanṣuru may yasyā'(u), wa huwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[5] merga déné pitulungé Gusti Allah. Penjenengané nulungi sapa sing dékersakna. Penjenengané Mahadigdaya, Mahawelas.

وَعْدَ اللّٰهِ ۗ لَا يُخْلِفُ اللّٰهُ وَعْدَهٗ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٦
Wa‘dallāh(i), lā yukhlifullāhu wa‘dahū wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[6] (Kuwé) janjiné Gusti Allah. Gusti Allah ora bakal nyulayani janji-Né, ning akéh-akéhé menungsa ora padha ngaweruhi.

يَعْلَمُوْنَ ظَاهِرًا مِّنَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۖ وَهُمْ عَنِ الْاٰخِرَةِ هُمْ غٰفِلُوْنَ٧
Ya‘lamūna ẓāhiram minal-ḥayātid-dun-yā, wa hum ‘anil-ākhirati hum gāfilūn(a).
[7] Wong-wong kuwé padha ngaweruhi sing lair (keton) sekang penguripan dunya; anadéné maring penguripan akhérat dhéwéké padha ngemprah.

اَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ ۗ مَا خَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ بِلِقَاۤئِ رَبِّهِمْ لَكٰفِرُوْنَ٨
Awalam yatafakkarū fī anfusihim, mā khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā illā bil-ḥaqqi wa ajalim musammā(n), wa inna kaṡīram minan-nāsi biliqā'i rabbihim lakāfirūn(a).
[8] Lan kenangapa wong-wong kuwé ora padha mikirna ngenani (kedadéané) awaké dhéwék kabéh? Gusti Allah ora nyiptakna langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné kejaba kanthi (tujuan) sing bener lan wektu sing wis détemtokna, Lan setemené akéh-akéhé neng antarané menungsa nyata-nyata padha ngingkari sapatemon karo Pengérané.

اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَّاَثَارُوا الْاَرْضَ وَعَمَرُوْهَآ اَكْثَرَ مِمَّا عَمَرُوْهَا وَجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۗ فَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَۗ٩
Awalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, kānū asyadda minhum quwwataw wa aṡārul-arḍa wa ‘amarūhā akṡara mimmā ‘amarūhā wa jā'athum rusuluhum bil-bayyināt(i), famā kānallāhu liyaẓlimahum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[9] Lan apa dhéwéké kabéh ora padha lungan neng bumi banjur weruh kepriwé akibaté wong-wong sing urip seurungé dhéwéké (sing padha ora precaya maring utusan)? Wong-wong mau lewih kuwat tenimbang dhéwéké (dhéwék) lan wong-wong mau wis padha ngolah bumi (tanah) lan gawé makmur nglewihi apa sing dhéwéké padha makmurna. Lan wis teka maring wong-wong mau utusan-utusan kanthi nggawa bukti-bukti sing genah. Mangka Gusti Allah babar pisan ora nganiaya (gawé kapitunan) maring wong-wong kuwé, ning wong-wong mau sing padha nganiaya maring awaké dhéwék.

ثُمَّ كَانَ عَاقِبَةَ الَّذِيْنَ اَسَاۤءُوا السُّوْۤاٰىٓ اَنْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَكَانُوْا بِهَا يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ١٠
Ṡumma kāna ‘āqibatal-lażīna asā'us-sū'ā an każżabū bi'āyātillāhi wa kānū bihā yastahzi'ūn(a).
[10] Banjur siksa sing lewih ala yakuwé pungkasané wong-wong sing padha nglakoni kejahatan. Merga, dhéwéké padha nggorohna ayat-ayat-É Gusti Allah lan wong-wong mau gawéné padha perguyokna (ayat-ayat) kuwé.

اَللّٰهُ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ١١
Allāhu yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[11] Gusti Allah sing ngawiti penyiptanan (mahluk), banjur mbaléni maning; banjur maring Penjenengané ko kabéh padha débalékna.

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يُبْلِسُ الْمُجْرِمُوْنَ١٢
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yublisul-mujrimūn(a).
[12] Lan neng dinané (rikala) kedadéan Kiyamat, wong-wong sing dosa (wong-wong musrik) padha keplengek (meneng baé) merga pedhot pengarep-arepé.

وَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ مِّنْ شُرَكَاۤىِٕهِمْ شُفَعٰۤؤُا وَكَانُوْا بِشُرَكَاۤىِٕهِمْ كٰفِرِيْنَ١٣
Wa lam yakul lahum min syurakā'ihim syufa‘ā'u wa kānū bisyurakā'ihim kāfirīn(a).
[13] Lan ora gadhang ana sing awéh sapangat (pitulungan) tumrap dhéwéké sekang brehala-brehalané wong-wong kuwé, mangkané dhéwéké padha ngingkari brehala-brehala kuwé. 635
635) Miturut sebagéan juru tapsir, ayat kiyé détegesi, “....malah dhéwéké padha dadi kapir merga brehala-brehala.”

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يَوْمَىِٕذٍ يَّتَفَرَّقُوْنَ١٤
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yauma'iżiy yatafarraqūn(a).
[14] Lan neng dina (rikala) kedadéan Kiyamat, neng dina kuwé menungsa crah-bubrah (dadi panthan-panthan).

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَهُمْ فِيْ رَوْضَةٍ يُّحْبَرُوْنَ١٥
Fa ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fahum fī rauḍatiy yuḥbarūn(a).
[15] Mangka anadéné wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebagusan, mangka dhéwéké kabéh neng njero taman (suwarga) padha bungah-bungah.

وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَلِقَاۤئِ الْاٰخِرَةِ فَاُولٰۤىِٕكَ فِى الْعَذَابِ مُحْضَرُوْنَ١٦
Wa ammal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā wa liqā'il-ākhirati fa'ulā'ika fil-‘ażābi muḥḍarūn(a).
[16] Lan anadéné wong-wong sing padha mbangkang (kapir) lan ora precaya maring ayat-ayat Ingsun lan (nggorohna) ketemu dina wekasan (akhérat) wong-wong kuwé tetep neng pesiksan (neraka).

فَسُبْحٰنَ اللّٰهِ حِيْنَ تُمْسُوْنَ وَحِيْنَ تُصْبِحُوْنَ١٧
Fa subḥānallāhi ḥīna tumsūna wa ḥīna tuṣbiḥūn(a).
[17] Mangka padha maha-nyucekna (maca tasbéh) maring Gusti Allah neng wektu soré lan wektu ésuk (wektu subuh).

وَلَهُ الْحَمْدُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَعَشِيًّا وَّحِيْنَ تُظْهِرُوْنَ١٨
Wa lahul-ḥamdu fis-samāwāti wal-arḍi wa ‘asyiyyaw wa ḥīna tuẓhirūn(a).
[18] Lan sekabéh pengalembana kagungané Penjenengané neng langit lan neng bumi, ana neng wektu tengah wengi lan wektu duhur (tengah dina), 636
636) Maksudé maca tasbéh neng ayat 17 yakuwé sembayang. Ayat 17 karo 18 nerangna wektu sembayang sing lima.

يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَيُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۗوَكَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ ࣖ١٩
Yukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa yukhrijul-mayyita minal-ḥayyi wa yuḥyil-arḍa ba‘da mautihā, wa każālika tukhrajūn(a).
[19] Penjenengané ngetokna sing urip sekang sing mati lan ngetokna sing mati sekang sing urip lan nguripna bumi sewisé mati (garing). Lan kaya kuwé (uga) ko padha bakal détokna (sekang kubur).

