Surah An-Naml

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰسۤ ۚ تِلْكَ اٰيٰتُ الْقُرْاٰنِ وَكِتَابٍ مُّبِيْنٍ ۙ١
Ṭā Sīn, tilka āyātul-qur'āni wa kitābim mubīn(in).
[1] Thā Sīn. Kiyé ayat-ayat Al-Qur’an, lan Kitab sing cetha,

هُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ ۙ٢
Hudaw wa busyrā lil-mu'minīn(a).
[2] pituduh lan werta bebungah nggo wong sing padha precaya,

الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَ٣
Allażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa hum bil-ākhirati hum yūqinūn(a).
[3] (yakuwé) wong sing padha nglakoni sembayang lan mbayar jakat, lan precaya maring anané akhérat.

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ زَيَّنَّا لَهُمْ اَعْمَالَهُمْ فَهُمْ يَعْمَهُوْنَ ۗ٤
Innal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati zayyannā lahum a‘mālahum fahum ya‘mahūn(a).
[4] Setemené wong-wong sing padha ora precaya maring akhérat, Ingsun dadékna penggawéan-penggawéan (sing ala) keton apik tumrap dhéwéké kabéh, saéngga wong-wong kuwé padha gulang neng sejeroné kesasar.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَهُمْ سُوْۤءُ الْعَذَابِ وَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ هُمُ الْاَخْسَرُوْنَ٥
Ulā'ikal-lażīna lahum sū'ul-‘ażābi wa hum fil-ākhirati humul-akhsarūn(a).
[5] Dhéwéké kabéh kuwé wong sing padha olih siksa ala (neng dunya) lan wong-wong kuwé neng akhérat dadi wong sing padha paling kapitunan.

وَاِنَّكَ لَتُلَقَّى الْقُرْاٰنَ مِنْ لَّدُنْ حَكِيْمٍ عَلِيْمٍ٦
Wa innaka latulaqqal-qur'āna mil ladun ḥakīmin ‘alīm(in).
[6] Lan setemené sliramu (Muhammad) temen-temen wis déparingi Al-Qur’an sekang ngarsané (Gusti Allah) Sing Mahawicaksana, Maha Ngawuningani.

اِذْ قَالَ مُوْسٰى لِاَهْلِهٖٓ اِنِّيْٓ اٰنَسْتُ نَارًاۗ سَاٰتِيْكُمْ مِّنْهَا بِخَبَرٍ اَوْ اٰتِيْكُمْ بِشِهَابٍ قَبَسٍ لَّعَلَّكُمْ تَصْطَلُوْنَ٧
Iż qāla mūsā li'ahlihī innī ānastu nārā(n), sa'ātīkum minhā bikhabarin au ātīkum bisyihābin qabasil la‘allakum taṣṭalūn(a).
[7] (Élinga) rikala Musa ngucap maring keluwarganè, “Temen, inyong weruh geni. Inyong arep nggawa werta ngenani kuwé maring ko kabéh, utawa inyong arep nggawa obor maring ko supayané ko padha bisa garang (ngangetna awak neng péreké geni).”

فَلَمَّا جَاۤءَهَا نُوْدِيَ اَنْۢ بُوْرِكَ مَنْ فِى النَّارِ وَمَنْ حَوْلَهَاۗ وَسُبْحٰنَ اللّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨
Falammā jā'ahā nūdiya am būrika man fin-nāri wa man ḥaulahā, wa subḥānallāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[8] Mangka rikala dhéwéké butul maring nganah (panggonan geni kuwé), dhèwèkè dédhawuhi, “Wis déberkahi wong-wong sing neng sepéreké geni, lan wong-wong sing ana neng seubengé. Mahasuci Gusti Allah, Pengéran sekabéhé ngalam.”

يٰمُوْسٰٓى اِنَّهٗٓ اَنَا اللّٰهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ۙ٩
Yā mūsā innahū anallāhul-‘azīzul-ḥakīm(u).
[9] (Gusti Allah dhawuh), “Hé Musa! Setemené Ingsun kiyé Gusti Allah, Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.

وَاَلْقِ عَصَاكَ ۗفَلَمَّا رَاٰهَا تَهْتَزُّ كَاَنَّهَا جَاۤنٌّ وَّلّٰى مُدْبِرًا وَّلَمْ يُعَقِّبْۗ يٰمُوْسٰى لَا تَخَفْۗ اِنِّيْ لَا يَخَافُ لَدَيَّ الْمُرْسَلُوْنَ ۖ١٠
Wa alqi ‘aṣāk(a), falammā ra'āhā tahtazzu ka'annahā jānnuw wallā mudbiraw wa lam yu‘aqqib, yā mūsā lā takhaf, innī lā yakhāfu ladayyal-mursalūn(a).
[10] Lan uncalna tekenmu!” Mangka rikala (teken kuwé malik dadi ula lan) Musa weruh teken kuwé obah kaya ula sing giras, mangka dhéwéké mlayu mbalik maring mburi tanpa nylinguk. “Hé Musa! Aja wedi! Setemenè neng ngarepé Ingsun para utusan ora perlu wedi,

اِلَّا مَنْ ظَلَمَ ثُمَّ بَدَّلَ حُسْنًاۢ بَعْدَ سُوْۤءٍ فَاِنِّيْ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١١
Illā man ẓalama ṡumma baddala ḥusnam ba‘da sū'in fa innī gafūrur raḥīm(un).
[11] kejaba wong sing padha nglakoni aniaya (dolim) banjur ngowahi kanthi kebecikan sewisé kejahatan (tobat); mangka temen, Ingsun Maha Ngampura, Mahaasih.

وَاَدْخِلْ يَدَكَ فِيْ جَيْبِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍۙ فِيْ تِسْعِ اٰيٰتٍ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَقَوْمِهٖۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ١٢
Wa adkhil yadaka fī jaibika takhruj baiḍā'a min gairi sū'(in), fī tis‘i āyātin ilā fir‘auna wa qaumih(ī), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[12] Lan lebokna tanganmu maring gulon klambimu, 592 mesthi kuwé bakal metu dadi putih (mencorong) tanpa cacad. (Loro-loroné mukjijat kiyé) kelebu sangang mukjijat (sing bakal déjongokna) maring Fir’aun lan kaumé. Dhéwéké kabéh kuwé nyata-nyata wong sing padha dosa (pasék).
592) Nyéléhna tangan maring dhadha ngliwati gulu kelambi.

فَلَمَّا جَاۤءَتْهُمْ اٰيٰتُنَا مُبْصِرَةً قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ١٣
Falammā jā'athum āyātunā mubṣiratan qālū hāżā siḥrum mubīn(un).
[13] Mangka rikala mukjijat-mukjijaté Ingsun sing cetha kuwé butul maring wong-wong kuwé, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé sihir sing nyata.”

وَجَحَدُوْا بِهَا وَاسْتَيْقَنَتْهَآ اَنْفُسُهُمْ ظُلْمًا وَّعُلُوًّاۗ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِيْنَ ࣖ١٤
Wa jaḥadū bihā wastaiqanathā anfusuhum ẓulmaw wa ‘uluwwā(n), fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mufsidīn(a).
[14] Lan dhéwéké kabéh padha ngingkari kuwé merga aniayané lan gemedhéné, mangkané atiné wong-wong mau padha precaya maring (mukjijat) kuwé. Mangka gatékna kepriwè wekasané wong-wong sing padha gawé kerusakan.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا دَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ عِلْمًاۗ وَقَالَا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ فَضَّلَنَا عَلٰى كَثِيْرٍ مِّنْ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ١٥
Wa laqad ātainā dāwūda wa sulaimāna ‘ilmā(n), wa qālal-ḥamdu lillāhil-lażī faḍḍalanā ‘alā kaṡīrim min ‘ibādihil-mu'minīn(a).
[15] Lan temen, Ingsun wis paring ilmu maring Dawud lan Sulaiman, lan loronè ngucap, “Sekabéhé pengalembana kagungané Gusti Allah sing munjulna inyong kabéh sekang akéh kewula-kewula-Né sing padha precaya.”

