Surah Al-Qasas

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰسۤمّۤ١
Ṭā Sīm Mīm.
[1] Tha Siin Miim.

تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ٢
Tilka āyātul-kitābil-mubīn(i).
[2] Kiyé ayat-ayat Kitab (Al-Qur’an) sing cetha (sekang Gusti Allah).

نَتْلُوْا عَلَيْكَ مِنْ نَّبَاِ مُوْسٰى وَفِرْعَوْنَ بِالْحَقِّ لِقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٣
Natlū ‘alaika min naba'i mūsā wa fir‘auna bil-ḥaqqi liqaumiy yu'minūn(a).
[3] Ingsun wacakna maring sliramu sebagéan sekang riwayaté Musa lan Fir’aun kanthi bener nggo wong-wong sing padha precaya.

اِنَّ فِرْعَوْنَ عَلَا فِى الْاَرْضِ وَجَعَلَ اَهْلَهَا شِيَعًا يَّسْتَضْعِفُ طَاۤىِٕفَةً مِّنْهُمْ يُذَبِّحُ اَبْنَاۤءَهُمْ وَيَسْتَحْيٖ نِسَاۤءَهُمْ ۗاِنَّهٗ كَانَ مِنَ الْمُفْسِدِيْنَ٤
Inna fir‘auna ‘alā fil-arḍi wa ja‘ala ahlahā syiya‘ay yastaḍ‘ifu ṭā'ifatam minhum yużabbiḥu abnā'ahum wa yastaḥyī nisā'ahum, innahū kāna minal-mufsidīn(a).
[4] Temen, Fir’aun wis polah sewenang-wenang neng bumi lan ndadékna wargané crah-bubrah, dhéwéké nindhes segolongan sekang wong-wong kuwé (Bani Israil), dhéwéké nyembeléh anak-anak lanangé wong-wong kuwé lan ngejorna urip anak-anak wadoné. Temen, dhéwéké (Fir’aun) klebu wong sing gawé kerusakan.

وَنُرِيْدُ اَنْ نَّمُنَّ عَلَى الَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا فِى الْاَرْضِ وَنَجْعَلَهُمْ اَىِٕمَّةً وَّنَجْعَلَهُمُ الْوٰرِثِيْنَ ۙ٥
Wa nurīdu an namunna ‘alal-lażīnastuḍ‘ifū fil-arḍi wa naj‘alahum a'immataw wa naj‘alahumul-wāriṡīn(a).
[5] Lan Ingsun bakal paring kanugrahan maring wong-wong sing ketindhes neng bumi (Mesir) kuwé, lan bakal ndadékna dhéwéké padha dadi pemimpin lan ndadékna dhéwéké klebu wong-wong sing marisi bumi.

وَنُمَكِّنَ لَهُمْ فِى الْاَرْضِ وَنُرِيَ فِرْعَوْنَ وَهَامٰنَ وَجُنُوْدَهُمَا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَحْذَرُوْنَ٦
Wa numakkina lahum fil-arḍi wa nuriya fir‘auna wa hāmāna wa junūdahumā minhum mā kānū yaḥżarūn(a).
[6] Lan Ingsun teguhna pelungguhané wong-wong kuwé neng bumi lan Ingsun tidhokna maring Fir’aun lan Haman bareng-bareng wadyabala (tentara)né apa sing tansah déwedéni déning dhéwéké kabéh. 605
605) Fir’aun kewatir terus prajané arep deancurna déning Bani Israil merga kuwé dhéwéké maténi anak-anak lanang sing lair sekang kaum Bani Israil. Ayat kiyé negesna arep ana kedadéan sing dekewatirna déning Fir’aun.

وَاَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اُمِّ مُوْسٰٓى اَنْ اَرْضِعِيْهِۚ فَاِذَا خِفْتِ عَلَيْهِ فَاَلْقِيْهِ فِى الْيَمِّ وَلَا تَخَافِيْ وَلَا تَحْزَنِيْ ۚاِنَّا رَاۤدُّوْهُ اِلَيْكِ وَجَاعِلُوْهُ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ٧
Wa auḥainā ilā mūsā an arḍi‘īh(i), fa'iżā khifti ‘alaihi fa'alqīhi fil yammi wa lā takhāfī wa lā taḥzanī, innā rāddūhu ilaiki wa jā‘ilūhu minal-mursalīn(a).
[7] Lan Inyong wisikna maring biyungé Musa, “Susoni dhéwéké (Musa), lan angger ko kewatir ingatasé dhéwéké, mangka kéndhangna dhéwéké maring bengawan (Nil). Lan aja pisan-pisan ko wedi lan (uga) aja susah, setemené Ingsun bakal mbalékna dhéwéké maring ko, lan ndadékna dhéwéké sewiji utusan (rasul).”

فَالْتَقَطَهٗٓ اٰلُ فِرْعَوْنَ لِيَكُوْنَ لَهُمْ عَدُوًّا وَّحَزَنًاۗ اِنَّ فِرْعَوْنَ وَهَامٰنَ وَجُنُوْدَهُمَا كَانُوْا خٰطِـِٕيْنَ٨
Faltaqaṭahū ālu fir‘auna liyakūna lahum ‘aduwwaw wa ḥazanā(n), inna fir‘auna wa hāmāna wa junūdahumā kānū khāṭi'īn(a).
[8] Mangka dhéwéké déarah déning kulawargané Fir’aun supayané (mbésuk) dhéwéké dadi mungsuh lan kesusahan tumrap wong-wong kuwé. Setemené Fir’aun lan Haman karo wadyabalané kuwé klebu wong-wong sing salah.

وَقَالَتِ امْرَاَتُ فِرْعَوْنَ قُرَّتُ عَيْنٍ لِّيْ وَلَكَۗ لَا تَقْتُلُوْهُ ۖعَسٰٓى اَنْ يَّنْفَعَنَآ اَوْ نَتَّخِذَهٗ وَلَدًا وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٩
Wa qālatimra'atu fir‘auna qurratu ‘ainil lī wa lak(a), lā taqtulūh(u), ‘asā ay yanfa‘anā au nattakhiżahū waladaw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[9] Lan bojoné Fir’aun ngucap, “(Dhéwéké) kuwé pengayem ati tumrap inyong lan tumrap rika. Aja pisan-pisan rika padha maténi dhéwéké, moga-moga dhéwéké ana pigunané maring inyong kabéh utawa inyong padha ngalap dhéwéké dadi anak,” aridéné wong-wong kuwé padha ora nggliga (ngira Musa bakal dadi mungsuh).

وَاَصْبَحَ فُؤَادُ اُمِّ مُوْسٰى فٰرِغًاۗ اِنْ كَادَتْ لَتُبْدِيْ بِهٖ لَوْلَآ اَنْ رَّبَطْنَا عَلٰى قَلْبِهَا لِتَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١٠
Wa aṣbaḥa fu'ādu ummi mūsā fārigā(n), in kādat latubdī bihī lau lā ar rabaṭnā ‘alā qalbihā litakūna minal-mu'minīn(a).
[10] Lan atiné biyungé Musa dadi ngewangwung. 606 Temen, méh baé dhéwéké mertélakna kuwé (wewadi ngenani Musa), angger ora Ingsun teguhna atiné, supayané dhéwéké klebu wong-wong sing precaya (maring janjiné Gusti Allah).
606) Sewisé biyungé Musa ngendhangaken Musa neng kali Nil, mangka krasa ngajog lan atiné mamang merga kewatir ingatasé keslametané Musa, malah méh baé dhéwéké nggembor njaluk tulung maring wong supaya njikot anaké maning, sing arep ndadékna kebukané wadi lamon Musa kuwé anaké dhéwéké.

وَقَالَتْ لِاُخْتِهٖ قُصِّيْهِۗ فَبَصُرَتْ بِهٖ عَنْ جُنُبٍ وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ ۙ١١
Wa qālat li'ukhtihī quṣṣīh(i), fabaṣurat bihī ‘an junubiw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[11] Lan dhéwéké (biyungé Musa) ngucap maring sedulur wadoné Musa, “Tutna dhéwéké (Musa).” Mangka dhéwéké bisa weruh (Musa) sekang kadohan, lan wong-wong kaé padha ora krasa (lagi déawat-awati).

۞ وَحَرَّمْنَا عَلَيْهِ الْمَرَاضِعَ مِنْ قَبْلُ فَقَالَتْ هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰٓى اَهْلِ بَيْتٍ يَّكْفُلُوْنَهٗ لَكُمْ وَهُمْ لَهٗ نٰصِحُوْنَ١٢
Wa ḥarramnā ‘alaihil-marāḍi‘a min qablu faqālat hal adullukum ‘alā ahli baitiy yakfulūnahū lakum wa hum lahū nāṣiḥūn(a).
[12] Lan Ingsun cegah dhéwéké (Musa) nyusu maring wong-wong wadon sing seurungé kuwé arep nyusoni (dhéwéké), mangka ngucap dhéwéké (sedulur wadoné Musa). “Apa ko gelem inyong tidhokna, keluwarga sing bakal ngopéni bocah kuwé nggo ko kabéh, lan dhéwéké padha bisa temindak becik maring bocahé?”

