Surah Ta Ha
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰهٰ ۚ١
Ṭāhā.
[1]
Thaahaa.
مَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ لِتَشْقٰٓى ۙ٢
Mā anzalnā ‘alaikal-qur'āna litasyqā.
[2]
Ingsun ora nurunaken Al-Qur`an kiyé maring sliramu (Muhammad) supaya sliramu dadi susah;
اِلَّا تَذْكِرَةً لِّمَنْ يَّخْشٰى ۙ٣
Illā tażkiratal limay yakhsyā.
[3]
anging minangka pengéling-éling tumrap wong sing padha wedi (maring Gusti Allah).
تَنْزِيْلًا مِّمَّنْ خَلَقَ الْاَرْضَ وَالسَّمٰوٰتِ الْعُلٰى ۗ٤
Tanzīlam mimman khalaqal-arḍa was-samāwātil-‘ulā.
[4]
Déturunaken sekang (Gusti Allah) sing ndadekaken bumi lan langit sing dhuwur.
اَلرَّحْمٰنُ عَلَى الْعَرْشِ اسْتَوٰى٥
Ar- raḥmānu ‘alal-‘arsyistawā.
[5]
(yakuwé) Sing Mahaasih, sing jumeneng neng ndhuwuré ‘Arsy. 509
509) Sipaté Gusti Allah sing wajib Inyong kabéh precayai, cocog karo agungé Gusti Allah lan sucine
لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَمَا تَحْتَ الثَّرٰى٦
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa mā bainahumā wa mā taḥtaṡ-ṡarā.
[6]
Kagungan Penjenengané apa sing ana neng langit, apa sing ana neng bumi, apa sing ana neng antarané sekaroné, lan apa sing ana neng ngisoré lemah.
وَاِنْ تَجْهَرْ بِالْقَوْلِ فَاِنَّهٗ يَعْلَمُ السِّرَّ وَاَخْفٰى٧
Wa in tajhar bil-qauli fa innahū ya‘lamus-sirra wa akhfā.
[7]
Lan angger ko nyerokna pengucapmu, temen, Penjenengané ngawuningani wewadi lan sing lewih keumpet. 510
510) Maksudé ayat kiyé yakuwé ora perlu nyerokna sewara rikala nyenyuwun merga Gusti Allah midhanget donga senajan déucapna kanthi sewara lirih.
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ لَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰى٨
Allāhu lā ilāha illā huw(a), lahul-asmā'ul-ḥusnā.
[8]
Penjenengané (Gusti Allah); ora nana Pengéran kejaba Penjenengané, sing kagungan asma-asma sing paling apik.
وَهَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ مُوْسٰى ۘ٩
Wa hal atāka ḥadīṡu mūsā.
[9]
Lan apa wis butul maring ko riwayat-É Musa?
اِذْ رَاٰ نَارًا فَقَالَ لِاَهْلِهِ امْكُثُوْٓا اِنِّيْٓ اٰنَسْتُ نَارًا لَّعَلِّيْٓ اٰتِيْكُمْ مِّنْهَا بِقَبَسٍ اَوْ اَجِدُ عَلَى النَّارِ هُدًى١٠
Iż ra'ā nāran fa qāla li'ahlihimkuṡū innī ānastu nāral la‘allī ātīkum minhā biqabasin au ajidu ‘alan-nāri hudā(n).
[10]
Rikala dhéwéké (Musa) weruh geni, banjur dhéwéké ngucap maring kulawargané, “Manggona ko kabéh (neng kéné), setemené inyong weruh geni, moga-moga inyong bisa nggawa semendhing urubé geni maring ko kabéh utawa inyong bakal ulih pituduh neng panggonané geni kuwé.”
فَلَمَّآ اَتٰىهَا نُوْدِيَ يٰمُوْسٰٓى ۙ١١
Falammā atāhā nūdiya yā mūsā.
[11]
Mangka rikala dhéwéké nekani (panggonané geni kuwé) dhéwéké deundang, “Hé Musa!
اِنِّيْٓ اَنَا۠ رَبُّكَ فَاخْلَعْ نَعْلَيْكَۚ اِنَّكَ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًى ۗ١٢
Innī ana rabbuka fakhla‘ na‘laika innaka bil-wādil-muqaddasi ṭuwā(n).
[12]
Temen, Ingsun kiyé Pengéranmu, mangka copoten tlumpahmu loroné, merga setemené sliramu ana neng tanah lebak sing suci, Tuwa.
وَاَنَا اخْتَرْتُكَ فَاسْتَمِعْ لِمَا يُوْحٰى١٣
Wa anakhtartuka fastami‘ limā yūḥā.
[13]
Lan Ingsun wis milih sliramu, mangka rungokna apa sing bakal déwahyokna (maring sliramu).
اِنَّنِيْٓ اَنَا اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدْنِيْۙ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ لِذِكْرِيْ١٤
Innanī anallāhu lā ilāha illā ana fa‘budnī, wa aqimiṣ-ṣalāta liżikrī.
[14]
Temen, Ingsun kiyé Gusti Allah, ora nana Pengéran seliyané Ingsun, mangka sembaha Ingsun lan lakonana sembayang nggo ngéling-éling maring Ingsun.
اِنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ اَكَادُ اُخْفِيْهَا لِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا تَسْعٰى١٥
Innas-sā‘ata ātiyatun akādu ukhfīhā litujzā kullu nafsim bimā tas‘ā.
[15]
Temen, dina Kiyamat kuwé bakal teka, Ingsun ngumpetna (wektuné) supayané saben wong dewales sepadhan karo apa sing wis padha deupayakna.
فَلَا يَصُدَّنَّكَ عَنْهَا مَنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهَا وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ فَتَرْدٰى١٦
Falā yaṣuddannaka ‘anhā mal lā yu'minu bihā wattaba‘a hawāhu fa tardā.
[16]
Mangka aja pisan-pisan sliramu depléngosna sekang (Kiyamat kuwé) déning wong sing ora padha precaya maring prekara kuwé, lan déning wong sing padha nuruti kepénginané, sing ndadékna sliramu rusak.”
وَمَا تِلْكَ بِيَمِيْنِكَ يٰمُوْسٰى١٧
Wa mā tilka biyamīnika yā mūsā.
[17]
“Lan apa sing ana neng tangan tengenmu hé Musa?”
قَالَ هِيَ عَصَايَۚ اَتَوَكَّؤُا عَلَيْهَا وَاَهُشُّ بِهَا عَلٰى غَنَمِيْ وَلِيَ فِيْهَا مَاٰرِبُ اُخْرٰى١٨
Qāla hiya ‘aṣāy(a), atwakka'u ‘alaihā wa ahusysyu bihā ‘alā ganamī wa liya fīhā ma'āribu ukhrā.
[18]
Dhéwéké (Musa) matur, “Niki tekené kula, kula gatholan teng niki, lan kula ngrogola-ken (ron-ronan) nganggé niki ngge (thédi) menda kula, lan nggé kula téksih malih piguna sanesipun.”
قَالَ اَلْقِهَا يٰمُوْسٰى١٩
Qāla alqihā yā mūsā.
[19]
Penjenengané (Gusti Allah) ngendika, “Balangna teken kuwé, hé Musa!”
فَاَلْقٰىهَا فَاِذَا هِيَ حَيَّةٌ تَسْعٰى٢٠
Fa alqāhā fa iżā hiya ḥayyatun tas‘ā.
[20]
Banjur (Musa) mbalangna teken kuwé, mangka dadakan teken kuwé dadi ula sing nylosor kanthi banter.
قَالَ خُذْهَا وَلَا تَخَفْۗ سَنُعِيْدُهَا سِيْرَتَهَا الْاُوْلٰى٢١
Qāla khużhā wa lā takhaf, sanu‘īduhā sīratahal-ūlā.
[21]
Penjenengané (Gusti Allah) ngendika, “Cekel ula kuwé lan aja wedi, Ingsun bakal mbalékna kuwé maring kahanané kaya mauné,
وَاضْمُمْ يَدَكَ اِلٰى جَنَاحِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍ اٰيَةً اُخْرٰىۙ٢٢
Waḍmum yadaka ilā janāḥika takhruj baiḍā'a min gairi sū'in āyatan ukhrā.
[22]
lan kempita tanganmu maring kélékmu, mesthi (tangan) kuwé metu dadi putih (semunar), ora ana cidrané, minangka dadi mukjijat sing liyané,
لِنُرِيَكَ مِنْ اٰيٰتِنَا الْكُبْرٰى ۚ٢٣
Linuriyaka min āyātinal-kubrā.
[23]
supaya Ingsun weruhna maring sliramu (sebagéan) sekang tandha-tandha agungé Ingsun sing banget gedhéné.
اِذْهَبْ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰى ࣖ٢٤
Iżhab ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[24]
Mangkata (tekani) maring Fir’aun; dhéwéké temen-temen wis ngliwati wates.“
قَالَ رَبِّ اشْرَحْ لِيْ صَدْرِيْ ۙ٢٥
Qāla rabbisyraḥ lī ṣadrī.
[25]
Dhéwéké (Musa) matur, “Dhuh Pengéran kula, mugi (Penjenengan) jembaraken dhadha kula, 511
511) Nabi Musa nyuwun maring Gusti Allah supayané dhadhané dejembarna nggo ngadhepi Fir’aun sing kewentar dadi raja sing kejem.
