Surah An-Nur

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُوْرَةٌ اَنْزَلْنٰهَا وَفَرَضْنٰهَا وَاَنْزَلْنَا فِيْهَآ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ لَّعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ١
Sūratun anzalnāhā wa faraḍnāhā wa anzalnā fīhā āyātim bayyinātil la‘allakum tażakkarūn(a).
[1] (Kiyé) sewijiné surah sing Ingsun turunaken lan Ingsun wajibna (nglakokna hukum-hukum)é, lan Ingsun turunaken neng senjeroné tandha-tandha (agungé Gusti Allah) sing genah supayané ko kabéh padha éling.

اَلزَّانِيَةُ وَالزَّانِيْ فَاجْلِدُوْا كُلَّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا مِائَةَ جَلْدَةٍ ۖوَّلَا تَأْخُذْكُمْ بِهِمَا رَأْفَةٌ فِيْ دِيْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۚ وَلْيَشْهَدْ عَذَابَهُمَا طَاۤىِٕفَةٌ مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٢
Az-zāniyatu waz-zānī fajlidū kulla wāḥidim minhumā mi'ata jaldah(tan), wa lā ta'khużkum bihimā ra'fatun fī dīnillāhi in kuntum tu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), walyasyhad ‘ażābahumā ṭā'ifatum minal-mu'minīn(a).
[2] Tukang jinah (royal) wadon lan tukang jinah lanang rajamen saben-saben sekang sekloroné ping satus, lan aja nganti rasa melas maring wong loro kuwé ngalang-alangi ko kabéh nggo nglakokna agama (hukumé) Gusti Allah, angger ko padha precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan, lan preyogané (ngleksanaknané) ukuman nggo wong loro désekséni déning sebagéan wong-wong sing padha precaya.

اَلزَّانِيْ لَا يَنْكِحُ اِلَّا زَانِيَةً اَوْ مُشْرِكَةً ۖوَّالزَّانِيَةُ لَا يَنْكِحُهَآ اِلَّا زَانٍ اَوْ مُشْرِكٌ ۚوَحُرِّمَ ذٰلِكَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ٣
Az-zānī lā yankiḥu illā zāniyatan au musyrikah(tan), waz-zāniyatu lā yankiḥuhā illā zānin au musyrik(un), wa ḥurrima żālika ‘alal-mu'minīn(a).
[3] Tukang jinah lanang ora kena umah-umah kejaba karo tukang jinah wadon, utawa karo wong wadon musrik, lan tukang jinah wadon ora kena umah-umah kejaba karo tukang jinah lanang, utawa karo wong lanang musrik; lan sing mengkana kuwé délarang (haram) tumrap wong-wong mukmin. 558
558) Ora patut wong sing precaya umah-umah karo tukang jinah, semana uga sewaliké

وَالَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ الْمُحْصَنٰتِ ثُمَّ لَمْ يَأْتُوْا بِاَرْبَعَةِ شُهَدَاۤءَ فَاجْلِدُوْهُمْ ثَمٰنِيْنَ جَلْدَةً وَّلَا تَقْبَلُوْا لَهُمْ شَهَادَةً اَبَدًاۚ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ ۙ٤
Wal-lażīna yarmūnal-muḥṣanāti ṡumma lam ya'tū bi'arba‘ati syuhadā'a fajlidūhum ṡamānīna jaldataw wa lā taqbalū lahum syahādatan abadā(n), wa ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[4] Lan wong-wong sing ndakwa (nglakoni jinah) wong-wong wadon sing apik, lan dhéwéké padha ora nekakna seksi wong papat, mangka rajamen dhéwéké ping wolung puluh, lan ko aja padha nampa perseksénané wong-wong kuwé nggo selawasé. Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha dosa (pasék),

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ وَاَصْلَحُوْاۚ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥
Illal-lażīna tābū mim ba‘di żālika wa aṣlaḥū, fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[5] kejaba wong-wong sing padha tobat sewisé kuwé lan padha ndandani (awaké), mangka temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.

وَالَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ اَزْوَاجَهُمْ وَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ شُهَدَاۤءُ اِلَّآ اَنْفُسُهُمْ فَشَهَادَةُ اَحَدِهِمْ اَرْبَعُ شَهٰدٰتٍۢ بِاللّٰهِ ۙاِنَّهٗ لَمِنَ الصّٰدِقِيْنَ٦
Wal-lażīna yarmūna azwājahum wa lam yakul lahum syuhadā'u illā anfusuhum fa syahādatu aḥadihim arba‘u syahādātim billāh(i), innahū laminaṣ-ṣādiqīn(a).
[6] Lan wong-wong sing ndakwa wadoné (nglakoni jinah), mangkané wong-wong kuwé ora duwé seksi-seksi seliyané awaké dhéwék, mangka perseksénané saben-saben wong-wong kuwé sumpah ping pat kanthi (asmané) Gusti Allah, lamon setemené dhéwéké klebu wong sing ngucap bener.

وَالْخَامِسَةُ اَنَّ لَعْنَتَ اللّٰهِ عَلَيْهِ اِنْ كَانَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٧
Wal-khāmisatu anna la‘natallāhi ‘alaihi in kāna minal-kāżibīn(a).
[7] Lan (sumpah) sing ping lprecayaé lamon benduné Gusti Allah bakal nibani dhéwéké, angger dhéwéké klebu wong sing goroh. 559
559) Maksudé ayat 6-7 kuwé, wong sing ndakwa nglakoni jinah kanthi ora nekakna seksi wong papat, kuduné sumpah kanthi nyebut asmané Gusti Allah lamon dhéwéké sing bener neng dakwané kuwé. Sebanjuré dhéwéké sumpah sepisan maning lamon dhéwéké bakal kenang laknaté Gusti Allah angger dhéwéké goroh. Prekara kiyé neng pekih (ilmu fiqih) déarani li`an.

وَيَدْرَؤُا عَنْهَا الْعَذَابَ اَنْ تَشْهَدَ اَرْبَعَ شَهٰدٰتٍۢ بِاللّٰهِ اِنَّهٗ لَمِنَ الْكٰذِبِيْنَ ۙ٨
Wa yadra'u ‘anhal-‘ażāba an tasyhada arba‘a syahādātim billāhi innahū laminal-kāżibīn(a).
[8] Lan sing wadon (bojo) kuwé bebas (luput) sekang ukuman angger dhéwéké sumpah ping papat kanthi (asmané) Gusti Allah lamon sing lanang (lanangé) kuwé nyata-nyata klebu wong-wong sing goroh.

وَالْخَامِسَةَ اَنَّ غَضَبَ اللّٰهِ عَلَيْهَآ اِنْ كَانَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٩
Wal-khāmisata anna gaḍaballāhi ‘alaihā in kāna minaṣ-ṣādiqīn(a).
[9] lan (sumpah) sing ping lprecayaé lamon murkané Gusti Allah bakal nibani dhéwéké (sing wadon), angger dhéwéké (sing lanang) kuwé klebu wong sing ucapané bener.

وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ وَاَنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ حَكِيْمٌ ࣖ١٠
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū wa annallāha tawwābun ḥakīm(un).
[10] Lan sekirané udu merga peparingé Gusti Allah lan kewelasané (rahmat) Penjenengané maring ko kabéh, (mesthi ko padha bakal nemoni reribed). Lan setemené Gusti Allah Maha Nampani Tobat, Mahawicaksana.

