Surah Al-Mu’minun

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قَدْ اَفْلَحَ الْمُؤْمِنُوْنَ ۙ١
Qad aflaḥal-mu'minūn(a).
[1] Temen, begya kemayangan wong-wong sing padha precaya,

الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ صَلَاتِهِمْ خٰشِعُوْنَ٢
Allażīna hum fī ṣalātihim khāsyi‘ūn(a).
[2] (yakuwé) wong-wong sing padha gentur (khusyuk) neng sembayangé.

وَالَّذِيْنَ هُمْ عَنِ اللَّغْوِ مُعْرِضُوْنَ ۙ٣
Wal-lażīna hum ‘anil-lagwi mu‘riḍūn(a).
[3] lan wong-wong sing padha ngedohna awaké sekang (lakon lan ucapan) sing ora nana gunané,

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِلزَّكٰوةِ فٰعِلُوْنَ ۙ٤
Wal-lażīna hum liz-zakāti fā‘ilūn(a).
[4] lan wong sing padha nglunasi jakat,

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِفُرُوْجِهِمْ حٰفِظُوْنَ ۙ٥
Wal-lażīna hum lifurūjihim ḥāfiẓūn(a).
[5] lan wong-wong sing padha ngreksa barang wadiné (ngorat).

اِلَّا عَلٰٓى اَزْوَاجِهِمْ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَاِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُوْمِيْنَۚ٦
Illā ‘alā azwājihim au mā malakat aimānuhum fa innahum gairu malūmīn(a).
[6] kejaba maring bojo-bojoné utawa waring batur tukon (budak) sing deduwéni, 550 mangka sebeneré wong-wong kuwé ora kenistha.
550) Budhak-budhak sing ana neng sejeroné perang karo wong kapir, udu budhak sing ana neng senjabané perang agama, sing siki wis ora nana maning.

فَمَنِ ابْتَغٰى وَرَاۤءَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْعَادُوْنَ ۚ٧
Famanibtagā warā'a żālika fa ulā'ika humul-‘ādūn(a).
[7] Ning sapa wongé sing nggoléti neng sewaliké kuwé (jinah lan sepadhané), mangka dhéwéké kuwé wong sing padha ngliwati wates.

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِاَمٰنٰتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رَاعُوْنَ ۙ٨
Wal-lażīna hum li'amānātihim wa ‘ahdihim rā‘ūn(a).
[8] Lan (temen begyané) wong-wong sing padha njaga pangresayan (amanah) lan janjiné,

وَالَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَوٰتِهِمْ يُحَافِظُوْنَ ۘ٩
Wal-lażīna hum ‘alā ṣalawātihim yuḥāfiẓūn(a).
[9] sarta uga wong sing ngreksa sembayangé.

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْوٰرِثُوْنَ ۙ١٠
Ulā'ika humul-wāriṡūn(a).
[10] Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing bakal marisi,

الَّذِيْنَ يَرِثُوْنَ الْفِرْدَوْسَۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١١
Allażīna yariṡūnal-firdaus(a), hum fīhā khālidūn(a).
[11] (yakuwé) sing bakal marisi (suwarga) Firdaus, dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ سُلٰلَةٍ مِّنْ طِيْنٍ ۚ١٢
Wa laqad khalaqnal-insāna min sulālatim min ṭīn(in).
[12] Lan temen, Ingsun wis nyiptakna menungsa sekang saripathi (sing asalé) sekang lemah.

ثُمَّ جَعَلْنٰهُ نُطْفَةً فِيْ قَرَارٍ مَّكِيْنٍ ۖ١٣
Ṡumma ja‘alnāhu nuṭfatan fī qarārim makīn(in).
[13] Banjur Ingsun dadékna banyu mani (sing kesimpén) neng panggonan sing kukuh (rahim).

ثُمَّ خَلَقْنَا النُّطْفَةَ عَلَقَةً فَخَلَقْنَا الْعَلَقَةَ مُضْغَةً فَخَلَقْنَا الْمُضْغَةَ عِظٰمًا فَكَسَوْنَا الْعِظٰمَ لَحْمًا ثُمَّ اَنْشَأْنٰهُ خَلْقًا اٰخَرَۗ فَتَبَارَكَ اللّٰهُ اَحْسَنُ الْخٰلِقِيْنَۗ١٤
Ṡumma khalaqnan-nuṭfata ‘alaqatan fa khalaqnal-‘alaqata muḍgatan fa khalaqnal-muḍgata ‘iẓāman fa kasaunal-‘iẓāma laḥmā(n), ṡumma ansya'nāhu khalqan ākhar(a), fa tabārakallāhu aḥsanul-khāliqīn(a).
[14] Banjur banyu mani kuwé Ingsun dadékna sewiji-wiji sing kraket, banjur sewiji-wiji sing kraket kuwé Ingsun dadékna daging seblindhi lan daging seblindhi kuwé Ingsun dadékna balung-balung, banjur balung-balung kuwé Ingsun buntel nganggo daging. Banjur Ingsun dadékna kuwé dadi mahluk sing (rupa) liya. Mahasuci Gusti Allah, Juru Cipta sing paling apik.

ثُمَّ اِنَّكُمْ بَعْدَ ذٰلِكَ لَمَيِّتُوْنَ ۗ١٥
Ṡumma innakum ba‘da żālika lamayyitūn(a).
[15] Banjur sewisé kuwé, setemené ko kabéh mesthi mati.

ثُمَّ اِنَّكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ تُبْعَثُوْنَ١٦
Ṡumma innakum yaumal-qiyāmati tub‘aṡūn(a).
[16] Banjur, setemené ko kabéh bakal détangékna (sekang kuburmu) neng dina Kiyamat.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعَ طَرَاۤىِٕقَۖ وَمَا كُنَّا عَنِ الْخَلْقِ غٰفِلِيْنَ١٧
Wa laqad khalaqnā fauqakum sab‘a ṭarā'iq(a), wa mā kunnā ‘anil-khalqi gāfilīn(a).
[17] Lan setemené Ingsun wis nyiptakna pitung (sap) langit neng ndhuwuré ko kabéh, lan Ingsun ora lena maring ciptanané (Ingsun).

وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍ فَاَسْكَنّٰهُ فِى الْاَرْضِۖ وَاِنَّا عَلٰى ذَهَابٍۢ بِهٖ لَقٰدِرُوْنَ ۚ١٨
Wa anzalnā minas-samā'i mā'am biqadarin fa askannāhu fil-arḍ(i), wa innā ‘alā żahābim bihī laqādirūn(a).
[18] Lan Ingsun nurunaken banyu sekang langit kanthi sewijiné ukuran, banjur Ingsun ndadékna banyu kuwé netep neng bumi, lan mesthi Ingsun kewasa ngilangna (banyu) kuwé.

