Surah Al-Baqarah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۚ١
Alif lām mīm.
[1]
Alif Lam Mim. 4
4) Sewetara surat-surat neng Al-Qur’an débukak kambi hurup abjad kayadéné, Alif Lam Mim, Alif Lam Mim Ra, lan liyané. Maknané hurup -hurup kuwé mung Gusti Allah sing priksa. Ana sing duwé penemu lamona hurup-hurup jeneng surat lan ana uga sing duwé penemu lamona gunané nggo narik kawigatén, utawa nggo nidhokna lamona Al-Qur’an kuwé déturunaken nganggo Basa Arab sing désungsun sekang hurup-hurup abjad mau.
ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَ ۛ فِيْهِ ۛ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ٢
Żālikal-kitābu lā raiba fīh(i), hudal lil-muttaqīn(a).
[2]
Kitab (Al-Qur’an) kiyé ora nana kemamang-an neng njeroné, nggo pituduh tumrap wong-wong sing padha semarah (takwa), 5
5) Takwa yakuwé manut sekabéhé dhawuhé Gusti Allah lan ngedohi sekabéhé larangan-É.
الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۙ٣
Al-lażīna yu'minūna bil-gaibi wa yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[3]
(yakuwé) wong-wong sing padha precaya maring barang sing ora keton (gaib), nglakoni sembayang, tur nyumbangna 6 sebagéan sekang rejekiné sing Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh,
6) Sing démaksud nyumbangna bandha neng dalané Gusti Allah, kayadéné blanja nggo kebutuhan jihad, mbangun sekolahan, rumah sakit, usaha nliti-nliti babagan ilmu lan liyané.
وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ ۚ وَبِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ٤
Wal-lażīna yu'minūna bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablik(a), wabil-ākhirati hum yūqinūn(a).
[4]
lan wong-wong sing padha precaya maring (Al-Qur’an) sing wis déturunaken maring sliramu (Muhammad) lan (kitab-kitab) sing wis déturunaken (maring Nabi) seurungé sliramu 7 , lan wong-wong mau padha precaya maring anané akhérat.
7) Sing déturunaken maring Nabi-nabi seurungé Nabi Muhammad s.a.w yakuwé; Taurat, Zabur, Injil, lan shuhuf-shuhuf (lembaran-lembaran) sing ora wujud kitab.
اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ ۙ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥
Ulā'ika ‘alā hudam mir rabbihim wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[5]
Wong-wong kuwé sing padha olih pituduh sekang Pengérané, lan wong-wong kuwé sing padha begya.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٦
Innal-lażīna kafarū sawā'un ‘alaihim a'anżartahum am lam tunżirhum lā yu'minūn(a).
[6]
Setemené wong-wong kapir 8 (mbangkang), padha baé tumrap dhéwéké, sliramu (Muhammad) paringi pepénget utawa ora sliramu paringi pepénget, dhéwéké kabéh ora bakal precaya.
8) Kapir (kafir, jamaké kuffar), yakuwé wong sing ora precaya maring anané Gusti Allah, utusan-utusan-É, malaékat-malaékat-É, kitab-kitab-É, lan dina Kiyamat.
خَتَمَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَعَلٰى سَمْعِهِمْ ۗ وَعَلٰٓى اَبْصَارِهِمْ غِشَاوَةٌ وَّلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ࣖ٧
Khatamallāhu ‘alā qulūbihim wa ‘alā sam‘ihim wa ‘alā abṣārihim gisyāwatuw wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[7]
Gusti Allah wis ngunci ati lan pengrungoné wong-wong mau 9 , pendelengané wong-wong mau wis détutup, lan wong-wong mau bakal olih siksa sing abot.
9) Saéngga naséhat utawa hidayah kuwé ora bisa mlebu maring atiné wong-wong mau.
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَمَا هُمْ بِمُؤْمِنِيْنَۘ٨
Wa minan-nāsi may yaqūlu āmannā billāhi wa bil-yaumil-ākhiri wa mā hum bimu'minīn(a).
[8]
Lan neng antarané menungsa ana sing ngomong, “Aku padha precaya maring Gusti Allah lan dina Kiyamat,” mangkan setemené wong-wong mau udu wong-wong sing padha precaya.
يُخٰدِعُوْنَ اللّٰهَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۚ وَمَا يَخْدَعُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَۗ٩
Yukhādi‘ūnallāha wal-lażīna āmanū wa mā yakhda‘ūna illā anfusahum wa mā yasy‘urūn(a).
[9]
Dhéwéké padha ngapusi Gusti Allah lan wong-wong sing padha precaya, mangka-né dhéwéké mung padha ngapusi awaké dhéwék, tanpa dhéwéké padha rumangsa.
فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌۙ فَزَادَهُمُ اللّٰهُ مَرَضًاۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ ۢ ەۙ بِمَا كَانُوْا يَكْذِبُوْنَ١٠
Fī qulūbihim maraḍun fa zādahumullāhu maraḍā(n), wa lahum ‘ażābun alīmum bimā kānū yakżibūn(a).
[10]
Neng njero atiné wong-wong mau ana prenyakit 10 , banjur Gusti Allah nambahi prenyakité; lan dhéwéké padha olih siksa sing perih, merga dhéwéké padha ngapusi.
10) Prenyakit ati kayadéné rasa mamang lan ora precaya maring prekara sing bener, lamis (munapék) lan mbangkang.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِۙ قَالُوْٓا اِنَّمَا نَحْنُ مُصْلِحُوْنَ١١
Wa iżā qīla lahum lā tufsidū fil-arḍ(i), qālū innamā naḥnu muṣliḥūn(a).
[11]
Lan umpamané déomongna maring wong-wong mau, “Aja padha gawé rusak neng bumi!” 11 Wong-wong mau padha semaur, “Setemené inyong padha malah wong-wong sing gawé bagus.”
11) Nglanggar tatanan sing détetepna agama bakal njalari ngalam kiyé rusak, malah ancur.
اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ الْمُفْسِدُوْنَ وَلٰكِنْ لَّا يَشْعُرُوْنَ١٢
Alā innahum humul-mufsidūna wa lākil lā yasy‘urūn(a).
[12]
Élinga, setemené wong-wong mau sing pa-dha gawé rusak, ning ora padha rumangsa.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا كَمَآ اٰمَنَ النَّاسُ قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ كَمَآ اٰمَنَ السُّفَهَاۤءُ ۗ اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ السُّفَهَاۤءُ وَلٰكِنْ لَّا يَعْلَمُوْنَ١٣
Wa iżā qīla lahum āminū kamā āmanan nāsu qālū anu'minu kamā āmanas-sufahā'(u), alā innahum humus-sufahā'u wa lākil lā ya‘lamūn(a).
[13]
Lan angger déomongna maring wong-wong mau, “Padha precayaa ko kabéh kayadéné wong liya sing wis padha precaya,” Wong-wong mau padha semaur, “Apa énggané inyong padha arep precaya kayadéné wong-wong sing kurang akal kaé padha precaya?” Élinga, setemené wong-wong mau sing padha ora waras, ning wong-wong mau ora padha ngerténi.
وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّا ۚ وَاِذَا خَلَوْا اِلٰى شَيٰطِيْنِهِمْ ۙ قَالُوْٓا اِنَّا مَعَكُمْ ۙاِنَّمَا نَحْنُ مُسْتَهْزِءُوْنَ١٤
Wa iżā laqul-lażīna āmanū qālū āmannā, wa iżā khalau ilā syayāṭīnihim qālū innā ma‘akum, innamā naḥnu mustahzi'ūn(a).
[14]
Lan angger wong-wong mau padha ketemu karo wong-wong sing precaya, dhéwéké padha ngomong, “Inyong kabéh wis padha precaya.” Ning angger wong-wong mau padha balik maring sétan-sétané (pemimpin-pemimpiné), wong-wong mau padha ngomong, “Jan-jané inyong kabéh bala karo ko, inyong (mau) padha mung api-api.”