اِنَّ الَّذِيْنَ جَاۤءُوْ بِالْاِفْكِ عُصْبَةٌ مِّنْكُمْۗ لَا تَحْسَبُوْهُ شَرًّا لَّكُمْۗ بَلْ هُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۗ لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ مَّا اكْتَسَبَ مِنَ الْاِثْمِۚ وَالَّذِيْ تَوَلّٰى كِبْرَهٗ مِنْهُمْ لَهٗ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١١
Innal-lażīna jā'ū bil-ifki ‘uṣbatum minkum, lā taḥsabūhu syarral lakum, bal huwa khairul lakum, likullimri'im minhum maktasaba minal-iṡm(i), wal-lażī tawallā kibrahū minhum lahū ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[11] Setemené wong-wong sing padha nggawa werta goroh kuwé anané sekang golongané ko (uga). Aja pisan-pisan ko padha ngira werta kuwé ala tumrap ko kabéh, malah kuwé apik tumrap ko. Saben wong sekang wong-wong kuwé bakal olih piwales sekang dosa sing dhéwéké padha pergawé. Lan sapa wongé neng antarané wong-wong kuwé sing njikot bagéan sing paling gedhé (sekang dosa sing dhéwéké pergawé) dhéwéké olih siksa sing gedhé (uga). 560
560) Warta goroh kiyé ngenani garwané Rasulullah s.a.w. `Aisyah r.a. Ummul Mukminin, sewisé perang Badar karo Bani Mustoliq neng wulan Sadran 5 H. Perang antarané kaum munapék lan uga `Aisyah karo Nabi s.a.w, dhasaré undhian sing deanakna neng antarané garwa-garwané Nabi. Neng dalan lagi baliné sekang perang wong-wong kuwé padha mandheg neng sijiné panggonan. `Aisyah r.a. metu sekang sekedhupé merga ana sewijiné perlu, terus mbalek maning. Ijig-ijig dhéwéké krasa kalungé ilang, terus dhéwéké lunga maning nggoléti kalung. Sewetara kaya kuwé rombongané mangkat kanthi sangka lamon `Aisyah r.a. ésih neng njeroné sekedhup. Sewisé `Aisyah ngerti sekedhupé wis mangkat, dhéwéké lenggah neng panggonané lan ngarep-arep sekedup kuwé mbalek marani dhéwéké. Kebeneran liwat neng panggonan kuwé sijiné sahabaté Nabi, Safwan ibnu Mu`attal, sing weruh ana sisjiné wong lagi saré dhéwékan lan dhéwéké kaget kelawan ngucap, “Inna lillahi wa inna ilaihi raji`un, garwané Rasul!” `Aisyah r.a. wungu. Terus dhéwéké demanggakna déning S(...)

لَوْلَآ اِذْ سَمِعْتُمُوْهُ ظَنَّ الْمُؤْمِنُوْنَ وَالْمُؤْمِنٰتُ بِاَنْفُسِهِمْ خَيْرًاۙ وَّقَالُوْا هٰذَآ اِفْكٌ مُّبِيْنٌ١٢
Lau lā iż sami‘tumūhu ẓannal-mu'minūna wal-mu'minātu bi'anfusihim khairā(n), wa qālū hāżā ifkum mubīn(un).
[12] Kenangapa wong-wong mukmin lanang lan mukmin wadon ora padha nyana apik maring awake dhéwéké, rikala ko kabéh krungu kabar goroh kuwé lan ngucap, “Kiyé kuwé (sewijiné werta) goroh sing nyata.”

لَوْلَا جَاۤءُوْ عَلَيْهِ بِاَرْبَعَةِ شُهَدَاۤءَۚ فَاِذْ لَمْ يَأْتُوْا بِالشُّهَدَاۤءِ فَاُولٰۤىِٕكَ عِنْدَ اللّٰهِ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ١٣
Lau lā jā'ū ‘alaihi bi'arba‘ati syuhadā'(a), fa iż lam ya'tū bisy-syuhadā'i fa ulā'ika ‘indallāhi humul-kāżibūn(a).
[13] Kenangapa wong-wong (sing padha ndakwa) ora teka nggawa seksi papat? Merga déné wong-wong kuwé ora nggawa seksi-seksi, mangka dhéwéké kabéh kuwé neng peningalé Gusti Allah wong-wong sing padha goroh.

وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ لَمَسَّكُمْ فِيْ مَآ اَفَضْتُمْ فِيْهِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١٤
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū fid-dun-yā wal-ākhirati lamassakum fīmā afaḍtum fīhi ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[14] Lan énggané udu merga peparingé Gusti Allah lan kewelasan (rahmat)é Penjenengané maring ko kabéh neng dunya lan neng akhérat, mesthi ko kabéh kenang siksa sing gedhé, désebabna déning omong-omongané ko kabéh ngenani prekara kuwé (werta goroh kuwé).

اِذْ تَلَقَّوْنَهٗ بِاَلْسِنَتِكُمْ وَتَقُوْلُوْنَ بِاَفْوَاهِكُمْ مَّا لَيْسَ لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌ وَّتَحْسَبُوْنَهٗ هَيِّنًاۙ وَّهُوَ عِنْدَ اللّٰهِ عَظِيْمٌ ۚ١٥
Iż talaqqaunahū bi'alsinatikum wa taqūlūna bi'afwāhikum mā laisa lakum bihī ‘ilmuw wa taḥsabūnahū hayyinā(n), wa huwa ‘indallāhi ‘aẓīm(un).
[15] (Élinga) rikala ko padha nampa (werta goroh) kuwé liwat tutur-tinular lan ko padha ngucap nganggo lésanmu apa sing ko ora padha kaweruhi semendhing-mendhinga, lan ko padha nganggep kuwé sepélé, mangkané neng peningalé Gusti Allah kuwé prekara gedhé.

وَلَوْلَآ اِذْ سَمِعْتُمُوْهُ قُلْتُمْ مَّا يَكُوْنُ لَنَآ اَنْ نَّتَكَلَّمَ بِهٰذَاۖ سُبْحٰنَكَ هٰذَا بُهْتَانٌ عَظِيْمٌ١٦
Wa lau lā iż sami‘tumūhu qultum mā yakūnu lanā an natakallama bihāżā, subḥānaka hāżā buhtānun ‘aẓīm(un).
[16] Lan kenangapa ko padha ora ngucap rikala krungu kuwé, “Ora pantes tumrap inyong kabéh ngomongna kiyé. Mahasuci Penjenengan, kiyé kuwé gegoroh sing gedhé.”

يَعِظُكُمُ اللّٰهُ اَنْ تَعُوْدُوْا لِمِثْلِهٖٓ اَبَدًا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ۚ١٧
Ya‘iẓukumullāhu an ta‘ūdū limiṡlihī abadan in kuntum mu'minīn(a).
[17] Gusti Allah ngélingna ko kabéh supayané (aja) maning-maning mbaléni kaya kuwé selawas-lawasé, angger ko wong sing padha precaya,

وَيُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٨
Wa yubayyinullāhu lakumul-āyāt(i), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[18] lan Gusti Allah mertélakna ayat-ayat-É (Penjenengané) maring ko kabéh. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahaaris.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحِبُّوْنَ اَنْ تَشِيْعَ الْفَاحِشَةُ فِى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۙ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ١٩
Innal-lażīna yuḥibbūna an tasyī‘al-fāḥisyatu fil-lażīna āmanū lahum ‘ażābun alīm(un), fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[19] Setemené wong-wong sing kepéngin supayané penggawéan sing banget kotoré kuwé (werta goroh) semebar neng kalangané wong-wong sing padha precaya, dhéwéké kabéh kuwé olih siksa sing perih neng dunya lan neng akhérat. Lan Gusti Allah mriksani, mangkané ko ora padha ngaweruhi.

وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ وَاَنَّ اللّٰهَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٠
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū wa annallāha ra'ūfur raḥīm(un).
[20] Lan angger udu merga krana peparingé Gusti Allah lan kewelasané (rahmat) Penjenengané maring ko kabéh (mesthi ko bakal padha kenang siksa sing gedhé). Temen, Gusti Allah Mahaaris, Mahaasih.

۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ وَمَنْ يَّتَّبِعْ خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِ فَاِنَّهٗ يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِۗ وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ مَا زَكٰى مِنْكُمْ مِّنْ اَحَدٍ اَبَدًاۙ وَّلٰكِنَّ اللّٰهَ يُزَكِّيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), wa may yattabi‘ khuṭuwātisy-syaiṭāni fa innahū ya'muru bil-faḥsyā'i wal-munkar(i), wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū mā zakā minkum min aḥadin abadā(n), wa lākinnallāha yuzakkī may yasyā'(u), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[21] Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan ko padha mélu laku-lakuné sétan. Sapa wongé sing mélu laku-lakuné sétan, mangka setemené dhéwéké (sétan) akon nglakoni penggawéan sing kotor lan slentha (mungkar). Angger udu merga peparingé Gusti Allah lan kewelasané (rahmat) Penjenengané maring ko kabéh, mesthi ora nana wong sewiji neng antarané ko kabéh brésih (sekang penggawé kotor lan mungkar kuwé) selawas-lawasé, ning Gusti Allah mbrésihna sapa sing dékersakna déning Penjenengané. Lan Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.

