Surah Al-Anbiya
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْتَرَبَ لِلنَّاسِ حِسَابُهُمْ وَهُمْ فِيْ غَفْلَةٍ مُّعْرِضُوْنَ ۚ١
Iqtaraba lin-nāsi ḥisābuhum wa hum fī gaflatim mu‘riḍūn(a).
[1]
Wis sengsaya pérek maring menungsa étungan lakoné (amal) dhéwéké kabéh, mangkané wong-wong mau neng kahanan nglirwakna (karo dunya), mléngos (sekang akhérat).
مَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ ذِكْرٍ مِّنْ رَّبِّهِمْ مُّحْدَثٍ اِلَّا اسْتَمَعُوْهُ وَهُمْ يَلْعَبُوْنَ ۙ٢
Mā ya'tīhim min żikrim mir rabbihim muḥdaṡin illastama‘ūhu wa hum yal‘abūn(a).
[2]
Saben déturunaken maring dhéwéké ayat-ayat sing anyar sekang Pengéran, wong-wong mau padha ngrungokna ayat-ayat kuwé nyambi guris.
لَاهِيَةً قُلُوْبُهُمْۗ وَاَسَرُّوا النَّجْوَىۖ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۖ هَلْ هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۚ اَفَتَأْتُوْنَ السِّحْرَ وَاَنْتُمْ تُبْصِرُوْنَ٣
Lāhiyatan qulūbuhum, wa asarrun-najwal-lażīna ẓalamū, hal hāżā illā basyarum miṡlukum, afa ta'tūnas-siḥra wa antum tubṣirūn(a).
[3]
Atiné dhéwéké padha ana neng kahanan lirwa (ora gaten). Lan wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé ngumpet pewicarané, “(Wong) kiyé (Muhammad) ora liya mung sewijiné menungsa (uga) kaya ko kabéh. Apa ko padha nampa (sihir mau), 529 mangkané ko padha nyekséni kuwé?”
529) Maksudé sihir neng kéné yakuwé ayat-ayat Al-Qur`an.
قٰلَ رَبِّيْ يَعْلَمُ الْقَوْلَ فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۖ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٤
Qāla rabbī ya‘lamul-qaula fis-samā'i wal-arḍ(i), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[4]
Dhéwéké (Muhammad) ngendika, “Pengéranku ngawuningani (kabéh) ucapan neng langit lan neng bumi, lan Penjenengané Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.”
بَلْ قَالُوْٓا اَضْغَاثُ اَحْلَامٍۢ بَلِ افْتَرٰىهُ بَلْ هُوَ شَاعِرٌۚ فَلْيَأْتِنَا بِاٰيَةٍ كَمَآ اُرْسِلَ الْاَوَّلُوْنَ٥
Bal qālū aḍgāṡu aḥlāmim baliftarāhu bal huwa syā‘ir(un), falya'tinā bi'āyatin kamā ursilal-awwalūn(a).
[5]
Malah wong-wong mau ngucapna, “(Al-Qur`an kuwé wohé) impén-impén sing ngawur, utawa woh réka dayané (Muhammad), utawa malah dhéwéké mung wong tukang geguritan, jajal dhéwéké tekakna maring inyong kabéh sewijiné tandha (bukti) kayadéné rasul-rasul sing déutus lewih dhisit.”
مَآ اٰمَنَتْ قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَاۚ اَفَهُمْ يُؤْمِنُوْنَ٦
Mā āmanat qablahum min qaryatin ahlaknāhā, afahum yu'minūn(a).
[6]
Para warga sing manggon neng sewijiné negari seurungé wong-wong mau, sing wis tek tumpes, dhéwéké kuwé padha ora precaya (mangkané wis Ingsun kirimi bukti), apa wong-wong mau bakal padha precaya?
وَمَآ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ فَسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٧
Wa mā arsalnā qablaka illā rijālan nūḥī ilaihim fas'alū ahlaż-żikri in kuntum lā ta‘lamūn(a).
[7]
Lan Ingsun ora ngutus (rasul-rasul) seurungé sliramu (Muhammad) kejaba sewetara wong lanang sing Ingsun paringi wahyu maring dhéwéké kabéh, mangka takokna maring wong sing duwé ilmu angger sliramu ora ngaweruhi.
وَمَا جَعَلْنٰهُمْ جَسَدًا لَّا يَأْكُلُوْنَ الطَّعَامَ وَمَا كَانُوْا خٰلِدِيْنَ٨
Wa mā ja‘alnāhum jasadal lā ya'kulūnaṭ-ṭa‘āma wa mā kānū khālidīn(a).
[8]
Lan Ingsun ora ndadékna wong-wong mau (rasul-rasul), sewiji awak-awakan sing ora mangan panganan, lan dhéwéké (uga) ora padha urip langgeng.
ثُمَّ صَدَقْنٰهُمُ الْوَعْدَ فَاَنْجَيْنٰهُمْ وَمَنْ نَّشَاۤءُ وَاَهْلَكْنَا الْمُسْرِفِيْنَ٩
Ṡumma ṣadaqnāhumul-wa‘da fa anjaināhum wa man nasyā'u wa ahlaknal-musrifīn(a).
[9]
Banjur Ingsun ngleksanakna janji (sing wis Ingsun janjékna) maring wong-wong mau. Mangka Ingsun slametna dhéwéké kabéh lan wong-wong sing Ingsun kersakna, lan Ingsun tumpes wong-wong sing padha ngliwati wates.
لَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ كِتٰبًا فِيْهِ ذِكْرُكُمْۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ١٠
Laqad anzalnā ilaikum kitāban fīhi żikrukum, afalā ta‘qilūn(a).
[10]
Temen, wis Ingsun turunaken maring ko kabéh sewijiné Kitab (Al-Qur`an) sing neng njeroné ana pengéling-éling nggo ko kabéh, mangka apa ko ora padha mengerténi?
وَكَمْ قَصَمْنَا مِنْ قَرْيَةٍ كَانَتْ ظَالِمَةً وَّاَنْشَأْنَا بَعْدَهَا قَوْمًا اٰخَرِيْنَ١١
Wa kam qaṣamnā min qaryatin kānat ẓālimataw wa ansya'nā ba‘dahā qauman ākharīn(a).
[11]
Lan sepira akéhé (warga) negari sing padha aniaya (dolim) sing wis Ingsun tumpes, lan Ingsun ndadékna brayat (trah) sing liyané sewisé wong-wong mau (minangka dadi gantiné).
فَلَمَّآ اَحَسُّوْا بَأْسَنَآ اِذَا هُمْ مِّنْهَا يَرْكُضُوْنَ ۗ١٢
Falammā aḥassū ba'sanā iżā hum minhā yarkuḍūn(a).
[12]
Mangka rikala wong-wong mau ngrasakna siksané Ingsun, dadakan dhéwéké padha mlayu sekang (negariné) kuwé.
لَا تَرْكُضُوْا وَارْجِعُوْٓا اِلٰى مَآ اُتْرِفْتُمْ فِيْهِ وَمَسٰكِنِكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْـَٔلُوْنَ١٣
Lā tarkuḍū warji‘ū ilā mā utriftum fīhi wa masākinikum la‘allakum tus'alūn(a).
[13]
Aja pisan-pisan ko padha gugup mlayu; balia ko kabéh maring kesenengan uripmu lan papan-papan panggonanmu (sing apik) supayané ko bisa détakoni.
قَالُوْا يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ١٤
Qālū yā wailanā innā kunnā ẓālimīn(a).
[14]
Wong-wong kuwé padha ngucap, “Banget cilakané inyong kabéh, setemené inyong kuwé wong-wong sing padha aniaya (dolim).”
فَمَا زَالَتْ تِّلْكَ دَعْوٰىهُمْ حَتّٰى جَعَلْنٰهُمْ حَصِيْدًا خٰمِدِيْنَ١٥
Famā zālat tilka da‘wāhum ḥattā ja‘alnāhum ḥaṣīdan khāmidīn(a).
[15]
Mangka mengkana kuwé ngresulahé dhéwéké kabéh kedawa-dawa, saéngga wong-wong mau Ingsun dadékna kaya tanduran sing wis depanen, sing ora bisa urip maning.
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاۤءَ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لٰعِبِيْنَ١٦
Wa mā khalaqnas-samā'a wal-arḍa wa mā bainahumā lā‘ibīn(a).
