Surah Asy-Syu`ara`

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰسۤمّۤ١
Ṭā Sīm Mīm.
[1] Tho Sin Mim

تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ٢
Tilka āyātul-kitābil-mubīn(i).
[2] Kiyé ayat-ayat Kitab (Al-Qur’an) sing cetha.

لَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ اَلَّا يَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَ٣
La‘allaka bākhi‘un nafsaka allā yakūnū mu'minīn(a).
[3] Bisa uga sliramu (Muhammad) bakal ngrusak awakmu dhéwék (merga kesusahan) jalaran wong-wong kuwé (warga Mekah) ora padha precaya.

اِنْ نَّشَأْ نُنَزِّلْ عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ اٰيَةً فَظَلَّتْ اَعْنَاقُهُمْ لَهَا خٰضِعِيْنَ٤
In nasya' nunazzil ‘alaihim minas-samā'i āyatan fa ẓallat a‘nāquhum lahā khāḍi‘īn(a).
[4] Angger Ingsun ngersakna, mesthi Ingsun turunaken maring wong-wong mau mukjijat sekang langit, sing bakal ndadékna githoké dhéwéké padha ndhingkluk kanthi andhap asor maring (mukjijat) kuwé.

وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ ذِكْرٍ مِّنَ الرَّحْمٰنِ مُحْدَثٍ اِلَّا كَانُوْا عَنْهُ مُعْرِضِيْنَ٥
Wa mā ya'tīhim min żikrim minar-raḥmāni muḥdaṡin illā kānū ‘anhu mu‘riḍīn(a).
[5] Lan saben-saben débutulna maring dhéwéké kabéh sewiji pengéling-éling anyar (ayat Al-Qur’an sing déturunaken) sekang Pengéran Sing Mahaasih, dhéwéké padha mléngos.

فَقَدْ كَذَّبُوْا فَسَيَأْتِيْهِمْ اَنْۢبـٰۤؤُا مَا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٦
Faqad każżabū fa saya'tīhim ambā'u mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[6] Temen, wong-wong mau wis padha nggorohna (Al-Qur’an), mangka mbésuk bakal teka maring dhéwéké (bebener) werta-werta ngenani apa (siksa) sing gemiyén dhéwéké kabéh padha perguyokna.

اَوَلَمْ يَرَوْا اِلَى الْاَرْضِ كَمْ اَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ كَرِيْمٍ٧
Awalam yarau ilal-arḍi kam ambatnā fīhā min kulli zaujin karīm(in).
[7] Lan apa dhéwéké kabéh ora padha nggatékna bumi, sepira akéhé Ingsun thukulna neng bumi kuwé werna-werna pasangan (tethukulan) sing apik?

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةًۗ وَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٨
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[8] Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (agungé Gusti Allah), ning akéh-akéhé wong mau ora padha precaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٩
Inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[9] Lan temen, Gustimu, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahaasih.

وَاِذْ نَادٰى رَبُّكَ مُوْسٰٓى اَنِ ائْتِ الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ۙ١٠
Wa iż nādā rabbuka mūsā ani'til-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[10] Lan (élinga) rikala Pengéranmu ndangu Musa (kanthi dhawuh-É), “Tekani umat sing padha aniaya (dolim) kuwé,

قَوْمَ فِرْعَوْنَ ۗ اَلَا يَتَّقُوْنَ١١
Qauma fir‘aun(a), alā yattaqūn(a).
[11] (yakuwé) kaumé Fir’aun. Kenangapa dhéwéké kabéh ora padha semarah (takwa)?”

قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّكَذِّبُوْنِ ۗ١٢
Qāla rabbi innī akhāfu ay yukażżibūn(i).
[12] Dhéwéké (Musa) matur. “Dhuh Pengéran kula, saéstu kula ajrih tiyang-tiyang niku ajeng sami mboten pitados (nggorohaken) kula,

وَيَضِيْقُ صَدْرِيْ وَلَا يَنْطَلِقُ لِسَانِيْ فَاَرْسِلْ اِلٰى هٰرُوْنَ١٣
Wa yaḍīqu ṣadrī wa lā yanṭaliqu lisānī fa arsil ilā hārūn(a).
[13] saéngga dhadha kula kraos sesek lan ilat kula mboten béntéh (lancar) , mangka (mugi Penjenengan) ngutus Harun 582 (sareng kula).
582) Penyuwuné Musa, supayané Harun déangkat dadi utusan nggo mbantu dhéwéké.

وَلَهُمْ عَلَيَّ ذَنْۢبٌ فَاَخَافُ اَنْ يَّقْتُلُوْنِ ۚ١٤
Wa lahum ‘alayya żambun fa akhāfu ay yaqtulūn(i).
[14] Mergi kula gadheh lepat dhateng kiyambeké sedaya, 583 mila kula ajrih kiyambeké sami ajeng mejahi kula.”
583) Musa ngucap lamon dhéwéké dosa maring wong-wong Mesir yakuwé anggepané wong-wong Mesir . Merga sebeneré Musa ora duwé dosa sebab dhéwéké maténi wong Mesir kuwé ora sengaja. wacanen surat Al Qashas ayat 15.

قَالَ كَلَّا ۚفَاذْهَبَا بِاٰيٰتِنَآ اِنَّا مَعَكُمْ مُّسْتَمِعُوْنَ ۙ١٥
Qāla kallā, fażhabā bi'āyātinā innā ma‘akum mustami‘ūn(a).
[15] (Gusti Allah) dhawuh, “Aja pisan-pisan wedi (dhéwéké kabéh ora bakal bisa maténi sliramu)! Mangka mangkata sliramu sekloron kanthi nggawa bukti-bukti Ingsun (mukjijat-mukjijat); temen Ingsun mbarengi sliramu mirengna (apa sing dhéwéké kabéh ucapna),

فَأْتِيَا فِرْعَوْنَ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ١٦
Fa'tiyā fir‘auna faqūlā innā rasūlu rabbil-‘ālamīn(a).
[16] mangka njujuga sliramu sekloron maring Fir’aun lan ucapna, “Setemené inyong kiyé utusan-utusan Pengérané sekabéh ngalam,

اَنْ اَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ١٧
An arsil ma‘anā banī isrā'īl(a).
[17] bebasna Bani Israil (lunga) karo inyong sekloron.”

قَالَ اَلَمْ نُرَبِّكَ فِيْنَا وَلِيْدًا وَّلَبِثْتَ فِيْنَا مِنْ عُمُرِكَ سِنِيْنَ ۗ١٨
Qāla alam nurabbika fīnā walīdaw wa labiṡta fīnā min ‘umurika sinīn(a).
[18] Dhéwéké (Fir’aun) semaur, “Apa udu inyong sing ngupakara ko neng lingkungan (keluwarga)né inyong, wektu ko ésih bocah lan ko manggon bareng inyong pirang-pirang taun sekang umurmu. 584
584) Nabi Musa a.s. urip bareng Fir'aun kurang lewih 18 taun, kawit cilik.

وَفَعَلْتَ فَعْلَتَكَ الَّتِيْ فَعَلْتَ وَاَنْتَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ١٩
Wa fa‘alta fa‘latakal-latī fa‘alta wa anta minal-kāfirīn(a).
[19] Lan ko (Musa) wis nglakoni (kesalahan sekang) penggawéan sing wis ko lakoni, 585 lan ko klebu wong sing ora ngerti kesuwun (sukur).”
585) Maksudé yakuwé tindakané Nabi Musa a.s. maténi wong Qibti. Wacanen surat Al Qashas ayat 15.

قَالَ فَعَلْتُهَآ اِذًا وَّاَنَا۠ مِنَ الضَّاۤلِّيْنَ٢٠
Qāla fa‘altuhā iżaw wa ana minaḍ-ḍāllīn(a).
[20] Dhéwéké (Musa) ngucap, “Inyong wis nglakoni kuwé, lan rikala semana inyong klebu wong sing kelalén.

فَفَرَرْتُ مِنْكُمْ لَمَّا خِفْتُكُمْ فَوَهَبَ لِيْ رَبِّيْ حُكْمًا وَّجَعَلَنِيْ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ٢١
Fa farartu minkum lammā khiftukum fa wahaba lī rabbī ḥukmaw wa ja‘alanī minal-mursalīn(a).
[21] Banjur inyong mlayu sekang ko merga inyong wedi maring ko, banjur Pengéranku paring kawruh maring inyong lan Penjenengané uga ndadékna inyong salah siji neng antarané para utusan.

