Surah Al-Hajj

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْۚ اِنَّ زَلْزَلَةَ السَّاعَةِ شَيْءٌ عَظِيْمٌ١
Yā ayyuhan-nāsuttaqū rabbakum, inna zalzalatas-sā‘ati syai'un ‘aẓīm(un).
[1] Hé menungsa! Padha semaraha (takwa) maring Pengéranmu; setemené oregé (dina) Kiyamat kuwé sewiji (kedadéan) sing banget gedhéné.

يَوْمَ تَرَوْنَهَا تَذْهَلُ كُلُّ مُرْضِعَةٍ عَمَّآ اَرْضَعَتْ وَتَضَعُ كُلُّ ذَاتِ حَمْلٍ حَمْلَهَا وَتَرَى النَّاسَ سُكٰرٰى وَمَا هُمْ بِسُكٰرٰى وَلٰكِنَّ عَذَابَ اللّٰهِ شَدِيْدٌ٢
Yauma taraunahā tażhalu kullu murḍi‘atin ‘ammā arḍa‘at wa taḍa‘u kullu żāti ḥamlin ḥamlahā wa taran-nāsa sukārā wa mā hum bisukārā wa lākinna ‘ażāballāhi syadīd(un).
[2] (Élinga) neng dinané rikala ko padha ngaweruhi (oregan kuwé), kabéh wong wadon sing lagi nyusoni anaké padha kelalén maring anak sing desusoni, lan saben wong wadon sing meteng bakal rogol wetengané, lan ko weruh menungsa padha neng kahanan mendem, mangkané sebeneré wong-wong kuwé ora padha mendem, ning siksané Gusti Allah kuwé banget kerasé.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّيَتَّبِعُ كُلَّ شَيْطٰنٍ مَّرِيْدٍۙ٣
Wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa yattabi‘u kulla syaiṭānim marīd(in).
[3] Lan neng antarané menungsa ana sing bantah-bantahan tanpa ilmu ngenani Gusti Allah lan mung nuruti maring para sétan sing banget jahaté,

كُتِبَ عَلَيْهِ اَنَّهٗ مَنْ تَوَلَّاهُ فَاَنَّهٗ يُضِلُّهٗ وَيَهْدِيْهِ اِلٰى عَذَابِ السَّعِيْرِ٤
Kutiba ‘alaihi annahū man tawallāhu fa annahū yuḍilluhū wa yahdīhi ilā ‘ażābis-sa‘īr(i).
[4] (ngenani sétan), wis détetepna lamon sapa wongé sing batiran karo dhéwéké, mangka dhéwéké bakal nyasarna (wong kuwé), lan nggawa wong kuwé maring siksa neraka.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنْ كُنْتُمْ فِيْ رَيْبٍ مِّنَ الْبَعْثِ فَاِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ مِنْ عَلَقَةٍ ثُمَّ مِنْ مُّضْغَةٍ مُّخَلَّقَةٍ وَّغَيْرِ مُخَلَّقَةٍ لِّنُبَيِّنَ لَكُمْۗ وَنُقِرُّ فِى الْاَرْحَامِ مَا نَشَاۤءُ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى ثُمَّ نُخْرِجُكُمْ طِفْلًا ثُمَّ لِتَبْلُغُوْٓا اَشُدَّكُمْۚ وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّتَوَفّٰى وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرَدُّ اِلٰٓى اَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْلَا يَعْلَمَ مِنْۢ بَعْدِ عِلْمٍ شَيْـًٔاۗ وَتَرَى الْاَرْضَ هَامِدَةً فَاِذَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاۤءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْ وَاَنْۢبَتَتْ مِنْ كُلِّ زَوْجٍۢ بَهِيْجٍ٥
Yā ayyuhan-nāsu in kuntum fī raibim minal-ba‘ṡi fa innā khalaqnākum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma min ‘alaqatin ṡumma mim muḍgatim mukhallaqatiw wa gairi mukhallaqatil linubayyina lakum, wa nuqirru fil-arḥāmi mā nasyā'u ilā ajalim musamman ṡumma nukhrijukum ṭiflan ṡumma litablugū asyuddakum, wa minkum may yutawaffā wa minkum may yuraddu ilā arżalil-‘umuri likailā ya‘lama ba‘da ‘ilmin syai'ā(n), wa taral-arḍa hāmidatan fa iżā anzalnā ‘alaihal-mā'ahtazzat wa rabat wa ambatat min kulli zaujim bahīj(in).
[5] Hé menungsa! Angger ko padha mamangna maring (dina) détangéknané menungsa, mangka setemené Ingsun wis ndadékna ko kabéh sekang lemah, banjur sekang mani setétés, banjur sekang getih kenthel seblindhi, banjur sekang daging seblindhi sing sempurna kedadéané lan sing ora sempurna, supayané Ingsun pertelakna maring ko kabéh; lan Ingsun tetepna neng njeroné guwa garba (rahim) miturut kersané Ingsun butul wektu sing wis détemtokna, banjur Ingsun tokna ko dadi bayi, banjur (kanthi sengsaya suwé) ko butul maring umur diwasa, lan neng antarané ko kabéh ana sing depundhut lan (ana uga) neng antarané ko kabéh sing débalékna maring umur sing banget tuwané (linglung), saéngga dhéwéké ora mengerténi maning sewiji-wiji sing wis nglakon demengerténi. Lan ko padha weruh bumi kiyé garing, banjur angger wis Ingsun turunaken banyu (udan) neng ndhuwuré, mangka urip bumi kuwé lan dadi subur lan nukulna pirang-pirang wernané pasangan (thethukulan) sing semanger.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّهٗ يُحْيِ الْمَوْتٰى وَاَنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ۙ٦
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa annahū yuḥyil-mautā wa annahū ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[6] Sing mengkana kuwé, merga setemené Gusti Allah; Penjenengané sing sejati (hak), lan setemené Penjenengané sing nguripna samubarang sing wis mati, lan temen, Penjenengané Maha kuwasa ingatasé samubarang kabéh,

وَّاَنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ لَّا رَيْبَ فِيْهَاۙ وَاَنَّ اللّٰهَ يَبْعَثُ مَنْ فِى الْقُبُوْرِ٧
Wa annas-sā‘ata ātiyatul lā raiba fīhā, wa annallāha yab‘aṡu man fil-qubūr(i).
[7] lan temen, (dina) Kiyamat kuwé mesthi tekané, ora nana mamang ingatasé kuwé, lan temen Gusti Allah bakal ngenyatna (maning) sapa baé sing neng njero kuburan.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّلَا هُدًى وَّلَا كِتٰبٍ مُّنِيْرٍ ۙ٨
Wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa lā hudaw wa lā kitābim munīr(in).
[8] Lan neng antarané menungsa ana sing padha bantah-bantahan tanpa ilmu ngenani Gusti Allah, tanpa pituduh lan lanpa kitab (wahyu) sing awéh penerangan,

ثَانِيَ عِطْفِهٖ لِيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ لَهٗ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ وَّنُذِيْقُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَذَابَ الْحَرِيْقِ٩
Ṡāniya ‘iṭfihī liyuḍilla ‘an sabīlillāh(i), lahū fid-dun-yā khizyuw wa nużīquhū yaumal-qiyāmati ‘ażābal-ḥarīq(i).
[9] karo mléngosna wetengé (karo anggak) nggo nyasarna menungsa sekang dalané Gusti Allah. Dhéwéké olih kenisthan neng dunya lan neng dina Kiyamat Insun paringna maring dhéwéké rasané siksa neraka sing mbakar.

ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ يَدٰكَ وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ࣖ١٠
Żālika bimā qaddamat yadāka wa annallāha laisa biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[10] (Bakal déucapna maring dhéwéké), “Kuwé merga lelakon sing detindakna gemiyén déning tangan loromu, lan Gusti Allah ora pisan-pisan ngapitunani (dolim) kawula-kawula-Né

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّعْبُدُ اللّٰهَ عَلٰى حَرْفٍۚ فَاِنْ اَصَابَهٗ خَيْرُ ِۨاطْمَئَنَّ بِهٖۚ وَاِنْ اَصَابَتْهُ فِتْنَةُ ِۨانْقَلَبَ عَلٰى وَجْهِهٖۗ خَسِرَ الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةَۗ ذٰلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِيْنُ١١
Wa minan-nāsi may ya‘budullāha ‘alā ḥarf(in), fa in aṣābahū khairuniṭma'anna bih(ī), wa in aṣābathu fitnatuninqalaba ‘alā wajhih(ī), khasirad-dun-yā wal-ākhirah(ta), żālika huwal-khusrānul-mubīn(u).
[11] Lan neng antarané menungsa ana sing nyembah Gusti Allah mung neng njaba, 539 mangka angger dhéwéké olih kebecikan, dhéwéké ngrasa marem, lan angger dhéwéké kenang sewijiné coban, dhéwéké mbalik maring mburi. 540 Dhéwéké kapitunan neng dunya lan neng akhérat. Kuwé (genah) kapitunan sing nyata.
539) Ora kanthi yakin 540) Mbalik kapir maning.

يَدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَضُرُّهٗ وَمَا لَا يَنْفَعُهٗۗ ذٰلِكَ هُوَ الضَّلٰلُ الْبَعِيْدُ ۚ١٢
Yad‘ū min dūnillāhi mā lā yaḍurruhū wa mā lā yanfa‘uh(ū), żālika huwaḍ-ḍalālul-ba‘īd(u).
[12] Dhéwéké sesambat maring seliyané Gusti Allah, sewiji-wiji sing ora bisa nekakna rubéda lan ora (uga) awéh piguna (manpangat) maring dhéwéké. Kuwé sesasar sing adoh.

يَدْعُوْا لَمَنْ ضَرُّهٗٓ اَقْرَبُ مِنْ نَّفْعِهٖۗ لَبِئْسَ الْمَوْلٰى وَلَبِئْسَ الْعَشِيْرُ١٣
Yad‘ū laman ḍarruhū aqrabu min naf‘ih(ī), labi'sal-maulā wa labi'sal-‘asyīr(u).
[13] Dhéwéké sesambat maring sewiji-wiji sing (sebeneré) rubédané lewih pérek tenimbang pigunané (manpangate). Setemené kuwé seala-alané penulung, lan sejahat-jahaté batir.

اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۗ اِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيْدُ١٤
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), innallāha yaf‘alu mā yurīd(u).
[14] (Temené,) Gusti Allah bakal nglebokna wong-wong sing padha precaya lan padha nglakoni kebecikan maring suwarga-suwarga sing mili neng ngisoré bengawan-bengawan. Setemené Gusti Allah temindak apa sing Penjenengané kersakna.

مَنْ كَانَ يَظُنُّ اَنْ لَّنْ يَّنْصُرَهُ اللّٰهُ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ فَلْيَمْدُدْ بِسَبَبٍ اِلَى السَّمَاۤءِ ثُمَّ لْيَقْطَعْ فَلْيَنْظُرْ هَلْ يُذْهِبَنَّ كَيْدُهٗ مَا يَغِيْظُ١٥
Man kāna yaẓunnu allay yanṣurahullāhu fid-dun-yā wal-ākhirati falyamdud bisababin ilas-samā'i ṡummalyaqṭa‘ falyanẓur hal yużhibanna kaiduhū mā yagīẓ(u).
[15] Sapa wongé sing ngarani lamon Gusti Allah ora nulungi dhéwéké (Muhammad) neng dunya lan neng akhérat, mangka peryoga dhéwéké ngulur tali maring trutug, 541 banjur ngendhat (nggantung awak), banjur pikirna apa réka daya kuwé bisa ngilangna apa sing nglarani atiné.
541) Tembung sama’ neng kéné détegesi trutug (pyan utawa plapon umah). Angger sama` détegesi langit (arti sing biasa), mangka terjemahané dadi: angger mungsuhé Muhammad s.a.w jéngkél krana dhéwéké ulih pitulungan sekang langit, jorna baé wong-wong mau ngulur tali maring langit, lan sawang apa bisa wong-wong mau medhot pitulungan kuwé nganggo cara sing wis kesebut? Kanthi tembung liya, bodho banget wong-wong kuwé angger padha ngira wong-wong mau bisa medhot pitulungané Gusti Allah kanthi cara sing cupet kuwé.

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۙ وَّاَنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يُّرِيْدُ١٦
Wa każālika anzalnāhu āyātim bayyināt(in), wa annallāha yahdī may yurīd(u).
[16] Lan mengkana kuwé Ingsun wis nurunaken (Al-Qur`an) sing dadi tandha-tandha (ayat-ayat) sing nyata; setemené Gusti Allah paring pituduh maring sapa baé sing Penjenengané kersakna.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالصَّابِـِٕيْنَ وَالنَّصٰرٰى وَالْمَجُوْسَ وَالَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا ۖاِنَّ اللّٰهَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ١٧
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū waṣ-ṣābi'īna wan-naṣārā wal-majūsa wal-lażīna asyrakū, innallāha yafṣilu bainahum yaumal-qiyāmah(ti), innallāha ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[17] Setemené wong-wong sing padha precaya, wong Yahudi, wong Sabiin, wong Nasrani, wong Majusi, lan wong musrik, Gusti Allah mesthi paring putusan maring antarané wong-wong kuwé neng dina Kiyamat. Temen, Gusti Allah dadi seksi ingatasé samubarang kabéh.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يَسْجُدُ لَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ وَالنُّجُوْمُ وَالْجِبَالُ وَالشَّجَرُ وَالدَّوَاۤبُّ وَكَثِيْرٌ مِّنَ النَّاسِۗ وَكَثِيْرٌ حَقَّ عَلَيْهِ الْعَذَابُۗ وَمَنْ يُّهِنِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ مُّكْرِمٍۗ اِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يَشَاۤءُ ۩ۗ١٨
Alam tara annallāha yasjudu lahū man fis-samāwāti wa man fil-arḍi wasy-syamsu wal-qamaru wan-nujūmu wal-jibālu wasy-syajaru wad-dawābbu wa kaṡīrum minan-nās(i), wa kaṡīrun ḥaqqa ‘alaihil-‘ażāb(u), wa may yuhinillāhu famā lahū mim mukrim(in), innallāha yaf‘alu mā yasyā'(u).
[18] Apa ko ora ngerti lamon sapa sing ana neng langit lan sapa sing ana neng bumi padha sujud maring Gusti Allah, uga srengéngé, wulan, lintang, gunung-gunung, wit-witan, kéwan-kéwan sing nylosor lan akéh neng antarané menungsa? Ning akéh (menungsa) sing patut olih siksa. Sapa wongé sing denisthakna déning Gusti Allah, ora nana wong siji baé sing mulyakna wong kuwé. Setemené Gusti Allah temindak apa baé sing Penjenengané kersakna.

