Surah Al-Furqan

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَبٰرَكَ الَّذِيْ نَزَّلَ الْفُرْقَانَ عَلٰى عَبْدِهٖ لِيَكُوْنَ لِلْعٰلَمِيْنَ نَذِيْرًا ۙ١
Tabārakal-lażī nazzalal-furqāna ‘alā ‘abdihī liyakūna lil-‘ālamīna nażīrā(n).
[1] Maha Suci Gusti Allah sing wis nurunaken Furqon (Al-Qur`an) maring kawulan-É (Muhammad), supaya slirané dadi juru pengéling-éling maring sekabéhé ngalam (jin lan menungsa).

ۨالَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهٗ تَقْدِيْرًا٢
Allażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍi wa lam yattakhiż waladaw wa lam yakul lahū syarīkun fil-mulki wa khalaqa kulla syai'in fa qaddarahū taqdīrā(n).
[2] Sing kagungan praja langit lan bumi, ora kagungan putra, ora nana sekuthon mungguh Penjenengané neng njeroné kekuwasan-É, lan Penjenengané nyiptakna samubarang kabéh, banjur netepna ukuran-ukurané kanthi pener.

وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً لَّا يَخْلُقُوْنَ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَ وَلَا يَمْلِكُوْنَ لِاَنْفُسِهِمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا وَّلَا يَمْلِكُوْنَ مَوْتًا وَّلَا حَيٰوةً وَّلَا نُشُوْرًا٣
Wattakhażū min dūnihī ālihatal lā yakhluqūna syai'aw wa hum yukhlaqūna wa lā yamlikūna li'anfusihim ḍarraw wa lā naf‘aw wa lā yamlikūna mautaw wa lā ḥayātaw wa lā nusyūrā(n).
[3] Ning wong-wong kuwé ndadékna sembahan-sembahan seliyané Penjenengané (nggo désembah), mangkané kabéh (sembahan-sembahan kuwé) ora nyiptakna apa-apa, malah dhéwéké padha sing déciptakna lan ora bisa (nolak) bebaya ingatasé awaké dhéwék lan ora bisa (nekakna) piguna, lan ora kuwasa matékna, nguripna lan ora (uga) nangékna.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اِفْكُ ِۨافْتَرٰىهُ وَاَعَانَهٗ عَلَيْهِ قَوْمٌ اٰخَرُوْنَۚ فَقَدْ جَاۤءُوْ ظُلْمًا وَّزُوْرًا ۚ٤
Wa qālal-lażīna kafarū in hāżā illā ifkuniftarāhu wa a‘ānahū ‘alaihi qaumun ākharūn(a), fa qad jā'ū ẓulmaw wa zūrā(n).
[4] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) ngucap, “(Al-Qur`an) kiyé ora liya mung gegoroh sing deana-anakna déning slirané (Muhammad), deréwangi déning wong-wong liya.” Temen, wong-wong mau wis temindak aniaya (dolim) lan apus-apus sing gedhé.

وَقَالُوْٓا اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ اكْتَتَبَهَا فَهِيَ تُمْلٰى عَلَيْهِ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٥
Wa qālū asāṭīrul-awwalīnaktatabahā fa hiya tumlā ‘alaihi bukrataw wa aṣīlā(n).
[5] Lan dhéwéké padha ngucap, “(Kuwé mung) dongeng-dongengé wong-wong gemiyén, sing déjaluk supaya detulisna, banjur déwacakna dongeng kuwé maring dhéwéké saben ésuk lan soré.”

قُلْ اَنْزَلَهُ الَّذِيْ يَعْلَمُ السِّرَّ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّهٗ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٦
Qul anzalahul-lażī ya‘lamus-sirra fis-samāwāti wal-arḍ(i), innahū kāna gafūrar raḥīmā(n).
[6] Dhawuha (Muhammad), “(Al-Qur`an) kuwé déturunaken déning (Gusti Allah) sing ngawuningani wewadi neng langit lan neng bumi. Temen, Penjenengané Maha Ngampura, Mahaasih.

وَقَالُوْا مَالِ هٰذَا الرَّسُوْلِ يَأْكُلُ الطَّعَامَ وَيَمْشِيْ فِى الْاَسْوَاقِۗ لَوْلَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مَلَكٌ فَيَكُوْنَ مَعَهٗ نَذِيْرًا ۙ٧
Wa qālū mā lihāżar-rasūli ya'kuluṭ-ṭa‘āma wa yamsyī fil-aswāq(i), lau lā unzila ‘alaihi malakun fa yakūna ma‘ahū nażīrā(n).
[7] Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Kenangapa Rasul (Muhammad) kiyé mangan panganan, lan mlaku neng pasar-pasar? Kenangapa malaékat ora déturunaken maring slirané (supaya malaékat) kuwé awéh pengéling-éling bareng slirané,

اَوْ يُلْقٰىٓ اِلَيْهِ كَنْزٌ اَوْ تَكُوْنُ لَهٗ جَنَّةٌ يَّأْكُلُ مِنْهَاۗ وَقَالَ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا٨
Au yulqā ilaihi kanzun au takūnu lahū jannatuy ya'kulu minhā, wa qālaẓ-ẓālimūna in tattabi‘ūna illā rajulam masḥūrā(n).
[8] utawa (kenangapa ora) déturunaken maring slirané dunya-brana utawa (kenangapa ora nana) kebon nggo slirané, saéngga slirané bisa mangan sekang (kasilé)?” Lan wong-wong aniaya (dolim) kuwé ngucap, “Ko kabéh mung mélu wong lanang sing kenang sihir.”

اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا ࣖ٩
Unẓur kaifa ḍarabū lakal-amṡāla fa ḍallū falā yastaṭī‘ūna sabīlā(n).
[9] Gatékna, kepriwé wong-wong mau gawé peumpaman-peumpaman ngenani sliramu, mangka padha kesasar dhéwéké kabéh, wong-wong kuwé ora kewawa (olih) dalan (nggo mbangkang kerasulané sliramu).