وَيَسِّرْ لِيْٓ اَمْرِيْ ۙ٢٦
Wa yassir lī amrī.
[26]
lan nggampilaken nggé kula urusané kula,
وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّنْ لِّسَانِيْ ۙ٢٧
Waḥlul ‘uqdatam mil lisānī.
[27]
lan luwaraken pepélo saking ilat kula,
يَفْقَهُوْا قَوْلِيْ ۖ٢٨
Yafqahū qaulī.
[28]
supados tiyang-tiyang niku ngertos dhateng ucapan kula,
وَاجْعَلْ لِّيْ وَزِيْرًا مِّنْ اَهْلِيْ ۙ٢٩
Waj‘al lī wazīram min ahlī.
[29]
lan dadosaken nggé kula sétunggil batir saking keluwargi kula,
هٰرُوْنَ اَخِى ۙ٣٠
Hārūna akhī.
[30]
(nggih niku) Harun, sedhérék kula,
اشْدُدْ بِهٖٓ اَزْرِيْ ۙ٣١
Usydud bihī azrī.
[31]
teguhakén kekiatan kula kanthi (wontenipun) kiyambeké,
وَاَشْرِكْهُ فِيْٓ اَمْرِيْ ۙ٣٢
Wa asyrik-hu fī amrī.
[32]
lan dadosaken kiyambeké rencang wonten urusan kula,
كَيْ نُسَبِّحَكَ كَثِيْرًا ۙ٣٣
Kai nusabbiḥaka kaṡīrā(n).
[33]
supados kula sami kathah angsalipun maha-nyucékaken (tasbéh) dhateng Penjenengan,
وَّنَذْكُرَكَ كَثِيْرًا ۗ٣٤
Wa nażkuraka kaṡīrā(n).
[34]
lan kathah ngéling-éling Penjenengan,
اِنَّكَ كُنْتَ بِنَا بَصِيْرًا٣٥
Innaka kunta binā baṣīrā(n).
[35]
sejatosipun Penjenengan Maha Mriksani (kawontenan) kula sami.”
قَالَ قَدْ اُوْتِيْتَ سُؤْلَكَ يٰمُوْسٰى٣٦
Qāla qad ūtīta su'laka yā mūsā.
[36]
Penjenengané (Gusti Allah) ngendika, “Setemené wis dekeparengna penyuwuné sliramu, hé Musa!
وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلَيْكَ مَرَّةً اُخْرٰىٓ ۙ٣٧
Wa laqad manannā ‘alaika marratan ukhrā.
[37]
Lan temen, Ingsun wis paring nékmat maring sliramu neng wektu liya (seurungé kiyé),
اِذْ اَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اُمِّكَ مَا يُوْحٰىٓ ۙ٣٨
Iż auḥainā ilā ummika mā yūḥā.
[38]
(yakuwé) Ingsun paring wangsit maring biyungmu sewiji-wiji sing dewangsitna,
اَنِ اقْذِفِيْهِ فِى التَّابُوْتِ فَاقْذِفِيْهِ فِى الْيَمِّ فَلْيُلْقِهِ الْيَمُّ بِالسَّاحِلِ يَأْخُذْهُ عَدُوٌّ لِّيْ وَعَدُوٌّ لَّهٗ ۗوَاَلْقَيْتُ عَلَيْكَ مَحَبَّةً مِّنِّيْ ەۚ وَلِتُصْنَعَ عَلٰى عَيْنِيْ ۘ٣٩
Aniqżifīhi fit-tābūti faqżifīhi fil-yammi falyulqihil-yammu bis-sāḥili ya'khużhu ‘aduwwul lī wa ‘aduwwul lah(ū), wa alqaitu ‘alaika maḥabbatam minnī, wa lituṣna‘a ‘alā ‘ainī.
[39]
(yakuwé), delahen dhéwéké (Musa) neng njero pethi banjur kelikna dhéwéké maring bengawan (Nil), banjur jorna (iliné) bengawan kuwé nggawa dhéwéké maring pinggir, dhéwéké bakal déjikot déning (Fir’aun) mungsuh Ingsun lan mungsuhé dhéwéké. Ingsun wis nglubérna maring sliramu welas asih sing teka sekang Ingsun, 512 lan supayané sliramu derumat neng ngisor pengawat-awatane Ingsun,
512) Saben wong sing nyawang Nabi Musa a.s. bakal krasa melas maring dhéwéké.
اِذْ تَمْشِيْٓ اُخْتُكَ فَتَقُوْلُ هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰى مَنْ يَّكْفُلُهٗ ۗفَرَجَعْنٰكَ اِلٰٓى اُمِّكَ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ ەۗ وَقَتَلْتَ نَفْسًا فَنَجَّيْنٰكَ مِنَ الْغَمِّ وَفَتَنّٰكَ فُتُوْنًا ەۗ فَلَبِثْتَ سِنِيْنَ فِيْٓ اَهْلِ مَدْيَنَ ەۙ ثُمَّ جِئْتَ عَلٰى قَدَرٍ يّٰمُوْسٰى٤٠
Iż tamsyī ukhtuka fa taqūlu hal adullukum ‘alā may yakfuluh(ū), fa raja‘nāka ilā ummika kai taqarra ‘ainuhā wa lā taḥzan(a), wa qatalta nafsan fa najjaināka minal-gammi wa fatannāka futūnā(n), fa labiṡta sinīna fī ahli madyan(a), ṡumma ji'ta ‘alā qadariy yā mūsā.
[40]
(yakuwé) rikala sedulur wadonmu mlaku, banjur dhéwéké ngucap (maring kulawargané Fir’aun), “Apa inyong olih nidhokna maring ko kabéh wong sing bakal ngrumat dhéwéké?” Mangka Ingsun mbalékna sliramu maring biyungmu, supayané seneng atiné lan ora nelangsa. Lan sliramu nglakon maténi sijiné wong, 513 banjur Ingsun slametna sliramu sekang reribed (sing gedhé) lan Ingsun wis paring coba maring sliramu kanthi pirang-pirang coba (sing abot), banjur sliramu manggon pirang-pirang taun neng antarané warga Madyan, 514 banjur sliramu, hé Musa, teka miturut wektu sing détetepna,
513) Sing dépaténi yakuwé sewijiné wong bangsa Qibti sing lagi gelut karo Bani Israil kayadéné sing deriwayatna neng njeroné surat al-Qasas (28) : 15.
514) Nabi Musa a.s. teka maring negari Madyan nggo mlayu, neng kana dhéwéké dejodhokna déning Nabi Syuaib a.s. Karo salah sijiné anak wadoné lan netep pirang-pirang taun lawasé.
وَاصْطَنَعْتُكَ لِنَفْسِيْۚ٤١
Wasṭana‘tuka linafsī.
[41]
lan Ingsun wis milih sliramu (dadi utusan) nggo pribadi Ingsun.
اِذْهَبْ اَنْتَ وَاَخُوْكَ بِاٰيٰتِيْ وَلَا تَنِيَا فِيْ ذِكْرِيْۚ٤٢
Iżhab anta wa akhūka bi'āyātī wa lā taniyā fī żikrī.
[42]
Mangkata sliramu sekloron sedulurmu kanthi nggawa tandha-tandha (kuwasané) Ingsun lan aja sliramu sekloron kelalén éling maring Ingsun,
اِذْهَبَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰىۚ٤٣
Iżhabā ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[43]
mangkata sliramu sekloron maring Fir’aun, merga dhéwéké nyata-nyata wis ngliwati wates,
فَقُوْلَا لَهٗ قَوْلًا لَّيِّنًا لَّعَلَّهٗ يَتَذَكَّرُ اَوْ يَخْشٰى٤٤
Fa qūlā lahū qaulal layyinal la‘allahū yatażakkaru au yakhsyā.
[44]
mangka padha wicara sliramu sekloron maring dhéwéké (Fir’aun) kanthi tembung sing ngarih-arih moga-moga, dhéwéké éling utawa wedi.
قَالَا رَبَّنَآ اِنَّنَا نَخَافُ اَنْ يَّفْرُطَ عَلَيْنَآ اَوْ اَنْ يَّطْغٰى٤٥
Qālā rabbanā innanā nakhāfu ay yafruṭa ‘alainā au ay yaṭgā.
[45]
Wong loro kuwé matur, “Dhuh Pengéran kula sami, éstu kula sami kewatir kiyambeké ajeng sigra nyiksa kula sedaya utawi ajeng tambah (angsalé) ngliwati wates.”
قَالَ لَا تَخَافَآ اِنَّنِيْ مَعَكُمَآ اَسْمَعُ وَاَرٰى٤٦
Qāla lā takhāfā innanī ma‘akumā asma‘u wa arā.
[46]
Penjenengané (Gusti Allah) ngendika, “Aja pisan-pisan sliramu sekloron kewatir, setemené Ingsun bareng karo sliramu kabéh, Ingsun midhanget lan mriksani.”
فَأْتِيٰهُ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلَا رَبِّكَ فَاَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ەۙ وَلَا تُعَذِّبْهُمْۗ قَدْ جِئْنٰكَ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ ۗوَالسَّلٰمُ عَلٰى مَنِ اتَّبَعَ الْهُدٰى٤٧
Fa'tiyāhu fa qūlā innā rasūlā rabbika fa arsil ma‘anā banī isrā'īl(a), wa lā tu‘ażżibhum, qad ji'nāka bi'āyatim mir rabbik(a), was-salāmu ‘alā manittaba‘al-hudā.