وَوَرِثَ سُلَيْمٰنُ دَاوٗدَ وَقَالَ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ عُلِّمْنَا مَنْطِقَ الطَّيْرِ وَاُوْتِيْنَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍۗ اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْفَضْلُ الْمُبِيْنُ١٦
Wa wariṡa sulaimānu dāwūda wa qāla yā ayyuhan-nāsu ‘ullimnā manṭiqaṭ-ṭairi wa ūtīnā min kulli syai'(in), inna hāżā lahuwal-faḍlul-mubīn(u).
[16] Lan Sulaiman wis marisi Dawud, 593 lan dhéwéké (Sulaiman) ngucap, “Hé Menungsa! Inyong wis déwarahi basa manuk lan inyong déparingi samubarang kabéh. Temen, (kabéh) kiyé nyata-nyata ganjaran sing sebeneré.”
593) Nabi Sulaiman a.s. ngganténi kenabian lan keratoné Nabi Dawud a.s. uga marisi ngélmu lan Kitab Zabur sing déturunaken maring dhéwéké.

وَحُشِرَ لِسُلَيْمٰنَ جُنُوْدُهٗ مِنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ وَالطَّيْرِ فَهُمْ يُوْزَعُوْنَ١٧
Wa ḥusyira lisulaimāna junūduhū minal-jinni wal-insi waṭ-ṭairi fahum yūza‘ūn(a).
[17] Lan nggo Sulaiman dékumpulna wadyabala (tentara)né sekang jin, menungsa karo manuk, banjur sekabéhané padha baris kanthi tertib.

حَتّٰىٓ اِذَآ اَتَوْا عَلٰى وَادِ النَّمْلِۙ قَالَتْ نَمْلَةٌ يّٰٓاَيُّهَا النَّمْلُ ادْخُلُوْا مَسٰكِنَكُمْۚ لَا يَحْطِمَنَّكُمْ سُلَيْمٰنُ وَجُنُوْدُهٗۙ وَهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ١٨
Ḥattā iżā atau ‘alā wādin-naml(i), qālat namlatuy yā ayyuhan-namludkhulū masākinakum, lā yaḥṭimannakum sulaimānu wa junūduhū wa hum lā yasy‘urūn(a).
[18] Nganti rikala dhéwéké kabéh butul maring lebak semut, sijiné semut ngucap, “Hé semut-semut! Padha mlebua maring léng-léngmu supaya ko ora padha kepidek déning Sulaiman lan wadyabalané, mangkané dhéwéké kabéh padha ora rumangsa.”

فَتَبَسَّمَ ضَاحِكًا مِّنْ قَوْلِهَا وَقَالَ رَبِّ اَوْزِعْنِيْٓ اَنْ اَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلٰى وَالِدَيَّ وَاَنْ اَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضٰىهُ وَاَدْخِلْنِيْ بِرَحْمَتِكَ فِيْ عِبَادِكَ الصّٰلِحِيْنَ١٩
Fatabassama ḍāḥikam min qaulihā wa qāla rabbi auzi‘nī an asykura ni‘matakal-latī an‘amta ‘alayya wa ‘alā wālidayya wa an a‘mala ṣāliḥan tarḍāhu wa adkhilnī biraḥmatika fī ‘ibādikaṣ-ṣāliḥīn(a).
[19] Mangka dhéwéké (Sulaiman) mésem banjur gemuyu merga (krungu) pengucapé semut kuwé. Lan dhéwéké nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, paringi kula wisik (ilham) nggé tetep ngesuwuni nékmaté Penjenengan ingkang empun Penjenengan paringaken dhateng kula lan dhateng sekloroné tiyang sepuh kula lan supados kula nglampahi kesaénan ingkang Penjenengan renani; lan lebetaken kula kanthi kewelasan (rahmat) Penjenengan dhateng golongan kewula-kewula Penjenengan ingkang sami saé (saléh).”

وَتَفَقَّدَ الطَّيْرَ فَقَالَ مَا لِيَ لَآ اَرَى الْهُدْهُدَۖ اَمْ كَانَ مِنَ الْغَاۤىِٕبِيْنَ٢٠
Wa tafaqqadaṭ-ṭaira fa qāla mā liya lā aral-hudhud(a), am kāna minal-gā'ibīn(a).
[20] Lan dhéwéké mriksa manuk-manuk banjur ngucap, “Dénéng inyong ora weruh manuk hud-hud, 594 apa dhéwéké klebu sing ora teka?
594) Hud-hud yakuwé sebangsané manuk platuk.

لَاُعَذِّبَنَّهٗ عَذَابًا شَدِيْدًا اَوْ لَاَا۟ذْبَحَنَّهٗٓ اَوْ لَيَأْتِيَنِّيْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ٢١
La'u‘ażżibannahū ‘ażāban syadīdan au la'ażbaḥannahū au laya'tiyannī bisulṭānim mubīn(in).
[21] Mesthi dhéwéké bakal tek ukum kanthi ukuman sing abot utawa dhéwéké tek sembeléh, kejaba angger dhéwéké teka maring inyong kanthi alesan sing cetha.”

فَمَكَثَ غَيْرَ بَعِيْدٍ فَقَالَ اَحَطْتُّ بِمَا لَمْ تُحِطْ بِهٖ وَجِئْتُكَ مِنْ سَبَاٍ ۢبِنَبَاٍ يَّقِيْنٍ٢٢
Famakaṡa gaira ba‘īdin faqāla aḥaṭtu bimā lam tuḥiṭ bihī wa ji'tuka min saba'im binaba'iy yaqīn(in).
[22] Mangka ora kanthi suwé (manuk hud-hud teka), banjur ngucap, “Inyong ngaweruhi sewijiné prekara sing sampéyan urung kaweruhi. Inyong teka maring sampéyan sekang negari Saba’ 595 (lan) nggawa werta sing mercayani.
595) Saba’ yakuwé jeneng keraton neng jaman gemiyén, ibukotané Ma’rib, panggonané pérek kota San’a, sikiné dadi ibukotané Yaman.

اِنِّيْ وَجَدْتُّ امْرَاَةً تَمْلِكُهُمْ وَاُوْتِيَتْ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ وَّلَهَا عَرْشٌ عَظِيْمٌ٢٣
Innī wajattumra'atan tamlikuhum wa ūtiyat min kulli syai'iw wa lahā ‘arsyun ‘aẓīm(un).
[23] Temen, inyong meruhi ana wong wadon 596 sing ngratoni (mréntah) wong-wong kabéh, lan dhéwéké pinaringan samubarang kabéh, lan duwè korsi gadhing dampar kencana sing gedhè.
596) Ratu Balqis sing mréntah keraton Sabaiyah neng jaman Nabi Sulaiman a.s.