۞ هٰذَانِ خَصْمٰنِ اخْتَصَمُوْا فِيْ رَبِّهِمْ فَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا قُطِّعَتْ لَهُمْ ثِيَابٌ مِّنْ نَّارٍۗ يُصَبُّ مِنْ فَوْقِ رُءُوْسِهِمُ الْحَمِيْمُ ۚ١٩
Hāżāni khaṣmānikhtaṣamū fī rabbihim fal-lażīna kafarū quṭṭi‘at lahum ṡiyābum min nār(in), yuṣabbu min fauqi ru'ūsihimul-ḥamīm(u).
[19] Kiyé golongan loro (kumpulan wong mukmin lan kapir) sing pesulayan, wong-wong mau padha pesulayan ngenani Pengérané dhéwéké kabéh. Mangka nggo wong-wong kapir bakal dégawékna sandhangan-sandhangan sekang geni (neraka) nggo dhéwéké kabéh. Maring ndhuwuré sirahé wong-wong kuwé bakal desiramna banyu sing umeb.

يُصْهَرُ بِهٖ مَا فِيْ بُطُوْنِهِمْ وَالْجُلُوْدُ ۗ٢٠
Yuṣharu bihī mā fī buṭūnihim wal-julūd(u).
[20] Kanthi (banyu umeb) kuwé bakal deajur-mumurna apa sing ana neng njero wetengé lan kulité wong-wong kuwé.

وَلَهُمْ مَّقَامِعُ مِنْ حَدِيْدٍ٢١
Wa lahum maqāmi‘u min ḥadīd(in).
[21] Lan (siksa) nggo wong-wong kuwé pecut-pecut sekang wesi.

كُلَّمَآ اَرَادُوْٓا اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَا مِنْ غَمٍّ اُعِيْدُوْا فِيْهَا وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ ࣖ٢٢
Kullamā arādū ay yakhrujū minhā min gammin u‘īdū fīhā, wa żūqū ‘ażābal-ḥarīq(i).
[22] Saben-saben dhéwéké arep padha metu sekang kuwé (neraka), merga kesiksa, wong-wong kuwé débalékna (maning) maring njeroné. (Maring wong-wong kuwé déucapna), “Rasakna siksa sing mbakar kiyé.”

اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّلُؤْلُؤًاۗ وَلِبَاسُهُمْ فِيْهَا حَرِيْرٌ٢٣
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa lu'lu'ā(n), wa libāsuhum fīhā ḥarīr(un).
[23] Temen, Gusti Allah bakal nglebokna wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, maring njeroné suwarga sing mili neng ngisoré bengawan-bengawan. Neng kana wong-wong kuwé déparingi prelikan (pepaés) gelang-gelang emas lan mutiara, lan sandhangané dhéwéké kabéh sekang sutra.

وَهُدُوْٓا اِلَى الطَّيِّبِ مِنَ الْقَوْلِۚ وَهُدُوْٓا اِلٰى صِرَاطِ الْحَمِيْدِ٢٤
Wa hudū ilaṭ-ṭayyibi minal-qaul(i), wa hudū ilā ṣirāṭil-ḥamīd(i).
[24] Lan wong-wong kuwé déparingi pituduh maring pengucap-pengucap sing apik lan déparingi (uga) pituduh maring dalané Gusti Allah sing pinuji.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ الَّذِيْ جَعَلْنٰهُ لِلنَّاسِ سَوَاۤءً ۨالْعَاكِفُ فِيْهِ وَالْبَادِۗ وَمَنْ يُّرِدْ فِيْهِ بِاِلْحَادٍۢ بِظُلْمٍ نُّذِقْهُ مِنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ ࣖ٢٥
Innal-lażīna kafarū wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wal-masjidil-ḥarāmil-lażī ja‘alnāhu lin-nāsi sawā'anil-‘ākifu fīhi wal-bād(i), wa may yurid fīhi bi'ilḥādim biẓulmin nużiqhu min ‘ażābin alīm(in).
[25] Temen, wong-wong kapir sing padha ngalang-alangi (menungsa) sekang dalané Gusti Allah lan sekang Masjidilharam sing wis Ingsun dadékna kebukak nggo kabéh menungsa, becik sing manggon neng kana utawa sing teka sekang njaba, lan sapa baé sing duwé seja nglakoni kejahatan kanthi aniaya (dolim) neng njeroné, mesthi bakal Ingsun rasakna maring dhéwéké siksa sing perih.

وَاِذْ بَوَّأْنَا لِاِبْرٰهِيْمَ مَكَانَ الْبَيْتِ اَنْ لَّا تُشْرِكْ بِيْ شَيْـًٔا وَّطَهِّرْ بَيْتِيَ لِلطَّاۤىِٕفِيْنَ وَالْقَاۤىِٕمِيْنَ وَالرُّكَّعِ السُّجُوْدِ٢٦
Wa iż bawwa'nā li'ibrāhīma makānal-baiti allā tusyrik bī syai'aw wa ṭahhir baitiya liṭ-ṭā'ifīna wal-qā'imīna war-rukka‘is-sujūd(i).
[26] Lan (élinga), rikala Ingsun panggonaken Ibrahim neng panggonan Baitullah (kanthi dhawuh), “Aja pisan-pisan sliramu nyekuthokna Ingsun karo apa baé lan sucékna umah Ingsun nggo wong-wong tawaf (ngibadah kanthi ngubengi Kakbah) lan wong-wong sing ngibadah lan wong sing rukuk lan sujud.

وَاَذِّنْ فِى النَّاسِ بِالْحَجِّ يَأْتُوْكَ رِجَالًا وَّعَلٰى كُلِّ ضَامِرٍ يَّأْتِيْنَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ عَمِيْقٍ ۙ٢٧
Wa ażżin fin-nāsi bil-ḥajji ya'tūka rijālaw wa ‘alā kulli ḍāmiriy ya'tīna min kulli fajjin ‘amīq(in).
[27] Lan undangen menungsa supayané padha nglakoni ngibadah haji, mesthi wong-wong kuwé padha bakal teka maring sliramu kanthi mlaku utawa numpak onta sing gering-gering, dhéwéké padha teka sekang sekabéh paran sing adoh,

لِّيَشْهَدُوْا مَنَافِعَ لَهُمْ وَيَذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ فِيْٓ اَيَّامٍ مَّعْلُوْمٰتٍ عَلٰى مَا رَزَقَهُمْ مِّنْۢ بَهِيْمَةِ الْاَنْعَامِۚ فَكُلُوْا مِنْهَا وَاَطْعِمُوا الْبَاۤىِٕسَ الْفَقِيْرَ ۖ٢٨
Liyasyhadū manāfi‘a lahum wa yażkurusmallāhi fī ayyāmim ma‘lūmātin ‘alā mā razaqahum mim bahīmatil-an‘ām(i), fa kulū minhā wa aṭ‘imul-bā'isal-faqīr(a).
[28] supaya dhéwéké padha nyekséni rupa-rupa piguna (manpangat) nggo wong-wong mau lan supaya dhéwéké padha nyebut asmané Gusti Allah neng pirang-pirang dina sing détemtokna 542 ingatasé rejeki sing déparingna maring wong-wong mau rupané kéwan ingon. Mangka padha mangana sebagéan sekang kuwé lan (sebagéan maning) wéhna nggo dépangan wong-wong sing sengsara lan butuh (fakir).
542) Dina riyaya haji lan dina Tasrék, yakuwé tanggal 10, 11, 12 lan 13 Zulhijah.