[47]
Mangka padha mangkata sliramu sekloron maring dhéwéké (Fir’aun) lan ucapna, “Setemené inyong sekloron kiyé utusané Pengéranmu, mangka culna Bani Israil bareng inyong, lan ko aja nyiksa wong-wong kuwé. 515 Temen, inyong padha teka maring ko kanthi nggawa bukti (ingatasé kerasulané inyong sekloron) sekang Pengéranmu. Lan keslametan kuwé delubérna maring wong sing padha nurut maring pituduh.
515) Bani Israil, wektu dhéwéké padha neng Mesir dadi budhaké Fir’aun. Wong-wong kuwé depaksa kerja ngedegna bangunan-bangunan sing gedhé lan kota-kota. Mangka Nabi Musa njaluk maring Fir’aun supayané wong-wong mau débébasna.
اِنَّا قَدْ اُوْحِيَ اِلَيْنَآ اَنَّ الْعَذَابَ عَلٰى مَنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰى٤٨
Innā qad ūḥiya ilainā annal-‘ażāba ‘alā man każżaba wa tawallā.
[48]
Temen, wis déwahyokna maring inyong sekloron, lamon siksa kuwé (détibakna) maring sapa baé sing nggorohna (piwulang agama sing inyong gawa) lan mléngos (ora merdulikna).”
قَالَ فَمَنْ رَّبُّكُمَا يٰمُوْسٰى٤٩
Qāla famar rabbukumā yā mūsā.
[49]
Dhéwéké (Fir`aun) ngucap, “Sapa Pengérané ko sekloron, hé Musa?”
قَالَ رَبُّنَا الَّذِيْٓ اَعْطٰى كُلَّ شَيْءٍ خَلْقَهٗ ثُمَّ هَدٰى٥٠
Qāla rabbunal-lażī a‘ṭā kulla syai'in khalqahū ṡumma hadā.
[50]
Dhéwéké (Musa) semaur, “Pengérané inyong sekloron yakuwé (Pengéran) sing wis paring rupa kedadéan maring samubarang kabéh, banjur maringi dhéwéké pitudhuh.” 516
516) Paring akal, insting (naluri) lan kodrat gawan nggo nerusna uripé dhéwék-dhéwék.
قَالَ فَمَا بَالُ الْقُرُوْنِ الْاُوْلٰى٥١
Qāla famā bālul-qurūnil-ūlā.
[51]
Dhéwéké (Fir`aun) ngucap, “Dadi kepriwé kahanan umat-umat sing dhisit?”
قَالَ عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّيْ فِيْ كِتٰبٍۚ لَا يَضِلُّ رَبِّيْ وَلَا يَنْسَىۖ٥٢
Qāla ‘ilmuhā ‘inda rabbī fī kitāb(in), lā yaḍillu rabbī wa lā yansā.
[52]
Dhéwéké (Musa) semaur, “Kawruh ngenani kuwé ana neng Pengéranku, neng sejeroné Kitab (Lauh Mahfudz), Pengéranku ora bakal salah utawa supé;
الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا وَّسَلَكَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا وَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۗ فَاَخْرَجْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْ نَّبَاتٍ شَتّٰى٥٣
Al-lażī ja‘ala lakumul-arḍa mahdaw wa salaka lakum fīhā subulaw wa anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa akhrajnā bihī azwājam min nabātin syattā.
[53]
(Pengéran) sing wis ndadékna bumi minangka pegelaran nggo ko kabéh lan ndadékna dalan-dalan neng ndhuwure kanggo ko kabéh, lan sing nurunaken banyu (udan) sekang langit.” Terus Ingsun nukulna kanthi kuwé (banyu udan) pirang-pirang rupa wernané thethukulan.
كُلُوْا وَارْعَوْا اَنْعَامَكُمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى ࣖ٥٤
Kulū war‘au an‘āmakum, inna fī żālika la'āyātil li'ulin-nuhā.
[54]
(Padha) mangana lan angona kéwan-kéwanmu kabéh. Setemené neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong sing padha duwé nalar.
۞ مِنْهَا خَلَقْنٰكُمْ وَفِيْهَا نُعِيْدُكُمْ وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً اُخْرٰى٥٥
Minhā khalaqnākum wa fīhā nu‘īdukum wa minhā nukhrijukum tāratan ukhrā.
[55]
Sekang kuwé (lemah) Ingsun nyiptakna ko kabéh lan maring kuwé (lemah) Ingsun bakal mbalékna ko kabéh lan sekang kana (lemah) Ingsun bakal ngetokna ko kabéh neng wektu sing liya.
وَلَقَدْ اَرَيْنٰهُ اٰيٰتِنَا كُلَّهَا فَكَذَّبَ وَاَبٰى٥٦
Wa laqad araināhu āyātinā kullahā fa każżaba wa abā.
[56]
Lan temen, Ingsun wis mertélakna maring dhéwéké (Fir’aun) tandha-tandha (agungé) Ingsun sekabéhané, 517 nyatané dhéwéké nggorohna lan sungkan (nampa bebener).
517) Sing démaksud tandha-tandha neng kéné yakuwé tandha-tandha dadi kenabiné Musa a.s. Neng ketemuné Nabi Musa a.s. karo Fir’aun kiyé, mung deketokna nembé loro mukjijat, yakuwé teken Nabi Musa a.s. dadi ula lan tangané dadi putih mencorong.
قَالَ اَجِئْتَنَا لِتُخْرِجَنَا مِنْ اَرْضِنَا بِسِحْرِكَ يٰمُوْسٰى٥٧
Qāla aji'tanā litukhrijanā min arḍinā bisiḥrika yā mūsā.
[57]
Dhéwéké (Fir’aun) ngucap, “Apa ko padha teka maring inyong kabéh nggo ngurak inyong sekang negariné inyong nganggo sihirmu, hé Musa?
فَلَنَأْتِيَنَّكَ بِسِحْرٍ مِّثْلِهٖ فَاجْعَلْ بَيْنَنَا وَبَيْنَكَ مَوْعِدًا لَّا نُخْلِفُهٗ نَحْنُ وَلَآ اَنْتَ مَكَانًا سُوًى٥٨
Fa lana'tiyannaka bisiḥrim miṡlihī faj‘al bainanā wa bainaka mau‘idal lā nukhlifuhū naḥnu wa lā anta makānan suwā(n).
[58]
Mangka inyong kabéh uga mesthi bakal nekakna sihir sing kaya kuwé maring ko, mangka gawéa sewiji janji nggo ketemu antarané inyong karo ko sing inyong kabéh ora bakal nyulayani lan ko (uga) ora, neng sewiji panggonan sing ngedhéng.”
قَالَ مَوْعِدُكُمْ يَوْمُ الزِّيْنَةِ وَاَنْ يُّحْشَرَ النَّاسُ ضُحًى٥٩
Qāla mau‘idukum yaumuz-zīnati wa ay yuḥsyaran-nāsu ḍuḥā(n).
[59]
Dhéwéké (Musa) ngucap, “(Janji) wektu (nggo ketemu inyong karo ko kabéh) yakuwé neng dina riyaya lan peryogané wong-wong dékumpulna neng wektu ésuk (duha).”
فَتَوَلّٰى فِرْعَوْنُ فَجَمَعَ كَيْدَهٗ ثُمَّ اَتٰى٦٠
Fa tawallā fir‘aunu fa jama‘a kaidahū ṡumma atā.
[60]
Mangka Fir’aun ninggalna (panggonan kuwé) banjur ngatur réka dayané, banjur dhéwéké teka maning (neng dina sing détemtokna).
قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰى وَيْلَكُمْ لَا تَفْتَرُوْا عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا فَيُسْحِتَكُمْ بِعَذَابٍۚ وَقَدْ خَابَ مَنِ افْتَرٰى٦١
Qāla lahum mūsā wailakum lā taftarū ‘alallāhi każiban fa yusḥitakum bi‘ażab(in), wa qad khāba maniftarā.
[61]
Mangka Musa ngucap maring wong-wong kuwé (tukang-tukang sihir), “Cilaka ko kabéh! Ko aja padha ngréka daya apus-apus maring Gusti Allah, mengko Penjenengané numpes ko kabéh kanthi siksa.” Lan temen kapitunan wong sing padha ngréka daya apus-apus.
فَتَنَازَعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ وَاَسَرُّوا النَّجْوٰى٦٢
Fa tanāza‘ū amrahum bainahum wa asarrun-najwā.
[62]
Mangka wong-wong kuwé bantah-bantahan ngenani urusané dhéwéké kabéh lan wong-wong kuwé padha ngumpet pewicarané.
قَالُوْٓا اِنْ هٰذٰنِ لَسَاحِرٰنِ يُرِيْدَانِ اَنْ يُّخْرِجٰكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهِمَا وَيَذْهَبَا بِطَرِيْقَتِكُمُ الْمُثْلٰى٦٣
Qālū in hāżāni lasāḥirāni yurīdāni ay yukhrijākum min arḍikum bisiḥrihimā wa yażhabā biṭarīqatikumul-muṡlā.
