Surah Al-`Ankabut

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1] Alif Laam Miim.

اَحَسِبَ النَّاسُ اَنْ يُّتْرَكُوْٓا اَنْ يَّقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُوْنَ٢
Aḥasiban-nāsu ay yutrakū ay yaqūlū āmannā wa hum lā yuftanūn(a).
[2] Apa menungsa padha ngira lamon dhéwéké bakal dejorna mung kanthi ngucap, “Inyong kabéh wis padha precaya,” lan wong-wong kuwé ora déuji?

وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكٰذِبِيْنَ٣
Wa laqad fatannal-lażīna min qablihim falaya‘lamannallāhul-lażīna ṣadaqū wa laya‘lamannal-kāżibīn(a).
[3] Lan temen, Ingsun wis nguji wong-wong seurungé dhéwéké kabéh, mangka Gusti Allah mesthi ngawuningani wong-wong sing bener lan mesthi ngawuningani wong-wong sing padha goroh.

اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِ اَنْ يَّسْبِقُوْنَا ۗسَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ٤
Am ḥasibal-lażīna ya‘malūnas-sayyi'āti ay yasbiqūnā, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[4] Utawa apa wong-wong sing padha nglakoni kejahatan kuwé ngira dhéwéké kabéh bakal luput sekang (siksa)né Ingsun? Banget alané apa sing dhéwéké padha tetepna kuwé!

مَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ اللّٰهِ فَاِنَّ اَجَلَ اللّٰهِ لَاٰتٍ ۗوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٥
Man kāna yarjū liqā'allāhi fa'inna ajalallāhi la'āt(in), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[5] Sapa wongé sing ngarep-arep sapatemon karo Gusti Allah, mangka setemené wektu (sing déjanjékna) Gusti Allah mesti tekané. Lan Penjenengané Sing Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.

وَمَنْ جَاهَدَ فَاِنَّمَا يُجَاهِدُ لِنَفْسِهٖ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَغَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ٦
Wa man jāhada fa'innamā yujāhidu linafsih(ī), innallāha laganiyyun ‘anil-‘ālamīn(a).
[6] Lan sapa wongé nglakoni lelabuh (jihad), mangka setemené lelabuhé kuwé nggo awaké dhéwék. Temen, Gusti Allah Mahasugih (ora mbutuhna apa-apa) sekang sekabéh ngalam.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَحْسَنَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٧
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanukaffiranna ‘anhum sayyi'ātihim wa lanajziyannahum aḥsanal-lażī kānū ya‘malūn(a).
[7] Lan wong-wong sing padha precaya lan sing nglakoni kebecikan, mesthi bakal Ingsun busek keluputan-keluputané, lan wong-wong kuwé mesthi Ingsun paringi piwales sing lewih apik tenimbang apa sing dhéwéké padha pergawé.

وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًا ۗوَاِنْ جَاهَدٰكَ لِتُشْرِكَ بِيْ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۗاِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٨
Wa waṣṣainal-insāna biwālidaihi ḥusnā(n), wa in jāhadāka litusyrika bī mā laisa laka bihī ‘ilmun falā tuṭi‘humā, ilayya marji‘ukum fa'unabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[8] Lan Ingsun wajibna maring menungsa supaya (nglakoni) kebecikan maring wong tuwa sekloron. Lan angger sekloroné meksa ko supaya nyekuthokna Ingsun karo sewiji-wiji sing ko ora duwé kawruh ngenani kuwé, mangka aja pisan-pisan ko padha nuruti sekloroné. Mung maring Ingsun panggonané ko kabéh bali, lan bakal Ingsun wertakna maring ko kabéh apa sing wis ko padha pergawé.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُدْخِلَنَّهُمْ فِى الصّٰلِحِيْنَ٩
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanudkhilannahum fiṣ-ṣāliḥīn(a).
[9] Lan wong-wong sing padha precaya lan sing padha nglakoni kebecikan, dhéwéké kabéh kuwé mesthi Ingsun lebokna maring (golongan)né wong sing apik (saléh).

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ فَاِذَآ اُوْذِيَ فِى اللّٰهِ جَعَلَ فِتْنَةَ النَّاسِ كَعَذَابِ اللّٰهِ ۗوَلَىِٕنْ جَاۤءَ نَصْرٌ مِّنْ رَّبِّكَ لَيَقُوْلُنَّ اِنَّا كُنَّا مَعَكُمْۗ اَوَلَيْسَ اللّٰهُ بِاَعْلَمَ بِمَا فِيْ صُدُوْرِ الْعٰلَمِيْنَ١٠
Wa minan-nāsi may yaqūlu āmannā billāhi fa'iżā ūżiya fillāhi ja‘ala fitnatan-nāsi ka‘ażābillāh(i), wa la'in jā'a naṣrum mir rabbika layaqūlunna innā kunnā ma‘akum, awa laisallāhu bi'a‘lama bimā fī ṣudūril-‘ālamīn(a).
[10] Lan neng antarané menungsa ana sebagéan sing ngucap, “Inyong kabéh padha precaya maring Gusti Allah,” ning angger dhéwéké délarani (merga dhéwéké precaya) maring Gusti Allah, dhéwéké padha nganggep coban sekang menungsa kuwé minangka siksa sekang Gusti Allah. 618 Lan angger teka pitulungan sekang Pengéranmu, mesthi wong-wong kuwé bakal ngucap, “Setemené inyong padha bareng karo ko kabéh.” Apa Gusti Allah ora lewih ngawuningani apa sing ana neng njero dhadhané kabéh menungsa?
618) Maksudé, wong kuwé wedi karo aniaya-aniayané wong liya maring dhéwéké merga precayaé, kaya wediné maring siksané Gusti Allah, merga kuwé precayaé détinggal.

وَلَيَعْلَمَنَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ١١
Wa laya‘lamannallāhul-lażīna āmanū wa laya‘lamannal-munāfiqīn(a).
[11] Lan Gusti Allah mesthi ngawuningani wong-wong sing precaya lan Penjenengané mesthi ngawuningani wong-wong sing mung lamis (munapék).

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّبِعُوْا سَبِيْلَنَا وَلْنَحْمِلْ خَطٰيٰكُمْۗ وَمَا هُمْ بِحٰمِلِيْنَ مِنْ خَطٰيٰهُمْ مِّنْ شَيْءٍۗ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ١٢
Wa qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanuttabi‘ū sabīlanā walnaḥmil khaṭāyākum, wa mā hum biḥāmilīna min khaṭāyāhum min syai'(in), innahum lakāżibūn(a).
[12] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap maring wong-wong sing precaya, “Padha mélua maring dalané inyong kabéh, lan inyong bakal mikul dosa-dosamu,” mangkané dhéwéké kuwé ora padha (kewawa) mikul dosané awaké dhéwék. Setemené wong-wong kuwé nyata-nyata tukang goroh.

وَلَيَحْمِلُنَّ اَثْقَالَهُمْ وَاَثْقَالًا مَّعَ اَثْقَالِهِمْ وَلَيُسْـَٔلُنَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَمَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ١٣
Wa layaḥmilunna aṡqālahum wa aṡqālam ma‘a aṡqālihim wa layus'alunna yaumal-qiyāmati ‘ammā kānū yaftarūn(a).
[13] Lan dhéwéké kabéh kuwé temen bakal mikul dosa-dosané dhéwéké pribadi, lan dosa-dosa liyané bareng karo dosané wong-wong mau, lan neng dina Kiyamat dhéwéké kabéh kuwé mesthi bakal détakoni ngenani apus-apus sing tansah dhéwéké padha ana-anakna.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَلَبِثَ فِيْهِمْ اَلْفَ سَنَةٍ اِلَّا خَمْسِيْنَ عَامًا ۗفَاَخَذَهُمُ الطُّوْفَانُ وَهُمْ ظٰلِمُوْنَ١٤
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī falabiṡa fīhim alfa sanatin illā khamsīna ‘āmā(n), fa'akhażahumuṭ-ṭūfānu wa hum ẓālimūn(a).
[14] Lan temen, wis Ingsun utus Nuh maring kaumé, mangka dhéwéké manggon bareng wong-wong mau sewu taun dekurangi séket taun. Banjur wong-wong kuwé kesapu déning blabur gedhé, éwadéné wong-wong kuwé klebu wong-wong sing aniaya (dolim).

فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَصْحٰبَ السَّفِيْنَةِ وَجَعَلْنٰهَآ اٰيَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ١٥
Fa'anjaināhu wa aṣḥābas-safīnati wa ja‘alnāhā āyatal lil-‘ālamīn(a).
[15] Mangka Ingsun slametna Nuh lan wong-wong sing neng njero prahu kuwé, lan Ingsun dadékna (kedadéan) kuwé minangka piwulang nggo sekabéh menungsa.

وَاِبْرٰهِيْمَ اِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاتَّقُوْهُ ۗذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١٦
Wa ibrāhīma iż qāla liqaumihi‘budullāha wattaqūh(u), żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[16] Lan (élinga) Ibrahim, rikala dhéwéké ngucap maring kaumé, “Padha nyembaha maring Gusti Allah lan padha semaraha maring Penjenengané. Sing mengkana kuwé mesthi lewih apik tumrap ko kabéh, angger ko padha ngaweruhi.

اِنَّمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْثَانًا وَّتَخْلُقُوْنَ اِفْكًا ۗاِنَّ الَّذِيْنَ تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَا يَمْلِكُوْنَ لَكُمْ رِزْقًا فَابْتَغُوْا عِنْدَ اللّٰهِ الرِّزْقَ وَاعْبُدُوْهُ وَاشْكُرُوْا لَهٗ ۗاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ١٧
Innamā ta‘budūna min dūnillāhi auṡānaw wa takhluqūna ifkā(n), innal-lażīna ta‘budūna min dūnillāhi lā yamlikūna lakum rizqan fabtagū ‘indallāhir-rizqa wa‘budūhu wasykurū lah(ū), ilaihi turja‘ūn(a).
[17] Setemené sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah mung brehala-brehala (reca), lan ko padha gawé kepalsuan. 619 Setemené apa sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah kuwé ora bisa awéh rejeki maring ko kabéh; mangka padha nyuwuna rejeki sekang Gusti Allah, lan sembaha Penjenengané lan padha kesuwuna (sukur) maring Penjenengané. Mung maring Penjenengané ko kabéh bakal débalékna.
619) Maksudé, dhéwéké kabéh nganggep reca-reca kuwé bisa awéh sapangat maring dhéwéké neng sisihé Gusti Allah, lan kiyé jan-jané goroh.

وَاِنْ تُكَذِّبُوْا فَقَدْ كَذَّبَ اُمَمٌ مِّنْ قَبْلِكُمْ ۗوَمَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٨
Wa in tukażżibū faqad każżaba umamum min qablikum, wa mā ‘alar-rasūli illal-balāgul-mubīn(u).
[18] Lan angger ko kabéh (wong kapir) padha nggorohna, mangka temen, umat seurungmu uga padha nggorohna (utusan-utusan). Lan kewajibané rasul kuwé mung mbutulna (agamané Gusti Allah) kanthi gamblang.”