فَرَدَدْنٰهُ اِلٰٓى اُمِّهٖ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ وَلِتَعْلَمَ اَنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ١٣
Faradadnāhu ilā ummihī kai taqarra ‘ainuhā wa lā taḥzana wa lita‘lama anna wa‘dallāhi ḥaqquw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[13] Mangka Ingsun balékna dhéwéké (Musa) maring biyungé, supaya seneng atiné lan ora susah, lan supaya dhéwéké ngaweruhi lamon janjiné Gusti Allah bener, ning akéh-akéhé wong ora padha ngaweruhi kuwé.

وَلَمَّا بَلَغَ اَشُدَّهٗ وَاسْتَوٰىٓ اٰتَيْنٰهُ حُكْمًا وَّعِلْمًاۗ وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٤
Wa lammā balaga asyuddahū wastawā ātaināhu ḥukmaw wa ‘ilmā(n), wa każālika najzil-muḥsinīn(a).
[14] Lan sewisé dhéwéké (Musa) diwasa lan sempurna nalaré, Ingsun paringna maring dhéwéké hikmah (kenabian) lan kawruh. Lan mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing padha temindak becik.

وَدَخَلَ الْمَدِيْنَةَ عَلٰى حِيْنِ غَفْلَةٍ مِّنْ اَهْلِهَا فَوَجَدَ فِيْهَا رَجُلَيْنِ يَقْتَتِلٰنِۖ هٰذَا مِنْ شِيْعَتِهٖ وَهٰذَا مِنْ عَدُوِّهٖۚ فَاسْتَغَاثَهُ الَّذِيْ مِنْ شِيْعَتِهٖ عَلَى الَّذِيْ مِنْ عَدُوِّهٖ ۙفَوَكَزَهٗ مُوْسٰى فَقَضٰى عَلَيْهِۖ قَالَ هٰذَا مِنْ عَمَلِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ عَدُوٌّ مُّضِلٌّ مُّبِيْنٌ١٥
Wa dakhalal-madīnata ‘alā ḥīni gaflatim min ahlihā fawajada fīhā rajulaini yaqtatilān(i), hāżā min syī‘atihī wa hāżā min ‘aduwwih(ī), fastagāṡahul-lażī min syī‘atihī ‘alal-lażī min ‘aduwwih(ī), fawakazahū mūsā faqaḍā ‘alaih(i), qāla hāżā min ‘amalisy-syaiṭān(i), innahū ‘aduwwum muḍillum mubīn(un).
[15] Lan dhéwéké (Musa) mlebu maring kota (Memphis) rikala wargané lagi padha lena, mangka dhéwéké weruh neng njero kota kuwé ana wong lanang loro lagi padha gelut; sing siji wong sekang golongané (Bani Israil) lan sing siji sekang golongané mungsuhé (balané Fir’aun). Wong sing sekang golongané dhéwéké (Musa) njaluk tulung marang dhéwéké, nggo ngalahna wong sing sekang péhak mungsuhé, banjur Musa njotos wong mau, lan mungsuhé mau mati. Dhéwéké (Musa) ngucap, “Kiyé polahé sétan. 607 setemené dhéwéké (sétan kuwé) mungsuh sing nyata-nyata mblangsakna.”
607) Maksudé: Musa ngajog ingatasé matiné wong kuwé mau merga jotosané, merga dhéwéké ora duwé niyat maténi wong kuwé ning mung mbélani kaumé.

قَالَ رَبِّ اِنِّيْ ظَلَمْتُ نَفْسِيْ فَاغْفِرْ لِيْ فَغَفَرَ لَهٗ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ١٦
Qāla rabbi innī ẓalamtu nafsī fagfir lī fagafara lah(ū), innahū huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[16] Dhéwéké (Musa) nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, sejatosipun kula empun damel aniaya dhateng awak kula kiyambek, mangka ngampuntenana.” Mangka Penjenengané (Gusti Allah) ngampurani dhéwéké. Temen, Penjenengané Sing Maha Ngampuran, Mahaasih.

قَالَ رَبِّ بِمَآ اَنْعَمْتَ عَلَيَّ فَلَنْ اَكُوْنَ ظَهِيْرًا لِّلْمُجْرِمِيْنَ١٧
Qāla rabbi bimā an‘amta ‘alayya falan akūna ẓahīral lil-mujrimīn(a).
[17] Dhéwéké (Musa) ngucap, “Dhuh Pengéran kula! Sekawit (sekawit) nékmat ingkang Penjenengan paringaken dhateng kula, mangka kula mboten bakal dados tiyang ingkang nulungi tumrap tiyang-tiyang ingkang sami damel dosa.”

فَاَصْبَحَ فِى الْمَدِيْنَةِ خَاۤىِٕفًا يَّتَرَقَّبُ فَاِذَا الَّذِى اسْتَنْصَرَهٗ بِالْاَمْسِ يَسْتَصْرِخُهٗ ۗقَالَ لَهٗ مُوْسٰٓى اِنَّكَ لَغَوِيٌّ مُّبِيْنٌ١٨
Fa'aṣbaḥa fil-madīnati khā'ifay yataraqqabu fa'iżal-lażistanṣarahū bil-amsi yastaṣrikhuh(ū), qāla lahū mūsā innaka lagawiyyum mubīn(un).
[18] Merga kuwé, dhéwéké (Musa) dadi kewedén ana neng kota kuwé karo ngenténi (akibat penggawéyané), dadakan wong sing wingi njaluk tulung ngorong-ngorong njaluk tulung (maning) maring dhéwéké. Musa ngucap maring wong kuwé, “Temen, ko wong sing nyata-nyata kesasar.”

فَلَمَّآ اَنْ اَرَادَ اَنْ يَّبْطِشَ بِالَّذِيْ هُوَ عَدُوٌّ لَّهُمَاۙ قَالَ يٰمُوْسٰٓى اَتُرِيْدُ اَنْ تَقْتُلَنِيْ كَمَا قَتَلْتَ نَفْسًاۢ بِالْاَمْسِۖ اِنْ تُرِيْدُ اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ جَبَّارًا فِى الْاَرْضِ وَمَا تُرِيْدُ اَنْ تَكُوْنَ مِنَ الْمُصْلِحِيْنَ١٩
Falammā an arāda ay yabṭisya bil-lażī huwa ‘aduwwul lahumā, qāla yā mūsā aturīdu an taqtulanī kamā qatalta nafsam bil-ams(i), in turīdu illā an takūna jabbāran fil-arḍi wa mā turīdu an takūna minal-muṣliḥīn(a).
[19] Mangka rikala dhéwéké (Musa) arep njotos kanthi seru wong sing dadi mungsuhé dhéwéké sekloron kuwé, dhéwéké (mungsuhé) ngucap, “Hé Musa! Apa sampéyan arep maténi inyong, kayadéné wingi rikala sampéyan maténi sewiji wong? Sampéyan mung arep dadi wong sing temindak sewenang-wenang neng negari (kiyé), lan sampéyan ora bakal dadi wong sing gawé ketentreman.”

وَجَاۤءَ رَجُلٌ مِّنْ اَقْصَى الْمَدِيْنَةِ يَسْعٰىۖ قَالَ يٰمُوْسٰٓى اِنَّ الْمَلَاَ يَأْتَمِرُوْنَ بِكَ لِيَقْتُلُوْكَ فَاخْرُجْ اِنِّيْ لَكَ مِنَ النّٰصِحِيْنَ٢٠
Wa jā'a rajulum min aqṣal-madīnati yas‘ā, qāla yā mūsā innal-mala'a ya'tamirūna bika liyaqtulūka fakhruj innī laka minan-nāṣiḥīn(a).
[20] Lan sewijiné wong lanang kedhagar-dhagar teka sekang pinggirané kota karo ngucap, “Hé Musa! Setemené para punggawa negari lagi ngrembug ngenani sampéyan lan arep maténi sampéyan, mangka metua (sekang kota kiyé), setemené inyong klebu wong sing awéh pitutur maring sampéyan.”

فَخَرَجَ مِنْهَا خَاۤىِٕفًا يَّتَرَقَّبُ ۖقَالَ رَبِّ نَجِّنِيْ مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٢١
Fakharaja minhā khā'ifay yataraqqab(u), qāla rabbi najjinī minal-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[21] Mangka metu dhéwéké (Musa) sekang kota kuwé kanthi rasa wedi, waspada (mbok ana wong sing nyusul utawa nyekel dhéwéké), dhéwéké nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, slametaken kula saking tiyang-tiyang ingkang sami temindak aniaya (dolim) niku.”

وَلَمَّا تَوَجَّهَ تِلْقَاۤءَ مَدْيَنَ قَالَ عَسٰى رَبِّيْٓ اَنْ يَّهْدِيَنِيْ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ٢٢
Wa lammā tawajjaha tilqā'a madyana qāla ‘asā rabbī ay yahdiyanī sawā'as-sabīl(i).
[22] Lan rikala dhéwéké nuju maring negari Madyan dhéwéké nyenyuwun maning, “Moga-moga Pengéranku nuntun inyong maring dalan sing bener.”