[63]
Wong-wong kuwé (tukang-tukang sihir) ngucap, “Setemené wong loro kiyé tukang sihir sing bakal ngurak sampéyan (Fir’aun) sekang negarimu, karo sihiré, lan bakal ngilangna adat budayamu sing utama.
فَاَجْمِعُوْا كَيْدَكُمْ ثُمَّ ائْتُوْا صَفًّاۚ وَقَدْ اَفْلَحَ الْيَوْمَ مَنِ اسْتَعْلٰى٦٤
Fa ajmi‘ū kaidakum ṡumma'tū ṣaffā(n), wa qad aflaḥal-yauma manista‘lā.
[64]
Mangka kumpulna seanané sandipaya (sihir)mu, padha teka kanthi baris. Lan temen, begya kemayangan wong sing menang neng dina kiyé.”
قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِمَّآ اَنْ تُلْقِيَ وَاِمَّآ اَنْ نَّكُوْنَ اَوَّلَ مَنْ اَلْقٰى٦٥
Qālū yā mūsā immā an tulqiya wa immā an nakūna awwala man alqā.
[65]
Wong-wong mau ngucap, “Hé Musa! Apa ko sing mbalangna (dhisit) utawané inyong kabéh sing lewih dhisit mbalangna?”
قَالَ بَلْ اَلْقُوْاۚ فَاِذَا حِبَالُهُمْ وَعِصِيُّهُمْ يُخَيَّلُ اِلَيْهِ مِنْ سِحْرِهِمْ اَنَّهَا تَسْعٰى٦٦
Qāla bal alqū, fa iżā ḥibāluhum wa ‘iṣiyyuhum yukhayyalu ilaihi min siḥrihim annahā tas‘ā.
[66]
Dhéwéké (Musa) ngucap, “Ngonoh ko padha mbalangna!” Mangka dadakan tambang-tambang lan teken-tekené wong-wong kuwé keton déning dhéwéké (Musa) kaya-kaya barang kuwé nylosor banter merga sihiré wong-wong kuwé.
فَاَوْجَسَ فِيْ نَفْسِهٖ خِيْفَةً مُّوْسٰى٦٧
Fa aujasa fī nafsihī khīfatam mūsā.
[67]
Mangka Musa krasa wedi neng njero atiné.
قُلْنَا لَا تَخَفْ اِنَّكَ اَنْتَ الْاَعْلٰى٦٨
Qulnā lā takhaf innaka antal-a‘lā.
[68]
Ingsun dhawuh, “Aja wedi! Temen, sliramu sing unggul (menang).
وَاَلْقِ مَا فِيْ يَمِيْنِكَ تَلْقَفْ مَا صَنَعُوْاۗ اِنَّمَا صَنَعُوْا كَيْدُ سٰحِرٍۗ وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُ حَيْثُ اَتٰى٦٩
Wa alqi mā fī yamīnika talqaf mā ṣana‘ū, innamā ṣana‘ū kaidu sāḥir(in), wa lā yufliḥus-sāḥiru ḥaiṡu atā.
[69]
Lan balangna apa sing ana neng tangan tengenmu, mesti kuwé bakal nguntal apa sing dégawé déning wong-wong kuwé. Apa sing dégawé neng dhéwéké kabéh kuwé mung sandipayané tukang sihir (blaka). Lan ora bakal menang tukang-tukang sihir kuwé, sekang ngendi baé dhéwéké teka.”
فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سُجَّدًا قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ هٰرُوْنَ وَمُوْسٰى٧٠
Fa ulqiyas-saḥaratu sujjadan qālū āmannā birabbi hārūna wa mūsā.
[70]
Banjur tukang-tukang sihir kuwé padha temungkul sujud karo ngucap, “Inyong kabéh padha precaya maring Pengérané Harun lan Musa.”
قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۗ اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ فَلَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ فِيْ جُذُوْعِ النَّخْلِۖ وَلَتَعْلَمُنَّ اَيُّنَآ اَشَدُّ عَذَابًا وَّاَبْقٰى٧١
Qāla āmantum lahū qabla an āżana lakum, innahū lakabīrukumul-lażī ‘allamakumus-siḥr(a), fa la'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfiw wa la'uṣallibannakum fī jużū‘in-nakhl(i), wa lata‘lamunna ayyunā asyaddu ‘ażābaw wa abqā.
[71]
Dhéwéké (Fir’aun) ngucap, “Apa ko padha wis precaya maring dhéwéké (Musa) seurungé inyong awéh idin maring ko kabéh? Setemené dhéwéké kuwé pemimpinmu sing mulangna sihir maring ko kabéh. Mangka temen, bakal tek iris tangan lan sikilmu kanthi selang-séling, lan temen arep tek pénthéng ko kabéh neng bonggolé wit kurma lan setemené ko kabéh mesthi bakal ngaweruhi sapa antarané dhéwék kabéh sing lewih perih lan lewih langgeng siksané.”
قَالُوْا لَنْ نُّؤْثِرَكَ عَلٰى مَا جَاۤءَنَا مِنَ الْبَيِّنٰتِ وَالَّذِيْ فَطَرَنَا فَاقْضِ مَآ اَنْتَ قَاضٍۗ اِنَّمَا تَقْضِيْ هٰذِهِ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا ۗ٧٢
Qālū lan nu'ṡiraka ‘alā mā jā'anā minal-bayyināti wal-lażī faṭaranā faqḍi mā anta qāḍ(in), innamā taqḍī hāżihil-ḥayātad-dun-yā.
[72]
Dhéwéké (tukang-tukang sihir) padha ngucap, “Inyong kabéh ora bakal milih (manut) maring ko, merga bukti-bukti nyata (mukjijat) sing wis teka maring inyong kabéh, lan merga (Gusti Allah) sing wis nyiptakna inyong kabéh. Mangka putusna apa sing arep ko putusna. Setemené ko mung bisa netepna neng penguripan neng dunya kiyé.
اِنَّآ اٰمَنَّا بِرَبِّنَا لِيَغْفِرَ لَنَا خَطٰيٰنَا وَمَآ اَكْرَهْتَنَا عَلَيْهِ مِنَ السِّحْرِۗ وَاللّٰهُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى٧٣
Innā āmannā birabbinā liyagfira lanā khaṭāyānā wa mā akrahtanā ‘alaihi minas-siḥr(i), wallāhu khairuw wa abqā.
[73]
Inyong temen-temen wis padha precaya maring Pengérané inyong kabéh, supayané Penjenengané ngampurani keluputan-keluputané inyong lan sihir sing wis ko peksakna maring inyong kabéh. Lan Gusti Allah lewih apik (ganjaran-É) lan lewih langgeng (siksa-Né).”
اِنَّهٗ مَنْ يَّأْتِ رَبَّهٗ مُجْرِمًا فَاِنَّ لَهٗ جَهَنَّمَ ۗ لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰى٧٤
Innahū may ya'ti rabbahū mujriman fa inna lahū jahannam(a), lā yamūtu fīhā wa lā yaḥyā.
[74]
Setemené sapa wongé sing teka maring Pengérané neng kahanan dosa, mangka setemené tumrap dhéwéké yakuwé neraka Jahanam. Dhéwéké ora mati (terus ngrasakna siksa) neng njeroné lan (uga) ora urip (ora bisa tobat).
وَمَنْ يَّأْتِهٖ مُؤْمِنًا قَدْ عَمِلَ الصّٰلِحٰتِ فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الدَّرَجٰتُ الْعُلٰى ۙ٧٥
Wa may ya'tihī mu'minan qad ‘amilaṣ-ṣāliḥāti fa ulā'ika lahumud-darajātul-‘ulā.
[75]
Ning sapa wongé sing teka maring Penjenengané neng kahanan precaya, lan nyata-nyata nglakoni kebecikan, mangka dhéwéké kuwé, wong sing padha olih drajat sing dhuwur (mulya),
جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗوَذٰلِكَ جَزَاۤءُ مَنْ تَزَكّٰى ࣖ٧٦
Jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālika jazā'u man tazakkā.
[76]
(yakuwé) suwarga-suwarga Ngaden (`Adn), sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan, wong-wong kuwé langgeng neng njeroné. Kuwé piwales tumrap wong-wong sing nyucékna awaké.
وَلَقَدْ اَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْ فَاضْرِبْ لَهُمْ طَرِيْقًا فِى الْبَحْرِ يَبَسًاۙ لَّا تَخٰفُ دَرَكًا وَّلَا تَخْشٰى٧٧
Wa laqad auḥainā ilā mūsā an asri bi‘ibādī faḍrib lahum ṭarīqan fil-baḥri yabasā(n), lā takhāfu darakaw wa lā takhsyā.
[77]
Lan temen, wis Ingsun wahyokna maring Musa, “Padha mangkata bareng kawula-kawulané Ingsun (Bani Israil) wektu mbengi lan gebugen (gawékna) nggo dhéwéké kabéh dalan sing garing neng segara kuwé, 518 (sliramu) ora perlu wedi bakal kesusul lan ora perlu kewatir (bakal kelelep).”
518) Nggebug segara kuwé karo teken. Waca Asy-Syu`ara (26) : 63.
فَاَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ بِجُنُوْدِهٖ فَغَشِيَهُمْ مِّنَ الْيَمِّ مَا غَشِيَهُمْ ۗ٧٨
Fa atba‘ahum fir‘aunu bijunūdihī fa gasyiyahum minal-yammi mā gasyiyahum.