وَجَدْتُّهَا وَقَوْمَهَا يَسْجُدُوْنَ لِلشَّمْسِ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ فَهُمْ لَا يَهْتَدُوْنَۙ٢٤
Wajattuhā wa qaumahā yasjudūna lisy-syamsi min dūnillāhi wa zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum fa ṣaddahum ‘anis-sabīli fahum lā yahtadūn(a).
[24] Inyong (manuk hud-hud) weruh dhéwéké lan kaumé padha nyembah srengéngé, dudu maring Gusti Allah; lan sétan wis ndadékna krasa apik tumrap wong-wong kuwé penggawéan-penggawéan (ala)né dhéwéké, saéngga ngalang-alangi dhéwéké kabéh sekang dalané (Gusti Allah), mangka wong-wong kuwé padha ora olih pituduh,

اَلَّا يَسْجُدُوْا لِلّٰهِ الَّذِيْ يُخْرِجُ الْخَبْءَ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُخْفُوْنَ وَمَا تُعْلِنُوْنَ٢٥
Allā yasjudū lillāhil-lażī yukhrijul-khab'a fis-samāwāti wal-arḍi wa ya‘lamu mā tukhfūna wa mā tu‘linūn(a).
[25] dhéwéké (uga) ora padha nyembah Gusti Allah sing ngetokna apa sing kesimpen neng langit lan bumi 597 lan sing ngawuningani apa sing ko padha umpetna lan apa sing ko padha edhéngna.
597) Umpamané: Nurunaken udan sekang langit, nukulaken wit-witan, ngetokna wesi-wesi sekang bumi lan liya-liyané.

اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۙ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ ۩٢٦
Allāhu lā ilāha illā huwa rabbul-‘arsyil-‘aẓīm(i).
[26] Gusti Allah, ora nana Pengéran anging Penjenengané, Pengéran sing kagungan ‘Arsy sing agung.”

۞ قَالَ سَنَنْظُرُ اَصَدَقْتَ اَمْ كُنْتَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٢٧
Qāla sananẓuru aṣadaqta am kunta minal-kāżibīn(a).
[27] Dhèwèkè (Sulaiman) ngucap, “Bakal inyong titi-titi, apa ko bener apa klebu sing goroh.

اِذْهَبْ بِّكِتٰبِيْ هٰذَا فَاَلْقِهْ اِلَيْهِمْ ثُمَّ تَوَلَّ عَنْهُمْ فَانْظُرْ مَاذَا يَرْجِعُوْنَ٢٨
Iżhab bikitābī hāżā fa alqih ilaihim ṡumma tawalla ‘anhum fanẓur māżā yarji‘ūn(a).
[28] Mangkata kanthi (nggawa) layangku kiyé, lan tibakna maring wong-wong kuwé, banjur mléngosa (kanthi ndhelik) sekang dhéwéké, lan gatékna apa sing wong-wong kuwé padha omongna.”

قَالَتْ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَؤُا اِنِّيْٓ اُلْقِيَ اِلَيَّ كِتٰبٌ كَرِيْمٌ٢٩
Qālat yā ayyuhal-mala'u innī ulqiya ilayya kitābun karīm(un).
[29] Dhéwéké (Balqis) ngucap, “Hé para penggedhé! Setemenè wis débutulna maring inyong sewiji layang sing wigati (mulya).”

اِنَّهٗ مِنْ سُلَيْمٰنَ وَاِنَّهٗ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ ۙ٣٠
Innahū min sulaimāna wa innahū bismillāhir-raḥmānir-raḥīm(i).
[30] Setemenè (layang) kuwé sekang Sulaiman sing isinè, “Kanthi nyebut asmané Gusti Allah Sing Mahawelas, Mahaasih.

اَلَّا تَعْلُوْا عَلَيَّ وَأْتُوْنِيْ مُسْلِمِيْنَ ࣖ٣١
Allā ta‘lū ‘alayya wa'tūnī muslimīn(a).
[31] Aja pisan-pisan ko gemedhé maring inyong lan ngénéh teka maring inyong minangka dadi wong sing padha pasrah awak.”

قَالَتْ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَؤُا اَفْتُوْنِيْ فِيْٓ اَمْرِيْۚ مَا كُنْتُ قَاطِعَةً اَمْرًا حَتّٰى تَشْهَدُوْنِ٣٢
Qālat yā ayyuhal-mala'u aftūnī fī amrī, mā kuntu qāṭi‘atan amran ḥattā tasyhadūn(i).
[32] Dhéwéké (Balqis) ngucap, “Hé para penggedhé! Inyong déwéhi tetimbang ingatasé prekaraku kiyé. Inyong urung nglakon gawé putusan ingatasé sewiji prekara seurungè ko padha teka maring pesamuané inyong.”

قَالُوْا نَحْنُ اُولُوْا قُوَّةٍ وَّاُولُوْا بَأْسٍ شَدِيْدٍ ەۙ وَّالْاَمْرُ اِلَيْكِ فَانْظُرِيْ مَاذَا تَأْمُرِيْنَ٣٣
Qālū naḥnu ulū quwwatiw wa ulū ba'sin syadīd(in), wal-amru ilaiki fanẓurī māżā ta'murīn(a).
[33] Dhéwéké (para penggedhé) semaur, “Dhéwék kabéh duwé kekuwatan lan kekendelan sing banget gedhéné (nggo perang), ning putusan ana neng sampéyan; mangka detimbang-timbang dhisit apa sing bakal sampéyan préntahna.”

قَالَتْ اِنَّ الْمُلُوْكَ اِذَا دَخَلُوْا قَرْيَةً اَفْسَدُوْهَا وَجَعَلُوْٓا اَعِزَّةَ اَهْلِهَآ اَذِلَّةً ۚوَكَذٰلِكَ يَفْعَلُوْنَ٣٤
Qālat innal-mulūka iżā dakhalū qaryatan afsadūhā wa ja‘alū a‘izzata ahlihā ażillah(tan), wa każālika yaf‘alūn(a).
[34] Dhéwéké (Balqis) ngucap, “Setemenè, raja-raja rikala njajah sewiji negari, dhéwéké mesti padha ngrusak, lan ndadékna wargané sing mulya kanthi ina; lan mengkana kuwé sing bakal dhéwéké padha pergawé.

وَاِنِّيْ مُرْسِلَةٌ اِلَيْهِمْ بِهَدِيَّةٍ فَنٰظِرَةٌ ۢبِمَ يَرْجِعُ الْمُرْسَلُوْنَ٣٥
Wa innī mursilatun ilaihim bihadiyyatin fanāẓiratun bima yarji‘ul-mursalūn(a).
[35] Lan temen, inyong arep ngirim utusan maring wong-wong kuwé kanthi (nggawa) palimarma (hadiah), lan inyong arep ngenténi apa sing bakal degawa bali déning utusan-utusan kuwé.”

فَلَمَّا جَاۤءَ سُلَيْمٰنَ قَالَ اَتُمِدُّوْنَنِ بِمَالٍ فَمَآ اٰتٰىنِ َۧ اللّٰهُ خَيْرٌ مِّمَّآ اٰتٰىكُمْۚ بَلْ اَنْتُمْ بِهَدِيَّتِكُمْ تَفْرَحُوْنَ٣٦
Falammā jā'a sulaimāna qāla atumiddūnani bimālin famā ātāniyallāhu khairum mimmā ātākum, bal antum bihadiyyatikum tafraḥūn(a).
[36] Mangka rikala (utusan-utusan kuwé) butul maring Sulaiman, dhéwéké (Sulaiman) ngucap, “Apa ko arep padha awéh bandha maring inyong? Apa sing Gusti Allah paringna maring inyong kuwé lewih apik tenimbang apa sing Gusti Allah paringna maring ko kabéh; ning ko padha bangga ingatasé palimarmané ko kabeh.