وَلَا يَأْتَلِ اُولُو الْفَضْلِ مِنْكُمْ وَالسَّعَةِ اَنْ يُّؤْتُوْٓا اُولِى الْقُرْبٰى وَالْمَسٰكِيْنَ وَالْمُهٰجِرِيْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۖوَلْيَعْفُوْا وَلْيَصْفَحُوْاۗ اَلَا تُحِبُّوْنَ اَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢٢
Wa lā ya'tali ulul-faḍli minkum was-sa‘ati ay yu'tū ulil-qurbā wal-masākīna wal-muhājirīna fī sabīlillāh(i), wal ya‘fū wal yaṣfaḥū, alā tuḥibbūna ay yagfirallāhu lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[22] Lan aja pisan-pisan wong-wong sing duwé keturahan lan kombéran neng antarané ko kabéh sumpah lamon dhéwéké (ora) arep awéh (bantuan) maring seduluré (dhéwéké), wong-wong mlarat lan wong-wong sing padha boyong (hijrah) maring dalané Gusti Allah, lan peryogané wong-wong kuwé awéh ngampura lan njembarna dhadha. Apa ko ora padha seneng angger Gusti Allah ngampurani ko kabéh? Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ الْمُحْصَنٰتِ الْغٰفِلٰتِ الْمُؤْمِنٰتِ لُعِنُوْا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ۙ٢٣
Innal-lażīna yarmūnal-muḥṣanātil-gāfilātil-mu'mināti lu‘inū fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[23] Temen, wong-wong sing ndakwa wong-wong wadon sing apik, sing limpé, 561 O lan precaya (kanthi dakwan jinah), wong-wong mau désupatani neng dunya lan neng akhérat, lan dhéwéké kabéh bakal olih siksa sing gedhé,
561) Sing démaksud wong-wong wadon sing limpi yakuwé wong-wong wadon sing ora tau sepisan-pisanan éling maring kelakuané sing ala.

يَّوْمَ تَشْهَدُ عَلَيْهِمْ اَلْسِنَتُهُمْ وَاَيْدِيْهِمْ وَاَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٤
Yauma tasyhadu ‘alaihim alsinatuhum wa aidīhim wa arjuluhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[24] neng dinané, (rikala) ilat, tangan, lan sikilé wong-wong kuwé dadi seksi nggo dhéwéké kabéh ingatasé apa sing gemiyén dhéwéké padha pergawé.

يَوْمَىِٕذٍ يُّوَفِّيْهِمُ اللّٰهُ دِيْنَهُمُ الْحَقَّ وَيَعْلَمُوْنَ اَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ٢٥
Yauma'iżiy yuwaffīhimullāhu dīnahumul-ḥaqqa wa ya‘lamūna annallāha huwal-ḥaqqul-mubīn(u).
[25] Neng dina kuwé Gusti Allah nyempurnakna piwalesé sing sebeneré tumrap wong-wong mau, lan dhéwéké kabéh padha ngaweruhi lamon Gusti Allah Mahabener, Maha Mertélakna.

اَلْخَبِيْثٰتُ لِلْخَبِيْثِيْنَ وَالْخَبِيْثُوْنَ لِلْخَبِيْثٰتِۚ وَالطَّيِّبٰتُ لِلطَّيِّبِيْنَ وَالطَّيِّبُوْنَ لِلطَّيِّبٰتِۚ اُولٰۤىِٕكَ مُبَرَّءُوْنَ مِمَّا يَقُوْلُوْنَۗ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ ࣖ٢٦
Al-khabīṡātu lil-khabīṡīna wal-khabīṡūna lil-khabīṡāt(i), waṭ-ṭayyibātu liṭ-ṭayyibīna waṭ-ṭayyibūna liṭ-ṭayyibāt(i), ulā'ika mubarra'ūna mimmā yaqūlūn(a), lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[26] Wong-wong wadon sing kotor nggo wong-wong lanang sing kotor, wong-wong lanang sing kotor nggo wong-wong wadon sing kotor (uga), aridené wong-wong wadon sing apik nggo wong-wong lanang sing apik, lan wong-wong lanang sing apik nggo wong-wong wadon sing apik (uga). Wong-wong kuwé brésih sekang apa sing dedakwakna déning wong. Dhéwéké padha olih pengampura lan rejeki sing mulya (suwarga). 562
562) Ayat kiyé nudhuhna suciné `Aisyah r.a. Lan Safwan sekang sekabéh penyana sing dedakwakna maring dhéwéké kabéh. Rasulullah kuwé wong sing paling apik, mulané wadon sing apik uga sing dadi garwané kiyambeké.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَدْخُلُوْا بُيُوْتًا غَيْرَ بُيُوْتِكُمْ حَتّٰى تَسْتَأْنِسُوْا وَتُسَلِّمُوْا عَلٰٓى اَهْلِهَاۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٢٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tadkhulū buyūtan gaira buyūtikum ḥattā tasta'nisū wa tusallimū ‘alā ahlihā, żālikum khairul lakum la‘allakum tażakkarūn(a).
[27] Hé wong-wong sing padha precaya, aja pisan-pisan ko padha mlebu (maring) umah sing udu umahmu seurungé njaluk idin lan kulanuwun (uluk salam) maring sing manggoni. Sing mengkana kuwé lewih apik tumrap ko kabéh, supayané ko (tansah) padha éling.

فَاِنْ لَّمْ تَجِدُوْا فِيْهَآ اَحَدًا فَلَا تَدْخُلُوْهَا حَتّٰى يُؤْذَنَ لَكُمْ وَاِنْ قِيْلَ لَكُمُ ارْجِعُوْا فَارْجِعُوْا هُوَ اَزْكٰى لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ٢٨
Fa illam tajidū fīhā aḥadan falā tadkhulūhā ḥattā yu'żana lakum wa in qīla lakumurji‘ū farji‘ū huwa azkā lakum, wallāhu bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[28] Lan angger ko kabéh ora nemu wong sijia neng njeroné, mangka ko aja padha mlebu seurungé ko olih idin. Lan angger déucapna maring ko kabéh, “Balia,” mangka peryogané ko padha bali. Kuwé lewih suci tumrap ko kabéh lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko padha pergawé.

لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَدْخُلُوْا بُيُوْتًا غَيْرَ مَسْكُوْنَةٍ فِيْهَا مَتَاعٌ لَّكُمْۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا تَكْتُمُوْنَ٢٩
Laisa ‘alaikum junāḥun an tadkhulū buyūtan gaira maskūnatin fīhā matā‘ul lakum, wallāhu ya‘lamu mā tubdūna wa mā taktumūn(a).
[29] Ora nana dosa tumrap ko kabéh ngleboni umah sing ora denggoni, sing neng njeroné ana keperluanmu, Gusti Allah ngawuningani apa sing ko padha edhéngna lan apa sing ko padha umpetna.

قُلْ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ يَغُضُّوْا مِنْ اَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوْا فُرُوْجَهُمْۗ ذٰلِكَ اَزْكٰى لَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا يَصْنَعُوْنَ٣٠
Qul lil-mu'minīna yaguḍḍū min abṡārihim wa yaḥfaẓū furūjahum, żālika azkā lahum, innallāha khabīrum bimā yaṣna‘ūn(a).
[30] Ucapna maring wong-wong lanang sing precaya, supayané dhéwéké padha njaga pendelengané, lan ngreksa barang wadiné (ngorat), sing mengkana kuwé lewih suci tumrap dhéwéké kabéh. Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani apa sing dhéwéké padha pergawé.