فَاَنْشَأْنَا لَكُمْ بِهٖ جَنّٰتٍ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍۘ لَكُمْ فِيْهَا فَوَاكِهُ كَثِيْرَةٌ وَّمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ ۙ١٩
Fa ansya'nā lakum bihī jannātim min nakhīliw wa a‘nāb(in), lakum fīhā fawākihu kaṡīratuw wa minhā ta'kulūn(a).
[19] Banjur kanthi (banyu) kuwé Ingsun thukulna nggo ko kabéh kebon-kebon kurma lan anggur; neng kana ko kabéh mekolih woh-wohan sing akéh lan sebagéan sekang (woh-wohan) kuwé ko padha pangan,

وَشَجَرَةً تَخْرُجُ مِنْ طُوْرِ سَيْنَاۤءَ تَنْۢبُتُ بِالدُّهْنِ وَصِبْغٍ لِّلْاٰكِلِيْنَ٢٠
Wa syajaratan takhruju min ṭūri sainā'a tambutu bid-duhni wa ṣibgil lil-ākilīn(a).
[20] lan (Ingsun thukulna) wit (zaitun) sing thukul sekang gunung Sinai, sing ngasilna lenga lan bahan sing nggo nggugah kepénginan, tumrap wong-wong sing mangan.

وَاِنَّ لَكُمْ فِى الْاَنْعَامِ لَعِبْرَةًۗ نُسْقِيْكُمْ مِّمَّا فِيْ بُطُوْنِهَا وَلَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ كَثِيْرَةٌ وَّمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ ۙ٢١
Wa inna lakum fil-an‘āmi la‘ibrah(tan), nusqīkum mimmā fī buṭūnihā wa lakum fīhā manāfi‘u kaṡīratuw wa minhā ta'kulūn(a).
[21] Lan setemené neng kéwan-kéwan ingonmu. Ingsun paring inum (maring) ko kabéh sekang (banyu susu) sing ana neng njero wetengé, lan neng (kéwan-kéwan) kuwé uga akéh piguna (manpangat) nggo ko kabéh, lan sebagéan sekang kuwé ko padha pangan,

وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُوْنَ ࣖ٢٢
Wa ‘alaihā wa ‘alal-fulki tuḥmalūn(a).
[22] neng ndhuwuré (kéwan-kéwan ingon) lan neng dhuwuré prahu-prahu ko padha deangkut.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٢٣
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī fa qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[23] Lan setemené Ingsun wis ngutus Nuh maring kaumé, banjur dhéwéké ngucap, “Hé kaumku, nyembaha maring Gusti Allah (merga) ora nana Pengéran (sing hak désembah) tumrapmu kejaba Penjenengané. Mangka kenangapa ko ora padha semarah (maring Penjenengané)?”

فَقَالَ الْمَلَؤُا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ مَا هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۙ يُرِيْدُ اَنْ يَّتَفَضَّلَ عَلَيْكُمْۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَاَنْزَلَ مَلٰۤىِٕكَةً ۖمَّا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِيْٓ اٰبَاۤىِٕنَا الْاَوَّلِيْنَ ۚ٢٤
Fa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī mā hāżā illā basyarum miṡlukum, yurīdu ay yatafaḍḍala ‘alaikum, wa lau syā'allāhu la'anzala malā'ikah(tan), mā sami‘nā bihāżā fī ābā'inal-awwalīn(a).
[24] Mangka padha ngucap para pemimpiné wong kapir sekang kaumé, “Wong kiyé ora liya mung menungsa kaya ko sing kepéngin dadi wong sing lewih mulya tenimbang ko kabéh. Lan énggané Gusti Allah ngersakna, mesthi Penjenengané ngutus malaékat. Urung nglakon inyong padha krungu (pengajék sing kaya) kiyé neng (jamané) kaki-nininé inyong kabéh gemiyén.

اِنْ هُوَ اِلَّا رَجُلٌۢ بِهٖ جِنَّةٌ فَتَرَبَّصُوْا بِهٖ حَتّٰى حِيْنٍ٢٥
In huwa illā rajulum bihī jinnatun fa tarabbaṣū bihī ḥattā ḥīn(in).
[25] Dhéwéké mung sewijiné wong lanang sing édan, mangka enténi baé (sabar baé) maring dhéwéké nganti butul wektu sing détemtokna.”

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ بِمَا كَذَّبُوْنِ٢٦
Qāla rabbinṣurnī bimā każżabūn(i).
[26] Dhéwéké (Nuh) nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, mugi tulungi kula, mergi tiyang-tiyang niku sami nggorohakén kula.”

فَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِ اَنِ اصْنَعِ الْفُلْكَ بِاَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا فَاِذَا جَاۤءَ اَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّوْرُۙ فَاسْلُكْ فِيْهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَاَهْلَكَ اِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ مِنْهُمْۚ وَلَا تُخَاطِبْنِيْ فِى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۚ اِنَّهُمْ مُّغْرَقُوْنَ٢٧
Fa auḥainā ilaihi aniṣna‘il-fulka bi'a‘yuninā wa waḥyinā fa iżā jā'a amrunā wafārat-tannūr(u), fasluk fīhā min kullin zaujainiṡnaini wa ahlaka illā man sabaqa ‘alaihil-qaulu minhum, wa lā tukhāṭibnī fil-lażīna ẓalamū, innahum mugraqūn(a).
[27] Banjur Ingsun paring wahyu maring dhéwéké, “Gawéa prahu neng pengawat-awat lan pituduh Ingsun, mangka angger préntah Ingsun wis teka lan tanur (pawon) wis mancurna banyu, mangka padha mlebua maring njeroné (prahu) kuwé sejodho-sejodho sekang saben jinis, uga keluwargamu, kejaba wong sing lewih dhisit détetepna (bakal nampa siksa) sekang antarané wong-wong kuwé. Lan aja sliramu wicarakna karo Ingsun ngenani wong-wong sing aniaya (dolim), setemené dhéwéké kabéh bakal délelepna.

فَاِذَا اسْتَوَيْتَ اَنْتَ وَمَنْ مَّعَكَ عَلَى الْفُلْكِ فَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ نَجّٰىنَا مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٢٨
Fa iżastawaita anta wa mam ma‘aka ‘alal-fulki fa qulil-ḥamdu lillāhil-lażī najjānā minal-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[28] Lan angger sliramu lan wong-wong sing bareng sliramu wis ana neng ndhuwur prahu, mangka ucapna, “Sekabéhé pengalembana kagungané Gusti Allah sing wis nylametna inyong kabéh sekang wong-wong sing aniaya (dolim).”

وَقُلْ رَّبِّ اَنْزِلْنِيْ مُنْزَلًا مُّبٰرَكًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْمُنْزِلِيْنَ٢٩
Wa qur rabbi anzilnī munzalam mubārakaw wa anta khairul-munzilīn(a).
[29] Lan padha nyenyuwuna, “Dhuh Pengéran kula, mugi panggenaken kula wonten panggenan ingkang dipun berkahi, lan Penjenengan niku sesae-saenipun ingkang paring panggenan.”