اِرْجِعْ اِلَيْهِمْ فَلَنَأْتِيَنَّهُمْ بِجُنُوْدٍ لَّا قِبَلَ لَهُمْ بِهَا وَلَنُخْرِجَنَّهُمْ مِّنْهَآ اَذِلَّةً وَّهُمْ صٰغِرُوْنَ٣٧
Irji‘ ilaihim falana'tiyannahum bijunūdil lā qibala lahum bihā wa lanukhrijannahum minhā ażillataw wa hum ṣāgirūn(a).
[37] Padha balia ko maring dhéwéké kabéh! Temen, inyong bakal padha nekani dhéwéké kanthi wadyabala sing dhéwéké ora kewawa nglawan kuwé. Lan inyong bakal padha ngurak wong-wong kabéh sekang negari kuwé (Saba’) kanthi ina, lan dhéwéké kabéh bakal dadi (tawanan) sing banget inané.”

قَالَ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَؤُا اَيُّكُمْ يَأْتِيْنِيْ بِعَرْشِهَا قَبْلَ اَنْ يَّأْتُوْنِيْ مُسْلِمِيْنَ٣٨
Qāla yā ayyuhal-mala'u ayyukum ya'tīnī bi‘arsyihā qabla ay ya'tūnī muslimīn(a).
[38] Sulaiman ngucap, “Hé para penggedhé! Sapa neng antarané ko kabéh sing bisa nggawa korsiné (Balkis) maring inyong seurungé dhéwéké padha teka maring inyong seperlu pasrah awak?”

قَالَ عِفْرِيْتٌ مِّنَ الْجِنِّ اَنَا۠ اٰتِيْكَ بِهٖ قَبْلَ اَنْ تَقُوْمَ مِنْ مَّقَامِكَۚ وَاِنِّيْ عَلَيْهِ لَقَوِيٌّ اَمِيْنٌ٣٩
Qāla ‘ifrītum minal-jinni ana atīka bihī qabla an taqūma mim maqāmik(a), wa innī ‘alaihi laqawiyyun amīn(un).
[39] ‘Ifrit, sekang golongan jin, ngucap, “Inyong sing bakal nggawa korsi kuwé maring sampéyan seurungé sampéyan ngadeg sekang pelungguhan sampéyan; lan temen, inyong kewawa nglakoni kuwé tur bisa déandelna.”

قَالَ الَّذِيْ عِنْدَهٗ عِلْمٌ مِّنَ الْكِتٰبِ اَنَا۠ اٰتِيْكَ بِهٖ قَبْلَ اَنْ يَّرْتَدَّ اِلَيْكَ طَرْفُكَۗ فَلَمَّا رَاٰهُ مُسْتَقِرًّا عِنْدَهٗ قَالَ هٰذَا مِنْ فَضْلِ رَبِّيْۗ لِيَبْلُوَنِيْٓ ءَاَشْكُرُ اَمْ اَكْفُرُۗ وَمَنْ شَكَرَ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ رَبِّيْ غَنِيٌّ كَرِيْمٌ٤٠
Qālal-lażī ‘indahū ‘ilmum minal-kitābi ana ātīka bihī qabla ay yartadda ilaika ṭarfuk(a), falammā ra'āhu mustaqirran ‘indahū qāla hāżā min faḍli rabbī, liyabluwanī a'asykuru am akfur(u), wa man syakara fa'innamā yasykuru linafsih(ī), wa man kafara fa'inna rabbī ganiyyun karīm(un).
[40] Sawijining wong sing duwé ilmu sekang Kitab 598 (Zabur) matur, “Inyong bakal nggawa korsi kuwé maring sampéyan seurungé mripaté sampéyan kemedhép.” Mangka rikala dhéwéké (Sulaiman) weruh korsi kuwé wis semandhing neng ngarepé, dhéwéké ngucap, “Kiyé klebu kenugrahané Pengérané inyong, nggo nguji maring inyong, apa inyong kesuwun (sukur) utawa ingkar maring (nékmaté Gusti Allah). Sapa wongé sing kesuwun, mangka setemené dhéwéké kesuwun nggo (kebecikané) awaké dhéwéké, lan sapa wongé sing ora kesuwun, mangka setemené Pengérané inyong Mahasugih, Mahamulya.”
598) Kitab sing dekarepna neng kene yakuwé kitab sing déturunaken seurungé nabi Sualprecaya.a.s, yakuwé Taurat lan Zabur.

قَالَ نَكِّرُوْا لَهَا عَرْشَهَا نَنْظُرْ اَتَهْتَدِيْٓ اَمْ تَكُوْنُ مِنَ الَّذِيْنَ لَا يَهْتَدُوْنَ٤١
Qāla nakkirū lahā ‘arsyahā nanẓur atahtadī am takūnu minal-lażīna lā yahtadūn(a).
[41] Dhéwéké (Sulaiman) ngucap, “Owahi nggo dhéwéké korsiné, inyong kabéh bakal nyekséni apa dhéwéké (Balqis) ora pangling; utawa ora mengerténi maning.”

فَلَمَّا جَاۤءَتْ قِيْلَ اَهٰكَذَا عَرْشُكِۗ قَالَتْ كَاَنَّهٗ هُوَۚ وَاُوْتِيْنَا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهَا وَكُنَّا مُسْلِمِيْنَ٤٢
Falammā jā'at qīla ahakażā ‘arsyuk(i), qālat ka'annahū huw(a), wa ūtīnal-‘ilma min qablihā wa kunnā muslimīn(a).
[42] Mangka rikala dhéwéké (Balqis) teka, détakokna maring dhéwéké, “Apa kiyé mémper korsiné ko?” Dhéwéké (Balqis) njawab, “Kayong-kayongé kuwé korsiné inyong.” (Lan dhéwéké Balqis ngucap), “Inyong wis padha déparingi weruh seurungè, 599 lan inyong kabéh klebu wong sing padha pasrah awak (maring Gusti Allah).”
599) Balqis wis weruh kenabiané Sulaiman a.s, seurungé korsiné depindhah sekang negeri Saba’ maring Palestina sesuwéné sekedhépan mata.

وَصَدَّهَا مَا كَانَتْ تَّعْبُدُ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاِنَّهَا كَانَتْ مِنْ قَوْمٍ كٰفِرِيْنَ٤٣
Wa ṣaddahā mā kānat ta‘budu min dūnillāh(i), innahā kānat min qaumin kāfirīn(a).
[43] Lan padatané nyembah seliyané Gusti Allah ngalang-ngalangi dhéwéké (nggo nglairna Islamé), merga dhéwéké (Balqis) ganu-ganuné klebu wong-wong mbangkang (kapir).