وَقُلْ لِّلْمُؤْمِنٰتِ يَغْضُضْنَ مِنْ اَبْصَارِهِنَّ وَيَحْفَظْنَ فُرُوْجَهُنَّ وَلَا يُبْدِيْنَ زِيْنَتَهُنَّ اِلَّا مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَلْيَضْرِبْنَ بِخُمُرِهِنَّ عَلٰى جُيُوْبِهِنَّۖ وَلَا يُبْدِيْنَ زِيْنَتَهُنَّ اِلَّا لِبُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اٰبَاۤىِٕهِنَّ اَوْ اٰبَاۤءِ بُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اَبْنَاۤىِٕهِنَّ اَوْ اَبْنَاۤءِ بُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اِخْوَانِهِنَّ اَوْ بَنِيْٓ اِخْوَانِهِنَّ اَوْ بَنِيْٓ اَخَوٰتِهِنَّ اَوْ نِسَاۤىِٕهِنَّ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُنَّ اَوِ التّٰبِعِيْنَ غَيْرِ اُولِى الْاِرْبَةِ مِنَ الرِّجَالِ اَوِ الطِّفْلِ الَّذِيْنَ لَمْ يَظْهَرُوْا عَلٰى عَوْرٰتِ النِّسَاۤءِ ۖوَلَا يَضْرِبْنَ بِاَرْجُلِهِنَّ لِيُعْلَمَ مَا يُخْفِيْنَ مِنْ زِيْنَتِهِنَّۗ وَتُوْبُوْٓا اِلَى اللّٰهِ جَمِيْعًا اَيُّهَ الْمُؤْمِنُوْنَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٣١
Wa qul lil-mu'mināti yagḍuḍna min abṡārihinna wa yaḥfaẓna furūjahunna wa lā yubdīna zīnatahunna illā mā ẓahara minhā walyaḍribna bikhumurihinna ‘alā juyūbihinn(a), wa lā yubdīna zīnatahunna illā libu‘ūlatihinna au ābā'ihinna au abnā'ihinna au abnā'i bu‘ūlatihinna au ikhwānihinna au banī ikhwānihinna au nisā'ihinna au mā malakat aimānuhunna awit-tābi‘īna gairi ulil-irbati minar-rijāli awiṭ-ṭiflil-lażīna lam yaẓharū ‘alā ‘aurātin-nisā'(i), wa lā yaḍribna bi'arjulihinna liyu‘lama mā yukhfīna min zīnatihinn(a), wa tūbū ilallāhi jamī‘an ayyuhal-mu'minūna la‘allakum tufliḥūn(a).
[31] Lan ucapna maring wong-wong wadon sing precaya, supayané dhéwéké kabéh padha njaga pendelengané, lan ngreksa barang wadiné (ngorat) lan aja ngetonaken pepaésé (ngorate) kejaba sing (biasa) keton. Lan peryogané wong-wong (wadon) nutupna krudhung maring dhadhané, lan aja ngetonaken pepaésé (ngorate) kejaba maring lanangé, utawa ramané, utawa ramané lanangé, utawa anak-anaké dhéwéké kabéh, utawa anaké lanangé, utawa sedulur-sedulur lanangé dhéwéké kabéh, utawa anak-anaké sedulur wadoné dhéwéké kabéh, utawa wong wadon (sepadhané Islam), utawa batur-tukon (budak) sing deduwéni neng dhéwéké kabéh, utawa para tukang ladhén lanang (tua) sing ora duwé kepénginan (maring wong wadon), utawa bocah-bocah sing urung ngerti maring ngoraté wong wadon. Lan aja pisan-pisan wong-wong kuwé nggejugna sikilé supayané dengerténi pepaés sing deumpetna. Lan padha tobata ko kabéh maring Gusti Allah, hé wong-wong sing padha precaya supayané ko padha begya.

وَاَنْكِحُوا الْاَيَامٰى مِنْكُمْ وَالصّٰلِحِيْنَ مِنْ عِبَادِكُمْ وَاِمَاۤىِٕكُمْۗ اِنْ يَّكُوْنُوْا فُقَرَاۤءَ يُغْنِهِمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٣٢
Wa ankiḥul-ayāmā minkum waṣ-ṣāliḥīna min ‘ibādikum wa imā'ikum, iy yakūnū fuqarā'a yugnihimullāhu min faḍlih(ī), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[32] Lan umah-umahna wong-wong sing ésih padha mbujang neng antarané ko kabéh, lan uga wong-wong sing pantes (umah-umah) sekang batur-tukonmu (budak) sing lanang lan wadon. Angger dhéwéké padha miskin, Gusti Allah bakal maringi kesanggupan (daya) maring dhéwéké kabéh kanthi peparingé Penjenengané, lan Gusti Allah Mahajembar (peparing-É), Maha Ngawuningani.

وَلْيَسْتَعْفِفِ الَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ نِكَاحًا حَتّٰى يُغْنِيَهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ ۗوَالَّذِيْنَ يَبْتَغُوْنَ الْكِتٰبَ مِمَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ فَكَاتِبُوْهُمْ اِنْ عَلِمْتُمْ فِيْهِمْ خَيْرًا وَّاٰتُوْهُمْ مِّنْ مَّالِ اللّٰهِ الَّذِيْٓ اٰتٰىكُمْ ۗوَلَا تُكْرِهُوْا فَتَيٰتِكُمْ عَلَى الْبِغَاۤءِ اِنْ اَرَدْنَ تَحَصُّنًا لِّتَبْتَغُوْا عَرَضَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَمَنْ يُّكْرِهْهُّنَّ فَاِنَّ اللّٰهَ مِنْۢ بَعْدِ اِكْرَاهِهِنَّ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣٣
Walyasta‘fifil-lażīna lā yajidūna nikāḥan ḥattā yugniyahumullāhu min faḍlih(ī), wal-lażīna yabtagūnal-kitāba mimmā malakat aimānukum fa kātibūhum in ‘alimtum fīhim khairaw wa ātūhum mim mālillāhil-lażī ātākum, wa lā tukrihū fatayātikum ‘alal-bigā'i in aradna taḥaṣṣunal litabtagū ‘araḍal-ḥayātid-dun-yā, wa may yukrihhunna fa innallāha mim ba‘di ikrāhihinna gafūrur raḥīm(un).
[33] Lan wong-wong sing ora kuwat umah-umah (nikah) peryoga padha njaga kesuciané (awaké) nganti Gusti Allah maringi kesanggupan maring dhéwéké kanthi peparingé Penjenengané. Lan angger batur-tukon (budak) sing ko kabéh duwéni ngarep-arep janji (bebas), peryogané ko padha gawé janji maring dhéwéké angger ko padha ngaweruhi ana prekara apik neng dhéwéké kabéh, lan wéhna maring dhéwéké kabéh sebagéan sekang bandhané Gusti Allah sing déparingna déning Penjenengané maring ko kabéh. Lan aja pisan-pisan ko padha meksa batur-tukon wadonmu nglakoni ngutis (tuna susila), mangkane wong-wong kuwé dhéwék padha kepéngin suci, merga ko arep padha nggolét bathi neng penguripan dunya. Sapa wongé sing meksa wong-wong kuwé, mangka temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih (maring wong-wong mau) sewisé dhéwéké padha depeksa.

وَلَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ اٰيٰتٍ مُّبَيِّنٰتٍ وَّمَثَلًا مِّنَ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ وَمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٣٤
Wa laqad anzalnā ilaikum āyātim mubayyinātiw wa maṡalam minal-lażīna khalau min qablikum wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[34] Lan temen, Ingsun wis nurunaken maring ko kabéh ayat-ayat sing awéh pertelan (keterangan), lan conto-conto sekang wong-wong sing lewih dhisit seurungé ko kabéh lan minangka dadi wulangan nggo wong-wong sing padha semarah (takwa).