اَللّٰهُ يَسْتَهْزِئُ بِهِمْ وَيَمُدُّهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ١٥
Allāhu yastahzi'u bihim wa yamudduhum fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[15]
Gusti Allah bakal nunggang-taya (ngina) wong-wong mau lan ngejorna supayané padha bingung neng sejeroné dalan kesasar.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰىۖ فَمَا رَبِحَتْ تِّجَارَتُهُمْ وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ١٦
Ulā'ikal-lażīnasytarawuḍ-ḍalālata bil-hudā, famā rabiḥat tijāratuhum wa mā kānū muhtadīn(a).
[16]
Wong-wong kuwé sing padha tuku sasar kambi pituduh. Dadi dagangé wong-wong kuwé ora bathi lan wong-wong mau padha ora olih pituduh.
مَثَلُهُمْ كَمَثَلِ الَّذِى اسْتَوْقَدَ نَارًا ۚ فَلَمَّآ اَضَاۤءَتْ مَا حَوْلَهٗ ذَهَبَ اللّٰهُ بِنُوْرِهِمْ وَتَرَكَهُمْ فِيْ ظُلُمٰتٍ لَّا يُبْصِرُوْنَ١٧
Maṡaluhum kamaṡalil-lażistauqada nārā(n), falammā aḍā'at mā ḥaulahūū żahaballāhu binūrihim wa tarakahum fī ẓulumātil lā yubṣirūn(a).
[17]
Paumpamané wong-wong mau kayadéné wong sing nyuled geni sewisé madhangi kiwé-tengené. Gusti Allah ngilangna cahya (sing madangi kuwé) lan ngejorna wong-wong mau neng petengan, ora bisa weruh.
صُمٌّ ۢ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَۙ١٨
Ṣummum bukmun ‘umyun fahum lā yarji‘ūn(a).
[18]
Wong-wong mau padha budheg, bisu, lan picek, mulané ora bisa mbalik maning.
اَوْ كَصَيِّبٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ فِيْهِ ظُلُمٰتٌ وَّرَعْدٌ وَّبَرْقٌۚ يَجْعَلُوْنَ اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ مِّنَ الصَّوَاعِقِ حَذَرَ الْمَوْتِۗ وَاللّٰهُ مُحِيْطٌۢ بِالْكٰفِرِيْنَ١٩
Au kaṣayyibim minas-samā'i fīhi ẓulumātuw wa ra‘duw wa barq(un), yaj‘alūna aṣābi‘ahum fī āżānihim minaṣ-ṣawā‘iqi ḥażaral-maut(i), wallāhu muḥīṭum bil- kāfirīn(a).
[19]
Utawa kayadéné (wong sing ketiban) udan deres sekang langit sing débarengi peteng karo bledhég lan kilat. Wong-wong mau padha nyumpeli kupingé karo jenthik-jenthiké, (ngindhani) sewara bledhég mau jalaran wedi mati. Gusti Allah ngewasani wong-wong sing padha kapir 12 .
12) Ngélmu lan kuwasané Gusti Allah nglingkupi wong-wong kapir.
يَكَادُ الْبَرْقُ يَخْطَفُ اَبْصَارَهُمْ ۗ كُلَّمَآ اَضَاۤءَ لَهُمْ مَّشَوْا فِيْهِ ۙ وَاِذَآ اَظْلَمَ عَلَيْهِمْ قَامُوْا ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَذَهَبَ بِسَمْعِهِمْ وَاَبْصَارِهِمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ٢٠
Yakādul-barqu yakhṭafu abṣārahum, kullamā aḍā'a lahum masyau fīh(i), wa iżā aẓlama ‘alaihim qāmū, wa lau syā'allāhu lażahaba bisam‘ihim wa abṣārihim, innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[20]
Meh baé bledhég kuwé nyamber pende-lengané. Aben (kilat mau) madhangi, wong-wong mau padha mlaku neng ngisoré (cahya) kuwé, lan angger petengé nutupi wong-wong mau, wong-wong mau padha mandheg. Umpamané Gusti Allah kersa, mesthi Gusti Allah ngilangna pengrungoné lan pendelengané wong-wong mau. Temen, Gusti Allah kuwé kewasa maring samubarang kabéh.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ٢١
Yā ayyuhan-nāsu‘budū rabbakumul-lażī khalaqakum wal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).
[21]
Hé menungsa! Sembaha Pengéranmu sing wis nyipta ko kabéh, lan wong-wong seurungmu, supayané ko padha semarah maring Gusti Allah (taqwa).
الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ فِرَاشًا وَّالسَّمَاۤءَ بِنَاۤءً ۖوَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَخْرَجَ بِهٖ مِنَ الثَّمَرٰتِ رِزْقًا لَّكُمْ ۚ فَلَا تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ اَنْدَادًا وَّاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٢
Allażī ja‘ala lakumul-arḍa firāsyaw was-samā'a binā'ā(n), wa anzala minas-samā'i mā'an fa akhraja bihī minaṡ-ṡamarāti rizqal lakum, falā taj‘alū lillāhi andādaw wa antum ta‘lamūn(a).
[22]
(Ya Penjenengané) sing ndadékna bumi minangka dadi panggonanmu lan langit minangka dadi payonmu. Lan Penjeneng-ané sing nurunaken banyu (udan) sekang langit, banjur Penjenengané nuwuhna woh-wohan karo udan kuwé minangka dadi rejekimu. Mulané ko aja padha gawé pepadhané (tandhingané) Gusti Allah, mangkané ko padha ngerti.
وَاِنْ كُنْتُمْ فِيْ رَيْبٍ مِّمَّا نَزَّلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا فَأْتُوْا بِسُوْرَةٍ مِّنْ مِّثْلِهٖ ۖ وَادْعُوْا شُهَدَاۤءَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٣
Wa in kuntum fī raibim mimmā nazzalnā ‘alā ‘abdinā fa'tū bisūratim mim miṡlih(ī), wad‘ū syuhadā'akum min dūnillāhi in kuntum ṣādiqīn(a).
[23]
Lan angger ko padha mamang maring (Al-Qur’an) sing Ingsun turunaken maring kawula Ingsun (Muhammad), mangka jajal gawé siji surat (baé) sing madhani kambi kaé (ayat Al-Qur’an), lan ajéka wong-wong sing padha bisa ngréwangi ko kabéh seliyané Gusti Allah, angger ko kabéh pancén wong-wong sing bener.
فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا وَلَنْ تَفْعَلُوْا فَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِيْ وَقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ ۖ اُعِدَّتْ لِلْكٰفِرِيْنَ٢٤
Fa'illam taf‘alū wa lan taf‘alū fattaqun-nāral-latī waqūduhan-nāsu wal-ḥijārah(tu), u‘iddat lil-kāfirīn(a).
[24]
Angger ko kabéh ora padha bisa gawé, lan (mesthi) ora bakal bisa, mangka wedia maring geni neraka sing suluhé (rupa) menungsa lan watu, sing déancengna nggo wong-wong kapir (mbangkang).
وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۗ كُلَّمَا رُزِقُوْا مِنْهَا مِنْ ثَمَرَةٍ رِّزْقًا ۙ قَالُوْا هٰذَا الَّذِيْ رُزِقْنَا مِنْ قَبْلُ وَاُتُوْا بِهٖ مُتَشَابِهًا ۗوَلَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَّهُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٥
Wa basysyiril-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti anna lahum jannātin tajrī min taḥtihal- anhār(u), kullamā ruziqū minhā min ṡamaratir rizqā(n), qālū hāżal-lażī ruziqnā min qablu wa utū bihī mutasyābihā(n), wa lahum fīhā azwājum muṭahharatuw wa hum fīhā khālidūn(a).
[25]
Lan butulna kabar bebungah maring wong-wong sing padha precaya lan gawé becik, lamona kanggo dhéwéké kabéh (déancengna) suwarga-suwarga sing neng ngisoré ana kali-kali sing padha mili. Saben-saben wong-wong mau déparingi rejeki woh-wohan sekang suwarga, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé rejeki sing déparingna maring inyong kabéh gemiyén.” Wong-wong wis déparingi (woh-wohan) sing padha wujudé. Lan neng kana dhéwéké padha (olih) jodho-jodho sing thing-thing. Wong-wong mau langgeng neng njeroné.