قِيْلَ لَهَا ادْخُلِى الصَّرْحَۚ فَلَمَّا رَاَتْهُ حَسِبَتْهُ لُجَّةً وَّكَشَفَتْ عَنْ سَاقَيْهَاۗ قَالَ اِنَّهٗ صَرْحٌ مُّمَرَّدٌ مِّنْ قَوَارِيْرَ ەۗ قَالَتْ رَبِّ اِنِّيْ ظَلَمْتُ نَفْسِيْ وَاَسْلَمْتُ مَعَ سُلَيْمٰنَ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٤٤
Qīla lahadkhuliṣ-ṣarḥ(a), falammā ra'athu ḥasibathu lujjataw wa kasyafat ‘an sāqaihā, qāla innahū ṣarḥum mumarradum min qawārīr(a), qālat rabbi innī ẓalamtu nafsī wa aslamtu ma‘a sulaimāna lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[44] Déucapna maring dhéwéké (Balqis), “Mlebua maring njero kraton.” Mangka rikala dhéwéké (Balqis) nyawang (jogan kraton) kuwé, dékirané taman sing amba, lan décincingna (tutup) kémpol loronè. Dhéwéké (Sulaiman) ngucap, “Setemené kiyé mung jogan kraton sing délapisi karo kaca.” Dhéwéké (Balqis) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, éstu, kula empun nganiaya dhateng awak kula kiyambek, lan kula pasrah sareng-sareng Sulaiman dhateng Gusti Allah, Pengéranipun ngalam sedaya.”

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَآ اِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًا اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ فَاِذَا هُمْ فَرِيْقٰنِ يَخْتَصِمُوْنَ٤٥
Wa laqad arsalnā ilā ṡamūda akhāhum ṣāliḥan ani‘budullāha fa'iżā hum farīqāni yakhtaṣimūn(a).
[45] Lan temen, Ingsun wis ngutus maring (kaum) Samud seduluré dhéwéké yakuwé Saleh (sing ajék-ajék), “Sembaha Gusti Allah!” ning dadakan wong-wong kuwé (dadi) rong golongan sing padha mungsuhan.

قَالَ يٰقَوْمِ لِمَ تَسْتَعْجِلُوْنَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِۚ لَوْلَا تَسْتَغْفِرُوْنَ اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٤٦
Qāla yā qaumi lima tasta‘jilūna bis-sayyi'ati qablal-ḥasanah(ti), lau lā tastagfirūnallāha la‘allakum turḥamūn(a).
[46] Dhéwéké (Saléh) ngucap, “Hé kaumé inyong! Kenangapa ko padha nyuwun désigrakna kapialan (prekara ala) seurungé (ko padha nyuwun) kebecikan? Kenangapa ko padha ora nyuwun pengampura maring Gusti Allah, supaya ko padha olih kewelasan?”

قَالُوا اطَّيَّرْنَا بِكَ وَبِمَنْ مَّعَكَۗ قَالَ طٰۤىِٕرُكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ تُفْتَنُوْنَ٤٧
Qāluṭ ṭayyarnā bika wa bimam ma‘ak(a), qāla ṭā'irukum ‘indallāhi bal antum qaumun tuftanūn(a).
[47] Dhéwéké padha semaur, “Inyong kabéh padha olih nasib ala merga sampéyan lan wong-wong sing karo sampéyan.” Dhéwéké (Saléh) ngucap, “Nasibé ko sing kewasa Gusti Allah (udu inyong kabéh sing dadi jalaran), ning ko kabéh kuwé kaum sing lagi padha déuji.”

وَكَانَ فِى الْمَدِيْنَةِ تِسْعَةُ رَهْطٍ يُّفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا يُصْلِحُوْنَ٤٨
Wa kāna fil-madīnati tis‘atu rahṭiy yufsidūna fil-arḍi wa lā yuṣliḥūn(a).
[48] Lan neng kota kuwé 600 ana wong lanang sanga sing padha gawé kerusakan neng dunya, wong-wong mau ora padha gawé kebecikan.
600) Mitirut ahli tapsir, sing dekarepna karo kota kiyé yakuwé kota kaum Samud, yakuwé kota Al-Hijr.

قَالُوْا تَقَاسَمُوْا بِاللّٰهِ لَنُبَيِّتَنَّهٗ وَاَهْلَهٗ ثُمَّ لَنَقُوْلَنَّ لِوَلِيِّهٖ مَا شَهِدْنَا مَهْلِكَ اَهْلِهٖ وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ٤٩
Qālū taqāsamū billāhi lanubayyitannahū wa ahlahū ṡumma lanaqūlanna liwaliyyihī mā syahidnā mahlika ahlihī wa innā laṣādiqūn(a).
[49] Dhéwéké padha ngucap, “Padha sumpaha ko kanthi (asmané) Gusti Allah, lamon inyong mesthi bakal padha nyerang dhéwéké karo kulawargané neng wektu wengi, banjur inyong bakal padha ngucap maring ahli warisé (lamon) inyong kabéh ora nyeksèni kerusakané kulawargané kuwé, lan temen, inyong kabéh kuwé wong sing bener.”

وَمَكَرُوْا مَكْرًا وَّمَكَرْنَا مَكْرًا وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٥٠
Wa makarū makraw wa makarnā makraw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[50] Lan wong-wong mau padha gawé réka daya, lan Ingsun (Gusti Allah) uga ngatur réka daya, mangkadéné wong-wong kuwé ora padha mengerténi.

فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ مَكْرِهِمْ اَنَّا دَمَّرْنٰهُمْ وَقَوْمَهُمْ اَجْمَعِيْنَ٥١
Fanẓur kaifa kāna ‘āqibatu makrihim annā dammarnāhum wa qaumahum ajma‘īn(a).
[51] Mangka padha gatékna kepriwé akibaté réka dayané wong-wong kuwé, lamon Ingsun (Gusti Allah) numpes dhéwéké lan kaumé dhéwéké kabéh.

فَتِلْكَ بُيُوْتُهُمْ خَاوِيَةً ۢبِمَا ظَلَمُوْاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٥٢
Fatilka buyūtuhum khāwiyatam bimā ẓalamū, inna fī żālika la'āyatal liqaumiy ya‘lamūn(a).
[52] Mangka mengkana umah-umahé wong-wong kuwé sing padha ambruk merga aniayané dhéwéké kabéh. Temen, sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha (kewasané Gusti Allah) nggo wong-wong sing padha ngaweruhi.

وَاَنْجَيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ٥٣
Wa anjainal-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[53] Lan Ingsun (Gusti Allah) slametna wong-wong sing padha precaya 601 lan wong-wong kuwé tansah padha semarah (takwa).
601) Nabi Saléh a.s lan wong-wong sing padha mélu dhéwéké.

وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَ وَاَنْتُمْ تُبْصِرُوْنَ٥٤
Wa lūṭan iż qāla liqaumihī ata'tūnal-fāḥisyata wa antum tubṣirūn(a).
[54] Lan (émuta riwayate) Lut, rikala dhéwéké ngucap maring kaumé, “Kenangapa ko padha nglakoni penggawé fāhisah 602 (njijihi), mangkané ko padha ngaweruhi (alané penggawéan kuwé)?”
602) Maksudé fahisyah neng kéné yakuwé junub sing ora lumrah, klebu lanang karo lanang utawa wadon karo wadon.

اَىِٕنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِّنْ دُوْنِ النِّسَاۤءِ ۗبَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُوْنَ٥٥
A'innakum lata'tūnar-rijāla syahwatam min dūnin-nisā'(i), bal antum qaumun tajhalūn(a).
[55] Kenangapa ko padha nekani wong lanang nggo (nuruti) brahiné ko, ora (nekani) wong wadon? Temen, ko kabéh kuwé wong sing padha ora ngaweruhi (akibat penggawéané ko).

