Surah Ali `Imran
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ١
Alif lām mīm.
[1]
Alif lam mim
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُۗ٢
Allāhu lā ilāha illā huwal-ḥayyul-qayyūm(u).
[2]
Gusti Allah, ora nana Pengéran kejaba Penjenengané. Sing Mahasugeng, Sing terus-terusan ngopéni (ciptanan-É). 109
109) Gusti Allah sing ngatur langit lan seisiné bumi
نَزَّلَ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَاَنْزَلَ التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَۙ٣
Nazzala ‘alaikal-kitāba bil-ḥaqqi muṣaddiqal limā baina yadaihi wa anzalat-taurāta wal-injīl(a).
[3]
Penjenengané nurunaken kitab (Al-Qur’an) maring sliramu (Muhammad) sing isiné bebener, mbenerna (kitab-kitab) seurungé, lan nurunaken Taurat lan Injil,
مِنْ قَبْلُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَاَنْزَلَ الْفُرْقَانَ ەۗ اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۗوَاللّٰهُ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍۗ٤
Min qablu hudal lin-nāsi wa anzalal-furqān(a), innal-lażīna kafarū bi āyātillāhi lahum ‘ażābun syadīd(un), wallāhu ‘azīzun żuntiqām(in).
[4]
seurungé, minangka pituduh nggo menungsa, lan Penjenengané nurunaken Al-Furqon. 110 Temen, wong-wong sing ingkar maring ayat-ayat-É Gusti Allah bakal olih siksa sing abot. Gusti Allah Mahadigdaya tur kagungan paukuman.
110) Al-Furqon (Al-qur’an) yakuwé kitab sing mbédakna antarané sing bener lan sing salah.
اِنَّ اللّٰهَ لَا يَخْفٰى عَلَيْهِ شَيْءٌ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ٥
Innallāha lā yakhfā ‘alaihi syai'un fil-arḍi wa lā fis-samā'(i).
[5]
Mungguhé Gusti Allah ora nana barang sewiji sing kumpet neng bumi lan neng langit.
هُوَ الَّذِيْ يُصَوِّرُكُمْ فِى الْاَرْحَامِ كَيْفَ يَشَاۤءُ ۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٦
Huwal-lażī yuṣawwirukum fil-arḥāmi kaifa yasyā'(u), lā ilāha illā huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[6]
Penjenengané sing ngukir ko neng njero kandhutan (gua garba) miturut sing Penjenengané kersakna, ora nana Pengéran kejaba Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.
هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ مِنْهُ اٰيٰتٌ مُّحْكَمٰتٌ هُنَّ اُمُّ الْكِتٰبِ وَاُخَرُ مُتَشٰبِهٰتٌ ۗ فَاَمَّا الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ زَيْغٌ فَيَتَّبِعُوْنَ مَا تَشَابَهَ مِنْهُ ابْتِغَاۤءَ الْفِتْنَةِ وَابْتِغَاۤءَ تَأْوِيْلِهٖۚ وَمَا يَعْلَمُ تَأْوِيْلَهٗٓ اِلَّا اللّٰهُ ۘوَالرّٰسِخُوْنَ فِى الْعِلْمِ يَقُوْلُوْنَ اٰمَنَّا بِهٖۙ كُلٌّ مِّنْ عِنْدِ رَبِّنَا ۚ وَمَا يَذَّكَّرُ اِلَّآ اُولُوا الْاَلْبَابِ٧
Huwal-lażī anzala ‘alaikal-kitāba minhu āyātum muḥkamātun hunna ummul-kitābi wa ukharu mutasyābihāt(un), fa'ammal-lażīna fī qulūbihim zaigun fayattabi‘ūna mā tasyābaha minhubtigā'al-fitnati wabtigā'a ta'wīlih(ī), wa mā ya‘lamu ta'wīlahū illallāh(u), war-rāsikhūna fil-‘ilmi yaqūlūna āmannā bih(ī), kullum min ‘indi rabbinā, wa mā yażżakkaru illā ulul-albāb(i).
[7]
Penjenengané sing nurunaken kitab (Al-Qur’an) maring sliramu (Muhammad). Neng antarané ana ayat-ayat sing muhkamat, 111 kuwé pokok-pokoké kitab (Al-Qur’an) lan sing liyané mutasyabihat. 112 Anadéné wong-wong sing neng njero atiné dhoyong maring sesasar, dhéwéké mélu sing mutasyabihat nggo nggolét pitnah lan nggo nggolét tegesé (takwilé), mangkané ora nana sing ngerti takwilé kejaba Gusti Allah. Lan wong-wong sing ilmuné jero padha ngucap, “Inyong padha precaya maring kuwé (Al-qur’an), kabéhané sekang sisihé Pengérané inyong kabéh.“ Ora nana sing bisa ngalap piwulang kejaba wong sing padha duwé nalar.
111) Ayat-ayat sing gamblang lan tegas maksudé, bisa dépahami kanthi gampang.
112) Ayat-ayat sing maksudé samar, angél dépahami utawa mung Gusti Allah sing priksa.
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً ۚاِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ٨
Rabbanā lā tuzig qulūbanā ba‘da iż hadaitanā wa hab lanā mil ladunka raḥmah(tan), innaka antal-wahhāb(u).
[8]
(Wong-wong mau padha nyenyuwun), “Dhuh Pengéran kula sami, ampun Penjenengan dhoyongaken manah kula sedaya dhateng sesasar sesampuné Penjenengan maringi pitedah dhateng kula sami, lan paringana kanugrahan dhateng kula sami rupi kewelasan saking ngarsa Penjenengan, sejatosipun Penjenengan Mahaparing.
رَبَّنَآ اِنَّكَ جَامِعُ النَّاسِ لِيَوْمٍ لَّا رَيْبَ فِيْهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيْعَادَ ࣖ٩
Rabbanā innaka jāmi‘un-nāsi liyaumil lā raiba fīh(i), innallāha lā yukhliful-mī‘ād(a).
[9]
“Dhuh Pengéran kula sedaya, Penjenengan ingkang ngumpulaken menungsa wonten dinten ingkang mboten wonten mamangi-pun.” Temen, Gusti Allah ora nyalahi janji.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمْ وَقُوْدُ النَّارِۗ١٠
Innal-lażīna kafarū lan tugniya ‘anhum amwāluhum wa lā aulāduhum minallāhi syai'ā(n), wa ulā'ika hum waqūdun-nār(i).
[10]
Setemené wong-wong sing kapir, tumrap dhéwéké ora gadhang migunani babar-blas bandha lan anak-anaké mungguh (siksané) Gusti Allah. Lan dhéwéké mau padha (dadi) urub-urubé geni neraka.
كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْ ۗ وَاللّٰهُ شَدِيْدُ الْعِقَابِ١١
Kada'bi āli fir‘aun(a), wal-lażīna min qablihim, każżabū bi'āyātinā, fa'akhażahumullāhu biżunūbihim, wallāhu syadīdul-‘iqāb(i).
[11]
(Kahanané wong-wong mau) kaya kahanan balané Fir’aun lan wong-wong sing seurungé. Dhéwéké padha nyidrani maring ayat-ayat Ingsun, mangka Gusti Allah nyiksa dhéwéké kabéh sing merga dosa-dosané. Gusti Allah abot banget paukuman-É.
قُلْ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَتُغْلَبُوْنَ وَتُحْشَرُوْنَ اِلٰى جَهَنَّمَ ۗ وَبِئْسَ الْمِهَادُ١٢
Qul lil-lażīna kafarū satuglabūna wa tuḥsyarūna ilā jahannam(a), wa bi'sal-mihād(u).
[12]
Dhawuha (Muhammad) maring wong-wong sing padha mbangkang (kapir), “Ko kabéh (mesthi) arep dékalahna lan dégiring maring njero neraka Jahanam. Lan kuwé seala-alané panggonan.
قَدْ كَانَ لَكُمْ اٰيَةٌ فِيْ فِئَتَيْنِ الْتَقَتَا ۗفِئَةٌ تُقَاتِلُ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَاُخْرٰى كَافِرَةٌ يَّرَوْنَهُمْ مِّثْلَيْهِمْ رَأْيَ الْعَيْنِ ۗوَاللّٰهُ يُؤَيِّدُ بِنَصْرِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّاُولِى الْاَبْصَارِ١٣
Qad kāna lakum āyatun fī fi'atainil taqatā, fi'atun tuqātilu fī sabīlillāhi wa ukhrā kāfiratuy yaraunahum miṡlaihim ra'yal-‘ain(i), wallāhu yu'ayyidu binaṣrihī may yasyā'(u), inna fī żālika la‘ibratal li'ulil-abṣār(i).
[13]
Temen, wis ana tandha nggo ko kabéh neng rong golongan sing padha adhep-adhepan. 113 Segolongan perang neng dalané Gusti Allah lan sing liyané (golongan) kapir sing weruh karo matané dhéwék, lamon wong-wong (golongan muslim) tikel loro akéhé ketim-bang dhéwéké kabéh. Gusti Allah nguwatna kelawan pitulungan-É, maring sapa baé sing Penjenengané kersakna. Temen, neng sing kaya kuwé ana wulangan tumrap wong-wong sing duwé peningalan (mata batin).
113) Ketemuné rong golongan kuwé antarané kaum Muslimin karo kaum musrikin, kedadéané neng Perang Badar. Badar kuwé sewijiné panggonan sing ana neng kidul Medinah.
زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوٰتِ مِنَ النِّسَاۤءِ وَالْبَنِيْنَ وَالْقَنَاطِيْرِ الْمُقَنْطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالْاَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ۗ ذٰلِكَ مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَاللّٰهُ عِنْدَهٗ حُسْنُ الْمَاٰبِ١٤
Zuyyina lin-nāsi ḥubbusy-syahawāti minan-nisā'i wal-banīna wal-qanāṭīril-muqanṭarati minaż-żahabi wal-fiḍḍati wal-khailil-musawwamati wal-an‘āmi wal-ḥarṡ(i), żālika matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wallāhu ‘indahū ḥusnul-ma'āb(i).
[14]
Dédadékna rinasa éndah neng sesawangané menungsa (sipat) tresna maring apa sing dégayuh, sing rupané wong-wong wadon, anak-anak, dunya-brana sing tumpuk-undhung rupa emas lan pérak, jaran sing pinilih, raja-kaya 114 lan sawah-pegagan. Kuwé kabéh kesenengan urip neng dunya, lan mung neng sisihé Gusti Allah panggonan bali sing apik.
114) Kéwan-kéwan kayadéné onta, sapi, wedhus, lan gembel.
۞ قُلْ اَؤُنَبِّئُكُمْ بِخَيْرٍ مِّنْ ذٰلِكُمْ ۗ لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَاَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَّرِضْوَانٌ مِّنَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِالْعِبَادِۚ١٥
Qul a'unabbi'ukum bikhairim min żālikum, lil-lażīnattaqau ‘inda rabbihim jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā wa azwājum muṭahharatuw wa riḍwānum minallāh(i), wallāhu baṣīrum bil-‘ibād(i).
[15]
Ucapana, “Apa gelem tek critakna maring ko kabéh apa sing lewih apik tenimbang sing kaya kuwé?” Kanggo wong-wong sing padha takwa (semarah) neng sisihé Pengéra-né dhéwéké kabéh suwarga-suwarga sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan, dhéwéké langgeng neng njeroné, lan jodho-jodho sing suci, sarta karenané Gusti Allah. Lan Gusti Allah Maha Mriksani kabéh kawula-Né.
اَلَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اِنَّنَآ اٰمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَقِنَا عَذَابَ النَّارِۚ١٦
Allażīna yaqūlūna rabbanā innanā āmannā fagfir lanā żunūbanā wa qinā ‘ażāban-nār(i).
[16]
(Yakuwé) wong-wong sing padha nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula sami, kula sedaya éstu pitados, mila ngapuntena dosa-dosa kula sedaya lan mugi kinayoman kula sedaya saking siksa neraka.”
اَلصّٰبِرِيْنَ وَالصّٰدِقِيْنَ وَالْقٰنِتِيْنَ وَالْمُنْفِقِيْنَ وَالْمُسْتَغْفِرِيْنَ بِالْاَسْحَارِ١٧
Aṣ-ṣābirīna waṣ-ṣādiqīna wal-qāniṭīna wal-munfiqīna wal-mustagfirīna bil-asḥār(i).
[17]
(Uga) wong sing sabar, wong sing bener, wong sing manut, wong sing nyumbangna bandhané, lan wong sing nyuwun pengampura neng wektu seurungé bang wétan (fajar).
شَهِدَ اللّٰهُ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۙ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَاُولُوا الْعِلْمِ قَاۤىِٕمًاۢ بِالْقِسْطِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١٨
Syahidallāhu annahū lā ilāha illā huw(a), wal-malā'ikatu wa ulul-‘ilmi qā'imam bil-qisṭ(i), lā ilāha illā huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[18]
Gusti Allah mertélakna lamon ora nana Pengéran kejaba Penjenengané (mengkana uga) para malaékat lan wong duwé ilmu sing njejegna adil, ora nana sesembahan kejaba Penjenengané, Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.
اِنَّ الدِّيْنَ عِنْدَ اللّٰهِ الْاِسْلَامُ ۗ وَمَا اخْتَلَفَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْ ۗوَمَنْ يَّكْفُرْ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَاِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ١٩
Innad-dīna ‘indallāhil-islām(u), wa makhtalafal-lażīna ūtul-kitāba illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, wa may yakfur bi'āyātillāhi fa innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[19]
Setemené agama neng sisihé Gusti Allah yakuwé Islam. Ora padha pesulayan wong-wong sing wis déparingi Kitab 115 kejaba sewisé dhéwéké padha olih ilmu, merga drengki neng antarané dhéwéké kabéh. Sapa baé sing ingkar maring ayat-ayat-É Gusti Allah, mangka temen, Gusti Allah cepet banget étungan-É.
115) Yakuwé kitab-kitab sing déturunaken seurungé Al-Qur’an.
فَاِنْ حَاۤجُّوْكَ فَقُلْ اَسْلَمْتُ وَجْهِيَ لِلّٰهِ وَمَنِ اتَّبَعَنِ ۗوَقُلْ لِّلَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَالْاُمِّيّٖنَ ءَاَسْلَمْتُمْ ۗ فَاِنْ اَسْلَمُوْا فَقَدِ اهْتَدَوْا ۚ وَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُ ۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِالْعِبَادِ ࣖ٢٠
Fa'in ḥājjūka fa qul aslamtu wajhiya lillāhi wa manittaba‘an(i), wa qul lil-lażīna ūtul-kitāba wal-ummiyyīna a'aslamtum, fa'in aslamū faqadihtadau, wa in tawallau fa'innamā ‘alaikal-balāg(u), wallāhu baṣīrum bil-‘ibād(i).
[20]
Banjur umpama dhéwéké padha mbantah sliramu (Muhammad) dhawuha, “Ingsun semarah maring Gusti Allah lan (semana uga) wong-wong sing mélu maring ingsun.” Lan ucapna maring wong-wong sing wis dépa-ringi Kitab lan maring wong-wong sing wuta aksara, 116 “Apa ko kabéh wis mlebu Islam?” umpama dhéwéké padha mlebu Islam, ateges dhéwéké padha olih pituduh, ning angger dhéwéké padha mléngos, kewajibanmu mung mbutulna. Lan Gusti Allah Maha Mriksani kewulané kabéh.
116) Wuta aksara maksudé wong sing ora ngerti maca lan nulis. Miturut sebagéan juru tapsir sing démaksud ummi yakuwé wong musrik Arab sing ora ngerti maca lan nulis, ujaré sebagéan liya yakuwé wong-wong sing ora déparingi Kitab.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَيَقْتُلُوْنَ النَّبِيّٖنَ بِغَيْرِحَقٍّۖ وَّيَقْتُلُوْنَ الَّذِيْنَ يَأْمُرُوْنَ بِالْقِسْطِ مِنَ النَّاسِۙ فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٢١
Innal-lażīna yakfurūna bi'āyātillāhi wa yaqtulūnan nabiyyīna bigairi ḥaqq(in), wa yaqtulūnal-lażīna ya'murūna bil-qisṭi minan-nās(i), fabasysyirhum bi‘ażābin alīm(in).
[21]
Setemené wong-wong sing ingkar maring ayat-ayat-É Gusti Allah lan maténi para nabi tanpa hak (alesan sing bener) lan maténi wong-wong sing préntah menungsa nglakoni adil, butulna maring wong-wong mau (sing padha ingkar mau) werta yakuwé siksa sing perih.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۖ وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٢٢
Ulā'ikal-lażīna ḥabiṭat a‘māluhum fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[22]
Dhéwéké kabéh kuwé wong sing muspra penggawéané neng dunya lan neng akhérat lan dhéwéké padha ora olih penulung.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ يُدْعَوْنَ اِلٰى كِتٰبِ اللّٰهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ يَتَوَلّٰى فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ وَهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٣
Alam tara ilal-lażīna ūtū naṣībam minal-kitābi yud‘auna ilā kitābillāhi liyaḥkuma bainahum ṡumma yatawallā farīqum minhum wa hum mu‘riḍūn(a).
[23]
Apa ko ora nggatékna wong-wong sing wis déparingi bagéan Kitab (Taurat)? Dhéwéké padha déséngi (ngugemi) maring Kitabé Gusti Allah nggo mutusna (prekara) neng antarané dhéwéké kabéh. Banjur setengah sekang wong-wong mau mléngos karo nampik (bebener).
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ اِلَّآ اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍ ۖ وَّغَرَّهُمْ فِيْ دِيْنِهِمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢٤
Żālika bi'annahum qālū lan tamassanan nāru illā ayyāmam ma‘dūdāt(in), wa garrahum fī dīnihim mā kānū yaftarūn(a).
[24]
Kaya kuwé merga dhéwéké padha ngucap, “Geni neraka ora gadhang nyénggol inyong kabéh kejaba mung sewetara dina thok.” Dhéwéké padha kapusan neng njero agamané déning apa sing déana-anakna dhéwék.
فَكَيْفَ اِذَا جَمَعْنٰهُمْ لِيَوْمٍ لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ وَوُفِّيَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٢٥
Fakaifa iżā jama‘nāhum liyaumil lā raiba fīh(i), wa wuffiyat kullu nafsim mā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[25]
Kepriwé angger (mengko) dhéwéké kabéh Ingsun kumpulna neng sewiji dina (Kiyamat) sing ora démamangna kedadéané lan maring saben jiwa déwéhi piwales sempurna sing imbang karo apa sing wis délakokna lan dhéwéké kabéh ora déaniaya (ora dékapitunani)?
قُلِ اللّٰهُمَّ مٰلِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِى الْمُلْكَ مَنْ تَشَاۤءُ وَتَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ تَشَاۤءُۖ وَتُعِزُّ مَنْ تَشَاۤءُ وَتُذِلُّ مَنْ تَشَاۤءُ ۗ بِيَدِكَ الْخَيْرُ ۗ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٦
Qulillāhumma mālikal-mulki tu'til-mulka man tasyā'u wa tanzi‘ul-mulka mim man tasyā'(u), wa tu‘izzu man tasyā'u wa tużillu man tasyā'(u), biyadikal-khair(u), innaka ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[26]
Dhawuha (Muhammad), “Dhuh Pengéran ingkang kagungan wenang, Penjenengan paring kewenangan dhateng sinten kémawon ingkang Penjenengan kersakaken lan Penjenengan njabud kewenangan saking sinten kémawon ingkang Penjenengan kersakaken. Penjenengan mulyakaken sinten kémawon ingkang Penjenengan kersakaken lan Penjenengan nisthakaken sinten kémawon ingkang Penjenengan kersakaken. Namung wonten asta Penjenengan sedaya kesaénan. Éstu, Penjenengan Mahakewaos ingatasipun sedaya prekawis.
تُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَتُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ وَتُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَتُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَتَرْزُقُ مَنْ تَشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٢٧
Tūlijul-laila fin-nahāri wa tūlijun-nahāra fil-laili wa tukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa tukhrijul-mayyita minal-ḥayyi wa tarzuqu man tasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[27]
Penjenengan nglebetaken dalu wonten selebetipun siang lan Penjenengan nglebetaken siang wonten selebetipun dalu lan Penjenengan ngedalaken ingkang gesang saking ingkang pejah lan Penjenengan ngedalaken ingkang pejah saking ingkang gesang, 117 lan ugi Penjenengan paring rejeki dhateng sinten kémawon ingkang Penjenengan kersakaken tanpi étangan.”
117) Sebagéan juru tapsir awéh conto nggo ayat kiyé karo metuné pitik sekang endhog lan endhog sekang pitik.