[78]
Banjur Fir’aun karo wadyabalané ngoyok wong-wong mau (Musa lan Bani Israil), ning wong-wong kuwé (Fie’aun sebalane) padha degulung ombak segara sing nglelepna dhéwéké kabéh.
وَاَضَلَّ فِرْعَوْنُ قَوْمَهٗ وَمَا هَدٰى٧٩
Wa aḍalla fir‘aunu qaumahū wa mā hadā.
[79]
Lan Fir’aun wis nyasarna wargané lan ora awéh pituduh.
يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ قَدْ اَنْجَيْنٰكُمْ مِّنْ عَدُوِّكُمْ وَوٰعَدْنٰكُمْ جَانِبَ الطُّوْرِ الْاَيْمَنَ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى٨٠
Yā banī isrā'īla qad anjainākum min ‘aduwwikum wa wā‘adnākum jānibaṭ-ṭūril-aimana wa nazzalnā ‘alaikumul-mannā was-salwā.
[80]
Hé Bani Israil! Temen, Ingsun wis nylametna ko kabéh sekang mungsuhmu, lan Ingsun wis gawé janji karo ko kabéh (nggo nyenyuwun) neng sisih tengené gunung kuwé (Gunung Sinai) lan Ingsun wis nurunaken maring ko kabéh manna lan salwa.
كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۙ وَلَا تَطْغَوْا فِيْهِ فَيَحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبِيْۚ وَمَنْ يَّحْلِلْ عَلَيْهِ غَضَبِيْ فَقَدْ هَوٰى٨١
Kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa lā taṭgau fīhi fa yaḥilla ‘alaikum gaḍabī, wa may yaḥlil ‘alaihi gaḍabī faqad hawā.
[81]
(Padha) mangana sekang rejeki sing apik-apik sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh lan aja padha ngliwati wates, sing ndadékna benduné Ingsun nibani ko kabéh. Sapa wongé kenang benduné Ingsun, mesthi temen musnah dhéwéké.
وَاِنِّيْ لَغَفَّارٌ لِّمَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدٰى٨٢
Wa innī lagaffārul liman tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan ṡummahtadā.
[82]
Lan temen, Ingsun Maha Ngampurani maring sing tobat, precaya lan nglakoni kebecikan, banjur tetep sejeroné pituduh.
۞ وَمَآ اَعْجَلَكَ عَنْ قَوْمِكَ يٰمُوْسٰى٨٣
Wa mā a‘jalaka ‘an qaumika yā mūsā.
[83]
“Lan kenangapa sliramu teka lewih dhisit tenimbang wargamu, hé Musa?”
قَالَ هُمْ اُولَاۤءِ عَلٰٓى اَثَرِيْ وَعَجِلْتُ اِلَيْكَ رَبِّ لِتَرْضٰى٨٤
Qāla hum ulā'i ‘alā aṡarī wa ‘ajiltu ilaika rabbi litarḍā.
[84]
Dhéwéké (Musa) matur, “Niku kiyambeké sedaya saweg nyusul kula, lan kula gagiyan mbujeng Penjenengan, dhuh Pengéran kula, supados Penjenengan karenan (dhateng kula).”
قَالَ فَاِنَّا قَدْ فَتَنَّا قَوْمَكَ مِنْۢ بَعْدِكَ وَاَضَلَّهُمُ السَّامِرِيُّ٨٥
Qāla fa innā qad fatannā qaumaka mim ba‘dika wa aḍallahumus-sāmiriyy(u).
[85]
Penjenengané (Gusti Allah) ngendika, “Temen, Ingsun wis nguji wargamu sewisé sliramu tinggal, lan wong-wong kuwé wis désasarna déning Samiri.”
فَرَجَعَ مُوْسٰٓى اِلٰى قَوْمِهٖ غَضْبَانَ اَسِفًا ەۚ قَالَ يٰقَوْمِ اَلَمْ يَعِدْكُمْ رَبُّكُمْ وَعْدًا حَسَنًا ەۗ اَفَطَالَ عَلَيْكُمُ الْعَهْدُ اَمْ اَرَدْتُّمْ اَنْ يَّحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَخْلَفْتُمْ مَّوْعِدِيْ٨٦
Fa raja‘a mūsā ilā qaumihī gaḍbāna asifā(n), qāla yā qaumi alam ya‘idkum rabbukum wa‘dan ḥasanā(n), afaṭāla ‘alaikumul-‘ahdu am arattum ay yaḥilla ‘alaikum gaḍabum mir rabbikum fa akhlaftum mau‘idī.
[86]
Banjur Musa balik maring wargané kanthi jéngkél lan susah atiné. Dhéwéké (Musa) ngucap, “Hé wargaku! Mbok Pengéranmu wis janji maring ko kabéh sewiji janji sing apik? Apa kesuwén wektuné janji kuwé tumrapmu utawa ko padha karep supaya benduné Pengéran nibani ko kabéh, kenangapa ko padha nyulayani janjimu maring inyong?”
قَالُوْا مَآ اَخْلَفْنَا مَوْعِدَكَ بِمَلْكِنَا وَلٰكِنَّا حُمِّلْنَآ اَوْزَارًا مِّنْ زِيْنَةِ الْقَوْمِ فَقَذَفْنٰهَا فَكَذٰلِكَ اَلْقَى السَّامِرِيُّ ۙ٨٧
Qālū mā akhlafnā mau‘idaka bimalkinā wa lākinnā ḥummilnā auzāram min zīnatil-qaumi fa qażafnāhā fa każālika alqas-sāmiriyy(u).
[87]
Wong-wong kuwé ngucap, “Inyong kabéh ora nerak janjimu nganggo karepku dhéwék, ning inyong kabéh dekongkon nggawa momotan abot sekang (rupa) pepaésé wargané (Fir’aun) kuwé, banjur inyong padha mbalangna kuwé (maring njero geni), lan mengkana uga Samiri mbalangna, 519
519) Wong-wong mau dékongkon nggawa pepaés sekang emas duwéké wong-wong Mesir, banjur déning Samiri dépréntah supayané pepaés kuwé debalangna maring geni sing wis deurubna neng njeroné sewijiné bolongan nggo dédadékna reca wujudé pedhét (anak sapi). Banjur wong-wong kuwé mbalangna lan depeloni uga déning Samiri.
فَاَخْرَجَ لَهُمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهٗ خُوَارٌ فَقَالُوْا هٰذَآ اِلٰهُكُمْ وَاِلٰهُ مُوْسٰى ەۙ فَنَسِيَ ۗ٨٨
Fa akhraja lahum ‘ijlan jasadal lahū khuwārun fa qālū hāżā ilāhukum wa ilāhu mūsā, fa nasiy(a).
[88]
banjur (sekang bolongan geni kuwé) dhéwéké (Samiri) ngetokna (reca) anak sapi (pedhét) sing ana awaké lan bisa moni 520 nggo wong-wong kuwé, mangka dhéwéké padha ngucap, “Kiyé Pengéranmu lan Pengérané Musa, tapi dhéwéké (Musa) wis kelalén.”
520) Waca cathetan Al-A`raf (7) : 148.
اَفَلَا يَرَوْنَ اَلَّا يَرْجِعُ اِلَيْهِمْ قَوْلًا ەۙ وَّلَا يَمْلِكُ لَهُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا ࣖ٨٩
Afalā yarauna allā yarji‘u ilaihim qaulā(n), wa lā yamliku lahum ḍarraw wa lā naf‘ā(n).
[89]
Apa wong-wong kuwé ora padha nggatékna lamon (reca pedhét kuwé) ora bisa awéh wangsulan maring dhéwéké kabéh, lan ora kuwasa nolak bebaya utawa nekakna piguna maring dhéwéké?
وَلَقَدْ قَالَ لَهُمْ هٰرُوْنُ مِنْ قَبْلُ يٰقَوْمِ اِنَّمَا فُتِنْتُمْ بِهٖۚ وَاِنَّ رَبَّكُمُ الرَّحْمٰنُ فَاتَّبِعُوْنِيْ وَاَطِيْعُوْٓا اَمْرِيْ٩٠
Wa laqad qāla lahum hārūnu min qablu yā qaumi innamā futintum bih(ī), wa inna rabbakumur-raḥmānu fattabi‘ūnī wa aṭī‘ū amrī.
[90]
Lan setemené seurungé Harun wis ngucap maring wong-wong kuwé. “Hé wargaku! Setemené ko kabéh mung sedrema déwéhi coba (kanthi reca pedhét) kuwé lan temen, Pengéranmu yakuwé (Gusti Allah) Sing Maha Asih, mangka padha mélua maring inyong lan manuta maring préntahé inyong.”
قَالُوْا لَنْ نَّبْرَحَ عَلَيْهِ عٰكِفِيْنَ حَتّٰى يَرْجِعَ اِلَيْنَا مُوْسٰى٩١
Qālū lan nabraḥa ‘alaihi ‘ākifīna ḥattā yarji‘a ilainā mūsā.
[91]
Dhéwéké padha semaur, “Inyong tetep nyembah (reca pedhét) kuwé nganti Musa balik maring inyong kabéh.”