۞ فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَخْرِجُوْٓا اٰلَ لُوْطٍ مِّنْ قَرْيَتِكُمْۙ اِنَّهُمْ اُنَاسٌ يَّتَطَهَّرُوْنَ٥٦
Famā kāna jawāba qaumihī illā an qālū akhrijū āla lūṭim min qaryatikum, innahum unāsuy yataṭahharūn(a).
[56] Jawabané kaumé ora liya mung kanthi ngucap, “Urak baé Lut lan kulawargané sekang negarimu; setemené dhéwéké kuwé wong-wong sing padha (nganggep dhéwéké) suci.”

فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ قَدَّرْنٰهَا مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٥٧
Fa'anjaināhu wa ahlahū illamra'atahū qaddarnāhā minal-gābirīn(a).
[57] Mangka Ingsun slametna dhéwéké lan kulawargané, kejaba bojonè. Ingsun wis nemtokna dhéwéké klebu wong-wong sing ketinggal (détumpes).

وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۚ فَسَاۤءَ مَطَرُ الْمُنْذَرِيْنَ ࣖ٥٨
Wa amṭarnā ‘alaihim maṭarā(n), fasā'a maṭarul-munżarīn(a).
[58] Lan Ingsun krutugi dhéwéké kabéh kanthi udan (watu), mangka banget alané udan (sing détibakna) maring wong-wong sing déwéhi pengéling-éling kuwé (ning ora nggoplé).

قُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَسَلٰمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰىۗ ءٰۤاللّٰهُ خَيْرٌ اَمَّا يُشْرِكُوْنَ ۔٥٩
Qulil-ḥamdu lillāhi wa salāmun ‘alā ‘ibādihil-lażīnaṣṭafā, āllāhu khairun ammā yusyrikūn(a).
[59] Dhawuha (Muhammad), “Sekabéhé pengalembana kantur dhateng Gusti Allah lan slamet-begya ingatasè kewula-kewulan-É sing Penjenengané pilih. Apa Gusti Allah sing lewih becik apa sing wong-wong kuwé sekuthokna (karo Penjenengané)?

اَمَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَاَنْزَلَ لَكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَنْۢبَتْنَا بِهٖ حَدَاۤىِٕقَ ذَاتَ بَهْجَةٍۚ مَا كَانَ لَكُمْ اَنْ تُنْۢبِتُوْا شَجَرَهَاۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗبَلْ هُمْ قَوْمٌ يَّعْدِلُوْنَ ۗ٦٠
Am man khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa anzala minas-samā'i mā'an fa ambatnā bihī ḥadā'iqa żāta bahjah(tin), mā kāna lakum an tumbitū syajarahā, a'ilāhum ma‘allāh(i), bal hum qaumuy ya‘dilūn(a).
[60] Kesinggihan (apa udu) Penjenengané (Gusti Allah) sing wis nyiptakna langit lan bumi lan sing nurunaken banyu sekang langit nggo ko kabéh, banjur Ingsun uripna kanthi banyu kuwé kebon-kebon sing ketoné semanger? Ko ora bakal padha kewawa nguripna wit-witané kuwé. Apa neng ngarsané Gusti Allah ana Pengéran (sing liya)? Sebeneré dhéwéké kuwé wong sing padha nyimpang (sekang bebener).

اَمَّنْ جَعَلَ الْاَرْضَ قَرَارًا وَّجَعَلَ خِلٰلَهَآ اَنْهٰرًا وَّجَعَلَ لَهَا رَوَاسِيَ وَجَعَلَ بَيْنَ الْبَحْرَيْنِ حَاجِزًاۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ ۗ٦١
Am man ja‘alal-arḍa qarāraw wa ja‘ala khilālahā anhāraw wa ja‘ala lahā rawāsiya wa ja‘ala bainal-baḥraini ḥājizā(n), a'ilāhum ma‘allāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[61] Kesinggihan Penjenengané (Gusti Allah) sing wis nyiptakna bumi minangka papan nggo manggon, sing ndadékna kali neng sela-selané, sing ndadékna gunung-gunung nggo (neguhna) kuwé (bumi) lan ndadékna sewiji pemisah neng antaranè segara loro? 603 Apa neng ngarsané Gusti Allah ana Pengéran (sing liya)? Sebeneré akéh-akéhé wong kuwé padha ora mengerténi.
603) Sing démaksud segara loro neng kéné yakuwé segara sing asin lan kali sing gedhé maring segara. Kali sing anyeb kuwé sewisé butul muara ora langung dadi asin.

اَمَّنْ يُّجِيْبُ الْمُضْطَرَّ اِذَا دَعَاهُ وَيَكْشِفُ السُّوْۤءَ وَيَجْعَلُكُمْ خُلَفَاۤءَ الْاَرْضِۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗقَلِيْلًا مَّا تَذَكَّرُوْنَۗ٦٢
Am may yujībul-muḍṭarra iżā da‘āhu wa yaksyifus-sū'a wa yaj‘alukum khulafā'a fil-arḍ(i), a'ilāhum ma‘allāh(i), qalīlam mā tażakkarūn(a).
[62] Kesinggihan Penjenengané (Gusti Allah) sing ngeparengna (penyuwunané) wong sing lagi kenang susah rikala dhéwéké nyenyuwun maring Penjenengané, lan ngilangna kesusahan lan ndadékna ko kabéh (menungsa) minangka khalifah (sing nerusna mimpin) neng bumi? Apa neng ngarsané Gusti Allah ana Pengéran (sing liya)? Banget semendhingé (nékmat paringané Gusti Allah) sing ko padha kémutan.

اَمَّنْ يَّهْدِيْكُمْ فِيْ ظُلُمٰتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَمَنْ يُّرْسِلُ الرِّيٰحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗتَعٰلَى اللّٰهُ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٦٣
Am may yahdīkum fī ẓulumātil-barri wal-baḥri wa may yursilur-riyāḥa busyram baina yadai raḥmatih(ī), a'ilāhum ma‘allāh(i), ta‘ālallāhu ‘ammā yusyrikūn(a).
[63] Kesinggihan Penjenengané (Gusti Allah) sing paring pituduh maring ko kabéh sejeroné pepeteng neng dharat lan segara lan sing nekakna angin minangka kabar bebungah seurungé (tekané) welas asih-É? Apa neng ngarsané Gusti Allah ana Pengéran (sing liya)? Mahaluhur Gusti Allah ingatasé apa sing dhéwéké padha sekuthokna.

اَمَّنْ يَّبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ وَمَنْ يَّرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ ءَاِلٰهٌ مَّعَ اللّٰهِ ۗقُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٦٤
Am may yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū wa may yarzuqukum minas-samā'i wal-arḍ(i), a'ilāhum ma‘allāh(i), qul hātū burhānakum in kuntum ṣādiqīn(a).
[64] Kesinggihan Penjenengané (Gusti Allah) sing nyiptakna (mahluk) sekang kawitané, banjur mbaléni kuwé (maning) lan sing paring rejeki maring ko kabéh sekang langit lan bumi? Apa neng sisihé Gusti Allah ana Pengéran (sing liya)? Ucapna, “Tidhokna bukti beneré ko kabéh, angger ko wong sing padha bener.”

قُلْ لَّا يَعْلَمُ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ الْغَيْبَ اِلَّا اللّٰهُ ۗوَمَا يَشْعُرُوْنَ اَيَّانَ يُبْعَثُوْنَ٦٥
Qul lā ya‘lamu man fis-samāwāti wal-arḍil gaiba illallāh(u), wa mā yasy‘urūna ayyāna yub‘aṡūn(a).
[65] Dhawuha (Muhammad), “Ora nana sewiji-wiji neng langit lan neng bumi sing ngawuningani prekara sing ora keton (gaib), kejaba Gusti Allah. Lan wong-wong kuwé ora ngaweruhi kapan dhéwéké kabéh bakal padha détangékna.”