لَا يَتَّخِذِ الْمُؤْمِنُوْنَ الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَلَيْسَ مِنَ اللّٰهِ فِيْ شَيْءٍ اِلَّآ اَنْ تَتَّقُوْا مِنْهُمْ تُقٰىةً ۗ وَيُحَذِّرُكُمُ اللّٰهُ نَفْسَهٗ ۗ وَاِلَى اللّٰهِ الْمَصِيْرُ٢٨
Lā yattakhiżil-mu'minūnal-kāfirīna auliyā'a min dūnil-mu'minīn(a), wa may yaf‘al żālika falaisa minallāhi fī syai'(in), illā an tattaqū minhum tuqāh(tan), wa yuḥażżirukumullāhu nafsah(ū), wa ilallāhil-maṣīr(u).
[28]
Aja nganti wong-wong sing padha precaya ndadékna wong kapir minangka pemimpin, njabakna wong-wong sing padha precaya. Sapa wongé sing temindak kaya kuwé, mes-thi dhéwéké ora bakal olih apa-apa sekang Gusti Allah, kejaba merga (siyasat) njaga awak sekang prekara sing ko wedi sekang dhéwéké. Lan Gusti Allah ngélingna maring ko kabéh ngenani pribadi (siksa)-Né, lan mung maring Gusti Allah panggonan mulih.
قُلْ اِنْ تُخْفُوْا مَا فِيْ صُدُوْرِكُمْ اَوْ تُبْدُوْهُ يَعْلَمْهُ اللّٰهُ ۗوَيَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٩
Qul in tukhfū mā fī ṣudūrikum au tubdūhu ya‘lamhullāh(u), wa ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[29]
Ucapana, “Umpama ko ngumpetna apa sing ana neng njero atimu utawa ko ngedhéngna, Gusti Allah mesti mriksani.” Penjenengané priksa apa baé sing ana neng langit lan apa baé sing ana neng bumi. Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
يَوْمَ تَجِدُ كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ مِنْ خَيْرٍ مُّحْضَرًا ۛوَمَا عَمِلَتْ مِنْ سُوْۤءٍ ۛ تَوَدُّ لَوْ اَنَّ بَيْنَهَا وَبَيْنَهٗٓ اَمَدًاۢ بَعِيْدًا ۗوَيُحَذِّرُكُمُ اللّٰهُ نَفْسَهٗ ۗوَاللّٰهُ رَءُوْفٌۢ بِالْعِبَادِ ࣖ٣٠
Yauma tajidu kullu nafsim mā ‘amilat min khairim muḥḍarā(n), wa mā ‘amilat min sū'(in), tawaddu lau anna bainahā wa bainahū amadam ba‘īdā(n), wa yuḥażżirukumullāhu nafsah(ū), wallāhu ra'ūfum bil-‘ibād(i).
[30]
(Élinga) neng dina (rikala) saben jiwa olih (piwales) ingatasé kebecikan sing wis délakoni déadhepna maring dhéwéké, (semana uga piwales) ingatasé kejahatan sing wis dhéwéké lakoni. Dhéwéké kepéngin énggané ana jangka sing adoh antarané dhéwéké karo (dina) kuwé. Lan Gusti Allah ngélingna maring ko ngenani pribadi (siksa)-Né. Gusti Allah Mahawelas maring kewula-Né kabéh.
قُلْ اِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللّٰهَ فَاتَّبِعُوْنِيْ يُحْبِبْكُمُ اللّٰهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣١
Qul in kuntum tuḥibbūnallāha fattabi‘ūnī yuḥbibkumullāhu wa yagfir lakum żunūbakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[31]
Dhawuha (Muhammad), “Angger ko kabéh tresna maring Gusti Allah, mélua maring ingsun, mesthi Gusti Allah tresna maring ko kabéh tur ngampurani dosa-dosamu kabéh.” Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
قُلْ اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ ۚ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْكٰفِرِيْنَ٣٢
Qul aṭī‘ullāha war-rasūl(a), fa'in tawallau fa innallāha lā yuḥibbul-kāfirīn(a).
[32]
Dhawuha (Muhammad), “Manuta maring Gusti Allah lan Rasul. Angger ko mléngos, ngerténana lamon Gusti Allah ora karenan maring wong-wong kapir.”
۞ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰىٓ اٰدَمَ وَنُوْحًا وَّاٰلَ اِبْرٰهِيْمَ وَاٰلَ عِمْرٰنَ عَلَى الْعٰلَمِيْنَۙ٣٣
Innallāhaṣṭafā ādama wa nūḥaw wa āla ibrāhīma wa āla ‘imrāna ‘alal-‘ālamīn(a).
[33]
Setemené Gusti Allah wis milih Adam, Nuh, keluwarga Ibrahim lan keluwarga Imran ngelewihi kabéh umat (neng jamané dhéwék-dhéwék),
ذُرِّيَّةً ۢ بَعْضُهَا مِنْۢ بَعْضٍۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۚ٣٤
Żurriyyatam ba‘ḍuhā mim ba‘ḍ(in), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[34]
(minangka) tunggal keturunan, sebagéané dadi (keturunan) sekang sebagéan sing liya. Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
اِذْ قَالَتِ امْرَاَتُ عِمْرٰنَ رَبِّ اِنِّيْ نَذَرْتُ لَكَ مَا فِيْ بَطْنِيْ مُحَرَّرًا فَتَقَبَّلْ مِنِّيْ ۚ اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٣٥
Iż qālatimra'atu ‘imrāna rabbi innī nażartu laka mā fī baṭnī muḥarraran fataqabbal minnī, innaka antas-samī‘ul-‘alīm(u).
[35]
(Élinga), rikala garwané Imran ngucap, “Dhuh Pengéran kula, seyektosipun kula kaul (nadar) dhateng Penjenengan, napa (jabang bayi) ingkang wonten kandhutan kula mbenjing dadhos kewula ingkang ngabektos (dhateng Penjenengan), mila mugi tinampi (nadar niku) saking kula. Éstu, Penjenengan Ingkang Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.”
فَلَمَّا وَضَعَتْهَا قَالَتْ رَبِّ اِنِّيْ وَضَعْتُهَآ اُنْثٰىۗ وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا وَضَعَتْۗ وَلَيْسَ الذَّكَرُ كَالْاُنْثٰى ۚ وَاِنِّيْ سَمَّيْتُهَا مَرْيَمَ وَاِنِّيْٓ اُعِيْذُهَا بِكَ وَذُرِّيَّتَهَا مِنَ الشَّيْطٰنِ الرَّجِيْمِ٣٦
Falammā waḍa‘athā qālat rabbi innī waḍa‘tuhā unṡā, wallāhu a‘lamu bimā waḍa‘at, wa laisaż-żakaru kal-unṡā, wa innī sammaituhā maryama wa innī u‘īżuhā bika wa żurriyyatahā minasy-syaiṭānir-rajīm(i).
[36]
Mangka rikala mbabarna jabang bayi, dhéwé-ké ngucap, “Dhuh Pengéran kula, kula sam-pun mbabaraken anak wadon.” Mangkané Gusti Allah lewih ngerti apa sing dhéwéké babarna lan lanang ora padha karo wadon. “Lan kula sukani nami Maryam, lan kula nyuwun pengayoman Penjenengan kanggé kiyambeké lan anak putunipun saking (pengridhunipun) sétan ingkang kesupatan.”
فَتَقَبَّلَهَا رَبُّهَا بِقَبُوْلٍ حَسَنٍ وَّاَنْۢبَتَهَا نَبَاتًا حَسَنًاۖ وَّكَفَّلَهَا زَكَرِيَّا ۗ كُلَّمَا دَخَلَ عَلَيْهَا زَكَرِيَّا الْمِحْرَابَۙ وَجَدَ عِنْدَهَا رِزْقًا ۚ قَالَ يٰمَرْيَمُ اَنّٰى لَكِ هٰذَا ۗ قَالَتْ هُوَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٣٧
Fataqabbalahā rabbuhā biqabūlin ḥasaniw wa ambatahā nabātan ḥasanā(n), wa kaffalahā zakariyyā, kullamā dakhala ‘alaihā zakariyyal-miḥrāba wajada ‘indahā rizqā(n), qāla yā maryama annā laki hāżā, qālat huwa min ‘indillāh(i), innallāha yarzuqu may yasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[37]
Mangka Penjenengané (Gusti Allah) nampa kanthi penampén sing becik, nggedhékna kanthi pertuwuhan sing apik lan masrahna pengreksané maring Zakaria. Saben-saben Zakaria mlebu nemoni (Maryam) neng mihrab (senthong sing mligi nggo ngiba-dah), Zakaria weruh panganan neng sisihé Maryam. Dhéwéké ngucap, “Hé Maryam! Sekang ngendi (panganan) kiyé ko pekolih?” Kiyambeké (Maryam) njawab, “Kuwé sekang Gusti Allah.” Setemené Gusti Allah paring rejeki maring sapa baé sing Penjenengané kersakna tanpa pétungan.
هُنَالِكَ دَعَا زَكَرِيَّا رَبَّهٗ ۚ قَالَ رَبِّ هَبْ لِيْ مِنْ لَّدُنْكَ ذُرِّيَّةً طَيِّبَةً ۚ اِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاۤءِ٣٨
Hunālika da‘ā zakariyyā rabbahū qāla rabbi hab lī mil ladunka żurriyyatan ṭayyibah(tan), innaka samī‘ud-du‘ā'(i).
[38]
Ya neng kana Zakaria nyenyuwun maring Pengérané. Zakaria ngucap, “Dhuh Pengéran kula, paringi kula keturunan ingkang saé saking sisih Penjenengan, sejatosipun Penjenengan Maha Midhanget dhateng penyuwunan.”
فَنَادَتْهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَهُوَ قَاۤىِٕمٌ يُّصَلِّيْ فِى الْمِحْرَابِۙ اَنَّ اللّٰهَ يُبَشِّرُكَ بِيَحْيٰى مُصَدِّقًاۢ بِكَلِمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ وَسَيِّدًا وَّحَصُوْرًا وَّنَبِيًّا مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ٣٩
Fanādathul-malā'ikatu wa huwa qā'imuy yuṣallī fil-miḥrāb(i), annallāha yubasysyiruka biyaḥyā muṣaddiqam bikalimatim minallāhi wa sayyidaw wa ḥaṣūraw wa nabiyyam minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[39]
Banjur para malaékat nimbali dhéwéké, rikala dhéwéké ngadeg nglakoni sembayang neng mihrab. “Gusti Allah paring werta apik maring sliramu kanthi (lairé) Yahya. Sing mbenerna sewiji kalimah (firman) 118 sekang Gusti Allah, panutan, nduwéni kesaguhan nahan awak (sekang hawa napsu) lan sewiji nabi neng antarané wong-wong apik (saléh).
118) Mbenerna (ngiyakna) tekané siji nabi sing décipta karo kalimah “kun” (dadia) tanpa rama yakuwé Nabi Isa a.s.
قَالَ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّقَدْ بَلَغَنِيَ الْكِبَرُ وَامْرَاَتِيْ عَاقِرٌ ۗ قَالَ كَذٰلِكَ اللّٰهُ يَفْعَلُ مَا يَشَاۤءُ٤٠
Qāla rabbi annā yakūnu lī gulāmuw wa qad balaganīyal-kibaru wamra'atī ‘āqir(un), qāla każālikallāhu yaf‘alu mā yasyā'(u).
[40]
Dhéwéké (Zakaria) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, kados pundi kula saged pikantuk anak ing mangka kula empun sepuh lan bojo kula ugi gabug?” Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Mengkana Gusti Allah temindak apa baé sing Penjenengané kersakna.”
قَالَ رَبِّ اجْعَلْ لِّيْٓ اٰيَةً ۗ قَالَ اٰيَتُكَ اَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلٰثَةَ اَيَّامٍ اِلَّا رَمْزًا ۗ وَاذْكُرْ رَّبَّكَ كَثِيْرًا وَّسَبِّحْ بِالْعَشِيِّ وَالْاِبْكَارِ ࣖ٤١
Qāla rabbij‘al lī āyah(tan), qāla āyatuka allā tukalliman-nāsa ṡalāṡata ayyāmin illā ramzā(n), ważkur rabbaka kaṡīraw wa sabbiḥ bil-‘asyiyyi wal-ibkār(i).
[41]
Dhéwéké (Zakaria) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, paringana kula sétunggil tandha.” Gusti Allah dhawuh, “Tandha nggo sliramu yakuwé sliramu ora ngomong karo menungsa sedawané telung dina, kejaba karo aba-aba. Lan sebutana (asmané) Pengéranmu wara-wiri lan tasbéhana (ngalembana Gusti Allah) neng wektu soré lan ésuk.
وَاِذْ قَالَتِ الْمَلٰۤىِٕكَةُ يٰمَرْيَمُ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰىكِ وَطَهَّرَكِ وَاصْطَفٰىكِ عَلٰى نِسَاۤءِ الْعٰلَمِيْنَ٤٢
Wa iż qālatil-malā'ikatu yā maryama innallāhaṣṭafāki wa ṭahharaki waṣṭafāki ‘alā nisā'il-‘ālamīn(a).
[42]
Lan (élinga) rikala para malaékat padha ngucap, “Hé Maryam! Setemené Gusti Allah wis milih sliramu, nyucékna sliramu, lan nglewihna sliramu ingatasé wong wadon neng ngalam kabéh (neng jaman kuwé).
يٰمَرْيَمُ اقْنُتِيْ لِرَبِّكِ وَاسْجُدِيْ وَارْكَعِيْ مَعَ الرّٰكِعِيْنَ٤٣
Yā maryamuqnutī lirabbiki wasjudī warka‘ī ma‘ar-rāki‘īn(a).
[43]
Hé Maryam! Manuta maring Pengéranmu, sujud (sembah) lan rukuk (ndhongko) bareng karo wong-wong sing padha rukuk.”
ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهِ اِلَيْكَ ۗوَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ اِذْ يُلْقُوْنَ اَقْلَامَهُمْ اَيُّهُمْ يَكْفُلُ مَرْيَمَۖ وَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ اِذْ يَخْتَصِمُوْنَ٤٤
Żālika min ambā'il-gaibi nūḥīhi ilaik(a), wa mā kunta ladaihim iż yulqūna aqlāmahum ayyuhum yakfulu maryam(a), wa mā kunta ladaihim iż yakhtaṣimūn(a).
[44]
Kuwé sebagéan sekang kabar-kabar gaib (wisik) sing Ingsun wahyokna maring sliramu (Muhammad), mangkané sliramu ora bareng karo wong-wong mau rikala dhéwéké padha mbalang pen 119 (nggo ngogan) sapa neng antarané dhéwéké sing bakal ngrumat Maryam. Lan sliramu (Muhammad) uga ora bareng karo wong-wong mau rikala dhéwéké padha pesulayan (padu).
119) Ana sebagéan juru tapsir sing nepsiri jemparing (anak panah). Maksudé ngogan (undian) nganggo cara mbalang jemparing.
اِذْ قَالَتِ الْمَلٰۤىِٕكَةُ يٰمَرْيَمُ اِنَّ اللّٰهَ يُبَشِّرُكِ بِكَلِمَةٍ مِّنْهُۖ اسْمُهُ الْمَسِيْحُ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ وَجِيْهًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ وَمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَۙ٤٥
Iż qālatil-malā'ikatu yā maryama innallāha yubasysyiruki bikalimatim minhusmuhul-masīḥu ‘īsabnu maryama wajīhan fid-dun-yā wal-ākhirati wa minal-muqarrabīn(a).
[45]
(Élinga), rikala para malaékat ngucap, “Hé Maryam! Setemené Gusti Allah paring werta apik maring sliramu ngenani sewiji kalimah (sabda) sekang Penjenengané (yakuwé sewiji anak lanang), arané Al-Masih Isa putra Maryam, sewiji wong sing pinunjul neng dunya lan neng akhérat, lan klebu wong-wong sing kepérek (maring Gusti Allah),
وَيُكَلِّمُ النَّاسَ فِى الْمَهْدِ وَكَهْلًا وَّمِنَ الصّٰلِحِيْنَ٤٦
Wa yukallimun nāsa fil-mahdi wa kahlaw wa minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[46]
lan kiyambeké wicara karo menungsa (rikala ésih) neng njero kandhutan (gua garba) lan rikala wis diwasa, lan kiyambeké klebu neng antarané wong-wong sing apik (saléh).
قَالَتْ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ وَلَدٌ وَّلَمْ يَمْسَسْنِيْ بَشَرٌ ۗ قَالَ كَذٰلِكِ اللّٰهُ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ٤٧
Qālat rabbi annā yakūnu lī waladuw wa lam yamsasnī basyar(un), qāla każālikillāhu yakhluqu mā yasyā'(u), iżā qaḍā amran fa'innamā yaqūlu lahū kun fayakūn(u).
[47]
Dhéwéké (Maryam) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, kados pundi kula ajeng gadheh anak, mangkané mboten wonten sewiji tiyang jaler ingkang nyénggol kula?” Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Mengkana kuwé Gusti Allah nyiptakna apa baé sing Penjenengané kersakna. Angger Penjenengané kersa netepna samubarang sewiji, Penjenengané mung dhawuh maring dhéwéké, “Dadia!” Mangka nyata dumadi barang sewiji kuwé.
وَيُعَلِّمُهُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَالتَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَۚ٤٨
Wa ya‘allimuhul-kitāba wal-ḥikmata wat-taurāta wal-injīl(a).
[48]
Lan Penjenengané (Gusti Allah) ngajarna maring dhéwéké (Isa) Kitab, 120 Hikmah, Taurat, lan Injil.
120) Al-Kitab neng kéné ana sing nepsiri karo piwulang nulis lan ana uga sing nepsiri kitab-kitab sing déturunaken déning Gusti Allah seurungé, kejaba Taurat lan Injil.
وَرَسُوْلًا اِلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ەۙ اَنِّيْ قَدْ جِئْتُكُمْ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۙاَنِّيْٓ اَخْلُقُ لَكُمْ مِّنَ الطِّيْنِ كَهَيْـَٔةِ الطَّيْرِ فَاَنْفُخُ فِيْهِ فَيَكُوْنُ طَيْرًاۢ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۚوَاُبْرِئُ الْاَكْمَهَ وَالْاَبْرَصَ وَاُحْيِ الْمَوْتٰى بِاِذْنِ اللّٰهِ ۚوَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا تَأْكُلُوْنَ وَمَا تَدَّخِرُوْنَ ۙفِيْ بُيُوْتِكُمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَۚ٤٩
Wa rasūlan ilā banī isrā'īl(a), annī qad ji'tukum bi'āyatim mir rabbikum, annī akhluqu lakum minaṭ-ṭīni kahai'atiṭ-ṭairi fa'anfukhu fihi fayakūnu ṭairam bi'iżnillāh(i), wa ubarri'ul-akmaha wal-abraṣa wa uḥyil-mautā bi'iżnillāh(i), wa unabbi'ukum bimā ta'kulūna wa mā taddakhirūna fī buyūtikum, inna fī żālika la'āyatal lakum in kuntum mu'minīn(a).
[49]
Lan minangka utusan kanggo Bani Israil (dhéwéké ngucap), “Inyong wis teka maring ko kabéh kanthi sewiji tandha (mukjijat) sekang Pengérané ko kabéh. Yakuwé inyong gawé nggo ko kabéh (sewenéh) sekang lemah sing rupané kaya manuk, banjur inyong damu dhéwéké, mangka lemah kuwé dadi manuk kanthi keparengé Gusti Allah. Lan Inyong gawé mari wong sing picek kawit sekang lair lan wong sing kenang prenyakit lépra. Lan inyong nguripna wong mati kanthi keparengé Gusti Allah, lan inyong awéh ngerti maring ko kabéh apa sing ko pangan lan apa sing ko simpén neng umahmu. Setemené, ingatasé sing kaya kuwé ana sewiji tandha (beneré kerasulan ingsun) kanggo ko kabéh, angger ko kabéh wong padha precaya.
وَمُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَلِاُحِلَّ لَكُمْ بَعْضَ الَّذِيْ حُرِّمَ عَلَيْكُمْ وَجِئْتُكُمْ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْۗ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ٥٠
Wa muṣaddiqal limā baina yadayya minat-taurāti wa li'uḥilla lakum ba‘ḍal-lażī ḥurrima ‘alaikum wa ji'tukum bi'āyatim mir rabbikum, fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[50]
Lan minangka wong sing mbenerna Taurat sing teka seurungé inyong, lan supayané inyong ngalalna (ngolihna) nggo ko kabéh sebagéan sekang sing wis déharamna (délarang) nggo ko kabéh. Lan inyong teka maring ko kabéh nggawa sewiji tanda (mukjijat) sekang Pengéranmu kabéh. Merga kuwé padha pasraha maring Gusti Allah lan manuta maring inyong.
اِنَّ اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٥١
Innallāha rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[51]
Setemené Gusti Allah kuwé Pengéranku lan Pengéranmu kabéh, merga kuwé sembaha Penjenengané. Ya kiyé dalan sing jejeg.