تَبٰرَكَ الَّذِيْٓ اِنْ شَاۤءَ جَعَلَ لَكَ خَيْرًا مِّنْ ذٰلِكَ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ وَيَجْعَلْ لَّكَ قُصُوْرًا١٠
Tabārakal-lażī in syā'a ja‘ala laka khairam min żālika jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa yaj‘al laka quṣūrā(n).
[10] Mahasuci (Gusti Allah) sing angger Penjenengané ngersakna, mesthi Penjenengané ndadékna nggo ko sing lewih apik tenimbang kuwé, (yakuwé) suwarga-suwarga sing mili neng ngisoré, bengawan-bengawan lan Penjenengané ndadékna (uga) kraton-kraton nggo ko kabéh.

بَلْ كَذَّبُوْا بِالسَّاعَةِۙ وَاَعْتَدْنَا لِمَنْ كَذَّبَ بِالسَّاعَةِ سَعِيْرًا١١
Bal każżabū bis-sā‘ah(ti), wa a‘tadnā liman każżaba bis-sā‘ati sa‘īrā(n).
[11] Malah wong-wong kuwé padha nggorohna (ora precaya anané) dina Kiyamat. Lan Ingsun nyedhiakna neraka sing mulab-mulab nggo sapa sing nggorohna dina Kiyamat.

اِذَا رَاَتْهُمْ مِّنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍ سَمِعُوْا لَهَا تَغَيُّظًا وَّزَفِيْرًا١٢
Iżā ra'athum mim makānim ba‘īdin sami‘ū lahā tagayyuẓaw wa zafīrā(n).
[12] Angger kuwé (neraka) katon déning wong-wong kuwé sekang panggonan sing adoh, dhéwéké padha krungu sewarané sing gemleger merga murkané.

وَاِذَآ اُلْقُوْا مِنْهَا مَكَانًا ضَيِّقًا مُّقَرَّنِيْنَ دَعَوْا هُنَالِكَ ثُبُوْرًا ۗ١٣
Wa iżā ulqū minhā makānan ḍayyiqam muqarranīna da‘au hunālika ṡubūrā(n).
[13] Lan angger wong-wong kuwé debalangna maring panggonan sing sesek neng neraka kanthi debanda, dhéwéké kabéh neng kana padha sambat-sambat ngarep-arep kemusnahan. 572
572) Wong-wong sing ngarep-arep kemusnahan (ilang babar-pisan), supaya ucul sekang siksa sing banget gedhéné, yakuwé siksa neng neraka sing banget panasé karo débanda, neng panggonan sing banget rupek uga, kayadéné sing dégambarna kuwé.

لَا تَدْعُوا الْيَوْمَ ثُبُوْرًا وَّاحِدًا وَّادْعُوْا ثُبُوْرًا كَثِيْرًا١٤
Lā tad‘ul-yauma ṡubūraw wāḥidaw wad‘ū ṡubūran kaṡīrā(n).
[14] (Bakal déucapna maring wong-wong kuwé), “Aja pisan-pisan ko padha ngarep-arep neng dina kiyé sewijiné kemusnahan, anging padha ngarep-arepa kemusnahan sing bola-bali.”

قُلْ اَذٰلِكَ خَيْرٌ اَمْ جَنَّةُ الْخُلْدِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَۗ كَانَتْ لَهُمْ جَزَاۤءً وَّمَصِيْرًا١٥
Qul ażālika khairun am jannatul-khuldil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), kānat lahum jazā'aw wa maṣīrā(n).
[15] Dhawuha (Muhammad), “Apa (siksa) kaya kuwé sing apik, utawa suwarga sing langgeng sing déjanjékna maring wong-wong sing padha semarah (takwa) minangka piwales, lan panggonan baliné dhéwéké kabéh?”

لَهُمْ فِيْهَا مَا يَشَاۤءُوْنَ خٰلِدِيْنَۗ كَانَ عَلٰى رَبِّكَ وَعْدًا مَّسْـُٔوْلًا١٦
Lahum fīhā mā yasyā'ūna khālidīn(a), kāna ‘alā rabbika wa‘dam mas'ūlā(n).
[16] Tumrap wong-wong mau sekabéh sing dhéwéké padha kepéngini ana neng njeroné (suwarga), wong-wong mau langgeng (neng njeroné). Kuwé janjiné Pengéranmu sing pantes desuwunaken (maring Penjenengané).

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَيَقُوْلُ ءَاَنْتُمْ اَضْلَلْتُمْ عِبَادِيْ هٰٓؤُلَاۤءِ اَمْ هُمْ ضَلُّوا السَّبِيْلَ ۗ١٧
Wa yauma yaḥsyuruhum wa mā ya‘budūna min dūnillāhi fa yaqūlu a'antum aḍlaltum ‘ibādī hā'ulā'i am hum ḍallus-sabīl(a).
[17] Lan (élinga) neng dina (rikala) Gusti Allah ngumpulna wong-wong mau bareng karo apa sing dhéwéké padha sembah liyané Gusti Allah, banjur Penjenengané dhawuh (maring sing désembah), “Apa ko kabéh sing nyasarna kawula-kawulané Ingsun kuwé, utawa wong-wong kuwé dhéwék sing kesasar sekang dalan (sing bener)?”

قَالُوْا سُبْحٰنَكَ مَا كَانَ يَنْۢبَغِيْ لَنَآ اَنْ نَّتَّخِذَ مِنْ دُوْنِكَ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ وَلٰكِنْ مَّتَّعْتَهُمْ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى نَسُوا الذِّكْرَۚ وَكَانُوْا قَوْمًاۢ بُوْرًا١٨
Qālū subḥānaka mā kāna yambagī lanā an nattakhiża min dūnika min auliyā'a wa lākim matta‘tahum wa ābā'ahum ḥattā nasuż-żikr(a), wa kānū qaumam būrā(n).
[18] Kabéh kuwé (sing désembah) semaur, “Mahasuci Penjenengan, mboten pantes tumrap kula sami mendhet pengayom selintunipun Penjenengan, 573 ning Penjenengan empun maringi tiyang-tiyang niku lan kaki-nininé (rupi) kenékmatan urip, saéngga kiyambeké sami nglalénaken pengéling-éling, lan tiyang-tiyang niku kaum ingkang risak.”
573) Sewisé wong-wong mau dékumpulna bareng-bareng karo apa sing dhéwéké padha sembah, yakuwé malaékat, Uzair, Nabi Isa a.s. Lan réca-réca, lan sewisé Gusti Allah nakokna maring sing désembah kuwé, apa dhéwéké padha sing nyasarna wong-wong mau utawané wong-wong mau sing sasar dhéwék, mangka sing désembah kuwé semaur lamon ora pantes tumrap dhéwéké nyembah seliyané Gusti Allah, apamaning kongkon wong liya nyembah seliyané Gusti Allah.