اَوَلَمْ يَرَوْا كَيْفَ يُبْدِئُ اللّٰهُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ١٩
Awalam yarau kaifa yubdi'ullāhul-khalqa ṡumma yu‘īduh(ū), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[19] Lan apa wong-wong kuwé ora padha nggatékna kepriwé Gusti Allah ngawiti ciptanan (mahluk), banjur Penjenengané mbaléni (maning). Temen, sing mengkana kuwé gampang mungguhé Gusti Allah.

قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ بَدَاَ الْخَلْقَ ثُمَّ اللّٰهُ يُنْشِئُ النَّشْاَةَ الْاٰخِرَةَ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ۚ٢٠
Qul sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa bada'al-khalqa ṡummallāhu yunsyi'un-nasy'atal-ākhirah(ta), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[20] Ucapna, “Padha mlakua neng bumi, mangka gatékna kepriwé (Gusti Allah) ngawiti ciptanan (mahluk), banjur Gusti Allah ndadékna kedadéan sing pungkasan. 620 Temen, Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
620) Gusti Allah nangékna menungsa sewisé mati neng akhérat.

يُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَرْحَمُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَاِلَيْهِ تُقْلَبُوْنَ٢١
Yu‘ażżibu may yasyā'u wa yarḥamu may yasyā'(u), wa ilaihi tuqlabūn(a).
[21] Penjenengané (Gusti Allah) paring siksa maring sapa sing Penjenengané kersakna lan paring kewelasan (rahmat) maring sapa sing Penjenengané kersakna, lan mung maring Penjenengané ko kabéh bakal débalékna.

وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ ۖوَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ ࣖ٢٢
Wa mā antum bimu‘jizīna fil-arḍi wa lā fis-samā'(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[22] Lan ko kabéh babar pisan ora bisa uwal (sekang siksané Gusti Allah) neng bumi utawa neng langit, lan ora nana pengayom lan sing tulung tumrap ko kabéh seliyané Gusti Allah.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَلِقَاۤىِٕهٖٓ اُولٰۤىِٕكَ يَىِٕسُوْا مِنْ رَّحْمَتِيْ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢٣
Wal-lażīna kafarū bi'āyātillāhi wa liqā'ihī ulā'ika ya'isū mir raḥmatī wa ulā'ika lahum ‘ażābun alīm(un).
[23] Lan wong-wong sing padha ngingkari ayat-ayat-É Gusti Allah lan sapatemon karo Penjenengané, dhéwéké padha medhot pengarep-arep ingatasé kewelasan Ingsun, lan wong-wong kuwé bakal olih siksa sing perih.

فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوا اقْتُلُوْهُ اَوْ حَرِّقُوْهُ فَاَنْجٰىهُ اللّٰهُ مِنَ النَّارِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٢٤
Famā kāna jawāba qaumihī illā an qaluqtulūhu au ḥarriqūhu fa anjāhullāhu minan-nār(i), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[24] Mangka ora nana wangsulan sekang kaumé (Ibrahim), seliyané ngucap, “Paténi utawa obong baé dhéwéké,” banjur Gusti Allah nylametna dhéwéké saka geni. Temen, neng sing mengkana kuwé mesthi ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong sing precaya.

وَقَالَ اِنَّمَا اتَّخَذْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْثَانًاۙ مَّوَدَّةَ بَيْنِكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚ ثُمَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكْفُرُ بَعْضُكُمْ بِبَعْضٍ وَّيَلْعَنُ بَعْضُكُمْ بَعْضًا ۖوَّمَأْوٰىكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَۖ٢٥
Wa qāla innamattakhażtum min dūnillāhi auṡānam mawaddata bainikum fil-ḥayātid-dun-yā, ṡumma yaumal-qiyāmati yakfuru ba‘ḍukum biba‘ḍiw wa yal‘anu ba‘ḍukum ba‘ḍā(n), wa ma'wākumun nāru wa mā lakum min nāṣirīn(a).
[25] Lan dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Setemené brehala-brehala sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah, mung nggo gawé rasa welas asih neng antarané ko kabéh neng penguripan dunya, banjur neng dina Kiyamat sebagéané ko bakal padhadéné ngingkari lan padhadéné nyupatani; lan panggonan balimu yakuwé neraka, lan babar pisan ora nana sing tulung maring ko kabéh.”

۞ فَاٰمَنَ لَهٗ لُوْطٌۘ وَقَالَ اِنِّيْ مُهَاجِرٌ اِلٰى رَبِّيْ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢٦
Fa āmana lahū lūṭ(un), wa qāla innī muhājirun ilā rabbī, innahū huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[26] Mangka Lut mbenerna (kenabiané Ibrahim). Lan dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Setemené inyong kudu boyongan maring (panggonan sing dédhawuhna) Pengéranku; temen, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.

وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَجَعَلْنَا فِيْ ذُرِّيَّتِهِ النُّبُوَّةَ وَالْكِتٰبَ وَاٰتَيْنٰهُ اَجْرَهٗ فِى الدُّنْيَا ۚوَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ٢٧
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūba wa ja‘alnā fī żurriyyatihin nubuwwata wal-kitāba wa ātaināhu ajrahū fid-dun-yā, wa innahū fil-ākhirati laminaṣ-ṣāliḥīn(a).
[27] Lan Ingsun nugrahakna maring Ibrahim, Ishak (anak) lan Yakub (putu); lan Ingsun dadékna (paringna) kenabian lan kitab maring keturunané, lan Ingsun paringna maring dhéwéké piwales neng dunya; 621 lan setemené dhéwéké neng akhérat, klebu wong sing apik (saléh).
621) Kanthi awéh anak putu sing apik, kenabian sing ora nana pedhoté maring keturunané, lan pengalembana sing apik.

وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اِنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَ ۖمَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ اَحَدٍ مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ٢٨
Wa lūṭan iż qāla liqaumihī innakum lata'tūnal-fāḥisyata mā sabaqakum bihā min aḥadim minal-‘ālamīn(a).
[28] Lan (élinga) rikala Lut ngucap maring kaumé, “Ko kabéh nyata-nyata nglakoni penggawéan sing njijihi banget (njambu/lanang dhemen lanang) sing urung nglakon dépergawé déning sewiji baé sekang umat-umat seurungé ko kabéh.

اَىِٕنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ وَتَقْطَعُوْنَ السَّبِيْلَ ەۙ وَتَأْتُوْنَ فِيْ نَادِيْكُمُ الْمُنْكَرَ ۗفَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوا ائْتِنَا بِعَذَابِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٢٩
A'innakum lata'tūnar-rijāla wa taqṭa‘ūnas-sabīl(a), wa ta'tūna fī nādīkumul-munkar(a), famā kāna jawāba qaumihī illā an qālu'tinā bi‘ażābillāhi in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[29] Apa pantes ko padha méreki (ndhemeni) wong lanang, ngrampog (motong dalan) 622 lan nglakoni kejahatan neng papan-papan pesamuanmu? Mangka wangsulané kaumé ora liya mung ngucap, “Tekakna maring inyong kabéh siksané Gusti Allah, angger ko kuwé klebu wong-wong sing bener.”
622) Sebagéan musafir negesi taqta’unas sabil kanthi “nglakokna pegawéan clemer tumrap wong-wong sing sedawané lelungan”, merga dhéwéké padha sebagéan gedhé nglakoni njambu (lanang dhemen lanang) kuwé maring dhayoh-dhayoh sing teka maring désané. Ana maning sing negesi kanthi “ngrusak dalan keturunan” merga dhéwéké padha nglakoni njambu (homoseksual).

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ عَلَى الْقَوْمِ الْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٣٠
Qāla rabbinṣurnī ‘alal-qaumil-mufsidīn(a).
[30] Dhéwéké (Lut) nyenyuwun, “Dhuh, Pengéran kula, mugi nulungi kula (kanthi ndhawahaken siksa) dhateng golongan ingkang damel kerisakan niku.”

وَلَمَّا جَاۤءَتْ رُسُلُنَآ اِبْرٰهِيْمَ بِالْبُشْرٰىۙ قَالُوْٓا اِنَّا مُهْلِكُوْٓا اَهْلِ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ ۚاِنَّ اَهْلَهَا كَانُوْا ظٰلِمِيْنَ ۚ٣١
Wa lammā jā'at rusulunā ibrāhīma bil-busyrā, qālū innā muhlikū ahli hāżihil-qaryah(ti), inna ahlahā kānū ẓālimīn(a).
[31] Lan nalika utusan Ingsun (para malaékat) nekani Ibrahim kanthi nggawa kabar bebungah, 623 malaékat kuwé padha ngucap, “Temen, inyong bakal numpes warga kota (Sodom) kiyé merga wargané nyata-nyata wong sing padha aniaya (dolim).”
623) Warta menawa Nabi Ibrahim a.s arep kanugrahan putra.

قَالَ اِنَّ فِيْهَا لُوْطًا ۗقَالُوْا نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَنْ فِيْهَا ۖ لَنُنَجِّيَنَّهٗ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٣٢
Qāla inna fīhā lūṭā(n), qālū naḥnu a‘lamu biman fīhā, lanunajjiyannahū wa ahlahū illamra'atahū kānat minal-gābirīn(a).
[32] Ibrahim ngucap, “Setemené neng kota kuwé ana Lut.” Wong-wong kuwé (malaékat-malaékat) ngucap, “Inyong kabéh lewih ngaweruhi sapa sing ana neng kota kuwé. Inyong bakal padha nylametna dhéwéké (Lut) lan batir-batiré, kejaba bojoné. Dhéwé-ké klebu wong-wong sing ketinggal (melu détumpes).”

وَلَمَّآ اَنْ جَاۤءَتْ رُسُلُنَا لُوْطًا سِيْۤءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَّقَالُوْا لَا تَخَفْ وَلَا تَحْزَنْ ۗاِنَّا مُنَجُّوْكَ وَاَهْلَكَ اِلَّا امْرَاَتَكَ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٣٣
Wa lammā an jā'at rusulunā lūṭan sī'a bihim wa ḍāqa bihim żar‘aw wa qālū lā takhaf wa lā taḥzan, innā munajjūka wa ahlaka illamra'ataka kānat minal-gābirīn(a).
[33] Lan rikala utusan-utusan Ingsun (malaékat-malaékat) teka merdhayoh maring Lut, dhé-wéké krasa susah merga (tekané) malaékat-malaékat kuwé, lan krasa ora duwé daya nggo ngayomi tamu-tamu kuwé, 624 lan dhéwéké padha (utusan-utusan) ngucap, “Sampéyan aja wedi lan (uga) aja susah. Setemené inyong kabéh bakal nylametna sampéyan lan batir-batiré sampéyan, kejaba bojoné sampéyan, dhéwéké klebu wong sing détinggal (melu détumpes).”
624) Nabi Lut a.s ngrasa sedih arep teka utusan-utusané Gusti Allah merga arupa bocah nom sing ganteng, semana uga kaumé Lut dhemen maring bocah nom sing ganteng nggo nglakoni nepsuné (homoseksual). Lan dhéwéké ora sanggup awéh nglindungi angger ana bebaya sekang kaumé.