وَلَمَّا وَرَدَ مَاۤءَ مَدْيَنَ وَجَدَ عَلَيْهِ اُمَّةً مِّنَ النَّاسِ يَسْقُوْنَ ەۖ وَوَجَدَ مِنْ دُوْنِهِمُ امْرَاَتَيْنِ تَذُوْدٰنِۚ قَالَ مَا خَطْبُكُمَا ۗقَالَتَا لَا نَسْقِيْ حَتّٰى يُصْدِرَ الرِّعَاۤءُ وَاَبُوْنَا شَيْخٌ كَبِيْرٌ٢٣
Wa lammā warada mā'a madyana wajada ‘alaihi ummatam minan-nāsi yasqūn(a), wa wajada min dūnihimumra'ataini tażūdān(i), qāla mā khaṭbukumā, qālatā lā nasqī ḥattā yuṣdirar-ri‘ā'u wa abūnā syaikhun kabīr(un).
[23] Lan rikala dhéwéké butul maring sumber banyu negari Madyan, neng kana dhéwéké ketemu seklompok wong sing lagi awéh nginum (kéwan angoné), lan dhéwéké weruh neng buriné wong akéh kuwé, wong wadon loro sing lagi ngadhang-adhangi (kéwan angoné). Dhéwéké (Musa) ngucap, “Apa karepmu (dénéng) temindak kaya kuwé)?” Wong wadon loro kuwé semaur, “Inyong kabéh kiyé ora bisa awéh nginum (kéwané inyong) seurungé para pangon kaé mbalékna (kéwan-kéwané kuwé), lan ramané inyong wong sing wis tuwa umuré.”

فَسَقٰى لَهُمَا ثُمَّ تَوَلّٰىٓ اِلَى الظِّلِّ فَقَالَ رَبِّ اِنِّيْ لِمَآ اَنْزَلْتَ اِلَيَّ مِنْ خَيْرٍ فَقِيْرٌ٢٤
Fasaqā lahumā ṡumma tawallā ilaẓ-ẓilli faqāla rabbi innī limā anzalta ilayya min khairin faqīr(un).
[24] Mangka dhéwéké (Musa) awéh nginum (kéwané) wong wadon loro kuwé, banjur dhéwéké bali maring nggon sing aub lan nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, sejatosipun kula éstu mbetahakén kesaénan (tetedhan) ingkang Penjenengan turunaken dhateng kula.”

فَجَاۤءَتْهُ اِحْدٰىهُمَا تَمْشِيْ عَلَى اسْتِحْيَاۤءٍ ۖقَالَتْ اِنَّ اَبِيْ يَدْعُوْكَ لِيَجْزِيَكَ اَجْرَ مَا سَقَيْتَ لَنَاۗ فَلَمَّا جَاۤءَهٗ وَقَصَّ عَلَيْهِ الْقَصَصَۙ قَالَ لَا تَخَفْۗ نَجَوْتَ مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٢٥
Fajā'athu iḥdāhumā tamsyī ‘alastiḥyā'(in), qālat inna abī yad‘ūka liyajziyaka ajra mā saqaita lanā, falammā jā'ahū wa qaṣṣa ‘alaihil-qaṣaṣ(a), qāla lā takhaf, najauta minal-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[25] Banjur teka maring Musa salah siji sekang wong wadon loro kuwé mlaku kanthi isin, dhéwéké ngucap, “Setemené ramaku ngundang sampéyan arep awéh piwales ingatasé (kebecikan)mu awéh nginum maring (kéwané) inyong kabéh.” Rikala (Musa) nekani ramané lan nyritakna maring dhéwéké riwayat (ngenani awaké dhéwék), dhéwéké ngucap, “Sampéyan aja wedi! Sampéyan wis slamet sekang wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé.”

قَالَتْ اِحْدٰىهُمَا يٰٓاَبَتِ اسْتَأْجِرْهُ ۖاِنَّ خَيْرَ مَنِ اسْتَأْجَرْتَ الْقَوِيُّ الْاَمِيْنُ٢٦
Qālat iḥdāhumā yā abatista'jirh(u), inna khaira manista'jartal-qawiyyul-amīn(u).
[26] Lan salah siji sekang wong (wadon) loro kuwé ngucap, “Dhuh ramaku! Dadékna dhéwéké rewang (nggo inyong kabéh), setemené wong sing paling becik sing rika jikot dadi rewang (nggo inyong kabéh) kuwé wong sing kuwat lan bisa deprecaya.”

قَالَ اِنِّيْٓ اُرِيْدُ اَنْ اُنْكِحَكَ اِحْدَى ابْنَتَيَّ هٰتَيْنِ عَلٰٓى اَنْ تَأْجُرَنِيْ ثَمٰنِيَ حِجَجٍۚ فَاِنْ اَتْمَمْتَ عَشْرًا فَمِنْ عِنْدِكَۚ وَمَآ اُرِيْدُ اَنْ اَشُقَّ عَلَيْكَۗ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ٢٧
Qāla innī urīdu an unkiḥaka iḥdabnatayya hātaini ‘alā an ta'juranī ṡamāniya ḥijaj(in), fa'in atmamta ‘asyran famin ‘indik(a), wa mā urīdu an asyuqqa ‘alaik(a), satajidunī in syā'allāhu minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[27] Dhéwéké (Syuaib) ngucap, “Setemené inyong duwé karep njodhokna sampéyan karo salah sijiné anak wadoné inyong kiyé, kanthi sarat sampéyan dadi rewangé inyong nganti wolung tahun, lan angger sampéyan sempurnakna dadi sepuluh taun mangka kuwé (dadi kebecikan) sekang sampéyan, lan inyong ora duwé ancas (tujuan) ngebot-bot sampéyan. Insya Allah sampéyan bakal mertelani inyong kiyé wong sing becik.”

قَالَ ذٰلِكَ بَيْنِيْ وَبَيْنَكَۗ اَيَّمَا الْاَجَلَيْنِ قَضَيْتُ فَلَا عُدْوَانَ عَلَيَّ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى مَا نَقُوْلُ وَكِيْلٌ ࣖ٢٨
Qāla żālika bainī wa bainak(a), ayyamal-ajalaini qaḍaitu falā ‘udwāna ‘alayy(a), wallāhu ‘alā mā naqūlu wakīl(un).
[28] Dhéwéké (Musa) ngucap, “Kuwé (janji) antarané inyong karo rika. Sing endi baé jangka wektu loro détemtokna kuwé sing inyong lakoni, mangka ora nana jalukan (tambahan) ingatasé awaku (maning). Lan Gusti Allah dadi seksi ingatasé apa sing dhéwék kabéh ucapna.”

۞ فَلَمَّا قَضٰى مُوْسَى الْاَجَلَ وَسَارَ بِاَهْلِهٖٓ اٰنَسَ مِنْ جَانِبِ الطُّوْرِ نَارًاۗ قَالَ لِاَهْلِهِ امْكُثُوْٓا اِنِّيْٓ اٰنَسْتُ نَارًا لَّعَلِّيْٓ اٰتِيْكُمْ مِّنْهَا بِخَبَرٍ اَوْ جَذْوَةٍ مِّنَ النَّارِ لَعَلَّكُمْ تَصْطَلُوْنَ٢٩
Falammā qaḍā mūsal-ajala wa sāra bi'ahlihī ānasa min jānibiṭ-ṭūri nārā(n), qāla li'ahlihimkuṡū innī ānastu nāral la‘allī ātīkum minhā bikhabarin au jażwatim minan-nāri la‘allakum taṣṭalūn(a).
[29] Mangka rikala Musa wis ngrampungna wektu sing wis détemtokna kuwé lan dhéwéké mangkat karo kulawargané, dhéwéké weruh geni neng léréng gunung, 608 dhéwéké ngucap maring kulawargané, “Enténana (neng kéné), setemené inyong weruh geni, moga-moga inyong bisa nggawa sewiji werta maring ko kabéh sekang (panggonan) geni kuwé utawa (nggawa) geni semendhing supayané ko bisa ngangetna awak.”
608) Sewisé Musa a.s. ngrampungna perjanjian karo Syu'aib a.s. dhéwéké mangkat bareng kulawargané lan pirang-pirang wedhus sing déwéhi déning mertuwané, mangka neng sewijiné wengi sing peteng dhédet lan adhem Musa a.s. butul neng salah siji panggonan ning saben dhéwéké ngurubna geni, geni kuwé ora bisa murub. Kedadéan kuwé banget gawé Musa krasa aneh mangka Musa ngucap maring bojoné kaya neng ayat 29 kuwé.

فَلَمَّآ اَتٰىهَا نُوْدِيَ مِنْ شَاطِئِ الْوَادِ الْاَيْمَنِ فِى الْبُقْعَةِ الْمُبٰرَكَةِ مِنَ الشَّجَرَةِ اَنْ يّٰمُوْسٰىٓ اِنِّيْٓ اَنَا اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٣٠
Falammā atāhā nūdiya min syāṭi'il wādil aimani fil buq‘atil mubārakati minasy syajarati ay yā mūsā innī anallāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[30] Mangka rikala (Musa) butul maring (panggonan) geni kuwé, dhéwéké detimbali sekang (prenah) pinggir iring tengen lebak, sekang sewijiné wit, neng sekothak lemah sing déberkahi, “Hé Musa! Setemené, Ingsun kiyé Gusti Allah, Pengérané sekabéh ngalam! 609
609) Neng panggonan lan wektu kuwé Musa a.s. molahi dedhapuk dadi rasul.

وَاَنْ اَلْقِ عَصَاكَ ۗفَلَمَّا رَاٰهَا تَهْتَزُّ كَاَنَّهَا جَاۤنٌّ وَّلّٰى مُدْبِرًا وَّلَمْ يُعَقِّبْۗ يٰمُوْسٰىٓ اَقْبِلْ وَلَا تَخَفْۗ اِنَّكَ مِنَ الْاٰمِنِيْنَ٣١
Wa alqi ‘aṣāk(a), falammā ra'āhā tahtazzu ka'annahā jānnuw wallā mudbiraw wa lam yu‘aqqib, yā mūsā aqbil wa lā takhaf, innaka minal-āminīn(a).
[31] Lan balangna tekenmu.” Mangka rikala dhéwéké (Musa) weruh teken kuwé obah-obah kayadéné ula sing (giras), dhéwéké mlayu mbalik maring mburi tanpa nylinguk. (Gusti Allah dhawuh), “Hé Musa! Ngénéha lan aja wedi. Setemené ko klebu wong-wong sing aman.