[16]
Lan Ingsun ora nyiptakna langit lan bumi lan apa baé sing ana neng antarané loroné kanthi gromenan (dolanan).
لَوْ اَرَدْنَآ اَنْ نَّتَّخِذَ لَهْوًا لَّاتَّخَذْنٰهُ مِنْ لَّدُنَّآ ۖاِنْ كُنَّا فٰعِلِيْنَ١٧
Lau aradnā an nattakhiża lahwal lattakhażnāhum mil ladunnā, in kunnā fā‘ilīn(a).
[17]
Énggané Ingsun ngersakna gawé sewijiné dolanan (bojo lan anak), mesthi Ingsun gawé kuwé sekang sisihé Ingsun, 530 angger Ingsun nyata-nyata mundhut kersa sing kaya kuwé.
530) “sekang ngarsané Ingsun” yakuwé sing cocog karo sipat-sipaté Gusti Allah.
بَلْ نَقْذِفُ بِالْحَقِّ عَلَى الْبَاطِلِ فَيَدْمَغُهٗ فَاِذَا هُوَ زَاهِقٌۗ وَلَكُمُ الْوَيْلُ مِمَّا تَصِفُوْنَ١٨
Bal naqżifu bil-ḥaqqi ‘alal-bāṭili fa yadmaguhū fa iżā huwa zāhiq(un), wa lakumul-wailu mimmā taṣifūn(a).
[18]
Setemené Ingsun mbalangna sing hak (bebener) maring sing batil (ora bener) banjur sing hak ngajuraken sing batil, mangka senalika kuwé (sing batil) sirna. Lan cilaka ko kabéh, merga ko padha nyipatna (Gusti Allah kanthi sipat-sipat sing ora pantes mungguh Penjenengané. 531
531) Ngarani lamon Gusti Allah kagungan garwa lan putra.
وَلَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَمَنْ عِنْدَهٗ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَلَا يَسْتَحْسِرُوْنَ ۚ١٩
Wa lahū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa man ‘indahū lā yastakbirūna ‘an ‘ibādatihī wa lā yastaḥsirūn(a).
[19]
Lan kagungané Penjenengané sapa sing ana neng langit lan neng bumi. Lan malaékat-malaékat sing neng sisihé Penjenengané, ora duwé rasa gemedhé nggo nyembah Penjenengané, lan (uga) ora krasa kesel.
يُسَبِّحُوْنَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ لَا يَفْتُرُوْنَ٢٠
Yusabbiḥūnal-laila wan-nahāra wa lā yafturūn(a).
[20]
Dhéwéké kabéh (malaékat-malaékat) padha maca tasbéh (maha-nyucékna Gusti Allah) ora mandheg-mandheg wengi lan awan.
اَمِ اتَّخَذُوْٓا اٰلِهَةً مِّنَ الْاَرْضِ هُمْ يُنْشِرُوْنَ٢١
Amittakhażū ālihatam minal-arḍi hum yunsyirūn(a).
[21]
Apa dhéwéké padha ndadékna sembahan-sembahan sekang bumi sing bisa nguripna (wong-wong sing mati)?
لَوْ كَانَ فِيْهِمَآ اٰلِهَةٌ اِلَّا اللّٰهُ لَفَسَدَتَاۚ فَسُبْحٰنَ اللّٰهِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُوْنَ٢٢
Lau kāna fīhimā ālihatun illallāhu lafasadatā, fa subḥānallāhi rabbil-‘arsyi ‘ammā yaṣifūn(a).
[22]
Sekirané neng sekloroné (neng langit lan neng bumi) ana sembahan-sembahan seliyané Gusti Allah, mesthi sekloroné wis musnah. Mahasuci Gusti Allah sing kagungan `Arsy, sekang apa sing desipatna déning wong-wong kuwé.
لَا يُسْـَٔلُ عَمَّا يَفْعَلُ وَهُمْ يُسْـَٔلُوْنَ٢٣
Lā yus'alu ‘ammā yaf‘alu wa hum yus'alūn(a).
[23]
Penjenengané (Gusti Allah) ora détakoni ngenani apa sing Penjenengané pekarya, ning wong-wong kuwé sing bakal détakoni.
اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً ۗقُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْۚ هٰذَا ذِكْرُ مَنْ مَّعِيَ وَذِكْرُ مَنْ قَبْلِيْۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۙ الْحَقَّ فَهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٤
Amittakhażū min dūnihī ālihah(tan), qul hātū burhānakum, hāżā żikru mam ma‘iya wa żikru man qablī, bal akṡaruhum lā ya‘lamūnal-ḥaqqa fahum mu‘riḍūn(a).
[24]
Utawa apa dhéwéké padha ndadékna sembahan-sembahan seliyané Penjenengané? Dhawuha (Muhammad), “Ajokna alesan-alesanmu! (Al-Qur`an) kiyé pengéling-éling nggo wong sing bareng inyong, lan pengéling-éling nggo wong seurungé inyong.” Ning akéh-akéhé wong kuwé ora padha ngaweruhi sing hak (bebener), merga kuwé dhéwéké padha mléngos.
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا نُوْحِيْٓ اِلَيْهِ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدُوْنِ٢٥
Wa mā arsalnā min qablika mir rasūlin illā nūḥī ilaihi annahū lā ilāha illā ana fa‘budūn(i).
[25]
Lan Ingsun ora ngutus sewijiné rasul seurungé sliramu (Muhammad), kejaba Ingsun wahyokna maring dhéwéké lamon ora nana Pengéran (sing duwé hak désembah) seliyané Ingsun, mangka sembaha Ingsun.
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمٰنُ وَلَدًا سُبْحٰنَهٗ ۗبَلْ عِبَادٌ مُّكْرَمُوْنَ ۙ٢٦
Wa qāluttakhażar-raḥmānu waladan subḥānah(ū), bal ‘ibādum mukramūn(a).
[26]
Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Pengéran Sing Mahaasih wis ndadékna (malaékat) dadi anak.” Mahasuci Penjenengané. Setemené dhéwéké kabéh (malaékat-malaékat kuwé) kawula-kawula sing demulyakna,
لَا يَسْبِقُوْنَهٗ بِالْقَوْلِ وَهُمْ بِاَمْرِهٖ يَعْمَلُوْنَ٢٧
Lā yasbiqūnahū bil-qauli wa hum bi'amrihī ya‘malūn(a).
[27]
dhéwéké padha ora ngucap ndhisiti Penjenengané lan dhéwéké kabéh indakna dhawuh-dhawuhé Penjenengané.
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يَشْفَعُوْنَۙ اِلَّا لِمَنِ ارْتَضٰى وَهُمْ مِّنْ خَشْيَتِهٖ مُشْفِقُوْنَ٢٨
Ya‘lamū mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa lā yasyfa‘ūna illā limanirtaḍā wa hum min khasy-yatihī musyfiqūn(a).
[28]
Penjenengané (Gusti Allah) ngawuningani samubarang sing neng ngarepé dhéwéké kabéh (malaékat) lan sing neng mburiné dhéwéké, lan dhéwéké padha ora awéh pitulungan (sapangat) kejaba maring wong sing derenani déning (Gusti Allah), lan dhéwéké tansah padha ngati-ati merga wedi maring Penjenengané.
۞ وَمَنْ يَّقُلْ مِنْهُمْ اِنِّيْٓ اِلٰهٌ مِّنْ دُوْنِهٖ فَذٰلِكَ نَجْزِيْهِ جَهَنَّمَۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٢٩
Wa may yaqul minhum innī ilāhun min dūnihī fa żālika najzīhi jahannam(a), każālika najziẓ-ẓālimīn(a).
[29]
Lan sapa wongé neng antarané dhéwéké ngucap, “Setemené inyong kiyé sembahan seliyané Gusti Allah,” mangka wong kuwé Ingsun paringi piwales kanthi Jahanam. Mengkana Ingsun paring piwales maring wong-wong sing aniaya (dolim).
اَوَلَمْ يَرَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ كَانَتَا رَتْقًا فَفَتَقْنٰهُمَاۗ وَجَعَلْنَا مِنَ الْمَاۤءِ كُلَّ شَيْءٍ حَيٍّۗ اَفَلَا يُؤْمِنُوْنَ٣٠
Awalam yaral-lażīna kafarū annas-samāwāti wal-arḍa kānatā ratqan fa fataqnāhumā, wa ja‘alnā minal-mā'i kulla syai'in ḥayy(in), afalā yu'minūn(a).