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ اِذَآ اَنْتُمْ بَشَرٌ تَنْتَشِرُوْنَ٢٠
Wa min āyātihī an khalaqakum min turābin ṡumma iżā antum basyarun tantasyirūn(a).
[20] Lan neng antarané tandha-tandha (agung)-É yakuwé Penjenengané nyiptakna ko kabéh sekang lemah, banjur dadakan ko padha (dadi) menungsa sing manak-pinak.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةً ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٢١
Wa min āyātihī an khalaqa lakum min anfusikum azwājal litaskunū ilaihā wa ja‘ala bainakum mawaddataw wa raḥmah(tan), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[21] Lan neng antarané tandha-tandha (agung)-É yakuwé Penjenengané nyiptakna jodho-jodho nggo ko kabéh sekang bangsamu (menungsa) dhéwék, supayané ko padha condhong lan krasa tentrem maring dhéwéké, lan Penjenengané ndadékna neng antarané ko (karo jodhomu) rasa welas lan asih. Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong sing padha mikir.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ خَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافُ اَلْسِنَتِكُمْ وَاَلْوَانِكُمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّلْعٰلِمِيْنَ٢٢
Wa min āyātihī khalqus-samāwāti wal-arḍi wakhtilāfu alsinatikum wa alwānikum, inna fī żālika la'āyātil lil-‘ālimīn(a).
[22] Lan neng antarané tandha-tandha (agungé Gusti Allah) yakuwé penyiptanan langit lan bumi, beda-bédané basamu lan werna kulitmu. Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha tumrap wong sing padha ngaweruhi.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ مَنَامُكُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَابْتِغَاۤؤُكُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ٢٣
Wa min āyātihī manāmukum bil-laili wan-nahāri wabtigā'ukum min faḍlih(ī), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yasma‘ūn(a).
[23] Lan neng antarané tandha-tandha (agungé) Penjenengané yakuwé turumu kabéh neng wektu wengi lan awan lan usahané ko kabéh nggolét sebagéan nugrahané Gusti Allah. Temen, neng sing mengkana kuwé mau nyata-nyata ana tandha-tandha tumrap wong-wong sing gelem ngrungokna.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ يُرِيْكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَّطَمَعًا وَّيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَيُحْيٖ بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٢٤
Wa min āyātihī yurīkumul-barqa khaufaw wa ṭama‘aw wa yunazzilu minas-samā'i mā'an fa yuḥyī bihil-arḍa ba‘da mautihā, inna fī żālika la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[24] Lan neng antarané tandha-tandha (agungé) Gusti Allah, yakuwé Penjenengané meruhna maring ko kabéh kilat nggo (nuwuhna) rasa wedi lan pengarep-arep, lan Penjenengané nurunaken banyu (udan) sekang langit, banjur kanthi banyu kuwé déuripna bumi sewisé mati (garing). Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha tumrap wong-wong sing padha mengerténi.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ تَقُوْمَ السَّمَاۤءُ وَالْاَرْضُ بِاَمْرِهٖۗ ثُمَّ اِذَا دَعَاكُمْ دَعْوَةًۖ مِّنَ الْاَرْضِ اِذَآ اَنْتُمْ تَخْرُجُوْنَ٢٥
Wa min āyātihī an taqūmas-samā'u wal-arḍu bi'amrih(ī), ṡumma iżā da‘ākum da‘watam minal-arḍi iżā antum takhrujūn(a).
[25] Lan neng antarané tandha-tandha (agungé) Gusti Allah ya kuwé anané (demadiné) bumi lan langit kanthi kersa-Né. Banjur angger Penjenengané nimbali ko kabéh kanthi timbalan sepisan sekang bumi, senalika kuwé ko padha metu (sekang kubur).

وَلَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلٌّ لَّهٗ قٰنِتُوْنَ٢٦
Wa lahū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), kullul lahū qānitūn(a).
[26] Lan kagungané Penjenengané apa sing neng langit lan neng bumi. Sekabéhé mung maring Penjenengané padha miturut.

وَهُوَ الَّذِيْ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ وَهُوَ اَهْوَنُ عَلَيْهِۗ وَلَهُ الْمَثَلُ الْاَعْلٰى فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ٢٧
Wa huwal-lażī yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū wa huwa ahwanu ‘alaih(i), wa lahul-maṡalul-a‘lā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[27] Lan Penjenengané sing ngawiti penyiptanan, banjur mbaléni maning, lan kuwé lewih gampang mungguh Penjenengané. Penjenengané kagungan sipat sing Mahaluhur neng langit lan neng bumi. Lan Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.

ضَرَبَ لَكُمْ مَّثَلًا مِّنْ اَنْفُسِكُمْۗ هَلْ لَّكُمْ مِّنْ مَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ مِّنْ شُرَكَاۤءَ فِيْ مَا رَزَقْنٰكُمْ فَاَنْتُمْ فِيْهِ سَوَاۤءٌ تَخَافُوْنَهُمْ كَخِيْفَتِكُمْ اَنْفُسَكُمْۗ كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٢٨
Ḍaraba lakum maṡalam min anfusikum, hal lakum mim mā malakat aimānukum min syurakā'a fī mā razaqnākum fa'antum fīhi sawā'un takhāfūnahum kakhīfatikum anfusakum, każālika nufaṣṣilul-āyāti liqaumiy ya‘qilūn(a).
[28] Penjenengané gawé peumpaman nggo ko sekang awakmu dhéwék kabéh. Apa (ko padha rila angger) ana neng antarané kewula sing ko duwéni dadi batirmu neng sejeroné (nduwéni) rejeki sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh, saéngga ko kabéh dadi sepadhan karo wong-wong kuwé neng prekara kiyé, banjur ko padha wedi maring dhéwéké kaya ko padha wedi maring sebangsamu. 637 Mengkana kuwé Ingsun genahna ayat-ayat mau tumrap wong-wong sing padha mengerténi.
637) Peumpman kuwé nggambarna lamon ora pantes anané sekuthon neng antarané perangan-angan sing ora sepadhan, contoné antarané majikan karo kewula, apa maning antarané mahluk karo Gusti Allah, mesthi lewih ora pantes maning.