۞ فَلَمَّآ اَحَسَّ عِيْسٰى مِنْهُمُ الْكُفْرَ قَالَ مَنْ اَنْصَارِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۗ قَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ نَحْنُ اَنْصَارُ اللّٰهِ ۚ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ ۚ وَاشْهَدْ بِاَنَّا مُسْلِمُوْنَ٥٢
Falammā aḥassa ‘īsā minhumul-kufra qāla man anṣārī ilallāh(i), qālal-ḥawāriyyūna naḥnu anṣārullāh(i), āmannā billāh(i), wasyhad bi'annā muslimūn(a).
[52]
Mangka rikala Isa ngrasakna ingkaré wong-wong mau (Bani Israil), kiyambeké ngucap, “Sapa sing arep dadi penulung nggo (ngedegna agamané) Gusti Allah?” Para Hawariyyun (kanca setiyané) njawab “Inyong kabéh sing dadi penulung (agamané) Gusti Allah. Inyong kabéh precaya maring Gusti Allah lan seksénana, lamon inyong kabéh kuwé wong-wong muslim.
رَبَّنَآ اٰمَنَّا بِمَآ اَنْزَلْتَ وَاتَّبَعْنَا الرَّسُوْلَ فَاكْتُبْنَا مَعَ الشّٰهِدِيْنَ٥٣
Rabbanā āmannā bimā anzalta wattaba‘nar-rasūla faktubnā ma‘asy-syāhidīn(a).
[53]
Dhuh Pengéran kula, kula sedaya empun ngande dhateng napa kémawon ingkang Penjenengan turunaken lan kula sedaya empun ndhérék Utusan, mila niku mugi tetepana kula sedaya sesarengan kalih golongan tiyang ingkang sami nyukani peseksén.”
وَمَكَرُوْا وَمَكَرَ اللّٰهُ ۗوَاللّٰهُ خَيْرُ الْمٰكِرِيْنَ ࣖ٥٤
Wa makarū wa makarallāh(u), wallāhu khairul-mākirīn(a).
[54]
Lan dhéwéké (wong-wong kapir) padha gawé apus-apus, mangka Gusti Allah males apus-apus. Lan Gusti Allah sebagus-bagusé sing males apus-apus.
اِذْ قَالَ اللّٰهُ يٰعِيْسٰٓى اِنِّيْ مُتَوَفِّيْكَ وَرَافِعُكَ اِلَيَّ وَمُطَهِّرُكَ مِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَجَاعِلُ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْكَ فَوْقَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ ۚ ثُمَّ اِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاَحْكُمُ بَيْنَكُمْ فِيْمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ٥٥
Iż qālallāhu yā ‘īsā innī mutawaffīka wa rāfi‘uka ilayya wa muṭahhiruka minal-lażīna kafarū wa jā‘ilul-lażīnattaba‘ūka fauqal-lażīna kafarū ilā yaumil-qiyāmah(ti), ṡumma ilayya marji‘ukum fa aḥkumu bainakum fīmā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[55]
(Élinga), rikala Gusti Allah dhawuh, “Hé Isa! Ingsun mundhut sliramu lan ngangkat sliramu maring Ingsun sarta nyucékna sliramu sekang wong-wong sing kapir, lan ndadékna wong-wong sing padha mélu maring sliramu neng ndhuwuré wong-wong sing padha kapir butul dina Kiyamat. Banjur maring Ingsun sliramu bali, banjur Ingsun paring putusan ngenani apa sing sliramu persulayakna.”
فَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَاُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۖ وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٥٦
Fa ammal-lażīna kafarū fa u‘ażżibuhum ‘ażāban syadīdan fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[56]
Mangka anadéné wong-wong sing kapir, mangka arep Ingsun siksa dhéwéké kanthi siksa sing banget kerasé neng dunya lan neng akhérat, mangkané dhéwéké ora padha olih penulung.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُوَفِّيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ ۗ وَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ٥٧
Wa ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fa yuwaffīhim ujūrahum, wallāhu lā yuḥibbuẓ-ẓālimīn(a).
[57]
Lan apadéné wong sing padha precaya tur nglakoni kebecikan, mangka Penjenengané kersa paring kenugrahan maring dhéwéké kanthi sempurna. Lan Gusti Allah ora karenan maring wong-wong sing padha aniaya (gawé kapitunan).
ذٰلِكَ نَتْلُوْهُ عَلَيْكَ مِنَ الْاٰيٰتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ٥٨
Żālika natlūhu ‘alaika minal-āyāti waż-żikril-ḥakīm(i).
[58]
Mengkana sing Ingsun wacakna maring sliramu (Muhammad) sebagéan ayat-ayat lan pengéling-éling sing kebek hikmah.
اِنَّ مَثَلَ عِيْسٰى عِنْدَ اللّٰهِ كَمَثَلِ اٰدَمَ ۗ خَلَقَهٗ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ قَالَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ٥٩
Inna maṡala ‘īsā ‘indallāhi kamaṡali ādam(a), khalaqahū min turābin ṡumma qāla lahū kun fayakūn(u).
[59]
Setemené peumpaman (déciptané) Isa mungguh Gusti Allah, kayadéné (déciptané) Adam. Penjenengané nyipta dhéwéké sekang lemah, banjur Penjenengané dhawuh maring dhéwéké, “Dadia!” Mangka nyata demadi sewenéh kuwé.
اَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُنْ مِّنَ الْمُمْتَرِيْنَ٦٠
Al-ḥaqqu mir rabbika falā takum minal-mumtarīn(a).
[60]
Bebener (al-haq) kuwé sekang Pengéranmu, merga kuwé aja nganti sliramu (Muhammad) kegolong wong-wong sing mamang.
فَمَنْ حَاۤجَّكَ فِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ فَقُلْ تَعَالَوْا نَدْعُ اَبْنَاۤءَنَا وَاَبْنَاۤءَكُمْ وَنِسَاۤءَنَا وَنِسَاۤءَكُمْ وَاَنْفُسَنَا وَاَنْفُسَكُمْۗ ثُمَّ نَبْتَهِلْ فَنَجْعَلْ لَّعْنَتَ اللّٰهِ عَلَى الْكٰذِبِيْنَ٦١
Faman ḥājjaka fīhi mim ba‘di mā jā'aka minal-‘ilmi faqul ta‘ālau nad‘u abnā'anā wa abnā'akum wa nisā'anā wa nisā'akum wa anfusanā wa anfusakum, ṡumma nabtahil fanaj‘al la‘natallāhi ‘alal-kāżibīn(a).
[61]
Sapa sing mbantah sliramu ngenani prekara kiyé, seuwisé sliramu olih ilmu, dhawuha (Muhammad), ”Ayuh dhéwék kabéh padha ngundang anak-anak dhéwék kabéh lan anak-anakmu kabéh, bojo-bojo inyong kabéh lan bojo-bojoné ko kabéh, inyong dhéwék kabéh lan ko kabéh uga, banjur ayuh padha mubahalah 121 supaya laknaté Gusti Allah détibakna maring wong-wong sing padha cidra (ngapusi).”
121) Mubahalah yakuwé saben-saben golongan neng antarané wong-wong sing béda penemuné padha-padha nyuwun maring Gusti Allah kanthi temenan, moga-moga Gusti Allah nibakna laknat maring golongan sing ngapusi. Nabi aséng utusan Nasrani Najran bareng-bareng nglakoni mubahalah, ning dhéwéké ora wani, lan kiyé dadi bukti beneré Nabi Muhammad s.a.w.
اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْقَصَصُ الْحَقُّ ۚ وَمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّا اللّٰهُ ۗوَاِنَّ اللّٰهَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٦٢
Inna hāżā lahuwal-qaṣaṣul-ḥaqq(u), wa mā min ilāhin illallāh(u), wa innallāha lahuwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[62]
Temen, kiyé minangka crita sing apik, ora nana Pengéran kejaba Gusti Allah, lan temen Gusti Allah Mahadigdaya Mahawicaksana.
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِالْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٦٣
Fa in tawallau fa innallāha ‘alīmum bil-mufsidīn(a).
[63]
Banjur umpama wong-wong mau padha mléngos, mangka (ngerténana) lamon Gusti Allah Maha Mriksani wong-wong sing padha gawé kerusakan.
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ تَعَالَوْا اِلٰى كَلِمَةٍ سَوَاۤءٍۢ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ اَلَّا نَعْبُدَ اِلَّا اللّٰهَ وَلَا نُشْرِكَ بِهٖ شَيْـًٔا وَّلَا يَتَّخِذَ بَعْضُنَا بَعْضًا اَرْبَابًا مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُوْلُوا اشْهَدُوْا بِاَنَّا مُسْلِمُوْنَ٦٤
Qul yā ahlal-kitābi ta‘ālau ilā kalimatin sawā'im bainanā wa bainakum allā na‘buda illallāha wa lā nusyrika bihī syai'aw wa lā yattakhiża ba‘ḍunā ba‘ḍan arbābam min dūnillāh(i), fa in tawallau fa qūlusyhadū bi'annā muslimūn(a).
[64]
Dhawuha (Muhammad), “Hé Ahli Kitab! Ayuh (dhéwék kabéh) padha nuju maring sewiji kalimah (wewaton) sing padha antarané ingsun kabéh lan ko kabéh, lamon dhéwék kabéh kiyé ora nyembah kejaba Gusti Allah, lan inyong kabéh ora nyekutokna Gusti Allah karo apa baé, lan inyong kabéh ora nyekuthokna Penjenengané karo sewiji-wiji, lan lamon dhéwék kabéh ora ndadékna siji lan sijiné sembahan-sembahan seliyané Gusti Allah.” Umpama wong-wong mau padha mléngos, mangka dhawuha (maring dhéwéké), “Seksénana, lamon inyong kabéh kuwé wong Muslim.”
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تُحَاۤجُّوْنَ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَمَآ اُنْزِلَتِ التَّوْرٰىةُ وَالْاِنْجِيْلُ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِهٖۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٦٥
Yā ahlal-kitābi lima tuḥājjūna fī ibrāhīma wa mā unzilatit-taurātu wal-injīlu illā mim ba‘dih(ī), afalā ta‘qilūn(a).
[65]
Hé Ahli Kitab! Kenangapa ko kabéh padha dhebadan 122 ngenani Ibrahim, mangkané Taurat lan Injil déturunaken seuwisé kiyambeké (Ibrahim). Apa ko padha ora ngerti?
122) Wong Yahudi lan Nasrani karo-karoné padha nganggep Nabi Ibrahim a.s sekang golongané. Banjur Gusti Allah mbantah wong-wong kaé kanthi alesan lamon Nabi Ibrahim a.s. Kuwé teka seurungé dhéwéké kabéh.
هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ حَاجَجْتُمْ فِيْمَا لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌ فَلِمَ تُحَاۤجُّوْنَ فِيْمَا لَيْسَ لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٦٦
Hā antum hā'ulā'i ḥājajtum fīmā lakum bihī ‘ilmun falima tuḥājjūna fīmā laisa lakum bihī ‘ilm(un), wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[66]
Kaya kuwé anané ko kabéh! Ko padha dhebadan ngenani apa sing ko padha ngerténi, 123 ning kenangapa ko padha dhebadan uga ngenani apa sing ko padha ora ngerti? 124 Gusti Allah ngawuningani, mangkané ko padha ora ngerti.
123) Yakuwé ngenani Nabi Musa as, Nabi Isa as, lan Nabi Muhammad s.a.w.
124) Yakuwé masalah Nabi Ibrahim as.
مَاكَانَ اِبْرٰهِيْمُ يَهُوْدِيًّا وَّلَا نَصْرَانِيًّا وَّلٰكِنْ كَانَ حَنِيْفًا مُّسْلِمًاۗ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ٦٧
Wa mā kāna ibrāhīmu yahūdiyyaw wa lā naṣrāniyyaw wa lākin kāna ḥanīfam muslimā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[67]
Ibrahim kuwé udu wong Yahudi lan (uga) udu wong Nasrani, ning dhéwéké kuwé wong sing jejeg, 125 Muslim, lan dhéwéké ora kegolong wong-wong sing musrik (nyekuthokna Gusti Allah).
125) Jejeg yakuwé adoh sekang lakon nyekutokna Gusti Allah) lan adoh sekang sesasar.
اِنَّ اَوْلَى النَّاسِ بِاِبْرٰهِيْمَ لَلَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ وَهٰذَا النَّبِيُّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۗ وَاللّٰهُ وَلِيُّ الْمُؤْمِنِيْنَ٦٨
Inna aulan-nāsi bi'ibrāhīma lal-lażīnattaba‘ūhu wa hāżan-nabiyyu wal-lażīna āmanū, wallāhu waliyyul-mu'minīn(a).
[68]
Wong sing paling pérek karo Ibrahim yakuwé wong sing padha mélu karo dhéwéké lan Nabi kiyé (Muhammad), lan wong sing padha precaya. Gusti Allah kuwé pengayomé wong-wong sing padha precaya.
وَدَّتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَوْ يُضِلُّوْنَكُمْۗ وَمَا يُضِلُّوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَ٦٩
Waddaṭ-ṭā'ifatum min ahlil-kitābi lau yuḍillūnakum, wa mā yuḍillūna illā anfusahum wa mā yasy‘urūn(a).
[69]
Segolongan Ahli Kitab kepéngin nyasarna ko. Mangkané (setemené), dhéwéké ora nyasarna seliyané awaké dhéwék, ning dhéwéké ora padha rumasa.
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَاَنْتُمْ تَشْهَدُوْنَ٧٠
Yā ahlal-kitābi lima takfurūna bi'āyātillāhi wa antum tasyhadūn(a).
[70]
Hé Ahli Kitab! Kenangapa ko kabéh padha ngingkari ayat-ayat-É Gusti Allah, 126 mangkané ko kabéh ngerténi (beneré)?
126) Ayat-ayaté Gusti Allah sing déturunaken maring Nabi Muhammad s.a.w.
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَلْبِسُوْنَ الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُوْنَ الْحَقَّ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ࣖ٧١
Yā ahlal-kitābi lima talbisūnal-ḥaqqa bil-bāṭili wa taktumūnal-ḥaqqa wa antum ta‘lamūn.
[71]
Hé Ahli Kitab! Kenangapa ko kabéh padha nyampur-bawur bebener (prekara sing bener) karo kebatilan 127 (prekara sing ora bener) lan ko kabéh padha ngumpetna bebener 128 mangkané ko padha ngerti?
127) Nutupi dhawuh-dhawuhé Gusti Allah sing wis ketulis neng Taurat lan Injil kanthi omongan sing dégawé-gawé neng wong (Ahli Kitab) dhéwék.
128) Bener ngenani kenabiané Muhammad s.a.w. Sing wis ana neng Taurat lan Injil.
وَقَالَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ اٰمِنُوْا بِالَّذِيْٓ اُنْزِلَ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَجْهَ النَّهَارِ وَاكْفُرُوْٓا اٰخِرَهٗ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَۚ٧٢
Wa qālaṭ-ṭā'ifatum min ahlil-kitābi āminū bil-lażī unzila ‘alal-lażīna āmanū wajhan-nahāri wakfurū ākhirahū la‘allahum yarji‘ūn(a).
[72]
Lan segolongan Ahli Kitab ngucap (maring sepadhané), “Padha precayaa ko kabéh maring apa sing déturunaken maring wong-wong sing padha precaya neng kawitan awan, lan padha ingkara neng pungkasané, kon supayané wong-wong mau padha bali (maring kapir).
وَلَا تُؤْمِنُوْٓا اِلَّا لِمَنْ تَبِعَ دِيْنَكُمْ ۗ قُلْ اِنَّ الْهُدٰى هُدَى اللّٰهِ ۙ اَنْ يُّؤْتٰىٓ اَحَدٌ مِّثْلَ مَآ اُوْتِيْتُمْ اَوْ يُحَاۤجُّوْكُمْ عِنْدَ رَبِّكُمْ ۗ قُلْ اِنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللّٰهِ ۚ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ ۚ٧٣
Wa lā tu'minū illā liman tabi‘a dīnakum, qul innal-hudā hudallāh(i), ay yu'tā aḥadum miṡla mā ūtītum au yuḥājjūkum ‘inda rabbikum, qul innal-faḍla biyadillāh(i), yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[73]
Lan ko kabéh aja padha precaya kejaba maring wong sing mélu maring agamamu.” 129 Dhawuha (Muhammad), “Setemené pituduh kuwé mung pituduhé Gusti Allah (aja nganti ko padha precaya) lamon sewiji wong arep déparingi kaya apa sing déparingna maring ko kabéh, utawa lamon dhéwéké arep padha nyanggah ko kabéh neng ngersané Pengéranmu.” Dhawuha (Muhammad), “Setemené kanugrahan kuwé neng astané Gusti Allah, Penjenengané paringna maring sapa baé sing Penjenengané kersakna. Gusti Allah Mahajembar, Maha Ngawuningani.
129) Maring wong-wong sing seagama karo sliramu (Yahudi utawa Nasrani) supayané dhéwéké ora sida mlebu Islam utawa maring wong-wong Islam sing mauné sekang agamamu kon goyang precayané lan bali maring kapir.
يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٧٤
Yakhtaṣṣu biraḥmatihī may yasyā'(u), wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[74]
Penjenengané nemtokna welas-É maring sapa baé sing Penjenengané kersakna. Lan Gusti Allah kagungan kenugrahan sing gedhé.
۞ وَمِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مَنْ اِنْ تَأْمَنْهُ بِقِنْطَارٍ يُّؤَدِّهٖٓ اِلَيْكَۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ اِنْ تَأْمَنْهُ بِدِيْنَارٍ لَّا يُؤَدِّهٖٓ اِلَيْكَ اِلَّا مَا دُمْتَ عَلَيْهِ قَاۤىِٕمًا ۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لَيْسَ عَلَيْنَا فِى الْاُمِّيّٖنَ سَبِيْلٌۚ وَيَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٧٥
Wa min ahlil-kitābi man in ta'manhu bi qinṭārin yu'addīhi ilaik(a), wa minhum man in ta'manhu bidīnāril lā yu'addīhi ilaika illā mā dumta ‘alaihi qā'imā(n), żālika bi'annahum qālū laisa ‘alainā fil-ummiyyīna sabīl(un), wa yaqūlūna ‘alallāhil-każiba wa hum ya‘lamūn(a).
[75]
Lan neng antarané Ahli Kitab ana sing angger ko mercayakna maring dhéwéké bandha sing akéh, mesthi dhéwéké padha mbalékna maring ko. Ning ana (uga) neng antarané wong-wong mau sing angger ko padha mercayakna maring dhéwéké sepérak, dhéwéké ora arep mbalékna maring ko, kejaba angger ko nagih dhéwéké terus. Sing kaya kuwé merga dhéwéké padha ngucap, “Ora nana dosa tumrap inyong kabéh kanggoné wong-wong wuta aksara.” Dhéwéké ngucap prekara sing goroh maring Gusti Allah, mangkané dhéwéké padha ngaweruhi.
بَلٰى مَنْ اَوْفٰى بِعَهْدِهٖ وَاتَّقٰى فَاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ٧٦
Balā man aufā bi‘ahdihī wattaqā fa innallāha yuḥibbul-muttaqīn(a).
[76]
Setemené sapa baé sing netepi janji lan padha semarah (takwa), mangka setemené, Gusti Allah tresna maring wong-wong sing padha semarah.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَشْتَرُوْنَ بِعَهْدِ اللّٰهِ وَاَيْمَانِهِمْ ثَمَنًا قَلِيْلًا اُولٰۤىِٕكَ لَا خَلَاقَ لَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللّٰهُ وَلَا يَنْظُرُ اِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٧
Innal-lażīna yasytarūna bi‘ahdillāhi wa aimānihim ṡamanan qalīlan ulā'ika lā khalāqa lahum fil-ākhirati wa lā yukallimuhumullāhu wa lā yanẓuru ilaihim yaumal-qiyāmati wa lā yuzakkīhim, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[77]
Setemené wong-wong sing padha dol-tinuku janjiné Gusti Allah karo sumpah-sumpahé dhéwéké kambi rega sing murah, dhéwéké ora olih bagéan neng akhérat, Gusti Allah ora arep takon maring dhéwéké, ora arep nggatékna dhéwéké neng dina Kiyamat, lan ora arep mbresihna dhéwéké. Tumrap dhéwéké kabéh siksa sing banget perihé.
وَاِنَّ مِنْهُمْ لَفَرِيْقًا يَّلْوٗنَ اَلْسِنَتَهُمْ بِالْكِتٰبِ لِتَحْسَبُوْهُ مِنَ الْكِتٰبِ وَمَا هُوَ مِنَ الْكِتٰبِۚ وَيَقُوْلُوْنَ هُوَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ وَمَا هُوَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۚ وَيَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٧٨
Wa inna minhum lafarīqay yalwūna alsinatahum bil-kitābi litaḥsabūhu minal-kitābi wa mā huwa minal-kitāb(i), wa yaqūlūna huwa min ‘indillāhi wa mā huwa min ‘indillāh(i), wa yaqūlūna ‘alallāhil-każiba wa hum ya‘lamūn(a).