۞ اَللّٰهُ نُوْرُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ مَثَلُ نُوْرِهٖ كَمِشْكٰوةٍ فِيْهَا مِصْبَاحٌۗ اَلْمِصْبَاحُ فِيْ زُجَاجَةٍۗ اَلزُّجَاجَةُ كَاَنَّهَا كَوْكَبٌ دُرِّيٌّ يُّوْقَدُ مِنْ شَجَرَةٍ مُّبٰرَكَةٍ زَيْتُوْنَةٍ لَّا شَرْقِيَّةٍ وَّلَا غَرْبِيَّةٍۙ يَّكَادُ زَيْتُهَا يُضِيْۤءُ وَلَوْ لَمْ تَمْسَسْهُ نَارٌۗ نُوْرٌ عَلٰى نُوْرٍۗ يَهْدِى اللّٰهُ لِنُوْرِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَيَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَ لِلنَّاسِۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ۙ٣٥
Allāhu nūrus-samāwāti wal-arḍ(i), maṡalu nūrihī kamisykātin fīhā miṣbāḥ(un), al-miṣbāḥu fī zujājah(tin), az-zujājatu ka'annahā kaukabun durriyyuy yūqadu min syajaratim mubārakatin zaitūnatil lā syarqiyyatiw wa lā garbiyyah(tin), yakādu zaituhā yuḍī'u wa lau lam tamsashu nār(un), nūrun ‘alā nūr(in), yahdillāhu linūrihī may yasyā'(u), wa yaḍribullāhul-amṡāla lin-nās(i), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[35] Gusti Allah (sing paring) cahya (maring) langit lan bumi. Peumpaman cahyané Penjenengané, kayadéné sewiji bolongan sing ora tedhas, 563 sing neng njeroné ana diyan gedhé. Diyan kuwé neng njeroné bumbung béling, (lan) bumbung béling kuwé kaya lintang sing gemebyar, sing deurubna nganggo lenga sekang wit sing déberkahi, (yakuwé) wit zaitun sing thukul ora neng wétan lan uga ora neng kulon, 564 sing lengané (baé) méh madhangi, senajan ora desuled geni. Cahya neng ndhuwuré cahya (lapis-lapis). Gusti Allah paring pitudhuh maring cahyané Penjenengané nggo wong sing Penjenengané ngersakna, lan Gusti Allah gawé peumpaman-peumpaman nggo menungsa. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.
563) “Bolongan sing ora tedhas” (misykat) yakuwé sijiné bolongan neng tembok umah sing ora tedhas nganti maring sisihé, biasané nggo wadhah diyan, utawa barang-barang liya. 564) Wit zaitun kuwé thukulé neng pucuk gunung, kuwé ulih soroté srengéngé neng wektuné srengéngé mlethék utawa arep surup, dadiné wité lemu lan wohé ngasilna lenga sing apik.

فِيْ بُيُوْتٍ اَذِنَ اللّٰهُ اَنْ تُرْفَعَ وَيُذْكَرَ فِيْهَا اسْمُهٗۙ يُسَبِّحُ لَهٗ فِيْهَا بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ ۙ٣٦
Fī buyūtin ażinallāhu an turfa‘a wa yużkara fīhasmuh(ū), yusabbiḥu lahū fīhā bil-guduwwi wal-āṣāl(i).
[36] (Cahya kuwé) neng umah-umah sing neng kana wis dédhawuhi déning Gusti Allah nggo mulyakna lan nyebut asmané Pejenengané, neng kana maca tasbéh (maha-nyucékna) 565 asmané Penjenengané neng wektu ésuk lan wektu soré,
565) Sing maca tasbéh kuwé wong sing désebut neng ayat 37.

رِجَالٌ لَّا تُلْهِيْهِمْ تِجَارَةٌ وَّلَا بَيْعٌ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَاِقَامِ الصَّلٰوةِ وَاِيْتَاۤءِ الزَّكٰوةِ ۙيَخَافُوْنَ يَوْمًا تَتَقَلَّبُ فِيْهِ الْقُلُوْبُ وَالْاَبْصَارُ ۙ٣٧
Rijālul lā tulhīhim tijāratuw wa lā bai‘un ‘an żikrillāhi wa iqāmiṣ-ṣalāti wa ītā'iz-zakāh(ti), yakhāfūna yauman tataqallabu fīhil-qulūbu wal-abṣār(u).
[37] wong sing ora deklalekna déning dagang lan dol-tinuku sekang éling maring Gusti Allah, nglakoni sembayang, lan nglunasi jakat. Wong-wong kuwé padha wedi maring dina rikala ati lan pendelengan dadi goncang (dina Kiyamat),

لِيَجْزِيَهُمُ اللّٰهُ اَحْسَنَ مَا عَمِلُوْا وَيَزِيْدَهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ وَاللّٰهُ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٣٨
Liyajziyahumullāhu aḥsana mā ‘amilū wa yazīduhum min faḍlih(ī), wallāhu yarzuqu may yasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[38] (dhéwéké padha nglakoni kuwé) supaya Gusti Allah paring piwales maring dhéwéké kabéh kanthi sing lewih apik tenimbang apa sing dhéwéké padha lakoni, lan supayané Penjenengané nambah peparing-É maring dhéwéké kabéh. Lan Gusti Allah paring rejeki maring sapa baé sing Penjenengané kersakna tanpa wates.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَعْمَالُهُمْ كَسَرَابٍۢ بِقِيْعَةٍ يَّحْسَبُهُ الظَّمْاٰنُ مَاۤءًۗ حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَهٗ لَمْ يَجِدْهُ شَيْـًٔا وَّوَجَدَ اللّٰهَ عِنْدَهٗ فَوَفّٰىهُ حِسَابَهٗ ۗ وَاللّٰهُ سَرِيْعُ الْحِسَابِ ۙ٣٩
Wal-lażīna kafarū a‘māluhum kasarābim biqī‘atiy yaḥsabuhuẓ-ẓam'ānu mā'ā(n), ḥattā iżā jā'ahū lam yajidhu syai'aw wa wajadallāha ‘indahū fa waffāhu ḥisābah(ū), wallāhu sarī‘ul-ḥisāb(i).
[39] Lan wong-wong sing padha mbangkang (kapir), penggawéané dhéwéké kaya wewayangan (fatamorgana) neng lemah sing rata, sing désangka banyu neng wong-wong sing ngonggor, ning angger (banyu) kuwé detekani ora nana apa-apané. Lan detemokna (ketetepané) Gusti Allah tumrap dhéwéké kabéh. Banjur Gusti Allah paring maring dhéwéké kabéh étungan (lakon-lakon) kanthi sampurna, lan Gusti Allah banget gelis étungan-É, 566
566) Wong-wong kapir, merga ngamal-ngamalé padha ora dedhasari precaya, ora pekolih piwales sekang Gusti Allah neng akhérat, senajan neng dunya wong-wong mau ngira arep olih piwales ingatasé ngamal-ngamalé kuwé.

اَوْ كَظُلُمٰتٍ فِيْ بَحْرٍ لُّجِّيٍّ يَّغْشٰىهُ مَوْجٌ مِّنْ فَوْقِهٖ مَوْجٌ مِّنْ فَوْقِهٖ سَحَابٌۗ ظُلُمٰتٌۢ بَعْضُهَا فَوْقَ بَعْضٍۗ اِذَآ اَخْرَجَ يَدَهٗ لَمْ يَكَدْ يَرٰىهَاۗ وَمَنْ لَّمْ يَجْعَلِ اللّٰهُ لَهٗ نُوْرًا فَمَا لَهٗ مِنْ نُّوْرٍ ࣖ٤٠
Au kaẓulumātin fī baḥril lujjiyyiy yagsyāhu maujum min fauqihī maujum min fauqihī saḥāb(un), ẓulumātum ba‘ḍuhā fauqa ba‘ḍ(in), iżā akhraja yadahū lam yakad yarāhā, wa mal lam yaj‘alillāhu lahū nūran famā lahū min nūr(in).
[40] utawa (kahanané wong-wong kapir) kaya peteng dhédhet neng segara sing jero, sing délingkupi ombak-pari-ombak, neng ndhuwuré ana (maning) lamuk peteng. Kuwé peteng dhédhet sing lapis-lapis. Angger dhéwéké padha ngetokna tangané méh ora bisa weruh. Sapa wongé ora déparingi cahya (pituduh) déning Gusti Allah, mangka dhéwéké ora duwé cahya semendhing-mendhinga.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُسَبِّحُ لَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَالطَّيْرُ صٰۤفّٰتٍۗ كُلٌّ قَدْ عَلِمَ صَلَاتَهٗ وَتَسْبِيْحَهٗۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِمَا يَفْعَلُوْنَ٤١
Alam tara annallāha yusabbiḥu lahū man fis-samāwāti wal-arḍi waṭ-ṭairu ṣāffāt(in), kullun qad ‘alima ṣalātahū wa tasbīḥah(ū), wallāhu ‘alīmum bimā yaf‘alūn(a).
[41] Seorané sliramu (Muhammad) ngaweruhi lamon mung maring Gusti Allah padha maha-nyucékna (maca tasbéh) apa sing ana neng langit lan sing neng bumi, lan uga manuk sing mbébér sewiwiné. Dhéwék-dhéwék temen wis padha ngaweruhi (carané) nyenyuwun (ndonga) lan maca tasbéh. Gusti Allah Maha Ngawuningani apa sing dhéwéké padha pergawé.

وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَاِلَى اللّٰهِ الْمَصِيْرُ٤٢
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa ilallāhil-maṣīr(u).
[42] Lan kagungané Gusti Allah praja langit lan bumi, lan mung maring Gusti Allah baliné (sekabéh mahluk).

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُزْجِيْ سَحَابًا ثُمَّ يُؤَلِّفُ بَيْنَهٗ ثُمَّ يَجْعَلُهٗ رُكَامًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلٰلِهٖۚ وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ جِبَالٍ فِيْهَا مِنْۢ بَرَدٍ فَيُصِيْبُ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَصْرِفُهٗ عَنْ مَّنْ يَّشَاۤءُۗ يَكَادُ سَنَا بَرْقِهٖ يَذْهَبُ بِالْاَبْصَارِ ۗ٤٣
Alam tara annallāha yuzjī saḥāban ṡumma yu'allifu bainahū ṡumma yaj‘aluhū rukāman fa taral-wadqa yakhruju min khilālih(ī), wa yunazzilu minas-samā'i min jibālin fīhā mim baradin fa yuṣību bihī may yasyā'u wa yaṣrifuhū ‘am may yasyā'(u), yakādu sanā barqihī yażhabu bil-abṣār(i).
[43] Apa ko kabéh ora weruh lamon Gusti Allah ndadékna lamuk obah (mlaku) alon-alon, banjur ngumpulna (lamuk) kuwé, lan Pen-jenengané ndadékna kuwé numpuk-numpuk, terus ko padha weruh udan metu sekang sela-selané, lan Penjenengané (uga) nurunaken (blindhén-blindhén) es sekang langit, (yakuwé) sekang (undhung-undhungan lamuk kaya) gunung-gunung, mangka détibakna déning Penjenengané (blindén-blindén és) kuwé maring sapa sing Penjenengané kersakna lan deindhakna sekang sapa sing Penjenengané kersakna. Cemlérét lép-lépé (kilat) méh baé ngilangna pendelengan.

يُقَلِّبُ اللّٰهُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّاُولِى الْاَبْصَارِ٤٤
Yuqallibullāhul-laila wan-nahār(a), inna fī żālika la‘ibratal li'ulil-abṣār(i).
[44] Gusti Allah ngijal-ijol wengi lan awan. Setemené neng sing mengkana kuwé, mesthi ana piwulangan nggo wong-wong sing padha duwé pendelengan (sing landhep).

وَاللّٰهُ خَلَقَ كُلَّ دَاۤبَّةٍ مِّنْ مَّاۤءٍۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰى بَطْنِهٖۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰى رِجْلَيْنِۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰٓى اَرْبَعٍۗ يَخْلُقُ اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤٥
Wallāhu khalaqa kulla dābbatim mim mā'(in), fa minhum may yamsyī ‘alā baṭinih(ī), wa minhum may yamsyī ‘alā rijlain(i), wa minhum may yamsyī ‘alā arba‘(in), yakhluqullāhu mā yasyā'(u), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[45] Lan Gusti Allah nyiptakna sewernané kéwan sekang banyu, mangka sebagéan ana sing mlaku nganggo wetengé (nglangsur), lan sebagéan mlaku nganggo sikil loro, aridené sebagéan (sing liya) mlaku nganggo sikil papat. Gusti Allah nyiptakna apa sing Penjenengané kersakna. Temen, Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.

لَقَدْ اَنْزَلْنَآ اٰيٰتٍ مُّبَيِّنٰتٍۗ وَاللّٰهُ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٤٦
Laqad anzalnā āyātim mubayyināt(in), wallāhu yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[46] Temen, Ingsun wis nurunaken ayat-ayat sing awéh pertelan (keterangan). Lan Gusti Allah paring pituduh (maring) sapa sing Penjenengané kersakna maring dalan sing jejeg.

وَيَقُوْلُوْنَ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالرَّسُوْلِ وَاَطَعْنَا ثُمَّ يَتَوَلّٰى فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَۗ وَمَآ اُولٰۤىِٕكَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ٤٧
Wa yaqūlūna āmannā billāhi wa bir-rasūli wa aṭa‘nā ṡumma yatawallā farīqum minhum mim ba‘di żālik(a), wa mā ulā'ika bil-mu'minīn(a).
[47] Lan dhéwéké kabéh (wong-wong munapék) ngucap, “Inyong kabéh wis precaya maring Gusti Allah lan Rasul (Muhammad), lan inyong padha manut (sekloroné).” Sebanjuré sebagéan sekang wong-wong mau mléngos sewisé kuwé. Dhéwéké kabéh kuwé udu wong sing padha precaya.

وَاِذَا دُعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٤٨
Wa iżā du‘ū ilallāhi wa rasūlihī liyaḥkuma bainahum iżā farīqum minhum mu‘riḍūn(a).
[48] Lan angger wong-wong mau padha dejék maring Gusti Allah lan Rasul-É supaya (Rasul) netepna prekara neng antarané dhéwéké kabéh, dadakan sebagéan sekang wong-wong kuwé nolak (kon teka).

وَاِنْ يَّكُنْ لَّهُمُ الْحَقُّ يَأْتُوْٓا اِلَيْهِ مُذْعِنِيْنَ٤٩
Wa iy yakul lahumul-ḥaqqu ya'tū ilaihi muż‘inīn(a).
[49] Ning angger bebener (ana) neng péhaké wong-wong kuwé, dhéwéké padha teka maring dhéwéké (Rasul) kanthi manut.

اَفِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ اَمِ ارْتَابُوْٓا اَمْ يَخَافُوْنَ اَنْ يَّحِيْفَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَرَسُوْلُهٗ ۗبَلْ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ ࣖ٥٠
Afī qulūbihim maraḍun amirtābū am yakhāfūna ay yaḥīfallāhu ‘alaihim wa rasūluh(ū), bal ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[50] Apa (ora tekané wong-wong mau merga) neng atiné dhéwéké kabéh ana prenyakit, utawa (merga) wong-wong mau padha mamang utawa (merga) wedi mbok-mbok Gusti Allah lan Rasul-É temindak ngapitunani (dolim) maring dhéwéké? Sebeneré, dhéwéké kuwé wong sing padha aniaya (dolim).

اِنَّمَا كَانَ قَوْلَ الْمُؤْمِنِيْنَ اِذَا دُعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ اَنْ يَّقُوْلُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَاۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥١
Innamā kāna qaulal-mu'minīna iżā du‘ū ilallāhi wa rasūlihī liyaḥkuma bainahum ay yaqūlū sami‘nā wa aṭa‘nā, wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[51] Mung ucapané wong-wong sing precaya (mukmin), sing angger dhéwéké padha dejék maring Gusti Allah lan Rasul-E supaya Rasul netepna (prekara) neng antarané wong-wong kuwé, 567 dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh krungu lan inyong kabéh manut.” Lan dhéwéké kuwé wong sing padha begya.
567) Neng antarané sepadhané wong muslimin, lan antarané wong-wong muslimin karo sing udu muslimin.

وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَخْشَ اللّٰهَ وَيَتَّقْهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ٥٢
Wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū wa yakhsyallāha wa yattaqhi fa ulā'ika humul-fā'izūn(a).
[52] Lan sapa wongé manut maring Gusti Allah lan Rasul-E lan wedi maring Gusti Allah lan takwa maring Penjenengané, dhéwéké kuwé wong sing padha olih kemenangan.