فَقَدْ كَذَّبُوْكُمْ بِمَا تَقُوْلُوْنَۙ فَمَا تَسْتَطِيْعُوْنَ صَرْفًا وَّلَا نَصْرًاۚ وَمَنْ يَّظْلِمْ مِّنْكُمْ نُذِقْهُ عَذَابًا كَبِيْرًا١٩
Faqad każżabūkum bimā taqūlūn(a), famā tastaṭī‘ūna ṣarfaw wa lā naṣrā(n), wa may yaẓlim minkum nużiqhu ‘ażāban kabīrā(n).
[19] Mangka temen, kabéh (sing désembah kuwé) wis ngingkari apa sing ko padha ucapna, mangka ko kabéh ora bakal bisa nolak (siksa) lan ora bisa (uga) nulungi (awakmu), lan sapa wongé neng antarané ko kabéh temindak aniaya (dolim), mesthi Ingsun tibakna maring dhéwéké rasané siksa sing gedhé.

وَمَآ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّآ اِنَّهُمْ لَيَأْكُلُوْنَ الطَّعَامَ وَيَمْشُوْنَ فِى الْاَسْوَاقِۗ وَجَعَلْنَا بَعْضَكُمْ لِبَعْضٍ فِتْنَةً ۗ اَتَصْبِرُوْنَۚ وَكَانَ رَبُّكَ بَصِيْرًا ࣖ ۔٢٠
Wa mā arsalnā qablaka minal-mursalīna illā innahum laya'kulūnaṭ-ṭa‘āma wa yamsyūna fil aswāq(i), wa ja‘alnā ba‘ḍakum liba‘ḍin fitnah(tan), ataṣbirūn(a), wa kāna rabbuka baṣīrā(n).
[20] Lan Ingsun ora ngutus nabi-nabi seurungé sliramu (Muhammad) kejaba dhéwéké kabéh mesthi mangan panganan lan padha mlaku neng pasar-pasar. Lan Ingsun ndadékna sebagéané ko kabéh minangka dadi cobané sebagéan sing liya. Apa sliramu gelem sabar? Lan Pengéranmu Maha Mriksani.

۞ وَقَالَ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ نَرٰى رَبَّنَا ۗ لَقَدِ اسْتَكْبَرُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ وَعَتَوْ عُتُوًّا كَبِيْرًا٢١
Wa qālal-lażīna lā yarjūna liqā'anā lau lā unzila ‘alainal-malā'ikata au narā rabbanā, laqadistakbarū fī anfusihim wa ‘atau ‘utuwwan kabīrā(n).
[21] Lan wong-wong sing ora ngarep-arep sapatemon karo Ingsun (neng akhérat) padha ngucap, “Kenangapa udu malaékat sing déturunaken maring dhéwék, utawa (kenangapa) dhéwék ora bisa weruh Pengérané inyong kabéh?” Temen, wong-wong kuwé padha nggemedhékna maring awaké dhéwék lan nyata-nyata wis ngliwati wates (olihé padha temindak aniaya).

يَوْمَ يَرَوْنَ الْمَلٰۤىِٕكَةَ لَا بُشْرٰى يَوْمَىِٕذٍ لِّلْمُجْرِمِيْنَ وَيَقُوْلُوْنَ حِجْرًا مَّحْجُوْرًا٢٢
Yauma yaraunal-malā'ikata lā busyrā yauma'iżil lil-mujrimīna wa yaqūlūna ḥijram maḥjūrā(n).
[22] (Émuta) neng dina rikala dhéwéké kabéh weruh malaékat, neng dina kuwé ora nana werta bebungah tumrap wong-wong sing padha dosa, lan dhéwéké padha ngucap, “Hijran mahjura.” 574
574) Tembung sing biasa déucapna neng wong Arab rikala ngadhepi mungsuh utawa coban sing ora bisa déindhani. Tembung kiyé tegesé, “moga-moga Pengéran ngedohna bebaya kiyé sekang inyong kabéh.”

وَقَدِمْنَآ اِلٰى مَا عَمِلُوْا مِنْ عَمَلٍ فَجَعَلْنٰهُ هَبَاۤءً مَّنْثُوْرًا٢٣
Wa qadimnā ilā mā ‘amilū min ‘amalin fa ja‘alnāhu habā'am manṡūrā(n).
[23] Lan (bakal) Ingsun weruhna sekabéh laku-becik 575 sing dhéwéké kabéh lakoni, banjur Ingsun bakal ndadékna laku-becik kaya lebu sing kabur kanginen.
575) Sing démaksud amalé dhéwéké neng kéné yakuwé amal-amalé sing apik-apik sing dhéwéké kabéh lakokna wektu neng dunya, amal-amal kuwé ora olih piwales déning Gusti Allah merga dhéwéké kabéh ora precaya.

اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ يَوْمَىِٕذٍ خَيْرٌ مُّسْتَقَرًّا وَّاَحْسَنُ مَقِيْلًا٢٤
Aṣḥābul-jannati yauma'iżin khairum mustaqarraw wa aḥsanu maqīlā(n).
[24] Wong-wong sing padha manggon neng suwarga neng dina kuwé paling apik panggonané lan paling semanger papan petirahané.

وَيَوْمَ تَشَقَّقُ السَّمَاۤءُ بِالْغَمَامِ وَنُزِّلَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ تَنْزِيْلًا٢٥
Wa yauma tasyaqqaqus-samā'u bil-gamāmi wa nuzzilal-malā'ikatu tanzīlā(n).
[25] Lan (émuta) maring dina rikala langit pecah ngetokna pedhut putih, lan malaékat déturunaken (kanthi) gemridig panthan-panthanan.