ثُمَّ لْيَقْضُوْا تَفَثَهُمْ وَلْيُوْفُوْا نُذُوْرَهُمْ وَلْيَطَّوَّفُوْا بِالْبَيْتِ الْعَتِيْقِ٢٩
Ṡummal yaqḍū tafaṡafahum wal yūfū nużūrahum wal yaṭṭawwafū bil-baitil-‘atīq(i).
[29] Banjur, preyoga wong-wong kuwé padha ngilangna guluh 543 (sing ana neng awaké) dhéwéké, nyempurnakna (ngleksanakna) kaulan-kaulané lan nglakoni tawaf neng pinggiré umah tua (Baitullah).
543) Sing démaksud karo tembung “ngilangna guluh” neng kéné yakuwé ngethok rambut, ngethok kuku lan sepadhané

ذٰلِكَ وَمَنْ يُّعَظِّمْ حُرُمٰتِ اللّٰهِ فَهُوَ خَيْرٌ لَّهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۗ وَاُحِلَّتْ لَكُمُ الْاَنْعَامُ اِلَّا مَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَاجْتَنِبُوا الرِّجْسَ مِنَ الْاَوْثَانِ وَاجْتَنِبُوْا قَوْلَ الزُّوْرِ ۙ٣٠
Żālika wa may yu‘aẓẓim ḥurumātillāhi fa huwa khairul lahū ‘inda rabbih(ī), wa uḥillat lakumul-an‘āmu illā mā yutlā ‘alaikum fajtanibur-rijsa minal-auṡāni wajtanibū qaulaz-zūr(i).
[30] Mengkana kuwé (dhawuhé Gusti Allah). Lan sapa wongé sing ngegungna apa sing mulya neng sisihé Gusti Allah (hurumat), 544 mangka kuwé lewih apik tumrap dhéwéké neng sisihé Pengérané. Lan déparengna (halal) nggo ko kabéh kéwan ingon, kejaba sing déterangna maring ko kabéh (haramé), mangka adohna (nyembah) brehala-brehala sing najis kuwé lan adohna ucapan pengapus-apus.
544) Arti hurumat (sing déormati) neng ayat kiyé yakuwé wulan haram (Muharam, Rajab, Zulkaidah, Zulhijah), bumi haram, lan makamé Ibrahim.

حُنَفَاۤءَ لِلّٰهِ غَيْرَ مُشْرِكِيْنَ بِهٖۗ وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَكَاَنَّمَا خَرَّ مِنَ السَّمَاۤءِ فَتَخْطَفُهُ الطَّيْرُ اَوْ تَهْوِيْ بِهِ الرِّيْحُ فِيْ مَكَانٍ سَحِيْقٍ٣١
Ḥunafā'a lillāhi gaira musyrikīna bih(ī), wa may yusyrik billāhi fa ka'annamā kharra minas-samā'i fa takhṭafuhuṭ-ṭairu au tahwī bihir-rīḥu fī makānin saḥīq(in).
[31] (Ngabektia) kanthi tulus maring Gusti Allah, tanpa nyekuthokna Penjenengané. Sapa wongé sing nyekuthokna Gusti Allah, mangka kaya-kaya dhéwéké tiba sekang langit banjur désamber déning manuk, utawa degawa mabur déning angin maring panggonan sing adoh.

ذٰلِكَ وَمَنْ يُّعَظِّمْ شَعَاۤىِٕرَ اللّٰهِ فَاِنَّهَا مِنْ تَقْوَى الْقُلُوْبِ٣٢
Żālika wa may yu‘aẓẓim sya‘ā'irallāhi fa innahā min taqwal-qulūb(i).
[32] Mengkana kuwé (dhawuhé Gusti Allah). Lan sapa wongé ngegungna kuncara (syiar-syiar)é Gusti Allah, 545 mangka setemené prekara kuwé mrentul sekang semarahé (takwa) ati.
545) Syiar-É Gusti Allah yakuwé sekabéh pegawéan sing délakokna sejeroné ngibadah kaji lan panggonan-panggonan nglakoniné.

لَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى ثُمَّ مَحِلُّهَآ اِلَى الْبَيْتِ الْعَتِيْقِ ࣖ٣٣
Lakum fīhā manāfi‘u ilā ajalim musamman ṡumma maḥilluhā ilal-baitil-‘atīq(i).
[33] Nggo ko kabéh, neng kuwé (kéwan hadyu), 546 ana pirang-pirang piguna (manpangat) 547 , butul wektu sing détemtokna, banjur panggonan sembeléhané yakuwé neng sekubengé Baitul Atiq (Baitullah).
546) Tiliki Al-Baqarah (2) : 196. 547) Maksudé kéwan-kéwan hadyu kena ndéjikot manpangaté kayadéné détunggangi, deperes susuné, lan sepadhané nganti dina nahar.

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا لِّيَذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلٰى مَا رَزَقَهُمْ مِّنْۢ بَهِيْمَةِ الْاَنْعَامِۗ فَاِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَلَهٗٓ اَسْلِمُوْاۗ وَبَشِّرِ الْمُخْبِتِيْنَ ۙ٣٤
Wa likulli ummatin ja‘alnā mansakal liyażkurusmallāhi ‘alā mā razaqahum mim bahīmatil-an‘ām(i), fa ilāhukum ilāhuw wāḥidun fa lahū aslimū, wa basysyiril-mukhbitīn(a).
[34] Lan nggo saben umat wis Ingsun saréngatna nyembeléh (kurban), supaya wong-wong mau padha nyebut asmané Gusti Allah, ingatasé rejeki sing déparingna déning Gusti Allah maring dhéwéké kabéh sing rupa kéwan ingon. Mangka Pengéranmu yakuwé Pengéran Sing Mahatunggal, merga kuwé padha pasrah-awaka ko kabéh maring Penjenengané. Lan butulna (Muhammad) kabar bebungah maring wong-wong sing pasrah-semarah (maring Gusti Allah),

الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ وَالصّٰبِرِيْنَ عَلٰى مَآ اَصَابَهُمْ وَالْمُقِيْمِى الصَّلٰوةِۙ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ٣٥
Allażīna iżā żukirallāhu wajilat qulūbuhum waṣ-ṣābirīna ‘alā mā aṣābahum wal-muqīmiṣ-ṣalāh(ti), wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[35] (yakuwé) wong-wong sing angger désebutna asmané Gusti Allah atiné dhéwéké padha gemeter, wong sing sabar ingatasé apa sing nibani dhéwéké, lan wong sing padha ngleksanakna sembayang lan wong sing padha nyumbangna (infak) sebagéan rejeki sing Ingsun paringna maring wong-wong mau.