۞ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَسْتَحْيٖٓ اَنْ يَّضْرِبَ مَثَلًا مَّا بَعُوْضَةً فَمَا فَوْقَهَا ۗ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۚ وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَيَقُوْلُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًا ۘ يُضِلُّ بِهٖ كَثِيْرًا وَّيَهْدِيْ بِهٖ كَثِيْرًا ۗ وَمَا يُضِلُّ بِهٖٓ اِلَّا الْفٰسِقِيْنَۙ٢٦
Innallāha lā yastaḥyī ay yaḍriba maṡalam mā ba‘ūḍatan famā fauqahā, fa'ammal- lażīna āmanū faya‘lamūna annahul-ḥaqqu mir rabbihim, wa ammal-lażīna kafarū fayaqūlūna māżā arādallāhu bihāżā maṡalā(n), yuḍillu bihī kaṡīraw wa yahdī bihī kaṡīrā(n), wa mā yuḍillu bihī illal-fāsiqīn(a).
[26]
Setemené Gusti Allah ora sungkan gawé paumpaman lemud sewiji utawa sing lewih cilik sekang kuwé. Anadéné wong-wong sing padha precaya, dhéwéké padha ngerti lamona kuwé kasunyatan sekang Pengéran. Ning, wong-wong sing kapir padha ngomong, “Apa maksudé Gusti Allah gawé paumpaman-paumpaman kiyé?” Kanthi (paumpaman) kuwé akéh wong sing déjorna kesasar 13 déning Gusti Allah, lan jalaran sekang kuwé akéh (uga) wong sing déparingi pituduh. Ning ora nana sing désasarna déning Gusti Allah kanthi (paumpaman-paumpaman) kuwé seliyané wong-wong pasék, 14
13) Wong kuwé kesasar sebab dhéwéké mbangkang tur ora gelem mahami pituduh-pituduhé Gusti Allah. Neng ayat kiyé, sebab dhéwéké mbangkang tur ora gelem mahami apa sebabé Gusti Allah ndadékna lemud minangka conto, dadiné dhéwéké padha kesasar.
14) Wong pasék yakuwé wong sing nerak aturané agama, mbuh omongané utawa kelakuané.
الَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖۖ وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٢٧
Allażīna yanquḍūna ‘ahdallāhi mim ba‘di mīṡāqih(ī), wa yaqṭa‘ūna mā amarallāhu bihī ay yūṣala wa yufsidūna fil-arḍ(i), ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[27]
(yakuwé) wong-wong sing padha ngingkari janjiné Gusti Allah sewisé (janjiné) kuwé déteguhna, lan medhot apa sing dépréntahna déning Gusti Allah supayané désambung, lan padha gawé rusak neng lumahing bumi. Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha kapitunan.
كَيْفَ تَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ وَكُنْتُمْ اَمْوَاتًا فَاَحْيَاكُمْۚ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٨
Kaifa takfurūna billāhi wa kuntum amwātan fa'aḥyākum, ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[28]
Kepriwé ko padha ingkar maring Gusti Allah, mangkané ko (mauné) padha mati, banjur Penjenengané nguripna ko kabéh, banjur Penjenengané matékna maning, banjur nguripna maning. Banjur mung maring Gusti Allah ko kabéh débalékna.
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَ لَكُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ثُمَّ اسْتَوٰٓى اِلَى السَّمَاۤءِ فَسَوّٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ ۗ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٢٩
Huwal-lażī khalaqa lakum mā fil-arḍi jamī‘ā(n), ṡummastawā ilas-samā'i fasawwāhunna sab‘a samāwāt(in), wa huwa bikulli syai'in ‘alīm(un).
[29]
Penjenengané (Gusti Allah) sing ndadékna apa baé sing ana neng bumi nggo ko kabéh, banjur Penjenengané nuju maring langit, banjur Penjenengané nyempurnakna dadi pitung langit. Lan Penjenengané Maha Ngawuningani samubarang kabéh.
وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ جَاعِلٌ فِى الْاَرْضِ خَلِيْفَةً ۗ قَالُوْٓا اَتَجْعَلُ فِيْهَا مَنْ يُّفْسِدُ فِيْهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاۤءَۚ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ ۗ قَالَ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٣٠
Wa iż qāla rabbuka lil-malā'ikati innī jā‘ilun fil-arḍi khalīfah(tan), qālū ataj‘alu fīhā may yufsidu fīhā wa yasfikud-dimā'(a), wa naḥnu nusabbiḥu biḥamdika wa nuqaddisu lak(a), qāla innī a‘lamu mā lā ta‘lamūn(a).
[30]
Lan (élinga) rikala Pengéranmu ngendika maring para malaékat: “Ingsun arep ndadékna khalifah 15 neng bumi.” Para malaékat padha matur: “Napa Penjene-ngan ajeng damel menungsa sing sami ngrusak lan mutahna getih wonten mrika, mangkané kula sami teras maos tasbéh ngalembana Penjenengan lan nyucékna Penjenengan?” Penjenengané dhawuh, “Temen, Ingsun ngawuningani apa sing ko padha ora ngerti.”
15) Khalifah tegesé wong sing ngganténi, makili, pemimpin utawa penggawa.
وَعَلَّمَ اٰدَمَ الْاَسْمَاۤءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ فَقَالَ اَنْۢبِـُٔوْنِيْ بِاَسْمَاۤءِ هٰٓؤُلَاۤءِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣١
Wa ‘allama ādamal-asmā'a kullahā ṡumma ‘araḍahum ‘alal-malā'ikati faqāla ambi'ūnī bi'asmā'i hā'ulā'i in kuntum ṣādiqīn(a).
[31]
Lan Penjenengané mulang Adam aran-arané (prekara utawa barang) sekabéhé, banjur Penjenengané ngedhéngna maring malaékat, kanthi dhawuh, “Jajal sebutna maring Ingsun arané sekabéhé (prekara utawa barang) kiyé, angger ko padha sing bener.”
قَالُوْا سُبْحٰنَكَ لَا عِلْمَ لَنَآ اِلَّا مَا عَلَّمْتَنَا ۗاِنَّكَ اَنْتَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ٣٢
Qālū subḥānaka lā ‘ilma lanā illā mā ‘allamtanā, innaka antal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[32]
Dhéwéké (malaékat) padha semaur, “Maha-suci Penjenengan, mboten wonten sing kula sami ngertosi sanésé perkawis sing empun Penjenengan wucalaken dhateng kula sedaya. Éstu, Penjenengan Ingkang Maha Ngawuningani, Maha Wicaksana.
قَالَ يٰٓاٰدَمُ اَنْۢبِئْهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْ ۚ فَلَمَّآ اَنْۢبَاَهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْۙ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۙ وَاَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَ٣٣
Qāla yā ādamu ambi'hum bi'asmā'ihim, falammā amba'ahum bi'asmā'ihim, qāla alam aqul lakum innī a‘lamu gaibas-samāwāti wal-arḍ(i), wa a‘lamu mā tubdūna wa mā kuntum taktumūn(a).
[33]
Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Hé Adam, tidhokna maring dhewéké kabéh (malaékat) aran-arané kuwé!” Sewisé (Adam) nyebutna aran-arané, Penjenenga-né dhawuh, “Kesinggihan Ingsun wis dhawuh maring sliramu, lamon setemené Ingsun ngawuning-ani wewadiné langit karo bumi, lan Ingsun ngawuningani apa baé sing sliramu edhéngna lan apa baé sing sliramu umpetna.”
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اَبٰى وَاسْتَكْبَرَۖ وَكَانَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٣٤
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li ādama fasajadū illā iblīs(a), abā wastakbara wa kāna minal-kāfirīn(a).
[34]
Lan, (élinga) rikala Ingsun dhawuh maring para malaékat, “Sujuda ko kabéh maring Adam!” Mangka kiyambéké padha sujud kejaba Iblis. 16 Dhéwéké ora gelem lan ngedirna awaké dhéwék, lan dhéwéké klebu golongan sing mbangkang.