[30]
Lan apa wong-wong kapir ora ngaweruhi lamon langit lan bumi sekloroné gemiyén nyewiji. Banjur Ingsun pisahna antarané sekloroné. Banjur Ingsun dadékna samubarang sing urip kuwé sekang banyu, mangka kenangapa dhéwéké padha ora precaya?
وَجَعَلْنَا فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِهِمْۖ وَجَعَلْنَا فِيْهَا فِجَاجًا سُبُلًا لَّعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٣١
Wa ja‘alnā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bihim, wa ja‘anā fīhā fijājan subulal la‘allahum yahtadūn(a).
[31]
Lan Ingsun wis ndadékna neng bumi kiyé gunung-gunung sing kukuh supaya dhéwéké (ora) goncang bareng wong-wong mau, lan Ingsun dadékna (uga) neng kana, dalan-dalan sing jembar, supayané dhéwéké padha olih pituduh.
وَجَعَلْنَا السَّمَاۤءَ سَقْفًا مَّحْفُوْظًاۚ وَهُمْ عَنْ اٰيٰتِهَا مُعْرِضُوْنَ٣٢
Wa ja‘alnas-samā'a saqfam maḥfūẓā(n), wa hum ‘an āyātihā mu‘riḍūn(a).
[32]
Lan Ingsun ndadékna langit minangka payon sing rineksa, ning wong-wong mau tetep padha mléngos sekang tandha-tandha (agungé Gusti Allah) kuwé (srengéngé, wulan, angin, lamuk, lan liya-liyané).
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ فِيْ فَلَكٍ يَّسْبَحُوْنَ٣٣
Wa huwal-lażī khalaqal-laila wan-nahāra wasy-syamsa wal-qamar(a), kullun fī falakiy yasbaḥūn(a).
[33]
Lan Penjenengané sing nyiptakna wengi lan awan, srengéngé lan wulan. Dhéwék-dhéwék padha mubeng neng garis ubengané.
وَمَا جَعَلْنَا لِبَشَرٍ مِّنْ قَبْلِكَ الْخُلْدَۗ اَفَا۟ىِٕنْ مِّتَّ فَهُمُ الْخٰلِدُوْنَ٣٤
Wa mā ja‘alnā libasyarim min qablikal-khuld(a), afa'im mitta fahumul-khālidūn(a).
[34]
Lan Ingsun ora ndadekaken urip langgeng nggo sewiji menungsa seurungé sliramu (Muhammad), mangka angger sliramu nilar dunya, apa wong-wong kuwé arep padha (urip) langgeng?
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ وَنَبْلُوْكُمْ بِالشَّرِّ وَالْخَيْرِ فِتْنَةً ۗوَاِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ٣٥
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), wa nablūkum bisy-syarri wal-khairi fitnah(tan), wa ilainā turja‘ūn(a).
[35]
Saben-saben sing duwé nyawa bakal ngrasakna mati, Ingsun bakal nguji ko kabéh kanthi (prekara) ala lan kebecikan minangka dadi coban. Lan ko kabéh bakal débalékna mung maring Ingsun.
وَاِذَا رَاٰكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ يَّتَّخِذُوْنَكَ اِلَّا هُزُوًاۗ اَهٰذَا الَّذِيْ يَذْكُرُ اٰلِهَتَكُمْۚ وَهُمْ بِذِكْرِ الرَّحْمٰنِ هُمْ كٰفِرُوْنَ٣٦
Wa iżā ra'ākal-lażīna kafarū iy yattakhiżūnaka illā huzuwā(n), ahāżal-lażī yażkuru ālihatakum, wa hum biżikrir-raḥmāni hum kāfirūn(a).
[36]
Lan angger wong-wong sing mbangkang (kapir) kuwé weruh sliramu (Muhammad), dhéwéké pakuwédha mung merlakokna sliramu dadi nyék-nyékan. (Dhéwéké padha ngucap), “Apa kiyé wong sing ngala-ala sembahan-sembahanmu?” Mangkané dhéwéké , wong sing padha ingkar sekang éling maring Gusti Allah Sing Mahaasih.
خُلِقَ الْاِنْسَانُ مِنْ عَجَلٍۗ سَاُورِيْكُمْ اٰيٰتِيْ فَلَا تَسْتَعْجِلُوْنِ٣٧
Khuliqal-insānu min ‘ajal(in), sa'urīkum āyātī falā tasta‘jilūn(i).
[37]
Menungsa déciptakna (duwé sipat) kesusu. Mbésuk bakal Ingsun weruhna maring ko kabéh tandha-tandha (kewasané) Ingsun. Mangka ko aja padha nyuwun Ingsun nggelisna (tekané tandha-tandha) kuwé.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[38]
Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Kapan janji kuwé (bakal teka), angger ko wong sing bener?”
لَوْ يَعْلَمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا حِيْنَ لَا يَكُفُّوْنَ عَنْ وُّجُوْهِهِمُ النَّارَ وَلَا عَنْ ظُهُوْرِهِمْ وَلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ٣٩
Lau ya‘lamul-lażīna kafarū ḥīna lā yakuffūna ‘aw wujūhihimun nāra wa lā ‘an ẓuhūrihim wa lā hum yunṣarūn(a).
[39]
Sekirané wong kapir kuwé padha ngaweruhi rikala dhéwéké kabéh ora bisa ngindhani geni neraka sekang rai lan gigiré, lan wong-wong kuwé ora olih pitulungan (mesthi dhéwéké ora padha njaluk dégelisna).
بَلْ تَأْتِيْهِمْ بَغْتَةً فَتَبْهَتُهُمْ فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ رَدَّهَا وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٤٠
Bal ta'tīhim bagtatan fa tabhatuhum falā yastaṭī‘ūna raddahā wa lā hum yunẓarūn(a).
[40]
Sebeneré (dina Kiyamat) kuwé bakal teka maring wong-wong kuwé kanthi dadakan, banjur dhéwéké padha kebingungen, mangka wong-wong mau ora kewawa nolak (tekané Kiyamat) kuwé lan ora (uga) déparingi tangguhan (wektu).
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِيْنَ سَخِرُوْا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٤١
Wa laqadistuhzi'a birusulim min qablika fa ḥāqa bil-lażīna sakhirū minhum mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[41]
Lan temen utusan-utusan seurungé sliramu (Muhammad) uga wis deperguyokna, mangka temurun (siksa) maring wong sing ngala-ala apa (utusan-utusan) sing tansah dhéwéké padha perguyokna.
قُلْ مَنْ يَّكْلَؤُكُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ مِنَ الرَّحْمٰنِۗ بَلْ هُمْ عَنْ ذِكْرِ رَبِّهِمْ مُّعْرِضُوْنَ٤٢
Qul may yakla'ukum bil-laili wan-nahāri minar-raḥmān(i), bal hum ‘an żikrihim mu‘riḍūn(a).
[42]
Dhawuha, “Sapa sing bakal njaga ko kabéh neng wektu mbengi lan awan sekang (siksané) Gusti Allah Sing Mahaasih?” Ning wong-wong kuwé padha bebeh éling maring Pengérané dhéwéké kabéh.
اَمْ لَهُمْ اٰلِهَةٌ تَمْنَعُهُمْ مِّنْ دُوْنِنَاۗ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَ اَنْفُسِهِمْ وَلَا هُمْ مِّنَّا يُصْحَبُوْنَ٤٣
Am lahum ālihatun tamna‘uhum min dūninā, lā yastaṭī‘ūna naṣra anfusihim wa lā hum minnā yuṣḥabūn(a).
[43]
Utawa wong-wong kuwé duwé sembahan-sembahan sing bisa ngreksa dhéwéké sekang (benduné) Ingsun? Sembahan-sembahané wong-wong kuwé ora bisa nulungi awaké dhéwék lan (uga) dhéwéké padha ora deayomi sekang (siksané) Ingsun.