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ وَّاِنْ كُنَّا لَمُبْتَلِيْنَ٣٠
Inna fī żālika la'āyātiw wa in kunnā lamubtalīn(a).
[30] Temen, neng (kedadéan) kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah); lan setemené Ingsun temen-temen nibakna siksa (maring kaumé Nuh).

ثُمَّ اَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قَرْنًا اٰخَرِيْنَ ۚ٣١
Ṡumma ansya'nā mim ba‘dihim qarnan ākharīn(a).
[31] Banjur, sewisé wong-wong kuwé, Ingsun ciptakna umat sing liya (kaum `Ad).

فَاَرْسَلْنَا فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ ࣖ٣٢
Fa arsalnā fīhim rasūlam minhum ani‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[32] Terus Ingsun ngutus maring wong-wong kuwé sewiji utusan sekang kalangané dhéwéké kabéh (sing ngucap), “Sembaha Gusti Allah! Ora nana Pengéran (sing hak désembah) tumrapmu kejaba Penjenengané. Mangka kenangapa ko ora padha semarah (maring Penjenengané)?”

وَقَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ الْاٰخِرَةِ وَاَتْرَفْنٰهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۙ مَا هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۙ يَأْكُلُ مِمَّا تَأْكُلُوْنَ مِنْهُ وَيَشْرَبُ مِمَّا تَشْرَبُوْنَ٣٣
Wa qālal-mala'u min qaumihil-lażīna kafarū wa każżabū biliqā'il-ākhirati wa atrafnāhum fil-ḥayātid-dun-yā, mā hāżā illā basyarum miṡlukum, ya'kulu mimmā ta'kulūna minhu wa yasyrabu mimmā tasyrabūn(a).
[33] Lan padha ngucap pemimpiné wong-wong kapir sekang kaumé lan sing padha nggorohna sapatemon neng dina akhérat, lan wong-wong sing wis Ingsun paringi kemukten lan kesenengan sejeroné urip neng dunya, “(Wong) kiyé ora liya mung menungsa kaya ko kabéh, dhéwéké mangan apa sing ko padha pangan, lan dhéwéké nginum apa sing ko padha inum.

وَلَىِٕنْ اَطَعْتُمْ بَشَرًا مِّثْلَكُمْ اِنَّكُمْ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ ۙ٣٤
Wa la'in aṭa‘tum basyaram miṡlakum innakum iżal lakhāsirūn(a).
[34] Lan temen, angger ko padha manut maring menungsa sing kaya ko kabéh, mesthi ko padha kapitunan.

اَيَعِدُكُمْ اَنَّكُمْ اِذَا مِتُّمْ وَكُنْتُمْ تُرَابًا وَّعِظَامًا اَنَّكُمْ مُّخْرَجُوْنَ ۖ٣٥
Aya‘idukum annakum iżā mittum wa kuntum turābaw wa ‘iẓāman annakum mukhrajūn(a).
[35] Apa dhéwéké njanjékna maring ko kabéh lamon angger ko wis padha mati lan dadi lemah lan balung-klunthung, setemené ko bakal padha détokna (sekang kuburanmu)?

۞ هَيْهَاتَ هَيْهَاتَ لِمَا تُوْعَدُوْنَ ۖ٣٦
Haihāta haihāta limā tū‘adūn(a).
[36] Adoh! Adoh banget (sekang bener) apa sing deancamna maring ko kabéh.

اِنْ هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوْثِيْنَ ۖ٣٧
In hiya illā ḥayātunad-dun-yā namūtu wa naḥyā wa mā naḥnu bimab‘ūṡīn(a).
[37] (urip kuwé) ora liya mung uripé inyong kabéh neng dunya kiyé, (neng kana) inyong padha mati lan padha urip, 551 lan ora bakal détangékna (maning).
551) Sebagéan menungsa mati, lan sebagéan liya délairna.

اِنْ هُوَ اِلَّا رَجُلُ ِۨافْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا وَّمَا نَحْنُ لَهٗ بِمُؤْمِنِيْنَ٣٨
In huwa illā rajuluniftarā ‘alallāhi każibaw wa mā naḥnu lahū bimu'minīn(a).
[38] Dhéwéké ora liya mung sewijiné wong lanang sing ngréka-réka apus-apusan maring Gusti Allah, lan inyong kabéh ora bakal mercayani dhéwéké.”

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ بِمَا كَذَّبُوْنِ٣٩
Qāla rabbinṣurnī bimā każżabūn(i).
[39] Dhéwéké (Hud) nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, tulungi kula mergi tiyang-tiyang niku nggorohakén kula.”

قَالَ عَمَّا قَلِيْلٍ لَّيُصْبِحُنَّ نٰدِمِيْنَ ۚ٤٠
Qāla ‘ammā qalīlil layuṣbiḥunna nādimīn(a).
[40] Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Ora suwé maning wong-wong kuwé mesthi bakal padha ngajog.”

فَاَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ بِالْحَقِّ فَجَعَلْنٰهُمْ غُثَاۤءًۚ فَبُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٤١
Fa akhażathumuṣ-ṣaiḥatu bil-ḥaqqi fa ja'alahum guṡā'ā(n), fa bu‘dal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[41] Terus dhéwéké padha temen-temen détumpes déning sewara sing gemlendhung, lan Ingsun dadékna dhéwéké kabéh (kaya) runtah sing degawa banjir, 552 mangka tumpesa ingatasé wong-wong sing padha aniaya (dolim).
552) Kaya kuwé alané pungkasané wong-wong kuwé, nganti dhéwéké padha ora duwé daya semendhing-mendhinga, ora béda kaya runtah sing dekélikna banjir, mangkané wong-wong kuwé awaké gedhé lan kuwat.

ثُمَّ اَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قُرُوْنًا اٰخَرِيْنَ ۗ٤٢
Ṡumma ansya'nā mim ba‘dihim qurūnan ākharīn(a).
[42] Banjur sewisé wong-wong kuwé Ingsun ciptakna umat sing liya.

مَا تَسْبِقُ مِنْ اُمَّةٍ اَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُوْنَ ۗ٤٣
Mā tasbiqu min ummatin ajalahā wa mā yasta'khirūn(a).
[43] Ora nana sewiji umat baé sing bisa nggege mangsa patiné (ajal) lan ora (uga) ngundurna kuwé.