اُسْلُكْ يَدَكَ فِيْ جَيْبِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍ ۖوَّاضْمُمْ اِلَيْكَ جَنَاحَكَ مِنَ الرَّهْبِ فَذٰنِكَ بُرْهَانٰنِ مِنْ رَّبِّكَ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ٣٢
Usluk yadaka fī jaibika takhruj baiḍā'a min gairi sū'(in), waḍmum ilaika janāḥaka minar-rahbi fażānika burhānāni mir rabbika ilā fir‘auna wa mala'ih(ī), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[32] Lebokna tanganmu maring gulon klambimu, kuwé bakal metu (dadi) putih (mencorong) tanpa cacad. Lan sidhaképna tangan loromu maring dhadhamu angger kewedén. Kuwé mukjijat loro sekang Pengéranmu (sing bakal sliramu tidhokna) maring Fir’aun lan para punggawané. Setemené dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha dosa (pasék).”

قَالَ رَبِّ اِنِّيْ قَتَلْتُ مِنْهُمْ نَفْسًا فَاَخَافُ اَنْ يَّقْتُلُوْنِ٣٣
Qāla rabbi innī qataltu minhum nafsan fa'akhāfu ay yaqtulūn(i).
[33] Dhéwéké (Musa) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, kula empun mejahi maténi setunggil tiyang saking golonganipun tiyang-tiyang nika, saéngga kula ajrih kiyambeké sami ajeng mejahi kula.

وَاَخِيْ هٰرُوْنُ هُوَ اَفْصَحُ مِنِّيْ لِسَانًا فَاَرْسِلْهُ مَعِيَ رِدْءًا يُّصَدِّقُنِيْٓ ۖاِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّكَذِّبُوْنِ٣٤
Wa akhī hārūnu huwa afṣaḥu minnī lisānan fa'arsilhu ma‘iya rid'ay yuṣaddiqunī, innī akhāfu ay yukażżibūn(i).
[34] Lan sedhérék kula Harun, kiyambeké langkung cetha pengucapipun ketimbang kula, 610 mangka mugi Penjenengan ngutus kiyambeké sareng kula minangka batir ingkang ngrewangi nggé ngleresaken (ucapan) kula; sejatosipun kula ajrih tiyang-tiyang niku ajeng nggorohakén kula.”
610) Nabi Musa a.s. seliyané ngrasa wedi maring Fir’aun uga ngrasa kurang lancar pengucapé ngadhepi Fir’aun. Mangka nyenyuwun supayané Gusti Allah ngutus Harun a.s bareng dhéwéké sing lewih lancar ngucapé.

قَالَ سَنَشُدُّ عَضُدَكَ بِاَخِيْكَ وَنَجْعَلُ لَكُمَا سُلْطٰنًا فَلَا يَصِلُوْنَ اِلَيْكُمَا ۛبِاٰيٰتِنَا ۛ اَنْتُمَا وَمَنِ اتَّبَعَكُمَا الْغٰلِبُوْنَ٣٥
Qāla sanasyuddu ‘aḍudaka bi'akhīka wa naj‘alu lakumā sulṭānan falā yaṣilūna ilaikumā - bi'āyātinā - antumā wa manittaba‘akumal-gālibūn(a).
[35] Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Ingsun bakal nguwatna (ngrewangi) sliramu kanthi sedulurmu, lan Ingsun paring maring sliramu sekloron kekuwasan sing gedhé, mangka wong-wong kuwé ora bakal bisa nyandhak sliramu kabéh; (mangkata sliramu sekloron) kanthi nggawa mukjijat Ingsun, sliramu sekloron lan wong-wong sing padha mélu sliramu sing bakal menang.”

فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ مُّوْسٰى بِاٰيٰتِنَا بَيِّنٰتٍ قَالُوْا مَا هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّفْتَرًىۙ وَّمَا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِيْٓ اٰبَاۤىِٕنَا الْاَوَّلِيْنَ٣٦
Falammā jā'ahum mūsā bi'āyātinā bayyinātin qālū mā hāżā illā siḥrum muftarā(n), wa mā sami‘nā bihāżā fī ābā'inal-awwalīn(a).
[36] Mangka rikala Musa teka maring wong-wong kuwé kanthi (nggawa) mukjijat Ingsun kabéh sing nyata, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé mung sihir sing dégawé-gawé, lan inyong kabéh ora nglakon krungu (sing kaya) kiyé sekang kaki-nininé inyong kabéh gemiyén.”

وَقَالَ مُوْسٰى رَبِّيْٓ اَعْلَمُ بِمَنْ جَاۤءَ بِالْهُدٰى مِنْ عِنْدِهٖ وَمَنْ تَكُوْنُ لَهٗ عَاقِبَةُ الدَّارِۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ٣٧
Wa qāla mūsā rabbī a‘lamu biman jā'a bil-hudā min ‘indihī wa man takūnu lahū ‘āqibatud-dār(i), innahū lā yufliḥuẓ-ẓālimūn(a).
[37] Lan dhéwéké (Musa) semaur, “Pengéranku lewih ngawuningani sapa sing (pantes) nggawa pituduh sekang sisihé Penjenengané lan sapa sing bakal olih pungkasan (sing apik) neng akhérat. Setemené wong-wong sing padha aniaya (dolim) ora bakal olih kemenangan.”

وَقَالَ فِرْعَوْنُ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَاُ مَا عَلِمْتُ لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرِيْۚ فَاَوْقِدْ لِيْ يٰهَامٰنُ عَلَى الطِّيْنِ فَاجْعَلْ لِّيْ صَرْحًا لَّعَلِّيْٓ اَطَّلِعُ اِلٰٓى اِلٰهِ مُوْسٰىۙ وَاِنِّيْ لَاَظُنُّهٗ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٣٨
Wa qāla fir‘aunu yā ayyuhal-mala'u mā ‘alimtu lakum min ilāhin gairī, fa'auqid lī yā hāmānu ‘alaṭ-ṭīni faj‘al lī ṣarḥal la‘allī aṭṭali‘u ilā ilāhi mūsā, wa innī la'aẓunnuhū minal-kāżibīn(a).
[38] Dhéwéké Fir’aun ngucap, “Hé para pemimpiné kaumku! Inyong ora ngaweruhi ana pengéran nggo ko kabéh kejaba inyong. Mangka, bakarna lemah lempung nggo inyong hé, Haman (nggo gawé bata), banjur gawékna gedhong (menara) sing dhuwur nggo inyong supaya inyong bisa munggah lan weruh Pengérané Musa, lan inyong precaya lamon dhéwéké klebu tukang goroh.”

وَاسْتَكْبَرَ هُوَ وَجُنُوْدُهٗ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ اِلَيْنَا لَا يُرْجَعُوْنَ٣٩
Wastakbara huwa wa judūduhū fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa ẓannū annahum ilainā lā yurja‘ūn(a).
[39] Lan dhéwéké (Fir’aun) lan wadyabalané (tentarané) padha temindak angkuh neng bumi tanpa alesan sing bener, lan wong-wong kuwé padha ngira lamon dhéwéké kabéh ora bakal débalékna maring Ingsun.

فَاَخَذْنٰهُ وَجُنُوْدَهٗ فَنَبَذْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ ۚفَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الظّٰلِمِيْنَ٤٠
Fa'akhażnāhu wa junūdahū fanabażnāhum fil-yamm(i), fanẓur kaifa kāna ‘āqibatuẓ-ẓālimīn(a).
[40] Mangka Ingsun siksa dhéwéké (Fir’aun) karo wadyabalané, lan Ingsun balangna wong-wong kuwé maring segara. Mangka gatékna kepriwé wekasané wong sing padha aniaya (dolim).

وَجَعَلْنٰهُمْ اَىِٕمَّةً يَّدْعُوْنَ اِلَى النَّارِۚ وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ لَا يُنْصَرُوْنَ٤١
Wa ja‘alnāhum a'immatay yad‘ūna ilan-nār(i), wa yaumal-qiyāmati lā yunṣarūn(a).
[41] Lan Ingsun dadékna wong-wong kuwé para pemimpin sing ajék (menungsa) maring neraka lan neng dina Kiyamat dhéwéké kabéh ora bakal detulungi.

وَاَتْبَعْنٰهُمْ فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا لَعْنَةً ۚوَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ هُمْ مِّنَ الْمَقْبُوْحِيْنَ ࣖ٤٢
Wa atba‘nāhum fī hāżihid-dun-yā la‘nah(tan), wa yaumal-qiyāmati hum minal-maqbūḥīn(a).
[42] Lan Ingsun susulna laknat maring wong-wong kuwé neng dunya kiyé; éwadéné neng dina Kiyamat dhéwéké kelebu wong-wong sing padha dédohna (sekang kewelasané Gusti Allah).