وَتِلْكَ نِعْمَةٌ تَمُنُّهَا عَلَيَّ اَنْ عَبَّدْتَّ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٢٢
Wa tilka ni‘matun tamunnuhā ‘alayya an ‘abbatta banī isrā'īl(a).
[22] Lan kaé mau kebecikan sing wis ko wéhna maring inyong, (rikala) kuwé ko wis ndadékna Bani Israil batur-tukon (budak).”

قَالَ فِرْعَوْنُ وَمَا رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ٢٣
Qāla fir‘aunu wa mā rabbul-‘ālamīn(a).
[23] Fir’aun takon, “Sapa Pengérané sekabéh ngalam kuwé?”

قَالَ رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ اِنْ كُنْتُمْ مُّوْقِنِيْنَ٢٤
Qāla rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, in kuntum mūqinīn(a).
[24] Dhéwéké (Musa) semaur, “Pengéran sing nyipta langit lan bumi lan apa sing ana neng antara sekloroné (yakuwé Pengéranmu) angger ko precaya maring Penjenengané.”

قَالَ لِمَنْ حَوْلَهٗٓ اَلَا تَسْتَمِعُوْنَ٢٥
Qāla liman ḥaulahū alā tastami‘ūn(a).
[25] Dhéwéké (Fir’aun) ngucap maring wong-wong sing neng seubengé, “Apa ko kabéh padha ora krungu (apa sing déucapna)?”

قَالَ رَبُّكُمْ وَرَبُّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ٢٦
Qāla rabbukum wa rabbu ābā'ikumul-awwalīn(a).
[26] Dhéwéké (Musa) ngucap, “(Penjenengané) Pengéranmu lan uga Pengérané kaki-ninimu gemiyén.”

قَالَ اِنَّ رَسُوْلَكُمُ الَّذِيْٓ اُرْسِلَ اِلَيْكُمْ لَمَجْنُوْنٌ٢٧
Qāla inna rasūlakumul-lażī ursila ilaikum lamajnūn(un).
[27] Dhéwéké (Fir’aun) ngucap, “Temen, Rasulmu sing dépréntah maring ko kabéh nyata-nyata wong gemblung.”

قَالَ رَبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ اِنْ كُنْتُمْ تَعْقِلُوْنَ٢٨
Qāla rabbul-masyriqi wal-magribi wa mā bainahumā, in kuntum ta‘qilūn(a).
[28] Dhéwéké (Musa) ngucap, “(Penjenengané) Pengéran (sing ngewasani) wétan lan kulon lan apa sing ana neng antara sekloroné; angger ko padha ngerténi.”

قَالَ لَىِٕنِ اتَّخَذْتَ اِلٰهًا غَيْرِيْ لَاَجْعَلَنَّكَ مِنَ الْمَسْجُوْنِيْنَ٢٩
Qāla la'inittakhażta ilāhan gairī la'aj‘alannaka minal-masjūnīn(a).
[29] Dhéwéké (Fir’aun) ngucap, “Temen, angger ko nyembah pengéran seliyané inyong, mesthi ko bakal tek lebokna maring kunjara (bui).”

قَالَ اَوَلَوْ جِئْتُكَ بِشَيْءٍ مُّبِيْنٍ٣٠
Qāla awalau ji'tuka bisyai'im mubīn(in).
[30] Dhéwéké (Musa) ngucap, “Apa (ko arep temandang kaya kuwé) senajan inyong nggawa (bukti) sing nyata?”

قَالَ فَأْتِ بِهٖٓ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٣١
Qāla fa'ti bihī in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[31] Dhéwéké (Fir’aun) ngucap, “Dhéngna sewiji (bukti sing nyata) kuwé, angger ko wong sing bener!”

فَاَلْقٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِيْنٌ ۚ٣٢
Fa alqā ‘aṣāhu fa iżā hiya ṡu‘bānum mubīn(un).
[32] Banjur dhéwéké (Musa) nguncalna tekené, dadakan teken kuwé dadi ula gedhé sing senyatané.

وَنَزَعَ يَدَهٗ فَاِذَا هِيَ بَيْضَاۤءُ لِلنّٰظِرِيْنَ ࣖ٣٣
Wa naza‘a yadahū fa iżā hiya baiḍā'u lin-nāẓirīn(a).
[33] Lan dhéwéké ngetokna tangané (sekang njero klambiné), dadakan tangané kuwé dadi putih (mencorong) tumrapé wong-wong sing padha ndeleng kuwé.

قَالَ لِلْمَلَاِ حَوْلَهٗٓ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ عَلِيْمٌ ۙ٣٤
Qāla lil-mala'i ḥaulahū inna hāżā lasāḥirun ‘alīm(un).
[34] Dhéwéké (Fir’aun) ngomong maring para pemimpin sing ana neng seubengé, “Setemené dhéwéké (Musa) kuwé mesthi sewiji tukang sihir sing ampuh,

يُّرِيْدُ اَنْ يُّخْرِجَكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهٖۖ فَمَاذَا تَأْمُرُوْنَ٣٥
Yurīdu ay yukhrijakum min arḍikum bisiḥrih(ī), fa māżā ta'murūn(a).
[35] dhéwéké bakal ngurak ko kabéh sekang negarimu nganggo sihiré; merga kuwé apa sing ko padha usulna?”

قَالُوْٓا اَرْجِهْ وَاَخَاهُ وَابْعَثْ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَ ۙ٣٦
Qālū arjih wa akhāhu wab‘aṡ fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[36] Wong-wong kuwé padha ngucap, “Tahan dhisit (sewetara wektu) dhéwéké lan seduluré, lan préntaha maring sekabéh plosok negari wong-wong sing bakal ngumpulna (tukang sihir),

يَأْتُوْكَ بِكُلِّ سَحَّارٍ عَلِيْمٍ٣٧
Ya'tūka bikulli saḥḥārin ‘alīm(in).
[37] mesthi dhéwéké bakal padha nekakna sekabéh tukang sihir sing ampuh maring sampéyan.”

فَجُمِعَ السَّحَرَةُ لِمِيْقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ ۙ٣٨
Fa jumi‘as-saḥaratu limīqāti yaumim ma‘lūm(in).
[38] Banjur dékumpulna tukang-tukang sihiré neng wektu (sing détetepna) neng dina sing wis détemtokna.

وَّقِيْلَ لِلنَّاسِ هَلْ اَنْتُمْ مُّجْتَمِعُوْنَ ۙ٣٩
Wa qīla lin-nāsi hal antum mujtami‘ūn(a).
[39] Lan dékabarna maring wong akéh, “Padha ngumpula ko kabéh,

لَعَلَّنَا نَتَّبِعُ السَّحَرَةَ اِنْ كَانُوْا هُمُ الْغٰلِبِيْنَ٤٠
La‘allanā nattabi‘us-saḥarata in kānū humul-gālibīn(a).
[40] supaya dhéwék kabéh bisa mélu maring tukang-tukang sihir kuwé angger dhéwéké padha menang.”

فَلَمَّا جَاۤءَ السَّحَرَةُ قَالُوْا لِفِرْعَوْنَ اَىِٕنَّ لَنَا لَاَجْرًا اِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغٰلِبِيْنَ٤١
Falammā jā'as-saḥaratu qālū lifir‘auna a'inna lanā la'ajran in kunnā naḥnul-gālibīn(a).
[41] Banjur rikala tukang-tukang sihir padha teka, dhéwéké padha ngomong maring Fir’aun, “Apa inyong kabéh temen-temen bakal olih upah sing gedhé angger inyong sing padha menang?”

قَالَ نَعَمْ وَاِنَّكُمْ اِذًا لَّمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَ٤٢
Qāla na‘am wa innakum iżal laminal-muqarrabīn(a).
[42] Dhéwéké (Fir’aun) semaur, “Ya, lan malah ko kabéh mesthi bakal tek dadékna wong sing kepérek (karo inyong).”

قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰٓى اَلْقُوْا مَآ اَنْتُمْ مُّلْقُوْنَ٤٣
Qāla lahum mūsā alqū mā antum mulqūn(a).
[43] Dhéwéké (Musa) ngucap maring wong-wong kuwé, “Uncalna apa sing arep ko padha uncalna.”

فَاَلْقَوْا حِبَالَهُمْ وَعِصِيَّهُمْ وَقَالُوْا بِعِزَّةِ فِرْعَوْنَ اِنَّا لَنَحْنُ الْغٰلِبُوْنَ٤٤
Fa alqau ḥibālahum wa ‘iṣiyyahum wa qālū bi‘izzati fir‘auna innā lanaḥnul-gālibūn(a).
[44] Banjur wong-wong kuwé padha nguncalna dhadhung-dhadhung lan teken-tekené karo ngucap, “Sekawit kewasané Fir’aun mesthi inyong kabéh sing bakal menang.”