وَالْبُدْنَ جَعَلْنٰهَا لَكُمْ مِّنْ شَعَاۤىِٕرِ اللّٰهِ لَكُمْ فِيْهَا خَيْرٌۖ فَاذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلَيْهَا صَوَاۤفَّۚ فَاِذَا وَجَبَتْ جُنُوْبُهَا فَكُلُوْا مِنْهَا وَاَطْعِمُوا الْقَانِعَ وَالْمُعْتَرَّۗ كَذٰلِكَ سَخَّرْنٰهَا لَكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٣٦
Wal-budna ja‘alnāhā lakum min sya‘ā'irillāhi lakum fīhā khair(un), fażkurusmallāhi ‘alaihā ṣawāff(a), fa iżā wajabat junūbuhā fa kulū minhā wa aṭ‘imul-qāni‘a wal-mu‘tarr(a), każālika sakhkharnāhā lakum la‘allakum tasykurūn(a).
[36] Lan onta-onta kuwé Ingsun dadékna nggo ko kabéh, bagéan sekang kuncarané (syiar) agamané Gusti Allah, ko kabéh olih kebecikan akéh neng kono kuwé. Mangka nyebuta asmané Gusti Allah (rikala ko arep padha nyembeléh kéwan kuwé) neng kahanan ngadeg 548 (lan sikil-sikil wis kejiret). Banjur angger wis rubuh (mati), mangka panganen sebagéané lan wéhna mangan wong sing krasa cukup karo apa sing ana neng dhéwéké (ora njaluk-njaluk) lan wong sing njaluk. Mengkana kuwé Ingsun ngelukna (onta-onta kuwé) nggo ko kabéh supaya ko padha kesuwun (sukur).
548) Biasané onta désembeléh selagi kéwan kuwé ngadeg.

لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ٣٧
Lay yanālallāha luḥūmuhā wa lā dimā'uhā wa lākiy yanāluhut-taqwā minkum, każālika sakhkharahā lakum litukabbirullāha ‘alā mā hadākum, wa basysyiril-muḥsinīn(a).
[37] Daging (kéwan kurban) lan getihé kuwé ora pisan-pisan bakal butul maring Gusti Allah, ning sing butul maring Penjenengané yakuwé semarah (takwa)né ko kabéh. Mengkana kuwé Penjenengané ngelukna kéwan kuwé nggo ko kabéh, supaya ko padha ngegungna Gusti Allah ingatasé pituduh sing Penjenengané paringna maring ko kabéh. Lan butulna kabar bebungah maring wong-wong sing padha mergawé apik.

۞ اِنَّ اللّٰهَ يُدَافِعُ عَنِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ خَوَّانٍ كَفُوْرٍ ࣖ٣٨
Innallāha yudāfi‘u ‘anil-lażīna āmanū, innallāha lā yuḥibbu kulla khawwānin kafūr(in).
[38] Setemené Gusti Allah mbélani wong-wong sing padha precaya. Temen, Gusti Allah ora karenan saben wong sing nyidrani lan ora kesuwun (kapir nékmat).

اُذِنَ لِلَّذِيْنَ يُقَاتَلُوْنَ بِاَنَّهُمْ ظُلِمُوْاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى نَصْرِهِمْ لَقَدِيْرٌ ۙ٣٩
Użina lil-lażīna yuqātalūna bi'annahum ẓulimū, wa innallāha ‘alā naṣrihim laqadīr(un).
[39] Déparengna (perang) tumrap wong sing deperangi, merga setemené wong-wong kuwé déaniaya (dedolimi). Lan setemené Gusti Allah Mahakewasa nulungi dhéwéké kabéh,

ۨالَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ بِغَيْرِ حَقٍّ اِلَّآ اَنْ يَّقُوْلُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ۗوَلَوْلَا دَفْعُ اللّٰهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَّهُدِّمَتْ صَوَامِعُ وَبِيَعٌ وَّصَلَوٰتٌ وَّمَسٰجِدُ يُذْكَرُ فِيْهَا اسْمُ اللّٰهِ كَثِيْرًاۗ وَلَيَنْصُرَنَّ اللّٰهُ مَنْ يَّنْصُرُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ لَقَوِيٌّ عَزِيْزٌ٤٠
Allażīna ukhrijū min diyārihim bigairi ḥaqqin illā ay yaqūlū rabbunallāh(u), wa lau lā daf‘ullāhin-nāsa ba‘ḍahum biba‘ḍil lahuddimat ṣawāmi‘u wa biya‘uw wa ṣalawātuw wa masājidu yużkaru fīhasmullāhi kaṡīrā(n), wa layanṣurannallāhu may yanṣuruh(ū), innallāha laqawiyyun ‘azīz(un).
[40] (yakuwé) wong-wong sing déurak sekang désané tanpa alesan sing bener, mung merga wong-wong mau padha ngucap, “Pengérané inyong kabéh yakuwé Gusti Allah.” Umpamané Gusti Allah ora nolak (kebringasané) sebagéan menungsa maring sebagéan liyané, mesthi wis derubuhna biara-biara Nasrani, gereja-gereja, umah-umah ngibadahé wong Yahudi, lan mesjid-mesjid sing neng njeroné akéh désebut asmané Gusti Allah. Gusti Allah mesthi bakal nulungi wong sing nulungi (agamané) Penjenengané. Setemené Gusti Allah Mahakuwat, Maha Digdaya.

اَلَّذِيْنَ اِنْ مَّكَّنّٰهُمْ فِى الْاَرْضِ اَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ وَاَمَرُوْا بِالْمَعْرُوْفِ وَنَهَوْا عَنِ الْمُنْكَرِۗ وَلِلّٰهِ عَاقِبَةُ الْاُمُوْرِ٤١
Allażīna im makkannāhum fil-arḍi aqāmuṣ-ṣalāta wa ātawuz-zakāta wa amarū bil-ma‘rūfi wa nahau ‘anil-munkar(i), wa lillāhi ‘āqibatul-umūr(i).
[41] (Yakuwé) wong-wong sing angger Ingsun paringi drajat neng bumi, dhéwéké padha nglakoni sembayang, nglunasi jakat, lan préntah nglakoni sing apik (makruf) lan nyegah sekang sing ala (mungkar), lan mung maring Gusti Allah baliné sekabéh urusan.

وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّعَادٌ وَّثَمُوْدُ ۙ٤٢
Wa iy yukażżibūka faqad każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa ‘āduw wa ṡamūd(u).
[42] Lan angger dhéwéké kabéh kuwé (wong-wong musrik) nggorohna sliramu (Muhammad) kaya kuwé uga kaum-kaum sing seurungé dhéwéké, kaumé Nuh, `Ad, Samud (uga wis nggorohna utusan-utusané Penjenengané),

وَقَوْمُ اِبْرٰهِيْمَ وَقَوْمُ لُوْطٍ ۙ٤٣
Wa qaumu ibrāhīma wa qaumu lūṭ(in).
[43] lan (mengkana uga) kaumé Ibarahim lan kaumé Lut,

وَّاَصْحٰبُ مَدْيَنَۚ وَكُذِّبَ مُوْسٰى فَاَمْلَيْتُ لِلْكٰفِرِيْنَ ثُمَّ اَخَذْتُهُمْۚ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ٤٤
Wa aṣḥābu madyan(a), wa kużżiba mūsā fa amlaitu lil-kāfirīna ṡumma akhażtuhum, fa kaifa kāna nakīr(i).
[44] lan warga Madyan. Lan Musa (uga) wis dégorohna, ning Ingsun paring angkilan wektu maring wong-wong kapir, banjur Ingsun siksa dhéwéké kabéh, mangka banget ngedab-edabi siksané Ingsun.

فَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ فَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَاۖ وَبِئْرٍ مُّعَطَّلَةٍ وَّقَصْرٍ مَّشِيْدٍ٤٥
Fa ka'ayyim min qaryatin ahlaknāhā wa hiya ẓālimatun fa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā, wa bi'rim mu‘aṭṭalatiw wa qaṣrim masyīd(in).
[45] Mangka sepira akéhé negari sing wis Ingsun tumpes merga (warga)né padha aniaya (dolim), saéngga padha ambruk gedhong-gedhongé lan (sepira akéhé uga) sumur sing wis détinggalna lan kraton sing dhuwur (ora nana sing ngenggoni).

اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَتَكُوْنَ لَهُمْ قُلُوْبٌ يَّعْقِلُوْنَ بِهَآ اَوْ اٰذَانٌ يَّسْمَعُوْنَ بِهَاۚ فَاِنَّهَا لَا تَعْمَى الْاَبْصَارُ وَلٰكِنْ تَعْمَى الْقُلُوْبُ الَّتِيْ فِى الصُّدُوْرِ٤٦
Afalam yasīrū fil-arḍi fa takūna lahum qulūbuy ya‘qilūna bihā au āżānuy yasma‘ūna bihā, fa innahā lā ta‘mal-abṣāru wa lākin ta‘mal-qulūbul-latī fiṣ-ṣudūr(i).
[46] Mangka apa ora nglakon dhéwéké padha mlaku neng bumi, saéngga atiné (akal) wong-wong mau bisa ngerténi, kupingé dhéwéké padha krungu? Setemené udu mata kuwé sing wuta, ning sing wuta kuwé ati sing ana neng njero dhadha.

وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِ وَلَنْ يُّخْلِفَ اللّٰهُ وَعْدَهٗۗ وَاِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَاَلْفِ سَنَةٍ مِّمَّا تَعُدُّوْنَ٤٧
Wa yasta‘jilūnaka bil-‘ażābi wa lay yukhlifallāhu wa‘dah(ū), wa inna yauman ‘inda rabbika ka'alfi sanatim mimmā ta‘uddūn(a).
[47] Lan wong-wong kuwé padha njaluk maring sliramu (Muhammad), supaya siksa kuwé dégelisna (tekane), mangkané Gusti Allah ora bakal nyulayani janjiné Penjenengané. Lan setemené sedina neng sisihé Pengéranmu kuwé kaya sewu taun miturut étunganmu.

وَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَمْلَيْتُ لَهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ ثُمَّ اَخَذْتُهَاۚ وَاِلَيَّ الْمَصِيْرُ ࣖ٤٨
Wa ka'ayyim min qaryatin amlaitu lahā wa hiya ẓālimatun ṡumma akhażtuhā, wa ilayyal-maṣīr(u).
[48] Lan sepira akéhé negari sing Ingsun tangguhna (pengancurané) merga wargané padha temindak aniaya (dolim), banjur Ingsun siksa wong-wong kuwé, lan mung maring Ingsun panggonan baliné (samubarang kabéh).

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّمَآ اَنَا۠ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ٤٩
Qul yā ayyuhan-nāsu innamā ana lakum nażīrum mubīn(un).
[49] Dhawuha (Muhammad), “Hé menungsa! Setemené inyong (déutus) maring ko kabéh, dadi wong sing awéh pengéling-ngéling sing nyata.”

فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٥٠
Fal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[50] Mangka wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, dhéwéké kabéh olih pengampura lan rejeki sing mulya.

وَالَّذِيْنَ سَعَوْا فِيْٓ اٰيٰتِنَا مُعٰجِزِيْنَ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ٥١
Wal-lażīna sa‘au fī āyātinā mu‘ājizīna ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[51] Ning wong-wong sing ngréka daya nglawan ayat-ayat-É Ingsun kanthi tujuan ngendhokna (kekarepané nggo precaya), dhéwéké kuwé sing padha ngenggoni neraka Jahanam.

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَّسُوْلٍ وَّلَا نَبِيٍّ اِلَّآ اِذَا تَمَنّٰىٓ اَلْقَى الشَّيْطٰنُ فِيْٓ اُمْنِيَّتِهٖۚ فَيَنْسَخُ اللّٰهُ مَا يُلْقِى الشَّيْطٰنُ ثُمَّ يُحْكِمُ اللّٰهُ اٰيٰتِهٖۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ ۙ٥٢
Wa mā arsalnā min qablika mir rasūliw wa lā nabiyyin illā iżā tamannā alqasy-syaiṭānu fī umniyyatih(ī), fa yansakhullāhu mā yulqisy-syaiṭānu ṡumma yuḥkimullāhu āyātih(ī), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[52] Lan Ingsun ora ngutus sewijiné utusan lan ora (uga) sewijiné nabi seurungé sliramu (Muhammad), anging angger dhéwéké duwé kepénginan, 549 sétan uga nglebokna godha-godha maring njeroné kepénginané kuwé. Ning Gusti Allah ngilangna apa sing délebokna déning sétan mau, lan Gusti Allah bakal nguwatna ayat-ayat-É Penjenengané lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
549) Sebagéan ahli tapsir negesi tamanna karo “maca” lan umniyyatihi “wacanané”. Yakuwé angger Nabi s.a.w maca sewijiné ayat sing isiné awéh pengéling-éling maring wong-wong kapir, dhéwéké padha nirokna wacanané Nabi s.a.w kanthi tambahan tembung-tembung sing mbenerna keyakinané dhéwéké.

لِّيَجْعَلَ مَا يُلْقِى الشَّيْطٰنُ فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْقَاسِيَةِ قُلُوْبُهُمْۗ وَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَفِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ ۙ٥٣
Liyaj‘ala mā yulqisy-syaiṭānu fitnatal lil-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-qāsiyati qulūbuhum, wa innaẓ-ẓālimīna lafī syiqāqim ba‘īd(in).
[53] Lan (Gusti Allah) kersa ndadékna godha sing deanakna déning sétan kuwé minangka dadi coban tumrap wong-wong sing neng atiné ana prenyakité lan wong sing wangkot atiné. Lan wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé temen-temen neng njeroné satron sing adoh,

وَّلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَيُؤْمِنُوْا بِهٖ فَتُخْبِتَ لَهٗ قُلُوْبُهُمْۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهَادِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٥٤
Wa liya‘lamal-lażīna ūtul-‘ilma annahul-ḥaqqu mir rabbika fa yu'minū bihī fa tukhbita lahū qulūbuhum, wa innallāha lahādil-lażīna āmanū ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[54] lan supaya wong-wong sing wis déparingi ilmu, ngyakini lamon (Al-Qur’an) kuwé bener sekang Pengéranmu banjur dhéwéké padha precaya lan atiné tundhuk maring kuwé (Al-Qur’an). Lan setemené Gusti Allah sing paring pituduh ingatasé wong-wong sing precaya maring dalan sing jejeg.

وَلَا يَزَالُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْهُ حَتّٰى تَأْتِيَهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً اَوْ يَأْتِيَهُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَقِيْمٍ٥٥
Wa lā yazālul-lażīna kafarū fī miryatim minhu ḥattā ta'tiyahumus-sā‘atu bagtatan au ya'tiyahum ‘ażābu yaumin ‘aqīm(in).
[55] Lan wong-wong kapir kuwé tansah mamang ngenani prekara kuwé (Al-Qur`an) butul wektu (matiné) teka maring dhéwéké kabéh kanthi dadakan, utawa siksa dina Kiyamat sing teka maring dhéwéké kabéh.