اِنَّا مُنْزِلُوْنَ عَلٰٓى اَهْلِ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ٣٤
Innā munzilūna ‘alā ahli hāżihil-qaryati rijzam minas-samā'i bimā kānū yafsuqūn(a).
[34] Setemené Ingsun bakal nurunaken siksa sekang langit maring warga kota kiyé merga wong-wongé padha temindak jahat (pasék).

وَلَقَدْ تَّرَكْنَا مِنْهَآ اٰيَةً ۢ بَيِّنَةً لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٣٥
Wa laqad taraknā minhā āyatam bayyinatal liqaumiy ya‘qilūn(a).
[35] Lan temen, ngenani kuwé wis Ingsun tinggalna sewiji tandha sing nyata 625 tumrap wong-wong sing padha mengerténi.
625) Lewihan-lewihané ambruké negari Sodom, negariné kaum Lut.

وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًاۙ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَارْجُوا الْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ ۖ٣٦
Wa ilā madyana akhāhum syu‘aibā(n), faqāla yā qaumi‘budullāha warjul-yaumal-ākhira wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[36] Lan maring warga Madyan, (Ingsun wis ngutus) seduluré dhéwéké kabéh Syuaib, dhéwéké ngucap, “Hé kaumku! Sembaha Gusti Allah, padha ngarep-arepa (ganjaran) dina wekasan, lan ko aja padha klayaban neng bumi gawé kerusakan.”

فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَ ۙ٣٧
Fa każżabūhu fa'akhażathumur-rajfatu fa'aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[37] Wong-wong kuwé padha nggorohna (Syuaib), mangka dhéwéké kabéh ketekanan lindu sing nggegilani, banjur wong-wong kuwé padha dadi bathang pating glimpang neng panggonané dhéwéké kabéh.

وَعَادًا وَّثَمُوْدَا۟ وَقَدْ تَّبَيَّنَ لَكُمْ مِّنْ مَّسٰكِنِهِمْۗ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ وَكَانُوْا مُسْتَبْصِرِيْنَ ۙ٣٨
Wa ‘ādaw wa ṡamūda wa qat tabayyana lakum mim masākinihim, wa zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum faṣaddahum ‘anis-sabīli wa kānū mustabṣirīn(a).
[38] Uga (élinga) kaumé ‘Ad lan Samud, temen, wis nyata nggo ko kabéh (ajuré wong-wong kuwé) sekang (runtuké) panggonané dhéwéké kabéh. Sétan wis ndadékna kerasa éndah tumrap wong-wong mau penggawéan (ala)né dhéwéké, saéngga ngalang-alangi wong-wong kuwé sekang dalan (Gusti Allah), mangkané dhéwéké kuwé wong-wong sing padha duwé pandhangan landhep,

وَقَارُوْنَ وَفِرْعَوْنَ وَهَامٰنَۗ وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مُّوْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ فَاسْتَكْبَرُوْا فِى الْاَرْضِ وَمَا كَانُوْا سٰبِقِيْنَ ۚ٣٩
Wa qārūna wa fir‘auna wa hāmān(a), wa laqad jā'ahum mūsā bil-bayyināti fastakbarū fil-arḍi wa mā kānū sābiqīn(a).
[39] lan (uga) Karun, Fir’aun, lan Haman. Temen, wis teka maring wong-wong (kaumé) Musa kanthi (nggawa) keterangan-keterangan sing nyata. Ning dhéwéké kabéh padha temindak gemedhé neng bumi, lan dhéwéké wong-wong sing ora kalis (sekang siksané Gusti Allah).

فَكُلًّا اَخَذْنَا بِذَنْۢبِهٖۙ فَمِنْهُمْ مَّنْ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِ حَاصِبًا ۚوَمِنْهُمْ مَّنْ اَخَذَتْهُ الصَّيْحَةُ ۚوَمِنْهُمْ مَّنْ خَسَفْنَا بِهِ الْاَرْضَۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ اَغْرَقْنَاۚ وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٤٠
Fakullan akhażnā biżambih(ī), faminhum man arsalnā ‘alaihi ḥāṣibā(n), wa minhum man akhażathuṣ-ṣaiḥah(tu), wa minhum man khasafnā bihil-arḍ(a), wa minhum man agraqnā, wa mā kānallāhu liyaẓlimahum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[40] Mangka saben-saben (wong kuwé) Ingsun siksa merga dosa-dosané, neng antarané dhéwéké kabéh ana sing Ingsun tibani udan watu krikil, ana sing kenang sewara gemleger kaya bledhég, ana sing Ingsun blesekna maring njero bumi, lan uga ana sing Ingsun lelepna. Gusti Allah babar pisan ora kersa ngapitunani (dolim) maring dhéwéké kabéh, ning wong-wong mau sing gawé kapitunan (dolim) maring awaké dhéwék.

مَثَلُ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْلِيَاۤءَ كَمَثَلِ الْعَنْكَبُوْتِۚ اِتَّخَذَتْ بَيْتًاۗ وَاِنَّ اَوْهَنَ الْبُيُوْتِ لَبَيْتُ الْعَنْكَبُوْتِۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٤١
Maṡalul-lażīnattakhażū min dūnillāhi auliyā'a kamaṡalil-‘ankabūt(i), ittakhażat baitā(n), wa inna auhanal-buyūti labaitul-‘ankabūt(i), lau kānū ya‘lamūn(a).
[41] Peumpaman wong-wong sing ngalap pengayom seliyané Gusti Allah yakuwé padha karo kemangga (garanggati) sing lagi gawé umah (masang ramat). Lan setemené umah sing paling ora mitayani yakuwé umahé (ramat) kemangga, sekirané wong-wong kuwé padha ngaweruhi.

اِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٤٢
Innallāha ya‘lamu mā yad‘ūna min dūnihī min syai'(in), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[42] Temen, Gusti Allah ngawuningani apa baé sing wong-wong kuwé padha sembah seliyané Penjenengané. Lan Penjenengané Mahadigdaya, Mahawicaksana.

وَتِلْكَ الْاَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِۚ وَمَا يَعْقِلُهَآ اِلَّا الْعٰلِمُوْنَ٤٣
Wa tilkal-amṡālu naḍribuhā lin-nās(i), wa mā ya‘qiluhā illal-‘ālimūn(a).
[43] Lan peumpaman-peumpaman kiyé Ingsun gawé nggo menungsa; lan ora bakal ana sing mahami kuwé kejaba wong-wong sing duwé ilmu.

خَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ ۔٤٤
Khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), inna fī żālika la'āyatal lil-mu'minīn(a).
[44] Gusti Allah nciptakna langit lan bumi kanthi hak9 (sejati). Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha precaya.

اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ ۗوَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ ۗوَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ٤٥
Utlu mā ūḥiya ilaika minal-kitābi wa aqimiṣ-ṣalāh(ta), innaṣ-ṣalāta tanhā ‘anil-faḥsyā'i wal-munkar(i), wa lażikrullāhi akbar(u), wallāhu ya‘lamu mā taṣna‘ūn(a).
[45] Wacanen Kitab (Al-Qur’an) sing wis déwahyokna maring sliramu (Muhammad), lan lakonana sembayang, setemené samba-yang kuwé bisa nyegah sekang penggawéyan sing jember lan nyebal (mungkar), lan (kawruhana) éling maring Gusti Allah (sembayang) kuwé lewih gedhé keutamané tenimbang ngibadah liyané. Gusti Allah ngawuningani apa sing sliramu pergawé.

۞ وَلَا تُجَادِلُوْٓا اَهْلَ الْكِتٰبِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۖ اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ وَقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا بِالَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَاُنْزِلَ اِلَيْكُمْ وَاِلٰهُنَا وَاِلٰهُكُمْ وَاحِدٌ وَّنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ٤٦
Wa lā tujādilū ahlal-kitābi illā bil-latī hiya aḥsan(u), illal-lażīna ẓalamū minhum wa qūlū āmannā bil-lażī unzila ilainā wa unzila ilaikum wa ilāhunā wa ilāhukum wāḥiduw wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[46] Lan aja pisan-pisan ko padha debadan karo Ahli Kitab, anging kanthi cara sing apik, kejaba karo wong-wong sing aniaya (dolim) neng antarané dhéwéké, 626 lan ucapna, “Inyong kabéh wis padha precaya maring (kitab-kitab) sing déturunaken maring awaké inyong kabéh lan sing déturunaken maring ko kabéh; Pengéranku lan Pengéranmu siji lan mung maring Penjenengané inyong padha pasrah awak.”
626) Wong-wong sing sewisé déwéhna maring dhéwéké keterangan-keterangan lan pertelan-pertelan kanthi cara sing paling apik, dhéwéké kabéh tetep mbantah lan mbangkang lan uga tetep nyatakna dadi mungsuh.

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَۗ فَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖۚ وَمِنْ هٰٓؤُلَاۤءِ مَنْ يُّؤْمِنُ بِهٖۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا الْكٰفِرُوْنَ٤٧
Wa każālika anzalnā ilaikal-kitāb(a), fal-lażīna ātaināhumul-kitāba yu'minūna bih(ī), wa min hā'ulā'i may yu'minu bih(ī), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illal-kāfirūn(a).
[47] Lan mengkana kuwé Ingsun turunaken Kitab (Al-Qur’an) maring sliramu. Anadéné wong sing wis Ingsun paringi Kitab (Taurat lan Injil) dhéwéké padha precaya maring kitab kuwé (Al-Qur’an) lan neng antarané dhéwéké (wong-wong kapir Mekah) ana sing precaya maring kuwé. Lan mung wong-wong sing mbangkang (kapir) sing padha ngingkari ayat-ayat Ingsun.

وَمَا كُنْتَ تَتْلُوْا مِنْ قَبْلِهٖ مِنْ كِتٰبٍ وَّلَا تَخُطُّهٗ بِيَمِيْنِكَ اِذًا لَّارْتَابَ الْمُبْطِلُوْنَ٤٨
Wa mā kunta tatlū min qablihī min kitābiw wa lā takhuṭṭuhū biyamīnika iżal lartābal-mubṭilūn(a).
[48] Lan sliramu (Muhammad) urung nglakon maca sewiji kitab seurungé Al-Qur’an lan sliramu urung nglakon nulis sewiji kitab kanthi tanganmu; sekirané (sliramu nglakon maca lan nulis), mesthi (ndadékna) mamang wong sing padha ngingkari kuwé.

بَلْ هُوَ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ فِيْ صُدُوْرِ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا الظّٰلِمُوْنَ٤٩
Bal huwa āyātum bayyinātun fī ṣudūril-lażīna ūtul-‘ilm(a), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illaẓ-ẓālimūn(a).
[49] Sebeneré (Al-Qur’an) kuwé ayat-ayat sing cetha neng njeroné dhadhané wong-wong sing padha duwé ilmu. 627 Mung wong-wong sing aniaya (dolim) sing padha ora precaya maring ayat-ayat Ingsun.
627) Ayat-ayat Al-Qur’an kuwé dejaga neng njero dhadha kanthi deapalna déning akéh wong muslim turun-temurun lan dépahami déning dhéwéké kabéh saéngga ora nana sewiji wong baé sing bisa ngubah Al-Qur’an.

وَقَالُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيٰتٌ مِّنْ رَّبِّهٖ ۗ قُلْ اِنَّمَا الْاٰيٰتُ عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَاِنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٥٠
Wa qālū lau lā unzila ‘alaihi āyātum mir rabbih(ī), qul innamal-āyātu ‘indallāh(i), wa innamā ana nażīrum mubīn(un).
[50] Lan dhéwéké kabéh (wong-wong kapir Mekah) padha ngucap, “Kenangapa ora déturunaken mukjijat-mukjijat sekang Pengérané.” Dhawuha (Muhammad), “Mukjijat-mukjijat kuwé sekersané Gusti Allah. Inyong mung sewiji wong sing awéh pengéling-éling sing genah.”

اَوَلَمْ يَكْفِهِمْ اَنَّآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ يُتْلٰى عَلَيْهِمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَرَحْمَةً وَّذِكْرٰى لِقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ٥١
Awalam yakfihim annā anzalnā ‘alaikal-kitāba yutlā ‘alaihim, inna fī żālika laraḥmataw wa żikrā liqaumiy yu'minūn(a).
[51] Apa ora cukup tumrap wong-wong kuwé lamon Ingsun wis nurunaken maring sliramu Kitab (Al-Qur’an) sing déwacakna maring dhéwéké kabéh? Temen, sejeroné (Al-Qur’an) kuwé ana kewelasan (rahmat) sing gedhé lan piwulang tumrap wong-wong sing padha precaya.

قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ شَهِيْدًاۚ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِالْبَاطِلِ وَكَفَرُوْا بِاللّٰهِ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٥٢
Qul kafā billāhi bainī wa bainakum syahīdā(n), ya‘lamu mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wal-lażīna āmanū bil-bāṭili wa kafarū billāhi ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[52] Dhawuha (Muhammad), “Cukup Gusti Allah dadi seksi antarané inyong lan ko kabéh. Penjenengané ngawuningani apa sing neng langit lan sing neng bumi. Lan wong-wong sing padha precaya maring sing luput (batil) lan ingkar maring Gusti Allah, dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha kapitunan.”

وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِۗ وَلَوْلَآ اَجَلٌ مُّسَمًّى لَّجَاۤءَهُمُ الْعَذَابُۗ وَلَيَأْتِيَنَّهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٥٣
Wa yasta‘jilūnaka bil-‘ażāb(i), wa lau lā ajalum musammal lajā'ahumul-‘ażāb(u), wa laya'tiyannahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[53] Lan dhéwéké kabéh padha njaluk maring sliramu supaya gagiyan déturunaken siksa. Angger ora merga wektuné sing wis détetepna, 628 mesthi siksa kuwé teka maring wong-wong mau, lan (siksa kuwé) mesthi bakal teka maring dhéwéké kabéh kanthi dadakan, éwadéné wong-wong kuwé padha ora nggliga.
628) Détetepna siksa kuwé neng dina piwalesan neng akhérat.

يَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِۗ وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيْطَةٌ ۢبِالْكٰفِرِيْنَۙ٥٤
Yasta‘jilūnaka bil-‘ażāb(i), wa inna jahannama lamuḥīṭatum bil-kāfirīn(a).
[54] Wong-wong kuwé padha njaluk maring sliramu supayané gagiyan déturunaken siksa. Lan setemené neraka Jahanam kuwé mesthi nglingkupi wong-wong sing mbangkang (kapir),

يَوْمَ يَغْشٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ اَرْجُلِهِمْ وَيَقُوْلُ ذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٥٥
Yauma yagsyāhumul-‘ażābu min fauqihim wa min taḥti arjulihim wa yaqūlu żūqū mā kuntum ta‘malūn(a).
[55] neng dina (rikala) siksa nglingkupi dhéwéké kabéh sekang ndhuwur lan sekang ngisor sikilé wong-wong kuwé lan (Gusti Allah) dhawuh (maring dhéwéké), “Rasakna (piwales sekang) apa sing wis ko kabéh padha lakoni.”

يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ اَرْضِيْ وَاسِعَةٌ فَاِيَّايَ فَاعْبُدُوْنِ٥٦
Yā ‘ibādiyal-lażīna āmanū inna arḍī wāsi‘atun fa iyyāya fa‘budūn(i).
[56] Hé kawula-kewula Ingsun sing padha precaya! Temen, buminé Ingsun kuwé jembar, mangka sembahen Ingsun (baé).

كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ ثُمَّ اِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ٥٧
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), ṡumma ilainā turja‘ūn(a).
[57] Saben-saben sing duwé nyawa bakal ngrasakna mati. Banjur mung maring Ingsun ko kabéh bakal padha débalékna.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُبَوِّئَنَّهُمْ مِّنَ الْجَنَّةِ غُرَفًا تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ نِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَۖ٥٨
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lanubawwi'annahum minal-jannati gurafan tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, ni‘ma ajrul-‘āmilīn(a).
[58] Lan wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebagusan, temen, dhéwéké kabéh kuwé nyata-nyata bakal Ingsun papanaken neng panggonan-panggonan sing dhuwur (neng njeroné suwarga), sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan, wong-wong kuwé padha langgeng neng njeroné. Kuwé sebagus-bagusé piwales tumrap wong-wong sing padha mergawé kebagusan,

الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ٥٩
Al-lażīna ṣabarū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[59] (yakuwé) wong-wong sing padha sabar lan pasrah (tawakal) maring Pengérané.