فَاَلْقٰى مُوْسٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُوْنَ ۚ٤٥
Fa alqā mūsā ‘aṣāhu fa iżā hiya talqafu mā ya'fikūn(a).
[45] Banjur Musa nguncalna tekené, mangka dadakan tekené kuwé nguntal kabéh barang-barang palsu sing dégawé déning para tukang sihir kuwé. 586
586) Maksudé: dhadhung-dhadhung lan teken-teken sing debalangna tukan sihir kuwé sing ketoné kaya-kaya dadi ula, kabéh ula-ula kuwé dépangan déning tekené Musa sing temen-temen dadi ula.

فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سٰجِدِيْنَ ۙ٤٦
Fa ulqiyas-saḥaratu sājidīn(a).
[46] Mangka tukang-tukang sihir kuwé padha ndhéprok sujud,

قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٤٧
Qālū āmannā birabbil-‘ālamīn(a).
[47] dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh precaya maring Pengérané sekabéh ngalam,

رَبِّ مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ٤٨
Rabbi mūsā wa hārūn(a).
[48] yakuwé Pengérané Musa lan Harun.”

قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۚ اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ فَلَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ ەۗ لَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ اَجْمَعِيْنَۚ٤٩
Qāla āmantum lahū qabla an āżana lakum, innahū lakabīrukumul-lażī ‘allamakumus-siḥr(a), fa lasaufa ta‘lamūn(a), la'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfiw wa la'uṣallibannakum ajma'īn(a).
[49] Dhéwéké (Fir’aun) ngucap, “Kenangapa ko padha precaya maring Musa seurungé inyong awéh idin maring ko kabéh? Setemené dhéwéké kuwé pemimpinmu sing mulang sihir maring ko kabéh. Mengko ko mesthi bakal padha ngaweruhi (wohé temindakmu). Mesti bakal inyong tetek tangan lan sikilmu kanthi nyilang lan temen, bakal inyong penthéng (salib) ko kabéh.”

قَالُوْا لَا ضَيْرَ ۖاِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا مُنْقَلِبُوْنَ ۚ٥٠
Qālū lā ḍair(a), innā ilā rabbinā munqalibūn(a).
[50] Dhéwéké (para tukang sihir) semaur, “Ora nana sing inyong padha wedéni merga inyong bakal bali maring Pengéranku kabéh.

اِنَّا نَطْمَعُ اَنْ يَّغْفِرَ لَنَا رَبُّنَا خَطٰيٰنَآ اَنْ كُنَّآ اَوَّلَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ ࣖ٥١
Innā naṭma‘u ay yagfira lanā rabbunā khaṭāyānā an kunnā awwalal-mu'minīn(a).
[51] Setemené inyong padha banget kepénginé moga-moga Pengérané inyong bakal ngampurani kesalahané inyong kabéh, supayané inyong padha dadi wong sing kawitan precaya”

۞ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰىٓ اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْٓ اِنَّكُمْ مُّتَّبَعُوْنَ٥٢
Wa auḥainā ilā mūsā an asri bi‘ibādī innakum muttaba‘ūn(a).
[52] Lan Ingsun wahyokna (dhawuhna) maring Musa, “Mangkata neng wektu wengi kanthi nggawa kewula-kewulané Ingsun (Bani Isarail), merga ko kabéh mesthi bakal déuber.”

فَاَرْسَلَ فِرْعَوْنُ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَ ۚ٥٣
Fa arsala fir‘aunu fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[53] Banjur Fir’aun ngirimna wong maring kota-kota (nggo ngumpulna wadyabalané).

اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَشِرْذِمَةٌ قَلِيْلُوْنَۙ٥٤
Inna hā'ulā'i lasyirzimatun qalīlūn(a).
[54] (Fir’aun ngucap), “Sebeneré dhéwéké kabéh (Bani Israil) mung klompok semendhing,

وَاِنَّهُمْ لَنَا لَغَاۤىِٕظُوْنَ ۙ٥٥
Wa innahum lanā lagā'iẓūn(a).
[55] lan setemené dhéwéké wis padha gawé prekara sing ndadékna jéngkélé inyong kabéh,

وَاِنَّا لَجَمِيْعٌ حٰذِرُوْنَ ۗ٥٦
Wa innā lajamī‘un ḥāżirūn(a).
[56] lan setemené dhéwék kabéh, ora nana sing keliya, kudu tansah waspada.”

فَاَخْرَجْنٰهُمْ مِّنْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ٥٧
Fa akhrajnāhum min jannātiw wa ‘uyūn(in).
[57] Banjur, Ingsun tokna dhéwéké kabéh (Fir’aun lan kaumé) sekang taman-taman lan sumber banyu.

وَّكُنُوْزٍ وَّمَقَامٍ كَرِيْمٍ ۙ٥٨
Wa kunūziw wa maqāmin karīm(in).
[58] Lan (sekang) bandha kesugihané lan sekang drajaté sing mulya, 587
587) Wektu Fir'aun lan wadyabalané nyusul Musa lan Bani Israil, mangka dhéwéké kabéh wis metu sekang negariné lan ninggalna prajané, kesugihané lan liya-liyané.

كَذٰلِكَۚ وَاَوْرَثْنٰهَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٥٩
Każālik(a), wa auraṡnāhā banī isrā'īl(a).
[59] mengkana kuwé, banjur Ingsun pasrahna kabéh (kuwé) maring Bani Israil. 588
588) Gusti Allah arep awéh maring Bani Israil praja sing kuwat, kerasulan lan liya-liyané.

فَاَتْبَعُوْهُمْ مُّشْرِقِيْنَ٦٠
Fa atba‘ūhum musyriqīn(a).
[60] Banjur (Fir’aun lan wadyabalané) bisa nyusul dhéwéké kabéh rikala wektu srengéngé mlethék.

فَلَمَّا تَرٰۤءَا الْجَمْعٰنِ قَالَ اَصْحٰبُ مُوْسٰٓى اِنَّا لَمُدْرَكُوْنَ ۚ٦١
Falammā tarā'al-jam‘āni qāla aṣḥābu mūsā innā lamudrakūn(a).
[61] Mangka rikala rong rombongan kuwé padhadéné weruh, padha ngucap para pendhéréké Musa, “Dhéwék kabéh temen-temen bakal kesusul.”

قَالَ كَلَّا ۗاِنَّ مَعِيَ رَبِّيْ سَيَهْدِيْنِ٦٢
Qāla kallā, inna ma‘iya rabbī sayahdīn(i).
[62] Dhéwéké (Musa) ngucap, “Ora pisan-pisan bakal (kesusul); setemené Pengéran mbarengi inyong. Penjenengané bakal paring pituduh maring inyong.”

فَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنِ اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْبَحْرَۗ فَانْفَلَقَ فَكَانَ كُلُّ فِرْقٍ كَالطَّوْدِ الْعَظِيْمِ ۚ٦٣
Fa auḥainā ilā mūsā aniḍrib bi‘aṣākal-baḥr(a), fanfalaqa fa kāna kullu firqin kaṭ-ṭaudil ‘aẓīm(i).
[63] Banjur Ingsun dhawuhna maring Musa, “Gebuga segara kuwé nganggo tekenmu.” Mangka sigar segara kuwé, lan saben-saben sigaran (dadi) kaya gunung gedhé.

وَاَزْلَفْنَا ثَمَّ الْاٰخَرِيْنَ ۚ٦٤
Wa azlafnā ṡammal-ākharīn(a).
[64] Lan neng kana kuwé Ingsun pérekna rombongan sing liya. 589
589) Sing démaksud rombongan sing liya yakuwé Fir'aun lan sewadyabalané. Maksudé ayat kiyé yakuwé neng bagéan sing sigar kuwé Gusti Allah mérekna Fir'aun lan wadyabalné karo Musa lan Bani Israil.

وَاَنْجَيْنَا مُوْسٰى وَمَنْ مَّعَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۚ٦٥
Wa anjainā mūsā wa mam ma‘ahū ajma‘īn(a).
[65] Lan Ingsun slametna Musa lan wong-wong sing bareng dhéwéké.

ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۗ٦٦
Ṡumma agraqnal-ākharīn(a).
[66] Banjur Ingsun lelepna golongan sing liya.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٦٧
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[67] Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (kewasané Gusti Allah), ning akéh-akéhé dhéwéké padha ora precaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٦٨
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[68] Lan setemené Pengéranmu, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawelas.