بَلِ اتَّبَعَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ فَمَنْ يَّهْدِيْ مَنْ اَضَلَّ اللّٰهُ ۗوَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٢٩
Balittaba‘al-lażīna ẓalamū ahwā'ahum bigairi ‘ilm(in), famay yahdī man aḍallallāh(u), wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[29] Ning wong-wong sing aniaya (dolim) padha nuruti kepénginané ora nganggo kawruh; mangka sapa sing bisa awéh pituduh maring wong sing wis désasarna déning Gusti Allah. Lan babar pisan ora nana sing nulungi dhéwéké kabéh.

فَاَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ حَنِيْفًاۗ فِطْرَتَ اللّٰهِ الَّتِيْ فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَاۗ لَا تَبْدِيْلَ لِخَلْقِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُۙ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَۙ٣٠
Fa aqim wajhaka lid-dīni ḥanīfā(n), fiṭratallāhil-latī faṭaran-nāsa ‘alaihā, lā tabdīla likhalqillāh(i), żālikad-dīnul-qayyim(u), wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[30] Mangka adhepna raimu kanthi jejeg maring agama (Islam); (selaras) kesuciané (fitrah) Gusti Allah merga Penjenengané wis nyiptakna menungsa miturut (fitrah) kuwé. 638 Ora nana owah-owahan neng ciptanané Gusti Allah. (Kuwé) agama sing jejeg, ning akéh-akéhé menungsa ora padha mengerténi,
638) Fitrahé Gusti Allah maksudé ciptanané Gusti Allah. Menungsa déciptakna déning Gusti Allah duwé naluri precaya maring agama yakuwé agama sing nyewijikna Gusti Allah. Angger ana menungsa sing ora nyewijikna Gusti Allah, kuwé ora sebaéné.

۞ مُنِيْبِيْنَ اِلَيْهِ وَاتَّقُوْهُ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَلَا تَكُوْنُوْا مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۙ٣١
Munībīna ilaihi wattaqūhu wa aqīmuṣ-ṣalāta wa lā takūnū minal-musyrikīn(a).
[31] kanthi bali mertobat maring Penjenengané lan padha semaraha (takwa) maring Penjenengané lan leksanakna sembayang lan aja pisan-pisan ko padha klebu wong-wong sing nyekuthokna Gusti Allah,

مِنَ الَّذِيْنَ فَرَّقُوْا دِيْنَهُمْ وَكَانُوْا شِيَعًا ۗ كُلُّ حِزْبٍۢ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُوْنَ٣٢
Minal-lażīna farraqū dīnahum wa kānū syiya‘ā(n), kullu ḥizbim bimā ladaihim fariḥūn(a).
[32] yakuwé wong-wong sing padha ngorak-ngarik agamané 639 lan dhéwéké kabéh padha dadi pirang-pirang panthan (golongan), saben-saben panthan ngrasa bangga kanthi apa sing ana neng golongané dhéwék-dhéwék.
639) Ninggalna agama nyewiji (tauhid) lan mélu werna-werna peprecayaan nuruti kepénginané wong-wong kuwé.

وَاِذَا مَسَّ النَّاسَ ضُرٌّ دَعَوْا رَبَّهُمْ مُّنِيْبِيْنَ اِلَيْهِ ثُمَّ اِذَآ اَذَاقَهُمْ مِّنْهُ رَحْمَةً اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُوْنَۙ٣٣
Wa iżā massan-nāsa ḍurrun da‘au rabbahum munībīna ilaihi ṡumma iżā ażāqahum minhu raḥmatan iżā farīqum minhum birabbihim yusyrikūn(a).
[33] Lan angger menungsa ketiban sewijiné bebaya, wong-wong mau padha nyebut-nyebut maring Pengérané kanthi bali (mertobat) maring Penjenengané, banjur angger Penjenengané paring kewelasan 640 semendhing baé maring dhéwéké kabéh, dadakan sebagéané dhéwéké padha nyekuthokna Gusti Allah.
640) Sing démaksud “rahmat” neng kéné yakuwé uwalé sekang bebaya mau.

لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۗ فَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٣٤
Liyakfurū bimā ātaināhum, fatamatta‘ū, fasaufa ta‘lamūn(a).
[34] Jorna wong-wong kuwé padha ngingkari kewelasan sing wis Ingsun paringna. Lan padha seneng-senenga ko kabéh, mangka mbésuk ko bakal padha ngaweruhi (wohé apa sing ko padha pergawé).