[78]
Lan temen, neng antarané wong-wong mau mesthi ana segolongan sing muter-walik ilaté maca Kitab, supayané ko padha ngira (sing dhéwéké waca) kuwé sebagéan sekang Kitab, mangkané kuwé udu sekang Kitab, lan dhéwéké ngucap, “Kuwé sekang Gusti Allah,” mangkané kuwé udu sekang Gusti Allah. Dhéwéké ngucap prekara sing goroh maring Gusti Allah, mangkané dhéwéké mau padha ngaweruhi.
مَا كَانَ لِبَشَرٍ اَنْ يُّؤْتِيَهُ اللّٰهُ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ثُمَّ يَقُوْلَ لِلنَّاسِ كُوْنُوْا عِبَادًا لِّيْ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلٰكِنْ كُوْنُوْا رَبَّانِيّٖنَ بِمَا كُنْتُمْ تُعَلِّمُوْنَ الْكِتٰبَ وَبِمَا كُنْتُمْ تَدْرُسُوْنَ ۙ٧٩
Mā kāna libasyarin ay yu'tiyahullāhul-kitāba wal-ḥukma wan-nubuwwata ṡumma yaqūla lin-nāsi kūnū ‘ibādal lī min dūnillāhi wa lākin kūnū rabbāniyyīna bimā kuntum tu‘allimūnal-kitāba wa bimā kuntum tadrusūn(a).
[79]
Ora gadhang ingatasé wong sing wis déparingi Kitab déning Gusti Allah, sarta hikmah (ngélmu) lan kenabian, banjur dhéwéké ngucap maring menungsa, “Dadia ko kabéh (wong sing) nyembah inyong, udu sing nyembah Gusti Allah.” Ning (dhéwéké ngucap), “Dadia ko kabéh (wong sing) ngewula Gusti Allah, merga ko kabéh mulangna kitab lan merga ko kabéh padha nyinaoni (kitab kuwé)!”
وَلَا يَأْمُرَكُمْ اَنْ تَتَّخِذُوا الْمَلٰۤىِٕكَةَ وَالنَّبِيّٖنَ اَرْبَابًا ۗ اَيَأْمُرُكُمْ بِالْكُفْرِ بَعْدَ اِذْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ ࣖ٨٠
Wa lā ya'murakum an tattakhiżul-malā'ikata wan-nabiyyīna arbābā(n), aya'murukum bil-kufri ba‘da iż antum muslimūn(a).
[80]
lan ora (gadhang uga ingatasé dhéwéké) préntah ko kabéh ndadékna para malaékat lan para nabi dadi sesembahan. Apa iya (patut) dhéwéké préntah kabéh dadi kapir seuwisé ko padha dadi muslim?
وَاِذْ اَخَذَ اللّٰهُ مِيْثَاقَ النَّبِيّٖنَ لَمَآ اٰتَيْتُكُمْ مِّنْ كِتٰبٍ وَّحِكْمَةٍ ثُمَّ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مُّصَدِّقٌ لِّمَا مَعَكُمْ لَتُؤْمِنُنَّ بِهٖ وَلَتَنْصُرُنَّهٗ ۗ قَالَ ءَاَقْرَرْتُمْ وَاَخَذْتُمْ عَلٰى ذٰلِكُمْ اِصْرِيْ ۗ قَالُوْٓا اَقْرَرْنَا ۗ قَالَ فَاشْهَدُوْا وَاَنَا۠ مَعَكُمْ مِّنَ الشّٰهِدِيْنَ٨١
Wa iż akhażallāhu mīṡāqan-nabiyyīna lamā ātaitukum min kitābiw wa ḥikmatin ṡumma jā'akum rasūlum muṣaddiqul limā ma‘akum latu'minunna bihī wa latanṣurunnah(ū), qāla a'aqrartum wa akhażtum ‘alā żālikum iṣrī, qālū aqrarnā, qāla fasyhadū wa ana ma‘akum minasy-syāhidīn(a).
[81]
Lan (élinga), rikala Gusti Allah mundhut janji sekang para nabi, “Arikala Ingsun paring kitab lan hikmah maring sliramu banjur teka maring sliramu sewiji Utusan sing mbenerna apa sing ana neng sliramu kabéh, mesthi sliramu kabéh bakal nyata-nyata precaya maring dhéwéké lan nulungi utusan kuwé. 130 Gusti Allah dhawuh, “Apa sliramu kabéh padha serujuk lan nampa janji karo Ingsun ingatasé sing kaya kuwé?” Dhéwéké padha ngucap, “Kula sedaya serujuk.” Gusti Allah dhawuh, “Angger kaya kuwé padha dadia seksi sliramu (para nabi) lan Ingsun dadi seksi karo sliramu kabéh.”
130) Nabi-nabi janji dhateng Gusti Allah angger teka siji Rasul sing asmané Muhammad dhéwéké arep precaya maring Muhammad lan nulungi. Perjanjian nabi-nabi kiyé kejiret uga neng umaté.
فَمَنْ تَوَلّٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٨٢
Faman tawallā ba‘da żālika fa ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[82]
Mangka sapa baé sing padha mléngos sewisé kuwé, mangka dhéwéké kuwé wong sing pasék (nerak aturan agama).
اَفَغَيْرَ دِيْنِ اللّٰهِ يَبْغُوْنَ وَلَهٗ ٓ اَسْلَمَ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ طَوْعًا وَّكَرْهًا وَّاِلَيْهِ يُرْجَعُوْنَ٨٣
Afagaira dīnillāhi yabgūna wa lahū aslama man fis-samāwāti wal-arḍi ṭau‘aw wa ilaihi yurja‘ūn(a).
[83]
Mangka kenangapa dhéwéké padha nggoléti agama sing séjén seliyané agamané Gusti Allah, mangkané apa sing ana neng langit lan neng bumi padha semarah maring Gusti Allah (becik) kanthi seneng utawa kepeksa, lan mung maring Gusti Allah dhéwéké padha débalékna.
قُلْ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ وَمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى وَعِيْسٰى وَالنَّبِيُّوْنَ مِنْ رَّبِّهِمْۖ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْۖ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ٨٤
Qul āmannā billāhi wa mā unzila ‘alainā wa mā unzila ‘alā ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭi wa mā ūtiya mūsā wa ‘īsā wan-nabiyyūna mir rabbihim, lā nufarriqu baina aḥadim minhum, wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[84]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong kabéh precaya maring Gusti Allah lan maring apa baé sing déturunaken maring inyong kabéh lan apa baé sing déturunaken maring Ibrahim, Ismail, Ishak, Yakub lan anak-putuné, lan apa baé sing déparingna maring Musa, Isa, lan para nabi sekang Pengérané dhéwéké kabéh. Inyong kabéh ora mbéda-mbédakna sewiji wong neng antarané wong-wong mau lan mung maring Penjenengané inyong kabéh padha semarah.”
وَمَنْ يَّبْتَغِ غَيْرَ الْاِسْلَامِ دِيْنًا فَلَنْ يُّقْبَلَ مِنْهُۚ وَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٨٥
Wa may yabtagi gairal-islāmi dīnan falay yuqbala minh(u), wa huwa fil-ākhirati minal khāsirīn(a).
[85]
Lan sapa wongé sing nggolét agama seliyané Islam, dhéwéké ora bakal détampa, lan neng akhérat dhéwéké kegolong wong sing tuna.
كَيْفَ يَهْدِى اللّٰهُ قَوْمًا كَفَرُوْا بَعْدَ اِيْمَانِهِمْ وَشَهِدُوْٓا اَنَّ الرَّسُوْلَ حَقٌّ وَّجَاۤءَهُمُ الْبَيِّنٰتُ ۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٨٦
Kaifa yahdillāhu qauman kafarū ba‘da īmānihim wa syahidū annar-rasūla ḥaqquw wa jā'ahumul-bayyināt(u), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[86]
Kepriwé Gusti Allah arep paring pituduh maring sewiji kaum sing kapir sewisé dhéwéké padha precaya, lan ngakoni lamon Utusan (Muhammad) kuwé nyata-nyata (utusan), lan bukti-bukti sing gamblang wis butul maring dhéwéké? Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong sing padha aniaya (dolim).
اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ اَنَّ عَلَيْهِمْ لَعْنَةَ اللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَۙ٨٧
Ulā'ika jazā'uhum anna ‘alaihim la‘natallāhi wal-malā'ikati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[87]
Wong-wong mau, piwalesé yakuwé détibani laknaté Gusti Allah, para malaékat, lan menungsa kabéh,
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚ لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَۙ٨٨
Khālidīna fihā, lā yukhaffafu ‘anhumul-‘ażābu wa lā hum yunẓarūn(a).
[88]
dhéwéké padha langgeng neng njeroné, ora bakal dé-énthéngna siksané, lan dhéwéké ora déwéhi tangguhan,
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ وَاَصْلَحُوْاۗ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٨٩
Illal-lażīna tābū mim ba‘di żālika wa aṣlaḥū, fa'innallāha gafūrur raḥīm(un).
[89]
kejaba wong-wong sing padha tobat sewisé kuwé, lan merdandan kebecikan, mangka temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بَعْدَ اِيْمَانِهِمْ ثُمَّ ازْدَادُوْا كُفْرًا لَّنْ تُقْبَلَ تَوْبَتُهُمْ ۚ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الضَّاۤلُّوْنَ٩٠
Innal-lażīna kafarū ba‘da īmānihim ṡummazdādū kufral lan tuqbala taubatuhum, wa ulā'ika humuḍ-ḍāllūn(a).
[90]
Temen, wong-wong sing kapir seuwisé padha precaya, banjur tambah-tambah kapiré, ora bakal détampa tobaté, lan dhéwéké kuwé wong-wong sing padha kesasar.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَمَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَنْ يُّقْبَلَ مِنْ اَحَدِهِمْ مِّلْءُ الْاَرْضِ ذَهَبًا وَّلَوِ افْتَدٰى بِهٖۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ وَّمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ ࣖ ۔٩١
Innal-lażīna kafarū wa mātū wa hum kuffārun falay yuqbala min aḥadihim mil'ul-arḍi żahabaw wa lawiftadā bih(ī), ulā'ika lahum ‘ażābun alīmuw wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[91]
Temen, wong-wong sing kapir lan mati neng njero kapiré, ora bakal détampa (tebusan) sekang sewiji wong neng antarané dhéwéké senajan (rupané) emas kebek sebumi, umpamané dhéwéké arep nebus awaké dhéwék karo (emas kuwé). Dhéwéké kuwé wong-wong sing olih siksa sing perih lan ora olih penulung.
لَنْ تَنَالُوا الْبِرَّ حَتّٰى تُنْفِقُوْا مِمَّا تُحِبُّوْنَ ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ شَيْءٍ فَاِنَّ اللّٰهَ بِهٖ عَلِيْمٌ٩٢
Lan tanālul-birra ḥattā tunfiqū mimmā tuḥibbūn(a), wa mā tunfiqū min syai'in fa innallāha bihī ‘alīm(un).
[92]
Ko kabéh ora bakal olih kebagusan, seurungé ko padha nyumbangna sebagéan bandha sing ko kabéh senengi. Lan apa baé sing ko sumbangna, ngenani prekara kuwé temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani.
۞ كُلُّ الطَّعَامِ كَانَ حِلًّا لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِلَّا مَا حَرَّمَ اِسْرَاۤءِيْلُ عَلٰى نَفْسِهٖ مِنْ قَبْلِ اَنْ تُنَزَّلَ التَّوْرٰىةُ ۗ قُلْ فَأْتُوْا بِالتَّوْرٰىةِ فَاتْلُوْهَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٩٣
Kulluṭ-ṭa‘āmi kāna ḥillal libanī isrā'īla illā mā ḥarrama isrā'īlu ‘alā nafsihī min qabli an tunazzalat-taurāh(tu), qul fa'tū bit-taurāti fatlūhā in kuntum ṣādiqīn(a).
[93]
Kabéh panganan kuwé halal nggo Bani israil, kejaba panganan sing déharamna (délarang) neng Israil (Yakub) ingatasé awaké dhéwék seurungé Taurat déturunaken. 131 Dhawuha (Muhammad), “Mangka gawakna Taurat banjur wacanen, angger ko kabéh kuwé wong-wong sing bener.”
131) Sewisé Taurat déturunaken, ana sewetara panganan sing déharamna ingatasé dhéwéké kabéh minangka ukuman. Jeneng-jeneng panganan kuwé kesebut neng njeroné. Seterusé delengen surat An-Nisa’ (4): 160 lan Al-An’am (6): 146.
فَمَنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٩٤
Fa maniftarā ‘alallāhil-każiba mim ba‘di żālika fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[94]
Mangka sapa wongé sing ngana-anakna goroh maring Gusti Allah 132 sewisé kuwé, mangka dhéwéké kuwé wong-wong sing aniaya (dolim).
132) Goroh maring Gusti Allah yakuwé ngomongna lamon seurungé Taurat déturunaken, Gusti Allah wis ngaramna sewetara panganan maring Bani Israil
قُلْ صَدَقَ اللّٰهُ ۗ فَاتَّبِعُوْا مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ٩٥
Qul ṣadaqallāh(u), fattabi‘ū millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[95]
Dhawuha (Muhammad), “Mula bener (apa baé sing dédhawuhna) Gusti Allah.” Mula tutna agamané Ibrahim sing jejeg, lan Ibrahim kuwé ora klebu wong sing nyekuthokna (musrik).
اِنَّ اَوَّلَ بَيْتٍ وُّضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِيْ بِبَكَّةَ مُبٰرَكًا وَّهُدًى لِّلْعٰلَمِيْنَۚ٩٦
Inna awwala baitiw wuḍi‘a lin-nāsi lal-lażī bibakkata mubārakaw wa hudal lil-‘ālamīn(a).
[96]
Setemené umah (pesembahan) sing dhisit dhéwék dégawé nggo menungsa, kuwé (Baitullah) sing ana neng Bakkah (Mekah) 133 sing déberkahi lan nggo pituduh (ancer-ancer) nggo sekabéhané ngalam.
133) Ahli Kitab ngomongna lamon umah sembahan sing dhisit dhéwék débangun neng Baitul Maqdis, mulané kuwé Gusti Allah nyewala (mbantah).
فِيْهِ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ مَّقَامُ اِبْرٰهِيْمَ ەۚ وَمَنْ دَخَلَهٗ كَانَ اٰمِنًا ۗ وَلِلّٰهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ اِلَيْهِ سَبِيْلًا ۗ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ٩٧
Fīhi āyātum bayyinātum maqāmu ibrāhīm(a), wa man dakhalahū kāna āminā(n), wa lillāhi ‘alan-nāsi ḥijjul-baiti manistaṭā‘a ilaihi sabīlā(n), wa man kafara fa innallāha ganiyyun ‘anil-‘ālamīn(a).
[97]
Neng kana ana tetenger sing genah (antarané) makom Ibrahim. 134 Sapa wongé sing ngleboni (Baitullah) dhéwéké bakal aman. Lan (antarané) kewajibané menungsa maring Gusti Allah kuwé nindakna ngibadah haji maring Baitullah, kuwé kanggoné wong-wong sing kuwat 135 nglakoni lelungan maring nganah. Sapa wongé sing ngingkari (kewajibané) haji, mangka padha ngertia lamon Gusti Allah Mahasugih (ora butuh maring sewiji-wiji) sekang sekabéhané ngalam.
134) Delengen surat al-Baqoroh (2): 125
135) Wong sing sanggup nganakna sangu lan uba-rampéné lelungan tur sehat raga, lan dalané maring Tanah Suci aman tur keluwarga sing détinggal déjamin penguripané
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَاللّٰهُ شَهِيْدٌ عَلٰى مَا تَعْمَلُوْنَ٩٨
Qul yā ahlal-kitābi lima takfurūna bi'āyātillāh(i), wallāhu syahīdun ‘alā mā ta‘malūn(a).
[98]
Dhawuha (Muhammad), “Hé Ahli Kitab! Kenangapa ko padha ngingkari ayat-ayat-É Gusti Allah, mangkané Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko padha pergawé?”
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ تَبْغُوْنَهَا عِوَجًا وَّاَنْتُمْ شُهَدَاۤءُ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٩٩
Qul yā ahlal-kitābi lima taṣuddūna ‘an sabīlillāhi man āmana tabgūnahā ‘iwajaw wa antum syuhadā'(u), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[99]
Dhawuha (Muhammad), “Hé Ahli Kitab! Kenangapa ko padha ngalang-ngalangi wong-wong sing padha precaya sekang dalané Gusti Allah, ko padha karep (dalané Gusti Allah) bengkok, mangkané ko kabéh nyekséni?” 136 Lan Gusti Allah ora supé maring apa baé sing ko kabéh pergawé.
136) Nyekséni maksudé ngaweruhi lamon agama sing kepareng mungguh Gusti Allah kuwé agama Islam.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تُطِيْعُوْا فَرِيْقًا مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ يَرُدُّوْكُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ كٰفِرِيْنَ١٠٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tuṭī‘ū farīqam minal-lażīna ūtul-kitāba yaruddūkum ba‘da īmānikum kāfirīn(a).
[100]
Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko padha ngetutna sebagéan wong sing déwéhi Kitab, mesthi dhéwéké padha arep mbalékna ko kabéh dadi wong kapir sewisé padha precaya.
وَكَيْفَ تَكْفُرُوْنَ وَاَنْتُمْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ اٰيٰتُ اللّٰهِ وَفِيْكُمْ رَسُوْلُهٗ ۗ وَمَنْ يَّعْتَصِمْ بِاللّٰهِ فَقَدْ هُدِيَ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ ࣖ١٠١
Wa kaifa takfurūna wa antum tutlā ‘alaikum āyātullāhi wa fīkum rasūluh(ū), wa may ya‘taṣim billāhi faqad hudiya ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[101]
Lan kepriwé ko kabéh (nganti) dadi kapir, mangkané ayat-ayat-É Gusti Allah déwacak-na maring ko, lan utusan-É (Muhammad) uga ana neng tengah-tengahé ko kabéh? Sapa wongé sing cekelan kenceng maring (agama-né) Gusti Allah, mangka temen wong kuwé déparingi pituduh maring dalan sing jejeg.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٠٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha ḥaqqa tuqātihī wa lā tamūtunna illā wa antum muslimūn(a).
[102]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha semaraha ko kabéh maring Gusti Allah (kanthi) senyata-nyatané semarah maring Penjenengané lan aja nganti ko padha mati kejaba neng sejeroné pasrah (muslim).
وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْا ۖوَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖٓ اِخْوَانًاۚ وَكُنْتُمْ عَلٰى شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَاَنْقَذَكُمْ مِّنْهَا ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ١٠٣
Wa‘taṣimū biḥablillāhi jamī‘aw wa lā tafarraqū, ważkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż kuntum a‘dā'an fa allafa baina qulūbikum fa aṣbaḥtum bi ni‘matihī ikhwānā(n), wa kuntum ‘alā syafā ḥufratim minan-nāri fa anqażakum minhā, każālika yubayyinullāhu lakum āyātihī la‘allakum tahtadūn(a).
[103]
Lan padha cekelana ko kabéh sing kenceng maring taliné (agama) Gusti Allah, lan aja nganti ko kabéh padha crah-bubrah, lan émuta nékmaté Gusti Allah sing déparingna maring ko, rikala ko kabéh gemiyén (jaman bodho/jahiliyah) padha satron-satronan, banjur Gusti Allah nyewijékna atimu kabéh, saéngga kanthi kanugrahané Gusti Allah ko padha dadi sedulur, mangkané (rikala kuwé) ko padha neng pinggiré jurang neraka, banjur Gusti Allah nyelametna ko sekang kana. Mengkana kuwé Gusti Allah nerangna ayat-ayat-É maring ko kabéh supayané ko kabéh olih pituduh.
وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ١٠٤
Waltakum minkum ummatuy yad‘ūna ilal-khairi wa ya'murūna bil-ma‘rūfi wa yanhauna ‘anil-munkar(i), wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[104]
Lan preyogané neng antarané ko kabéh ana segolongan wong sing ajek-ajek maring kebagusan, préntah (nglakoni) sing apik (ma’ruf) lan nyegah maring sing ala (mungkar) 137 lan dhéwéké mau klebu wong-wong sing begya.
137) Ma’ruf kuwé penggawéyan apa baé sing merekna kepérek maring Gusti Allah. Mungkar kuwé penggawéyan apa baé sing ngadohna awak sekang Gusti Allah.
وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ تَفَرَّقُوْا وَاخْتَلَفُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْبَيِّنٰتُ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ۙ١٠٥
Wa lā takūnū kal-lażīna tafarraqū wakhtalafū mim ba‘di mā jā'ahumul-bayyināt(u), wa ulā'ika lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[105]
Lan aja nganti ko kabéh dadi kaya wong-wong sing crah-bubrah lan padha pesulayan sewisé teka maring dhéwéké keterangan sing gamblang. Lan dhéwéké kabéh kuwé wong sing bakal olih siksa sing abot,
يَّوْمَ تَبْيَضُّ وُجُوْهٌ وَّتَسْوَدُّ وُجُوْهٌ ۚ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اسْوَدَّتْ وُجُوْهُهُمْۗ اَ كَفَرْتُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ١٠٦
Yauma tabyaḍḍu wujūhuw wa taswaddu wujūh(un), fa ammal-lażīnaswaddat wujūhuhum, akafartum ba‘da īmānikum fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[106]
neng dina kuwé ana rai sing putih-mencorong lan ana uga rai sing ireng-buthek. Anadéné wong-wong sing rainé ireng-buthek (maring dhéwéké kabéh déucapna), “Kenangapa ko padha kapir sewisé precaya? Mulané kuwé rasakna siksa sing désebabna déning kapirmu kabéh.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ ابْيَضَّتْ وُجُوْهُهُمْ فَفِيْ رَحْمَةِ اللّٰهِ ۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١٠٧
Wa ammal lażīnabyaḍḍat wujūhuhum fafī raḥmatillāh(i), hum fīhā khālidūn(a).
[107]
Lan anadéné wong-wong sing rainé putih-mencorong, dhéwéké padha neng kewelasané Gusti Allah (suwarga); dhéwéké langgeng neng njeroné.
تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۗ وَمَا اللّٰهُ يُرِيْدُ ظُلْمًا لِّلْعٰلَمِيْنَ١٠٨
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), wa mallāhu yurīdu ẓulmal lil-‘ālamīn(a).
[108]
Kuwé ayat-ayat-É Gusti Allah sing Ingsun wacakna maring ko kabéh kanthi bener, lan Gusti Allah ora kagungan kersa ngapitunani (sapa baé) neng sekabéhané ngalam.
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ ۗوَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ࣖ١٠٩
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[109]
Lan kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi, lan mung maring Gusti Allah kabéh prekara débalékna.
كُنْتُمْ خَيْرَ اُمَّةٍ اُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ ۗ وَلَوْ اٰمَنَ اَهْلُ الْكِتٰبِ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ ۗ مِنْهُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ وَاَكْثَرُهُمُ الْفٰسِقُوْنَ١١٠
Kuntum khaira ummatin ukhrijat lin-nāsi ta'murūna bil-ma‘rūfi wa tanhauna ‘anil-munkari wa tu'minūna billāh(i), wa lau āmana ahlul-kitābi lakāna khairal lahum, minhumul-mu'minūna wa akṡaruhumul-fāsiqūn(a).
[110]
Ko kabéh (umat Islam) kuwé umat paling apik sing délairna nggo menungsa, (merga ko kabéh) préntah (temindak) sing ma’ruf lan nyegah maring sing mungkar, lan padha precaya maring Gusti Allah. Angger Ahli Kitab padha precaya, mesthiné kuwé lewih apik nggo dhéwéké. Neng antarané dhéwéké ana sing padha precaya, ning akéh-akéhé dhéwéké kuwé wong-wong pasék.
لَنْ يَّضُرُّوْكُمْ اِلَّآ اَذًىۗ وَاِنْ يُّقَاتِلُوْكُمْ يُوَلُّوْكُمُ الْاَدْبَارَۗ ثُمَّ لَا يُنْصَرُوْنَ١١١
Lay yaḍurrūkum illā ażā(n), wa iy yuqātilūkum yuwallūkumul-adbār(a), ṡumma lā yunṣarūn(a).
[111]
Dhéwéké kabéh ora bakal mbebayani ko, kejaba mung gangguan-gangguan cilik, lan angger dhéwéké padha merangi ko, mesthi dhéwéké mundur mbalik maring mburi (kalah), seterusé dhéwéké ora olih pitulungan.
ضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ اَيْنَ مَا ثُقِفُوْٓا اِلَّا بِحَبْلٍ مِّنَ اللّٰهِ وَحَبْلٍ مِّنَ النَّاسِ وَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الْمَسْكَنَةُ ۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَيَقْتُلُوْنَ الْاَنْبِۢيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّۗ ذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ١١٢
Ḍuribat ‘alaihimuż-żillatu aina mā ṡuqifū illā biḥablim minallāhi wa ḥablim minan-nāsi wa bā'ū bigaḍabim minallāhi wa ḍuribat ‘alaihimul-maskanah(tu), żālika bi'annahum kānū yakfurūna bi'āyātillāhi wa yaqtulūnal-ambiyā'a bigairi ḥaqq(in), żālika bimā ‘aṣaw wa kānū ya‘tadūn(a).
[112]
Dhéwéké kabéh dékubengi kenisthan neng endi baé dhéwéké ana, kejaba angger dhéwéké padha (cekelan) maring taliné (agama) Gusti Allah lan tali (janji) karo menungsa. Dhéwéké padha olih bendu sekang Gusti Allah lan (tansah) dékubengi kesengsaran. Sing mengkana kuwé merga dhéwéké padha ngingkari ayat-ayat-É Gusti Allah lan maténi para nabi, tanpa hak (alesan sing bener). Sing mengkana kuwé merga dhéwéké padha duraka lan ngliwati wates.
۞ لَيْسُوْا سَوَاۤءً ۗ مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ اُمَّةٌ قَاۤىِٕمَةٌ يَّتْلُوْنَ اٰيٰتِ اللّٰهِ اٰنَاۤءَ الَّيْلِ وَهُمْ يَسْجُدُوْنَ١١٣
Laisū sawā'ā(n), min ahlil-kitābi ummatun qā'imatuy yatlūna āyātillāhi ānā'al-laili wa hum yasjudūn(a).
[113]
Wong-wong mau ora (sekabéhé) padha. Neng antarané Ahli Kitab ana golongan sing tulus, 138 dhéwéké padha maca ayat-ayat-É Gusti Allah neng wektu wengi lan dhéwéké (uga) padha manembah (sembayang).
138) Segolongan Ahli Kitab sing wis ngrasuk agama Islam.
يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُسَارِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِۗ وَاُولٰۤىِٕكَ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ١١٤
Yu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhiri wa ya'murūna bil-ma‘rūfi wa yanhauna ‘anil-munkari wa yusāri‘ūna fil-khairāt(i), wa ulā'ika minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[114]
Dhéwéké padha precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan, ngongkon (nglakoni) sing ma’ruf lan nyegah sing mungkar lan cepet-cepet (nglakoni) rupa-rupa kebagusan. Dhéwéké klebu wong-wong sing pantes (saléh).
وَمَا يَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَلَنْ يُّكْفَرُوْهُ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِالْمُتَّقِيْنَ١١٥
Wa mā yaf‘alūna min khairin falay yukfarūh(u), wallāhu ‘alīmum bil-muttaqīn(a).
[115]
Lan kebecikan apa baé sing dhéwéké padha lakokna, ora nana sing ngingkari. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani wong-wong sing padha semarah.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١١٦
Innal-lażīna kafarū lan tugniya ‘anhum amwāluhum wa lā aulāduhum minallāhi syai'ā(n), wa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[116]
Setemené wong-wong kapir, becik bandha utawa anak-anaké, semendhing baé ora bisa nolak siksané Gusti Allah. Dhéwéké kabéh manggoni neraka (lan) dhéwéké langgeng neng njeroné.
مَثَلُ مَا يُنْفِقُوْنَ فِيْ هٰذِهِ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَثَلِ رِيْحٍ فِيْهَا صِرٌّ اَصَابَتْ حَرْثَ قَوْمٍ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَاَهْلَكَتْهُ ۗ وَمَا ظَلَمَهُمُ اللّٰهُ وَلٰكِنْ اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ١١٧
Maṡalu mā yunfiqūna fī hāżihil-ḥayātid-dun-yā kamaṡali rīḥin fihā ṣirrun aṣābat ḥarṡa qaumin ẓalamū anfusahum fa ahlakath(u), wa mā ẓalamahumullāhu wa lākin anfusahum yaẓlimūn(a).
[117]
Paumpaman (ingatasé) bandha sing dhéwéké (wong-wong kapir) sumbangna senjeroné penguripan neng dunya kiyé, kayadéné angin sing nggawa hawa adhem banget, sing ngenani tanduran (duwéké) sewijiné kaum sing gawé cilaka maring awaké dhéwék, terus angin kuwé ngrusak. Gusti Allah ora nyilakani wong-wong kuwé, ning dhéwéké sing padha gawé cilaka maring awaké dhéwék.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوْا بِطَانَةً مِّنْ دُوْنِكُمْ لَا يَأْلُوْنَكُمْ خَبَالًاۗ وَدُّوْا مَا عَنِتُّمْۚ قَدْ بَدَتِ الْبَغْضَاۤءُ مِنْ اَفْوَاهِهِمْۖ وَمَا تُخْفِيْ صُدُوْرُهُمْ اَكْبَرُ ۗ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْاٰيٰتِ اِنْ كُنْتُمْ تَعْقِلُوْنَ١١٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżū biṭānatam min dūnikum lā ya'lūnakum khabālā(n), waddū mā ‘anittum, qad badatil-bagḍā'u min afwāhihim, wa mā tukhfī ṣudūruhum akbar(u), qad bayyannā lakumul-āyāti in kuntum ta‘qilūn(a).
[118]
Hé wong-wong sing padha precaya! Ko aja padha ndadékna wong-wong sing neng njabané kalanganmu (seagama) dadi batir pinercayamu, (merga) dhéwéké ora mandheg-mandheg olihé nyengsarakna ko kabéh. Dhéwéké ngarep-arep rusaké ko kabéh. Temen, wis nyata sengité sekang cangkemé dhéwéké, lan apa sing keumpet neng atiné dhéwéké lewih jahat. Temen, wis Ingsun terangna maring ko kabéh ayat-ayat-É (Ingsun) angger ko padha ngerti.
هٰٓاَنْتُمْ اُولَاۤءِ تُحِبُّوْنَهُمْ وَلَا يُحِبُّوْنَكُمْ وَتُؤْمِنُوْنَ بِالْكِتٰبِ كُلِّهٖۚ وَاِذَا لَقُوْكُمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّاۖ وَاِذَا خَلَوْا عَضُّوْا عَلَيْكُمُ الْاَنَامِلَ مِنَ الْغَيْظِ ۗ قُلْ مُوْتُوْا بِغَيْظِكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ١١٩
Hā antum ulā'i tuḥibbūnahum wa lā yuḥibbūnakum wa tu'minūna bil-kitābi kullih(ī), wa iżā laqūkum qālū āmannā, wa iżā khalau ‘aḍḍū ‘alaikumul-anāmila minal-gaiẓ(i), qul mūtū bigaiẓikum, innallāha ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[119]
Kaya kiyé (anané) ko kabéh! Ko padha nyenengi dhéwéké, mangkané dhéwéké padha ora seneng maring ko kabéh, lan ko padha precaya maring sekabéhané kitab. Menawa dhéwéké padha ketemu ko kabéh, dhéwéké ngomong, “Inyong kabéh padha precaya,” lan angger dhéwéké padha dhéwékan, dhéwéké padha nyakoti pucuk jenthik merga jéngkél lan gething maring ko kabéh. Ucapana, “Matia ko padha merga jéngkélmu kuwé!” Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani sekabéhan isiné ati.
اِنْ تَمْسَسْكُمْ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْۖ وَاِنْ تُصِبْكُمْ سَيِّئَةٌ يَّفْرَحُوْا بِهَا ۗ وَاِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا لَا يَضُرُّكُمْ كَيْدُهُمْ شَيْـًٔا ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا يَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ ࣖ١٢٠
In tamsaskum ḥasanatun tasu'hum, wa in tuṣibkum sayyi'atuy yafraḥū bihā, wa in taṣbirū wa tattaqū lā yaḍurrukum kaiduhum syai'ā(n), innallāha bimā ya‘malūna muḥīṭ(un).
[120]
Angger ko kabéh olih kebecikan (mesthi) dhéwéké padha susah atiné, ning angger ko kabéh ketiban marabaya, dhéwéké padha seneng merga marabaya kuwé. Angger ko padha sabar lan padha semarah, rekadayané dhéwéké ora bakal nyusahna ko semendhing-mendhinga. Temen, Gusti Allah Maha Ngrungkupi apa baé sing dhéwéké padha pergawé.
وَاِذْ غَدَوْتَ مِنْ اَهْلِكَ تُبَوِّئُ الْمُؤْمِنِيْنَ مَقَاعِدَ لِلْقِتَالِ ۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ١٢١
Wa iż gadauka min ahlika tubawwi'ul-mu'minīna maqā‘ida lil-qitāl(i), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[121]
Lan (élinga) rikala sliramu (Muhammad) mangkat ésuk-ésuk ninggalna keluwargamu nggo ngatur wong-wong sing padha precaya neng pos-pos peperangan. 139 Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani,
139) Kedadéan kiyé kelakon rikala Perang Uhud sing miturut ahli sejarah kelakon neng taun kaping-3 H.
اِذْ هَمَّتْ طَّۤاىِٕفَتٰنِ مِنْكُمْ اَنْ تَفْشَلَاۙ وَاللّٰهُ وَلِيُّهُمَا ۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٢٢
Iż hammat-ṭā'ifatāni minkum an tafsyalā, wallāhu waliyyuhumā, wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[122]
rikala rong golongan sekang péhaké sliramu 140 kepéngin (mundur) merga wedi, mangkané Gusti Allah kuwé penulungé dhéwéké kabéh. Merga kuwé, preyoga mung maring Gusti Allah wong mukmin padha pasrah.
140) Yakuwé Bani Salamah sekang trah Khazraj lan Bani Haritsah sekang trah Aus, loroné sekang barisan kaum muslimin.
وَلَقَدْ نَصَرَكُمُ اللّٰهُ بِبَدْرٍ وَّاَنْتُمْ اَذِلَّةٌ ۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٢٣
Wa laqad naṣarakumullāhu bibadriw wa antum ażillah(tun), fattaqullāha la‘allakum tasykurūn(a).
[123]
Lan temen, Gusti Allah wis paring tulung maring ko kabéh neng Perang Badar, mangkané ko kabéh lagi ora pideksa. 141 Mula kuwé padha sumaraha maring Gusti Allah supayané ko kabéh padha kesuwun maring Penjenengané.
141) Kahanané wong Muslim ora pideksa (ora daya) merga cacahé semendhing lan bekakas perangé kurang.
اِذْ تَقُوْلُ لِلْمُؤْمِنِيْنَ اَلَنْ يَّكْفِيَكُمْ اَنْ يُّمِدَّكُمْ رَبُّكُمْ بِثَلٰثَةِ اٰلَافٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُنْزَلِيْنَۗ١٢٤
Iż taqūlu lil-mu'minīna alay yakfiyakum ay yumiddakum rabbukum biṡalāṡati ālāfim minal-malā'ikati munzalīn(a).
[124]
(Élinga) rikala sliramu (Muhammmad) ngucap maring wong-wong sing padha precaya, “Apa ora cukup mungguh ko kabéh, déné Gusti Allah ngrewangi ko kabéh kanthi telung éwu malaékat sing déturunaken (sekang langit)?”
بَلٰٓى ۙاِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا وَيَأْتُوْكُمْ مِّنْ فَوْرِهِمْ هٰذَا يُمْدِدْكُمْ رَبُّكُمْ بِخَمْسَةِ اٰلَافٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُسَوِّمِيْنَ١٢٥
Balā, in taṣbirū wa tattaqū wa ya'tūkum min faurihim hāżā yumdidkum rabbukum bikhamsati ālāfim minal-malā'ikati musawwimīn(a).
[125]
“Ya” (cukup). Angger ko padha sabar lan padha semarah, rikala dhéwéké padha teka nyerang ko kabéh kanthi dadakan, mesthi Gusti Allah paring pitulung maring ko kabéh karo lprecayag éwu malaékat sing nganggo tenger.
وَمَا جَعَلَهُ اللّٰهُ اِلَّا بُشْرٰى لَكُمْ وَلِتَطْمَىِٕنَّ قُلُوْبُكُمْ بِهٖ ۗ وَمَا النَّصْرُ اِلَّا مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِۙ١٢٦
Wa mā ja‘alahullāhu illā busyrā lakum wa litaṭma'inna qulūbukum bih(ī), wa man-naṣru illā min ‘indillāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[126]
Lan Gusti Allah ora ndadékna (peparing wadya pitulung kuwé) aming dadi werta bebungah (kemenangané) ko kabéh, lan supayané atimu tenterem merga kuwé. Lan ora ana kemenangan kuwé, kejaba sekang Gusti Allah Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.
لِيَقْطَعَ طَرَفًا مِّنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَوْ يَكْبِتَهُمْ فَيَنْقَلِبُوْا خَاۤىِٕبِيْنَ١٢٧
Liyaqṭa‘a ṭarafam minal-lażīna kafarū au yakbitahum fa yanqalibū khā'ibīn(a).
[127]
(Gusti Allah nulungi ko kabéh neng Perang Badar lan paring pengayoman) yakuwé nggo nyirnakna segolongan wong kapir 142 utawa nggo ndadékna wong-wong mau ina, nganti dhéwéké padha bali kanthi ora olih apa-apa.
142) Yakuwé kanthi matiné wong pitung puluh pemimpin wong-wong kapir lan ketawané pitung puluh wong kapir liyané.
لَيْسَ لَكَ مِنَ الْاَمْرِ شَيْءٌ اَوْ يَتُوْبَ عَلَيْهِمْ اَوْ يُعَذِّبَهُمْ فَاِنَّهُمْ ظٰلِمُوْنَ١٢٨
Laisa laka minal-amri syai'un au yatūba ‘alaihim au yu‘ażżibahum fa innahum ẓālimūn(a).
[128]
Kuwé udu dadi urusan sliramu (Muhammad) 143 apa Gusti Allah nampa tobaté wong-wong mau, utawa nyiksa dhéwéké kabéh, merga setemené dhéwéké wong-wong aniaya (dolim).
143) Miturut riwayat Bukhari ngenani temuruné ayat kiyé, merga Nabi Muhammad s.a.w nyuwun maring Gusti Allah nyelametna sebagéan penggedhé kaum musrikin lan nyirnakna sebagéan sing liya.
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٢٩
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), yagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[129]
Lan kagungané Gusti Allah apa baé sing ana neng langit lan apa baé sing ana neng bumi. Penjenengané paring ampura maring sapa sing dékersakna, lan paring siksa maring sapa sing dékersakna. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَأْكُلُوا الرِّبٰوٓا اَضْعَافًا مُّضٰعَفَةً ۖوَّاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَۚ١٣٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā ta'kulur-ribā aḍ‘āfam muḍā‘afah(tan), wattaqullāha la‘allakum tufliḥūn(a).
[130]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko kabéh aja mangan riba sing tikel-matikel 144 lan padha semaraha maring Gusti Allah supayané ko kabéh padha begya.
144) Sing démaksud riba neng kéné yakuwé riba nasi’ah. Miturut akéh-akéhé ulama, nek riba nasi’ah kuwé selawasé haram, ora ketang ora tikel-matikel.
وَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِيْٓ اُعِدَّتْ لِلْكٰفِرِيْنَ ۚ١٣١
Wattaqun-nāral latī u‘iddat lil-kāfirīn(a).
[131]
Lan reksanen awakmu sekang geni neraka sing desedhiakna nggo wong-wong mbangkang (kapir).
وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۚ١٣٢
Wa aṭī‘ullāha war-rasūla la‘allakum turḥamūn(a).
[132]
Lan padha manuta maring Gusti Allah lan Utusané (Muhammad), supayané ko kabéh déparingi kewelasan.
۞ وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ١٣٣
Wa sāri‘ū ilā magfiratim mir rabbikum wa jannatin ‘arḍuhas-samāwātu wal-arḍ(u), u‘iddat lil-muttaqīn(a).
[133]
Lan padha gagiyan ko kabéh nggolét pengampura sekang Pengéranmu lan olih suwarga sing ambané selangit lan bumi sing desedhiakna nggo wong-wong sing padha semarah.
الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكٰظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَۚ١٣٤
Al-lażīna yunfiqūna fis-sarrā'i waḍ-ḍarrā'i wal-kāẓimīnal gaiẓa wal-‘āfīna ‘anin-nās(i), wallāhu yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[134]
(Ya kuwé) wong sing padha infaq (nyum-bangna sebagéan bandha), rikala wektu ombér utawa neng wektu mépéd, lan wong-wong sing nahan jéngkélé lan ngampura (keluputané) wong liya. Lan Gusti Allah dhemen maring wong sing gawé kebagusan,
وَالَّذِيْنَ اِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً اَوْ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ ذَكَرُوا اللّٰهَ فَاسْتَغْفَرُوْا لِذُنُوْبِهِمْۗ وَمَنْ يَّغْفِرُ الذُّنُوْبَ اِلَّا اللّٰهُ ۗ وَلَمْ يُصِرُّوْا عَلٰى مَا فَعَلُوْا وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ١٣٥
Wal-lażīna iżā fa‘alū fāḥisyatan au ẓalamū anfusahum żakarullāha fastagfarū liżunūbihim, wa may yagfiruż-żunūba illallāh(u), wa lam yuṣirrū ‘alā mā fa‘alū wa hum ya‘lamūn(a).