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ اِبْرٰهِيْمَ ۘ٦٩
Watlu ‘alaihim naba'a ibrāhīm(a).
[69] Lan wacakna maring dhéwéké kabéh riwayaté Ibrahim.

اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَا تَعْبُدُوْنَ٧٠
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī mā ta‘budūn(a).
[70] Rikala dhéwéké (Ibrahim) takon maring ramané lan kaumé, “Apa sing rika padha sembah?”

قَالُوْا نَعْبُدُ اَصْنَامًا فَنَظَلُّ لَهَا عٰكِفِيْنَ٧١
Qālū na‘budu aṣnāman fa naẓallu lahā ‘ākifīn(a).
[71] Dhéwéké kabéh padha semaur, “Inyong kabéh nyembah brehala-brehala (reca) lan bakal tansah wantég nyembah kuwé.”

قَالَ هَلْ يَسْمَعُوْنَكُمْ اِذْ تَدْعُوْنَ ۙ٧٢
Qāla hal yasma‘ūnakum iż tad‘ūn(a).
[72] Lan dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Apa dhéwéké (brehala-brehala kuwé) padha ngrungokna rikala rika padha jejaluk maring dhéwéké kabéh?

اَوْ يَنْفَعُوْنَكُمْ اَوْ يَضُرُّوْنَ٧٣
Au yanfa‘ūnakum au yaḍurrūn(a).
[73] Utawa (apa bisa) brehala kuwé awéh piguna utawa gawé cilaka maring rika kabéh?”

قَالُوْا بَلْ وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا كَذٰلِكَ يَفْعَلُوْنَ٧٤
Qālū bal wajadnā ābā'anā każālika yaf‘alūn(a).
[74] Dhéwéké padha semaur, “Ora, ning inyong kabéh weruh kaki-nininé inyong padha temindak kaya kuwé.”

قَالَ اَفَرَءَيْتُمْ مَّا كُنْتُمْ تَعْبُدُوْنَ ۙ٧٥
Qāla afa ra'aitum mā kuntum ta‘budūn(a).
[75] Lan dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Apa rika padha nggatékna maring apa sing rika sembah,

اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمُ الْاَقْدَمُوْنَ ۙ٧٦
Antum wa ābā'ukumul-aqdamūn(a).
[76] Rika kabéh lan kaki-nininé rika gemiyén?

فَاِنَّهُمْ عَدُوٌّ لِّيْٓ اِلَّا رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٧٧
Fa innahum ‘aduwwul lī illā rabbal-‘ālamīn(a).
[77] Setemené dhéwéké (sing rika padha sembah) kuwé mungsuhé inyong, séjén karo Pengérané sekabéh ngalam,

الَّذِيْ خَلَقَنِيْ فَهُوَ يَهْدِيْنِ ۙ٧٨
Allażī khalaqanī fa huwa yahdīn(i).
[78] (yakuwé) sing wis nyiptakna inyong, mangka Penjenengané paring pituduh maring inyong,

وَالَّذِيْ هُوَ يُطْعِمُنِيْ وَيَسْقِيْنِ ۙ٧٩
Wal-lażī huwa yuṭ‘imunī wa yasqīn(i).
[79] lan sing paring mangan lan nginum maring inyong;

وَاِذَا مَرِضْتُ فَهُوَ يَشْفِيْنِ ۙ٨٠
Wa iżā mariḍtu fa huwa yasyfīn(i).
[80] lan angger inyong mriyang, Penjenengané sing paring waras,

وَالَّذِيْ يُمِيْتُنِيْ ثُمَّ يُحْيِيْنِ ۙ٨١
Wal-lażī yumītunī ṡumma yuḥyīn(i).
[81] lan sing bakal matékna inyong, banjur bakal nguripna inyong (maning)

وَالَّذِيْٓ اَطْمَعُ اَنْ يَّغْفِرَ لِيْ خَطِيْۤـَٔتِيْ يَوْمَ الدِّيْنِ ۗ٨٢
Wal-lażī aṭma‘u ay yagfira lī khaṭī'atī yaumad-dīn(i).
[82] lan sing banget inyong arep-arep bakal ngampurani kesalahané inyong neng dina Kiyamat.”

رَبِّ هَبْ لِيْ حُكْمًا وَّاَلْحِقْنِيْ بِالصّٰلِحِيْنَ ۙ٨٣
Rabbi hab lī ḥukmaw wa alḥiqnī biṣ-ṣāliḥīn(a).
[83] (Ibrahim nyenyuwun), “Dhuh Pengéran kula, mugi Penjenengan maringi kula ilmu lan lebetaken kula dhateng golonganipun tiyang-tiyang ingkang saé,

وَاجْعَلْ لِّيْ لِسَانَ صِدْقٍ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۙ٨٤
Waj‘al lī lisāna ṣidqin fil-ākhirīn(a).
[84] lan mugi Penjenengan dadosaken kula tansah kasebat saé tumrap tiyang-tiyang (ingkang gesang) sesampunipun kula,

وَاجْعَلْنِيْ مِنْ وَّرَثَةِ جَنَّةِ النَّعِيْمِ ۙ٨٥
Waj‘alnī miw waraṡati janatin na‘īm(i).
[85] lan mugi dadosaken kula kelebet tiyang ingkang marisi suwarga ingkang lubér kenékmatan,

وَاغْفِرْ لِاَبِيْٓ اِنَّهٗ كَانَ مِنَ الضَّاۤلِّيْنَ ۙ٨٦
Wagfir li'abī innahū kāna minaḍ-ḍāllīn(a).
[86] lan mugi paring pangampunten dhateng rama kula, sejatosipun kiyambeké kelebet tiyang ingkang kesasar,

وَلَا تُخْزِنِيْ يَوْمَ يُبْعَثُوْنَۙ٨٧
Wa lā tukhzinī yauma yub‘aṡūn(a).
[87] lan mugi Penjenengan mboten ngasoraken kula teng dinten tiyang-tiyang niku dipun tangékaken,

يَوْمَ لَا يَنْفَعُ مَالٌ وَّلَا بَنُوْنَ ۙ٨٨
Yauma lā yanfa‘u māluw wa lā banūn(a).
[88] (nggih niku) teng dinten rikala anak lan bandha mboten wonten pigunanipun,

اِلَّا مَنْ اَتَى اللّٰهَ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍ ۗ٨٩
Illā man atallāha biqalbin salīm(in).
[89] kejawi tiyang-tiyang ingkang séba dhateng Gusti Allah kanthi manah ingkang bresih,

وَاُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِيْنَ ۙ٩٠
Wa uzlifatil-jannatu lil-muttaqīn(a).
[90] lan suwarga dipun caketaken dhateng tiyang-tiyang ingkang sami semarah (takwa),

وَبُرِّزَتِ الْجَحِيْمُ لِلْغَاوِيْنَ ۙ٩١
Wa burrizatil-jaḥīmu lil-gāwīn(a).
[91] lan neraka Jahim dipun tingalaken kanthi gamblang dhateng tiyang-tiyang ingkang sami kesasar,”

وَقِيْلَ لَهُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْبُدُوْنَ ۙ٩٢
Wa qīla lahum ainamā kuntum ta‘budūn(a).
[92] lan détakokna maring dhéwéké kabéh, “Neng endi brehala-brehala sing gemiyén ko kabéh padha sembah,

مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗهَلْ يَنْصُرُوْنَكُمْ اَوْ يَنْتَصِرُوْنَ ۗ٩٣
Min dūnillāh(i), hal yanṣurūnakum au yantaṣirūn(a).
[93] seliyané Gusti Allah? Bisa apa ora dhéwéké nulungi ko kabéh utawa nulungi awaké dhéwék?”

فَكُبْكِبُوْا فِيْهَا هُمْ وَالْغَاوٗنَ ۙ٩٤
Fa kubkibū fīhā hum wal-gāwūn(a).
[94] Mangka dhéwéké kabéh (sembahan kuwé) déjungkirna maring njero neraka bareng karo wong-wong sing padha kesasar,

وَجُنُوْدُ اِبْلِيْسَ اَجْمَعُوْنَ ۗ٩٥
Wa junūdu iblīsa ajma‘ūn(a).
[95] lan wadyabalané Iblis kabéh.