قَالَ يٰهٰرُوْنُ مَا مَنَعَكَ اِذْ رَاَيْتَهُمْ ضَلُّوْٓا ۙ٩٢
Qāla yā hārūnu mā mana‘aka iż ra'aitahum ḍallū.
[92]
Dhéwéké (Musa) ngucap. “Hé Harun! Apa sing ngalingi sampéyan, rikala sampéyan weruh wong-wong kuwé wis padha kesasar,
اَلَّا تَتَّبِعَنِۗ اَفَعَصَيْتَ اَمْرِيْ٩٣
Allā tattabi‘an(i), afa ‘aṣaita amrī.
[93]
(saéngga) sampéyan ora mélu inyong? Apa sampéyan wis (nguja) nerak préntahé inyong?”
قَالَ يَبْنَؤُمَّ لَا تَأْخُذْ بِلِحْيَتِيْ وَلَا بِرَأْسِيْۚ اِنِّيْ خَشِيْتُ اَنْ تَقُوْلَ فَرَّقْتَ بَيْنَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَلَمْ تَرْقُبْ قَوْلِيْ٩٤
Qāla yabna'umma lā ta'khuż biliḥyatī wa lā bira'sī, innī khasyītu an taqūla farraqta baina banī isrā'īla wa lam tarqub qaulī.
[94]
Dhéwéké (Harun) semaur, “Hé anaké biyungku! Aja pisan-pisan sampéyan nyekel jenggotku lan aja (uga) sirahku, Inyong temen kewatir sampéyan bakal ngucap (maring inyong), “Sampéyan wis gawé crah neng antarané Bani Israil lan sampéyan ora ngreksa pewélingku.”
قَالَ فَمَا خَطْبُكَ يٰسَامِرِيُّ٩٥
Qāla famā khaṭbuka yā sāmiriyy(u).
[95]
Dhéwéké (Musa) ngucap, “Apa sing nyurung ko (nglakoni kaya kuwé), hé Samiri?”
قَالَ بَصُرْتُ بِمَا لَمْ يَبْصُرُوْا بِهٖ فَقَبَضْتُ قَبْضَةً مِّنْ اَثَرِ الرَّسُوْلِ فَنَبَذْتُهَا وَكَذٰلِكَ سَوَّلَتْ لِيْ نَفْسِيْ٩٦
Qāla baṣurtu bimā lam yabṣurū bihī fa qabaḍtu qabḍatam min aṡarir-rasūli fa nabażtuhā wa każālika sawwalat lī nafsī.
[96]
Dhéwéké (Samiri) semaur, “Inyong ngaweruhi sewiji-wiji sing ora dekaweruhi déning wong-wong kuwé, dadi inyong njikot lemah segegem (lemah sekang) tilasé utusan, 521 banjur mbalangna kuwé (maring geni kuwé), mengkana kuwé (hawa) nepsuku mbujuk inyong.”
521) Sing démaksud “tilasé utusan” neng kéné yakuwé piwulang-piwulangé. Miturut maring paham kiyé, Samiri njikot sebagéan wulangané Musa banjur debuwang wulangan-wulangan kuwé, dadiné dhéwéké kesasar. Miturut sebagéan ahli tapsir, sing démaksud “tilasé utusan” yakuwé tilas tlapak sikilé jarané Jibril a.s, tegesé Samiri njikot segegem lemah sekang tilas tlapak jaran kuwé banjur debalangna maring njeroné tosan sing wis deremuk dadiné tosan kuwé mujud pedhét (anak sapi) sing bisa moni.
قَالَ فَاذْهَبْ فَاِنَّ لَكَ فِى الْحَيٰوةِ اَنْ تَقُوْلَ لَا مِسَاسَۖ وَاِنَّ لَكَ مَوْعِدًا لَّنْ تُخْلَفَهٗۚ وَانْظُرْ اِلٰٓى اِلٰهِكَ الَّذِيْ ظَلْتَ عَلَيْهِ عَاكِفًا ۗ لَنُحَرِّقَنَّهٗ ثُمَّ لَنَنْسِفَنَّهٗ فِى الْيَمِّ نَسْفًا٩٧
Qāla fażhab fa inna laka fil-ḥayāti an taqūla lā misās(a), wa inna laka mau‘idal lan tukhlafah(ū), wanẓur ilā ilāhikal-lażī ẓalta ‘alaihi ‘ākifā(n), lanuḥarriqannahū ṡumma lanansifannahū fil-yammi nasfā(n).
[97]
Dhéwéké (Musa) ngucap, “Nganah ko lunga! Setemené neng sejeroné penguripan (neng dunya) ko (mung bisa) ngucapna, ‘Aja nyénggol (inyong).’ 522 Lan ko mesthi olih (ukuman) sing wis déjanjékna (neng ahkerat) sing ora bakal bisa ko indhani, lan delengen sesembahanmu kuwé (reca pedhét) sing ko tetep sembah dhéwéké. Inyong kabéh mesthi bakal ngobong kuwé, banjur temen, inyong padha bakal ngawur-awur (awuné) maring njeroné segara (mambrah-mambrah).
522) Supaya Samiri urip mencil, minangka ukuman neng dunya. Lan minangka ukuman neng akhérat, dhéwéké bakal dédelah neng neraka.
اِنَّمَآ اِلٰهُكُمُ اللّٰهُ الَّذِيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ وَسِعَ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا٩٨
Innamā ilāhukumullāhul-lażī lā ilāha illā huw(a), wasi‘a kulla syai'in ‘ilmā(n).
[98]
Temen, Pengéranmu mung Gusti Allah, ora nana Pengéran kejaba Penjenengané, ilmuné Penjenengané nglingkupi samubarang kabéh.”
كَذٰلِكَ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ مَا قَدْ سَبَقَۚ وَقَدْ اٰتَيْنٰكَ مِنْ لَّدُنَّا ذِكْرًا ۚ٩٩
Każālika naquṣṣu ‘alaika min ambā'i mā sabaq(a), wa qad ātaināka mil ladunnā żikrā(n).
[99]
Mengkana Ingsun critakna maring sliramu (Muhammad) sebagéan riwayat-É (umat) sing wis keliwat, lan setemené wis Ingsun paringna maring sliramu sewijiné pengéling-éling (Al-Qur`an) sekang sisihé Ingsun.
مَنْ اَعْرَضَ عَنْهُ فَاِنَّهٗ يَحْمِلُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وِزْرًا١٠٠
Man a‘raḍa ‘anhu fa innahū yaḥmilu yaumal-qiyāmati wizrā(n).
[100]
Sapa wongé sing mléngos sekang kuwé (Al-Qur`an), mangka setemené dhéwéké bakal mikul renggan sing abot (dosa) neng dina Kiyamat,
خٰلِدِيْنَ فِيْهِ ۗوَسَاۤءَ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ حِمْلًاۙ١٠١
Khālidīna fīh(i), wa sā'a lahum yaumal-qiyāmati ḥimlā(n).
[101]
dhéwéké kabéh langgeng neng kahanan kuwé. Lan banget alané renggan dosa kuwé tumrap wong-wong mau neng dina Kiyamat,
يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ وَنَحْشُرُ الْمُجْرِمِيْنَ يَوْمَىِٕذٍ زُرْقًا ۖ١٠٢
Yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri wa naḥsyurul-mujrimīna yauma'iżin zurqā(n).
[102]
neng dina (Kiyamat) slomprét (sangkakala) desemprong (sing ping pindhoné) 523 lan neng dina kuwé Ingsun kumpulna wong-wong sing padha dosa kanthi (rai) sing biru surem,
523) Desemprongé slomprét (sangkakala) sing ping pindhoné, yakuwé semprongan nggo nangékna menungsa sekang kuburané utawa nguripna maning.
يَّتَخَافَتُوْنَ بَيْنَهُمْ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا عَشْرًا١٠٣
Yatakhāfatūna bainahum il labiṡtum illā ‘asyrā(n).
[103]
wong-wong kuwé padha krisikan siji lan sijiné, “Ko manggon (neng dunya) ora lewih sekang sepuluh (dina).”
نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَقُوْلُوْنَ اِذْ يَقُوْلُ اَمْثَلُهُمْ طَرِيْقَةً اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا يَوْمًا ࣖ١٠٤
Naḥnu a‘lamu bimā yaqūlūna iż yaqūlu amṡaluhum ṭarīqatan il labiṡtum illā yaumā(n).
[104]
Ingsun lewih ngawuningani apa sing bakal dhéwéké padha omongna, rikala wong sing paling jejeg dalané 524 ngucap, “Ko manggon (neng dunya) ora lewih sekang sedina thok.”
524) Wong sing jejeg pikirané utawa ngamalé neng antarané wong-wong sing dosa.
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْجِبَالِ فَقُلْ يَنْسِفُهَا رَبِّيْ نَسْفًا ۙ١٠٥
Wa yas'alūnaka ‘anil-jibāli fa qul yansifuhā rabbī nasfā(n).
[105]
Lan wong-wong kuwé padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani gunung-gunung, mangka ucapna, “Pengéranku bakal ngajurna kuwé (neng dina Kiyamat) seajur-ajuré,
فَيَذَرُهَا قَاعًا صَفْصَفًا ۙ١٠٦
Fa yażaruhā qā‘an ṣafṣafā(n).