۞ وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ لَىِٕنْ اَمَرْتَهُمْ لَيَخْرُجُنَّۗ قُلْ لَّا تُقْسِمُوْاۚ طَاعَةٌ مَّعْرُوْفَةٌ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٥٣
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim la'in amartahum layakhrujunn(a), qul lā tuqsimū, ṭā‘atum ma‘rūfah(tun), innallāha khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[53] Lan wong-wong kuwé padha sumpah kanthi (asmané) Gusti Allah kanthi sumpah temen, lamon angger sliramu préntah dhéwéké kon padha perang, mesthi dhéwéké padha bakal mangkat. Dhawuha (Muhammad), “Aja pisan-pisan ko padha sumpah (merga sing déjaluk) kuwé kepasrahan sing apik. Temen, Gusti Allah Mahatliti maring apa sing ko kabéh pergawé.”

قُلْ اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَۚ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا عَلَيْهِ مَا حُمِّلَ وَعَلَيْكُمْ مَّا حُمِّلْتُمْۗ وَاِنْ تُطِيْعُوْهُ تَهْتَدُوْاۗ وَمَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٥٤
Qul aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūl(a), fa in tawallau fa innamā ‘alaihi mā ḥummila wa ‘alaikum mā ḥummiltum, wa in tuṭī‘ūhu tahtadū, wa mā ‘alar rasūli illal-balāgul-mubīn(u).
[54] Ucapna, “Padha manuta maring Gusti Allah lan manuta maring Rasul; angger ko padha mléngos, mangka setemené kewajibané Rasul (Muhammad) kuwé mung apa sing depikulna maring dhéwéké, lan kewajiban-mu mung apa sing depikulna maring ko kabéh. Angger ko padha manut maring kiyambeké mesthi ko padha olih pituduh. Kewajibané rasul mung mbutulna (amanaté Gusti Allah) kanthi pertela (genah).”

وَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْ وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَيَسْتَخْلِفَنَّهُمْ فِى الْاَرْضِ كَمَا اسْتَخْلَفَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۖ وَلَيُمَكِّنَنَّ لَهُمْ دِيْنَهُمُ الَّذِى ارْتَضٰى لَهُمْ وَلَيُبَدِّلَنَّهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ خَوْفِهِمْ اَمْنًاۗ يَعْبُدُوْنَنِيْ لَا يُشْرِكُوْنَ بِيْ شَيْـًٔاۗ وَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٥٥
Wa‘adallāhul-lażīna āmanū minkum wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti layastakhlifannahum fil-arḍi kamastakhlafal-lażīna min qablihim, wa layumakkinanna lahum dīnahumul-lażirtaḍā lahum wa layubaddilannahum mim ba‘di khaufihim amnā(n), ya‘budūnanī lā yusyrikūna bī syai'ā(n), wa man kafara ba‘da żālika fa ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[55] Gusti Allah wis njanjékna maring wong-wong neng antarané ko kabéh sing precaya lan sing nglakoni kebecikan, lamon Penjenengané temen bakal ndadékna dhéwéké sing kewasa neng bumi kaya Penjenengané wis ndadékna wong-wong seurungé dhéwéké padha kewasa, lan temen, Penjenengané bakal ngukuhna ingatasé wong-wong kuwé kanthi agama sing wis Penjenengané renani (ridani). Lan Penjengenané temen-temen ngowahi (kahanané) wong-wong kuwé, sewisé ana neng sejeroné kamiweden dadi aman sentosa. Dhéwéké kabéh padha (tetep) nyembah Ingsun kanthi ora nyekuthokna Ingsun karo sewiji-wiji. Ning sapa wongé (tetep) kapir sewisé (janji) kuwé, mangka dhéwéké kabéh kuwé wong sing padha dosa (pasék).

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٥٦
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aṭī‘ur-rasūla la‘allakum turḥamūn(a).
[56] Lan leksanakna sembayang, lunasia jakat, lan manuta maring Rasul (Muhammad), supayané ko padha déparingi kewelasan (rahmat).

لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِۚ وَمَأْوٰىهُمُ النَّارُۗ وَلَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ࣖ٥٧
Lā taḥsabannal-lażīna kafarū mu‘jizīna fil-arḍ(i), wa ma'wāhumun-nār(u), wa labi'sal-maṣīr(u).
[57] Aja pisan-pisan ko padha ngira lamon wong-wong sing mbangkang (kapir) kuwé bisa lolos sekang siksané Gusti Allah neng bumi, aridené nggon baliné wong-wong mau (neng akhérat) kuwé neraka. Lan kuwé seala-alané panggonan bali.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِيَسْتَأْذِنْكُمُ الَّذِيْنَ مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ وَالَّذِيْنَ لَمْ يَبْلُغُوا الْحُلُمَ مِنْكُمْ ثَلٰثَ مَرّٰتٍۗ مِنْ قَبْلِ صَلٰوةِ الْفَجْرِ وَحِيْنَ تَضَعُوْنَ ثِيَابَكُمْ مِّنَ الظَّهِيْرَةِ وَمِنْۢ بَعْدِ صَلٰوةِ الْعِشَاۤءِۗ ثَلٰثُ عَوْرٰتٍ لَّكُمْۗ لَيْسَ عَلَيْكُمْ وَلَا عَلَيْهِمْ جُنَاحٌۢ بَعْدَهُنَّۗ طَوَّافُوْنَ عَلَيْكُمْ بَعْضُكُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٥٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū liyasta'żinkumul-lażīna malakat aimānukum wal-lażīna lam yablugul-ḥuluma minkum ṡalāṡa marrāt(in), min qabli ṣalātil-fajri wa ḥīna taḍa‘ūna ṡiyābakum minaẓ-ẓahīrati wa mim ba‘di ṣalātil-‘isyā'(i), ṡalāṡu ‘aurātil lakum, laisa ‘alaikum wa lā ‘alaihim junāḥum ba‘dahunn(a), ṭawwāfūna ‘alaikum ba‘ḍukum ‘alā ba‘ḍ(in), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāt(i), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[58] Hé wong-wong sing padha precaya! Preyoga batur tukon (budak, lanang lan wadon) sing ko padha duwéni, lan wong-wong sing urung baleg (diwasa) neng antarané ko kabéh, padha njaluk idin maring ko ping telu (wektu), yakuwé seurungé sembayang subuh, rikala ko padha udhar-udhar klambi (njaba)mu neng tengah dina, lan sewisé sembayang Isya. (Kuwé) telu ngorat (wektu) tumrap ko kabéh. 568 Ora nana dosa tumrap ko kabéh lan ora (uga) tumrap dhéwéké mau seliyané (telung wektu) kuwé; dhéwéké padha mlebu-metu ngladheni ko kabéh, sebagéané ko kabéh maring sebagéan sing liya. Mengkana kuwé Gusti Allah nggenahna ayat-ayat kuwé maring ko kabéh. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahaaris.
568) Telung werna wektu sing biasané neng wektu-wektu kuwé awak akéh kebukak. Mula merga kuwé, Gusti Allah nglarang batur tukon (budak) lan bocah-bocah sing durung umur mlebu maring senthong turuné wong tuwa angger ora idin.

وَاِذَا بَلَغَ الْاَطْفَالُ مِنْكُمُ الْحُلُمَ فَلْيَسْتَأْذِنُوْا كَمَا اسْتَأْذَنَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٥٩
Wa iżā balagal-aṭfālu minkumul-ḥuluma falyasta'żinū kamasta'żanal-lażīna min qablihim, każālika yubayyinullāhu lakum āyātih(ī),wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[59] Lan angger anak-anakmu wis butul umuré diwasa, mangka preyogané wong-wong mau (uga) njaluk idin kaya wong-wong sing lewih diwasa padha njaluk idin. 569 Mengka-na kuwé Gusti Allah nggenahna ayat-ayat-É Penjenengané maring ko kabéh. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
569) Anak-anaké wong merdhéka sing udu muhrim sing wis diwasa, kudu njaluk idin dhisit angger arep mlebu maring senthong turuné wong tuwané neng ayat 27 lan 28 surat kiyé.