قَالُوْا وَهُمْ فِيْهَا يَخْتَصِمُوْنَ٩٦
Qālū wa hum fīhā yakhtaṣimūn(a).
[96] Dhéwéké kabéh ngucap kambi padha padu neng njeroné (neraka),

تَاللّٰهِ اِنْ كُنَّا لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ ۙ٩٧
Tallāhi in kunnā lafī ḍalālim mubīn(in).
[97] “Sekawit Gusti Allah, setemené dhéwék kabéh gemiyén (neng dunya) padha kesasar temenan.

اِذْ نُسَوِّيْكُمْ بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٩٨
Iż nusawwīkum birabbil-‘ālamīn(a).
[98] merga dhéwék kabéh madhakna ko (brehala-brehala) karo Pengérané sekabéh ngalam.

وَمَآ اَضَلَّنَآ اِلَّا الْمُجْرِمُوْنَ٩٩
Wa mā aḍallanā illal-mujrimūn(a).
[99] Lan ora nana sing nyasarna dhéwék kabéh kejaba wong sing padha dosa.

فَمَا لَنَا مِنْ شٰفِعِيْنَ ۙ١٠٠
Famā lanā min syāfi‘īn(a).
[100] Mangka (siki) dhéwék kabéh ora duwé wong sing bisa awéh pitulung (sapangat),

وَلَا صَدِيْقٍ حَمِيْمٍ١٠١
Wa lā ṣadīqin ḥamīm(in).
[101] lan uga ora duwé batir raket.

فَلَوْ اَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١٠٢
Falau anna lanā karratan fa nakūna minal-mu'minīn(a).
[102] Mangka umpamané dhéwék bisa padha bali (maring dunya) mesthi dhéwék kabéh dadi wong sing padha precaya.”

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٠٣
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[103] Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (kuwasané Gusti Allah), ning akéhé-akéhé wong ora padha precaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٠٤
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[104] Lan setemené Pengéranmu, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawelas.

كَذَّبَتْ قَوْمُ نُوْحِ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۚ١٠٥
Każżabat qaumu nūḥinil-mursalīn(a).
[105] Kaumé Nuh wis nggorohna para utusan.

اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ نُوْحٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٠٦
Iż qāla lahum akhūhum nūḥun alā tattaqūn(a).
[106] Rikala seduluré dhéwéké (Nuh) ngucap, “Kenangapa ko kabéh ora padha semarah (takwa)?

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٠٧
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[107] Setemené inyong kiyé sewiji utusan pinercaya (sing déutus) maring ko kabéh,

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِۚ١٠٨
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[108] Mangka padha semaraha ko kabéh maring Gusti Allah lan padha manuta maring inyong.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۚ١٠٩
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[109] Lan inyong ora njaluk upah maring ko kabéh ingatasé pengajék-ajék kuwé; upahé inyong mung sekang Pengérané sekabéh ngalam.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ١١٠
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[110] Mangka padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan manuta maring inyong.”

۞ قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ لَكَ وَاتَّبَعَكَ الْاَرْذَلُوْنَ ۗ١١١
Qālū anu'minu laka wattaba‘akal-arżalūn(a).
[111] Dhéwéké padha semaur, “Apa inyong kabéh kudu padha precaya maring ko, mangkané pendhérék-pendhéréké ko kuwé wong-wong sing padha nistha?”

قَالَ وَمَا عِلْمِيْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ۚ١١٢
Qāla wa mā ‘ilmī bimā kānū ya‘malūn(a).
[112] Lan dhéwéké (Nuh) semaur, “Inyong ora ngerti ngenani apa sing dhéwéké padha pergawé.

اِنْ حِسَابُهُمْ اِلَّا عَلٰى رَبِّيْ لَوْ تَشْعُرُوْنَ ۚ١١٣
In ḥisābuhum illā ‘alā rabbī lau tasy‘urūn(a).
[113] Perétungan (lakon penggawéané) dhéwéké kabéh ora liya mung maring Pengérané inyong, angger ko kabéh padha ngrumangsani.

وَمَآ اَنَا۠ بِطَارِدِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ١١٤
Wa mā ana biṭāridil-mu'minīn(a).
[114] Lan inyong ora bakal ngurak wong-wong sing padha precaya.

اِنْ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۗ١١٥
In ana illā nażīrum mubīn(un).
[115] Inyong (kiyé) mung sedrema juru pengéling-éling sing genah.”

قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ يٰنُوْحُ لَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْمَرْجُوْمِيْنَۗ١١٦
Qālū la'illam tantahi yā nūḥu latakūnanna minal-marjūmīn(a).
[116] Dhéwéké kabéh padha ngucap, “Hé Nuh! Temen, angger ko ora (gelem) mandheg, mesthi ko klebu wong sing dérajam (débandhemi watu nganti mati).”

قَالَ رَبِّ اِنَّ قَوْمِيْ كَذَّبُوْنِۖ١١٧
Qāla rabbi inna qaumī każżabūn(i).
[117] Dhéwéké (Nuh) matur, “Dhuh Pengéran kula, éstu kaum kula empun nggorohaken (mboten precaya) dhateng kula.”

فَافْتَحْ بَيْنِيْ وَبَيْنَهُمْ فَتْحًا وَّنَجِّنِيْ وَمَنْ مَّعِيَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١١٨
Faftaḥ bainī wa bainahum fatḥaw wa najjinī wa mam ma‘iya minal-mu'minīn(a).
[118] Mangka paringana putusan antawisipun kula kaliyan tiyang-tiyang niku, lan mugi (Penjenengan) slametaken kula lan tiyang-tiyang ingkang sareng kalih kula.”

فَاَنْجَيْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِ١١٩
Fa anjaināhu wa mam ma‘ahū fil-fulkil-masyḥūn(i).
[119] Banjur Ingsun slametna Nuh lan wong-wong sing bareng karo dhéwéké neng njero prahu sing kebek momotan.

ثُمَّ اَغْرَقْنَا بَعْدُ الْبَاقِيْنَ١٢٠
Ṡumma agraqnā ba‘dul-bāqīn(a).
[120] Banjur sewisé kuwé Ingsun lelepna wong-wong sing kéri (ora mélu numpak prahu).

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٢١
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[121] Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (kewasané Gusti Allah), ning akéh-ekéhé wong kuwé ora padha precaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٢٢
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[122] Lan setemené Pengéranmu, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawelas.

كَذَّبَتْ عَادُ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٢٣
Każżabat ‘ādunil-mursalīn(a).
[123] (Kaumé) ’Ad wis padha nggorohna para utusan (rasul).

اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ هُوْدٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٢٤
Iż qāla lahum akhūhum hūdun alā tattaqūn(a).
[124] Rikala seduluré dhéwéké, Hud, ngucap maring dhéwéké kabéh, “Kenangapa ko kabéh ora padha semarah (takwa)?

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٢٥
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[125] Temen, inyong kiyé nyata-nyata sewiji utusan pinercaya (sing déutus) maring ko kabéh,

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٢٦
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[126] merga kuwé padha semaraha maring Gusti Allah lan manuta maring inyong.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٢٧
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[127] Lan inyong ora njaluk upah maring ko kabéh ingatasé pengajék-ejék kiyé; upahé inyong mung sekang Pengérané sekabéh ngalam.

اَتَبْنُوْنَ بِكُلِّ رِيْعٍ اٰيَةً تَعْبَثُوْنَ ۙ١٢٨
Atabnūna bikulli rī‘in āyatan ta‘baṡūn(a).
[128] Apa ko kabéh padha gawé gedhong-gedhong neng saben lemah (léréng) sing dhuwur nggo pamér kemuktén tanpa dépanggoni,

وَتَتَّخِذُوْنَ مَصَانِعَ لَعَلَّكُمْ تَخْلُدُوْنَۚ١٢٩
Wa tattakhiżūna maṣāni‘a la‘allakum takhludūn(a).
[129] lan ko kabéh padha gawé bénténg-bénténg kanthi pengarep-arep supayané uripmu langgeng?

وَاِذَا بَطَشْتُمْ بَطَشْتُمْ جَبَّارِيْنَۚ١٣٠
Wa iżā baṭasytum baṭasytum jabbārīn(a).
[130] Lan rikala ko kabéh padha nyiksa, mangka ko kabéh temindak kejem tur mbrangas.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِۚ١٣١
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[131] Mangka padha semaraha maring Gusti Allah lan manuta maring inyong,

وَاتَّقُوا الَّذِيْٓ اَمَدَّكُمْ بِمَا تَعْلَمُوْنَ ۚ١٣٢
Wattaqul-lażī amaddakum bimā ta‘lamūn(a).
[132] lan padha tetepa ko kabéh semarah maring Penjenengané sing wis paring kenugrahan apa sing ko kabéh kaweruhi.