بَلْ مَتَّعْنَا هٰٓؤُلَاۤءِ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى طَالَ عَلَيْهِمُ الْعُمُرُۗ اَفَلَا يَرَوْنَ اَنَّا نَأْتِى الْاَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ اَطْرَافِهَاۗ اَفَهُمُ الْغٰلِبُوْنَ٤٤
Bal matta‘nā hā'ulā'i wa ābā'ahum ḥattā ṭāla ‘alaihimul-‘umur(u), afalā yarauna annā na'til-arḍa nanquṣuhā min aṭrāfihā, afahumul-gālibūn(a).
[44]
Sebeneré Ingsun wis paring maring wong-wong kuwé lan kaki-nininé kenékmatan (urip neng dunya) nganti dawa umuré. Mangka apa dhéwéké padha ora weruh lamon Ingsun ngrawuhi negari (sing dekewasani déning wong kapir), banjur Ingsun suda ambané sekang pinggir-pinggiré negari, apa wong-wong kuwé sing padha menang?
قُلْ اِنَّمَآ اُنْذِرُكُمْ بِالْوَحْيِۖ وَلَا يَسْمَعُ الصُّمُّ الدُّعَاۤءَ اِذَا مَا يُنْذَرُوْنَ٤٥
Qul innamā unżirukum bil-waḥy(i), wa lā yasma‘uṣ-ṣummud-du‘ā'a iżā mā yunżarūn(a).
[45]
Dhawuha (Muhammad), “Setemené inyong mung awéh pengéling-éling maring ko kabéh selaras karo wahyu.” Ning wong budheg ora krungu pengundang angger dhéwéké déwéhi pengéling-éling.
وَلَىِٕنْ مَّسَّتْهُمْ نَفْحَةٌ مِّنْ عَذَابِ رَبِّكَ لَيَقُوْلُنَّ يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٤٦
Wa la'im massathum nafḥatum min ‘ażābi rabbika layaqūlunna yā wailanā innā kunnā ẓālimīn(a).
[46]
Lan angger dhéwéké padha ketiban semendhing baé siksané Pengéranmu, mesthi wong-wong mau ngucap, “Cilaka inyong kabéh! Setemené inyong padha klebu wong sing tansah ngapitunani (awaké dhéwék).”
وَنَضَعُ الْمَوَازِيْنَ الْقِسْطَ لِيَوْمِ الْقِيٰمَةِ فَلَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْـًٔاۗ وَاِنْ كَانَ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ اَتَيْنَا بِهَاۗ وَكَفٰى بِنَا حٰسِبِيْنَ٤٧
Wa naḍa‘ul-mawāzīnal-qisṭa liyaumil-qiyāmati falā tuẓlamu nafsun syai'ā(n), wa in kāna miṡqāla ḥabbatim min khardalin atainā bihā, wa kafā binā ḥāsibīn(a).
[47]
Lan Ingsun bakal masang timbangan sing tliti neng dina Kiyamat, mangka ora nana sewiji wong sing dékapitunani senajan semendhing, senajana mung seaboté wiji sawi, mesthi Ingsun tekakna (ganjarané), lan cukup Ingsun sing gawé perétungan.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ الْفُرْقَانَ وَضِيَاۤءً وَّذِكْرًا لِّلْمُتَّقِيْنَ ۙ٤٨
Wa laqad ātainā mūsā wa hārūnal-furqāna wa ḍiyā'aw wa żikral lil-muttaqīn(a).
[48]
Lan setemené Ingsun wis paring maring Musa lan Harun, Furqan (Kitab Taurat) lan keterangan karo piwulang nggo wong-wong sing padha semarah (takwa),
الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ وَهُمْ مِّنَ السَّاعَةِ مُشْفِقُوْنَ٤٩
Allażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi wa hum minas-sā‘ati musyfiqūn(a).
[49]
(yakuwé) wong-wong sing wedi maring (siksa) Pengérané, senajan dhéwéké padha ora weruh Penjenengané, lan wong-wong kuwé padha krasa wedi maring bakal (tekané) dina Kiyamat.
وَهٰذَا ذِكْرٌ مُّبٰرَكٌ اَنْزَلْنٰهُۗ اَفَاَنْتُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ ࣖ٥٠
Wa hāżā żikrum mubārakun anzalnāh(u), afa antum lahū munkirūn(a).
[50]
Lan kiyé (Al-Qur`an) sewijiné pengéling-éling sing duwé berkah sing wis Ingsun turunaken, mangka apa ko padha ngingkari kuwé?”
۞ وَلَقَدْ اٰتَيْنَآ اِبْرٰهِيْمَ رُشْدَهٗ مِنْ قَبْلُ وَكُنَّا بِهٖ عٰلِمِيْنَ٥١
Wa laqad ātainā ibrāhīma rusydahū min qablu wa kunnā bihī ‘ālimīn(a).
[51]
Lan setemené seurungé dhéwéké kabéh (Musa lan Harun), wis Ingsun paringna maring Ibrahim pituduh lan Ingsun wis ngawuningani dhéwéké.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَا هٰذِهِ التَّمَاثِيْلُ الَّتِيْٓ اَنْتُمْ لَهَا عٰكِفُوْنَ٥٢
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī mā hāżihit-tamāṡīlul-latī antum lahā ‘ākifūn(a).
[52]
(Élinga), rikala dhéwéké (Ibrahim) ngucap maring ramané lan wargané, “Brehala-brehala (reca) apa kiyé sing rika padha telaten (olihé) nyembah?”
قَالُوْا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا لَهَا عٰبِدِيْنَ٥٣
Qālū wajadnā ābā'anā lahā ‘ābidīn(a).
[53]
Wong-wong kuwé semaur, “Inyong kabéh weruh kaki-nininé inyong padha nyembah kuwé.”
قَالَ لَقَدْ كُنْتُمْ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٥٤
Qāla laqad kuntum antum wa ābā'ukum fī ḍalālim mubīn(in).
[54]
Dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Setemené rika lan kaki-nininé rika ana neng sejeroné kesasar sing nyata.”
قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا بِالْحَقِّ اَمْ اَنْتَ مِنَ اللّٰعِبِيْنَ٥٥
Qālū aji'tanā bil-ḥaqqi am anta minal-lā‘ibīn(a).
[55]
Wong-wong mau ngucap, “Apa sliramu teka maring inyong kabéh, nggawa kebecikan utawa sliramu glothakan?”
قَالَ بَلْ رَّبُّكُمْ رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ الَّذِيْ فَطَرَهُنَّۖ وَاَنَا۠ عَلٰى ذٰلِكُمْ مِّنَ الشّٰهِدِيْنَ٥٦
Qāla bar rabbukum rabbus-samāwāti wal-arḍil-lażī faṭarahunn(a), wa ana ‘alā żālikum minasy-syāhidīn(a).
[56]
Dhéwéké (Ibrahim) semaur, “Sebeneré Pengéranmu yakuwé Pengéran (sing duwé) langit lan bumi; (Penjenengané) sing wis nyiptakna kuwé, lan inyong klebu wong sing bisa dadi seksi ingatasé kuwé.”
وَتَاللّٰهِ لَاَكِيْدَنَّ اَصْنَامَكُمْ بَعْدَ اَنْ تُوَلُّوْا مُدْبِرِيْنَ٥٧
Wa tallāhi la'akīdanna aṣnāmakum ba‘da an tuwallū mudbirīn(a).
[57]
Lan sekawit (sekawit) Gusti Allah, setemené inyong bakal gawé réka daya maring brehala-brehngalamu sewisé rika padha lunga ninggalna kuwé. 532
532) Ucapan-ucapan kuwé déucapna déning Nabi Ibrahim a.s. neng ati thok. Maksudé, Nabi Ibrahim a.s. arep nindakna réka dayané nggo ngremuk brehala-brehalané wong-wong kuwé, sewisé dhéwéké padha padha lunga sekang panggonané brehala mau.
فَجَعَلَهُمْ جُذٰذًا اِلَّا كَبِيْرًا لَّهُمْ لَعَلَّهُمْ اِلَيْهِ يَرْجِعُوْنَ٥٨
Fa ja‘alahum jużāżan illā kabīral lahum la‘allahum ilaihi yarji‘ūn(a).
[58]
Mangka dhéwéké (Ibrahim) ngremuk (brehala-brehala kuwé) ajur-ajuran, kejaba sing paling gedhé (baboné); supaya wong-wong mau teka maning (nggo) takon maring dhéwéké.