ثُمَّ اَرْسَلْنَا رُسُلَنَا تَتْرَاۗ كُلَّمَا جَاۤءَ اُمَّةً رَّسُوْلُهَا كَذَّبُوْهُ فَاَتْبَعْنَا بَعْضَهُمْ بَعْضًا وَّجَعَلْنٰهُمْ اَحَادِيْثَۚ فَبُعْدًا لِّقَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ٤٤
Ṡumma arsalnā rusulanā tatrā, kullamā jā'a ummatar rasūluhā każżabūhu fa atba‘nā ba‘ḍahum ba‘ḍaw wa ja‘alnāhum aḥādīṡ(a), fa bu‘dal liqaumil lā yu'minūn(a).
[44] Banjur, Ingsun utus rasul-rasulé Ingsun kanthi urutan. Saben sijiné Rasul teka maring sewijiné umat, wong-wong kuwé nggorohna dhéwéké, mangka Ingsun lambang-ijoli sebagéan wong-wong kuwé kanthi sebagéan liyané (neng sejeroné kerusakan). Lan Ingsun dadékna dhéwéké kabéh dadi banah crita (nggo menungsa). Mangka tumpesa tumrap kaum sing ora padha precaya (ora precaya).

ثُمَّ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى وَاَخَاهُ هٰرُوْنَ ەۙ بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٤٥
Ṡumma arsalnā mūsā wa akhāhu hārūn(a), bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[45] Banjur Ingsun ngutus Musa lan seduluré Harun kanthi nggawa tandha-tandha (agungé) Ingsun, lan bukti sing nyata, 553
553) Mukjijaté Nabi Musa a.s. sing ana sangang werna.

اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا عَالِيْنَ ۚ٤٦
Ilā fir‘auna wa mala'ihī fastakbarū wa kānū qauman ‘ālīn(a).
[46] maring Fir’aun lan pemimpin-pemimpin kaumé, ning wong-wong kuwé padha angkuh lan dhéwéké kabéh pancén kaum sing gemedhé.

فَقَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ لِبَشَرَيْنِ مِثْلِنَا وَقَوْمُهُمَا لَنَا عٰبِدُوْنَ ۚ٤٧
Fa qālū anu'minu libasyaraini miṡlinā wa qaumuhumā lanā ‘ābidūn(a).
[47] Mangka wong-wong kuwé padha ngucap, “Apa (pantes) inyong padha precaya maring menungsa loro sing kaya inyong kabéh, mangkané kaumé dhéwéké (Bani Israil) kuwé wong-wong sing ngemawula maring inyong kabéh?”

فَكَذَّبُوْهُمَا فَكَانُوْا مِنَ الْمُهْلَكِيْنَ٤٨
Fa każżabūhumā fa kānū minal-muhlakīn(a).
[48] Mangka dhéwéké padha nggorohna wong sekloron kuwé, mulané dhéwéké kabéh klebu wong sing détumpes.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ لَعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٤٩
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba la‘allahum yahtadūn(a).
[49] Lan setemené Ingsun paring maring Musa Kitab (Taurat), supaya dhéwéké (Bani Israil) padha olih pituduh.

وَجَعَلْنَا ابْنَ مَرْيَمَ وَاُمَّهٗٓ اٰيَةً وَّاٰوَيْنٰهُمَآ اِلٰى رَبْوَةٍ ذَاتِ قَرَارٍ وَّمَعِيْنٍ ࣖ٥٠
Wa ja‘alnabna maryama wa ummahū āyataw wa āwaināhumā ilā rabwatin żāti qarāriw wa ma‘īn(in).
[50] Lan wis Ingsun dadékna (Isa) putrané Maryam bareng karo biyungé minangka sewijiné bukti sing nyata (ingatasé agungé Ingsun), lan Ingsun ngayomi wong-wong kuwé neng sewijiné tanah plataran dhuwur (papan sing amleng, aub, lan akéh woh-wohan) kanthi banyu tuk sing mili.

يٰٓاَيُّهَا الرُّسُلُ كُلُوْا مِنَ الطَّيِّبٰتِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ ۗ٥١
Yā ayyuhar-rusulu kulū minaṭ-ṭayyibāti wa‘malū ṣāliḥā(n), innī bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[51] Gusti Allah dhawuh, “Hé para utusan! Padha mangana sekang (panganan) sing apik-apik lan lakonana kebecikan. Setemené Ingsun Maha Ngawuningani apa sing ko padha pergawé.

وَاِنَّ هٰذِهٖٓ اُمَّتُكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّاَنَا۠ رَبُّكُمْ فَاتَّقُوْنِ٥٢
Wa inna hāżihī ummatukum ummataw wāḥidataw wa ana rabbukum fattaqūn(i).
[52] Lan temen (agama tauhid) kiyé agamané ko kabéh. Agama sing siji lan Ingsun kuwé Pengéranmu, mangka padha semaraha ko kabéh maring Ingsun.”

فَتَقَطَّعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ زُبُرًاۗ كُلُّ حِزْبٍۢ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُوْنَ٥٣
Fa taqaṭṭa‘ū amrahum bainahum zuburā(n), kullu ḥizbim bimā ladaihim fariḥūn(a).
[53] Banjur wong-wong kuwé padha crah-bubrah neng urusan (agama)né dadi pirang-pirang golongan. Saben golongan (rumangsa) bangga kanthi apa sing ana neng wong-wong kuwé (dhéwék-dhéwék).

فَذَرْهُمْ فِيْ غَمْرَتِهِمْ حَتّٰى حِيْنٍ٥٤
Fa żarhum fī gamratihim ḥattā ḥīn(in).
[54] Mangka jorna baé dhéwéké padha neng sejeroné kesasaré nganti butul wektu sing détemtokna.

اَيَحْسَبُوْنَ اَنَّمَا نُمِدُّهُمْ بِهٖ مِنْ مَّالٍ وَّبَنِيْنَ ۙ٥٥
Ayaḥsabūna annamā numidduhum bihī mim māliw wabanīn(a).
[55] Apa wong-wong kuwé padha ngira lamon Ingsun maringna bandha lan anak-anak maring dhéwéké kabéh kuwé (tegesé lamon),

نُسَارِعُ لَهُمْ فِى الْخَيْرٰتِۗ بَلْ لَّا يَشْعُرُوْنَ٥٦
Nusāri‘u lahum fil-khairāt(i), bal lā yasy‘urūn(a).
[56] Ingsun gagiyan paring kebecikan-kebecikan maring dhéwéké kabéh? (Ora), ning wong-wong kuwé padha ora ngrumasani kuwé.