[135]
lan (uga) wong-wong sing angger nglakoni penggawéyan ala utawa aniaya maring awaké dhéwék, 145 (gagiyan) éling maring Gusti Allah, banjur nyuwun ngampura ingatasé dosa-dosané, lan sapa (maning) sing bisa ngampurani dosa-dosa seliyané Gusti Allah? Lan dhéwéké padha ora nerusna penggawéyan dosa mau, mangka dhéwéké padha ngaweruhi.
145) Sing déarani penggawéyan ala (Fahisyah) yakuwé dosa gedhé sing akibaté ora mung nggo awaké dhéwék ning uga wong liya, kayadéné jina, riba, aniaya (gawé kapitunan) maring awaké dhéwék yakuwé nglakoni dosa, sing akibaté nggo awaké dhéwék, gedhé utawa cilik.
اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ مَّغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَجَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗ وَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَۗ١٣٦
Ulā'ika jazā'uhum magfiratum mir rabbihim wa jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa ni‘ma ajrul-‘āmilīn(a).
[136]
Piwales nggo dhéwéké kabéh kuwé pengampura sekang Pengérané lan suwarga-suwarga sing mili kali-kali neng ngisoré, dhéwéké langgeng neng njeroné. Lan (kuwé) sebagus-bagusé kanugrahan nggo wong-wong sing padha temindak.
قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِكُمْ سُنَنٌۙ فَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ١٣٧
Qad khalat min qablikum sunan(un), fa sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[137]
Temen, wis keliwat seurungé ko kabéh sunah-sunah (pepesthen Gusti Allah), 146 merga kuwé padha mlakua ko maring (sekabéh paran) bumi lan gatékna kepriwé pungkasané wong-wong sing padha nyulayani (para utusan).
146) Sing démaksud sunahé Gusti Allah neng kéné yakuwé ukuman-ukumané Gusti Allah sing rupané marabaya, musibah sing tiba maring wong-wong sing nggorohna para utusan.
هٰذَا بَيَانٌ لِّلنَّاسِ وَهُدًى وَّمَوْعِظَةٌ لِّلْمُتَّقِيْنَ١٣٨
Hāżā bayānul lin-nāsi wa hudaw wa mau‘iẓatul lil-muttaqīn(a).
[138]
Yakiyé (Al-Qur’an) sewijiné keterangan sing genah nggo sekabéhé menungsa, lan dadi pituduh karo piwulang nggo wong-wong sing padha semarah (takwa).
وَلَا تَهِنُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا وَاَنْتُمُ الْاَعْلَوْنَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٣٩
Wa lā tahinū wa lā taḥzanū wa antumul-a‘launa in kuntum mu'minīn(a).
[139]
Lan aja nganti ko kabéh (ngrasa) ora pideksa lan aja (uga) susah atiné, merga ko kabéh paling dhuwur (drajaté), angger ko wong-wong sing padha precaya.
اِنْ يَّمْسَسْكُمْ قَرْحٌ فَقَدْ مَسَّ الْقَوْمَ قَرْحٌ مِّثْلُهٗ ۗوَتِلْكَ الْاَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ النَّاسِۚ وَلِيَعْلَمَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَيَتَّخِذَ مِنْكُمْ شُهَدَاۤءَ ۗوَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَۙ١٤٠
Iy yamsaskum qarḥun faqad massal-qauma qarḥum miṡluh(ū), wa tilkal-ayyāmu nudāwiluhā binan-nās(i), wa liya‘lamallāhul-lażīna āmanū wa yattakhiża minkum syuhadā'(u), wallāhu lā yuḥibbuẓ-ẓālimīn(a).
[140]
Angger ko kabéh (neng Perang Uhud) olih tatu, mangka dhéwéké kabéh uga (neng Perang Badar) olih tatu sing padha. Lan jaman (menang lan kalah) kuwé, Ingsun gilir-walik neng antarané menungsa (supayané dhéwéké kabéh olih piwulang), lan supayané Gusti Allah mbédakna wong-wong sing precaya (karo wong-wong mbangkang) lan supayané sebagéané ko kabéh dédadékna (mati dadi) syuhada. Lan Gusti Allah ora karenan maring wong-wong sing aniaya (dolim),
وَلِيُمَحِّصَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَيَمْحَقَ الْكٰفِرِيْنَ١٤١
Wa liyumaḥḥiṣallāhul-lażīna āmanū wa yamḥaqal-kāfirīn(a).
[141]
lan supayané Gusti Allah mbrésihi wong-wong sing padha precaya (sekang dosa-dosané) lan nyirnakna wong-wong mbangkang (kapir).
اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَعْلَمِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ جَاهَدُوْا مِنْكُمْ وَيَعْلَمَ الصّٰبِرِيْنَ١٤٢
Am ḥasibtum an tadkhulul-jannata wa lammā ya‘lamillāhul-lażīna jāhadū minkum wa ya‘lamaṣ-ṣābirīn(a).
[142]
Apa ko kabéh ngira lamon ko padha arep mlebu suwarga, mangkané urung kebukti mungguhé Gusti Allah wong-wong sing padha lelabuh (jihad) 147 neng antarané ko kabéh, lan urung kebukti wong-wong sing sabar.
147) Jihad bisa détegesi: a). Perang nggo ngedegna Islam lan ngayomi wong Islam; b). Merangi hawa nepsu; c). Ngewéhna bandha nggo kebagusan Islam lan umat Islam; d). Ngilangna penggawéyan jahat lan ngadegna kebecikan.
وَلَقَدْ كُنْتُمْ تَمَنَّوْنَ الْمَوْتَ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَلْقَوْهُۖ فَقَدْ رَاَيْتُمُوْهُ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ ࣖ١٤٣
Wa laqad kuntum tamannaunal-mauta min qabli an talqauh(u), faqad ra'aitumūhu wa antum tanẓurūn(a).
[143]
Lan ko kabéh nyata-nyata ngarep-arep mati (syahid) seurungé ko padha ngadhepi; mangka (siki) ko kabéh temen, wis ngaweruhi lan wis nyekséni.
وَمَا مُحَمَّدٌ اِلَّا رَسُوْلٌۚ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِ الرُّسُلُ ۗ اَفَا۟ىِٕنْ مَّاتَ اَوْ قُتِلَ انْقَلَبْتُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ ۗ وَمَنْ يَّنْقَلِبْ عَلٰى عَقِبَيْهِ فَلَنْ يَّضُرَّ اللّٰهَ شَيْـًٔا ۗوَسَيَجْزِى اللّٰهُ الشّٰكِرِيْنَ١٤٤
Wa mā muḥammadun illā rasūl(un), qad khalat min qablihir-rusul(u), afa'im māta au qutilanqalabtum ‘alā a‘qābikum, wa may yanqalib ‘alā ‘aqibaihi falay yaḍurrallāha syai'ā(n), wa sayajzillāhusy-syākirīn(a).
[144]
Lan Muhammad mung sewijiné Utusan; seurungé wis keliwat pirang-pirang utusan. 148 Apa angger slirané séda utawa déperjaya, ko padha balik maring asal (murtad)? Sapa wongé balik maring asal, mangka dhéwéké arep ora gawé kapitunan maring Gusti Allah semendhing-mendhinga. Gusti Allah arep paring piwales maring wong sing padha kesuwun.
148) Nabi Muhammad s.a.w, kuwé sewijiné menungsa sing deangkat déning Gusti Allah dadi Utusan.Utusan-utusan seurungé wis padha séda sebab dépaténi, ana uga sing séda biasa. Merga kuwé Nabi Muhammad s.a.w uga bakal séda kayadéné Utusan-utusan sing wis keliwat. Rikala kedadéan Perang Uhud kesebar crita lamon Nabi Muhammad s.a.w séda dépaténi. Crita kiyé ngacokna kaum muslimin dadi ana sing duwé maksud njaluk pengayoman maring Abu Sufyan (pemimpiné kaum Quraisy). Neng wektu kuwé wong munapék (uga) ngomong lamon bener Muhammad kuwé sewijiné nabi mesthiné dhéwéké ora bakal séda dépaténi. Mangka Gusti Allah nurunaken ayat kiyé nggo nentremna atiné kaum muslimin lan mbantah omongané wong munapék kuwé (Sahih Bukhari bab Jihad). Abu Bakar r.a nerangna ayat kiyé – nggo ngilangna bombing neng kalangané para sahabat rikala sédané Nabi Muhammad s.a.w, utamané nggo ngleremna Umar Ibnu Katab r.a lan para kanca sing ora precaya maring sédané Nabi Muhammad kuwé. (Sahih Bukhari bab Takwané para sahabat).
وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ اَنْ تَمُوْتَ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ كِتٰبًا مُّؤَجَّلًا ۗ وَمَنْ يُّرِدْ ثَوَابَ الدُّنْيَا نُؤْتِهٖ مِنْهَاۚ وَمَنْ يُّرِدْ ثَوَابَ الْاٰخِرَةِ نُؤْتِهٖ مِنْهَا ۗ وَسَنَجْزِى الشّٰكِرِيْنَ١٤٥
Wa mā kāna linafsin an tamūta illā bi'iżnillāhi kitābam mu'ajjalā(n), wa may yurid ṡawābad-dun-yā nu'tihī minhā, wa may yurid ṡawābal-ākhirati nu'tihī minhā, wa sanajzisy-syākirīn(a).
[145]
Lan saben-saben sing duwé nyawa ora bakal mati kajaba kanthi idiné Gusti Allah, minangka pepesthén sing wis détemtokna wektuné. Sapa wongé ngarepakna ganjaran dunya, mesthi Ingsun paringna maring dhéwéké ganjaran (dunya) kuwé, lan sapa wongé ngarepna ganjaran akhérat, Ingsun paringna (uga) maring dhéwéké ganjaran (akhérat) kuwé, lan Ingsun arep paring piwales maring wong-wong sing padha kesuwun.
وَكَاَيِّنْ مِّنْ نَّبِيٍّ قٰتَلَۙ مَعَهٗ رِبِّيُّوْنَ كَثِيْرٌۚ فَمَا وَهَنُوْا لِمَآ اَصَابَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَمَا ضَعُفُوْا وَمَا اسْتَكَانُوْا ۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الصّٰبِرِيْنَ١٤٦
Wa ka'ayyim min nabiyyin qātal(a), ma‘ahū ribbiyyūna kaṡīr(un), famā wahanū limā aṣābahum fī sabīlillāhi wa mā ḍa‘ufū wa mastakānū, wallāhu yuḥibbuṣ-ṣābirīn(a).
[146]
Lan sepira akéhé nabi sing padha perang déapingi akéh pisan sekang pendhérék(é) sing padha semarah. Dhéwéké kabéh ora (dadi) nglokro merga marabaya sing nibani neng dalan-É Gusti Allah, ora kelangan daya lan ora (uga) teluk (maring mungsuh). Lan Gusti Allah nresnani wong-wong sing padha sabar.
وَمَا كَانَ قَوْلَهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوْا رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْٓ اَمْرِنَا وَثَبِّتْ اَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ١٤٧
Wa mā kāna qauluhum illā an qālū rabbanagfir lanā żunūbanā wa isrāfanā fī amrinā wa ṡabbit aqdāmanā wanṣurnā ‘alal-qaumil-kāfirīn(a).
[147]
Lan ora liya pengucapé dhéwéké kabéh kejaba penyuwun, “Dhuh Pengéran kula, mugi ngampura dosa-dosa kula lan lampah-lampah kula ingkang kelewihen (selebeté) urusan kula sami 149 lan mugi tetepaken tekad kula, lan mugi paring pitulung dhateng kula sedaya ingatasé tiyang-tiyang kapir.”
149) Ngliwati wewates hukum sing wis détetepna déning Gusti Allah SWT.
فَاٰتٰىهُمُ اللّٰهُ ثَوَابَ الدُّنْيَا وَحُسْنَ ثَوَابِ الْاٰخِرَةِ ۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ ࣖ١٤٨
Fa ātāhumullāhu ṡawābad-dun-yā wa ḥusna ṡawābil-ākhirah(ti), wallāhu yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[148]
Mangka Gusti Allah maringi dhéwéké kabéh ganjaran neng dunya 150 lan ganjaran sing apik neng akhérat, Lan Gusti Allah dhemen (maring) wong-wong sing gawé kebagusan.
150) Ganjaran dunya bisa rupa kemenangan-kemenangan, olih bandha rampasan, pengalem, lan liya-liyané.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تُطِيْعُوا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَرُدُّوْكُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ فَتَنْقَلِبُوْا خٰسِرِيْنَ١٤٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tuṭī‘ul-lażīna kafarū yaruddūkum ‘alā a‘qābikum fa tanqalibū khāsirīn(a).
[149]
Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko padha manut (maring) wong-wong sing mbangkang (kapir), mesthi dhéwéké kabéh arep mbalékna ko maring asalmu kabéh (murtad), mangka ko kabéh bakal bali dadi wong sing kapitunan.
بَلِ اللّٰهُ مَوْلٰىكُمْ ۚ وَهُوَ خَيْرُ النّٰصِرِيْنَ١٥٠
Balillāhu maulākum, wa huwa khairun-nāṣirīn(a).
[150]
Ning mung Gusti Allah pengayomu, lan Penjenengané kuwé penulung sing paling apik.
سَنُلْقِيْ فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الرُّعْبَ بِمَٓا اَشْرَكُوْا بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًا ۚ وَمَأْوٰىهُمُ النَّارُ ۗ وَبِئْسَ مَثْوَى الظّٰلِمِيْنَ١٥١
Sanulqī fī qulūbil-lażīna kafarur-ru‘ba bimā asyrakū billāhi mā lam yunazzil bihī sulṭānā(n), wa ma'wāhumun nār(u), wa bi'sa maṡwaẓ-ẓālimīn(a).
[151]
Bakal Ingsun lebokna rasa wedi maring njero atiné wong-wong kapir, merga dhéwéké padha nyekuthokna Gusti Allah karo sewiji-wiji sing Gusti Allah ora nurunaken keterangan ngenani prekara kuwé. Lan panggonan baliné dhéwéké yakuwé neraka. Lan (kuwé) seala-alané panggonan (nggo) wong-wong aniaya.
وَلَقَدْ صَدَقَكُمُ اللّٰهُ وَعْدَهٗٓ اِذْ تَحُسُّوْنَهُمْ بِاِذْنِهٖ ۚ حَتّٰىٓ اِذَا فَشِلْتُمْ وَتَنَازَعْتُمْ فِى الْاَمْرِ وَعَصَيْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَآ اَرٰىكُمْ مَّا تُحِبُّوْنَ ۗ مِنْكُمْ مَّنْ يُّرِيْدُ الدُّنْيَا وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرِيْدُ الْاٰخِرَةَ ۚ ثُمَّ صَرَفَكُمْ عَنْهُمْ لِيَبْتَلِيَكُمْ ۚ وَلَقَدْ عَفَا عَنْكُمْ ۗ وَاللّٰهُ ذُوْ فَضْلٍ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ١٥٢
Wa laqad ṣadaqakumullāhu wa‘dahū iż taḥussūnahum bi'iżnih(ī), ḥattā iżā fasyiltum wa tanāza‘tum fil-amri wa ‘aṣaitum mim ba‘di mā arākum mā tuḥibbūn(a), minkum may yurīdud-dun-yā wa minkum may yurīdul-ākhirah(ta), ṡumma ṣarafakum ‘anhum liyabtaliyakum, wa laqad ‘afā ‘ankum, wallāhu żū faḍlin ‘alal-mu'minīn(a).
[152]
Lan temen Gusti Allah wis netepi janji-Né maring ko kabéh, rikala ko padha maténi wong-wong mau kanthi idin-Né nganti (butul) wektuné ko padha apes lan pesulayan ngenani urusan kuwé 151 lan padha ngapéngna préntahé Utusan (Muhammad) sewisé Gusti Allah paring weruh maring ko kabéh apa sing ko padha senengi. 152 Neng antarané ko kabéh ana wong sing ngarepna dunya lan neng antarané ko kabéh ana (uga) wong sing ngarepna akhérat. Banjur Gusti Allah mléngosna ko kabéh sekang dhéwéké 153 nggo nguji ko, ning Penjenengané nyata-nyata wis ngampurani ko kabéh. Lan Gusti Allah kagungan kanugrahan (sing déparingna) maring wong-wong padha precaya (mukmin).
151) Yakuwé nglakoni préntahé Nabi Muhammad s.a.w,supayané regu juru panah tetep neng panggonan sing wis détudhuhna neng kahanan sing kaya apa baé.
152) Yakuwé menang perang lan bandha rampasan.
153) Kaum muslimin ora téyéng ngalahna dhéwéké kabéh.
۞ اِذْ تُصْعِدُوْنَ وَلَا تَلْوٗنَ عَلٰٓى اَحَدٍ وَّالرَّسُوْلُ يَدْعُوْكُمْ فِيْٓ اُخْرٰىكُمْ فَاَثَابَكُمْ غَمًّا ۢبِغَمٍّ لِّكَيْلَا تَحْزَنُوْا عَلٰى مَا فَاتَكُمْ وَلَا مَآ اَصَابَكُمْ ۗ وَاللّٰهُ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ١٥٣
Iż tuṣ‘idūna wa lā talwūna ‘alā aḥadiw war-rasūlu yad‘ūkum fī ukhrākum fa aṡābakum gammam bigammil likailā taḥzanū ‘alā mā fātakum wa lā mā aṣābakum, wallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[153]
(Élinga) rikala ko padha mlayu lan ora nylinguk maring sapa baé, lan Utusan (Muhammad) sing ana neng antarané (batir-batir)mu liyané nimbali ko kabéh (golongan sing mlayu), merga kuwé Gusti Allah nibakna maring ko kesusahan-pari-kesusahan, 154 supayané ko kabéh ora susah neng ati (maning) ingatasé apa sing mlését sekang ko lan ingatasé apa sing tiba maring ko kabéh. Lan Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing ko pergawé.
154) Susahé kaum muslimin désebabna dhéwéké kabéh ora manut préntahé Kanjeng Nabi sing dadi kalah sekang wong-wong kapir.
ثُمَّ اَنْزَلَ عَلَيْكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ الْغَمِّ اَمَنَةً نُّعَاسًا يَّغْشٰى طَۤاىِٕفَةً مِّنْكُمْ ۙ وَطَۤاىِٕفَةٌ قَدْ اَهَمَّتْهُمْ اَنْفُسُهُمْ يَظُنُّوْنَ بِاللّٰهِ غَيْرَ الْحَقِّ ظَنَّ الْجَاهِلِيَّةِ ۗ يَقُوْلُوْنَ هَلْ لَّنَا مِنَ الْاَمْرِ مِنْ شَيْءٍ ۗ قُلْ اِنَّ الْاَمْرَ كُلَّهٗ لِلّٰهِ ۗ يُخْفُوْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ مَّا لَا يُبْدُوْنَ لَكَ ۗ يَقُوْلُوْنَ لَوْ كَانَ لَنَا مِنَ الْاَمْرِ شَيْءٌ مَّا قُتِلْنَا هٰهُنَا ۗ قُلْ لَّوْ كُنْتُمْ فِيْ بُيُوْتِكُمْ لَبَرَزَ الَّذِيْنَ كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقَتْلُ اِلٰى مَضَاجِعِهِمْ ۚ وَلِيَبْتَلِيَ اللّٰهُ مَا فِيْ صُدُوْرِكُمْ وَلِيُمَحِّصَ مَا فِيْ قُلُوْبِكُمْ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ١٥٤
Ṡumma anzala ‘alaikum mim ba‘dil-gammi amanatan nu‘āsay yagsyā ṭā'ifatam minkum, wa ṭā'ifatun qad ahammathum anfusuhum yaẓunnūna billāhi gairal-ḥaqqi ẓanal-jāhiliyyah(ti), yaqūlūna hal lanā minal-amri min syai'(in), qul innal-amra kullahū lillāh(i), yukhfūna fī anfusihim mā lā yubdūna lak(a), yaqūlūna lau kāna lanā minal-amri syai'um mā qutilnā hāhunā, qul lau kuntum fī buyūtikum labarazal-lażīna kutiba ‘alaihimul-qatlu ilā maḍāji‘ihim, wa liyabtaliyallāhu mā fī ṣudūrikum wa liyumaḥḥiṣa mā fī qulūbikum, wallāhu ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[154]
Banjur sewisé ko kabéh ketiban susah, Penjenengané nurunaken rasa aman maring ko kabéh (rupa) rasa arip sing nglingkupi sebagéan sekang ko kabéh, 155 éwadéné sebagéan sing liyané, 156 wis dégawé kewatir déning awaké dhéwék kabéh; wong-wong kuwé padha nyana ora bener maring Gusti Allah kayadéné penyanané (wong) jahiliyyah. 157 Dhéwéké padha ngucap, “Apa ana sewiji-wiji sing bisa inyong kabéh lakoni neng sejeroné urusan kiyé?” Dhawuhna (Muhammad), “Setemené sekabéhé urusan kuwé ana neng astané Gusti Allah.” Dhéwéké padha ngumpetna neng jero atiné apa sing ora dhéwéké terangna maring ko kabéh. Dhéwéké padha ngucap, “Sekirané ana sewiji sing bisa inyong padha lakoni neng sejeroné urusan kiyé, mesthi inyong kabéh ora bakal dépaténi (dékalahna) neng kéné.” Dhawuhna (Muhammad), “Senajan ko kabéh ana neng umahmu, mesthi wong-wong sing wis détetepna mati dépaténi bakal metu (uga) maring panggonané dhéwéké kabéh dépaténi.” Gusti Allah (temindak kaya kuwé) nggo nguji apa sing ana neng njero dhadhamu lan nggo mbrésihn(...)