16) Iblis kepélu golongané jin lan klebu sing dépréntah kon sujud.
وَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اسْكُنْ اَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ وَكُلَا مِنْهَا رَغَدًا حَيْثُ شِئْتُمَاۖ وَلَا تَقْرَبَا هٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُوْنَا مِنَ الظّٰلِمِيْنَ٣٥
Wa qulnā yā ādamuskun anta wa zaujukal-jannata wa kulā minhā ragadan ḥaiṡu syi'tumā, wa lā taqrabā hāżihisy-syajarata fa takūnā minaẓ-ẓālimīn(a).
[35]
Lan Ingsun dhawuh, “Hé Adam! Manggona sliramu karo bojomu neng njero suwarga, lan mangana kanthi nékmat (serupané panganan) sing ana neng kana sesenengmu. (Ningén) aja nganti sliramu méreki wit kiyé, 17 mengko sliramu bakal klebu wong-wong sing padha aniaya (gawé kapitunan) 18 .
17) Apus-apusé sétan, sapa sing mangan wohé wit kuwé, bakal langgeng neng suwarga, deleng Taha (20): 120.
18) Dolim tegesé gawé aniaya. Wong sing dolim yakuwé wong sing nglakoni penggawé aniaya, sing gawé kapitunan maring awaké dhéwék utawa wong liya.
فَاَزَلَّهُمَا الشَّيْطٰنُ عَنْهَا فَاَخْرَجَهُمَا مِمَّا كَانَا فِيْهِ ۖ وَقُلْنَا اهْبِطُوْا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚ وَلَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَّمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ٣٦
Fa'azallahumasy-syaiṭānu ‘anhā fa akhrajahumā mimmā kānā fīh(i), wa qulnahbiṭū ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), wa lakum fil-arḍi mustaqarruw wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[36]
Banjur sétan ngrékadayani sekloroné (Adam karo bojoné) sekang suwarga 19 saéngga sekloroné détokna sekang (sekabéhé nékmat) rikala sekloroné neng suwarga. Lan Ingsun dhawuh, “Temuruna ko kabéh! Sebagéane ko padha dadi mungsuh tumrap sebagéan sing liyané. Lan kanggo sliramu ana papan panggonan lan kesenengan neng bumi butul mangsa sing détemtokna.
19) Nabi Adam a.s. lan Hawa padha ndhahar wohé wit sing délarang kuwé, sing njalari sekloroné déurak déning Gusti Allah sekang suwarga lan déturunaken maring dunya.
فَتَلَقّٰٓى اٰدَمُ مِنْ رَّبِّهٖ كَلِمٰتٍ فَتَابَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ٣٧
Fatalaqqā ādamu mir rabbihī kalimātin fatāba ‘alaih(i), innahū huwat-tawwābur- raḥīm(u).
[37]
Banjur Adam nampa pira-pira pengucap 20 sekang Pengérané, terus Penjenengané nampa tobaté. Temen Gusti Allah Maha Nampani Tobat, Mahaasih.
20) Pengucap kuwé miturut sebagéan juru tapsir yakuwé pengucap nggo njaluk pengampura (tobat).
قُلْنَا اهْبِطُوْا مِنْهَا جَمِيْعًا ۚ فَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى فَمَنْ تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٣٨
Qulnahbiṭū minhā jamī‘ā(n), fa'immā ya'tiyannakum minnī hudan faman tabi‘a hudāya falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[38]
Ingsun dhawuh, “Padha temuruna sliramu kabéh sekang suwarga! Banjur angger nyata-nyata teka pituduh Ingsun maring sliramu, mangka sapa wongé manut pituduh Ingsun, ora nana rasa wedi tumrap dhéwéké kabéh lan dhéwéké padha ora susah atiné.”
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٣٩
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[39]
Anadéné wong-wong sing padha mbangkang lan nggorohna ayat-ayat Ingsun, dhéwéké padha manggon neng neraka. Dhéwéké padha langgeng neng kana.
يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَوْفُوْا بِعَهْدِيْٓ اُوْفِ بِعَهْدِكُمْۚ وَاِيَّايَ فَارْهَبُوْنِ٤٠
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa aufū bi‘ahdī ūfi bi‘ahdikum, wa iyyāya farhabūn(i).
[40]
Hé Bani Israil 21 , Émuta nékmat Ingsun sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh. Lan buktékna janjimu maring Ing-sun 22 , mesthi Ingsun buktékna janji Ingsun maring ko kabéh, lan semaraha (takwa) ko kabéh mung maring Ingsun baé.
21) Israil yakuwé sebutan kanggo Nabi Yakub a.s. Bani Israil yakuwé anak-turuné Nabi Yakub a.s lan siki kewentar kambi aran bangsa Yahudi.
22) Neng antarané janji Bani Israil maring Gusti Allah yakuwé mung nyembah maring Gusti Allah, ora gawé tandhingan tumrap Gusti Allah, lan precaya maring Nabi Muhammad s.a.w kayadéné sing désebut neng njeroné Taurat.
وَاٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلْتُ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ وَلَا تَكُوْنُوْٓا اَوَّلَ كَافِرٍۢ بِهٖ ۖ وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۖوَّاِيَّايَ فَاتَّقُوْنِ٤١
Wa āminū bimā anzaltu muṣaddiqal limā ma‘akum wa lā takūnū awwala kāfirim bih(ī), wa lā tasytarū bi'āyātī ṡamanan qalīlā(n), wa iyyāya fattaqūn(i).
[41]
Lan padha precayaa ko kabéh maring apa (Al-Qur’an) sing wis Ingsun turunaken sing mbenerna apa (Taurat) sing ana neng ko kabéh, lan aja nganti ko kabéh dadi wong sing kawitan mbangkang maring apa (Al-Qur’an) kuwé. Aja nganti ko padha adol ayat-ayat Ingsun kanthi rega sing murah, lan padha manuta ko padha mung maring Ingsun.
وَلَا تَلْبِسُوا الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُوا الْحَقَّ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤٢
Wa lā talbisul-ḥaqqa bil-bāṭili wa taktumul-ḥaqqa wa antum ta‘lamūn(a).
[42]
Lan ko aja padha nyampur-bawurna prekara bener karo prekara ala (batil) 23 , lan (aja) padha ngumpetna prekara bener, mangkané ko padha ngerti.
23) Batil tegesé luput, penggawé aniaya, mungkar lan seliyané,
وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَارْكَعُوْا مَعَ الرّٰكِعِيْنَ٤٣
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta warka‘ū ma‘ar-rāki‘īn(a).
[43]
Lan padha nglakonana sembayang, mbayara jakat, lan ndhongkoa (rukuka) bareng-bareng wong sing padha ndhongko.
۞ اَتَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبِرِّ وَتَنْسَوْنَ اَنْفُسَكُمْ وَاَنْتُمْ تَتْلُوْنَ الْكِتٰبَ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٤٤
Ata'murūnan-nāsa bil-birri wa tansauna anfusakum wa antum tatlūnal-kitāb(a), afalā ta‘qilūn(a).
[44]
Kenangapa ko padha ngongkon wong liya (nglakoni) kebecikan, ning ko padha nglalékna maring awakmu dhéwék, mangkané ko padha maca kitab (Taurat)? Mbokan ko padha ngerti?
وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ وَاِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَۙ٤٥
Wasta‘īnū biṣ-ṣabri waṣ-ṣalāh(ti), wa innahā lakabīratun illā ‘alal-khāsyi‘īn(a).
[45]
Lan njaluka pitulungan (maring Gusti Allah) kanthi sabar lan sembayang. Lan (samba-yang) kuwé pancén abot, kejaba kanggoné wong-wong sing gentur (khusyuk),
الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَاَنَّهُمْ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَ ࣖ٤٦
Allażīna yaẓunnūna annahum mulāqū rabbihim wa annahum ilaihi rāji‘ūn(a).
[46]
(yakuwé) wong-wong sing padha precaya, lamon dhéwéké kuwé arep padha ngadhep maring Pengérané, lan lamon dhéwéké kuwé arep padha bali maring Ngarsané.
يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ٤٧
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa annī faḍḍaltukum ‘alal- ‘ālamīn(a).
[47]
Hé Bani Israil! Élinga maring nékmat Ingsun sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh, lan setemené Ingsun wis munjulna ko kabéh sekang sekabéhé umat liyané neng ngalam dunya kiyé (rikala jaman semena).
وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا شَفَاعَةٌ وَّلَا يُؤْخَذُ مِنْهَا عَدْلٌ وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ٤٨
Wattaqū yaumal lā tajzī nafsun ‘an nafsin syai'aw wa lā yuqbalu minhā syafā‘atuw wa lā yu'khażu minhā ‘adluw wa lā hum yunṣarūn(a).
[48]
Lan padha wedia ko kabéh maring dina, (rikala) ora nana sewiji wong sing bisa mbélani wong liya semendhing-mendhinga, rikalané syafaat 24 (pitulung) lan tebusan apa baé sekang wong-wong mau ora détampa lan wong-wong mau ora bakal détulungi.
24) Syafaat yakuwé pitulungan sing déparingna déning Rasul utawa wong-wong pinesthi nggo ngénthéngna siksa utawa rénggané wong neng akhérat, kanthi keparengé Gusti Allah.
وَاِذْ نَجَّيْنٰكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِ يُذَبِّحُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْ ۗ وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ٤٩
Wa iż najjainākum min āli fir‘auna yasūmūnakum sū'al-‘ażābi yużabbiḥūna abnā'akum wa yastaḥyūna nisā'akum, wa fī żālikum balā'um mir rabbikum ‘aẓīm(un).
[49]
Lan (élinga) rikalané Ingsun nylametna ko kabéh sekang (Fir’aun) lan bala-balané Fir’aun 25 . Wong-wong mau padha nibakna siksa sing banget aboté maring ko kabéh. Dhéwéké kabéh padha nyembeléh anak-anakmu lanang lan ngejorna urip anak-anakmu wadon. Lan sing mengkana kuwé minangka coban sing gedhé sekang Pengéranmu.
25) Fira’un kuwé parabané ratu-ratu Mesir jaman kuna. Miturut sejarah, fir’aun rikala jaman Nabi Musa a.s. arané Menephthan (1232-1224 SM) anaké Ramses.
وَاِذْ فَرَقْنَا بِكُمُ الْبَحْرَ فَاَنْجَيْنٰكُمْ وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ٥٠
Wa iż faraqnā bikumul-baḥra fa'anjainākum wa agraqnā āla fir‘auna wa antum tanẓurūn(a).
[50]
Lan (élinga) rikala Ingsun miyak segara nggo ko kabéh, saéngga ko padha bisa Ingsun tulungi lan Ingsun lelepna (Fir’aun lan) bala-balané, mangkané ko padha nyekséni.
وَاِذْ وٰعَدْنَا مُوْسٰىٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ٥١
Wa iż wā‘adnā mūsā arba‘īna lailatan ṡummattakhażtumul-‘ijla mim ba‘dihī wa antum ẓālimūn(a).
[51]
Lan (élinga) rikala Ingsun paring janji maring (Nabi) Musa patang puluh wengi. 26 Banjur ko (Bani Israil) ndadékna (reca) pedhét (dadi sembahan) sewisé (lungané) kiyambéké (Musa), lan ko (dadi) wong sing padha nganiaya (kapitunan).
26) Sewijiné wates wektu sing déjanjékna déning Gusti Allah nggo nampa pituduh (Taurat), ning umaté Nabi Musa a.s ora padha sabar ngenténi, akhiré umaté Nabi Musa padha nyembah reca pedhét (anak sapi) gawéané Samiri.
ثُمَّ عَفَوْنَا عَنْكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٥٢
Ṡumma ‘afaunā ‘ankum mim ba‘di żālika la‘allakum tasykurūn(a).
[52]
Banjur Ingsun paring ampura maring ko kabéh sewisé kuwé, supayané ko padha kesuwun.
وَاِذْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَالْفُرْقَانَ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ٥٣
Wa iż ātainā mūsal-kitāba wal-furqāna la‘allakum tahtadūn(a).
[53]
Lan (élinga), rikala Ingsun paring maring Musa Kitab lan Furqan, supayané ko kabéh padha olih pituduh. 27
27) Sing démaksud kitab yakuwé Taurat. Lan sing démaksud Furqan yakuwé keterangan-keterangan liya nggo mbédakna sing becik karo sing ala.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اِنَّكُمْ ظَلَمْتُمْ اَنْفُسَكُمْ بِاتِّخَاذِكُمُ الْعِجْلَ فَتُوْبُوْٓا اِلٰى بَارِىِٕكُمْ فَاقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ عِنْدَ بَارِىِٕكُمْۗ فَتَابَ عَلَيْكُمْ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ٥٤
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumi innakum ẓalamtum anfusakum bittikhāżikumul- ‘ijla fatūbū ilā bāri'ikum faqtulū anfusakum, żālikum khairul lakum ‘inda bāri'ikum, fatāba ‘alaikum, innahū huwat-tawwābur-raḥīm(u).
[54]
Lan (élinga) rikala Musa ngucap maring kaumé, “Hé kaumku! Ko nyata-nyata wis nganiaya awakmu dhéwék kanthi ndadékna (reca) pedhét (dadi sembahan), mula padha tobata maring Sing Nyipta awakmu lan paténana baé awakmu. 28 Kuwé lewih apik tumrap ko neng sisihé Sing Nyipta awakmu. Penjenengané bakal nampa tobatmu. Temen, Penjenengané kuwé Sing Maha Nampa Tobat, Mahawelas.
28) “Maténi awakmu” ana sing negesi, wong-wong sing ora nyembah reca pedhét kuwé maténi wong sing padha nyembah. Ana uga sing negesi, wong sing nyembah reca pedhét kuwé kon padha patén-paténan, lan ana uga sing negesi wong-wong mau dékongkon maténi awaké dhéwék-dhéwék minangka nggo tobat.
وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى نَرَى اللّٰهَ جَهْرَةً فَاَخَذَتْكُمُ الصّٰعِقَةُ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ٥٥
Wa iż qultum yā mūsā lan nu'mina laka ḥattā narallāha jahratan fa'akhażatkumuṣ-ṣā‘iqatu wa antum tanẓurūn(a).
[55]
Lan (élinga) rikala ko padha ngucap, “Hé Musa! Inyong padha ora arep precaya maring sliramu seurungé Inyong padha weruh Gusti Allah kanthi nyata,” mangka bledhég nyamber ko kabéh, mangkané ko padha nyekséni.
ثُمَّ بَعَثْنٰكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَوْتِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٥٦
Ṡumma ba‘aṡnākum mim ba‘di mautikum la‘allakum tasykurūn(a).
[56]
Banjur, Ingsun nangékna ko sewisé ko mati, supayané ko padha kesuwun.
وَظَلَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْغَمَامَ وَاَنْزَلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى ۗ كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ ۗ وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٥٧
Wa ẓallalnā ‘alaikumul-gamāma wa anzalnā ‘alaikumul-manna was-salwā, kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa mā ẓalamūnā wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[57]
Lan Ingsun ngaubi ko kabéh karo lamuk, lan Ingsun ngedunaken maring ko mann lan salwa 29 . Padha mangana (panganan) sing apik-apik sekang rejeki sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh. Wong-wong mau ora nganiaya Ingsun, ning malah dhéwéké kabéh sing nganiaya maring awaké dhéwék.
29) Mann yakuwé sewenéh madu. Salwa yakuwé sewenéh manuk puyuh.
وَاِذْ قُلْنَا ادْخُلُوْا هٰذِهِ الْقَرْيَةَ فَكُلُوْا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ رَغَدًا وَّادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَّقُوْلُوْا حِطَّةٌ نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطٰيٰكُمْ ۗ وَسَنَزِيْدُ الْمُحْسِنِيْنَ٥٨
Wa iż qulnadkhulū hāżihil-qaryata fakulū minhā ḥaiṡu syi'tum ragadaw wadkhulul- bāba sujjadaw wa qūlū ḥiṭṭatun nagfir lakum khaṭāyākum, wa sanazīdul-muḥsinīn(a).