اِنَّ الَّذِيْنَ هُمْ مِّنْ خَشْيَةِ رَبِّهِمْ مُّشْفِقُوْنَ ۙ٥٧
Innal-lażīna hum min khasy-yati rabbihim musyfiqūn(a).
[57] Temen, wong-wong sing merga wedi (siksa) Pengérané, dhéwéké padha banget ngati-atiné,

وَالَّذِيْنَ هُمْ بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُوْنَ ۙ٥٨
Wal-lażīna hum bi'āyāti rabbihim yu'minūn(a).
[58] lan dhéwéké kuwé sing padha precaya maring tandha-tandha (kewasa)né Pengérané,

وَالَّذِيْنَ هُمْ بِرَبِّهِمْ لَا يُشْرِكُوْنَ ۙ٥٩
Wal-lażīna hum birabbihim lā yusyrikūn(a).
[59] lan wong-wong kuwé sing ora padha nyekuthokna Pengérané,

وَالَّذِيْنَ يُؤْتُوْنَ مَآ اٰتَوْا وَّقُلُوْبُهُمْ وَجِلَةٌ اَنَّهُمْ اِلٰى رَبِّهِمْ رٰجِعُوْنَ ۙ٦٠
Wal-lażīna yu'tūna mā ātaw wa qulūbuhum wajilatun annahum ilā rabbihim rāji‘ūn(a).
[60] lan dhéwéké kabéh kuwé sing awéh apa sing dhéwéké padha wéhna (sodakoh) kanthi ati kebek rasa wedi (merga padha ngaweruhi) lamon setemené dhéwéké kabéh bakal bali maring Pengérané,

اُولٰۤىِٕكَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَهُمْ لَهَا سٰبِقُوْنَ٦١
Ulā'ika yusāri‘ūna fil-khairāti wa hum lahā sābiqūn(a).
[61] lan wong-wong kuwé padha gagiyanan neng sejeroné kebecikan-kebecikan, lan dhéwéké (dadi) wong lewih dhisit mekolih (kebecikan) kuwé.

وَلَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۖ وَلَدَيْنَا كِتٰبٌ يَّنْطِقُ بِالْحَقِّ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٦٢
Wa lā nukallifu nafsan illā wus‘ahā, wa ladainā kitābuy yanṭiqu bil-ḥaqqi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[62] Lan Ingsun ora ngebot-ngeboti sewiji wong kejaba miturut maring kesaguhané, lan neng Ingsun ana sewijiné cathetan sing nyebutna kanthi sebeneré, lan wong-wong kuwé ora dékapitunani (dedolimi).

بَلْ قُلُوْبُهُمْ فِيْ غَمْرَةٍ مِّنْ هٰذَا وَلَهُمْ اَعْمَالٌ مِّنْ دُوْنِ ذٰلِكَ هُمْ لَهَا عٰمِلُوْنَ٦٣
Bal qulūbuhum fī gamratim min hāżā wa lahum a‘mālum min dūni żālika hum lahā ‘āmilūn(a).
[63] Ning, atiné dhéwéké kabéh (wong-wong kapir) kuwé ana neng sejeroné kesasar sekang (mahami Al-Qur`an) kiyé, lan dhéwéké padha duwé (kebiasan akéh nglakoni) pengawéan-penggawéan (ala) liyané sing tansah dhéwéké kabéh padha lakoni.

حَتّٰىٓ اِذَآ اَخَذْنَا مُتْرَفِيْهِمْ بِالْعَذَابِ اِذَا هُمْ يَجْـَٔرُوْنَ ۗ٦٤
Ḥattā iżā akhażnā mutrafīhim bil-‘ażābi iżā hum yaj'arūn(a).
[64] Saéngga angger Ingsun nibakna siksa maring wong-wong sing padha urip gulang kesenengan neng antarané wong-wong kuwé, dadakan wong-wong kuwé padha sambat-sambat njaluk pitulungan.

لَا تَجْـَٔرُوا الْيَوْمَۖ اِنَّكُمْ مِّنَّا لَا تُنْصَرُوْنَ٦٥
Lā taj'arul-yaum(a), innakum minnā lā tunṣarūn(a).
[65] Aja pisan-pisan ko padha sambat-sambat njaluk pitulungan neng dina kiyé! Temen, ko kabéh ora bakal olih pitulungan sekang Ingsun.

قَدْ كَانَتْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ تَنْكِصُوْنَ ۙ٦٦
Qad kānat āyātī tutlā ‘alaikum fa kuntum ‘alā a‘qābikum tankiṣūn(a).
[66] Setemené ayat-ayat-É Ingsun (Al-Qur`an) tansah déwacakna maring ko kabéh, ning ko padha tansah mléngos maring mburi,

مُسْتَكْبِرِيْنَۙ بِهٖ سٰمِرًا تَهْجُرُوْنَ٦٧
Mustakbirīn(a), bihī sāmiran tahjurūn(a).
[67] kanthi ngagul-agulna awaké, lan ngucapna omongan-omongan kotor maring kuwé (Al-Qur`an) neng wektu ko padha omong-omongan neng wektu wengi.

اَفَلَمْ يَدَّبَّرُوا الْقَوْلَ اَمْ جَاۤءَهُمْ مَّا لَمْ يَأْتِ اٰبَاۤءَهُمُ الْاَوَّلِيْنَ ۖ٦٨
Afalam yaddabbarul-qaula am jā'ahum mā lam ya'ti ābā'ahumul-awwalīn(a).
[68] Mangka apa wong-wong mau ora padha ngresepi pengendikané (Gusti Allah), utawa apa wis butul maring dhéwéké kabéh apa sing ora tau butul maring kaki-nininé wong-wong mau gemiyén?

اَمْ لَمْ يَعْرِفُوْا رَسُوْلَهُمْ فَهُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ ۖ٦٩
Am lam ya‘rifū rasūlahum fahum lahū munkirūn(a).
[69] Utawa dhéwéké ora padha wawuh karo rasulé dhéwéké kabéh (Muhammad), merga kuwé wong-wong mau padha ngingkari kiyambeké (rasul)?

اَمْ يَقُوْلُوْنَ بِهٖ جِنَّةٌ ۗ بَلْ جَاۤءَهُمْ بِالْحَقِّ وَاَكْثَرُهُمْ لِلْحَقِّ كٰرِهُوْنَ٧٠
Am yaqūlūna bihī jinnah(tun), bal jā'ahum bil-ḥaqqi wa akṡaruhum lil-ḥaqqi kārihūn(a).
[70] Utawa wong-wong mau padha ngucap, “Wong kuwé (Muhammad) édan.” Mangka-né, kiyambeké wis teka nggawa bebener maring wong-wong kuwé, ning akéh-akéhé sekang dhéwéké padha wadheh (maring) bebener.

وَلَوِ اتَّبَعَ الْحَقُّ اَهْوَاۤءَهُمْ لَفَسَدَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ بَلْ اَتَيْنٰهُمْ بِذِكْرِهِمْ فَهُمْ عَنْ ذِكْرِهِمْ مُّعْرِضُوْنَ ۗ٧١
Wa lawittaba‘al-ḥaqqu ahwā'ahum lafasadatis-samāwātu wal-arḍu wa man fīhinn(a), bal ataināhum biżikrihim fahum ‘an żikrihim mu‘riḍūn(a).
[71] Lan énggané bebener kuwé nuruti kepéngina-né dhéwéké, mesthi bubrah langit lan bumi lan kabéh sing ana neng njeroné. Malah Ingsun wis paring pengéling-éling maring wong-wong mau, ning dhéwéké padha mléngos sekang pengéling-éling kuwé.

اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ خَرْجًا فَخَرَاجُ رَبِّكَ خَيْرٌ ۖوَّهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٧٢
Am tas'aluhum kharjan fa kharāju rabbika khair(un), wa huwa khairur-rāziqīn(a).
[72] Utawa sliramu (Muhammad) njaluk imbal-balik maring wong-wong mau? Mangkané upah sekang Pengéranmu lewih apik, merga Penjenengané sing paring rejeki sing paling apik.

وَاِنَّكَ لَتَدْعُوْهُمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٧٣
Wa innaka latad‘ūhum ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[73] Lan setemené sliramu mesthi wis ajék-ajék wong-wong kuwé maring dalan sing jejeg.

وَاِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ عَنِ الصِّرَاطِ لَنٰكِبُوْنَ٧٤
Wa innal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati ‘aniṣ-ṣirāṭi lanākibūn(a).
[74] Lan setemené wong-wong sing ora precaya maring akhérat, nyata-nyata wis nyimpang adoh sekang dalan (sing jejeg).

۞ وَلَوْ رَحِمْنٰهُمْ وَكَشَفْنَا مَا بِهِمْ مِّنْ ضُرٍّ لَّلَجُّوْا فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ٧٥
Wa lau raḥimnāhum wa kasyafnā mā bihim min ḍurril lalajjū fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[75] Lan umpamané dhéwéké kabéh Ingsun welasi, lan Ingsun ilangna bebaya sing ngenani wong-wong kuwé, 554 mesthi dhéwéké padha bakal terus-terusan poyang-paying neng njero kesasaré dhéwéké.
554) Bahaya kencoten. Kaum musrik nglakon ngalami kencoten, merga ora tekané banah panganan sekang Yaman maring Mekah, aridené Mekah lan sekubengé kahanané peceklik, nganti banget mlaraté wektu semana.

وَلَقَدْ اَخَذْنٰهُمْ بِالْعَذَابِ فَمَا اسْتَكَانُوْا لِرَبِّهِمْ وَمَا يَتَضَرَّعُوْنَ٧٦
Wa laqad akhażnāhum bil-‘ażābi famastakānū lirabbihim wa mā yataḍarra‘ūn(a).
[76] Lan temen Ingsun wis nibakna pesiksan maring wong-wong kuwé, 555 ning dhéwéké padha ora gelem tundhuk maring Pengérané, lan (uga) ora padha andhap-asor.
555) Setengah saking kalahé wong-wong mau neng Perang Badar sing neng perang kuwé wong-wong sing dadi penggedhé sekang wong-wong mau akéh sing dépaténi utawa détawan, lan mangsa garing sing déalami wong-wong mau, nganti wong-wong mau padha ngrasakna kencoten.

حَتّٰىٓ اِذَا فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَابًا ذَا عَذَابٍ شَدِيْدٍ اِذَا هُمْ فِيْهِ مُبْلِسُوْنَ ࣖ٧٧
Ḥattā iżā fataḥnā ‘alaihim bāban żā ‘ażābin syadīdin iżā hum fīhi mublisūn(a).
[77] Saéngga angger Ingsun mbukakna nggo wong-wong kuwé lawang siksa sing banget kerasé, dadakan dhéwéké dadi padha pedhot pengarep-arep.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٧٨
Wa huwal-lażī yuḥyī wa yumītu wa lahukhtilāful-laili wan-nahār(i), afalā ta‘qilūn(a).
[78] Lan Penjenengané sing wis nyiptakna nggo ko kabéh, pengrungon, pendeleng, lan ati wening (nurani), ning semendhing banget sekang ko kabéh padha kesuwun (sukur).

وَهُوَ الَّذِيْ ذَرَاَكُمْ فِى الْاَرْضِ وَاِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٧٩
Bal qālū miṡla mā qālal-awwalūn(a).
[79] Lan Penjenengané sing nyipta lan manak-pinakna ko kabéh neng bumi lan maring Penjenengané ko padha bakal dékumpulna.

وَهُوَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ وَلَهُ اخْتِلَافُ الَّيْلِ وَالنَّهَارِۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٨٠
Qālū a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[80] Lan Penjenengané sing nguripna lan matékna, lan Penjenengané sing (ngatur) gonta-gantiné wengi lan awan. Apa ko padha ora mengerténi?

بَلْ قَالُوْا مِثْلَ مَا قَالَ الْاَوَّلُوْنَ٨١
Laqad wu‘idnā naḥnu wa ābā'unā hāżā min qablu in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[81] Malah wong-wong padha ngucapna tembung sing serupa karo apa sing déucapna déning wong-wong sing dhisit.

قَالُوْٓا ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ٨٢
Qālū a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[82] Dhéwéké kabéh padha ngucap, “Apa bener, angger inyong wis padha mati lan wis dadi lemah lan balung-klunthung, inyong kabéh temen-temen arep détangékna maning?

لَقَدْ وُعِدْنَا نَحْنُ وَاٰبَاۤؤُنَا هٰذَا مِنْ قَبْلُ اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٨٣
Laqad wu‘idnā naḥnu wa ābā'unā hāżā min qablu in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[83] Temen, sing mengkana kuwé wis déjanjékna maring inyong kabéh lan maring kaki-nininé inyong kabéh sing dhisit-dhisit, 556 kiyé mung dongengané wong-wong gemiyén!”
556) Deancam kanthi dinané détangékna.

قُلْ لِّمَنِ الْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهَآ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٨٤
Qul limanil-arḍu wa man fīhā in kuntum ta‘lamūn(a).
[84] Dhawuha (Muhammad), “Kagungané sapa bumi kiyé, lan kabéh sing ana neng njeroné, angger ko padha ngaweruhi?”

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٨٥
Sayaqūlūna lillāh(i), qul afalā tażakkarūn(a).
[85] Wong-wong kuwé semaur, “Kagungané Gusti Allah.” Ucapna, “Mangka apa ko kabéh ora kémutan?”

قُلْ مَنْ رَّبُّ السَّمٰوٰتِ السَّبْعِ وَرَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ٨٦
Qul mar rabbus-samāwātis-sab‘i wa rabbul-‘arsyil-‘aẓīm(i).
[86] Dhawuha, “Sapa Pengéran sing kagungan langit sing pitu, lan sing kagungan`Arsy sing agung?”

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٨٧
Sayaqūlūna lillāh(i), qul afalā tattaqūn(a).
[87] Wong-wong kuwé bakal semaur, “(Kagungané) Gusti Allah.” Ucapna, “Mangka kenangapa ko kabéh ora padha semarah (takwa)?”

قُلْ مَنْۢ بِيَدِهٖ مَلَكُوْتُ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُوَ يُجِيْرُ وَلَا يُجَارُ عَلَيْهِ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٨٨
Qul mam biyadihī malakūtu kulli syai'iw wa huwa yujīru wa lā yujāru ‘alaihi in kuntum ta‘lamūn(a).
[88] Dhawuha, “Sapa sing neng astané Penjenengané ana kekuwasan samubarang kabéh. Penjenengané ngayomi, lan ora nana sing bisa ngayomi (sekang siksané Penjenengané), angger ko kabéh padha ngaweruhi?”