قَالُوْا مَنْ فَعَلَ هٰذَا بِاٰلِهَتِنَآ اِنَّهٗ لَمِنَ الظّٰلِمِيْنَ٥٩
Qālū man fa‘ala hāżā bi'ālihatinā innahū laminaẓ-ẓālimīn(a).
[59]
Dhéwéké padha ngucap, “Sapa sing temindak (penggawéan) kiyé maring sembahan-sembahanku kabéh? Temen, dhéwéké klebu wong sing aniaya (dolim).”
قَالُوْا سَمِعْنَا فَتًى يَّذْكُرُهُمْ يُقَالُ لَهٗٓ اِبْرٰهِيْمُ ۗ٦٠
Qālū sami‘nā fatay yażkuruhum yuqālu lahū ibrāhīm(u).
[60]
Wong-wong mau (sing liyané) ngucap, “Inyong kabéh krungu ana sijiné wong nonoman sing ngala-ala (brehala-brehala kiyé) sing jenengé Ibrahim.”
قَالُوْا فَأْتُوْا بِهٖ عَلٰٓى اَعْيُنِ النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَشْهَدُوْنَ٦١
Qālū fa'tū bihī ‘alā a‘yunin-nāsi la‘allahum yasyhadūn(a).
[61]
Wong-wong mau padha ngucap, “(Angger kaya kuwé) gawanen dhéwéké kanthi detontonaken maring wong akéh, supayané wong-wong mau padha nyekséni.”
قَالُوْٓا ءَاَنْتَ فَعَلْتَ هٰذَا بِاٰلِهَتِنَا يٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۗ٦٢
Qālū a'anta fa‘alta hāżā bi'ālihatinā yā ibrāhīm(u).
[62]
Wong-wong kuwé takon, “Apa ko sing temindak (penggawéan) kiyé maring sembahan-sembahané inyong kabéh, hé Ibrahim?”
قَالَ بَلْ فَعَلَهٗ كَبِيْرُهُمْ هٰذَا فَسْـَٔلُوْهُمْ اِنْ كَانُوْا يَنْطِقُوْنَ٦٣
Qāla bal fa‘alahū kabīruhum hāżā fas'alūhum in kānū yanṭiqūn(a).
[63]
Dhéwéké (Ibrahim) semaur, “Sebeneré (brehala) gedhé kuwé sing temindak, mangka takokna maring brehala-brehala kuwé, angger pancén dhéwéké padha bisa ngucap.”
فَرَجَعُوْٓا اِلٰٓى اَنْفُسِهِمْ فَقَالُوْٓا اِنَّكُمْ اَنْتُمُ الظّٰلِمُوْنَ ۙ٦٤
Fa raja‘ū ilā anfusihim fa qālū innakum antumuẓ-ẓālimūn(a).
[64]
Mangka wong-wong kuwé padha bali maring nalaré dhéwéké lan ngucap, “Sebeneré ko kabéh sing ngapitunani (awaké dhéwék).”
ثُمَّ نُكِسُوْا عَلٰى رُءُوْسِهِمْۚ لَقَدْ عَلِمْتَ مَا هٰٓؤُلَاۤءِ يَنْطِقُوْنَ٦٥
Ṡumma nukisū ‘alā ru'ūsihim, laqad ‘alimta mā hā'ulā'i yanṭiqūn(a).
[65]
Banjur wong-wong kuwé nemungkulna sirah (banjur ngucap), “Slramu (Ibrahim) mesthi ngerti lamon (brehala-brehala) kuwé ora bisa ngucap.”
قَالَ اَفَتَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُكُمْ شَيْـًٔا وَّلَا يَضُرُّكُمْ ۗ٦٦
Qāla afata‘budūna min dūnillāhi mā lā yanfa‘ukum syai'aw wa lā yaḍurrukum.
[66]
Dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Kenangapa ko padha nyembah seliyané Gusti Allah, sewiji-wiji sing ora bisa awéh piguna (manpangat) semendhing-mendhinga lan (uga) ora bisa nekakna rubéda maring ko kabéh?
اُفٍّ لَّكُمْ وَلِمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٦٧
Uffil lakum wa limā ta‘budūna min dūnillāh(i), afalā ta‘qilūn(a).
[67]
Cilaka ko kabéh lan apa sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah! Apa ko ora padha mengerténi?”
قَالُوْا حَرِّقُوْهُ وَانْصُرُوْٓا اٰلِهَتَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ فٰعِلِيْنَ٦٨
Qālū ḥarriqūhu wanṣurū ālihatakum in kuntum fā‘ilīn(a).
[68]
Wong-wong mau padha ngucap, “Bakar baé dhéwéké lan rewangi sembahan-sembahanmu, angger ko nyata-nyata padha kepéngin temandang.”
قُلْنَا يٰنَارُ كُوْنِيْ بَرْدًا وَّسَلٰمًا عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ ۙ٦٩
Qulnā yā nāru kūnī bardaw wa salāman ‘alā ibrāhīm(a).
[69]
Ingsun (Gusti Allah) dhawuh, “Hé geni! Dadia ko adhem lan sing nylametna maring Ibrahim.”
وَاَرَادُوْا بِهٖ كَيْدًا فَجَعَلْنٰهُمُ الْاَخْسَرِيْنَ ۚ٧٠
Wa arādū bihī kaidan fa ja‘alnāhumul-akhsarīn(a).
[70]
Lan wong-wong arep arep temindak jahat maring Ibrahim, mangka Ingsun ndadékna dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing paling kapitunan.
وَنَجَّيْنٰهُ وَلُوْطًا اِلَى الْاَرْضِ الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَا لِلْعٰلَمِيْنَ٧١
Wa najjaināhu wa lūṭan ilal-arḍil-latī bāraknā fīhā lil-‘ālamīn(a).
[71]
Lan Ingsun slametna dhéwéké (Ibrahim) lan Lut maring sewijiné negari sing wis Ingsun berkahi nggo sekabéhé ngalam. 533
533) Negari Syam, klebu neng njeroné Palestina. Gusti Allah mberkahi negari kuwé, tegesé akéh-akéhé nabi asalé sekang negari kiyé lan lemahé uga subur.
وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ نَافِلَةً ۗوَكُلًّا جَعَلْنَا صٰلِحِيْنَ٧٢
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūba nāfilah(tan), wa kullan ja‘alnā ṣāliḥīn(a).
[72]
Lan Ingsun anugrahna maring dhéwéké (Ibrahim) Ishak lan Yakub, minangka sewijiné ganjaran. Lan telu-teluné Ingsun dadékna wong apik (saléh).
وَجَعَلْنٰهُمْ اَىِٕمَّةً يَّهْدُوْنَ بِاَمْرِنَا وَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِمْ فِعْلَ الْخَيْرٰتِ وَاِقَامَ الصَّلٰوةِ وَاِيْتَاۤءَ الزَّكٰوةِۚ وَكَانُوْا لَنَا عٰبِدِيْنَ ۙ٧٣
Wa ja‘alnāhum a'immatay yahdūna bi'amrinā wa auḥainā ilaihim fi‘lal-khairāti wa iqāmaṣ-ṣalāti wa ītā'az-zakāh(ti), wa kānū lanā ‘ābidīn(a).
[73]
Lan Ingsun dadékna wong-wong kuwé, pemimpin-pemimpin sing awéh pituduh kanthi dhawuh Ingsun, lan Ingsun wahyokna maring dhéwéké kabéh supaya padha nglakoni kebecikan, ngleksanakna sembayang, nglunasi jakat, lan mung maring Ingsun dhéwéké kabéh padha nyembah.
وَلُوْطًا اٰتَيْنٰهُ حُكْمًا وَّعِلْمًا وَّنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْقَرْيَةِ الَّتِيْ كَانَتْ تَّعْمَلُ الْخَبٰۤىِٕثَ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمَ سَوْءٍ فٰسِقِيْنَۙ٧٤
Wa lūṭan ātaināhu ḥumkaw wa ‘ilmaw wa najjaināhu minal-qaryatil-latī kānat ta‘malul-khabā'iṡ(a), innahum kānū qauma sau'in fāsiqīn(a).