اَمْ اَنْزَلْنَا عَلَيْهِمْ سُلْطٰنًا فَهُوَ يَتَكَلَّمُ بِمَا كَانُوْا بِهٖ يُشْرِكُوْنَ٣٥
Am anzalnā ‘alaihim sulṭānan fahuwa yatakallamu bimā kānū bihī yusyrikūn(a).
[35] Utawa apa Ingsun nglakon nurunaken maring wong-wong kuwé keterangan sing nggenahna (mbenerna) apa sing (gawéné) dhéwéké padha persekuthokna karo Gusti Allah?

وَاِذَآ اَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً فَرِحُوْا بِهَاۗ وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ اِذَا هُمْ يَقْنَطُوْنَ٣٦
Wa iżā ażaqnan-nāsa raḥmatan fariḥū bihā, wa in tuṣibhum sayyi'atum bimā qaddamat aidīhim iżā hum yaqnaṭūn(a).
[36] Lan angger Ingsun paringna sewijiné kewelasan (rahmat) maring menungsa, mesthi wong-wong kuwé padha seneng maring (rahmat) kuwé. Ning angger dhéwéké ketiban bebaya merga kesalahané dhéwéké, dadakan dhéwéké padha pungkas (pedhot pengarep-arep).

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٣٧
Awalam yarau annallāha yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[37] Lan apa wong-wong kuwé ora padha nggatékna lamon Gusti Allah sing njembarna rejeki tumrap sapa baé sing Penjenengané kersakna lan Penjenengané (uga) sing matesi (tumrap sapa baé sing Penjenengané kersak-na). Setemené, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha precaya.

فَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَ اللّٰهِ ۖوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٣٨
Fa āti żal-qurbā ḥaqqahū wal-miskīna wabnas-sabīl(i), żālika khairul lil-lażīna yurīdūna wajhallāh(i), wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[38] Mangka wéhna hak (bagéané) maring sanak-sedulur pérek, uga maring wong-wong sing padha ora duwé lan wong-wong sing lagi padha neng paran. Kuwé sing lewih apik tumrap wong sing padha nggolét karenané Gusti Allah. Lan dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha begya.

وَمَآ اٰتَيْتُمْ مِّنْ رِّبًا لِّيَرْبُوَا۟ فِيْٓ اَمْوَالِ النَّاسِ فَلَا يَرْبُوْا عِنْدَ اللّٰهِ ۚوَمَآ اٰتَيْتُمْ مِّنْ زَكٰوةٍ تُرِيْدُوْنَ وَجْهَ اللّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُضْعِفُوْنَ٣٩
Wa mā ātaitum mir ribal liyarbuwa fī amwālin-nāsi falā yarbū ‘indallāh(i), wa mā ātaitum min zakātin turīdūna wajhallāhi fa'ulā'ika humul-muḍ‘ifūn(a).
[39] Lan sewijiné riba (punjulan) sing ko padha wéhna supayané bandhané menungsa tambah, mangka ora bakal tambah mungguh Gusti Allah. Lan apa sing ko padha wéhna rupané jakat sing ko padha karepna nggo nggolét karenané Gusti Allah, mangka kuwé wong-wong sing padha nikel-nikelna (ganjaran).

اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ ثُمَّ رَزَقَكُمْ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْۗ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّفْعَلُ مِنْ ذٰلِكُمْ مِّنْ شَيْءٍۗ سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ ࣖ٤٠
Allāhul-lażī khalaqakum ṡumma razaqakum ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum, hal min syurakā'ikum may yaf‘alu min żālikum min syai'(in), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[40] Gusti Allah sing nyiptakna ko kabéh, banjur maringi ko rejeki, banjur matékna ko kabéh, banjur nguripna (maning). Apa ana neng antarané dhéwéké kabéh sing ko padha sekuthokna karo Gusti Allah bisa temindak sing kaya kuwé? Mahasuci Penjenengané lan Mahaluhur tenimbang apa sing dhéwéké padha sekuthokna.

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٤١
Żaharal-fasādu fil-barri wal-baḥri bimā kasabat aidin-nāsi liyużīqahum ba‘ḍal-lażī ‘amilū la‘allahum yarji‘ūn(a).
[41] Wis keton kerusakan neng dharat lan neng segara merga pokal-gawéné menungsa; Gusti Allah ngersakna supaya dhéwéké padha ngrasakna sebagéan sekang (akibat) pokal-gawéné wong-wong kuwé, supayané dhéwéké kabéh padha bali maring dalan sing bener.

قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلُۗ كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّشْرِكِيْنَ٤٢
Qul sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qabl(u), kāna akṡaruhum musyrikīn(a).
[42] Dhawuha (Muhammad), “Padha lelungana neng bumi banjur delengen kepriwé wekasané wong-wong gemiyén. Akéh-akéhé dhéwéké padha dadi wong sing nyekuthokna (Gusti Allah).

فَاَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ الْقَيِّمِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ يَوْمَىِٕذٍ يَّصَّدَّعُوْنَ٤٣
Fa aqim wajhaka lid-dīnil-qayyimi min qabli ay ya'tiya yaumul lā maradda lahū minallāhi yauma'iżiy yaṣṣadda‘ūn(a).
[43] Merga kuwé, adhepna raimu maring agama sing jejeg (Islam) seurungé teka sekang Gusti Allah sewijiné dina (Kiyamat) sing ora bisa detampik, neng dina kuwé wong-wong padha kepisah-pisah 641
641) Yakuwé sebagéané dhéwéké padha neng njero neraka lan sebagéané maning padha neng njero suwarga.

مَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهٗۚ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِاَنْفُسِهِمْ يَمْهَدُوْنَۙ٤٤
Man kafara fa ‘alaihi kufruh(ū), wa man ‘amila ṣāliḥan fali'anfusihim yamhadūn(a).
[44] Sing sapa wongé mbangkang (kapir) mangka awaké dhéwéké sing nanggung (akibat) mbangkangé kuwé; lan sing sapa wongé nglakoni kebecikan mangka dhéwéké padha nyiyapna nggo awaké dhéwéké (panggonan sing nyenengna),

لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْكٰفِرِيْنَ٤٥
Liyajziyal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti min faḍlih(ī), innahū lā yuḥibbul-kāfirīn(a).
[45] supaya Gusti Allah paring piwales (ganjaran) maring wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan sekang kanugrahané. Temen, Penjenengané ora karenan (maring) wong-wong sing padha mbangkang (kapir).

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ يُّرْسِلَ الرِّيٰحَ مُبَشِّرٰتٍ وَّلِيُذِيْقَكُمْ مِّنْ رَّحْمَتِهٖ وَلِتَجْرِيَ الْفُلْكُ بِاَمْرِهٖ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٤٦
Wa min āyātihī ay yursilar-riyāḥa mubasysyirātiw wa liyużīqakum mir raḥmatihī wa litajriyal-fulka bi'amrihī wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[46] Lan klebu tandha-tandha (agung)-É yakuwé lamon Penjenengané ngirimna angin minangka dadi kabar bebungah 642 lan supaya ko padha ngrasakna sebagéan sekang kewelasan-É (rahmat) lan supaya prahu kuwé bisa mlaku kanthi préntah-É lan (uga) supaya ko padha bisa nggolét sebagéan sekang kanugrahan-É supaya ko padha kesuwun (sukur).
642) “Sing nggawa kabar bebungah” tegesé, lamuk kandel sing degawa angin banjur dadi udan. Merga kuwé bisa dérasakna kewelasané Gusti Allah kanthi thukulé wewijen sing wis dedhédher lan dadi ijoné tandur-tanduran, padha wohé thethukulan lan liya-liyané.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ رُسُلًا اِلٰى قَوْمِهِمْ فَجَاۤءُوْهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَانْتَقَمْنَا مِنَ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْاۗ وَكَانَ حَقًّاۖ عَلَيْنَا نَصْرُ الْمُؤْمِنِيْنَ٤٧
Wa laqad arsalnā min qablika rusulan ilā qaumihim fajā'ūhum bil-bayyināti fantaqamnā minal-lażīna ajramū, wa kāna ḥaqqan ‘alainā naṣrul-mu'minīn(a).
[47] Lan temen, Ingsun wis ngutus seurungé sliramu (Muhammad) pira-pira utusan maring kaumé, dhéwéké kabéh (para utusan) teka maring kaumé kanthi nggawa keterangan-keterangan (sing cukup), banjur Ingsun paring piwales maring wong-wong sing padha dosa, 643 lan dadi wenang (hak) Ingsun nggo nulung wong-wong sing padha precaya.
643) Kanthi tekané para utusan sing nggawa keterangan maring kaumé kuwé, mangka sebagéané padha precaya lan sebagéané padha ora precaya, malah nganti ana sing nglarani para utusan (rasul). Mangka maring wong sing padha gawé dosa kuwé Gusti Allah paring siksa maring dhéwéké kabéh.