[58]
Lan (élinga) nalikané Ingsun dhawuh, ”Mlebua maring negara kiyé (Baitulmaq-dis), mangka mangana kanthi nékmat (panganan apa baé) sing ana neng kana sesenengmu. Lan leboni lawang sekéthéngé karo ndhong-ko, lan ngucapa, ”Bebasna inyong kabéh (sekang dosa-dosanku kabéh),” mesthi Ingsun bakal ngampura salah-salahmu. Lan Ingsun bakal nambahi (kanugrahan) nggo wong-wong sing padha nglakoni kebecikan.”
فَبَدَّلَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا قَوْلًا غَيْرَ الَّذِيْ قِيْلَ لَهُمْ فَاَنْزَلْنَا عَلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ ࣖ٥٩
Fabaddalal-lażīna ẓalamū qaulan gairal-lażī qīla lahum fa anzalnā ‘alal-lażīna ẓalamū rijzam minas-samā'i bimā kānū yafsuqūn(a).
[59]
Banjur wong-wong sing aniaya padha ngganti préntah karo préntah (liyané) sing ora dépréntahna maring wong-wong mau. Mangka Ingsun turunaken marabaya sekang langit nggo wong-wong sing aniaya kuwé, merga dhéwéké mau (ajeg) nglakoni pasék.
۞ وَاِذِ اسْتَسْقٰى مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ فَقُلْنَا اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْحَجَرَۗ فَانْفَجَرَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًا ۗ قَدْ عَلِمَ كُلُّ اُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْ ۗ كُلُوْا وَاشْرَبُوْا مِنْ رِّزْقِ اللّٰهِ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ٦٠
Wa iżistasqā mūsā liqaumihī faqulnaḍrib bi‘aṣākal-ḥajar(a), fanfajarat minhuṡnatā ‘asyrata ‘ainā(n), qad ‘alima kullu unāsim masyrabahum, kulū wasyrabū mir rizqillāhi wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[60]
Lan (élinga) rikala Musa nyuwun banyu nggo kaumé, banjur Ingsun dhawuh, “Gebuga watu kuwé karo tekenmu!” Mangka mancur sekang watu kuwé rolas tuk banyu. Saben golongan wis ngerténi panggonan nginumé (dhéwék-dhéwék) 30 , mangana lan nginuma sekang rejeki (sing déparingna) Gusti Allah, lan ko aja padha nglakoni kejahatan neng dunya kanthi gawé kerusakan.
30) Saben golongan sekang 12 golongan Bani Israil, kaya sing désebut neng Al-A’raf (7): 160
وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نَّصْبِرَ عَلٰى طَعَامٍ وَّاحِدٍ فَادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُخْرِجْ لَنَا مِمَّا تُنْۢبِتُ الْاَرْضُ مِنْۢ بَقْلِهَا وَقِثَّاۤىِٕهَا وَفُوْمِهَا وَعَدَسِهَا وَبَصَلِهَا ۗ قَالَ اَتَسْتَبْدِلُوْنَ الَّذِيْ هُوَ اَدْنٰى بِالَّذِيْ هُوَ خَيْرٌ ۗ اِهْبِطُوْا مِصْرًا فَاِنَّ لَكُمْ مَّا سَاَلْتُمْ ۗ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ وَالْمَسْكَنَةُ وَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ ۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَيَقْتُلُوْنَ النَّبِيّٖنَ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗ ذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ ࣖ٦١
Wa iż qultum yā mūsā lan naṣbira ‘alā ṭa‘āmiw wāḥidin fad‘u lanā rabbaka yukhrij lanā mimmā tumbitul-arḍu mim baqlihā wa qiṡṡā'ihā wa fūmihā wa ‘adasihā wa baṣalihā, qāla atastabdilūnal-lażī huwa adnā bil-lażī huwa khair(un), ihbiṭū miṣran fa inna lakum mā sa'altum, wa ḍuribat ‘alaihimuż-żillatu wal-maskanatu wa bā'ū bigaḍabim minallāh(i), żālika bi'annahum kānū yakfurūna bi'āyātillāhi wa yaqtulūnan- nabiyyīna bi gairil-ḥaqq(i), żālika bimā ‘aṣaw wa kānū ya‘tadūn(a).
[61]
Lan (élinga), rikala ko padha ngucap, ”Hé, Musa! Inyong kabéh ora tahan mung (mangan) panganan sewerna thok, mula njaluka maring Pengéranmu nggo inyong kabéh, supayané Penjenengané maringi inyong kabéh apa sing déthukulna neng bumi, kayadéné janganan, timun, bawang, kacang adas lan brambang.” Kiyambeké (Musa) njawab, ”Apa ko njaluk apa sing ala nggo ngganti sekang apa sing becik? Mangkata maring sewiji kota, mesthi ko bakal olih sing dadi penjalukanmu.” Banjur wong-wong mau padha dégawé ina lan mlarat, lan wong-wong mau bali olih benduné Gusti Allah. Sing mengkana kuwé (kelakon) merga wong-wong mau padha mblénjani ayat-ayat-É Gusti Allah lan maténi para nabi tanpa hak (alesan sing bener). Sing kaya kuwé merga wong-wong mau padha duraka lan padha ngléwati wates.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالنَّصٰرٰى وَالصَّابِــِٕيْنَ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦٢
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū wan-naṣārā waṣ-ṣābi'īna man āmana billāhi wal- yaumil-ākhiri wa ‘amila ṣāliḥan fa lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[62]
Setemené wong-wong sing padha precaya, wong-wong Yahudi, wong-wong Nasrani, lan wong-wong sabi’in 31 , sapa wongé (antarané wong-wong mau) sing precaya maring Gusti Allah lan dina akhérat, lan nglakoni kebecikan, wong-wong mau padha olih ganjaran sekang Pengérané, ora nana rasa wedi ingatasé wong-wong mau, lan wong-wong mau ora padha susah atiné.
31) Sabi’in kuwé umat seurungé Nabi Muhammad s.a.w sing padha ngerti anané Pengéran Sing Mahatunggal, lan precaya maring pengaruh lintang-lintang.
وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّوْرَۗ خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاذْكُرُوْا مَا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ٦٣
Wa iż akhażnā mīṡāqakum wa rafa‘nā fauqakumuṭ-ṭūr(a), khużū mā ātainākum biquwwatiw ważkurū mā fīhi la‘allakum tattaqūn(a).
[63]
Lan (élinga) rikala Ingsun mundhut janjimu lan Ingsun junjung gunung (Sinai) sendhu-wurmu (kambi dhawuh), “Cekelen kanthi teguh apa sing wis Ingsun paringna maring ko lan élinga apa sing ana neng njeroné, supayané ko padha semarah (takwa).”
ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ لَكُنْتُمْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٦٤
Ṡumma tawallaitum mim ba‘di żālika falau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū lakuntum minal-khāsirīn(a).
[64]
Banjur sewisé kuwé ko padha mléngos. Mangka umpamané udu merga kanugrahané Gusti Allah lan kewelasan-É maring ko kabéh, mesti ko klebu wong sing padha kapitunan.
وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ الَّذِيْنَ اعْتَدَوْا مِنْكُمْ فِى السَّبْتِ فَقُلْنَا لَهُمْ كُوْنُوْا قِرَدَةً خٰسِـِٕيْنَ٦٥
Wa laqad ‘alimtumul-lażīna‘tadau minkum fis-sabti faqulnā lahum kūnū qiradatan khāsi'īn(a).
[65]
Lan temen, ko wis ngerti wong-wong sing padha nglanggar neng antarané ko kabéh neng dina Sabat 32 , banjur Ingsun dhawuh maring wong-wong mau, “Dadia ko kabéh kethék sing ina!” 33
32) Dina Sabat yakuwé dina Setu, dinané wong Yahudi nggo ngibadah.
33) Kethék: temen dadi kethék minangka supatané Gusti Allah. Ana juru tapsir sing ngartékna, nduwéni wateké kethék.