وَالْقَوَاعِدُ مِنَ النِّسَاۤءِ الّٰتِيْ لَا يَرْجُوْنَ نِكَاحًا فَلَيْسَ عَلَيْهِنَّ جُنَاحٌ اَنْ يَّضَعْنَ ثِيَابَهُنَّ غَيْرَ مُتَبَرِّجٰتٍۢ بِزِيْنَةٍۗ وَاَنْ يَّسْتَعْفِفْنَ خَيْرٌ لَّهُنَّۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٦٠
Wal-qawā‘idu minan-nisā'il-lātī lā yarjūna nikāḥan fa laisa ‘alaihinna junāḥun ay yaḍa‘na ṡiyābahunna gaira mutabarrijātim bizīnah(tin), wa ay yasta‘fifna khairul lahunn(a), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[60] Lan wong-wong wadon tuwa sing wis mandheg (sekang héd lan mbobot) sing ora kepéngin duwé lanang (maning), mangka ora nana dosa ngudhari klambi (njaba)ne 570 dhéwéké kabéh kanthi ora (nguja) ngetona-ken pepaés, ning ngreksa ajiné awak kuwé lewih apik tumrap dhéwéké kabéh. Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningwni.
570) Klambi njaba sing angger deudhari ora ngetonaken ngorat.

لَيْسَ عَلَى الْاَعْمٰى حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْاَعْرَجِ حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْمَرِيْضِ حَرَجٌ وَّلَا عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ اَنْ تَأْكُلُوْا مِنْۢ بُيُوْتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اٰبَاۤىِٕكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اُمَّهٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اِخْوَانِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَخَوٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَعْمَامِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ عَمّٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَخْوَالِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ خٰلٰتِكُمْ اَوْ مَا مَلَكْتُمْ مَّفَاتِحَهٗٓ اَوْ صَدِيْقِكُمْۗ لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَأْكُلُوْا جَمِيْعًا اَوْ اَشْتَاتًاۗ فَاِذَا دَخَلْتُمْ بُيُوْتًا فَسَلِّمُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ تَحِيَّةً مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُبٰرَكَةً طَيِّبَةً ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ ࣖ٦١
Laisa ‘alal-a‘mā ḥarajuw wa lā ‘alal-a‘raji ḥarajuw wa lā ‘alal-marīḍi ḥarajuw wa lā ‘alā anfusikum an ta'kulū mim buyūtikum au buyūti ābā'ikum au buyūti ummahātikum au buyūti ikhwānikum au buyūti akhawātikum au buyūti a‘māmikum au buyūti ‘ammātikum au buyūti akhwālikum au buyūti khālātikum au mā malaktum mafātiḥahū au ṣadīqikum, laisa ‘alaikum junāḥun an ta'kulū jamī‘an au asytātā(n), fa iżā dakhaltum buyūtan fa sallimū ‘alā anfusikum taḥiyyatam min ‘indillāhi mubārakatan ṭayyibah(tan), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum ta‘qilūn(a).
[61] Ora nana alangan umrap wong wuta, ora (uga) tumrap wong dhengklang, ora (uga) tumrap wong mriyang, lan ora (uga) tumrap awakmu, mangan (bareng-baneng wong-wong kuwé) neng umahmu utawa neng umahé rama-ramamu, neng umahé biyung-biyungmu, neng umahé sedulur-sedulur lanangmu, neng umahé sedulur-sedulur wadonmu, neng umahé sedulur-sedulur lanangé ramamu, neng umahé sedulur-sedulur wadoné ramamu, neng umah sedulur-sedulur lanangé biyungmu, neng umahé sedulur-sedulur wadoné biyungmu, (neng umah) sing ko padha duwéni kuncine 571 utawa (neng umahé) batir-batirmu. Ora nana alangan tumrap ko padha mangan bareng-bareng wong-wong kuwé utawa dhéwék-dhéwék. Angger ko padha ngleboni umah-umah, preyogané ko padha kulanuwun (ngucap salam maring sing manggoni, sing awéh salam) maring awakmu dhéwék, kanthi salam seng kebek berkah lan apik sekang sisihé Gusti Allah. Mengkana kuwé Gusti Allah nggenahna ayat-ayat-É (Penjenengané) nggo ko kabéh supaya ko padha mengerténi.
571) Umah sing déwéhna maring ko nggo deurusi.

اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَاِذَا كَانُوْا مَعَهٗ عَلٰٓى اَمْرٍ جَامِعٍ لَّمْ يَذْهَبُوْا حَتّٰى يَسْتَأْذِنُوْهُۗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَأْذِنُوْنَكَ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۚ فَاِذَا اسْتَأْذَنُوْكَ لِبَعْضِ شَأْنِهِمْ فَأْذَنْ لِّمَنْ شِئْتَ مِنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمُ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٦٢
Innamal-mu'minūnal-lażīna āmanū billāhi wa rasūlihī wa iżā kānū ma‘ahū ‘alā amrin jāmi‘il lam yażhabū ḥattā yasta'żinūh(u), innal-lażīna yasta'żinūnaka ulā'ikal-lażīna yu'minūna billāhi wa rasūlih(ī), fa iżasta'żanūka liba‘ḍi sya'nihim fa'żal liman syi'ta minhum wastagfir lahumullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[62] (Sing désebut) wong mukmin mung wong sing precaya maring Gusti Allah lan Rasul-É (Muhammad), lan angger dhéwéké padha lagi (ana) bareng-bareng karo kiyambeké (Muhammad) neng sewijiné urusan bebarengan, wong-wong kuwé ora ninggalna (Rasulullah), seurungé njaluk idin maring kiyambeké. Temen wong-wong sing padha njaluk idin maring sliramu (Muhammad), dhéwéké kabéh wong sing (nyata-nyata) precaya Gusti Allah lan Rasul-É. Mangka angger wong-wong kuwé njaluk idin maring sliramu merga sewijiné keperluan, wéhia idin maring sapa sing sliramu karepna neng antarané dhéwéké kabéh, lan suwunaken ampura nggo wong-wong kuwé maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.

لَا تَجْعَلُوْا دُعَاۤءَ الرَّسُوْلِ بَيْنَكُمْ كَدُعَاۤءِ بَعْضِكُمْ بَعْضًاۗ قَدْ يَعْلَمُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ يَتَسَلَّلُوْنَ مِنْكُمْ لِوَاذًاۚ فَلْيَحْذَرِ الَّذِيْنَ يُخَالِفُوْنَ عَنْ اَمْرِهٖٓ اَنْ تُصِيْبَهُمْ فِتْنَةٌ اَوْ يُصِيْبَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٦٣
Lā taj‘alū du‘ā'ar-rasūli bainakum kadu‘ā'i ba‘ḍikum ba‘ḍā(n), qad ya'lamullāhul-lażīna yatasallalūna minkum liwāżā(n), falyaḥżaril-lażīna yukhālifūna ‘an amrihī an tuṣībahum fitnatun au yuṣībahum ‘ażābun alīm(un).
[63] Aja pisan-pisan ko padha ndadékna sebutan maring Rasul (Muhammad) neng antarené ko kabéh kaya sebutané sebagéané ko kabéh maring sebagéan (sing liya). Temen, Gusti Allah ngawuningani wong-wong sing metu (kanthi cara) umpet-umpetan neng antarané ko kabéh kanthi nglindhung (maring batir-batiré), mangka preyogané wong-wong sing padha nyulayani préntahé Rasul-É wedi bakal olih coban utawa ketiban siksa sing perih.

اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قَدْ يَعْلَمُ مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِۗ وَيَوْمَ يُرْجَعُوْنَ اِلَيْهِ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٦٤
Alā inna lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), qad ya‘lamu mā antum ‘alaih(i), wa yauma yurja‘ūna ilaihi fa yunabbi'uhum bimā ‘amilū, wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[64] Kawruhana, setemené kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan neng bumi. Penjenengané ngawuningani kahanané ko kabéh siki. Lan (ngawuningani uga) dina (rikala wong-wong kuwé) débalékna maring Penjenengané, banjur dégenahna déning Penjenengané maring dhéwéké kabéh apa sing wis dhéwéké padha pergawé. Lan Gusti Allah Maha Ngawu-ningani samubarang kabéh.