بَلِ ادّٰرَكَ عِلْمُهُمْ فِى الْاٰخِرَةِۗ بَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ مِّنْهَاۗ بَلْ هُمْ مِّنْهَا عَمُوْنَ ࣖ٦٦
Balid dāraka ‘ilmuhum fil-ākhirah(ti), bal hum fī syakkim minhā, bal hum minhā ‘amūn(a).
[66] Malah kawruhé wong-wong kuwé ngenani akhérat ora butul (nganah). Lewih-lewih dhéwéké padha mamang ingatasé prekara kuwé (akhérat). Apa maning wong-wong kuwé padha wuta ingatasé prekara kuwé.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا تُرٰبًا وَّاٰبَاۤؤُنَآ اَىِٕنَّا لَمُخْرَجُوْنَ٦٧
Wa qālal-lażīna kafarū a'iżā kunnā turābaw wa ābā'unā a'innā lamukhrajūn(a).
[67] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap, “Sewisé inyong padha dadi lemah lan (semana uga) kaki-nininé inyong kabèh, apa iya inyong bakal padha détokna (sekang kubur)?

لَقَدْ وُعِدْنَا هٰذَا نَحْنُ وَاٰبَاۤؤُنَا مِنْ قَبْلُۙ اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٦٨
Laqad wu‘idnā hāżā naḥnu wa ābā'unā min qabl(u), in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[68] Kawit gemiyén inyong padha wis déwéhi ancaman karo prekara kiyè (dinané détangékna); inyong lan kaki-nininé inyong kabéh. Sebeneré kiyé mung dongéngé wong jaman dhisit.

قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِيْنَ٦٩
Qul sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mujrimīn(a).
[69] Ucapna (Muhammad), “Padha mlakua ko kabéh neng bumi, lan gatékna kepriwè wekasané wong-wong sing padha nglakoni dosa.

وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَلَا تَكُنْ فِيْ ضَيْقٍ مِّمَّا يَمْكُرُوْنَ٧٠
Wa lā taḥzan ‘alaihim wa lā takun fī ḍaiqim mimmā yamkurūn(a).
[70] Lan sliramu aja susah ingatasé wong-wong kuwé, lan (dhadhané ko) aja krasa sesek ingatasè upaya rékadayané wong-wong mau.”

وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٧١
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[71] Lan dhéwéké kabéh (wong kapir) padha ngucap, “Kapan tekanè janji (siksa) kuwè, angger sampéyan wong sing bener.”

قُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ رَدِفَ لَكُمْ بَعْضُ الَّذِيْ تَسْتَعْجِلُوْنَ٧٢
Qul ‘asā ay yakūna radifa lakum ba‘ḍul-lażī tasta‘jilūn(a).
[72] Dhawuha (Muhammad), “Bisa baé sebagéan sekang (siksa) sing ko padha njaluk désigrakna kuwè wis méh butul maring ko kabéh.”

وَاِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُوْنَ٧٣
Wa inna rabbaka lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡarahum lā yasykurūn(a).
[73] Lan temen, Pengérané ko nyata-nyata kagungan kanugrahan (sing Penjenengané paringna) maring menungsa, ning akéh-akéhé wong mau padha ora kesuwun (sukur).

وَاِنَّ رَبَّكَ لَيَعْلَمُ مَا تُكِنُّ صُدُوْرُهُمْ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٤
Wa inna rabbaka laya‘lamu mā tukinnu ṣudūruhum wa mā yu‘linūn(a).
[74] Lan temen, Pengérané ko ngawuningani apa sing deumpetna neng dhadhané wong-wong mau lan apa sing dhéwéké padha edhéngna.

وَمَا مِنْ غَاۤىِٕبَةٍ فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٧٥
Wa mā min gā'ibatin fis-samā'i wal-arḍi illā fī kitābim mubīn(in).
[75] Lan ora nana barang sewiji sing gaib (ora keton) neng langit lan bumi, kejaba (kecathet) neng Kitab sing nyata (lauh mahfuz).

اِنَّ هٰذَا الْقُرْاٰنَ يَقُصُّ عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَكْثَرَ الَّذِيْ هُمْ فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٧٦
Inna hāżal-qur'āna yaquṣṣu ‘alā banī isrā'īla akṡaral-lażī hum fīhi yakhtalifūn(a).
[76] Temen, Al-Qur’an kiyé nggenahna maring Bani Israil sebagéan akéh sekang (prekara) sing dhéwéké padha persulayakna.

وَاِنَّهٗ لَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ٧٧
Wa innahū lahudaw wa raḥmatul lil-mu'minīn(a).
[77] Lan temen, (Al-Qur’an) kuwè nyata-nyata dadi pituduh lan kewelasan (rahmat) nggo wong-wong sing padha precaya.

اِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ بِحُكْمِهٖۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْعَلِيْمُۚ٧٨
Inna rabbaka yaqḍī bainahum biḥukmih(ī), wa huwal-‘azīzul-‘alīm(u).
[78] Temen, Pengérané ko bakal ngrampungna (prekara) neng antarané wong-wong kuwé kanthi hukum-É, lan Penjenengané Mahadigdaya, Maha Ngawuningani.

فَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّكَ عَلَى الْحَقِّ الْمُبِيْنِ٧٩
Fatawakkal ‘alallāh(i), innaka ‘alal-ḥaqqil mubīn(i).
[79] Mangka pasraha maring Gusti Allah, temen sliramu (Muhammad) ana neng sejeroné bebener sing nyata.

اِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتٰى وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاۤءَ اِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِيْنَ٨٠
Innaka lā tusmi‘ul-mautā wa lā tusmi‘uṣ-ṣummad-du‘ā'a iżā wallau mudbirīn(a).
[80] Temen, sliramu ora kewawa ndadékna wong sing mati dadi bisa krungu lan (uga ora) ndadékna wong sing budheg bisa krungu pengajék-ajék, angger dhéwéké wis padha mléngos maring mburi.

وَمَآ اَنْتَ بِهٰدِى الْعُمْيِ عَنْ ضَلٰلَتِهِمْۗ اِنْ تُسْمِعُ اِلَّا مَنْ يُّؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا فَهُمْ مُّسْلِمُوْنَ٨١
Wa mā anta bihādil-‘umyi ‘an ḍalālatihim, in tusmi‘u illā may yu'minu bi'āyātinā fahum muslimūn(a).
[81] Lan sliramu ora bakal bisa awéh pituduh maring wong picek sekang kesasaré. Sliramu ora bisa ndadékna (wong siji baé) krungu, kejaba wong-wong sing padha precaya maring ayat-ayat-É Ingsun, banjur dhéwéké padha pasrah awak (muslim).

۞ وَاِذَا وَقَعَ الْقَوْلُ عَلَيْهِمْ اَخْرَجْنَا لَهُمْ دَاۤبَّةً مِّنَ الْاَرْضِ تُكَلِّمُهُمْ اَنَّ النَّاسَ كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا لَا يُوْقِنُوْنَ ࣖ٨٢
Wa iżā waqa‘al-qaulu ‘alaihim akhrajnā lahum dābbatam minal-arḍi tukallimuhum annan-nāsa kānū bi'āyātinā lā yūqinūn(a).
[82] Lan angger ucapan (ketetepan wektu musnahé ngalam) wis kelakon ingatasè wong-wong kuwé, Ingsun tokna makhluk gedhé sing duwè nyawa sekang bumi sing bakal ngucap maring wong-wong kuwé lamon gemiyén menungsa ora padha ngandel maring ayat-ayat-É Ingsun.