اَلْمُلْكُ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْحَقُّ لِلرَّحْمٰنِۗ وَكَانَ يَوْمًا عَلَى الْكٰفِرِيْنَ عَسِيْرًا٢٦
Al-mulku yauma'iżinil-ḥaqqu lir-raḥmān(i), wa kāna yauman ‘alal-kāfirīna ‘asīrā(n).
[26] Praja sing sejati (hak) neng dina kuwé kagungané Pengéran Sing Mahawelas. Lan kuwé dadi dina sing paling rekasa tumprap wong-wong sing mbangkang (kapir).

وَيَوْمَ يَعَضُّ الظَّالِمُ عَلٰى يَدَيْهِ يَقُوْلُ يٰلَيْتَنِى اتَّخَذْتُ مَعَ الرَّسُوْلِ سَبِيْلًا٢٧
Wa yauma ya‘aḍḍuẓ-ẓālimu ‘alā yadaihi yaqūlu yā laitanittakhażtu ma‘ar-rasūli sabīlā(n).
[27] Lan (émuta) neng dina rikala wong-wong sing aniaya (dolim) padha nyokoti jenthik loroné 576 (merga ngajog maring penggawéané) kambi ngucap, “Dhuh! Énggané (gemiyén) inyong njikot (ngetutna) dalan bareng para Rasul.
576) Nyokoti jenthik loroné maksudé ngajog maring polahé.

يٰوَيْلَتٰى لَيْتَنِيْ لَمْ اَتَّخِذْ فُلَانًا خَلِيْلًا٢٨
Yā wailatā laitanī lam attakhiż fulānan khalīlā(n).
[28] Dhuh, cilaka inyong! Énggané inyong gemiyén ora gawé si fulan 577 dadi batir kraketé (inyong).
577) Sing démaksud si Fulan, yakuwé sétan utawa wong sing wis nyasaraken neng dunya.

لَقَدْ اَضَلَّنِيْ عَنِ الذِّكْرِ بَعْدَ اِذْ جَاۤءَنِيْۗ وَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِلْاِنْسَانِ خَذُوْلًا٢٩
Laqad aḍallanī ‘aniż-żikri ba‘da iż jā'anī, wa kānasy-syaiṭānu lil-insāni khażūlā(n).
[29] Temen, dhéwéké wis nyasarna inyong sekang Al-Qur’an rikala Al-Qur’an kuwé wis butul maring inyong. Lan sétan pancén tukang ngapusi menungsa.

وَقَالَ الرَّسُوْلُ يٰرَبِّ اِنَّ قَوْمِى اتَّخَذُوْا هٰذَا الْقُرْاٰنَ مَهْجُوْرًا٣٠
Wa qālar-rasūlu yā rabbi inna qaumittakhażū hāżal-qur'āna mahjūrā(n).
[30] Lan Rasul (Muhammad) ngendika, “Dhuh Pengéran kula, sejatosipun kaum kula empun ndadosaken Al-Qur’an niki dipun apéngaken.”

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا مِّنَ الْمُجْرِمِيْنَۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ هَادِيًا وَّنَصِيْرًا٣١
Wa każālika ja‘alnā likulli nabiyyin ‘aduwwam minal-mujrimīn(a), wa kafā birabbika hādiyaw wa naṣīrā(n).
[31] Mengkana kuwé, tumrap saben nabi wis Ingsun gawékna mungsuh-mungsuh sekang wong sing padha dosa. Ning cukup Pengéranmu sing maringi pituduh lan pitulungan.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ الْقُرْاٰنُ جُمْلَةً وَّاحِدَةً ۛ كَذٰلِكَ ۛ لِنُثَبِّتَ بِهٖ فُؤَادَكَ وَرَتَّلْنٰهُ تَرْتِيْلًا٣٢
Wa qālal-lażīna kafarū lau lā nuzzila ‘alaihil-qur'ānu jumlataw wāḥidatan - każālika - linuṡabbita bihī fu'ādaka wa rattalnāhu tartīlā(n).
[32] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap, “Kenangapa Al-Qur’an ora déturanaken maring dhéwéké sisan gawé (sewutuhé)?” Mengkana 578 kuwé, supaya Ingsun neguhna atimu (Muhammad) kanthi kuwé lan Ingsun macakna (Al-Qur’an) kanthi tartil (cetha tur bener).
578) Maksudé: Al-Qur’an kuwé ora déturuaken sekabéhané/sewutuhé, tapi déturunaken kanthi mipil merga supaya atiné Nabi Muhammad s.a.w dadi kuwat lan mantep.

وَلَا يَأْتُوْنَكَ بِمَثَلٍ اِلَّا جِئْنٰكَ بِالْحَقِّ وَاَحْسَنَ تَفْسِيْرًا ۗ٣٣
Wa lā ya'tūnaka bimaṡalin illā ji'nāka bil-ḥaqqi wa aḥsana tafsīrā(n).
[33] Lan dhéwéké kabéh (wong kapir kuwé) ora teka maring sliramu (nggawa) prekara sing anéh, anging Ingsun tekakna maring sliramu (prekara) sing bener lan keterangan sing paling apik.

اَلَّذِيْنَ يُحْشَرُوْنَ عَلٰى وُجُوْهِهِمْ اِلٰى جَهَنَّمَۙ اُولٰۤىِٕكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضَلُّ سَبِيْلًا ࣖ٣٤
Allażīna yuḥsyarūna ‘alā wujūhihim ilā jahannam(a), ulā'ika syarrum makānaw wa aḍallu sabīlā(n).
[34] Wong-wong sing padha dékumpulna maring neraka jahanam kanthi délarak rainé, dhéwéké kabéh kuwé sing paling ala panggonané lan kesasar dalané.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَجَعَلْنَا مَعَهٗٓ اَخَاهُ هٰرُوْنَ وَزِيْرًا ۚ٣٥
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba wa ja‘alnā ma‘ahū akhāhu hārūna wazīrā(n).
[35] Lan temen, Ingsun wis paringna Kitab (Taurat) maring Musa lan Ingsun wis ndadékna Harun, seduluré, minangka wazir (réwang).