اَللّٰهُ الَّذِيْ يُرْسِلُ الرِّيٰحَ فَتُثِيْرُ سَحَابًا فَيَبْسُطُهٗ فِى السَّمَاۤءِ كَيْفَ يَشَاۤءُ وَيَجْعَلُهٗ كِسَفًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلٰلِهٖۚ فَاِذَآ اَصَابَ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖٓ اِذَا هُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَۚ٤٨
Allāhul-lażī yursilur-riyāḥa fatuṡīru saḥāban fayabsuṭuhū fis-samā'i kaifa yasyā'u wa yaj‘aluhū kisafan fataral-wadqa yakhruju min khilālih(ī), fa'iżā aṣāba bihī may yasyā'u min ‘ibādihī iżā hum yastabsyirūn(a).
[48] Gusti Allah sing ngirimna angin, banjur angin kuwé ngobahna lamuk lan Gusti Allah njembrengna kuwé neng langit miturut sing dékersakna neng Penjenengané, lan ndadékna (lamuk kuwé) ngundhung-undhung, mbanjur sliramu weruh udan metu sekang sela-selané, mangka angger Penjenengané nurunaken (udan kuwé) maring para kawula-Né sing Penjenengané kersakna dadakan dhéwéké kabéh padha bungah.

وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْهِمْ مِّنْ قَبْلِهٖ لَمُبْلِسِيْنَۚ٤٩
Wa in kānū min qabli ay yunazzala ‘alaihim min qablihī lamublisīn(a).
[49] Mangkané seurungé udan déturunaken maring wong-wong kuwé, dhéwéké genah wis padha pungkas (pedhot pengarep-arep).

فَانْظُرْ اِلٰٓى اٰثٰرِ رَحْمَتِ اللّٰهِ كَيْفَ يُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ اِنَّ ذٰلِكَ لَمُحْيِ الْمَوْتٰىۚ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٥٠
Fanẓur ilā āṡāri raḥmatillāhi kaifa yuḥyil-arḍa ba‘da mautihā, inna żālika lamuḥyil-mautā, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[50] Mangka padha degatékna tilas-tilas kewelasané (rahmat) Gusti Allah, kepriwé Gusti Allah nguripna bumi sewisé mati (garing). Temen, kuwé tegesé Penjenengané mesthi (kewasa) nguripna sing wis mati. Lan Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.

وَلَىِٕنْ اَرْسَلْنَا رِيْحًا فَرَاَوْهُ مُصْفَرًّا لَّظَلُّوْا مِنْۢ بَعْدِهٖ يَكْفُرُوْنَ٥١
Wa la'in arsalnā rīḥan fara'auhu muṣfarral laẓallū mim ba‘dihī yakfurūn(a).
[51] Lan temen, angger Ingsun ngirimna angin banjur wong-wong kuwé padha weruh (tanduran-tanduran) dadi kuning (garing), mesthi sewisé kuwé dhéwéké kabéh padha tetep ora precaya.

فَاِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتٰى وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاۤءَ اِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِيْنَ٥٢
Fa innaka lā tusmi‘ul-mautā wa lā tusmi‘uṣ-ṣummad-du‘ā'a iżā wallau mudbirīn(a).
[52] Mangka temen, sliramu ora bakal kewawa ndadékna wong-wong sing wis mati kuwé bisa krungu, lan ndadékna wong-wong sing budheg bisa krungu pengajék-ajék, angger wong-wong kuwé padha gelem nylinguk mburi. 644
644) Wong-wong kapir kuwé depadhakna Gusti Allah karo wong-wong mati sing ora bisa krungu kawruh-kawruh maning. Semana uga depadhakna wong-wong budheg sing ora bisa krungu angger deceluk sekang mburi.

وَمَآ اَنْتَ بِهٰدِ الْعُمْيِ عَنْ ضَلٰلَتِهِمْۗ اِنْ تُسْمِعُ اِلَّا مَنْ يُّؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا فَهُمْ مُّسْلِمُوْنَ ࣖ٥٣
Wa mā anta bihādil-‘umyi ‘an ḍalālatihim, in tusmi‘u illā may yu'minu bi'āyātinā fahum muslimūn(a).
[53] Lan sliramu ora bakal bisa awéh pituduh maring wong-wong sing wuta (picek atiné) sekang kesasaré. Lan sliramu ora bisa awéh pengrungon (pituduhé Pengéran) kejaba maring wong-wong sing padha precaya maring ayat-ayat-É Ingsun, mangka dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha pasrah awak (maring Ingsun).