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ مِنْۢ بَعْدِ مَآ اَهْلَكْنَا الْقُرُوْنَ الْاُوْلٰى بَصَاۤىِٕرَ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَّرَحْمَةً لَّعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٤٣
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba mim ba‘di mā ahlaknal-qurūnal ūlā baṣā'ira lin-nāsi wa hudaw wa raḥmatal la‘allahum yatażakkarūn(a).
[43] Lan temen, wis Ingsun paringna maring Musa kitab (Taurat) seuwisé Ingsun tumpes umat-umat sing dhisit, nggo dadi pepadhang tumrap menungsa lan pituduh sarta kewelasan, supaya wong-wong kuwé padha olih piwulang.

وَمَا كُنْتَ بِجَانِبِ الْغَرْبِيِّ اِذْ قَضَيْنَآ اِلٰى مُوْسَى الْاَمْرَ وَمَا كُنْتَ مِنَ الشّٰهِدِيْنَ ۙ٤٤
Wa mā kunta bijānibil-garbiyyi iż qaḍainā ilā mūsal-amra wa mā kunta minasy-syāhidīn(a).
[44] Lan sliramu (Muhammad) ora neng prenah kulon (lebak suci Tuwa) rikala Ingsun paring préntah maring Musa, lan sliramu uga udu klebu wong sing nyekséni (kedadéan kuwé),

وَلٰكِنَّآ اَنْشَأْنَا قُرُوْنًا فَتَطَاوَلَ عَلَيْهِمُ الْعُمُرُۚ وَمَا كُنْتَ ثَاوِيًا فِيْٓ اَهْلِ مَدْيَنَ تَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِنَاۙ وَلٰكِنَّا كُنَّا مُرْسِلِيْنَ٤٥
Wa lākinnā ansya'nā qurūnan fataṭāwala ‘alaihimul-‘umur(u), wa mā kunta ṡāwiyan fī ahli madyana tatlū ‘alaihim āyātinā, wa lākinnā kunnā mursilīn(a).
[45] ning Ingsun wis nyiptakna sewetara umat, lan wis keliwat ingatasé wong-wong kuwé wektu sing lawas, lan sliramu (Muhammad) ora manggon karo warga Madyan kanthi macakna ayat-ayat-É Ingsun maring wong-wong kuwé, ning Ingsun wis ngutus rasul-rasul.

وَمَا كُنْتَ بِجَانِبِ الطُّوْرِ اِذْ نَادَيْنَا وَلٰكِنْ رَّحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَ لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اَتٰىهُمْ مِّنْ نَّذِيْرٍ مِّنْ قَبْلِكَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٤٦
Wa mā kunta bijānibiṭ-ṭūri iż nādainā wa lākir raḥmatam mir rabbika litunżira qaumam mā atāhum min nażīrim min qablika la‘allahum yatażakkarūn(a).
[46] Lan sliramu (Muhammad) ora neng péreké Tur (gunung) rikala Ingsun nimbali (Musa), ning (Ingsun utus sliramu) minangka dadi kewelasan (rahmat) sekang Pengéranmu, supaya sliramu awéh pengéling-éling maring kaum (Quraisy) sing ora detekani déning wong sing awéh pengéling-éling seurungé sliramu supaya wong-wong kuwé padha olih piwulang.

وَلَوْلَآ اَنْ تُصِيْبَهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ فَيَقُوْلُوْا رَبَّنَا لَوْلَآ اَرْسَلْتَ اِلَيْنَا رَسُوْلًا فَنَتَّبِعَ اٰيٰتِكَ وَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٤٧
Wa lau lā an tuṣībahum muṣībatum bimā qaddamat aidīhim fayaqūlū rabbanā lau lā arsalta ilainā rasūlan fanattabi‘a āyātika wa nakūna minal-mu'minīn(a).
[47] Lan supaya wong-wong kuwé ora padha ngucapna rikala dhéwéké padha nampa siksa merga apa-apa sing dhéwéké padha lakoni, “Dhuh Pengéran kula sami, kenging napa Penjenengan mboten ngutus setunggil rasul dhateng kula, supados kula sedaya midhérék ayat-ayat-É Penjenengan lan kelebet tiyang ingkang sami pitados (mukmin).”

فَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ مِنْ عِنْدِنَا قَالُوْا لَوْلَآ اُوْتِيَ مِثْلَ مَآ اُوْتِيَ مُوْسٰىۗ اَوَلَمْ يَكْفُرُوْا بِمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى مِنْ قَبْلُۚ قَالُوْا سِحْرٰنِ تَظٰهَرَاۗ وَقَالُوْٓا اِنَّا بِكُلٍّ كٰفِرُوْنَ٤٨
Falammā jā'ahumul-ḥaqqu min ‘indinā qālū lau lā ūtiya miṡla mā ūtiya mūsā, awalam yakfurū bimā ūtiya mūsā min qabl(u), qālū siḥrāni taẓāharā, wa qālū innā bikullin kāfirūn(a).
[48] Mangka rikala bebener (Al-Qur’an) wis teka maring wong-wong kuwé sekang sisihé Ingsun, dhéwéké kabéh padha ngucap, “Kenangapa ora déparingna maring slirané (Muhammad) kayadéné sing wis déparingna maring Musa gemiyén?” Apa ora wong-wong jaman gemiyén (uga) padha ingkar maring apa sing déparingna maring Musa gemiyén? Wong-wong kuwé gemiyén padha ngucap. “(Musa lan Harun kuwé) tukang sihir 611 loro sing padha tulung-tulungan.” Lan wong-wong kuwé (uga) ngucap, “Setemené inyong kabéh babar pisan ora precaya maring siji-siji wong-wong sekloron kuwé.”
611) Miturut sebagéan ahli tapsir, sing démaksud sihran yakuwé kitab taurat lan Al-Qur’an

قُلْ فَأْتُوْا بِكِتٰبٍ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ هُوَ اَهْدٰى مِنْهُمَآ اَتَّبِعْهُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٩
Qul fa'tū bikitābim min ‘indillāhi huwa ahdā minhumā attabi‘hu in kuntum ṣādiqīn(a).
[49] Dhawuha (Muhammad), “Tekakna sewiji kitab déning ko kabéh sekang sisihé Gusti Allah sing kitab kuwé lewih awéh pituduh tenimbang sekloroné (Taurat lan Al-Qur’an), mesthi inyong bakal nurut maring kuwé, angger ko kuwé wong sing padha bener.”

فَاِنْ لَّمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَكَ فَاعْلَمْ اَنَّمَا يَتَّبِعُوْنَ اَهْوَاۤءَهُمْۗ وَمَنْ اَضَلُّ مِمَّنِ اتَّبَعَ هَوٰىهُ بِغَيْرِ هُدًى مِّنَ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٥٠
Fa illam yastajībū laka fa‘lam annamā yattabi‘ūna ahwā'ahum, wa man aḍallu mimmanittaba‘a hawāhu bigairi hudam minallāh(i), innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[50] Mangka rikala wong-wong mau ora padha nyauri (tantanganmu), mangka kawruhana lamon dhéwéké kabéh mung nuruti kekarepané dhéwéké. Lan sapa sing lewih kesasar tenimbang wong sing padha nuruti kekarepané tanpa olih pituduh sekang Gusti Allah semendhing-mendhinga? Temen, Gusti Allah ora paring pituduh maring wong sing padha aniaya (dolim).

۞ وَلَقَدْ وَصَّلْنَا لَهُمُ الْقَوْلَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ ۗ٥١
Wa laqad waṣṣalnā lahumul-qaula la‘allahum yatażakkarūn(a).
[51] Lan temen, Ingsun wis mbutulna ucapan kiyé (Al-Qur’an) maring wong-wong kuwé supaya dhéwéké kabéh padha ngémut-émut kuwé.

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِهٖ هُمْ بِهٖ يُؤْمِنُوْنَ٥٢
Allażīna ātaināhumul-kitāba min qablihī hum bihī yu'minūn(a).
[52] Wong-wong sing wis Ingsun paringi Al-Kitab seurungé Al-Qur’an, dhéwéké kabéh (uga) padha precaya maring (Al-Qur’an).

وَاِذَا يُتْلٰى عَلَيْهِمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِهٖٓ اِنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّنَآ اِنَّا كُنَّا مِنْ قَبْلِهٖ مُسْلِمِيْنَ٥٣
Wa iżā yutlā ‘alaihim qālū āmannā bihī innahul-ḥaqqu mir rabbinā innā kunnā min qablihī muslimīn(a).
[53] Lan rikala déwacakna (Al-Qur’an) maring wong-wong kuwé, dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh precaya maring kiyé, setemené (Al-Qur’an) kuwé sewiji bebener sekang Pengérané inyong kabéh. Temen, seurungé (kiyé) inyong wong sing padha pasrah (muslim).”

اُولٰۤىِٕكَ يُؤْتَوْنَ اَجْرَهُمْ مَّرَّتَيْنِ بِمَا صَبَرُوْا وَيَدْرَءُوْنَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ٥٤
Ulā'ika yu'tauna ajrahum marrataini bimā ṣabarū wa yadra'ūna bil-ḥasanatis-sayyi'ata wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[54] Wong-wong kuwé déparingi ganjaran ping pindho (merga precaya maring Taurat lan Al-Qur’an) jalaran sabaré dhéwéké kabéh, lan wong-wong kuwé nolak kejahatan nganggo kebecikan, lan nyumbangna (infak) sebagéan sekang rejeki sing wis Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh.