فَجَعَلْنٰهَا نَكَالًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهَا وَمَا خَلْفَهَا وَمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَ٦٦
Faja‘alnāhā nakālal limā baina yadaihā wa mā khalfahā wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[66]
Mangka Ingsun dadékna (sing kaya kuwé) pengéling-éling nggo wong-wong neng wektu kuwé lan kanggo wong-wong sing padha teka sewisé kuwé, lan dadi piwulang nggo wong-wong sing padha semarah (takwa).
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖٓ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُكُمْ اَنْ تَذْبَحُوْا بَقَرَةً ۗ قَالُوْٓا اَتَتَّخِذُنَا هُزُوًا ۗ قَالَ اَعُوْذُ بِاللّٰهِ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ٦٧
Wa iż qāla mūsā liqaumihī innallāha ya'murukum an tażbaḥū baqarah(tan), qālū atattakhiżunā huzuwā(n), qāla a‘ūżu billāhi an akūna minal-jāhilīn(a).
[67]
Lan (élinga) rikala Musa ngucap maring kaumé, “Gusti Allah ndhawuhi ko supaya nyembeléh sapi wadon siji.” Wong-wong mau padha takon, “Apa sliramu arep gawé inyong kabéh dadi écéan?” 34 (Musa) njawab, “Inyong ngayom maring Gusti Allah supaya ora klebu golongané wong-wong sing bodho.”
34) Wewadi Gusti Allah ndhawuhi nyembeléh sapi, supayané ilang rasa ormaté wong-wong mau maring reca pedhét sing padha désembah déning wong-wong mau.
قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا هِيَ ۗ قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ لَّا فَارِضٌ وَّلَا بِكْرٌۗ عَوَانٌۢ بَيْنَ ذٰلِكَ ۗ فَافْعَلُوْا مَا تُؤْمَرُوْنَ٦٨
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā hiy(a), qāla innahū yaqūlu innahā baqaratul lā fāriḍuw wa lā bikr(un), ‘awānum baina żālik(a), faf‘alū mā tu'marūn(a).
[68]
Wong-wong mau padha ngucap, “Njaluka maring Pengéranmu nggo Inyong kabéh supaya Penjenengané nerangna maring Inyong kabéh prekara (sapi wadon) kuwé. Kiyambéké (Musa) njawab, “Penjeneng-ané (Gusti Allah) dhawuh, lamon sapi wadon kuwé ora tua lan ora enom, (ning) neng tengah-tengah antarané kuwé. Mula padha lakonana apa sing dédhawuhna maring ko kabéh.”
قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا لَوْنُهَا ۗ قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ صَفْرَاۤءُ فَاقِعٌ لَّوْنُهَا تَسُرُّ النّٰظِرِيْنَ٦٩
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā launuhā, qāla innahū yaqūlu innahā baqaratun ṣafrā'u fāqi‘ul launuhā tasurrun-nāẓirīn(a).
[69]
Wong-wong mau padha ngucap, “Njaluka maring Pengéranmu nggo inyong kabéh supaya Penjenengané nerangna maring inyong kabéh apa wernané (sapi kuwé).” Dhéwéké (Musa) semaur, “Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, lamona (sapi kuwé) sapi wadon sing kuning tua wernané, sing gawé seneng (maring) wong-wong sing padha nyawang.”
قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا هِيَۙ اِنَّ الْبَقَرَ تَشٰبَهَ عَلَيْنَاۗ وَاِنَّآ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَمُهْتَدُوْنَ٧٠
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā hiy(a), innal-baqara tasyābaha ‘alainā, wa innā in syā'allāhu lamuhtadūn(a).
[70]
Wong-wong mau padha ngucap, “Njaluka maring Pengéranmu nggo inyong kabéh supaya Penjenengané nerangna nggo inyong kabéh babagan (sapi wadon) kuwé. (Merga) setemené sapi kuwé urung genah tumrapé inyong kabéh, lan setemené, énggané Gusti Allah ngersakna, mesthi inyong padha olih pituduh.”
قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ لَّا ذَلُوْلٌ تُثِيْرُ الْاَرْضَ وَلَا تَسْقِى الْحَرْثَۚ مُسَلَّمَةٌ لَّاشِيَةَ فِيْهَا ۗ قَالُوا الْـٰٔنَ جِئْتَ بِالْحَقِّ فَذَبَحُوْهَا وَمَا كَادُوْا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٧١
Qāla innahū yaqūlu innahā baqaratul lā żalūlun tuṡīrul-arḍa wa lā tasqil-ḥarṡ(a), musallamatul lā syiyata fīhā, qālul-'āna ji'ta bil-ḥaqqi fażabaḥūhā wa mā kādū yaf‘alūn(a).
[71]
Kiyambeké (Musa) semaur, “Penjene-ngané (Gusti Allah) dhawuh, (sapi kuwé) sapi wadon sing urung tau dénggo mluku lemah lan urung (uga) nggo mbanyoni tanduran, waras, lan ora nana welangé.” Wong-wong mau padha ngomong, “Siki nembé baé sliramu nerangna (prekara) sing sebeneré.” Banjur wong-wong mau nyembeléh (sapi wadon), lan méh baé wong-wong mau ora padha nglakoni (préntah) kuwé.
وَاِذْ قَتَلْتُمْ نَفْسًا فَادّٰرَءْتُمْ فِيْهَا ۗ وَاللّٰهُ مُخْرِجٌ مَّا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَ ۚ٧٢
Wa iż qultum nafsan faddāra'tum fīhā, wallāhu mukhrijum mā kuntum taktumūn(a).
[72]
Lan (élinga) rikala ko maténi sewijiné wong, banjur ko padha aran-aranan (tu-dhuh-tudhuhan) prekara kuwé. Ning Gusti Allah mbukak apa sing ko padha umpet.
فَقُلْنَا اضْرِبُوْهُ بِبَعْضِهَاۗ كَذٰلِكَ يُحْيِ اللّٰهُ الْمَوْتٰى وَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ٧٣
Faqulnaḍribūhu biba‘ḍihā, każālika yuḥyillāhul-mautā wa yurīkum āyātihī la‘allakum ta‘qilūn(a).
[73]
Banjur Ingsun dhawuh, “Gebuga (mayid) kuwé nganggo bagéan sekang (sapi) kuwé!” Kaya kuwé goli Gusti Allah nguripna (wong) sing wis mati, lan Penjenengané meruhna maring ko kabéh tandha-tandha (kuwasa-É) supaya ko padha ngerti.
ثُمَّ قَسَتْ قُلُوْبُكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَهِيَ كَالْحِجَارَةِ اَوْ اَشَدُّ قَسْوَةً ۗ وَاِنَّ مِنَ الْحِجَارَةِ لَمَا يَتَفَجَّرُ مِنْهُ الْاَنْهٰرُ ۗ وَاِنَّ مِنْهَا لَمَا يَشَّقَّقُ فَيَخْرُجُ مِنْهُ الْمَاۤءُ ۗوَاِنَّ مِنْهَا لَمَا يَهْبِطُ مِنْ خَشْيَةِ اللّٰهِ ۗوَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٧٤
Ṡumma qasat qulūbukum mim ba‘di żālika fahiya kal-ḥijārati au asyaddu qaswah(tan), wa inna minal-ḥijārati lamā yatafajjaru minhul-anhār(u), wa inna minhā lamā yasysyaqqaqu fayakhruju minhul-mā'(u), wa inna minhā lamā yahbiṭu min khasy-yatillāh(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[74]
Banjur sewisé kuwé, atimu dadi atos, saéngga (atimu) kaya watu, malah lewih atos. Mangkané sekang watu-watu kuwé mesthi ana kali-kali sing (banyuné) mancur sekang watu mau. Ana uga sing nyigar banjur metu sekang watu mau pancuran banyu. Lan ana uga sing ngglosor tiba ngisor merga wedi maring Gusti Allah. Lan Gusti Allah ora supé maring apa baé sing ko padha lakoni.