اَلْمُلْكُ يَوْمَىِٕذٍ لِّلّٰهِ ۗيَحْكُمُ بَيْنَهُمْۗ فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٥٦
Al-mulku yauma'iżil lillāh(i), yaḥkumu bainahum, fal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fī jannātin na‘īm(i).
[56] Kekuwasan neng dina kuwé ana neng (astané) Gusti Allah, Penjenengané paring putusan neng antarané wong-wong mau. Mangka wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan ana neng njeroné suwarga-suwarga sing kebek kenékmatan.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ ࣖ٥٧
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā fa ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[57] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) lan sing nggorohna ayat-ayat Ingsun, mangka dhéwéké kabéh bakal ngrasakna siksa sing nisthakna.

وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ قُتِلُوْٓا اَوْ مَاتُوْا لَيَرْزُقَنَّهُمُ اللّٰهُ رِزْقًا حَسَنًاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٥٨
Wal-lażīna hājarū fī sabīlillāhi ṡumma qutilū au mātū layarzuqannahumullāhu rizqan ḥasanā(n), wa innallāha lahuwa khairur-rāziqīn(a).
[58] Lan wong-wong sing padha boyong (hijrah) neng dalané Gusti Allah, banjur dhéwéké padha deperjaya utawa mati, temen, Gusti Allah bakal awéh maring dhéwéké kabéh rejeki sing apik (suwarga). Lan setemené Gusti Allah kuwé sing paring rejeki sing paling apik.

لَيُدْخِلَنَّهُمْ مُّدْخَلًا يَّرْضَوْنَهٗۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَعَلِيْمٌ حَلِيْمٌ٥٩
Layudkhilannahum mudkhalay yarḍaunah(ū), wa innallāha la‘alīmun ḥalīm(un).
[59] Temen, Penjenengané (Gusti Allah) mesthi bakal nglebokna wong-wong kuwé maring panggonan mlebu (suwarga) sing dhéwéké padha senengi. Lan setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahaaris.

۞ ذٰلِكَ وَمَنْ عَاقَبَ بِمِثْلِ مَا عُوْقِبَ بِهٖ ثُمَّ بُغِيَ عَلَيْهِ لَيَنْصُرَنَّهُ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَعَفُوٌّ غَفُوْرٌ٦٠
Żālika wa man ‘āqaba bimiṡli mā ‘ūqiba bihī ṡumma bugiya ‘alaihi layanṣurannahullāh(u), innallāha la‘afuwwun gafūr(un).
[60] Mengkana kuwé, lan sapa wongé males imbang ingatasé aniaya (kedolprecaya) sing wis nglakon dhéwéké rasakna, banjur dhéwéké dekaniaya (maning), mesthi Gusti Allah bakal nulungi dhéwéké. Setemené Gusti Allah Mahaaris, Maha Ngampura.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ وَاَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ٦١
Żālika bi'annallāha yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-laili wa annallāha samī‘um baṣīr(un).
[61] Mengkana kuwé, merga Gusti Allah (kewasa) nglebokna wengi maring njeroné awan, lan nglebokna awan maring njeroné wengi, lan setemené Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Mriksani.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ هُوَ الْبَاطِلُ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ٦٢
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa anna mā yad‘ūna min dūnihī huwal-bāṭilu wa annallāha huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[62] Mengkana kuwé (agungé Gusti Allah) merga Gusti Allah (Pengéran) Sing Sejati (Hak), lan apa baé sing wong-wong kuwé sebut seliyané Penjenengané, kuwé sing luput (batil) lan setemené Gusti Allah, Penjenengané Sing Mahaluhur, Mahaagung.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۖ فَتُصْبِحُ الْاَرْضُ مُخْضَرَّةًۗ اِنَّ اللّٰهَ لَطِيْفٌ خَبِيْرٌ ۚ٦٣
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa tuṣbiḥul-arḍu mukhḍarrah(tan), innallāha laṭīfun khabīr(un).
[63] Apa ko ora nggatékna, lamon Gusti Allah nurunaken banyu (udan) sekang langit, saéngga buminé dadi ijo? Setemené Gusti Allah Mahaalus, Maha Ngawuningani.

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَهُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ ࣖ٦٤
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa innallāha lahuwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[64] Kagungan Penjenengané apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi. Lan setemené Gusti Allah temen-temen Mahasugih, Maha Pinuji.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ سَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ وَالْفُلْكَ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِاَمْرِهٖۗ وَيُمْسِكُ السَّمَاۤءَ اَنْ تَقَعَ عَلَى الْاَرْضِ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ اِنَّ اللّٰهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ٦٥
Alam tara annallāha sakhkhara lakum mā fil-arḍi wal-fulka tajrī fil-baḥri bi'amrih(ī), wa yumsikus-samā'a an taqa‘a ‘alal-arḍi illā bi'iżnih(ī), innallāha bin-nāsi lara'ūfur raḥīm(un).
[65] Apa ko ora padha nggatékna lamon Gusti Allah nelukna nggo ko (menungsa) apa sing ana neng bumi, lan prahu sing mlaku neng segara kanthi préntahé Penjenengané. Lan Penjenengané nahan (barang-barang) langit supayané ora tiba maring bumi, kejaba kanthi idiné Penjenenané? Setemené Gusti Allah Mahaasih, Mahawelas maring menungsa.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَحْيَاكُمْ ۖ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْۗ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَكَفُوْرٌ٦٦
Wa huwal-lażī aḥyākum, ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum, innal-insāna lakafūr(un).
[66] Lan Penjenengané sing nguripna ko kabéh, banjur matékna ko kabéh, banjur nguripna ko kabéh maning (neng dinané détangékna). Setemené menungsa kuwé banget olihé ora kesuwun (kufur nékmat).

لِكُلِّ اُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا هُمْ نَاسِكُوْهُ فَلَا يُنَازِعُنَّكَ فِى الْاَمْرِ وَادْعُ اِلٰى رَبِّكَۗ اِنَّكَ لَعَلٰى هُدًى مُّسْتَقِيْمٍ٦٧
Likulli ummatin ja‘alnā mansakan hum nāsikūhu falā yunāzi‘unnaka fil-amri wad‘u ilā rabbik(a), innaka la‘alā hudam mustaqīm(in).
[67] Tumrap saben umat wis Ingsun tetepna tata-laku (saréngat) sing tinemtu sing (kudu) dhéwéké padha lakoni, mangka ora sepatuté wong-wong kuwé padha pesulayan karo sliramu neng prekara (saréngat) kiyé, lan ajéka (wong-wong mau) maring Pengéranmu. Setemené sliramu (Muhammad) ana neng dalan sing jejeg.

وَاِنْ جَادَلُوْكَ فَقُلِ اللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٦٨
Wa in jādalūka fa qulillāhu a‘lamu bimā ta‘malūn(a).
[68] Lan angger wong-wong mau padha mbantah maring sliramu, mangka ucapna, “Gusti Allah lewih ngerti maring apa sing ko padha pergawé.”

اَللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ٦٩
Allāhu yaḥkumu bainakum yaumal-qiyāmati fīmā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[69] Gusti Allah bakal ngadili antarané ko kabéh neng dina Kiyamat ngenani apa sing gemiyén ko padha persulayakna.

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّ ذٰلِكَ فِيْ كِتٰبٍۗ اِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ٧٠
Alam ta‘lam annallāha ya‘lamu mā fis-samā'i wal-arḍ(i), inna żālika fī kitāb(in), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[70] Apa ko ora padha ngerti lamon Gusti Allah ngawuningani apa sing ana neng langit lan neng bumi? Temen, sing mengkana kuwé wis ana neng sewijiné Kitab (Lauh Mahfuz). Setemené sing mengkana kuwé banget gampangé mungguh Gusti Allah.