وَاِذَا سَمِعُوا اللَّغْوَ اَعْرَضُوْا عَنْهُ وَقَالُوْا لَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْ ۖسَلٰمٌ عَلَيْكُمْ ۖ لَا نَبْتَغِى الْجٰهِلِيْنَ٥٥
Wa iżā sami‘ul-lagwa a‘raḍū ‘anhu wa qālū lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, salāmun ‘alaikum, lā nabtagil-jāhilīn(a).
[55] Lan angger wong-wong kuwé padha krungu ucapan sing ala, dhéwéké padha mléngos sekang (ucapan) kuwé lan ngucap, “Nggo inyong lakon-lakoné (amal) inyong, lan nggo ko kabéh lakon-lakonmu, moga-moga ko padha slamet, inyong kabéh ora kepéngin (srawung) karo wong-wong sing bodho.”

اِنَّكَ لَا تَهْدِيْ مَنْ اَحْبَبْتَ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ٥٦
Innaka lā tahdī man aḥbabta wa lākinnallāha yahdī may yasyā'(u), wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[56] Temen, sliramu (Muhammad) ora bisa awéh pituduh maring wong sing sliramu welasi, ning Gusti Allah paring pituduh maring wong-wong sing Penjenengané kersakna, lan Penjenengané lewih ngawuningani wong-wong sing padha gelem nampa pituduh.

وَقَالُوْٓا اِنْ نَّتَّبِعِ الْهُدٰى مَعَكَ نُتَخَطَّفْ مِنْ اَرْضِنَاۗ اَوَلَمْ نُمَكِّنْ لَّهُمْ حَرَمًا اٰمِنًا يُّجْبٰٓى اِلَيْهِ ثَمَرٰتُ كُلِّ شَيْءٍ رِّزْقًا مِّنْ لَّدُنَّا وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٧
Wa qālū in natabi‘il-hudā ma‘aka nutakhaṭṭaf min arḍinā, awalam numakkil lahum ḥaraman āminay yujbā ilaihi ṡamarātu kulli syai'ir rizqam mil ladunnā wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[57] Lan dhéwéké padha ngucap, “Angger inyong kabéh padha mélu maring pituduh bareng sampéyan, mesthi inyong bakal padha déurak sekang negariné inyong.” (Gusti Allah dhawuh) Apa ora wis Ingsun teguhna kelungguhané wong-wong kuwé neng tanah haram (panggonan sing suci) sing aman, sing detekani maring panggonan kuwé rupa-rupa woh-wohan sekang werna-werna (wit-witan) minangka rejeki (nggo ko kabéh) sekang sisihé Ingsun? Ning akéh-akéhé sekang wong-wong mau padha ora mengerténi.

وَكَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ ۢ بَطِرَتْ مَعِيْشَتَهَا ۚفَتِلْكَ مَسٰكِنُهُمْ لَمْ تُسْكَنْ مِّنْۢ بَعْدِهِمْ اِلَّا قَلِيْلًاۗ وَكُنَّا نَحْنُ الْوٰرِثِيْنَ٥٨
Wa kam ahlaknā min qaryatim baṭirat ma‘īsyatahā, fatilka masākinuhum lam tuskam mim ba‘dihim illā qalīlā(n), wa kunnā naḥnul-wāriṡīn(a).
[58] Lan sepira akéhé (warga) negari sing wis padha seneng-seneng neng penguripané sing wis Ingsun tumpes, mangka ya kuwé panggonané wong-wong mau sing ora depanggoni (maning) sewisé dhéwéké kabéh, kejaba mung semendhing. Lan mung Ingsun pribadi sing marisi kuwé. 612
612) Maksudé: sewisé dhéwéké kabéh ancur panggonan kuwé wis suwung lan ora demakmurna maning, banjur panggonan kuwé mbalik maring sing duwé hak yakuwé Gusti Allah.

وَمَا كَانَ رَبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرٰى حَتّٰى يَبْعَثَ فِيْٓ اُمِّهَا رَسُوْلًا يَّتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِنَاۚ وَمَا كُنَّا مُهْلِكِى الْقُرٰىٓ اِلَّا وَاَهْلُهَا ظٰلِمُوْنَ٥٩
Wa mā kāna rabbuka muhlikal-qurā ḥattā yab‘aṡa fī ummihā rasūlay yatlū ‘alaihim āyātinā, wa mā kunnā muhlikil-qurā illā wa ahluhā ẓālimūn(a).
[59] Lan Pengéranmu ora bakal numpes negari-negari, seurungé Penjenengané ngutus sewiji utusan neng pusat kotané sing macakna ayat-ayat-É Ingsun maring wong-wong kuwé; lan (uga) ora naté Ingsun numpes (warga) negari; kejaba wargané padha temindak aniaya (dolim).

وَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَمَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَزِيْنَتُهَا ۚوَمَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ وَّاَبْقٰىۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ٦٠
Wa mā ūtītum min syai'in famatā‘ul-ḥayātid-dun-yā wa zīnatuhā, wa mā ‘indallāhi khairuw wa abqā, afalā ta‘qilūn(a).
[60] Lan apa baé (bandha, pangkat, keturunan) sing déparingna maring ko kabéh, mangka kuwé mung kesenengané urip kedunyan lan pepaésé; éwadéné apa sing neng sisihé Gusti Allah kuwé lewih apik lan lewih langgeng. Apa ko kabéh padha ora mengerténi?

اَفَمَنْ وَّعَدْنٰهُ وَعْدًا حَسَنًا فَهُوَ لَاقِيْهِ كَمَنْ مَّتَّعْنٰهُ مَتَاعَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ثُمَّ هُوَ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ مِنَ الْمُحْضَرِيْنَ٦١
Afamaw wa‘adnāhu wa‘dan ḥasanan fahuwa lāqīhi kamam matta‘nāhu matā‘al-ḥayātid-dun-yā ṡumma huwa yaumal-qiyāmati minal-muḥḍarīn(a).
[61] Mangka apa padha wong sing Ingsun janjékna maring dhéwéké kabéh kanthi janji sing becik (suwarga) banjur dhéwéké mekolih kuwé, karo wong sing Ingsun paringi urip seneng neng dunya; 613 banjur rikala dina Kiyamat dhéwéké kelebu wong-wong sing padha deséréd (maring njero neraka)?
613) Maksudé: wong sing déwéhi kanékmatan urip neng dunya ning ora denggo nggolét kesbecikan urip akhérat, merga kuwé dhéwéké neng akhérat délebokna neraka.

وَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ فَيَقُوْلُ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ٦٢
Wa yauma yunādīhim fayaqūlu aina syurakā'iyal-lażīna kuntum taz‘umūn(a).
[62] Lan élinga dina rikala Penjenengané (Gusti Allah) nimbali wong-wong kuwé lan dhawuh, “Neng ngendi sekuthon-sekuthoné Ingsun sing ganu ko padha kira?”

قَالَ الَّذِيْنَ حَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ رَبَّنَا هٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَغْوَيْنَاۚ اَغْوَيْنٰهُمْ كَمَا غَوَيْنَاۚ تَبَرَّأْنَآ اِلَيْكَ مَا كَانُوْٓا اِيَّانَا يَعْبُدُوْنَ٦٣
Wa qālal-lażīna ḥaqqa ‘alaihimul-qaulu rabbanā hā'ulā'il-lażīna agwainā, agwaināhum kamā gawainā, tabarra'nā ilaika mā kānū iyyānā ya‘budūn(a).
[63] Wong-wong sing wis mesthi bakal olih ukuman ngucap, “Dhuh Pengéran kula sami, tiyang-tiyang niki nggih niku tiyang ingkang kula sami sasaraken; kula sami sasaraken tiyang-tiyang niku kados déné kula (kiyambek) sami kesasar, kula sedaya mertelakaken dhateng Penjenengan, mboten urusan (dhateng tiyang-tiyang niku), kiyambeké niku éstu sami mboten pisan-pisan nyembah kula sedaya.”

وَقِيْلَ ادْعُوْا شُرَكَاۤءَكُمْ فَدَعَوْهُمْ فَلَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهُمْ ۗوَرَاَوُا الْعَذَابَۚ لَوْ اَنَّهُمْ كَانُوْا يَهْتَدُوْنَ٦٤
Wa qīlad‘ū syurakā'akum fada‘auhum falam yastajībū lahum wa ra'awul-‘ażāb(a), lau annahum kānū yahtadūn(a).
[64] Lan dédhawuhna (maring wong-wong kuwé), “Celuken sekuthon-sekuthoné ko kabéh,” banjur dhéwéké padha celuk-celuk, ning sing deceluki ora padha semaur, lan wong-wong kuwé padha weruh siksa. (Dhéwéké kuwé padha kepéngin) énggané gemiyén wong-wong kuwé padha gelem nampa pituduh.

وَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ فَيَقُوْلُ مَاذَآ اَجَبْتُمُ الْمُرْسَلِيْنَ٦٥
Wa yauma yunādīhim fayaqūlu māżā ajabtumul-mursalīn(a).
[65] Lan (élinga) neng dina rikala Penjenengané (Gusti Allah) nimbali wong-wong kuwé, lan dhawuh, “Apa wangsulané ko kabéh maring para utusan?”

فَعَمِيَتْ عَلَيْهِمُ الْاَنْۢبَاۤءُ يَوْمَىِٕذٍ فَهُمْ لَا يَتَسَاۤءَلُوْنَ٦٦
Fa ‘amiyat ‘alaihimul-ambā'u yauma'iżin fahum lā yatasā'alūn(a).
[66] Mangka, peteng tumrap wong-wong kuwé sekabéh alesan neng dina kuwé, merga kuwé dhéwéké ora padha takon-takonan.

فَاَمَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَعَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ٦٧
Fa ammā man tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa‘asā ay yakūna minal-mufliḥīn(a).
[67] Mangka anadéné wong sing tobat lan precaya, lan nglakoni kebecikan, mangka moga-moga dhéwéké klebu wong sing padha begya.

وَرَبُّكَ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ وَيَخْتَارُ ۗمَا كَانَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ ۗسُبْحٰنَ اللّٰهِ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٦٨
Wa rabbuka yakhluqu mā yasyā'u wa yakhtār(u), mā kāna lahumul-khiyarah(tu), subḥānallāhi wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[68] Lan Pengéranmu nyiptakna lan milih apa sing Penjenengané kersakna. Tumrap dhéwéké (menungsa) ora nana pilihan. Mahasuci Gusti Allah lan Mahaluhur Penjenengané sekang apa sing wong-wong kuwé padha sekuthokna.

وَرَبُّكَ يَعْلَمُ مَا تُكِنُّ صُدُوْرُهُمْ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٦٩
Wa rabbuka ya‘lamu mā tukinnu ṣudūruhum wa mā yu‘linūn(a).
[69] Lan Pengéranmu ngawuningani apa sing padha deumpetna neng njero dhadhané dhéwéké lan ngawuningani apa sing dhéwéké padha edhéngna.

وَهُوَ اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗ لَهُ الْحَمْدُ فِى الْاُوْلٰى وَالْاٰخِرَةِ ۖوَلَهُ الْحُكْمُ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٧٠
Wa huwallāhu lā ilāha illā huw(a), lahul-ḥamdu fil-ūlā wal-ākhirah(ti), wa lahul-ḥukmu wa ilaihi turja‘ūn(a).
[70] Lan Penjenengané (Gusti Allah), ora nana Pengéran (sing patut désembah) kejaba Penjenengané, sekabéh pengalembana konjuk Penjenengané neng dunya lan akhérat, lan kagungan Penjenengané sekabéh penemton, lan maring Penjenengané ko kabéh débalékna.

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ جَعَلَ اللّٰهُ عَلَيْكُمُ الَّيْلَ سَرْمَدًا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ يَأْتِيْكُمْ بِضِيَاۤءٍ ۗ اَفَلَا تَسْمَعُوْنَ٧١
Qul ara'aitum in ja‘alallāhu ‘alaikumul-laila sarmadan ilā yaumil-qiyāmati man ilāhun gairullāhi ya'tīkum biḍiyā'(in), afalā tasma‘ūn(a).
[71] Dhawuha (Muhammad), “Kepriwé penemumu umpamané Gusti Allah ndadékna nggo ko kabéh, wengi terus-terusan nganti dina Kiyamat. Sapa sembahan seliyané Gusti Allah sing bakal nekakna cahya padhang maring ko kabéh? Apa ko ora padha krungu?”

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ جَعَلَ اللّٰهُ عَلَيْكُمُ النَّهَارَ سَرْمَدًا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ يَأْتِيْكُمْ بِلَيْلٍ تَسْكُنُوْنَ فِيْهِ ۗ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَ٧٢
Qul ara'aitum in ja‘alallāhu ‘alaikumun-nahāra sarmadan ilā yaumil-qiyāmati man ilāhun gairullāhi ya'tīkum bilailin taskunūna fīh(i), afalā tubṣirūn(a).
[72] Dhawuha (Muhammad) “Kepriwé penemumu umpamané Gusti Allah ndadékna nggo ko kabéh, awan kuwé terus-terusan nganti dina Kiyamat. Sapa sembahan seliyané Gusti Allah sing bakal nekakna wengi maring sliramu minangka nggo wektuné ko padha ngaso? Apa ko ora padha nggatékna?”

وَمِنْ رَّحْمَتِهٖ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٧٣
Wa mir raḥmatihī ja‘ala lakumul-laila wan-nahāra litaskunū fīhi wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[73] Lan kuwé (merga) kewelaséné Gusti Allah, Penjenengané ndadékna wektu awan lan wengi, supaya ko padha ngaso neng wektu wengi lan supaya ko padha nggolét sebagéan peparingé Penjenengané (neng wektu awan) lan supaya ko padha kesuwun (sukur) maring Penjenengané.

وَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ فَيَقُوْلُ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ٧٤
Wa yauma yunādīhim fayaqūlu aina syurakā'iyal-lażīna kuntum taz‘umūn(a).
[74] Lan (élinga) neng dina rikala Penjenengané (Gusti Allah) nimbali wong-wong kuwé, lan dhawuh, “Neng endi sekuthon-sekuthoné Ingsun sing gemiyén ko padha sangka?”

وَنَزَعْنَا مِنْ كُلِّ اُمَّةٍ شَهِيْدًا فَقُلْنَا هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْ فَعَلِمُوْٓا اَنَّ الْحَقَّ لِلّٰهِ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ٧٥
Wa naza‘nā min kulli ummatin syahīdan faqulnā hātū burhānakum fa‘alimū annal-ḥaqqa lillāhi wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[75] Lan Ingsun tekakna sekang saben umat sewiji seksi, 614 banjur Ingsun dhawuh, “Pertelakna bukti beneré ko,” mangka padha ngaweruhi wong-wong kuwé lamon sing hak (bebener) kuwé kagungané Gusti Allah lan ilang sekang dhéwéké kabéh apa sing gemiyén dhéwéké padha ana-anakna.
614) Sing démaksud: seksi neng kéné yakuwé rasul sing déutus maring dhéwéké sawetara wektu.

۞ اِنَّ قَارُوْنَ كَانَ مِنْ قَوْمِ مُوْسٰى فَبَغٰى عَلَيْهِمْ ۖوَاٰتَيْنٰهُ مِنَ الْكُنُوْزِ مَآ اِنَّ مَفَاتِحَهٗ لَتَنُوْۤاُ بِالْعُصْبَةِ اُولِى الْقُوَّةِ اِذْ قَالَ لَهٗ قَوْمُهٗ لَا تَفْرَحْ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْفَرِحِيْنَ٧٦
Inna qārūna kāna min qaumi mūsā fabagā ‘alaihim, wa ātaināhu minal-kunūzi mā inna mafātiḥahū latanū'u bil-‘uṣbati ulil-quwwah(ti), iż qāla lahū qaumuhū lā tafraḥ, innallāha lā yuḥibbul-fariḥīn(a).
[76] Setemené Karun klebu kaumé Musa, 615 ning dhéwéké temindak aniaya (dolim) maring wong-wong kuwé, lan Ingsun wis paring kenugrahan maring dhéwéké gudhang bandha sing kunci-kunciné temen abot depikul déning wong-wong sing rosa. (Élinga) rikala kaumé ngucap maring dhéwéké, “Aja pisan-pisan ko keliwat bangga. Temen, Gusti Allah ora karenan maring wong sing padha mbanggakna awaké dhéwék.”
615) Karun yakuwé salah sijiné anak pamané Nabi Musa a.s.

وَابْتَغِ فِيْمَآ اٰتٰىكَ اللّٰهُ الدَّارَ الْاٰخِرَةَ وَلَا تَنْسَ نَصِيْبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَاَحْسِنْ كَمَآ اَحْسَنَ اللّٰهُ اِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِى الْاَرْضِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِيْنَ٧٧
Wabtagi fīmā ātākallāhud-dāral-ākhirata wa lā tansa naṣībaka minad-dun-yā wa aḥsin kama aḥsanallāhu ilaika wa lā tabgil-fasāda fil-arḍ(i), innallāha lā yuḥibbul-mufsidīn(a).
[77] Lan padha nggoléta (ganjaran) negari akhérat kanthi apa sing wis déparingna déning Gusti Allah maring ko kabéh, ning aja pisan-pisan ko kelalekna bagéanmu neng dunya lan lakonana kebecikan (maring wong liya), kayadéné Gusti Allah wis paring kebecikan maring ko kabéh, lan aja pisan-pisan ko padha gawé kerusakan neng bumi. Temen, Gusti Allah ora karenan maring wong-wong sing padha gawé kerusakan.

قَالَ اِنَّمَآ اُوْتِيْتُهٗ عَلٰى عِلْمٍ عِنْدِيْۗ اَوَلَمْ يَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ قَدْ اَهْلَكَ مِنْ قَبْلِهٖ مِنَ الْقُرُوْنِ مَنْ هُوَ اَشَدُّ مِنْهُ قُوَّةً وَّاَكْثَرُ جَمْعًا ۗوَلَا يُسْـَٔلُ عَنْ ذُنُوْبِهِمُ الْمُجْرِمُوْنَ٧٨
Qāla innamā ūtītuhū ‘alā ‘ilmin ‘indī, awalam ya‘lam annallāha qad ahlaka min qablihī minal-qurūni man huwa asyaddu minhu quwwataw wa akṡaru jam‘ā(n), wa lā yus'alu ‘an żunūbihimul-mujrimūn(a).
[78] Dhéwéké (Karun) ngucap, “Setemené inyong déparingi (bandha kuwé), mung merga kawruh sing tek duwéni.” Apa dhéwéké ora ngaweruhi, lamon Gusti Allah wis numpes umat-umat seurungé sing lewih kuwat tenimbang dhéwéké, lan lewih akéh olihé ngumpulna bandha? Lan wong-wong sing padha dosa kuwé ora perlu détakoni ngenani dosa-dosané dhéwéké kabéh.