[74]
Lan maring Lut, Ingsun paring hikmah lan ilmu, lan Ingsun slametna dhéwéké sekang (siksa sing wis nibani warga) kota sing padha nglakoni penggawéyan ngeres. 534 setemené dhéwéké kabéh, wong sing jahat, lan uga ala,
534) Homosék (lanang dhemen lanang, wadon dhemen wadon) lan bégal, lan wong-wong nglakoni penggawéyan kuwé kanthi ngedhéng.
وَاَدْخَلْنٰهُ فِيْ رَحْمَتِنَاۗ اِنَّهٗ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ ࣖ٧٥
Wa adkhalnāhu fī raḥmatinā, innahū minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[75]
lan Ingsun nglebokna dhéwéké (Lut) maring njeroné kewelasané Ingsun; setemené dhéwéké klebu golongané wong sing apik (saléh).
وَنُوْحًا اِذْ نَادٰى مِنْ قَبْلُ فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ فَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِ ۚ٧٦
Wa nūḥan iż nādā min qablu fastajabnā lahū fa najjaināhu wa ahlahū minal-karbil-‘aẓīm(i).
[76]
Lan (élinga riwayate) Nuh, seurungé kuwé, rikala dhéwéké nyenyuwun, Ingsun keparengna (penyuwun)é, banjur Ingsun slametna dhéwéké karo wong-wong sing padha mélu dhéwéké sekang bebaya sing gedhé.
وَنَصَرْنٰهُ مِنَ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمَ سَوْءٍ فَاَغْرَقْنٰهُمْ اَجْمَعِيْنَ٧٧
Wa naṣarnāhu minal-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, innahum kānū qauma sau'in fa agraqnāhum ajma‘īn(a).
[77]
Lan Ingsun nulungi dhéwéké sekang wong-wong sing wis nggorohna ayat-ayat-É Ingsun. Setemené dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing jahat, mangka Ingsun lelepna wong-wong kuwé kabéh.
وَدَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ اِذْ يَحْكُمٰنِ فِى الْحَرْثِ اِذْ نَفَشَتْ فِيْهِ غَنَمُ الْقَوْمِۚ وَكُنَّا لِحُكْمِهِمْ شٰهِدِيْنَ ۖ٧٨
Wa dāwūda wa sulaimāna iż yaḥkumāni fil-ḥarṡi iż nafasyat fīhi ganamul-qaum(i), wa kunnā liḥukmihim syāhidīn(a).
[78]
Lan (élinga riwayate) Dawud lan Sulaiman, rikala sekloroné awéh putusan ngenani tegalan, merga (tegalan kuwé) derusak déning wedhus-wedhus duwéké wargané. Lan Ingsun nyekséni putusan (sing déwéhna) déning dhéwéké sekloron kuwé.
فَفَهَّمْنٰهَا سُلَيْمٰنَۚ وَكُلًّا اٰتَيْنَا حُكْمًا وَّعِلْمًاۖ وَّسَخَّرْنَا مَعَ دَاوٗدَ الْجِبَالَ يُسَبِّحْنَ وَالطَّيْرَۗ وَكُنَّا فٰعِلِيْنَ٧٩
Fa fahhamnāhā sulaimān(a), wa kullan ātainā ḥukmaw wa ‘ilmā(n), wa sakhkharnā ma‘a dāwūdal-jibāla yusabbiḥna waṭ-ṭair(a), wa kunnā fā‘ilīn(a).
[79]
Mangka Ingsun paring pengertén maring Sulaiman (ngenani ukum sing paling sreg); 535 lan maring loro-loroné kuwé, Ingsun paring hikmah lan ilmu, lan Ingsun tungkulna gunung-gunung lan manuk-manuk, kabéh padha maca tasbéh (subhanallah) bareng-bareng Dawud, lan Ingsun sing nglampahna kuwé.
535) Miturut Ibnu Abbas, ana sekumpulan wedhus wis ngrusak tanduran wektu wengi kuwé. Sing duwé tanduran madulna prekara kuwé maring Nabi Dawud a.s. Dhéwéké awéh putusan, lamon wedhus-wedhus kuwé kudu depasrahna maring sing duwé tanduran minangka dadi gantiné tanduran sing rusak. Ning Nabi Sulaiman a.s. awéh putusan supaya wedhus-wedhus kuwé depasrahna mung sewetara maring sing duwé tanduran nggo déjikot pigunané. Lan sing duwé wedhus kudu ngganti tanduran kuwé nganggo tanduran sing anyar. Nek tanduran sing anyar wis bisa depanen kasilé, sing duwé wedhus olih njikot wedhusé maning. Putusané Nabi Sulaiman a.s. sing lewih sreg.
وَعَلَّمْنٰهُ صَنْعَةَ لَبُوْسٍ لَّكُمْ لِتُحْصِنَكُمْ مِّنْۢ بَأْسِكُمْۚ فَهَلْ اَنْتُمْ شٰكِرُوْنَ٨٠
Wa ‘allamnāhu ṣan‘ata labūsil lakum lituḥṣinakum mim ba'sikum, fahal antum syākirūn(a).
[80]
Lan Ingsun wulangna (uga) maring Dawud cara gawé klambi wesi nggo ko kabéh, nggo naméngi ko kabéh sejeroné perang. Apa ko padha kesuwun (maring Gusti Allah)?
وَلِسُلَيْمٰنَ الرِّيْحَ عَاصِفَةً تَجْرِيْ بِاَمْرِهٖٓ اِلَى الْاَرْضِ الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَاۗ وَكُنَّا بِكُلِّ شَيْءٍ عٰلِمِيْنَ٨١
Wa lisulaimānar-rīḥa ‘āṣifatan tajrī bi'amrihī ilal-arḍil-latī bāraknā fīhā, wa kunnā bikulli syai'in ‘ālimīn(a).
[81]
Lan (Ingsun tundhukna) nggo Sulaiman, angin sing banget banter grubugé, sing nyribid kanthi préntahé dhéwéké maring negari sing Ingsun paringi berkah maring negari kuwé. Lan Ingsun Maha Ngawuningani (ingatasé) samubarang kabéh.
وَمِنَ الشَّيٰطِيْنِ مَنْ يَّغُوْصُوْنَ لَهٗ وَيَعْمَلُوْنَ عَمَلًا دُوْنَ ذٰلِكَۚ وَكُنَّا لَهُمْ حٰفِظِيْنَ ۙ٨٢
Wa minasy-syayāṭīna may yagūṣūna lahū wa ya‘malūna ‘amalan dūna żālik(a), wa kunnā lahum ḥāfiẓīn(a).
[82]
Lan (Ingsun tundhukna uga maring Sulaiman) segolongan sétan-sétan sing silem (maring sejeroné segara) nggo dhéwéké lan sétan-sétan kuwé padha nandangi penggawéan seliyané kuwé, lan Ingsun sing ngreksa dhéwéké kabéh.
۞ وَاَيُّوْبَ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَاَنْتَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ ۚ٨٣
Wa ayyūba iż nādā rabbahū annī massaniyaḍ-ḍurru wa anta arḥamur-rāḥimīn(a).
[83]
Lan (élinga riwayate) Ayub, rikala dhéwéké nyenyuwun maring Pengérané. “(Dhuh Pengéran kula), éstu, kula empun kenging pilara, mangkané Penjenengan Pengéran Ingkang Mahawelas saking sedaya ingkang sipat welas.”
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ فَكَشَفْنَا مَا بِهٖ مِنْ ضُرٍّ وَّاٰتَيْنٰهُ اَهْلَهٗ وَمِثْلَهُمْ مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِنَا وَذِكْرٰى لِلْعٰبِدِيْنَ ۚ٨٤
Fastajabnā lahū fa kasyafnā mā bihī min ḍurriw wa ātaināhu ahlahū wa miṡlahum ma‘ahum raḥmatam min ‘indinā wa żikrā lil-‘ābidīn(a).
[84]
Mangka Ingsun sembadani (penyuwuné) dhéwéké, banjur Ingsun ilangna prenyakit sing ana neng dhéwéké lan Ingsun balékna kulawargané maring dhéwéké, lan (Ingsun tikel-tikelna cacahé wong-wong kuwé) minangka sewijiné kewelasan (rahmat) sekang Ingsun, lan nggo dadi pengéling-éling tumrap kabéh sing padha nyembah Ingsun.
وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِدْرِيْسَ وَذَا الْكِفْلِۗ كُلٌّ مِّنَ الصّٰبِرِيْنَ ۙ٨٥
Wa ismā‘īla wa idrīsa wa żal-kifl(i), kullum minaṣ-ṣābirīn(a).
[85]
Lan (élinga riwayate) Ismail, Idris lan Zulkifli. Wong telu kuwé, kabéhan klebu wong-wong sing sabar,
وَاَدْخَلْنٰهُمْ فِيْ رَحْمَتِنَاۗ اِنَّهُمْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ٨٦
Wa adkhalnāhum fī raḥmatinā, innahum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[86]
lan Ingsun nglebokna wong-wong mau maring njeroné kewelasan Ingsun. Setemené dhéwéké kabéh klebu wong-wong sing apik (saléh).
وَذَا النُّوْنِ اِذْ ذَّهَبَ مُغَاضِبًا فَظَنَّ اَنْ لَّنْ نَّقْدِرَ عَلَيْهِ فَنَادٰى فِى الظُّلُمٰتِ اَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنْتَ سُبْحٰنَكَ اِنِّيْ كُنْتُ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ ۚ٨٧
Wa żan-nūni iż żahaba mugāḍiban fa ẓanna allan naqdira ‘alaihi fa nādā fiẓ-ẓulumāti allā ilāha illā anta subḥānaka innī kuntu minaẓ-ẓālimīn(a).
[87]
Lan (élinga riwayate) Zun Nun (Yunus), rikala dhéwéké lunga neng kahanan jéngkél, banjur dhéwéké ngira lamon Ingsun ora bakal ngengél-ngél dhéwéké, mangka dhéwéké nyenyuwun neng kahanan banget petengé, 536 “Mboten wonten Pengéran kejawi Penjenengan, Mahasuci Penjenengan. Éstu, kula kelebet tiyang-tiyang ingkang aniaya (dolim).”
536) Neng njero wetengé iwak, neng segara, lan neng wektu wengi.
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗۙ وَنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْغَمِّۗ وَكَذٰلِكَ نُـْۨجِى الْمُؤْمِنِيْنَ٨٨
Fastajabnā lahū wa najjaināhu minal-gamm(i), wa każālika nunjil-mu'minīn(a).
[88]
Mangka Ingsun sembadani (penyuwuné) dhéwéké lan Ingsun slametna dhéwéké sekang kesusahan. Lan mengkana kuwé Ingsun nylametna wong-wong sing padha precaya.
وَزَكَرِيَّآ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗ رَبِّ لَا تَذَرْنِيْ فَرْدًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْوٰرِثِيْنَ ۚ٨٩
Wa zakariyyā iż nādā rabbahū rabbi lā tażarnī fardaw wa anta khairul-wāriṡīn(a).
[89]
Lan (élinga riwayate) Zakaria, rikala dhéwéké nyenyuwun maring Pengérané, “Dhuh Pengéran kula. Sampun Penjenengan joraken kula gesang kiyambekan (mboten gadheh keturunan), lan Penjenengan niku ahli waris ingkang paling saé. 537
537) Sekirané Gusti Allah ora nyembadani penyuwuné, yakuwé paring keturunan, Zakaria masrahna awaké maring Gusti Allah, merga Gusti Allah yakuwé ahliné marisna sing paling apik.
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ ۖوَوَهَبْنَا لَهٗ يَحْيٰى وَاَصْلَحْنَا لَهٗ زَوْجَهٗۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا يُسٰرِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَيَدْعُوْنَنَا رَغَبًا وَّرَهَبًاۗ وَكَانُوْا لَنَا خٰشِعِيْنَ٩٠
Fastajabnā lah(ū), wa wahabnā lahū yaḥyā wa aṣlaḥnā lahū zaujah(ū), innahum kānū yusāri‘ūna fil-khairāti wa yad‘ūnanā ragabaw wa rahabā(n), wa kānū lanā khāsyi‘īn(a).
[90]
Mangka Ingsun sembadani (penyuwuné) dhéwéké, lan Ingsun paringna maring dhéwéké, Yahya, lan Ingsun dadékna bojoné (bisa ngandhut). Temen, wong-wong kuwé tansah padha kesusu sejeroné (nglakoni) kebecikan, lan dhéwéké padha nyenyuwun maring Ingsun kanthi setemah pengarep-arep lan nggrungsang. Lan dhéwéké kabéh wong-wong sing padha dhépé-dhépé (khusuk) maring Ingsun.
وَالَّتِيْٓ اَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيْهَا مِنْ رُّوْحِنَا وَجَعَلْنٰهَا وَابْنَهَآ اٰيَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ٩١
Wal-latī aḥṣanat farjahā fa nafakhnā fīhā mir rūḥinā wa ja‘alnāhā wabnahā āyatal lil-‘ālamīn(a).
[91]
Lan (élinga riwayate Maryam) sing ngreksa kemulyané pribadiné, banjur Ingsun suwukna (roh) sekang Ingsun maring njeroné (awak)é, Ingsun dadékna dhéwéké lan anaké minangka tandha (agungé Gusti Allah) ingatasé sekabéh ngalam.
اِنَّ هٰذِهٖٓ اُمَّتُكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةًۖ وَّاَنَا۠ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْنِ٩٢
Inna hāżihī ummatukum ummataw wāḥidah(tan), wa ana rabbukum fa‘budūn(i).
[92]
Temen, (agama tauhid) kiyé agamané ko kabéh, agama sing siji, lan Ingsun kiyé Pengéranmu, mangka sembahen Ingsun.
وَتَقَطَّعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْۗ كُلٌّ اِلَيْنَا رٰجِعُوْنَ ࣖ٩٣
Wa taqaṭṭa‘ū amrahum bainahum, kullun ilainā rāji‘ūn(a).
[93]
Ning wong-wong kuwé padha crah-bubrah neng urusan (agama)né, neng antarané wong-wong kuwé. Saben-saben (golongan kuwé kabéh) bakal bali maring Ingsun.
فَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا كُفْرَانَ لِسَعْيِهٖۚ وَاِنَّا لَهٗ كٰتِبُوْنَ٩٤
Famay ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti wa huwa mu'minun falā kufrāna lisa‘yih(ī), wa innā lahū kātibūn(a).
[94]
Sapa wongé nglakoni kebecikan, lan dhéwéké precaya, mangka upayané ora bakal deingkari (desiya-siyakna), lan setemené Ingsun sing nyathet nggo dhéwéké.
وَحَرٰمٌ عَلٰى قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَآ اَنَّهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَ٩٥
Wa ḥarāmun ‘alā qaryatin ahlaknāhā, innahum lā yarji‘ūn(a).
[95]
Lan ora gadhang tumrap (warga) sewijiné negari sing wis Ingsun tumpes, lamon dhéwéké kabéh ora bakal bali (maring Ingsun).
حَتّٰىٓ اِذَا فُتِحَتْ يَأْجُوْجُ وَمَأْجُوْجُ وَهُمْ مِّنْ كُلِّ حَدَبٍ يَّنْسِلُوْنَ٩٦
Ḥattā iżā futiḥat ya'jūju wa ma'jūju wa hum min kulli ḥadabiy yansilūn(a).
[96]
Nganti angger (pager) Yakjuj lan Makjuj debukak lan wong-wong mau padha medhun kanthi banter sekang sekabéh panggonan sing dhuwur.
وَاقْتَرَبَ الْوَعْدُ الْحَقُّ فَاِذَا هِيَ شَاخِصَةٌ اَبْصَارُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ يٰوَيْلَنَا قَدْ كُنَّا فِيْ غَفْلَةٍ مِّنْ هٰذَا بَلْ كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٩٧
Waqtarabal-wa‘dul-ḥaqqu fa iżā hiya syākhiṣatun abṣārul-lażīna kafarū, yā wailanā qad kunnā fī gaflatim min hāżā bal kunnā ẓālimīn(a).
[97]
Lan (angger) janji sing bener (dinané tangi sekang kubur) wis pérek, mangka dadakan matané wong-wong sing mbangkang (kapir) padha mendelik. (Dhéwéké padha ngucap), “Banget cilakané inyong kabéh! Inyong nyata-nyata padha kelalén maring kiyé, malah inyong kabéh nyata-nyata wong sing aniaya (dolim).”
اِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ حَصَبُ جَهَنَّمَۗ اَنْتُمْ لَهَا وٰرِدُوْنَ٩٨
Innakum wa mā ta‘budūna min dūnillāhi ḥaṣabu jahannam(a), antum lahā wāridūn(a).
[98]
Temen, ko kabéh (wong kapir) lan apa sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah, dadi suluh urubé Jahanam. Ko kabéh (mesthi) padha mlebu maring njeroné.
لَوْ كَانَ هٰٓؤُلَاۤءِ اٰلِهَةً مَّا وَرَدُوْهَاۗ وَكُلٌّ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٩٩
Lau kāna hā'ulā'i ālihatam mā waradūhā, wa kullun fīhā khālidūn(a).
[99]
Énggané (brehala-brehala) kuwé sembahan, mesthi dhéwéké ora bakal padha ngleboni kuwé (neraka). Ning sekabéhé bakal lenggeng neng njeroné.
لَهُمْ فِيْهَا زَفِيْرٌ وَّهُمْ فِيْهَا لَا يَسْمَعُوْنَ١٠٠
Lahum fīhā zafīruw wa hum fīhā lā yasma‘ūn(a).
[100]
Wong-wong kuwé padha ngruntuh lan njerit neng njeroné (neraka) lan dhéwéké neng njeroné padha ora bisa krungu.
اِنَّ الَّذِيْنَ سَبَقَتْ لَهُمْ مِّنَّا الْحُسْنٰىٓۙ اُولٰۤىِٕكَ عَنْهَا مُبْعَدُوْنَ ۙ١٠١
Innal-lażīna sabaqat lahum minnal-ḥusnā, ulā'ika ‘anhā mub‘adūn(a).
[101]
Temen, kawit gemiyén tumrap wong-wong sing wis ana (ketetepan) sing apik sekang Ingsun, dhéwéké kuwé bakal dédohna (sekang neraka).
لَا يَسْمَعُوْنَ حَسِيْسَهَاۚ وَهُمْ فِيْ مَا اشْتَهَتْ اَنْفُسُهُمْ خٰلِدُوْنَ ۚ١٠٢
Lā yasma‘ūna ḥasīsahā, wa hum fīmasytahat anfusuhum khālidūn(a).
[102]
Wong-wong kuwé ora padha krungu sewara gemrubugé (geni neraka) lan dhéwéké langgeng neng sejeroné (nékmat) kabéh sing padha dekepéngini.
لَا يَحْزُنُهُمُ الْفَزَعُ الْاَكْبَرُ وَتَتَلَقّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُۗ هٰذَا يَوْمُكُمُ الَّذِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ١٠٣
Lā yaḥzunuhumul-faza‘ul-akbaru wa tatalaqqāhumul-malā'ikah(tu), hāżā yaumukumul-lażī kuntum tū‘adūn(a).
[103]
Kekagetan sing ngedab-edabi ora ndadekaken wong-wong kuwé padha susah, lan malaékat-malaékat bakal mapag dhéwéké kabéh (kanthi pengucap), “Kiyé dinamu sing wis déjanjékna maring ko kabéh.”
يَوْمَ نَطْوِى السَّمَاۤءَ كَطَيِّ السِّجِلِّ لِلْكُتُبِۗ كَمَا بَدَأْنَآ اَوَّلَ خَلْقٍ نُّعِيْدُهٗۗ وَعْدًا عَلَيْنَاۗ اِنَّا كُنَّا فٰعِلِيْنَ١٠٤
Yauma naṭwis-samā'a kaṭayyis-sijilli lil-kutib(i), kamā bada'nā awwala khalqin nu‘īduh(ū), wa‘dan ‘alainā, innā kunnā fā‘ilīn(a).
[104]
(Élinga) neng dinané langit Ingsun gulung, kaya nggulung lembaran-lembaran kertas. Kayadéné Ingsun wis ngawiti penyiptanan sing kawitan, mengkana Ingsun bakal mbaléni kuwé maning. (Sewijiné) janji sing mesthi Ingsun tuhoni, temen, Ingsun bakal ngleksanakna kuwé.
وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِى الزَّبُوْرِ مِنْۢ بَعْدِ الذِّكْرِ اَنَّ الْاَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصّٰلِحُوْنَ١٠٥
Wa laqad katabnā fiz-zabūri mim ba‘diż-żikri annal-arḍa yariṡuhā ‘ibādiyaṣ-ṣāliḥūn(a).
[105]
Lan temen wis Ingsun tulis neng njeroné Zabur, 538 sewisé (ketulis) neng njeroné Az-Zikr (Lauh Mahfuz), lamon bumi kiyé dewarisi déning kawula-kawulané Ingsun sing apik (saléh).
538) Kabéh kitab sing déturunaken déning Gusti Allah maring nabi-nabi-Né. Sebagéan ahli tapsir mertélakna lamon “Zabur” yakuwé kitab sing déturunaken maring Nabi Dawud a.s., déné “Az-Zikr” yakuwé kitab Taurat.
اِنَّ فِيْ هٰذَا لَبَلٰغًا لِّقَوْمٍ عٰبِدِيْنَ ۗ١٠٦
Inna fī hāżā labalāgal liqaumin ‘ābidīn(a).
[106]
Temen, (apa sing désebutna) neng njeroné (Al-Qur`an) kiyé nyata-nyata dadi pituduh (sing pepek) nggo wong-wong sing padha nyembah (Gusti Allah).
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ١٠٧
Wa mā arsalnāka illā raḥmatal lil-‘ālamīn(a).
[107]
Lan Ingsun ora ngutus sliramu (Muhammad) kejaba nggo dadi kewelasan (rahmat) nggo sekabéh ngalam.
قُلْ اِنَّمَا يُوْحٰىٓ اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٠٨
Qul innamā yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), fahal antum muslimūn(a).
[108]
Dhawuha (Muhammad), “Setemené apa sing déwahyokna maring inyong yakuwé lamon Pengéranmu kuwé Pengéran Sing Tunggal, mangka apa ko padha wis pasrah awak (maring Penjenengané)?”
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ اٰذَنْتُكُمْ عَلٰى سَوَاۤءٍۗ وَاِنْ اَدْرِيْٓ اَقَرِيْبٌ اَمْ بَعِيْدٌ مَّا تُوْعَدُوْنَ١٠٩
Fa in tawallau fa qul āżantukum ‘alā sawā'(in), wa in adrī aqarībun am ba‘īdum mā tū‘adūn(a).
[109]
Mangka angger wong-wong kuwé padha mléngos, mangka dhawuhna (Muhammad), “Inyong wis nekakna maring ko kabéh (wulangan) sing padha (antarané inyong kabéh) lan inyong ora ngerti apa sing deamang-amangna maring ko kabéh kuwé wis pérek utawa ésih adoh.”
اِنَّهٗ يَعْلَمُ الْجَهْرَ مِنَ الْقَوْلِ وَيَعْلَمُ مَا تَكْتُمُوْنَ١١٠
Innahū ya‘lamul-jahra minal-qauli wa ya‘lamu mā taktumūn(a).
[110]
Temen, Penjenengané (Gusti Allah) ngawuningani ucapan (sing ko padha ucapna) kanthi blag-blagan, lan ngawuningani (uga) apa sing ko padha umpetna.
وَاِنْ اَدْرِيْ لَعَلَّهٗ فِتْنَةٌ لَّكُمْ وَمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ١١١
Wa in adrī la‘allahū fitnatul lakum wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[111]
Lan inyong ora ngerti, mbok menawané prekara kuwé coban nggo ko kabéh lan kesenengan butul wektu sing détemtokna.
قٰلَ رَبِّ احْكُمْ بِالْحَقِّۗ وَرَبُّنَا الرَّحْمٰنُ الْمُسْتَعَانُ عَلٰى مَا تَصِفُوْنَ ࣖ١١٢
Qāla rabbiḥkum bil-ḥaqq(i), wa rabbunar-raḥmānul-musta‘ānu ‘alā mā taṣifūn(a).
[112]
Dhéwéké (Muhammad) ngucap, “Dhuh Pengéraku, paringana putusan kanthi adil. Lan Pengérane inyong kabéh Mahaasih, panggonan nyenyuwun sekabéh pitulungan ingatasé samudaya sing ko padha ucapna.”