[106]
banjur Penjenengané bakal ndadékna (tilas gunung-gunung) kuwé rata temen,
لَّا تَرٰى فِيْهَا عِوَجًا وَّلَآ اَمْتًا ۗ١٠٧
Lā tarā fīhā ‘iwajaw wa lā amtā(n).
[107]
(saéngga) ko kabéh ora bakal weruh maning ana panggonan sing endhép lan sing dhuwur neng kana.”
يَوْمَىِٕذٍ يَّتَّبِعُوْنَ الدَّاعِيَ لَا عِوَجَ لَهٗ ۚوَخَشَعَتِ الْاَصْوَاتُ لِلرَّحْمٰنِ فَلَا تَسْمَعُ اِلَّا هَمْسًا١٠٨
Yauma'iżiy yattabi‘ūnad-dā‘iya lā ‘iwaja lah(ū), wa khasya‘atil-aṣwātu lir-raḥmāni falā tasma‘u illā hamsā(n).
[108]
Neng dina kuwé dhéwéké padha nuruti (penyeluke) sing nyeluk (malaékat) tanpa belak-belok (mbantah) lan kabéh sewara temungkul dhépé-dhépé maring Pengéran Sing Mahaasih, saéngga sing ko rungu mung krisik-krisik.
يَوْمَىِٕذٍ لَّا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَرَضِيَ لَهٗ قَوْلًا١٠٩
Yauma'iżil lā tanfa‘usy-syafā‘atu illā man ażina lahur-raḥmānu wa raḍiya lahū qaulā(n).
[109]
Neng dina kuwé ora nana gunané pitulungan (sapangat) kejaba sekang wong sing wis déparingi idin déning Pengéran Sing Mahaasih lan Penjenengané renani ucapane.
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِهٖ عِلْمًا١١٠
Ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa lā yuḥīṭūna bihī ‘ilmā(n).
[110]
Penjenengané (Gusti Allah) priksa apa sing ana neng ngarepé wong-wong mau (sing bakal kedadén) lan apa sing neng mburiné dhéwéké (sing wis kedadén) lan ilmuné dhéwéké mau ora bisa nglingkupi ilmuné Penjenengané.
۞ وَعَنَتِ الْوُجُوْهُ لِلْحَيِّ الْقَيُّوْمِۗ وَقَدْ خَابَ مَنْ حَمَلَ ظُلْمًا١١١
Wa ‘anatil-wujūhu lil-ḥayyil-qayyūm(i), wa qad khāba man ḥamala ẓulmā(n).
[111]
Lan kabéh rai padha temungkul neng ngarsané (Gusti Allah) Sing Sugeng lan Sing Jumeneng Mandhiri. Lan temen kapitunan wong sing nglakoni aniaya (dolim).
وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا يَخٰفُ ظُلْمًا وَّلَا هَضْمًا١١٢
Wa may ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti wa huwa mu'minun falā yakhāfu ẓulmaw wa lā haḍmā(n).
[112]
Lan sapa wongé sing nglakoni kebecikan mangkané dhéwéké (neng kahanan) precaya, mangka dhéwéké ora kewatir maring tindak aniaya (maring dhéwéké) lan ora (uga kewatir) maring penyudanan haké?
وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا وَّصَرَّفْنَا فِيْهِ مِنَ الْوَعِيْدِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ اَوْ يُحْدِثُ لَهُمْ ذِكْرًا١١٣
Wa każālika anzalnāhu qur'ānan ‘arabiyyaw wa ṣarrafnā fīhi minal-wa‘īdi la‘allahum yattaqūna au yuḥdiṡu lahum żikrā(n).
[113]
Lan mengkana kuwé Ingsun nurunaken Al-Qur`an nganggo basa Arab, lan Ingsun wis mertélakna wara-wiri neng njeroné sebagéan sekang amang-amang, supaya wong-wong padha semarah (takwa), utawa supaya (Al-Qur`an) kuwé awéh piwulangan ingatasé dhéwéké kabéh.
فَتَعٰلَى اللّٰهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ وَلَا تَعْجَلْ بِالْقُرْاٰنِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّقْضٰٓى اِلَيْكَ وَحْيُهٗ ۖوَقُلْ رَّبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا١١٤
Fa ta‘ālallāhul-malikul-ḥaqq(u), wa lā ta‘jal bil-qur'āni min qabli ay yuqḍā ilaika waḥyuh(ū), wa qur rabbi zidnī ‘ilmā(n).
[114]
Mangka Mahaluhur Gusti Allah, Raja sing sebener-beneré. Lan aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) gugup (maca) Al-Qur`an seurungé rampung déwahyokna maring sliramu, 525 lan ucapna, “Dhuh Pengéran kula, mugi Penjenengan nambahi ilmu dhateng kula.”
525) Nabi Muhammad s.a.w. decegah neng Gusti Allah nirokna wacanané Jibril, kalimah sekalimah seurungé Jibril a.s. rampung olihé macakna, supayané Nabi Muhammad ngapalna lan mahami nyata-nyata ayat sing duturunaken.
وَلَقَدْ عَهِدْنَآ اِلٰٓى اٰدَمَ مِنْ قَبْلُ فَنَسِيَ وَلَمْ نَجِدْ لَهٗ عَزْمًا ࣖ١١٥
Wa laqad ‘ahidnā ilā ādama min qablu fa nasiya wa lam najid lahū ‘azmā(n).
[115]
Lan temen wis Ingsun wélingna, 526 maring Adam gemiyén, ning dhéwéké kelalén, lan Ingsun ora nemu kekarepan sing kuwat neng dhéwéké.
526) Wélingané Gusti Allah kiyé désebut sejeroné Al-Baqarah (2) : 35.
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَ اَبٰى ۗ١١٦
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīsa abā.
[116]
Lan (élinga) rikala Ingsun dhawuh maring malaékat-malaékat, “Sujuda ko kabéh maring Adam!” Banjur dhéwéké padha sujud kejaba Iblis, dhéwéké mbangkang.
فَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اِنَّ هٰذَا عَدُوٌّ لَّكَ وَلِزَوْجِكَ فَلَا يُخْرِجَنَّكُمَا مِنَ الْجَنَّةِ فَتَشْقٰى١١٧
Fa qulnā yā ādamu inna hāżā ‘aduwwul laka wa lizaujika falā yukhrijannakumā minal-jannati fa tasyqā.
[117]
Banjur Ingsun dhawuh, “Hé Adam! Temen kiyé (Iblis) mungsuh tumrap sliramu lan tumrap bojomu, mangka aja pisan-pisan nganti dhéwéké ngetokna sliramu sekloron sekang suwarga, mengko sliramu padha cilaka.
اِنَّ لَكَ اَلَّا تَجُوْعَ فِيْهَا وَلَا تَعْرٰى ۙ١١٨
Inna laka allā tajū‘a fīhā wa lā ta‘rā.
[118]
Temen, ana (jaminan) nggo sliramu neng kana, sliramu ora bakal kencoten lan ora bakal wuda.
وَاَنَّكَ لَا تَظْمَؤُا فِيْهَا وَلَا تَضْحٰى١١٩
Wa annaka lā taẓma'u fīhā wa lā taḍḥā.
[119]
Lan temen, neng kana sliramu ora bakal krasa ngonggor lan ora bakal kenang panasé srengéngé.”
فَوَسْوَسَ اِلَيْهِ الشَّيْطٰنُ قَالَ يٰٓاٰدَمُ هَلْ اَدُلُّكَ عَلٰى شَجَرَةِ الْخُلْدِ وَمُلْكٍ لَّا يَبْلٰى١٢٠
Fa waswasa ilaihisy-syaiṭānu qāla yā ādamu hal adulluka ‘alā syajaratil-khuldi wa mulkil lā yablā.
[120]
Banjur sétan ngrisikna (pikiran jahat) maring dhéwéké, karo ngucap, “Hé Adam! Gelem apa ora inyong tidhokna maring ko kabéh wit kelanggengan (khuldi) lan praja sing ora bakal rusak?”
فَاَكَلَا مِنْهَا فَبَدَتْ لَهُمَا سَوْءٰتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفٰنِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَّرَقِ الْجَنَّةِۚ وَعَصٰىٓ اٰدَمُ رَبَّهٗ فَغَوٰى ۖ١٢١
Fa akalā minhā fa badat lahumā sau'ātuhumā wa ṭafiqā yakhṣifāni ‘alaihimā miw waraqil-jannah(ti), wa ‘aṣā ādamu rabbahū fa gawā.
[121]
Banjur wong sekloroné padha mangan kuwé, banjur keton neng wong sekloron mau barang wadi (ngorat)é dhéwéké kabéh, lan molahi wong sekloron padha nutupi nganggo godhongan (sing ana neng) suwarga, lan wis nyata duraka Adam maring Pengérané, lan temen kesasar dhéwéké. 527
527) Sing démaksud “durhaka” neng kéné yakuwé nglanggar larangané Gusti Allah merga klalen, lan ora sengaja, kaya sing désebutna neng ayat 115 surat kiyé. Lan sing démaksud “sesat” yakuwé nuruti apa baé sing dekrisikna déning sétan. Keluputané Adam a.s. ora patiya gedhé miturut ukurané menungsa biasa wis désebut duraka lan sasar, merga dhuwuré drajat Adam a.s. lan nggo dadi tuladha kanggo wong gedhé lan pemimpin-pemimpin supayané ngadohi tindakan-tindakan sing délarang ora kejaba sing cilik-cilik.