فَخَرَجَ عَلٰى قَوْمِهٖ فِيْ زِيْنَتِهٖ ۗقَالَ الَّذِيْنَ يُرِيْدُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا يٰلَيْتَ لَنَا مِثْلَ مَآ اُوْتِيَ قَارُوْنُۙ اِنَّهٗ لَذُوْ حَظٍّ عَظِيْمٍ٧٩
Fa kharaja ‘alā qaumihī fī zīnatih(ī), qālal-lażīna yurīdūnal-ḥayātad-dun-yā yā laita lanā miṡla mā ūtiya qārūn(u), innahū lażū ḥaẓẓin ‘aẓīm(in).
[79] Mangka dhéwéké (Karun) metu maring kaumé kanthi kemoncerané. Wong-wong sing padha kepéngin penguripan dunya ngucap, “Moga-moga inyong kabéh padha duwé bandha kayadéné apa sing wis déparingna maring Karun, setemené dhéwéké nyata-nyata wong sing duwé kebegyan sing gedhé.”

وَقَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ وَيْلَكُمْ ثَوَابُ اللّٰهِ خَيْرٌ لِّمَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ۚوَلَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا الصّٰبِرُوْنَ٨٠
Wa qālal-lażīna ūtul-‘ilma wailakum ṡawābullāhi khairul liman āmana wa ‘amila ṣāliḥā(n), wa lā yulaqqāhā illaṣ-ṣābirūn(a).
[80] Ning wong-wong sing déparingi kawruh padha ngucap, “Cilaka ko padha! Kawruhana, ganjarané Gusti Allah lewih apik nggo wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, lan (ganjaran sing gedhé) kuwé mung depekolih déning wong-wong sing padha sabar.”

فَخَسَفْنَا بِهٖ وَبِدَارِهِ الْاَرْضَ ۗفَمَا كَانَ لَهٗ مِنْ فِئَةٍ يَّنْصُرُوْنَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۖوَمَا كَانَ مِنَ الْمُنْتَصِرِيْنَ٨١
Fakhasafnā bihī wa bidārihil-arḍ(a), famā kāna lahū min fi'atiy yanṣurūnahū min dūnillāh(i), wa mā kāna minal-muntaṣirīn(a).
[81] Mangka Ingsun blesekna dhéwéké (Karun) karo umahé maring njero bumi. Mangka ora nana nggo dhéwéké sewiji golongan sing bakal nulungi dhéwéké kejaba Gusti Allah, lan dhéwéké ora klebu wong sing bisa mbélani awaké dhéwék.

وَاَصْبَحَ الَّذِيْنَ تَمَنَّوْا مَكَانَهٗ بِالْاَمْسِ يَقُوْلُوْنَ وَيْكَاَنَّ اللّٰهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُۚ لَوْلَآ اَنْ مَّنَّ اللّٰهُ عَلَيْنَا لَخَسَفَ بِنَا ۗوَيْكَاَنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْكٰفِرُوْنَ ࣖ٨٢
Wa aṣbaḥal-lażīna tamannau makānahū bil-amsi yaqūlūna waika'annallāha yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u min ‘ibādihī wa yaqdir(u), lau lā am mannallāhu ‘alainā lakhasafa binā, waika'annahū lā yufliḥul-kāfirūn(a).
[82] Lan wong-wong sing winginé ngangen-angenaken drajaté (Karun) kuwé padha ngucap, “Dhuh, nyata bener lamon Gusti Allah sing njembarna rejeki nggo sapa wongé sing Penjenengané kersakna neng antarané kewula-kewula-Né lan matesi (tumrap sapa baé sing Penjenengané kersakna neng antarané kewula-kewula-Né). Sekirané Gusti Allah ora nglubérna peparing-É maring inyong kabéh, mesthi Penjenengané uga wis mblesekna inyong kabéh. Dhuh, nyata bener lamon ora bakal begya wong sing padha ngingkari (nékmaté Gusti Allah).”

تِلْكَ الدَّارُ الْاٰخِرَةُ نَجْعَلُهَا لِلَّذِيْنَ لَا يُرِيْدُوْنَ عُلُوًّا فِى الْاَرْضِ وَلَا فَسَادًا ۗوَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ٨٣
Tilkad-dārul-ākhiratu naj‘aluhā lil-lażīna lā yurīdūna ‘uluwwan fil-arḍi wa lā fasādā(n), wal-‘āqibatu lil-muttaqīn(a).
[83] Negari akhérat kuwé Ingsun gawé nggo wong-wong sing padha ora gemedhé lan ora gawé kerusakan neng bumi. Lan pungkasan (sing apik) 616 kuwé nggo wong-wong sing padha semarah (takwa).
616) Yakuwé suwarga

مَنْ جَاۤءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهٗ خَيْرٌ مِّنْهَاۚ وَمَنْ جَاۤءَ بِالسَّيِّئَةِ فَلَا يُجْزَى الَّذِيْنَ عَمِلُوا السَّيِّاٰتِ اِلَّا مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٨٤
Man jā'a bil-ḥasanati falahū khairum minhā, wa man jā'a bis-sayyi'ati falā yujzal-lażīna ‘amilus-sayyi'āti illā mā kānū ya‘malūn(a).
[84] Sapa wongé sing teka kanthi (nggawa) kebecikan, mangka dhéwéké bakal olih (ganjaran) sing lewih apik tenimbang kebecikané kuwé; lan sapa wongé teka kanthi (nggawa) kejahatan, mangka wong-wong sing nglakoni kejahatan kuwé mung déparingi piwales (imbang) karo apa sing wis dhéwéké padha pergawé.

اِنَّ الَّذِيْ فَرَضَ عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ لَرَاۤدُّكَ اِلٰى مَعَادٍ ۗقُلْ رَّبِّيْٓ اَعْلَمُ مَنْ جَاۤءَ بِالْهُدٰى وَمَنْ هُوَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٨٥
Innal-lażī faraḍa ‘alaikal-qur'āna larādduka ilā ma‘ād(in), qur rabbī a‘lamu man jā'a bil-hudā wa man huwa fī ḍalālim mubīn(in).
[85] Setemené (Gusti Allah) sing majibna sliramu (Muhammad) nggo (ngleksanakna hukum-hukum) Al-Qur’an, temen-temen bakal mbalékna sliramu maring panggonan bali. 617 Dhawuha (Muhammad), “Pengéranku ngawuningani wong sing nggawa pituduh lan wong-wong neng sejeroné kesasar sing nyata.”
617) Maksudé panggonan nggo bali neng kéné yakuwé kota Mekah. Kiyé sewijiné janjiné Gusti Allah, Nabi Muhammad s.a.w. arep bali maring Mekah dadi wong sing menang, lan kiyé wis kedadéan wektu taun kaping wolu hijriyah rikala Nabi naklukna Mekah. Kiyé uga salah sijiné mukjijaté Nabi.

وَمَا كُنْتَ تَرْجُوْٓا اَنْ يُّلْقٰٓى اِلَيْكَ الْكِتٰبُ اِلَّا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُوْنَنَّ ظَهِيْرًا لِّلْكٰفِرِيْنَ ۖ٨٦
Wa mā kunta tarjū ay yulqā ilaikal-kitābu illā raḥmatam mir rabbika falā takūnanna ẓahīral lil-kāfirīn(a).
[86] Lan sliramu (Muhammad) ora tau ngarep-arep supaya Kitab (Al-Qur’an) kuwé déturunaken maring sliramu, ning Al-Qur’an kuwé déturunaken minangka kewelasan (rahmat) sekang Pengéranmu, merga kuwé aja pisan-pisan sliramu dadi penulung tumrap wong sing padha mbangkang (kapir),

وَلَا يَصُدُّنَّكَ عَنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ بَعْدَ اِذْ اُنْزِلَتْ اِلَيْكَ وَادْعُ اِلٰى رَبِّكَ وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ ۚ٨٧
Wa lā yaṣuddunnaka ‘an āyātillāhi ba‘da iż unzilat ilaika wad‘u ilā rabbika wa lā takūnanna minal-musyrikīn(a).
[87] lan aja nganti wong-wong mau ngalang-ngalangi sliramu (Muhammad) nggo (mbutulna) ayat-ayat-É Gusti Allah, sewisé ayat-ayat kuwé déturunaken maring sliramu, lan ajéka (menungsa) supaya (precaya) maring Pengéranmu, lan sliramu aja kelebu wong-wong sing padha nyekuthokna (musrik).

وَلَا تَدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَۘ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ كُلُّ شَيْءٍ هَالِكٌ اِلَّا وَجْهَهٗ ۗ لَهُ الْحُكْمُ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ ࣖ٨٨
Wa lā tad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhar(a), lā ilāha illā huw(a), kullu syai'in hālikun illā wajhah(ū), lahul-ḥukmu wa ilaihi turja‘ūn(a).
[88] Lan sliramu aja (uga) padha nyembah Pengéran kejaba Gusti Allah. Ora nana Pengéran (sing patut désembah) kejaba Penjenengané. Samubarang kabéh mesthi sirna, kejaba Gusti Allah. Sekabéh putusan dadi kewenangané Gusti Allah, lan mung maring Penjenengané ko kabéh bakal débalékna.