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ فَاَنّٰى تُسْحَرُوْنَ٨٩
Sayaqūlūna lillāh(i), qul fa annā tusḥarūn(a).
[89] Wong-wong kuwé padha semaur, “(Kagungané) Gusti Allah.” Ucapna, “(Angger kaya kuwé), mangka kepriwé ko padha nganti kapusan?”

بَلْ اَتَيْنٰهُمْ بِالْحَقِّ وَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ٩٠
Bal ataināhum bil-ḥaqqi wa innahum lakāżibūn(a).
[90] Mangkané Ingsun wis ngasta bebener maring wong-wong kuwé, ning dhéwéké kabéh nyata-nyata tukang goroh.

مَا اتَّخَذَ اللّٰهُ مِنْ وَّلَدٍ وَّمَا كَانَ مَعَهٗ مِنْ اِلٰهٍ اِذًا لَّذَهَبَ كُلُّ اِلٰهٍۢ بِمَا خَلَقَ وَلَعَلَا بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يَصِفُوْنَ ۙ٩١
Mattakhażallāhu miw waladiw wa mā kāna ma‘ahū min ilāhin iżal lażahaba kullu ilāhim bimā khalaqa wa la‘alā ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍ(in), subḥānallāhi ‘ammā yaṣifūn(a).
[91] Gusti Allah ora kagungan putra, lan ora nana sembahan (sing liya) bareng Penjenengané, (sekirané sembahan akéh), mangka saben-saben sembahan kuwé bakal nggawa apa (mahluk) sing déciptakna, lan sebagéan sekang sembahan-sembahan kuwé bakal ngalahna sebagéan sing liyané. Mahasuci Gusti Allah sekang apa sing dhéwéké padha sipatna.

عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ ࣖ٩٢
‘Ālimil-gaibi wasy-syahādati fa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[92] (Penjenengané kuwé Pengéran) sing ngawuningani kabéh sing ora keton (gaib) lan kabéh sing keton. Mahaluhur (Gusti Allah) sekang apa sing wong-wong kuwé padha sekuthokna.

قُلْ رَّبِّ اِمَّا تُرِيَنِّيْ مَا يُوْعَدُوْنَ ۙ٩٣
Qur rabbi immā turiyannī mā yū‘adūn(a).
[93] Dhawuha (Muhammad), “Dhuh Pengéran kula, umpami Penjenengan ajeng nyemerepaken dhateng kula napa (siksa) ingkang dipun ancamaken dhateng tiyang-tiyang niku,

رَبِّ فَلَا تَجْعَلْنِيْ فِى الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٩٤
Rabbi falā taj‘alnī fil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[94] Dhuh Pengéran kula, mangka ampun Penjenengan dadosaken kula selebetipun golongan tiyang-tiyang ingkang aniaya (dolim).”

وَاِنَّا عَلٰٓى اَنْ نُّرِيَكَ مَا نَعِدُهُمْ لَقٰدِرُوْنَ٩٥
Wa innā ‘alā an nuriyaka mā na‘iduhum laqādirūn(a).
[95] Lan setemené Ingsun kewasa nggo meruhna maring sliramu (Muhammad) apa sing Ingsun ancamna maring wong-wong mau.

اِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ السَّيِّئَةَۗ نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَصِفُوْنَ٩٦
Idfa‘ bil-latī hiya aḥsanus-sayyi'ah(ta), naḥnu a‘lamu bimā yaṣifūn(a).
[96] Tampika penggawé alané wong-wong kuwé kanthi (cara) sing lewih apik, Ingsun lewih ngawuningani apa sing dhéwéké padha sipatna (maring Gusti Allah).

وَقُلْ رَّبِّ اَعُوْذُ بِكَ مِنْ هَمَزٰتِ الشَّيٰطِيْنِ ۙ٩٧
Wa qur rabbi a‘ūżu bika min hamazātisy-syayāṭīn(i).
[97] Lan ucapna, “Dhuh Pengéran kula, kula nyuwun pengreksa dhateng Penjenengan sekang krisikané sétan,

وَاَعُوْذُ بِكَ رَبِّ اَنْ يَّحْضُرُوْنِ٩٨
Wa a‘ūżu bika rabbi ay yaḥḍurūn(i).
[98] lan kula (ugi) nyuwun pengreksa dhateng Penjenengan, dhuh Pengéran kula, supados kiyambeké sami mboten nyaketi kula.”

حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُوْنِ ۙ٩٩
Ḥattā iżā jā'a aḥadahumul-mautu qāla rabbirji‘ūn(i).
[99] (Mengkana kuwé kahanané wong-wong kapir mau) saéngga angger teka pati maring wong sewiji sekang wong-wong mau, dhéwéké ngucap, “Dhuh Pengéran kula, mugi wangsulaken kula (dhateng dunya),

لَعَلِّيْٓ اَعْمَلُ صَالِحًا فِيْمَا تَرَكْتُ كَلَّا ۗاِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَاۤىِٕلُهَاۗ وَمِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ بَرْزَخٌ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ١٠٠
La‘allī a‘malu ṣāliḥan fīmā taraktu kallā, innahā kalimatun huwa qā'iluhā, wa miw warā'ihim barzakhun ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[100] supados kula saged nglampahi kesaénan ingkang empun kula tilaraken.” Pisan-pisan ora! Setemené kuwé mung alesan sing dhéwéké ucapna. Lan neng ngarepé wong-wong mau ana Barzakh 557 nganti butul neng dinané dhéwéké padha détangékna.
557) Barzakh yakuwé panggonan utawa kahanané wong sewisé mati nganti dhéwéké détangékna neng dina Kiyamat.

فَاِذَا نُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَلَآ اَنْسَابَ بَيْنَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ وَّلَا يَتَسَاۤءَلُوْنَ١٠١
Fa iżā nufikha fiṣ-ṣūri falā ansāba bainahum yauma'iżiw wa lā yatasā'alūn(a).
[101] Rikalané slomprét (sangkakala) desemprong, mangka ora nana maning gandhéng-ceneng keluwarga neng antarané dhéwéké kabéh neng dina kuwé (dina Kiyamat) lan ora (uga) wong-wong kuwé padha takon-takonan.

فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ١٠٢
Faman ṡaqulat mawāzīnuhū fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[102] Sapa wongé sing abot timbangan (kebecika)né mangka dhéwéké kuwé wong-wong sing padha begya.

وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فِيْ جَهَنَّمَ خٰلِدُوْنَ ۚ١٠٣
Wa man khaffat mawāzīnuhū fa ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum fī jahannama khālidūn(a).
[103] Lan sapa wongé sing énthéng timbangan (kebecikan)né, mangka dhéwéké kuwé wong-wong sing padha ngapitunani awaké dhéwék, wong-wong kuwé langgeng neng njeroné neraka Jahanam.