اَمَدَّكُمْ بِاَنْعَامٍ وَّبَنِيْنَۙ١٣٣
Amaddakum bi'an‘āmiw wa banīn(a).
[133] Penjenengané (Gusti Allah) wis paring anugrah maring ko kabéh kéwan ingon lan anak-anak,

وَجَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۚ١٣٤
Wa jannātiw wa ‘uyūn(in).
[134] lan kebon-kebon, lan sumber banyu,

اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ ۗ١٣٥
Innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[135] setemené inyong wedi ko kabéh bakal détibani siksa neng dina sing gedhé (kiyamat).”

قَالُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْنَآ اَوَعَظْتَ اَمْ لَمْ تَكُنْ مِّنَ الْوٰعِظِيْنَ ۙ١٣٦
Qālū sawā'un ‘alainā awa‘aẓta am lam takum minal-wā‘iẓīn(a).
[136] Dhéwéké kabéh (kaumé ‘Ad) padha semaur, “Padha baé tumrap inyong kabéh ko awéh pitutur utawa ora awéh pitutur,

اِنْ هٰذَآ اِلَّا خُلُقُ الْاَوَّلِيْنَ ۙ١٣٧
In hāżā illā khuluqul-awwalīn(a).
[137] (agamané inyong kabéh) kiyé ora liya adat pekulinané wong-wong gemiyén,

وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ ۚ١٣٨
Wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[138] lan inyong kabéh (ora pisan-pisan) padha bakal désiksa.”

فَكَذَّبُوْهُ فَاَهْلَكْنٰهُمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٣٩
Fa każżabūhu fa ahlaknāhum, inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[139] Mangka dhéwéké kabéh padha nggorohna (Hud), banjur Ingsun tumpes wong-wong kuwé kabéh. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (kewasané Gusti Allah), ning akéh-akéhé wong mau ora padha precaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٤٠
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[140] Lan setemené Pengéranmu, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawelas.

كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٤١
Każżabat ṡamūdul-mursalīn(a).
[141] Kaumé Samud wis nggorohna para utusan (rasul).

اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ صٰلِحٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٤٢
Iż qāla lahum akhūhum ṣāliḥun alā tattaqūn(a).
[142] Rikala seduluré dhéwéké kabéh, Saléh, ngucap maring wong-wong kuwé, “Kenangapa ko kabéh ora padha semarah (takwa)?

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٤٣
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[143] Temen, inyong kiyé utusan pinercaya (sing déutus) maring ko kabéh,

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٤٤
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[144] mangka padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan padha manuta maring inyong.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٤٥
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[145] Lan inyong ora njaluk upah maring ko kabéh ingatasé pengajék-ajék kiyé, upahé inyong mung sekang Pengérané sekabéh ngalam.

اَتُتْرَكُوْنَ فِيْ مَا هٰهُنَآ اٰمِنِيْنَ ۙ١٤٦
Atutrakūna fīmā hāhunā āminīn(a).
[146] Apa ko kabéh padha (ngira) bakal déjorna manggon neng kéné (neng negarimu kiyé) kanthi aman,

فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ١٤٧
Fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[147] neng njero kebon-kebon lan sumber banyu,

وَّزُرُوْعٍ وَّنَخْلٍ طَلْعُهَا هَضِيْمٌ ۚ١٤٨
Wa zurū‘iw wa nakhlin ṭal‘uhā haḍīm(un).
[148] lan tanduran-tanduran lan wit-wit korma sing mayangé alus.

وَتَنْحِتُوْنَ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا فٰرِهِيْنَ١٤٩
Wa tanḥitūna minal-jibāli buyūtan fārihīn(a).
[149] Lan ko kabéh padha natah kanthi trampil sebagéan gunung nggo dédadékna umah-umah;

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٥٠
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[150] mangka padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan manuta maring inyong;

وَلَا تُطِيْعُوْٓا اَمْرَ الْمُسْرِفِيْنَ ۙ١٥١
Wa lā tuṭī‘ū amral-musrifīn(a).
[151] lan aja pisan-pisan ko kabéh manut maring wong sing padha ngliwati wates,

الَّذِيْنَ يُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا يُصْلِحُوْنَ١٥٢
Allażīna yufsidūna fil-arḍi wa lā yaṣliḥūn(a).
[152] sing padha gawé kerusakan neng bumi lan ora padha mergawé apik.”

قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مِنَ الْمُسَحَّرِيْنَ ۙ١٥٣
Qālū innamā anta minal-musaḥḥarīn(a).
[153] Dhéwéké kabéh (kaumé Samud) padha ngucap, “Temen, ko mung klebu wong sing kenang sihir;

مَآ اَنْتَ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۙ فَأْتِ بِاٰيَةٍ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ١٥٤
Mā anta illā basyarum miṡlunā, fa'ti bi'āyatin in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[154] ko mung menungsa kaya inyong kabéh; mangka tekakna sewiji mukjijat angger ko wong sing bener.”

قَالَ هٰذِهٖ نَاقَةٌ لَّهَا شِرْبٌ وَّلَكُمْ شِرْبُ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ ۚ١٥٥
Qāla hāżihī nāqatul lahā syirbuw wa lakum syirbu yaumim ma‘lūm(in).
[155] Dhéwéké (Saléh) semaur, “Kiyé onta wadon, sing kudu olih (giliran) nginum lan ko kabéh uga duwé hak nggo nginum neng dina sing détemtokna.

وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٥٦
Wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābu yaumin ‘aẓīm(in).
[156] Lan aja pisan-pisan ko padha nyénggol (onta kuwé) kanthi sewiji kejahatan, mengko ko kabéh bakal ketiban siksa neng dina sing nggilani (kiyamat).”

فَعَقَرُوْهَا فَاَصْبَحُوْا نٰدِمِيْنَ ۙ١٥٧
Fa ‘aqarūhā fa aṣbaḥū nādimīn(a).
[157] Banjur dhéwéké kabéh padha maténi onta kuwé, banjur kabéhané padha krasa ngajog,

فَاَخَذَهُمُ الْعَذَابُۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٥٨
Fa akhażahumul-‘ażāb(u), inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[158] mangka wong-wong kuwé padha ketiban siksa. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (kewasané Gusti Allah), ning akéh-akéhé wong kuwé ora padha precaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٥٩
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[159] Lan setemené Pengéranmu, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawelas.

كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوْطِ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٦٠
Każżabat qaumu lūṭinil-mursalīn(a).
[160] Kaumé Lut wis padha nggorohna para utusan (rasul),

اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ لُوْطٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٦١
Iż qāla lahum akhūhum lūṭun alā tattaqūn(a).
[161] rikala seduluré dhéwéké (Lut) ngucap maring dhéwéké kabéh, “Kenangapa ko kabéh ora padha semarah (takwa)?

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٦٢
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[162] Temen, inyong kiyé utusan pinercaya (sing déutus) maring ko kabéh,

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٦٣
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[163] mangka padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan manuta maring inyong.

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٦٤
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajrin in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[164] Lan inyong ora njaluk upah maring ko kabéh ingatasé pengajék-ajék kiyé, upahé inyong mung sekang Pengérané sekabéh ngalam.

اَتَأْتُوْنَ الذُّكْرَانَ مِنَ الْعٰلَمِيْنَ ۙ١٦٥
Ata'tūnaż-żukrāna minal-‘ālamīn(a).
[165] Kenangapa ko padha nekani (ndhemeni) bangsa lanang neng antarané menungsa (nglakoni lanang dhemen lanang/njambu),

وَتَذَرُوْنَ مَا خَلَقَ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ عَادُوْنَ١٦٦
Wa tażarūna mā khalaqa lakum rabbukum min azwājikum, bal antum qamun ‘ādūn(a).
[166] lan ko padha tinggalna (wong wadon) sing wis déciptakna déning Pengéran nggo dadi bojomu? Ko kabéh (pancén) wong sing padha ngliwati wates.”

قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ يٰلُوْطُ لَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُخْرَجِيْنَ١٦٧
Qālū la'illam tantahi yā lūṭu latakūnanna minal-mukhrajīn(a).
[167] Dhéwéké kabéh (kaumé Lut) padha semaur, “Hé Lut! Setemené angger ko ora mandheg, ko klebu wong sing déurak.”