155) Wong-wong Islam sing teguh keyakinané.
156) Wong-wong Islam sing ésih mamang.
157) Penyana angger pancén Muhammad s.a.w kuwé nyata-nyata Nabi lan Utusané Gusti Allah, mesthi Penjenengané ora bakal dékalahna neng peperangan.
اِنَّ الَّذِيْنَ تَوَلَّوْا مِنْكُمْ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِۙ اِنَّمَا اسْتَزَلَّهُمُ الشَّيْطٰنُ بِبَعْضِ مَا كَسَبُوْا ۚ وَلَقَدْ عَفَا اللّٰهُ عَنْهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ ࣖ١٥٥
Innal-lażīna tawallau minkum yaumal-taqal-jam‘ān(i), innamastazallahumusy-syaiṭānu biba‘ḍi mā kasabū, wa laqad ‘afallāhu ‘anhum, innallāha gafūrun ḥalīm(un).
[155]
Setemené wong sing padha mléngos neng antarané ko kabéh rikala kedadéan ketemuné (perang) antarané rong wadyabala kuwé, 158 setemené dhéwéké kabéh déplésétna déning sétan, désebabna sebagéan kesalahan (dosa) sing wis dhéwéké kabéh pergawé (neng wektu kepungkur), ning Gusti Allah nyata-nyata wis paring ngampura (maring) dhéwéké kabéh. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
158) Rong wadyabala kuwé, wadyabala kaum Muslimin lan wadyabala kaum musrikin neng Perang Uhud.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَقَالُوْا لِاِخْوَانِهِمْ اِذَا ضَرَبُوْا فِى الْاَرْضِ اَوْ كَانُوْا غُزًّى لَّوْ كَانُوْا عِنْدَنَا مَا مَاتُوْا وَمَا قُتِلُوْاۚ لِيَجْعَلَ اللّٰهُ ذٰلِكَ حَسْرَةً فِيْ قُلُوْبِهِمْ ۗ وَاللّٰهُ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ ۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١٥٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā takūnū kal-lażīna kafarū wa qālū li'ikhwānihim iżā ḍarabū fil-arḍi au kānū guzzal lau kānū ‘indanā mā mātū wa mā qutilū, liyaj‘alallāhu żālika ḥasratan fī qulūbihim, wallāhu yuḥyī wa yumīt(u), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[156]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko kabéh kaya wong mbangkang (kapir) sing ngucap maring sedulur-seduluré angger dhéwéké padha nganakna lelungan neng bumi utawa perang, “Sekirané dhéwéké padha tetep karo inyong kabéh, mesthi dhéwéké padha ora mati lan ora dépaténi.” (Kanthi ucapan) sing kaya kuwé mau, merga Gusti Allah arep nekakna rasa ngajog neng atiné dhéwéké kabéh. Gusti Allah nguripna lan maténi, lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko pergawé.
وَلَىِٕنْ قُتِلْتُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَوْ مُتُّمْ لَمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرَحْمَةٌ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ١٥٧
Wa la'in qutiltum fī sabīlillāhi au muttum lamagfiratum minallāhi wa raḥmatun khairum mimmā yajma‘ūn(a).
[157]
Lan temen, sekirané ko kabéh tiwas neng dalané Gusti Allah utawa mati, 159 temen, mesthi ampurané Gusti Allah lan kewelasan-É lewih apik (nggo ko kabéh) tenimbang apa (bandha rampasan) sing dhéwéké padha kumpulna.
159) Mati neng dalané Gusti Allah ning udu merga perang.
وَلَىِٕنْ مُّتُّمْ اَوْ قُتِلْتُمْ لَاِلَى اللّٰهِ تُحْشَرُوْنَ١٥٨
Wa la'im muttum au qutiltum la'ilallāhi tuḥsyarūn(a).
[158]
Lan temen, sekirané ko padha mati utawa tiwas, mesthi maring Gusti Allah ko kabéh dékumpulna.
فَبِمَا رَحْمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ لِنْتَ لَهُمْ ۚ وَلَوْ كُنْتَ فَظًّا غَلِيْظَ الْقَلْبِ لَانْفَضُّوْا مِنْ حَوْلِكَ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمْ وَشَاوِرْهُمْ فِى الْاَمْرِۚ فَاِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ١٥٩
Fabimā raḥmatim minallāhi linta lahum, wa lau kunta faẓẓan galīẓal-qalbi lanfaḍḍū min ḥaulik(a), fa‘fu ‘anhum wastagfir lahum wa syāwirhum fil-amr(i), fa iżā ‘azamta fa tawakkal ‘alallāh(i), innallāha yuḥibbul-mutawakkilīn(a).
[159]
Mangka merga kewelasan-É Gusti Allah sliramu (Muhammad) temindak alus maring dhéwéké kabéh. Sekirané sliramu temindak keras lan (nganggo) ati kasar mesthi dhéwéké padha ngadohi sekang kiwé-tengené sliramu. Merga kuwé ampuranen dhéwéké lan nyuwuna ngampura nggo dhéwéké kabéh, lan rembugana karo dhéwéké neng urusan kuwé. 160 Banjur, angger ko kabéh wis serujuk mangka padha semaraha maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah nresnani wong sing padha pasrah (tawakal).
160) Urusan perang lan masalah-masalah dunya liyané kaya urusan politik, ekonomi, kemasrakatan lan liya-liyané.
اِنْ يَّنْصُرْكُمُ اللّٰهُ فَلَا غَالِبَ لَكُمْ ۚ وَاِنْ يَّخْذُلْكُمْ فَمَنْ ذَا الَّذِيْ يَنْصُرُكُمْ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٦٠
Iy yanṣurkumullāhu falā gāliba lakum, wa iy yakhżulkum faman żal-lażī yanṣurukum mim ba‘dih(ī), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[160]
Angger Gusti Allah nulungi ko kabéh, mangka ora nana sing bisa ngalahna ko, ning angger Gusti Allah ngejorna ko kabéh (ora awéh pitulungan) mangka sapa sing bisa nulungi ko sewisé kuwé? Merga kuwé, preyoga mung maring Gusti Allah wong-wong mukmin padha pasrah.
وَمَا كَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّغُلَّ ۗوَمَنْ يَّغْلُلْ يَأْتِ بِمَا غَلَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۚ ثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ١٦١
Wa mā kāna linabiyyin ay yagull(a), wa may yaglul ya'ti bimā galla yaumal-qiyāmah(ti), ṡumma tuwaffā kullu nafsim mā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[161]
Lan ora bakal sewiji nabi nyidrani (neng urusan bandha rampasan perang). Sapa wongé nyidrani, mesthi neng dina kiyamat dhéwéké bakal teka nggawa apa sing décidrakna déning dhéwéké kuwé. Banjur saben-saben wong bakal déparingi piwales sing sempurna, cocog karo apa sing délakoni, lan dhéwéké ora déaniaya (dégawé tuna).
اَفَمَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَ اللّٰهِ كَمَنْۢ بَاۤءَ بِسَخَطٍ مِّنَ اللّٰهِ وَمَأْوٰىهُ جَهَنَّمُ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٦٢
Afamanittaba‘a riḍwānallāhi kamam bā'a bisakhaṭim minallāhi wa ma'wāhu jahannam(u), wa bi'sal-maṣīr(u),
[162]
Mangka apa ana wong sing mélu (maring) karenané Gusti Allah padha karo wong sing bali nggawa bendu sekang Gusti Allah lan panggonané neng neraka Jahanam? kuwé seala-alané panggonan bali.
هُمْ دَرَجٰتٌ عِنْدَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌ ۢبِمَا يَعْمَلُوْنَ١٦٣
Hum darajātun ‘indallāh(i), wallāhu baṣīrum bimā ya‘malūn(a).
[163]
(Drajaté) wong-wong mau tingkat-tingkatan neng sisihé Gusti Allah, lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing dhéwéké pergawé.
لَقَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِهٖ وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَۚ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلُ لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ١٦٤
Laqad mannallāhu ‘alal-mu'minīna iż ba‘aṡa fīhim rasūlam min anfusihim yatlū ‘alaihim āyātihī wa yuzakkīhim wa yu‘allimuhumul-kitāba wal-ḥikmah(ta), wa in kānū min qablu lafī ḍalālim mubīn(in).
[164]
Temen, Gusti Allah wis paring ganjaran gedhé maring wong-wong sing precaya rikala (Gusti Allah) ngutus sewijiné Utusan (Muhammad) neng tengah-tengahe dhéwéké sekang kalangane wong-wong mau, sing macakna maring dhéwéké ayat-ayat-É, nyucékna (jiwané) dhéwéké lan mulangna maring dhéwéké kitab (Al-Qur’an) lan Hikmah (sunnah), senajan seurungé, dhéwéké nyata-nyata padha ana neng sejeroné sesasar sing nyata.
اَوَلَمَّآ اَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةٌ قَدْ اَصَبْتُمْ مِّثْلَيْهَاۙ قُلْتُمْ اَنّٰى هٰذَا ۗ قُلْ هُوَ مِنْ عِنْدِ اَنْفُسِكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٦٥
Awa lammā aṣābatkum muṣībatun qad aṣabtum miṡlaihā, qultum annā hāżā, qul huwa min ‘indi anfusikum, innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[165]
Lan kenangapa ko padha (gumun) rikala ketiban marabaya (kalah neng Perang Uhud), mangkané ko kabéh wis nibakna marabaya tikel pindho (maring musuhmu rikala Perang Badar) ko padha ngucap, “Sekang endi tekané (kalah) kiyé?” Ucapna, “Kuwé sekang (salahé) awakmu dhéwék”. Temen, Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
وَمَآ اَصَابَكُمْ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِ فَبِاِذْنِ اللّٰهِ وَلِيَعْلَمَ الْمُؤْمِنِيْنَۙ١٦٦
Wa mā aṣābakum yaumal-taqal-jam‘āni fa bi'iżnillāhi wa liya‘lamal-mu'minīn(a).
[166]
Lan apa sing ngenani ko kabéh rikala kedadéan ketemuné (perang) antarané rong wadyabala kuwé kanthi idiné Gusti Allah lan supayané Gusti Allah nguji sapa wongé (sing nyata-nyata) precaya.
وَلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ نَافَقُوْا ۖوَقِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا قَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَوِ ادْفَعُوْا ۗ قَالُوْا لَوْ نَعْلَمُ قِتَالًا لَّاتَّبَعْنٰكُمْ ۗ هُمْ لِلْكُفْرِ يَوْمَىِٕذٍ اَقْرَبُ مِنْهُمْ لِلْاِيْمَانِ ۚ يَقُوْلُوْنَ بِاَفْوَاهِهِمْ مَّا لَيْسَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ ۗ وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يَكْتُمُوْنَۚ١٦٧
Wa liya‘lamal-lażīna nāfaqū, wa qīla lahum ta‘ālau qātilū fī sabīlillāhi awidfa‘ū, qālū lau na‘lamu qitālal lattaba‘nākum, hum lil-kufri yauma'iżin aqrabu minhum lil-īmān(i), yaqūlūna bi'afwāhihim mā laisa fī qulūbihim, walllāhu a‘lamu bimā yaktumūn(a).
[167]
Lan nggo nguji wong-wong sing omongé lamis (munapék), maring dhéwéké kabéh déucapna, “Ayuh padha perang neng dalané Gusti Allah utawa jaganen (awakmu)”. Dhéwéké padha ngucap, “Sekirané inyong kabéh ngerti (carané) perang, mesthi inyong kabéh mélu sliramu.” 161 Dhéwéké kabéh neng dina kuwé lewih pérek maring kapir tenimbang maring precaya. Dhéwéké kabéh ngomongna karo cangkemé apa sing ora padha karo isi atiné. Lan Gusti Allah lewih priksa apa sing dhéwéké kabéh umpetna.
161) Omongan kiyé détujokna maring Nabi lan kanca-kancané nggo pengenyékan, merga dhéwéké kabéh nganggep lamon Nabi ora ngerti strategi perang, sebab Nabi nglakoni perang rikala cacahé kaum Muslimin semendhing. Omongan kiyé kena dégunakna nggo nampik pengenyékan sing détujokna maring wong munapék dhéwék.
اَلَّذِيْنَ قَالُوْا لِاِخْوَانِهِمْ وَقَعَدُوْا لَوْ اَطَاعُوْنَا مَا قُتِلُوْا ۗ قُلْ فَادْرَءُوْا عَنْ اَنْفُسِكُمُ الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٦٨
Al-lażīna qālū li'ikhwānihim wa qa‘adū lau aṭā‘ūnā mā qutilū, qul fadra'ū ‘an anfusikumul-mauta in kuntum ṣādiqīn(a).
[168]
(Dhéwéké kabéh kuwé) wong-wong sing ngomong maring sedulur-seduluré lan dhéwéké padha ora mélu lunga perang,”Sekirané dhéwéké padha mélu inyong kabéh, mesthi dhéwéké padha ora kenang pati.” Omongna, “Cegahen pati kuwé sekang awakmu, angger ko wong sing padha bener.
وَلَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ قُتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَمْوَاتًا ۗ بَلْ اَحْيَاۤءٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ يُرْزَقُوْنَۙ١٦٩
Wa lā taḥsabannal-lażīna qutilū fī sabīlillāhi amwātā(n), bal aḥyā'un 'inda rabbihim yurzaqūn(a).
[169]
Lan aja pisan-pisan ko padha nyana lamon wong-wong sing tiwas neng dalané Gusti Allah kuwé mati. Setemené dhéwéké kuwé urip neng sisihé Pengérané (tur) déparingi rejeki, 162
162) Urip neng sejeroné ngalam liya sing udu ngalamé dhéwék kiyé. dhéwéké kabéh olih werna-werna kenékmatan neng sisihé Gusti Allah. Lan mung Gusti Allah sing ngerténi kaya apa kahanané urip neng ngalam kuwé.
فَرِحِيْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۙ وَيَسْتَبْشِرُوْنَ بِالَّذِيْنَ لَمْ يَلْحَقُوْا بِهِمْ مِّنْ خَلْفِهِمْ ۙ اَلَّا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۘ١٧٠
Fariḥīna bimā ātāhumullāhu min faḍlih(ī), wa yastabsyirūna bil-lażīna lam yalḥaqū bihim min khalfihim, allā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[170]
dhéwéké padha seneng-seneng karo kanugrahan sing déparingna déning Gusti Allah maring dhéwéké kabéh, lan atiné bungah maring wong sing ésih keri ning mburi sing urung nyusul dhéwéké, 163 senyatané ora nana rasa wedi mungguh dhéwéké lan dhéwéké kabéh ora susah neng ati.
163) Batir-batiré sing ésih urip lan tetep jihad neng dalané Gusti Allah.
۞ يَسْتَبْشِرُوْنَ بِنِعْمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ وَفَضْلٍۗ وَاَنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ١٧١
Yastabsyirūna bini‘matim minallāhi wa faḍl(in), wa annallāha lā yuḍī‘u ajral-mu'minīn(a).
[171]
Dhéwéké padha bungah atiné kanthi nékmat lan kanugrahan sekang Gusti Allah. Lan temen, Gusti Allah ora nyia-nyiakna ganjarané wong sing padha precaya,
اَلَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِلّٰهِ وَالرَّسُوْلِ مِنْۢ بَعْدِ مَآ اَصَابَهُمُ الْقَرْحُ ۖ لِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا مِنْهُمْ وَاتَّقَوْا اَجْرٌ عَظِيْمٌۚ١٧٢
Al-lażīnastajābū lillāhi war-rasūli mim ba‘di mā aṣābahumul-qarḥ(u), lil-lażīna aḥsanū minhum wattaqau ajrun ‘aẓīm(un).
[172]
(yakuwé) wong-wong sing manut (maring préntahé) Gusti Allah lan Utusan sewisé dhéwéké kabéh kenang tatu (neng Perang Uhud). Wong-wong sing padha nglakoni kebagusan lan semarah neng antarané dhéwéké kabéh olih ganjaran sing gedhé.
اَلَّذِيْنَ قَالَ لَهُمُ النَّاسُ اِنَّ النَّاسَ قَدْ جَمَعُوْا لَكُمْ فَاخْشَوْهُمْ فَزَادَهُمْ اِيْمَانًاۖ وَّقَالُوْا حَسْبُنَا اللّٰهُ وَنِعْمَ الْوَكِيْلُ١٧٣
Al-lażīna qāla lahumun-nāsu innan-nāsa qad jama‘ū lakum fakhsyauhum fa zādahum īmānā(n), wa qālū ḥasbunallāhu wa ni‘mal-wakīl(u).
[173]
(Yakuwé) wong-wong (sing manut maring Gusti Allah lan Utusané) sing rikala ana wong padha ngélingna maring dhéwéké, ”Wong-wong (kaum Quraisy) wis ngumpulna wadyabala nggo nyerang ko kabéh, mulané padha wedia maring dhéwéké,” nyatané (omongan) kuwé nambah (kuwat) precayaé dhéwéké kabéh lan dhéwéké kabéh njawab, “Wis cukup Gusti Allah (dadi penulung) nggo inyong kabéh lan Penjenengané (Gusti Allah) seapik-apiké pengayom.”
فَانْقَلَبُوْا بِنِعْمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ وَفَضْلٍ لَّمْ يَمْسَسْهُمْ سُوْۤءٌۙ وَّاتَّبَعُوْا رِضْوَانَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ ذُوْ فَضْلٍ عَظِيْمٍ١٧٤
Fanqalabū bi ni‘matim minallāhi wa faḍlil lam yamsashum sū'(un), wattaba‘ū riḍwānallāh(i), wallahu żū faḍlin ‘aẓīm(in).
[174]
Mangka dhéwéké kabéh bali kanthi nékmat lan peparing (sing gedhé) sekang Gusti Allah, dhéwéké kabéh ora kenang sewijiné marabaya lan dhéwéké padha ngetutna karenané Gusti Allah. Gusti Allah kagungan kenugrahan sing gedhé.
اِنَّمَا ذٰلِكُمُ الشَّيْطٰنُ يُخَوِّفُ اَوْلِيَاۤءَهٗۖ فَلَا تَخَافُوْهُمْ وَخَافُوْنِ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٧٥
Innamā żālikumusy-syaiṭānu yukhawwifu auliyā'ah(ū), falā takhāfūhum wa khāfūni in kuntum mu'minīn(a).
[175]
Setemené dhéwéké kabéh mung sétan sing medén-medéni (ko kabéh) karo batir-batir setiyané, merga kuwé aja nganti ko padha wedi maring dhéwéké kabéh, ning wedia maring Ingsun, angger ko wong-wong padha precaya.
وَلَا يَحْزُنْكَ الَّذِيْنَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْكُفْرِۚ اِنَّهُمْ لَنْ يَّضُرُّوا اللّٰهَ شَيْـًٔا ۗ يُرِيْدُ اللّٰهُ اَلَّا يَجْعَلَ لَهُمْ حَظًّا فِى الْاٰخِرَةِ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۚ١٧٦
Wa lā yaḥzunkal-lażīna yusāri‘ūna fil-kufr(i), innahum lay yaḍurrullāha syai'ā(n), yurīdullāhu allā yaj‘ala lahum ḥaẓẓan fil-ākhirati wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[176]
Lan aja nganti sliramu (Muhammad) dégawé kewatir déning wong-wong sing gampang bali dadi kapir; 164 setemené dhéwéké semendhing baé ora mitunani Gusti Allah. Gusti Allah ora bakal maringi bagéan (ganjaran) maring dhéwéké neng akhérat, lan dhéwéké kabéh bakal olih siksa sing gedhé.
164) Wong-wong kapir Mekah utawa wong-wong munapék sing tetep ngalangi agama Islam.
اِنَّ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الْكُفْرَ بِالْاِيْمَانِ لَنْ يَّضُرُّوا اللّٰهَ شَيْـًٔاۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٧٧
Innal-lażīnasytarawul-kufra bil-īmāni lay yaḍurrullāha syai'ā(n), wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[177]
Setemené wong-wong sing padha tuku kapir nganggo precaya, semendhing baé ora mitunani Gusti Allah; lan dhéwéké bakal padha olih siksa sing perih.