فَقُلْنَا اذْهَبَآ اِلَى الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ فَدَمَّرْنٰهُمْ تَدْمِيْرًا ۗ٣٦
Fa qulnażhabā ilal-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, fa dammarnāhum tadmīrā(n).
[36] Banjur Ingsun dhawuh (maring sekloroné), “Mangkata ko sekloron maring kaum sing padha nggorohna (ora precaya) maring ayat-ayat-É Ingsun, banjur Ingsun ajurna kaum kuwé kanthi ajur-mumur.

وَقَوْمَ نُوْحٍ لَّمَّا كَذَّبُوا الرُّسُلَ اَغْرَقْنٰهُمْ وَجَعَلْنٰهُمْ لِلنَّاسِ اٰيَةًۗ وَاَعْتَدْنَا لِلظّٰلِمِيْنَ عَذَابًا اَلِيْمًا ۚ٣٧
Wa qauma nūḥil lammā każżabur-rusula agraqnāhum wa ja‘alnāhum lin-nāsi āyah(tan), wa a‘tadnā liẓ-ẓālimīna ‘ażāban alīmā(n).
[37] Lan (wis Ingsun tumpes) kaumé Nuh rikala dhéwéké padha ora precaya maring para utusan. Ingsun lelepna lan Ingsun dadékna dhéwéké kabéh dadi (riwayat) nggo menungsa, lan Ingsun wis nyedhiakna nggo wong-wong sing padha aniaya (dolim) siksa sing perih.

وَعَادًا وَّثَمُوْدَا۟ وَاَصْحٰبَ الرَّسِّ وَقُرُوْنًاۢ بَيْنَ ذٰلِكَ كَثِيْرًا٣٨
Wa ‘ādaw wa ṡamūda wa aṣḥābar-rassi wa qurūnam baina żālika kaṡīrā(n).
[38] Lan Inyong wis tumpes kaumé ‘Ad lan Samud uga warga Rass, 579 lan akéh (maning) brayat antarané (kaum-kaum) kuwé.
579) Rass yakuwé telaga sing wis garing banyuné banjur dédadékna aran salah sijiné kaum, yakuwé kaum Rass. Dhéwéké padha nyembah reca, banjur Gusti Allah ngutus Nabi Syuaib a.s.

وَكُلًّا ضَرَبْنَا لَهُ الْاَمْثَالَۖ وَكُلًّا تَبَّرْنَا تَتْبِيْرًا٣٩
Wa kullan ḍarabnā lahul-amṡāl(a), wa kullan tabbarnā tatbīrā(n).
[39] Lan saben-saben sijiné kuwé wis Ingsun dadékna peumpaman lan Ingsun wis ngajurna dhéwéké kabéh kanthi ajur-mumur.

وَلَقَدْ اَتَوْا عَلَى الْقَرْيَةِ الَّتِيْٓ اُمْطِرَتْ مَطَرَ السَّوْءِۗ اَفَلَمْ يَكُوْنُوْا يَرَوْنَهَاۚ بَلْ كَانُوْا لَا يَرْجُوْنَ نُشُوْرًا٤٠
Wa laqad atau ‘alal-qaryatil-latī umṭirat maṭaras-sau'(i), afalam yakūnū yaraunahā, bal kānū lā yarjūna nusyūrā(n).
[40] Lan temen, dhéwéké kabéh (wong-wong musrik Mekah) wis nglakon ngliwati negari (Sodom) sing (gemiyén) détibani udan sing ala (udan watu). Apa dhéwéké ora padha nyekséni kuwé? Malah dhéwéké kabéh kuwé sebeneré padha ora ngarep-arep dinané détangékna (sekang kubur).

وَاِذَا رَاَوْكَ اِنْ يَّتَّخِذُوْنَكَ اِلَّا هُزُوًاۗ اَهٰذَا الَّذِيْ بَعَثَ اللّٰهُ رَسُوْلًا٤١
Wa iżā ra'auka iy yattakhiżūnaka illā huzuwā(n), ahāżal-lażī ba‘aṡallāhu rasūlā(n).
[41] Lan angger wong-wong kuwé weruh sliramu (Muhammad) dhéwéké kabéh mung ndadékna sliramu nggo nyék-nyékan (kanthi ngucap), “Apa kiyé wong sing dépréntah déning Gusti Allah kon dadi utusan?

اِنْ كَادَ لَيُضِلُّنَا عَنْ اٰلِهَتِنَا لَوْلَآ اَنْ صَبَرْنَا عَلَيْهَاۗ وَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ حِيْنَ يَرَوْنَ الْعَذَابَ مَنْ اَضَلُّ سَبِيْلًا٤٢
In kāda layuḍillunā ‘an ālihatinā lau lā an ṣabarnā ‘alaihā, wa saufa ya‘lamūna ḥīna yaraunal-‘ażāba man aḍallu sabīlā(n).
[42] Temen, méh baé dhéwéké nyasarna inyong kabéh sekang sembahané inyong kabéh, lamon inyong ora padha tetep cekelan (nyembah) kuwé.” Lan mbésuk dhéwéké kabéh bakal ngaweruhi rikala dhéwéké padha weruh siksa, sapa sing paling kesasar dalané.

اَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُۗ اَفَاَنْتَ تَكُوْنُ عَلَيْهِ وَكِيْلًا ۙ٤٣
Ara'aita manittakhaża ilāhahū hawāh(u), afa anta takūnu ‘alaihi wakīlā(n).
[43] Mbok sliramu (Muhammad) wis weruh maring wong sing ndadékna kekarepané (nepsu) minangka sembahan? Apa sliramu arep dadi pengayomé?

اَمْ تَحْسَبُ اَنَّ اَكْثَرَهُمْ يَسْمَعُوْنَ اَوْ يَعْقِلُوْنَۗ اِنْ هُمْ اِلَّا كَالْاَنْعَامِ بَلْ هُمْ اَضَلُّ سَبِيْلًا ࣖ٤٤
Am taḥsabu anna akṡarahum yasma‘ūna au ya‘qilūn(a), in hum illā kal-an‘āmi bal hum aḍallu sabīlā(n).
[44] utawa apa sliramu ngira lamon akéh-akéhé dhéwéké kuwé padha ngrungokna utawa mahami? Dhéwéké kuwé padha kaya kéwan ingon, malah lewih kesasar dalané.