تَلْفَحُ وُجُوْهَهُمُ النَّارُ وَهُمْ فِيْهَا كٰلِحُوْنَ١٠٤
Talfaḥu wujūhahumun-nāru wa hum fīhā kāliḥūn(a).
[104] Rainé wong-wong kuwé deobong (nganggo) geni neraka, lan dhéwéké padha neng neraka neng kahanan surem kanthi lambe cacad.

اَلَمْ تَكُنْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ١٠٥
Alam takun āyātī tutlā ‘alaikum fa kuntum bihā tukażżibūn(a).
[105] Mbok ayat-ayat-É Ingsun wis déwacakna maring ko kabéh, ning ko padha tansah nggorohna?

قَالُوْا رَبَّنَا غَلَبَتْ عَلَيْنَا شِقْوَتُنَا وَكُنَّا قَوْمًا ضَاۤلِّيْنَ١٠٦
Qālū rabbanā galabat ‘alainā syiqwatunā wa kunnā qauman ḍāllīn(a).
[106] Wong-wong kuwé padha ngucap, “Dhuh Pengéran kula sami, kula sedaya empun dipun kewasani déning kejahatané kula sedaya, lan kula sedaya niku tiyang-tiyang ingkang sami kesasar.

رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا مِنْهَا فَاِنْ عُدْنَا فَاِنَّا ظٰلِمُوْنَ١٠٧
Rabbanā akhrijnā minhā fa in ‘udnā fa innā ẓālimūn(a).
[107] Dhuh Pengéran kula sami, wedalaken kula sedaya saking niki, (wangsulaken kula sedaya dhateng dunya), menawi kula sedaya téksih tetep wangsul (dhateng kekapiran), éstu-éstu kula sedaya niku tiyang-tiyang ingkang aniaya (dolim).”

قَالَ اخْسَـُٔوْا فِيْهَا وَلَا تُكَلِّمُوْنِ١٠٨
Qālakhsa'ū fīhā wa lā tukallimūn(i).
[108] Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Manggona kanthi ina neng njeroné, lan aja pisan-pisan ko padha wicara karo Inyong.”

اِنَّهٗ كَانَ فَرِيْقٌ مِّنْ عِبَادِيْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اٰمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ ۚ١٠٩
Innahū kāna farīqum min ‘ibādī yaqūlūna rabbanā āmannā fagfir lanā warḥamnā wa anta khairur-rāḥimīn(a).
[109] Setemené ana segolongan sekang kawula-kawulané Ingsun padha nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula sami, kula sedaya empun precaya, mangka ampuntena kula sedaya lan paringi kula sedaya kewelasan (rahmat), Penjenengan niku ingkang paring rahmat ingkang paling saé.”

فَاتَّخَذْتُمُوْهُمْ سِخْرِيًّا حَتّٰىٓ اَنْسَوْكُمْ ذِكْرِيْ وَكُنْتُمْ مِّنْهُمْ تَضْحَكُوْنَ١١٠
Fattakhażtumūhum sikhriyyan ḥattā ansaukum żikrī wa kuntum minhum taḍḥakūn(a).
[110] Banjur ko kabéh ndadékna wong-wong kuwé dadi pengenyék-enyek, saéngga ko padha kelalén ngemuti Ingsun, lan ko padha (tansah) merguyu wong-wong kuwé,

اِنِّيْ جَزَيْتُهُمُ الْيَوْمَ بِمَا صَبَرُوْٓاۙ اَنَّهُمْ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ١١١
Innī jazaituhumul-yauma bimā ṣabarū, annahum humul-fā'izūn(a).
[111] setemené neng dina kiyé Ingsun awéh piwales maring wong-wong kuwé, merga sabaré dhéwéké; setemené dhéwéké kabéh kuwé wong sing padha olih kebegyan.

قٰلَ كَمْ لَبِثْتُمْ فِى الْاَرْضِ عَدَدَ سِنِيْنَ١١٢
Qāla kam labiṡtum fil-arḍi ‘adada sinīn(a).
[112] Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Pirang taun suwéné ko padha manggon neng bumi?”

قَالُوْا لَبِثْنَا يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍ فَسْـَٔلِ الْعَاۤدِّيْنَ١١٣
Qālū labiṡnā yauman au baḍa yaumin fas'alil-‘āddīn(a).
[113] Wong-wong kuwé padha semaur, “Kula sedaya manggen (wonten bumi) sedinten utawa setengah dinten, mangka takenaken dhateng tiyang-tiyang ingkang sami ngétung.”

قٰلَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا لَّوْ اَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١١٤
Qāla il labiṡtum illā qalīlal lau annakum kuntum ta‘lamūn(a).
[114] Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Ko kabéh manggon (neng bumi) mung sedhéla, angger ko padha nyata-nyata ngaweruhi.”

اَفَحَسِبْتُمْ اَنَّمَا خَلَقْنٰكُمْ عَبَثًا وَّاَنَّكُمْ اِلَيْنَا لَا تُرْجَعُوْنَ١١٥
Afa ḥasibtum annamā khalaqnākum ‘abaṡaw wa annakum ilainā lā turja‘ūn(a).
[115] Mangka apa ko padha ngira lamon Ingsun nyiptakna ko kabéh (mung nggo) dolanan (tanpa tujuan) lan lamon ko kabéh ora bakal débalékna maring Ingsun?

فَتَعٰلَى اللّٰهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ رَبُّ الْعَرْشِ الْكَرِيْمِ١١٦
Fa ta‘ālallāhul-malikul-ḥaqq(u), lā ilāha illā huw(a), rabbul-‘arsyil-karīm(i).
[116] Mangka Mahaluhur Gusti Allah, Raja sing sejati, ora nana Pengéran (sing duwé hak désembah) seliyané Penjenengané, Pengéran (sing kagungan) `Arsy sing mulya.

وَمَنْ يَّدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ لَا بُرْهَانَ لَهٗ بِهٖۙ فَاِنَّمَا حِسَابُهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْكٰفِرُوْنَ١١٧
Wa may yad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhara lā burhāna lahū bih(ī), fa innamā ḥisābuhū ‘inda rabbih(ī), innahū lā yufliḥul-kāfirūn(a).
[117] Lan sapa wongé nyembah Pengéran sing liya seliyané Gusti Allah, mangka ora nana sewiji baé bukti tumrap dhéwéké ngenani kuwé, mangka étung-étungané mung neng ngarsané Pengérané. Setemené wong-wong sing mbangkang (kapir) kuwé ora bakal begya.

وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ ࣖ١١٨
Wa qur rabbigfir warḥam wa anta khairur-rāḥimīn(a).
[118] Lan dhawuha (Muhammad), “Dhuh Pengéran kula, mugi paringi pengapunten lan (paringana) kewelasan, Penjenengan niku juru paring rahmat ingkang paling saé.”