وَكَاَيِّنْ مِّنْ دَاۤبَّةٍ لَّا تَحْمِلُ رِزْقَهَاۖ اللّٰهُ يَرْزُقُهَا وَاِيَّاكُمْ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٦٠
Wa ka'ayyim min dābbatil lā taḥmilu rizqahā, allāhu yarzuquhā wa iyyākum, wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[60] Lan sepira akéhé mahluk (bisa) obah sing ana nyawané, sing ora (bisa) nggawa (ngurusi) rejekiné dhéwék. Gusti Allah pribadi sing paring rejeki maring mahluk-mahluk kuwé lan maring ko kabéh. Penjenengané Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗفَاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٦١
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa sakhkharasy-syamsa wal-qamara layaqūlunnallāh(u), fa'annā yu'fakūn(a).
[61] Lan angger sliramu takon maring wong-wong kuwé, “Sapa sing nyiptakna langit lan bumi lan nundhukna srengéngé lan wulan?” Mesti dhéwéké kabéh bakal semaur, “Gusti Allah.” Mangka kenangapa wong-wong kuwé bisa depléngosna (sekang bebener).

اَللّٰهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُ لَهٗ ۗاِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٦٢
Allāhu yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u min ‘ibādihī wa yaqdiru lah(ū), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[62] Gusti Allah njembarna rejeki tumrap wong sing Penjenengané kersakna neng antarané kawula-kawula-Né lan Penjenengané (uga) sing matesi ingatasé kuwé. Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ نَّزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِ مَوْتِهَا لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۙقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ ࣖ٦٣
Wa la'in sa'altahum man nazzala minas-samā'i mā'an fa'aḥyā bihil-arḍa mim ba‘di mautihā layaqūlunnallāh(u), qulil-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘qilūn(a).
[63] Lan angger ko takon maring wong-wong kuwé, “Sapa sing nurunaken banyu sekang langit banjur kanthi (banyu) kuwé, déuripna bumi sing mikiné wis mati?” Mesthi dhéwéké kabéh bakal semaur, “Gusti Allah.” Ucapna, “Sekabéh pengalembana kagungané Gusti Allah,” ning akéhé-akéhé wong kuwé padha ora mengerténi.

وَمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَهْوٌ وَّلَعِبٌۗ وَاِنَّ الدَّارَ الْاٰخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٦٤
Wa mā hāżihil-ḥayātud-dun-yā illā lahwuw wa la‘ib(un), wa innad-dāral-ākhirata lahiyal-ḥayawān(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[64] Lan penguripan neng dunya kiyé mung glewéhan lan dolanan. Lan setemené negari akhérat kuwé (nggoné) penguripan sing sebeneré (sejati) angger wong-wong kuwé padha mengerténi.

فَاِذَا رَكِبُوْا فِى الْفُلْكِ دَعَوُا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ فَلَمَّا نَجّٰىهُمْ اِلَى الْبَرِّ اِذَا هُمْ يُشْرِكُوْنَۙ٦٥
Fa'iżā rakibū fil-fulki da‘awullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), falammā najjāhum ilal-barri iżā hum yusyrikūn(a).
[65] Mangka angger dhéwéké padha numpak prahu, wong-wong kuwé padha nyenyuwun maring Gusti Allah kanthi rasa ngabekti (tulus) maring Penjenengané, 629 ning rikala Gusti Allah paring keslametan maring dhéwéké kabéh butul maring dharat, malah wong-wong kuwé (bali) padha nyekuthokna Gusti Allah,
629) Kanthi murni taaté maring Gusti Allah.

لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۙ وَلِيَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ٦٦
Liyakfurū bimā ātaināhum wa liyatamatta‘ū, fasaufa ya‘lamūn(a).
[66] jorna wong-wong kuwé padha ngingkari nékmat sing wis Ingsun paringna maring dhéwéké lan ngonoh wong-wong kuwé padha (urip) seneng-seneng (sejeroné kapir). Mangka mbésuk dhéwéké kabéh bakal padha ngaweruhi (wohé penggawéyané).

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا جَعَلْنَا حَرَمًا اٰمِنًا وَّيُتَخَطَّفُ النَّاسُ مِنْ حَوْلِهِمْۗ اَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُوْنَ وَبِنِعْمَةِ اللّٰهِ يَكْفُرُوْنَ٦٧
Awalam yarau annā ja‘alnā ḥaraman āminaw wa yutakhaṭṭafun-nāsu min ḥaulihim, afabil-bāṭili yu'minūna wa bini‘matillāhi yakfurūn(a).
[67] Apa wong-wong kuwé ora padha nggatékna lamon Ingsun wis ndadékna (negariné dhéwéké) dadi tanah suci sing aman, mangkané wong-wong sing neng seubengé padha rampog-rampogan. Kenangapa (sewisé nyata bebener) dhéwéké kabéh ésih precaya maring prekara sing luput (batil) lan ora kesuwun (ingkar) maring nékmaté Gusti Allah?

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهٗ ۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْكٰفِرِيْنَ٦٨
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bil-ḥaqqi lammā jā'ah(ū), alaisa fī jahannama maṡwal lil-kāfirīn(a).
[68] Lan sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing ngana-anakna penggorohan maring Gusti Allah utawa wong sing nggorohna sing hak 630 (bener) rikala (sing apik) kuwé butul maring dhéwéké? Mbok iya neng neraka Jahanam ana panggonan nggo wong-wong sing mbangkang (kapir)?
630) Nggorohna kenabiané Nabi Muhammad s.a.w.

وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فِيْنَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِيْنَ ࣖ٦٩
Wal-lażīna jāhadū fīnā lanahdiyannahum subulanā, wa innallāha lama‘al-muḥsinīn(a).
[69] Lan wong-wong sing padha lelabuh (jihad) nggo (nggolét renané) Ingsun, bakal Ingsun tidhokna maring wong-wong kuwé dalan-dalané Ingsun, lan temen, Gusti Allah bareng-bareng karo wong sing mergawé apik.