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًا وَّمَا لَيْسَ لَهُمْ بِهٖ عِلْمٌ ۗوَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ نَّصِيْرٍ٧١
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lam yunazzil bihī sulṭānaw wa mā laisa lahum bihī ‘ilm(un), wa mā liẓ-ẓālimīna min naṣīr(in).
[71] Lan wong-wong kuwé padha nyembah seliyané Gusti Allah, ora nganggo dhasar sing genah ngenani kuwé, lan dhéwéké (uga) padha ora duwé pengertén ngenani prekara kuwé. Nggo wong-wong sing aniaya (dolim) ora nana siji baé wong sing nulungi.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ تَعْرِفُ فِيْ وُجُوْهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الْمُنْكَرَۗ يَكَادُوْنَ يَسْطُوْنَ بِالَّذِيْنَ يَتْلُوْنَ عَلَيْهِمْ اٰيٰتِنَاۗ قُلْ اَفَاُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِّنْ ذٰلِكُمْۗ اَلنَّارُۗ وَعَدَهَا اللّٰهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ࣖ٧٢
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin ta‘rifu fī wujūhil-lażīna kafarul-munkar(a), yakādūna yasṭūna bil-lażīna yatlūna ‘alaihim āyātinā, qul afa unabbi'ukum bisyarrim min żālikum, an-nār(u), wa‘adahallāhul-lażīna kafarū, wa bi'sal-maṣīr(u).
[72] Lan angger déwacakna neng ngarepé wong-wong kuwé ayat-ayat Ingsun sing gamblang, mesthi sliramu bakal weruh (tengeré) ingkar neng rainé wong-wong sing mbangkang (kapir) kuwé. Méh-méh dhéwéké padha nyerang wong-wong sing macakna ayat-ayat Ingsun maring dhéwéké. Dhawuha (Muhammad), “Apa padha kepéngin tek kabarna maring ko kabéh (ngenani sewiji-wiji) sing lewih ala tenimbang kuwé (yakuwé) neraka?” Gusti Allah wis ngancamna kuwé (neraka) nggo wong-wong kapir. Lan neraka kuwé seala-alané panggonan (nggo) bali.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ ضُرِبَ مَثَلٌ فَاسْتَمِعُوْا لَهٗ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَنْ يَّخْلُقُوْا ذُبَابًا وَّلَوِ اجْتَمَعُوْا لَهٗ ۗوَاِنْ يَّسْلُبْهُمُ الذُّبَابُ شَيْـًٔا لَّا يَسْتَنْقِذُوْهُ مِنْهُۗ ضَعُفَ الطَّالِبُ وَالْمَطْلُوْبُ٧٣
Yā ayyuhan-nāsu ḍuriba maṡalum fastami‘ū lah(ū), innal-lażīna tad‘ūna min dūnillāhi lay yakhluqū żubābaw wa lawijtama‘ū lah(ū), wa iy yaslubhumuż-żubābu syai'al lā yastanqiżūhu minh(u), ḍa‘ufaṭ-ṭālibu wal-maṭlūb(u).
[73] Hé menungsa! Wis dégawé sewijiné peumpaman. Mangka rungokna! Setemené sekabéhé sing ko padha sebut seliyané Gusti Allah ora bisa nyiptakna laler siji baé, senajan dhéwéké padha nyewiji nggo nyiptakna kuwé. Lan angger laler kuwé ngrebut sewiji-wiji sekang dhéwéké, wong-wong kuwé ora bisa ngrebut maning sekang laler kuwé. Padha apesé sing nyembah lan sing désembah.

مَا قَدَرُوا اللّٰهَ حَقَّ قَدْرِهٖۗ اِنَّ اللّٰهَ لَقَوِيٌّ عَزِيْزٌ٧٤
Wa mā qadarullāha ḥaqqa qadrih(ī), innallāha laqawiyyun ‘azīz(un).
[74] Wong-wong kuwé ora padha ngegungna Gusti Allah kanthi temen. Temen, Gusti Allah Mahakuwat, Maha Digdaya.

اَللّٰهُ يَصْطَفِيْ مِنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ رُسُلًا وَّمِنَ النَّاسِۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ ۚ٧٥
Allāhu yaṣṭafī minal-malā'ikati rusulaw wa minan-nās(i), innallāha samī‘um baṣīr(un).
[75] Gusti Allah milih utusan-utusan-É sekang malaékat-malaékat lan sekang menungsa. Setemené Gusti Allah Maha Midhanget lan Maha Mriksani.

يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ٧٦
Ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum, wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[76] Penjenengané (Gusti Allah) ngawuningani apa sing neng ngarepé wong-wong kuwé lan apa sing neng mburiné dhéwéké kabéh. Lan mung maring Gusti Allah débaléknané sekabéh urusan.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا ارْكَعُوْا وَاسْجُدُوْا وَاعْبُدُوْا رَبَّكُمْ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ۚ۩٧٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanurka‘ū wasjudū wa‘budū rabbakum waf‘alul-khaira la‘allakum tufliḥūn(a).
[77] Hé wong-wong sing padha precaya, padha rukuk, sujud, lan sembahen Pengéranmu, lan mergawé kebagusan, supayané ko kabéh padha begya.

وَجَاهِدُوْا فِى اللّٰهِ حَقَّ جِهَادِهٖۗ هُوَ اجْتَبٰىكُمْ وَمَا جَعَلَ عَلَيْكُمْ فِى الدِّيْنِ مِنْ حَرَجٍۗ مِلَّةَ اَبِيْكُمْ اِبْرٰهِيْمَۗ هُوَ سَمّٰىكُمُ الْمُسْلِمِيْنَ ەۙ مِنْ قَبْلُ وَفِيْ هٰذَا لِيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ شَهِيْدًا عَلَيْكُمْ وَتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِۖ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاعْتَصِمُوْا بِاللّٰهِ ۗهُوَ مَوْلٰىكُمْۚ فَنِعْمَ الْمَوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ ࣖ ۔٧٨
Wa jāhidū fillāhi ḥaqqa jihādih(ī), huwajtabākum wa mā ja‘ala ‘alaikum fid-dīni min ḥaraj(in), millata abīkum ibrāhīm(a), huwa sammākumul-muslimīn(a), min qablu wa fī hāżā liyakūnar-rasūlu syahīdan ‘alaikum wa takūnū syuhadā'a ‘alan-nās(i), fa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa‘taṣimū billāh(i), huwa maulākum, fa ni‘mal-maulā wa ni‘man-naṣīr(u).
[78] Lan padha lelabuha (jihad) ko kabéh neng dalané Gusti Allah kanthi lelabuh (jihad) sing temen. Penjenengané wis milih ko kabéh, lan Penjenengané ora ndadékna reribed nggo ko kabéh neng (urusan) agama. (Tutna) agamané buyut-canggahmu Ibrahim. Penjenengané (Gusti Allah) wis ngarani ko kabéh wong-wong muslim kawit gemiyén, lan (kaya kuwé uga) neng njeroné (Al-Qur`an) kiyé, supaya rasul (Muhammad) kuwé dadi seksi ingatasé awakmu lan supaya ko kabéh dadi seksi ingatasé sekabéh menungsa. Mangka leksanakna sembayang lan lunasi jakat, lan padha gatholana sing teguh maring Gusti Allah. Penjengené sing ngayomi ko kabéh, Penjenengané seapik-apiké pengayom, lan seapik-apiké penulung.