وَيَوْمَ نَحْشُرُ مِنْ كُلِّ اُمَّةٍ فَوْجًا مِّمَّنْ يُّكَذِّبُ بِاٰيٰتِنَا فَهُمْ يُوْزَعُوْنَ٨٣
Wa yauma naḥsyuru min kulli ummatin faujam mimmay yukażżibu bi'āyātinā fahum yūza‘ūn(a).
[83] Lan (élinga) neng dina (rikala) Ingsun ngumpulna sekang saben umat, segolongan wong sing padha nggorohi ayat-ayat-É Ingsun, banjur dhéwéké kuwé padha débagi-bagi (dadi panthan-panthan).

حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءُوْ قَالَ اَكَذَّبْتُمْ بِاٰيٰتِيْ وَلَمْ تُحِيْطُوْا بِهَا عِلْمًا اَمَّاذَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٨٤
Ḥattā iżā jā'ū qāla akażżabtum bi'āyātī wa lam tuḥīṭū bihā ‘ilman ammāżā kuntum ta‘malūn(a).
[84] Nganti angger wong-wong kuwé padha teka, Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Kenangapa ko kabéh padha nggorohna ayat-ayat-É Ingsun, mangkané ko kabéh ora padha duwé kawruh ngenani kuwé, 604 utawa apa jané sing wis ko kabéh padha pergawé?”
604) Maksudé: wong-wong musrik Arab nggorohna ayat-ayat-É Gusti Allah tanpa dépikir ndisit.

وَوَقَعَ الْقَوْلُ عَلَيْهِمْ بِمَا ظَلَمُوْا فَهُمْ لَا يَنْطِقُوْنَ٨٥
Wa waqa‘al-qaulu ‘alaihim bimā ẓalamū fahum lā yanṭiqūn(a).
[85] Lan ucapan (janji siksa) kelakon ingatasè wong-wong kuwé merga aniayané dhéwéké kabéh, mangka wong-wong kuwé ora bisa padha ngucap.

اَلَمْ يَرَوْا اَنَّا جَعَلْنَا الَّيْلَ لِيَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٨٦
Alam yarau annā ja‘alnal-laila liyaskunū fīhi wan-nahāra mubṣirā(n), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[86] Apa dhéwéké kabéh ora padha nggatékna lamon Ingsun wis ndadékna wengi supayané wong-wong padha ngaso neng kono, lan (ndadékna) awan sing madhangi? Temen, neng sing mengkana kuwè ana tandha-tandha (agungè Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha precaya.

وَيَوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ فَفَزِعَ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اللّٰهُ ۗوَكُلٌّ اَتَوْهُ دٰخِرِيْنَ٨٧
Wa yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri fa fazi‘a man fis-samāwāti wa man fil-arḍi illā man syā'allāh(u), wa kullun atauhu dākhirīn(a).
[87] Lan (élinga) neng dina (rikala) slomprét désemprong, mangka padha njimprak apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi, kejaba sapa sing dékersakna (déning) Gusti Allah. Lan sekabéh-kabéhé padha sowan ngadhep (maring) Penjenenganè kanthi dhépé-dhépé.

وَتَرَى الْجِبَالَ تَحْسَبُهَا جَامِدَةً وَّهِيَ تَمُرُّ مَرَّ السَّحَابِۗ صُنْعَ اللّٰهِ الَّذِيْٓ اَتْقَنَ كُلَّ شَيْءٍۗ اِنَّهٗ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَفْعَلُوْنَ٨٨
Wa taral-jibāla taḥsabuhā jāmidataw wa hiya tamurru marras saḥāb(i), ṣun‘allāhil-lażī atqana kulla syai'(in), innahū khabīrum bimā taf‘alūn(a).
[88] Lan ko bakal weruh gunung-gunung, sing ujaré ko padha ajeg neng panggonané, mangkané gunung kuwé padha mlaku (kaya) lamuk mlaku. (Mengkana) ciptanané Gusti Allah sing nyipta samubarang kabéh kanthi sempurna. Temen, Penjenenganè Mahatliti ingatasè apa sing ko kabéh padha pergawé.

مَنْ جَاۤءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهٗ خَيْرٌ مِّنْهَاۚ وَهُمْ مِّنْ فَزَعٍ يَّوْمَىِٕذٍ اٰمِنُوْنَ٨٩
Man jā'a bil-ḥasanati falahū khairum minhā, wa hum min faza‘iy yauma'iżin āminūn(a).
[89] Sapa wongé sing nggawa kebecikan, mangka dhéwéké olih (piwales) sing lewih apik tenimbang kuwé, lan dhéwéké padha krasa aman sekang kagét (sing nggilani) neng dina kuwé.

وَمَنْ جَاۤءَ بِالسَّيِّئَةِ فَكُبَّتْ وُجُوْهُهُمْ فِى النَّارِۗ هَلْ تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٩٠
Wa man jā'a bis-sayyi'ati fakubbat wujūhuhum fin-nār(i), hal tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[90] Lan sapa wongè sing nggawa kepialan (prekara ala), mangka déblesekna rainè wong-wong kuwé maring njero neraka. Ko kabéh ora déparingi piwales, kejaba (imbang) karo apa sing wis ko padha pergawé.

اِنَّمَآ اُمِرْتُ اَنْ اَعْبُدَ رَبَّ هٰذِهِ الْبَلْدَةِ الَّذِيْ حَرَّمَهَا وَلَهٗ كُلُّ شَيْءٍ وَّاُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ ۙ٩١
Innamā umirtu an a‘buda rabba hāżihil-baldatil-lażī ḥarramahā wa lahū kullu syai'iw wa umirtu an akūna minal-muslimīn(a).
[91] Inyong (Muhammad) mung dédhawuhi nyembah maring Pengéran negari kiyé (Mekah) sing Penjenenganè wis ndadékna (kota) suci lan samubarang kabéh kuwé kagunganè Penjenenganè. Lan inyong dédhawuhi supaya inyong klebu wong sing pasrah awak (muslim),

وَاَنْ اَتْلُوَا الْقُرْاٰنَ ۚفَمَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَقُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُنْذِرِيْنَ٩٢
Wa an atluwal-qur'ān(a), famanihtadā fa'innamā yahtadī linafsih(ī), wa man ḍalla faqul innamā ana minal-munżirīn(a).
[92] lan supaya inyong macakna Al-Qur’an (maring menungsa). Sapa wongè olih pituduh mangka setemenè dhéwéké olih pituduh nggo (kebecikané) dhéwéké, lan sapa wongé kesasar, mangka dhawuha, “Setemenè inyong (kiyé) ora liya mung salah sijinè wong sing awéh pengéling-éling.”

وَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ سَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ فَتَعْرِفُوْنَهَاۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ ࣖ٩٣
Wa qulil-ḥamdu lillāhi sayurīkum āyātihī fata‘rifūnahā, wa mā rabbuka bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[93] Lan dhawuha (Muhammad), “Sekabéhé pangalembana katur maring Gusti Allah, Penjenenganè bakal ngawéruhna maring ko kabéh tandha-tandha (agung-È) Penjenenganè, mangka ko bakal padha ngaweruhi kuwé. Lan Pengéranmu ora limpé maring apa sing ko padha pergawé.”