قَالَ اِنِّيْ لِعَمَلِكُمْ مِّنَ الْقَالِيْنَ ۗ١٦٨
Qāla innī li‘amalikum minal-qālīn(a).
[168] Dhéwéké (Lut) ngucap, “Inyong banget wadhehé maring polahé ko kabéh.”

رَبِّ نَجِّنِيْ وَاَهْلِيْ مِمَّا يَعْمَلُوْنَ١٦٩
Rabbi najjinī wa ahlī mimmā ya‘malūn(a).
[169] (Lut) nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, mugi slametaken kula lan keluwarga kula saking (wohipun) penggawéan ingkang kiyambeké sami lampahi.”

فَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۙ١٧٠
Fa najjaināhu wa ahlahū ajma‘īn(a).
[170] Banjur Ingsun slametna Lut lan kulawargané kabéh,

اِلَّا عَجُوْزًا فِى الْغٰبِرِيْنَ ۚ١٧١
Illā ‘ajūzan fil-gābirīn(a).
[171] kejaba wong wadon tuwa siji (bojoné Lut) sing klebu golongané wong sing kéri (ora mélu lunga).

ثُمَّ دَمَّرْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۚ١٧٢
Ṡumma dammarnal-ākharīn(a).
[172] Banjur Ingsun tumpes sing seliyané.

وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۚ فَسَاۤءَ مَطَرُ الْمُنْذَرِيْنَ١٧٣
Wa amṭarnā ‘alaihim maṭarā(n), fa sā'a maṭarul-munżarīn(a).
[173] Lan Ingsun krutugi dhéwéké kabéh (nganggo udan watu), mangka ala banget udan sing nibani wong-wong sing wis padha déparingi pengéling-éling kuwé.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٧٤
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[174] Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (kuwasané Gusti Allah) ning akéh-akéhé dhéwéké padha ora precaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٧٥
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[175] Lan setemené Pengéranmu, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawelas.

كَذَّبَ اَصْحٰبُ لْـَٔيْكَةِ الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٧٦
Każżaba aṣḥābul-aikatil-mursalīn(a).
[176] Warga Aikah 590 wis padha nggorohna para utusan (rasul),
590) warga Madyan, yakuwé umaté Nabi Syuaib a.s.

اِذْ قَالَ لَهُمْ شُعَيْبٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٧٧
Iż qāla lahum syu‘aibun alā tattaqūn(a).
[177] rikala Syuaib ngucap maring dhéwéké kabéh, “Kenangapa ko kabéh padha ora semarah (takwa)?

اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٧٨
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[178] Temen, inyong kiyé nyata-nyata utusan pinercaya (sing déutus) maring ko kabéh,

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٧٩
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[179] mangka padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan padha manuta maring inyong;

وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٨٠
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajrin in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[180] lan inyong ora njaluk upah maring ko kabéh ingatasé pengajék-ejek kiyé, upahé inyong mung sekang Pengérané sekabéh ngalam.

۞ اَوْفُوا الْكَيْلَ وَلَا تَكُوْنُوْا مِنَ الْمُخْسِرِيْنَ ۚ١٨١
Auful-kaila wa lā takūnū minal-mukhsirīn(a).
[181] Sempurnakna (genepana) takeran lan ko kabéh aja ngapitunani wong liya,

وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِ ۚ١٨٢
Wazinū bil-qisṭāsil-mustaqīm(i).
[182] lan timbanga nganggo timbangan sing bener.

وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ ۚ١٨٣
Wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[183] Lan aja pisan-pisan ko kabéh padha ngapitunani wong kanthi cara nyuda hak-haké lan aja gawé kerusakan neng bumi;

وَاتَّقُوا الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالْجِبِلَّةَ الْاَوَّلِيْنَ ۗ١٨٤
Wattaqul-lażī khalaqakum wal-jibillatal-awwalīn(a).
[184] lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah sing wis nyiptakna ko kabéh lan wong-wong sing gemiyén.”

قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مِنَ الْمُسَحَّرِيْنَ ۙ١٨٥
Qālū innamā anta minal-musaḥḥarīn(a).
[185] Dhéwéké kabéh padha semaur, “Ko ora liya mung wong-wong sing kenang sihir,

وَمَآ اَنْتَ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا وَاِنْ نَّظُنُّكَ لَمِنَ الْكٰذِبِيْنَ ۚ١٨٦
Wa mā anta illā basyarum miṡlunā wa in naẓunnuka laminal-kāżibīn(a).
[186] lan ko mung menungsa kaya inyong kabéh, lan inyong padha precaya lamon ko klebu wong-wong sing padha goroh.

فَاَسْقِطْ عَلَيْنَا كِسَفًا مِّنَ السَّمَاۤءِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ ۗ١٨٧
Fa asqiṭ ‘alainā kisafam minas-samā'i in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[187] Mangka (jajal) tibakna maring inyong kabéh bongkahan sing gedhé sekang langit angger ko klebu wong-wong sing bener.”

قَالَ رَبِّيْٓ اَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ١٨٨
Qāla rabbī a‘lamu bimā ta‘malūn(a).
[188] Lan (Syuaib) ngucap, “Pengéranku lewih ngawuningani apa sing ko kabéh padha pergawé.”

فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَهُمْ عَذَابُ يَوْمِ الظُّلَّةِ ۗاِنَّهٗ كَانَ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٨٩
Fa każżabūhu fa akhażahum ‘ażābu yaumiẓ-ẓullah(ti), innahū kāna ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[189] Banjur dhéwéké kabéh padha nggorohna (Syuaib), banjur wong-wong kuwé ketiban siksa neng dina sing peteng. Temen, kuwé siksa neng dina sing nggilani (kiyamat).

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٩٠
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[190] Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (kewasané Gusti Allah), ning akéhé-akéhé wong mau ora padha precaya.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٩١
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[191] Lan setemené Pengéranmu, Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawelas.

وَاِنَّهٗ لَتَنْزِيْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٩٢
Wa innahū latanzīlu rabbil-‘ālamīn(a).
[192] Lan temen, (Al-Qur’an) kiyé nyata-nyata déturunaken déning Pengérané sekabéh ngalam,

نَزَلَ بِهِ الرُّوْحُ الْاَمِيْنُ ۙ١٩٣
Nazala bihir rūḥul-amīn(u).
[193] sing dégawa temurun déning Ar-Ruh al Amin (malaékat Jibril),

عَلٰى قَلْبِكَ لِتَكُوْنَ مِنَ الْمُنْذِرِيْنَ ۙ١٩٤
‘Alā qalbika litakūna minal-munżirīn(a).
[194] maring njero atimu (Muhammad) supaya sliramu klebu wong sing awéh pengéling-éling,

بِلِسَانٍ عَرَبِيٍّ مُّبِيْنٍ ۗ١٩٥
Bilisānin ‘arabiyyim mubīn(in).
[195] kanthi Basa Arab sing cetha.

وَاِنَّهٗ لَفِيْ زُبُرِ الْاَوَّلِيْنَ١٩٦
Wa innahū lafī zuburil-awwalīn(a).
[196] Lan temen, (Al-Qur’an) kuwé (kesebut) neng kitabé wong-wong sing dhisit.

اَوَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ اٰيَةً اَنْ يَّعْلَمَهٗ عُلَمٰۤؤُا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ١٩٧
Awalam yakul lahum āyatan ay ya‘lamahū ‘ulamā'u banī isrā'īl(a).
[197] Apa ora (cukup) dadi bukti tumrap dhéwéké kabéh, lamon ngulamané Bani Israil wis ngaweruhi?

وَلَوْ نَزَّلْنٰهُ عَلٰى بَعْضِ الْاَعْجَمِيْنَ ۙ١٩٨
Wa lau nazzalnāhū ‘alā ba‘ḍil-a‘jamīn(a).
[198] Lan angger (Al-Qur’an) kuwé Ingsun turunaken maring sebagéan golongan udu Arab,

فَقَرَاَهٗ عَلَيْهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ مُؤْمِنِيْنَ ۗ١٩٩
Fa qara'ahū ‘alaihim mā kānū bihī mu'minīn(a).
[199] banjur dhéwéké macakna maring wong-wong kuwé kabéh (wong kapir), mesthi dhéwéké kabéh uga ora bakal precaya maring kuwé.

كَذٰلِكَ سَلَكْنٰهُ فِيْ قُلُوْبِ الْمُجْرِمِيْنَ ۗ٢٠٠
Każālika salaknāhu fī qulūbil-mujrimīn(a).
[200] Mengkana kuwé Ingsun lebokna (sipat goroh lan ingkar) maring atiné wong-wong sing padha dosa.

لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ٢٠١
Lā yu'minūna bihī ḥattā yarawul-‘ażābal-alīm(a).
[201] Dhéwéké kabéh ora bakal precaya maring kuwé (Al-Qur’an) nganti dhéwéké padha weruh siksa sing perih,

فَيَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ ۙ٢٠٢
Fa ya'tiyahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[202] mangka siksa teka maring dhéwéké kabéh kanthi dadakan, rikala dhéwéké ora padha nggliga,

فَيَقُوْلُوْا هَلْ نَحْنُ مُنْظَرُوْنَ ۗ٢٠٣
Fa yaqūlū hal naḥnu munẓarūn(a).
[203] banjur dhéwéké kabéh ngucap, “Apa inyong kabéh padha déparingi semaya (tangguhan wektu)?”

اَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُوْنَ٢٠٤
Afa bi‘ażābinā yasta‘jilūn(a).
[204] Apa udu dhéwéké kabéh sing padha nyuwun siksané Ingsun supayané désigrakna?

اَفَرَءَيْتَ اِنْ مَّتَّعْنٰهُمْ سِنِيْنَ ۙ٢٠٥
Afa ra'aita im matta‘nāhum sinīn(a).
[205] Mangka kepriwé pinemuné ko angger maring dhéwéké kabéh Ingsun paringi kenékmatan urip sewetara taun?

ثُمَّ جَاۤءَهُمْ مَّا كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ ۙ٢٠٦
Ṡumma jā'ahum mā kānū yū‘adūn(a).
[206] Banjur teka maring dhéwéké kabéh siksa sing wis deancamna maring dhéwéké,

مَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يُمَتَّعُوْنَ ۗ٢٠٧
Mā agnā ‘anhum mā kānū yumatta‘ūn(a).
[207] mesthi ora nana gunané tumrap dhéwéké kabéh kenékmatan sing dhéwéké padha rasakna.

وَمَآ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ اِلَّا لَهَا مُنْذِرُوْنَ ۖ٢٠٨
Wa mā ahlaknā min qaryatin illā lahā munżirūn(a).
[208] Lan Ingsun ora numpes sewijiné negari, kejaba sewisé ana wong-wong sing awéh pengéling-éling maring (wong-wong) kuwé;

ذِكْرٰىۚ وَمَا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٢٠٩
Żikrā, wa mā kunnā ẓālimīn(a).
[209] nggo (dadi) pengéling-éling. Lan Ingsun ora temindak sewenang-wenang (dolim).

وَمَا تَنَزَّلَتْ بِهِ الشَّيٰطِيْنُ٢١٠
Wa mā tanazzalat bihisy-syayāṭīn(u).
[210] Lan (Al-Qur’an) kuwé ora dégawa temurun déning sétan-sétan.

وَمَا يَنْۢبَغِيْ لَهُمْ وَمَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ۗ٢١١
Wa mā yambagī lahum wa mā yastaṭī‘ūn(a).
[211] Lan ora pantes tumrap dhéwéké kabéh (nggawa Al-Qur’an kuwé), lan dhéwéké kabéh (sétan-sétan) kuwé ora bakal kewawa.

اِنَّهُمْ عَنِ السَّمْعِ لَمَعْزُوْلُوْنَ ۗ٢١٢
Innahum ‘anis-sam‘i lama‘zūlūn(a).
[212] Setemené nggo ngrungokna kuwé baé dhéwéké padha dédohna.

فَلَا تَدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتَكُوْنَ مِنَ الْمُعَذَّبِيْنَ٢١٣
Falā tad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhara fa takūna minal-mu‘ażżabīn(a).
[213] Mangka aja pisan-pisan ko kabéh sesambat (nyembah) pengeran seliyané Gusti Allah, mengko ko kabéh padha klebu wong-wong sing désiksa.

وَاَنْذِرْ عَشِيْرَتَكَ الْاَقْرَبِيْنَ ۙ٢١٤
Wa anżir ‘asyīratakal-aqrabīn(a).
[214] Lan awéha pengéling-éling maring sanak-kadangmu (Muhammad) sing paling pérek.

وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ٢١٥
Wakhfiḍ janāḥaka limanittaba‘aka minal-mu'minīn(a).
[215] Lan andhap-asora sliramu maring wong-wong sing padha manut maring sliramu, yakuwé wong-wong sing padha precaya.

فَاِنْ عَصَوْكَ فَقُلْ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ ۚ٢١٦
Fa in ‘aṣauka faqul innī barī'um mimmā ta‘malūn(a).
[216] Banjur angger dhéwéké kabéh padha nyulayani sliramu, mangka dhawuha (Muhammad), “Setemené inyong ora cawé-cawé ingatasé apa sing ko kabéh padha pergawé.”

وَتَوَكَّلْ عَلَى الْعَزِيْزِ الرَّحِيْمِ ۙ٢١٧
Wa tawakkal ‘alal-‘azīzir-raḥīm(i).
[217] Lan padha pasraha maring (Gusti Allah) Sing Mahadigdaya, Mahawelas.

الَّذِيْ يَرٰىكَ حِيْنَ تَقُوْمُ٢١٨
Allażī yarāka ḥīna taqūm(u).
[218] Sing mriksani maring sliramu rikala ngadeg (sembayang),

وَتَقَلُّبَكَ فِى السّٰجِدِيْنَ٢١٩
Wa taqallubaka fis-sājidīn(a).
[219] lan (mriksani) owahé polahmu neng antarané wong-wong sing padha sujud.

اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٢٢٠
Innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[220] Temen, Penjenengané Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.

هَلْ اُنَبِّئُكُمْ عَلٰى مَنْ تَنَزَّلُ الشَّيٰطِيْنُ ۗ٢٢١
Hal unabbi'ukum ‘alā man tanazzalusy-syayāṭīn(u).
[221] Apa ko kabéh gelem Ingsun paringi werta maring sapa sétan-sétan kuwé padha temurun?

تَنَزَّلُ عَلٰى كُلِّ اَفَّاكٍ اَثِيْمٍ ۙ٢٢٢
Tanazzalu ‘alā kulli affākin aṡīm(in).
[222] Dhéwéké padha temurun maring saben-saben wong sing seneng goroh lan gawé dosa,

يُّلْقُوْنَ السَّمْعَ وَاَكْثَرُهُمْ كٰذِبُوْنَ ۗ٢٢٣
Yulqūnas-sam‘a wa akṡaruhum kāżibūn(a).
[223] dhéwéké padha mertakna sekang kasilé dhéwéké nguping, lan akéh-akéhé dhéwéké wong-wong sing tukang goroh.

وَالشُّعَرَاۤءُ يَتَّبِعُهُمُ الْغَاوٗنَ ۗ٢٢٤
Wasy-syu‘arā'u yattabi‘uhumul-gāwūn(a).
[224] Lan tukang-tukang guritan (singir) kuwé détutna déning wong sing padha kesasar.

اَلَمْ تَرَ اَنَّهُمْ فِيْ كُلِّ وَادٍ يَّهِيْمُوْنَ ۙ٢٢٥
Alam tara annahum fī kulli wādiy yahīmūn(a).
[225] Apa ko padha ora weruh lamon dhéwéké kabéh padha klayaban neng saben-saben tanah lebak, 591
591) Maksudé. tukang guritan (penyair, tukang nulis singir) ana sing senengé dolanan karo tembung-tembung sing ora duwé karep sing apik, lan ora duwé ati sing mantep.

وَاَنَّهُمْ يَقُوْلُوْنَ مَا لَا يَفْعَلُوْنَ ۙ٢٢٦
Wa annahum yaqūlūna mā lā yaf‘alūn(a).
[226] lan dhéwéké kabéh ngomongna apa sing dhéwéké padha ora nglakoni,

اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَذَكَرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا وَّانْتَصَرُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا ۗوَسَيَعْلَمُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَيَّ مُنْقَلَبٍ يَّنْقَلِبُوْنَ ࣖ٢٢٧
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa żakarullāha kaṡīraw wantaṣarū mim ba‘di mā ẓulimū, wa saya‘lamul-lażīna ẓalamū ayya munqalabiy yanqalibūn(a).
[227] kejaba wong-wong (tukang guritan) sing padha precaya lan nglakoni kebecikan lan akéh élingé maring Gusti Allah, lan padha menang sewisé déaniaya (jalaran njawab guritan-guritané wong kapir). Lan wong-wong sing padha aniaya (dolim) mbésuk bakal ngaweruhi maring papan endi sing dhéwéké arep padha bali.