۞ اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ ضَعْفٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْۢ بَعْدِ ضَعْفٍ قُوَّةً ثُمَّ جَعَلَ مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ ضَعْفًا وَّشَيْبَةً ۗيَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُۚ وَهُوَ الْعَلِيْمُ الْقَدِيْرُ٥٤
Allāhul-lażī khalaqakum min ḍa‘fin ṡumma ja‘ala mim ba‘di ḍa‘fin quwwatan ṡumma ja‘ala mim ba‘di quwwatin ḍa‘faw wa syaibah(tan), yakhluqu mā yasyā'(u), wa huwal-‘alīmul-qadīr(u).
[54] Gusti Allah sing nyiptakna ko kabéh sekang kahanan ora duwé daya, banjur Penjenengané ndadékna (ko kabéh) sing mikiné ora duwé daya dadi kuwat, banjur Penjenengané ndadékna (ko kabéh) sewisé kuwat dadi ora duwé daya (maning) lan uwanen. Penjenengané nyiptakna apa sing Penjenengané kersakna lan Penjenengané Maha Ngawuningani, Mahakewasa.

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يُقْسِمُ الْمُجْرِمُوْنَ ەۙ مَا لَبِثُوْا غَيْرَ سَاعَةٍ ۗ كَذٰلِكَ كَانُوْا يُؤْفَكُوْنَ٥٥
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yuqsimul-mujrimūn(a), mā labiṡū gaira sā‘ah(tin), każālika kānū yu'fakūn(a).
[55] Lan neng dina (rikala) kedadéané Kiyamat, wong-wong sing duwé dosa padha sumpah, lamon dhéwéké manggon neng njeroné kubur mung sedhéla (thok). Kaya kuwé (uga) gemiyén dhéwéké padha depléngosna (sekang bebener). 645
645) Maksudé, kaya dhéwéké goroh neng senjeroné ucapané, semana uga kaya kuwé dhéwéké goroh terus neng dunya.

وَقَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ وَالْاِيْمَانَ لَقَدْ لَبِثْتُمْ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ اِلٰى يَوْمِ الْبَعْثِۖ فَهٰذَا يَوْمُ الْبَعْثِ وَلٰكِنَّكُمْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٥٦
Wa qālal-lażīna ūtul-‘ilma wal-īmāna laqad labiṡtum fī kitābillāhi ilā yaumil-ba‘ṡ(i), fa hāżā yaumul-ba‘ṡi wa lākinnakum kuntum lā ta‘lamūn(a).
[56] Lan wong-wong sing déparingi ilmu lan peprecaya padha ngucap (maring wong-wong sing mbangkang), “Temen, ko wis padha manggon (neng njero kubur) miturut pepesthéné Gusti Allah, nganti butul dina ko padha détangékna (Kiyamat). Mangka siki kiyé dina Kiyamat kuwé, ning (gemiyén) ko kabéh ora padha precaya.

فَيَوْمَىِٕذٍ لَّا يَنْفَعُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَعْذِرَتُهُمْ وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٥٧
Fa yauma'iżil lā yanfa‘ul-lażīna ẓalamū ma‘żiratuhum wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[57] Mangka neng dina kuwé ora nana gunané (maning) penyuwunan ampurane wong-wong sing padha aniaya (dolim), lan dhéwéké kabéh ora déparingi wektu nggo mertobat maning.

وَلَقَدْ ضَرَبْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۗ وَلَىِٕنْ جِئْتَهُمْ بِاٰيَةٍ لَّيَقُوْلَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا مُبْطِلُوْنَ٥٨
Wa laqad ḍarabnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡal(in), wa la'in ji'tahum bi'āyatil layaqūlannal-lażīna kafarū in antum illā mubṭilūn(a).
[58] Lan setemené wis Ingsun terangna maring menungsa sewernané peumpaman neng Al-Qur’an kiyé. Lan angger sliramu nggawa sewijiné ayat maring dhéwéké kabéh, mesthi wong-wong kapir kuwé bakal ngucap, “Ko kuwé mung wong sing padha temindak palsu thok.”

كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٩
Każālika yaṭba‘ullāhu ‘alā qulūbil-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[59] Mengkana kuwé Gusti Allah ngunci atiné wong-wong sing padha ora (gelem) mengerténi.

فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّلَا يَسْتَخِفَّنَّكَ الَّذِيْنَ لَا يُوْقِنُوْنَ ࣖ٦٠
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqquw wa lā yastakhiffannakal-lażīna lā yūqinūn(a).
[60] Mangka sing sabar sliramu (Muhammad), temen, janjiné Gusti Allah kuwé bener lan aja pisan-pisan wong-wong sing ora padha precaya (beneré ayat-ayat-É Gusti Allah) kuwé gawé rungsing maring sliramu.