ثُمَّ اجْتَبٰىهُ رَبُّهٗ فَتَابَ عَلَيْهِ وَهَدٰى١٢٢
Ṡummajtabāhu rabbuhū fa tāba ‘alaihi wa hadā.
[122]
Banjur Pengérané milih dhéwéké, 528 mangka Penjenengané nampa tobaté lan paring dhéwéké pituduh.
528) Maksudé: Gusti Allah milih Nabi Adam a.s. nggo dadi wong sing pérek maring Pengérané.
قَالَ اهْبِطَا مِنْهَا جَمِيْعًاۢ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚفَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى ەۙ فَمَنِ اتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشْقٰى١٢٣
Qālahbiṭā minhā jamī‘am ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), fa immā ya'tiyannakum minnī hudā(n), fa manittaba‘a hudāya falā yaḍillu wa lā yasyqā.
[123]
Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Mudhuna sliramu loroné sekang suwarga bareng-bareng, sebagéan ko kabéh dadi mungsuh tumrap sebagéan sing liyané. Angger teka maring sliramu pituduh sekang Ingsun, mangka (kawruhana) sapa wongé ngetutna pituduhé Ingsun, dhéwéké ora bakal padha kesasar lan ora bakal cilaka.
وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى١٢٤
Wa man a‘raḍa ‘an żikrī fa inna lahū ma‘īsyatan ḍankaw wa naḥsyuruhū yaumal-qiyāmati a‘mā.
[124]
Lan sapa wongé sing mléngos sekang pengéling-ngélingé Ingsun, mangka temen dhéwéké bakal nglakoni urip sing rupek lan Ingsun bakal ngumpulna dhéwéké neng dina Kiyamat kanthi kahanan wuta.”
قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرْتَنِيْٓ اَعْمٰى وَقَدْ كُنْتُ بَصِيْرًا١٢٥
Qāla rabbi lima ḥasyartanī a‘mā wa qad kuntu baṣīrā(n).
[125]
Dhéwéké matur, “Dhuh Pengéran kula, kenging napa Penjenengan ngumpulaken kula wonten kahanan wuta, mangkané krihin kula saged semerep?”
قَالَ كَذٰلِكَ اَتَتْكَ اٰيٰتُنَا فَنَسِيْتَهَاۚ وَكَذٰلِكَ الْيَوْمَ تُنْسٰى١٢٦
Qāla każālika atatka āyātunā fa nasītahā, wa każālikal-yauma tunsā.
[126]
Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Mengkana kuwé, gemiyén wis butul maring ko ayat-ayat-É Ingsun, lan ko ngapengna ayat-ayat kuwé, dadi semana (uga) neng dina kiyé ko déapéngna.”
وَكَذٰلِكَ نَجْزِيْ مَنْ اَسْرَفَ وَلَمْ يُؤْمِنْۢ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖۗ وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَشَدُّ وَاَبْقٰى١٢٧
Wa każālika najzī man asrafa wa lam yu'mim bi'āyāti rabbih(ī), wa la‘ażābul-ākhirati asyaddu wa abqā.
[127]
Lan mengkana kuwé Ingsun males wong sing ngliwati wates lan ora precaya maring ayat-ayat-É Pengérané. Temen, siksa neng akhérat kuwé lewih abot lan lewih langgeng.
اَفَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ يَمْشُوْنَ فِيْ مَسٰكِنِهِمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى ࣖ١٢٨
Afalam yahdi lahum kam ahlaknā qablahum minal-qurūni yamsyūna fī masākinihim, inna fī żālika la'āyātil li'ulin nuhā.
[128]
Mangka, apa ora dadi pituduh tumrap dhéwéké (wong-wong musrik) sepira akéhé (keturunan) seurungé dhéwéké sing wis Ingsun tumpes, mangkané wong-wong kuwé padha ngliwati (petilasan) papan manggoné wong-wong (sing détumpes kuwé)? Setemené neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (kwasané Gusti Allah) nggo wong-wong sing duwé akal.
وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَكَانَ لِزَامًا وَّاَجَلٌ مُّسَمًّى ۗ١٢٩
Wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika lakāna lizāmaw wa ajalum musammā(n).
[129]
Lan angger ora nana sewiji ketetepan sing dhisit sekang Pengéranmu lan ora nana wates sing wis détetepna (ajal), mesthi (siksaan kuwé) ngenani dhéwéké kabéh.
فَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوْعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ غُرُوْبِهَا ۚوَمِنْ اٰنَاۤئِ الَّيْلِ فَسَبِّحْ وَاَطْرَافَ النَّهَارِ لَعَلَّكَ تَرْضٰى١٣٠
Faṣbir ‘alā mā yaqūlūna wa sabbiḥ biḥamdi rabbika qabla ṭulū‘isy-syamsi wa qabla gurūbihā, wa min ānā'il-laili fa sabbiḥ wa aṭrāfan-nahāri la‘allaka tarḍā.
[130]
Mangka désabar sliramu (Muhammad) ngenani apa sing wong-wong mau ucapna, lan maha- nyucékna (maca tasbéh) kanthi memuji Pengéranmu, seurungé mlethék srengené, lan seurungé surup, lan maca tasbéh (uga) neng tengah wengi lan neng pucuké awan, supayané slira krasa tentrem.
وَلَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ اِلٰى مَا مَتَّعْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْهُمْ زَهْرَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ەۙ لِنَفْتِنَهُمْ فِيْهِ ۗوَرِزْقُ رَبِّكَ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى١٣١
Wa lā tamuddanna ‘ainaika ilā mā matta‘nā bihī azwājam minhum zahratal-ḥayātid-dun-yā, linaftinahum fīh(i), wa rizqu rabbika khairuw wa abqā.
[131]
Lan aja pisan-pisan sliramu nujokna pendelengan mripatmu maring kenékmatan sing wis Ingsun paringna maring sewetara golongan sekang dhéwéké kabéh, (minangka) kembang penguripan dunya, supayané Ingsun coba dhéwéké kanthi (kesenangan) kuwé. Ganjarané Pengéranmu lewih apik lan lewih langgeng.
وَأْمُرْ اَهْلَكَ بِالصَّلٰوةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَاۗ لَا نَسْـَٔلُكَ رِزْقًاۗ نَحْنُ نَرْزُقُكَۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوٰى١٣٢
Wa'mur ahlaka biṣ-ṣalāti waṣṭabir ‘alaihā, lā nas'aluka rizqā(n), naḥnu narzuquk(a), wal-‘āqibatu lit-taqwā.
[132]
Lan préntahna (maring) keluwargamu nglakoni sembayang lan sabar sejeroné nglakoni kuwé. Ingsun ora mundhut rejeki maring ko, Ingsun sing paring rejeki maring ko. Lan wekasan (sing apik neng akhérat) yakuwé nggo wong sing semarah (takwa).
وَقَالُوْا لَوْلَا يَأْتِيْنَا بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖۗ اَوَلَمْ تَأْتِهِمْ بَيِّنَةُ مَا فِى الصُّحُفِ الْاُوْلٰى١٣٣
Wa qālū lau lā ya'tīnā bi'āyatim mir rabbih(ī), awalam ta'tihim bayyinatu mā fiṣ-ṣuḥufil-ūlā.
[133]
Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Kenangapa dhéwéké ora nggawa tandha (bukti) maring inyong kabéh sekang Pengérané?” Mbok wis teka maring wong-wong mau bukti (sing nyata) kaya sing kesebut neng njeroné kitab-kitab sing dhisit?
وَلَوْ اَنَّآ اَهْلَكْنٰهُمْ بِعَذَابٍ مِّنْ قَبْلِهٖ لَقَالُوْا رَبَّنَا لَوْلَآ اَرْسَلْتَ اِلَيْنَا رَسُوْلًا فَنَتَّبِعَ اٰيٰتِكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ نَّذِلَّ وَنَخْزٰى١٣٤
Wa lau annā ahlaknāhum bi‘ażābim min qablihī laqālū rabbanā lau lā arsalta ilainā rasūlan fa nattabi‘a āyātika min qabli an nażilla wa nakhzā.
[134]
Lan angger wong-wong mau Ingsun tumpes karo sewiji siksa seurungé (Al-Qur`an déturunaken) mesthi dhéwéké padha ngucap, “Dhuh Pengéran kula, kenging napa mboten Penjenengan utus sétunggil Rasul dhateng kula sedaya, saéngga kula sami nuruti ayat-ayat Penjenengan, sedéréngé kula sami dados nistha lan asor?”
قُلْ كُلٌّ مُّتَرَبِّصٌ فَتَرَبَّصُوْاۚ فَسَتَعْلَمُوْنَ مَنْ اَصْحٰبُ الصِّرَاطِ السَّوِيِّ وَمَنِ اهْتَدٰى ࣖ ۔١٣٥
Qul kullum mutarabbiṣun fa tarabbaṣū, fa sata‘lamūna man aṣḥābuṣ-ṣirāṭis-sawiyyi wa manihtadā.
[135]
Dhawuha Muhammad, “Saben-saben (inyong kabéh) ngenténi, mangka enténana déning ko! Lan mbésuk ko bakal ngaweruhi sapa sing ngambah dalan sing jejeg, lan sapa sing wis olih pituduh.”