اَلَمْ تَرَ اِلٰى رَبِّكَ كَيْفَ مَدَّ الظِّلَّۚ وَلَوْ شَاۤءَ لَجَعَلَهٗ سَاكِنًاۚ ثُمَّ جَعَلْنَا الشَّمْسَ عَلَيْهِ دَلِيْلًا ۙ٤٥
Alam tara ilā rabbika kaifa maddaẓ-ẓill(a), wa lau syā'a laja‘alahū sākinā(n), ṡumma ja‘alnasy-syamsa ‘alaihi dalīlā(n).
[45] Apa sliramu ora nggatékna (ciptanané) Pengéranmu, kepriwé Penjenengané ndawakna (lan nyendekna) wewayangan, lan sekirané Penjenengané ngersakna mesthi Penjenengané dadékna layangan kuwé ajeg, banjur Ingsun dadékna srengéngé (minangka) pituduh.

ثُمَّ قَبَضْنٰهُ اِلَيْنَا قَبْضًا يَّسِيْرًا٤٦
Ṡumma qabaḍnā ilainā qabḍay yasīrā(n).
[46] Lan Ingsun kered (wewayangan kuwé) maring Ingsun 580 cuk semendhing.
580) Maksudé: Layangan kuwé Ingsun busek alon-alon kaya surupé srengéngé cuk semendhing.

وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِبَاسًا وَّالنَّوْمَ سُبَاتًا وَّجَعَلَ النَّهَارَ نُشُوْرًا٤٧
Wa huwal-lażī ja‘ala lakumul-laila libāsaw wan-nauma subātaw wa ja‘alan-nahāra nusyūrā(n).
[47] Lan Penjenengané (Gusti Allah) sing ndadékna wengi nggo ko kabéh (minangka) sandhangan, lan turu nggo ngaso, lan Penjenengané sing ndadékna awan nggo pahal.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ الرِّيَاحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۚ وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً طَهُوْرًا ۙ٤٨
Wa huwal-lażī arsalar-riyāḥa busyram baina yadai raḥmatih(ī), wa anzalnā minas-samā'i mā'an ṭahūrā(n).
[48] Lan Penjenengané (Gusti Allah) sing ngirim angin nggo nggawa kabar bebungah seurungé teka kewelasan Penjenengané (udan) lan Ingsun turunaken banyu sekang langit sing brésih pisan.

لِّنُحْيِ َۧ بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا وَّنُسْقِيَهٗ مِمَّا خَلَقْنَآ اَنْعَامًا وَّاَنَاسِيَّ كَثِيْرًا٤٩
Linuḥyiya bihī baldatam maitaw wa nusqiyahū mimmā khalaqnā an‘āmaw wa anāsiyya kaṡīrā(n).
[49] Supaya (kanthi banyu kuwé) Ingsun uripna negari sing mati (cengkar), lan Ingsun paring nginum maring sebagéan apa sing wis Ingsun ciptakna (rupa) kéwan-kéwan ingon lan menungsa sing akéh.

وَلَقَدْ صَرَّفْنٰهُ بَيْنَهُمْ لِيَذَّكَّرُوْاۖ فَاَبٰىٓ اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا٥٠
Wa laqad ṣarrafnāhu bainahum liyażżakkarū, fa abā akṡarun-nāsi illā kufūrā(n).
[50] Lan temen, Ingsun wis nggalar-gilirna (udan) neng antarané dhéwéké kabéh supaya dhéwéké padha ngalap piwulang, ning akéh-akéhé menungsa ora padha gelem kesuwun (sukur), malah dhéwéké padha ngingkari nékmat.

وَلَوْ شِئْنَا لَبَعَثْنَا فِيْ كُلِّ قَرْيَةٍ نَّذِيْرًا ۖ٥١
Wa lau syi'nā laba‘aṡnā fī kulli qaryatin nażīrā(n).
[51] Lan sekirané Ingsun ngresakna, mesthi Ingsun utus siji juru pengéling-éling maring saben-saben negari.

فَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَجَاهِدْهُمْ بِهٖ جِهَادًا كَبِيْرًا٥٢
Falā tuṭi‘il-kāfirīna wa jāhidhum bihī jihādan kabīrā(n).
[52] Mangka aja pisan-pisan sliramu manut maring wong kapir, lan lelabuha (jihad) nganggo Al-Qur’an kanthi tékad lelabuh sing gedhé.

۞ وَهُوَ الَّذِيْ مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ هٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ وَّهٰذَا مِلْحٌ اُجَاجٌۚ وَجَعَلَ بَيْنَهُمَا بَرْزَخًا وَّحِجْرًا مَّحْجُوْرًا٥٣
Wa huwal-lażī marajal-baḥraini hāżā ‘ażbun furātuw wa hāżā milḥun ujāj(un), wa ja‘ala bainahumā barzakhaw wa ḥijram maḥjūrā(n).
[53] Lan Penjenengané (Gusti Allah) sing ngejorna segara loro mili jéjéran, sing siji anyeb lan seger, liyané asin tur pait; lan Penjenengané ndadékna neng antarané loroné pager lan wates sing ora tedhas.

وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ مِنَ الْمَاۤءِ بَشَرًا فَجَعَلَهٗ نَسَبًا وَّصِهْرًاۗ وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيْرًا٥٤
Wa huwal-lażī khalaqa minal-mā'i basyaran fa ja‘alahū nasabaw wa ṣihrā(n), wa kāna rabbuka qadīrā(n).
[54] Lan Penjenengané (Gusti Allah) uga sing nyiptakna menungsa sekang banyu, banjur Penjenengané dadékna menungsa (duwé) keturunanan lan musaharah 581 , lan Pengéranmu kuwé Mahakewasa.
581) Musaharah tegesé peseduluran merga jejodhoan, Umpamané mantu,mertuwa, ipé lan seterusé.

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُهُمْ وَلَا يَضُرُّهُمْۗ وَكَانَ الْكَافِرُ عَلٰى رَبِّهٖ ظَهِيْرًا٥٥
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lā yanfa‘uhum wa lā yaḍurruhum, wa kānal-kāfiru ‘alā rabbihī ẓahīrā(n).
[55] Lan wong-wong mau padha nyembah seliyané Gusti Allah, (sewiji-wiji) sing ora migunani maring dhéwéké lan (uga) ora nekakna bebaya maring dhéwéké. Wong-wong mbangkang (kapir) kuwé sing padha nulungi (sétan temindak duraka) maring Pengérané.

وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًا٥٦
Wa mā arsalnāka illā mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[56] Lan ora-orané Ingsun ngutus sliramu (Muhammad) kejaba nggo nggawa werta bebungah lan awéh pengéling-éling.

قُلْ مَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اَنْ يَّتَّخِذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا٥٧
Qul mā as'alukum ‘alaihi min ajrin illā man syā'a ay yattakhiża ilā rabbihī sabīlā(n).
[57] Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora njaluk upah apa-apa maring ko kabéh olihé (inyong) mbutulna (risalah), anging (pengarep-arep supaya) wong-wong padha gelem ngambah dalané Pengérané dhéwéké kabéh.”

وَتَوَكَّلْ عَلَى الْحَيِّ الَّذِيْ لَا يَمُوْتُ وَسَبِّحْ بِحَمْدِهٖۗ وَكَفٰى بِهٖ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًا ۚ٥٨
Wa tawakkal ‘alal-ḥayyil-lażī lā yamūtu wa sabbiḥ biḥamdih(ī), wa kafā bihī biżunūbi ‘ibādihī khabīrā(n).
[58] Lan pasraha maring Gusti Allah Sing Maha Jumeneng, Sing Ora Séda, lan maha-sucékna (maca tasbéh) kanthi ngalembana Penjenengané. Lan cukup Penjenengané Maha Ngawuningani dosané para kawula-Né,

اَلَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۚ اَلرَّحْمٰنُ فَسْـَٔلْ بِهٖ خَبِيْرًا٥٩
Allażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), ar-raḥmānu fas'al bihī khabīrā(n).
[59] sing nyiptakna langit lan bumi, lan apa bae sing ana neng antarané sekloroné neng wektu nem mangsa, banjur Penjenengané milenggah neng ndhuwuré ‘Arsy, (Penjenengané) Sing Mahaasih, mangka takona (ngenani Gusti Allah) maring wong sing ngaweruhi (Muhammad).

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اسْجُدُوْا لِلرَّحْمٰنِ قَالُوْا وَمَا الرَّحْمٰنُ اَنَسْجُدُ لِمَا تَأْمُرُنَا وَزَادَهُمْ نُفُوْرًا ۩ ࣖ٦٠
Wa iżā qīla lahumusjudū lir-raḥmāni qālū wa mar-raḥmānu anasjudu limā ta'murunā wa zādahum nufūrā(n).
[60] Lan angger déucapna maring dhéwéké kabéh, “Padha sujuda ko kabéh maring Sing Mahaasih,” dhéwéké padha semaur, “Sapa sing Mahaasih kuwé? Apa inyong kabéh kudu sujud maring Gusti Allah sing sliramu (Muhammad) préntahna maring inyong kabéh (sujud maring Penjenengané)?” Lan dhéwéké kabéh padha sengsaya adoh olihé mlayu (sekang bebener).

تَبٰرَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِى السَّمَاۤءِ بُرُوْجًا وَّجَعَلَ فِيْهَا سِرٰجًا وَّقَمَرًا مُّنِيْرًا٦١
Tabārakal-lażī ja‘ala fis-samā'i burūjaw wa ja‘ala fīhā sirājaw wa qamaram munīrā(n).
[61] Mahasuci Gusti Allah sing nyipta neng langit kumpulan lintang-lintang lan Penjenengangé uga nyipta srengéngé neng langit kuwé lan wulan sing mencorong.

وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ خِلْفَةً لِّمَنْ اَرَادَ اَنْ يَّذَّكَّرَ اَوْ اَرَادَ شُكُوْرًا٦٢
Wa huwal-lażī ja‘alal-laila wan-nahāra khilfatal liman arāda ay yażżakkara au arāda syukūrā(n).
[62] Lan Penjenengané (Gusti Allah) uga sing ndadékna awan lan wengi gilir-gemanti nggo wong sing padha kepéngin ngalap piwulang lan sing kepéngin kesuwun (sukur).

وَعِبَادُ الرَّحْمٰنِ الَّذِيْنَ يَمْشُوْنَ عَلَى الْاَرْضِ هَوْنًا وَّاِذَا خَاطَبَهُمُ الْجٰهِلُوْنَ قَالُوْا سَلٰمًا٦٣
Wa ‘ibādur-raḥmānil-lażīna yamsyūna ‘alal-arḍi haunaw wa iżā khāṭabahumul-jāhilūna qālū salāmā(n).
[63] Anadéné kewula-kewulané Pengéran Sing Mahaasih kuwé wong-wong sing padha mlaku neng bumi kanthi andhap-asor lan angger wong-wong bodho takon maring dhéwéké kabéh (kanthi ucapan sing ngina) dhéwéké padha ngucap, “Salam,” (moga-moga padha slamet),

وَالَّذِيْنَ يَبِيْتُوْنَ لِرَبِّهِمْ سُجَّدًا وَّقِيَامًا٦٤
Wal-lażīna yabītūna lirabbihim sujjadaw wa qiyāmā(n).
[64] lan wong-wong sing padha ngentongna wektu mbenginé nggo ngabekti maring Pengérané kanthi sujud lan njanggleng.

وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا اصْرِفْ عَنَّا عَذَابَ جَهَنَّمَۖ اِنَّ عَذَابَهَا كَانَ غَرَامًا ۖ٦٥
Wal-lażīna yaqūlūna rabbanaṣrif ‘annā ‘ażāba jahannam(a), inna ‘ażābahā kāna garāmā(n).
[65] Lan wong-wong sing padha nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula sami, mugi tebihakén siksa neraka Jahanam saking kula sedaya, mergi saéstu siksanipun ndadosaken kerisakan ingkang langgeng,”

اِنَّهَا سَاۤءَتْ مُسْتَقَرًّا وَّمُقَامًا٦٦
Innahā sā'at mustaqarraw wa muqāmā(n).
[66] temen, neraka Jahanam kuwé seala-alané nggon nggo mapan lan papan panggonan.

وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَنْفَقُوْا لَمْ يُسْرِفُوْا وَلَمْ يَقْتُرُوْا وَكَانَ بَيْنَ ذٰلِكَ قَوَامًا٦٧
Wal-lażīna iżā anfaqū lam yusrifū wa lam yaqturū wa kāna baina żālika qawāmā(n).
[67] Lan (klebu kewulané Pengéran Sing Mahaasih) wong-wong sing angger nyumbangna (bandha), dhéwéké ora kelomanén lan ora (uga) medhit, neng antarané loroné selumrahé,

وَالَّذِيْنَ لَا يَدْعُوْنَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ وَلَا يَقْتُلُوْنَ النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّ وَلَا يَزْنُوْنَۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ يَلْقَ اَثَامًا ۙ٦٨
Wal-lażīna lā yad‘ūna ma‘allāhi ilāhan ākhara wa lā yaqtulūnan nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqqi wa lā yaznūn(a), wa may yaf‘al żālika yalqa aṡāmā(n).
[68] lan wong-wong sing ora padha nyekuthokna Gusti Allah karo sembahan liyané lan ora maténi wong sing délarang déning Gusti Allah kejaba kanthi (alesan) sing bener, lan ora jinah (royal); lan sapa wongé sing nglakoni mengkana kuwé bakal olih ukuman sing abot.

يُّضٰعَفْ لَهُ الْعَذَابُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَيَخْلُدْ فِيْهٖ مُهَانًا ۙ٦٩
Yuḍā‘af lahul-‘ażābu yaumal-qiyāmati wa yakhlud fīhī muhānā(n).
[69] (yakuwé) bakal detikel-tikelna siksané dhéwéké neng dina Kiyamat, lan dhéwéké bakal langgeng neng siksa kuwé neng sejeroné kenisthan,

اِلَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ عَمَلًا صَالِحًا فَاُولٰۤىِٕكَ يُبَدِّلُ اللّٰهُ سَيِّاٰتِهِمْ حَسَنٰتٍۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٧٠
Illā man tāba wa āmana wa ‘amila ‘amalan ṣāliḥan fa ulā'ika yubaddilullāhu sayyi'ātihim ḥasanāt(in), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[70] kejaba wong-wong sing padha mertobat lan precaya lan nglakoni kebecikan; mangka kejahatané dhéwéké bakal déganti déning Gusti Allah karo kebecikan. Lan Gusti Allah Maha Ngampura tur Mahaasih.

وَمَنْ تَابَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَاِنَّهٗ يَتُوْبُ اِلَى اللّٰهِ مَتَابًا٧١
Wa man tāba wa ‘amila ṣāliḥan fa innahū yatūbu ilallāhi matābā(n).
[71] Lan sapa wongé sing mertobat lan nglakoni kebecikan, mangka setemené dhéwéké wong sing mertobat maring Gusti Allah kanthi tobat sing setemen-temené.

وَالَّذِيْنَ لَا يَشْهَدُوْنَ الزُّوْرَۙ وَاِذَا مَرُّوْا بِاللَّغْوِ مَرُّوْا كِرَامًا٧٢
Wal-lażīna yasyhadūnaz-zūr(a), wa iżā marrū bil-lagwi marrū kirāmā(n).
[72] Lan wong-wong sing ora gawé peseksén palsu, lan angger dhéwéké ketemu karo (wong-wong) sing padha nglakoni penggawéan sing ora nana gunané, dhéwéké (terus) liwat karo ngreksa ajiné awaké dhéwék,

وَالَّذِيْنَ اِذَا ذُكِّرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ لَمْ يَخِرُّوْا عَلَيْهَا صُمًّا وَّعُمْيَانًا٧٣
Wal-lażīna iżā żukkirū bi'āyāti rabbihim lam yakhirrū ‘alaihā ṣummaw wa ‘umyānā(n).
[73] lan wong-wong sing angger déwéhi pengéling-éling nganggo ayat-ayat-É Pengérané, dhéwéké ora padha temindak kaya wong-wong budheg lan picek.

وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا٧٤
Wal-lażīna yaqūlūna rabbanā hab lanā min azwājinā wa żurriyyātinā qurrata a‘yuniw waj‘alnā lil-muttaqīna imāmā(n).
[74] Lan wong-wong sing padha ngucap, “Dhuh Pengéran kula sami, mugi paringana dhateng kula sedaya, jodho kula sedaya lan anak-turun kula sedaya dados bebingah manah (kula sedaya), lan dadosaken kula sedaya panutan tumrap tiyang-tiyang ingkang sami semarah (takwa).”

اُولٰۤىِٕكَ يُجْزَوْنَ الْغُرْفَةَ بِمَا صَبَرُوْا وَيُلَقَّوْنَ فِيْهَا تَحِيَّةً وَّسَلٰمًا ۙ٧٥
Ulā'ika yujzaunal-gurfata bimā ṣabarū wa yulaqqauna fīhā taḥiyyataw wa salāmā(n).
[75] Dhéwéké kabéh bakal olih piwales rupa panggonan sing luhur (neng suwarga) ingatasé kesabarané dhéwéké, lan neng kana dhéwéké bakal padha désubya-subya kanthi pekurmatan lan pengayubegya (salam),

خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ حَسُنَتْ مُسْتَقَرًّا وَّمُقَامًا٧٦
Khālidīna fīhā, ḥasunat mustaqarraw wa muqāmā(n).
[76] dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné. Suwarga kuwé sebagus-bagusé nggon mapan lan panggonan.

قُلْ مَا يَعْبَؤُا بِكُمْ رَبِّيْ لَوْلَا دُعَاۤؤُكُمْۚ فَقَدْ كَذَّبْتُمْ فَسَوْفَ يَكُوْنُ لِزَامًا ࣖ٧٧
Qul mā ya‘ba'u bikum rabbī lau lā du‘ā'ukum, faqad każżabtum fa saufa yakūnu lizāmā(n).
[77] Dhawuha (Muhammad, maring wong-wong musrik), “Pengéranku ora bakal nggatékna ko kabéh, angger ora merga pengabektimu. (Ning kepriwé ko padha ngabekti maring Penjenengané), mangka temen ko kabéh wis padha nggorohna Penjenengané? Merga kuwé, mbésuk (siksa) mesti bakal (nibani ko kabéh).”