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّمَا نُمْلِيْ لَهُمْ خَيْرٌ لِّاَنْفُسِهِمْ ۗ اِنَّمَا نُمْلِيْ لَهُمْ لِيَزْدَادُوْٓا اِثْمًا ۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ١٧٨
Wa lā yaḥsabannal-lażīna kafarū annamā numlī lahum khairul li'anfusihim, innamā numlī lahum liyazdādū iṡmā(n), wa lahum ‘ażābum muhīn(un).
[178]
Lan aja pisan-pisan wong-wong kapir kuwé padha ngira lamon tundhan wektu sing Ingsun paringna maring dhéwéké 165 lewih apik tumrap dhéwéké. Setemené tundhan wektu sing Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh mung supayané dosané dhéwéké sengsaya tambah; lan dhéwéké kabéh bakal olih siksa sing gawé ina.
165) Karo ndawakna umuré dhéwéké kabéh ngejorna dhéwéké nggawé dosa sesenengé atiné.
مَا كَانَ اللّٰهُ لِيَذَرَ الْمُؤْمِنِيْنَ عَلٰى مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِ حَتّٰى يَمِيْزَ الْخَبِيْثَ مِنَ الطَّيِّبِ ۗ وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُطْلِعَكُمْ عَلَى الْغَيْبِ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَجْتَبِيْ مِنْ رُّسُلِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۖ فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ ۚ وَاِنْ تُؤْمِنُوْا وَتَتَّقُوْا فَلَكُمْ اَجْرٌ عَظِيْمٌ١٧٩
Mā kānallāhu liyażaral-mu'minīna ‘alā mā antum ‘alaihi ḥattā yamīzal-khabīṡa minaṭ-ṭayyib(i), wa mā kānallāhu liyuṭli‘akum ‘alal-gaibi wa lākinnallāha yajtabī mir rusulihī may yasyā'(u), fa āminū billāhi wa rusulih(ī), wa in tu'minū wa tattaqū fa lakum ajrun ‘aẓīm(un).
[179]
Gusti Allah arep ora ngejorna wong-wong sing precaya kayadéné sejeroné kahananmu siki kiyé, 166 saéngga Penjenengané mbédakna sing ala sekang sing apik. Gusti Allah ora arep ngatonaken maring ko kabéh prekara-prekara sing gaib, ning Gusti Allah milih sapa sing Penjenengané kersakna neng antarané para utusan-É. 167 Merga kuwé padha precayaa maring Gusti Allah lan utusan-utusan-É. Angger ko padha precaya lan semarah, mangka ko kabéh bakal olih ganjaran sing gedhé.
166) Kahanan kaum muslimin campur dadi siji karo kaum munapék.
167) Neng antarané Rosul-Rasul, Nabi Muhammad s.a.w depilih ning Gusti Allah karo ngawéhna kelewihan maring slirané wujud pengertén nggo ngerténi isi atiné menungsa, nganthi slirané téyéng nentukna sapa wongé ning antarané dhéwéké kabéh sing bener-bener nduwéni precaya lan sapa wongé ning antarané dhéwéké sing munapék apa kapir.
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ هُوَ خَيْرًا لَّهُمْ ۗ بَلْ هُوَ شَرٌّ لَّهُمْ ۗ سَيُطَوَّقُوْنَ مَا بَخِلُوْا بِهٖ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ وَلِلّٰهِ مِيْرَاثُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ ࣖ١٨٠
Wa lā yaḥsabannal-lażīna yabkhalūna bimā ātāhumullāhu min faḍlihī huwa khairal lahum, bal huwa syarrul lahum, sayuṭawwaqūna mā bakhilū bihī yaumal-qiyāmah(ti), wa lillāhi mīrāṡus-samāwāti wal-arḍ(i), wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[180]
Lan aja pisan-pisan wong sing padha medhit kanthi apa sing déparingna (déning) Gusti Allah maring dhéwéké sekang kanugrahan-É, ngira lamona (medhit) kuwé apik kanggo dhéwéké, mangkané (medhit) kuwé ala kanggo dhéwéké. Apa (bandha) sing dhéwéké medhitna kuwé bakal dékalungna maring (guluné) neng dina Kiyamat. Mung kagungané Gusti Allah warisan (apa sing ana) neng langit lan ning bumi. Gusti Allah Mahanastiti (ingatasé) apa sing ko kabéh pergawé.
لَقَدْ سَمِعَ اللّٰهُ قَوْلَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ فَقِيْرٌ وَّنَحْنُ اَغْنِيَاۤءُ ۘ سَنَكْتُبُ مَا قَالُوْا وَقَتْلَهُمُ الْاَنْۢبِيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّۙ وَّنَقُوْلُ ذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ١٨١
Laqad sami‘allāhu qaulal-lażīna qālū innallāha faqīruw wa naḥnu agniyā'(u), sanaktubu mā qālū wa qatlahumul-ambiyā'a bigairi ḥaqq(in), wa naqūlu żūqū ‘ażābal-ḥarīq(i).
[181]
Temen, Gusti Allah wis midhanget ucapané wong-wong (Yahudi) sing ngomongna, “Setemené Gusti Allah kuwé mlarat lan inyong kabéh sugih.” Ingsun bakal nyathet omongané dhéwéké lan polahé dhéwéké kabéh maténi para nabi tanpa hak (alesan sing bener), lan Ingsun bakal ngendika (maring dhéwéké), “Rasakna déning ko kabéh siksa sing manggang!”
ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْكُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِۚ١٨٢
Żālika bimā qaddamat aidīkum wa annallāha laisa biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[182]
Kaya kuwé mau déjalari déning polahé tanganmu dhéwék, lan setemené Gusti Allah ora gawé kapitunan (aniaya) maring para kewula-Né.
اَلَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ عَهِدَ اِلَيْنَآ اَلَّا نُؤْمِنَ لِرَسُوْلٍ حَتّٰى يَأْتِيَنَا بِقُرْبَانٍ تَأْكُلُهُ النَّارُ ۗ قُلْ قَدْ جَاۤءَكُمْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِيْ بِالْبَيِّنٰتِ وَبِالَّذِيْ قُلْتُمْ فَلِمَ قَتَلْتُمُوْهُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٨٣
Al-lażīna qālū innallāha ‘ahida ilainā allā nu'mina lirasūlin ḥattā ya'tiyanā biqurbānin ta'kuluhun-nār(u), qul qad jā'akum rusulum min qablī bil-bayyināti wa bil-lażī qultum falima qataltumūhum in kuntum ṣādiqīn(a).
[183]
(Yakuwé) wong-wong (Yahudi) sing padha ngucapna, “Setemené Gusti Allah wis préntah maring inyong kabéh, supaya inyong padha ora precaya ingatasé sewijiné utusan, seurungé dhéwéké nekakna nggo inyong kabéh korban sing dépangan geni.” Dhawuhna (Muhammad), “Temen, pira-pira rasul seurungé inyong wis teka maring ko kabéh, (kanthi) nggawa bukti-bukti sing nyata lan nggawa apa sing ko padha ucapna, ning kenangapa ko kabéh maténi dhéwéké kabéh angger ko wong-wong sing bener.”
فَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقَدْ كُذِّبَ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَ جَاۤءُوْ بِالْبَيِّنٰتِ وَالزُّبُرِ وَالْكِتٰبِ الْمُنِيْرِ١٨٤
Fa in każżabūka faqad kużżiba rusulum min qablika jā'ū bil-bayyināti waz-zuburi wal-kitābil-munīr(i).
[184]
Mangka angger dhéwéké padha ngapusi sliramu (Muhammad), mangka (kawruhana) utusan-utusan seurungé sliramu uga wis deapusi (uga), dhéwéké (para utusan) nggawa mukjijat sing nyata, Zubur 168 lan Kitab sing awéh penerangan sing sempurna 169 .
168) Zubur yakuwé lembaran-lembaran sing isi wahyu sing déparingna maring nabi–nabi seurungé Nabi Muhammad s.a.w sing isiné amot hikmah-hikmah.
169) Kitab-kitab sing déturunaken maring nabi-nabi sing isiné hukum syariat kayadéné Taurot, Injil lan Zabur.
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ وَاِنَّمَا تُوَفَّوْنَ اُجُوْرَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَاُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ ۗ وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ١٨٥
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), wa innamā tuwaffauna ujūrakum yaumal-qiyāmah(ti), faman zuḥziḥa ‘anin-nāri wa udkhilal-jannata faqad fāz(a), wa mal-ḥayātud-dun-yā illā matā‘ul-gurūr(i).
[185]
Saben-saben sing duwé nyawa bakal ngrasakna mati. Lan mung neng dina Kiyamat déparingna kanthi sempurna piwalesmu. Sapa wongé dédohna sekang neraka lan délebokna maring njero suwarga, temen, dhéwéké olih kemenangan. Penguripan dunya mung kesenengan sing nyasarna.
۞ لَتُبْلَوُنَّ فِيْٓ اَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْۗ وَلَتَسْمَعُنَّ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَمِنَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا اَذًى كَثِيْرًا ۗ وَاِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ١٨٦
Latublawunna fī amwālikum wa anfusikum, wa latasma‘unna minal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum wa minal-lażīna asyrakū ażan kaṡīrā(n), wa in taṣbirū wa tattaqū fa inna żālika min ‘azmil-umūr(i).
[186]
Ko kabéh mesthi bakal déuji kanthi bandhamu lan awakmu. Lan mesthi ko kabéh bakal krungu akéh prekara sing banget nglarani ati sekang wong-wong sing déparingi Kitab seurungé ko lan sekang wong-wong musrik (nyekuthokna Gusti Allah). Angger ko padha sabar lan semarah (takwa), mangka setemené sing kaya kuwé mau klebu prekara sing (patut) déutamakna.
وَاِذْ اَخَذَ اللّٰهُ مِيْثَاقَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ لَتُبَيِّنُنَّهٗ لِلنَّاسِ وَلَا تَكْتُمُوْنَهٗۖ فَنَبَذُوْهُ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِهِمْ وَاشْتَرَوْا بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗ فَبِئْسَ مَا يَشْتَرُوْنَ١٨٧
Wa iż akhażallāhu mīṡāqal-lażīna ūtul-kitāba latubayyinunnahū lin-nāsi wa lā taktumūnah(ū), fa nabażūhu warā'a ẓuhūrihim wasytarau bihī ṡamanan qalīlā(n), fa bi'sa mā yasytarūn(a).
[187]
Lan (élinga), rikala Gusti Allah mundhut janji sekang wong-wong sing wis déparingi Kitab (yakuwé), “Preyoha ko kabéh temen-temen nerangna (isi kitab kuwé) maring menungsa, lan aja nganti ko padha ngumpetna,” 170 banjur dhéwéké kabéh mbalangna (janji kuwé) maring mburi pundhaké lan adol kanthi rega murah. Mangka kuwé seala-alané dol-tinuku sing dhéwéké padha lakoni.
170) Neng antarané keterangan sing déumpetna mau yakuwé prekara bakal rawuhé Nabi Muhammad s.a.w.
لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ يَفْرَحُوْنَ بِمَآ اَتَوْا وَّيُحِبُّوْنَ اَنْ يُّحْمَدُوْا بِمَا لَمْ يَفْعَلُوْا فَلَا تَحْسَبَنَّهُمْ بِمَفَازَةٍ مِّنَ الْعَذَابِۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٨٨
Lā taḥsabannal-lażīna yafraḥūna bimā atau wa yuḥibbūna ay yuḥmadū bimā lam yaf‘alū falā taḥsabannahum bimafāzatim minal-‘ażāb(i), wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[188]
Aja pisan-pisan ko padha ngira lamon wong sing bungah maring apa sing wis dhéwéké kabéh lakoni lan dhéwéké seneng déalem sebab penggawéyan sing ora dhéwéké lakoni, aja pisan-pisan ko padha ngira lamon dhéwéké kabéh bakal uwal sekang siksa. Dhéwéké kabéh bakal olih siksa sing perih.
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ١٨٩
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[189]
Lan mung kagungané Gusti Allah praja langit lan bumi; lan Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ١٩٠
Inna fī khalqis-samāwāti wal-arḍi wakhtilāfil-laili wan-nahāri la'āyātil li'ulil-albāb(i).
[190]
Setemené sejeroné déciptané langit lan bumi, lan silih-gantiné wengi lan awan ana tandha-tandha (agungéGusti Allah) kanggo wong sing duwé nalar.
الَّذِيْنَ يَذْكُرُوْنَ اللّٰهَ قِيَامًا وَّقُعُوْدًا وَّعَلٰى جُنُوْبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُوْنَ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هٰذَا بَاطِلًاۚ سُبْحٰنَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ١٩١
Al-lażīna yażkurūnallāha qiyāmaw wa qu‘ūdaw wa ‘alā junūbihim wa yatafakkarūna fi khalqis-samāwāti wal-arḍ(i), rabbanā mā khalaqta hāżā bāṭilā(n), subḥānaka fa qinā ‘ażāban-nār(i).
[191]
(yakuwé) wong-wong sing éling (maring) Gusti Allahkambi ngadeg, njagong utawa neng kahanan turon, lan dhéwéké padha mikirna ngenani keciptané langit lan bumi (karo ngucap), “Dhuh Pengéran kula sami, mboten ndadosaken Penjenengan sedaya niki muspra; Mahasuci Penjenengan, mugi njagi kula sami saking siksa neraka.
رَبَّنَآ اِنَّكَ مَنْ تُدْخِلِ النَّارَ فَقَدْ اَخْزَيْتَهٗ ۗ وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ١٩٢
Rabbanā innaka man tudkhilin-nāra faqad akhzaitah(ū), wa mā liẓ-ẓālimīna min anṣār(in).
[192]
Dhuh Pengéran kula sedaya, sejatosipun tiyang ingkang Penjenengan lebetaken teng selebeté neraka, mangka éstu, Penjenengan-empun nginakaken kiyambeké, lan mboten wonten sewiji tiyang penulung nggé tiyang ingkang aniaya (dolim).
رَبَّنَآ اِنَّنَا سَمِعْنَا مُنَادِيًا يُّنَادِيْ لِلْاِيْمَانِ اَنْ اٰمِنُوْا بِرَبِّكُمْ فَاٰمَنَّا ۖرَبَّنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَكَفِّرْ عَنَّا سَيِّاٰتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ الْاَبْرَارِۚ١٩٣
Rabbanā innanā sami‘nā munādiyay yunādī lil-īmāni an āminū birabbikum fa āmannā, rabbanā fagfir lanā żunūbanā wa kaffir ‘annā sayyi'ātinā wa tawaffanā ma‘al-abrār(i).
[193]
Dhuh Pengéran kula sami, sejatosipun kula mireng tiyang ingkang ajék dhateng precaya, (nggih niku), “Padha precayaa (precaya) ko kabéh maring Pengéranmu,” mangka kula sami dados precaya. Dhuh Pengéran kula sedaya, mugi ngapunten dosa-dosa kula lan mugi nglebur kelepatan kula, lan mugi mejahana kula sesarengan tiyang-tiyang ingkang sami bektos.
رَبَّنَا وَاٰتِنَا مَا وَعَدْتَّنَا عَلٰى رُسُلِكَ وَلَا تُخْزِنَا يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اِنَّكَ لَا تُخْلِفُ الْمِيْعَادَ١٩٤
Rabbanā wa ātinā mā wa‘attanā ‘alā rusulika wa lā tukhzinā yaumal-qiyāmah(ti), innaka lā tukhliful-mī‘ād(a).
[194]
Dhuh Pengéran kula, mugi paring dhateng kula napa ingkang empun Penjenengan janjékaken dhateng kula lantaran utusan-utusan Penjenengan. Lan ampun Penjenengan nisthakaken kula teng dinten Kiyamat. Éstu, Penjenengan mboten naté mblenjani janji.”
فَاسْتَجَابَ لَهُمْ رَبُّهُمْ اَنِّيْ لَآ اُضِيْعُ عَمَلَ عَامِلٍ مِّنْكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى ۚ بَعْضُكُمْ مِّنْۢ بَعْضٍ ۚ فَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَاُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاُوْذُوْا فِيْ سَبِيْلِيْ وَقٰتَلُوْا وَقُتِلُوْا لَاُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَاُدْخِلَنَّهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۚ ثَوَابًا مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ عِنْدَهٗ حُسْنُ الثَّوَابِ١٩٥
Fastajāba lahum rabbuhum annī lā uḍī‘u ‘amala ‘āmilim minkum min żakarin au unṡā, ba‘ḍukum mim ba‘ḍ(in), fal-lażīna hājarū wa ukhrijū min diyārihim wa ūżū fī sabīlī wa qātalū wa qutilū la'ukaffiranna ‘anhum sayyi'ātihim wa la udkhilannahum jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), ṡawābam min ‘indillāh(i), wallāhu ‘indahū ḥusnuṡ-ṡawāb(i).
[195]
Mangka Pengérané dhéwéké kabéh ngijabahi penyuwuné (kanthi pengendikan), “Setemené Ingsun ora nyiya-nyiyakna amalé wong sing padha ngamal neng antarané ko kabéh, becik nggo wong lanang utawa wadon, (merga) sebagéané ko kabéh kuwé (turunan) sekang sebagéan sing liyané. 171 Mangka wong sing padha boyong, sing déurak sekang désané, sing boyongdélarani neng dalan Ingsun, sing padha perang lan padha dépaténi, mesthi bakal Ingsun ilangna kesalahanékabéh lan mesthi Ingsun lebokna dhéwékékabéh maring njero suwarga-suwarga sing neng ngisoré mili kali-kali, minangka ganjaran sekang Gusti Allah. Lan neng sisihéGusti Allah ana ganjaransing apik.”
171) Maksudé kayadéné wong lanang asalé sekang wong lanang lan wong wadon, mangka kayadéné wong wadon asalé sekang wong lanang lan sekang wong wadon. Karo-karoné padha-padha menungsa, ora nana kelewihané sing siji karo liyané prekara precaya lan amalé.
لَا يَغُرَّنَّكَ تَقَلُّبُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِى الْبِلَادِۗ١٩٦
Lā yagurrannaka taqallubul-lażīna kafarū fil-bilād(i).
[196]
Aja pisan-pisan ko kapusan déning polahé wong-wong kapir (sing padha polah) neng sekabéhané negari.
مَتَاعٌ قَلِيْلٌ ۗ ثُمَّ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ ۗوَبِئْسَ الْمِهَادُ١٩٧
Matā‘un qalīl(un), ṡumma ma'wāhum jahannam(u), wa bi'sal-mihād(u).
[197]
Kuwé mung kesenengan sewetara, banjur panggonan baliné dhéwéké kabéh yakuwé neraka Jahanam. (Jahanam) kuwé seala-alané panggonan bali.
لٰكِنِ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا نُزُلًا مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ وَمَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ لِّلْاَبْرَارِ١٩٨
Lākinil-lażīnattaqau rabbahum lahum jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā nuzulam min ‘indillāh(i), wa mā ‘indallāhi khairul lil-abrār(i).
[198]
Ning wong-wong sing padha semarahmaring Pengerane, dhéwéké kabéh bakal olih suwarga-suwarga sing neng ngisoré mili kali-kali, dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné minangka nékmat sekang Gusti Allah. Lan apa sing ana neng sisihé Gusti Allah lewih apik tumrap wong-wong sing padha bekti.
وَاِنَّ مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَمَنْ يُّؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِمْ خٰشِعِيْنَ لِلّٰهِ ۙ لَا يَشْتَرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ١٩٩
Wa inna min ahlil-kitābi lamay yu'minu billāhi wa mā unzila ilaikum wa mā unzila ilaihim khāsyi‘īna lillāh(i), lā yasytarūna bi'āyātillāhi ṡamanan qalīlā(n), ulā'ika lahum ajruhum ‘inda rabbihim, innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[199]
Lansetemené neng antarané Ahli kitab ana sing padha precaya maring Gusti Allah, lan maring apa sing déparingna maring ko kabéh, lan maring apa sing déparingna maring dhéwéké, merga dhéwékékabéh andhap-asor maring Gusti Allah lan dhéwéké padha ora dol-tinuku ayat-ayat-É Gusti Allah kanthi rega murah. Dhéwéké kabéh olih ganjaran neng sisihéPengérané. Setemené, Gusti Allah cepet banget perétungan-É.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اصْبِرُوْا وَصَابِرُوْا وَرَابِطُوْاۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ࣖ٢٠٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanuṣbirū wa ṣābirū wa rabiṭū, wattaqullāha la‘allakum tufliḥūn(a).
[200]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha sabara ko kabéh lan kuwatana kesabaranmulan tetepa siyap-siyaga (neng watesé negarimu) lan padha semaraha maring Gusti Allahsupayané ko padha begya.