۞ اَفَتَطْمَعُوْنَ اَنْ يُّؤْمِنُوْا لَكُمْ وَقَدْ كَانَ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ يَسْمَعُوْنَ كَلَامَ اللّٰهِ ثُمَّ يُحَرِّفُوْنَهٗ مِنْۢ بَعْدِ مَا عَقَلُوْهُ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٧٥
Afa taṭma‘ūna ay yu'minū lakum wa qad kāna farīqum minhum yasma‘ūna kalāmallāhi ṡumma yuḥarrifūnahū mim ba‘di mā ‘aqalūhu wa hum ya‘lamūn(a).
[75]
Mula apa ko kabéh (wong-wong muslim) banget ngarepna wong-wong mau bakal precaya maring sliramu, mangkan segolongané dhéwéké mau padha krungu pengendikané Gusti Allah, banjur dhéwéké mau padha ngowahi sewisé padha mahami (pengendikan kuwé), mangkané wong-wong mau padha ngaweruhi? 35
35) Maksudé wong-wong Yahudi sing padha ngowahi isiné Taurat utamané bab Nabi Muhammad s.a.w.
وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّاۚ وَاِذَا خَلَا بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍ قَالُوْٓا اَتُحَدِّثُوْنَهُمْ بِمَا فَتَحَ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ لِيُحَاۤجُّوْكُمْ بِهٖ عِنْدَ رَبِّكُمْ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٧٦
Wa iżā laqul-lażīna āmanū qālū āmannā, wa iżā khalā ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍin qālū atuḥaddiṡūnahum bimā fataḥallāhu ‘alaikum liyuḥājjūkum bihī ‘inda rabbikum, afalā ta‘qilūn(a).
[76]
Lan angger wong-wong mau ketemu karo wong-wong sing padha precaya, dhéwéké padha ngomong, “Inyong wis padha precaya.” Ning angger bali maring wong-wong sepadhané, dhéwéké padha takon, “Apa ko arep nyritakna maring dhéwéké kabéh apa sing déterangna déning Gusti Allah maring ko, nganti dhéwéké bisa mbantah ko neng ngarsané Pengéranmu? Mbokan ko ngerti?” 36
36) Neng njeroné Taurat déterangna bab Nabi Muhammad s.a.w. Sing arep rawuh minangka nabi pungkasan, ning keterangan kuwé déumpetna neng wong Yahudi, merga wedi bakal mbalik maring awaké dhéwék.
اَوَلَا يَعْلَمُوْنَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٧
Awalā ya‘lamūna annallāha ya‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a).
[77]
Lan mbokan wong-wong mau ngerti lamon Gusti Allah ngawuningani apa sing dhéwéké padha umpetna lan apa sing dhéwéké padha edhéngna?
وَمِنْهُمْ اُمِّيُّوْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ الْكِتٰبَ اِلَّآ اَمَانِيَّ وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ٧٨
Wa minhum umiyyūna lā ya‘lamūnal-kitāba illā amāniyya wa in hum illā yaẓunnūn(a).
[78]
Lan neng antarané wong-wong mau ana sing wuta aksara, ora mahami kitab (Tau-rat), kejaba mung ngayawara lan wong-wong kuwé ora liya mung padha ngira-ira.
فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ يَكْتُبُوْنَ الْكِتٰبَ بِاَيْدِيْهِمْ ثُمَّ يَقُوْلُوْنَ هٰذَا مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ لِيَشْتَرُوْا بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗفَوَيْلٌ لَّهُمْ مِّمَّا كَتَبَتْ اَيْدِيْهِمْ وَوَيْلٌ لَّهُمْ مِّمَّا يَكْسِبُوْنَ٧٩
Fawailul lil-lażīna yaktubūnal-kitāba bi'aidīhim ṡumma yaqūlūna hāżā min ‘indillāhi liyasytarū bihī ṡamanan qalīlā(n), fawailul lahum mimmā katabat aidīhim wa wailul lahum mimmā yaksibūn(a).
[79]
Mangka cilaka temen wong-wong sing nulis kitab nganggo tangané dhéwéké, banjur ngomong, “Kiyé sekang Gusti Allah,” (maksudé) nggo dédol kanthi rega murah. Mangka cilaka temen wong-wong mau, merga tulisan tangané, lan cilaka temen dhéwéké kuwé merga apa sing dhéwéké padha lakoni. 37
37) Malsukna lan ngowahi ayat nggo kepentingané dhéwék.
وَقَالُوْا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ اِلَّآ اَيَّامًا مَّعْدُوْدَةً ۗ قُلْ اَتَّخَذْتُمْ عِنْدَ اللّٰهِ عَهْدًا فَلَنْ يُّخْلِفَ اللّٰهُ عَهْدَهٗٓ اَمْ تَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٨٠
Wa qālū lan tamassanan-nāru illā ayyāmam ma‘dūdah (tan), qul attakhażtum ‘indallāhi ‘ahdan falay yukhlifallāhu ‘ahdahū am taqūlūna ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[80]
Lan wong-wong mau ngucap, “Neraka ora bakal nyénggol inyong kabéh, kejaba mung pirang dina thok.” Ngucapa, “Apa ko wis padha nampa janji sekang Gusti Allah, saéngga Gusti Allah ora bakal ngingkari janjiné, apa ko padha ngomong ngenani Gusti Allah, sewijiné prekara sing ko padha ora ngerti?”
بَلٰى مَنْ كَسَبَ سَيِّئَةً وَّاَحَاطَتْ بِهٖ خَطِيْۤـَٔتُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٨١
Balā man kasaba sayyi'ataw wa aḥāṭat bihī khaṭī'atuhū fa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[81]
Dudu kaya kuwé! Sapa wongé temindak ala, lan dosa-dosané wis nglelepna dhéwéké, mangka wong-wong kuwé neraka panggonané. Wong-wong mau langgeng neng njeroné.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٨٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ulā'ika aṣḥābul-jannah(ti), hum fīhā khālidūn(a).
[82]
Lan wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, wong-wong kuwé neng suwarga panggonané. Wong-wong mau langgeng neng njeroné.
وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ لَا تَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللّٰهَ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَقُوْلُوْا لِلنَّاسِ حُسْنًا وَّاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۗ ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْكُمْ وَاَنْتُمْ مُّعْرِضُوْنَ٨٣
Wa iż akhażnā mīṡāqa banī isrā'īla lā ta‘budūna illallāha wa bil-wālidaini iḥsānaw wa żil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wa qūlū lin-nāsi ḥusnaw wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāh(ta), ṡumma tawallaitum illā qalīlam minkum wa antum mu‘riḍūn(a).
[83]
Lan (élinga) rikala Ingsun mundhut janji sekang Bani Israil, ”Ko aja padha nyembah seliyané Gusti Allah, lan padha temindak becik maring wong tuwa loro, sedulur, bocah-bocah yatim, lan wong-wong mlarat. Lan ngucapa sing apik maring menungsa, lakonana sembayang lan mbayara jakat.” Ning ko banjur padha mléngos (ngingkari), kejaba mung semendhing sekang ko kabéh, lan ko (ésih dadi) wong sing padha mbangkang.
وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ لَا تَسْفِكُوْنَ دِمَاۤءَكُمْ وَلَا تُخْرِجُوْنَ اَنْفُسَكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ ۖ ثُمَّ اَقْرَرْتُمْ وَاَنْتُمْ تَشْهَدُوْنَ٨٤
Wa iż akhażnā mīṡāqakum lā tasfikūna dimā'akum wa lā tukhrijūna anfusakum min diyārikum ṡumma aqrartum wa antum tasyhadūn(a).
[84]
Lan (élinga) rikala Ingsun mundhut janjimu, ”Ko kabéh aja padha mutahna getihmu (maténi wong), lan ngurak awakmu (sedulur sebangsamu) sekang désamu.” Banjur ko padha ngucap njanji lan nyekséni.
ثُمَّ اَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ تَقْتُلُوْنَ اَنْفُسَكُمْ وَتُخْرِجُوْنَ فَرِيْقًا مِّنْكُمْ مِّنْ دِيَارِهِمْۖ تَظٰهَرُوْنَ عَلَيْهِمْ بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِۗ وَاِنْ يَّأْتُوْكُمْ اُسٰرٰى تُفٰدُوْهُمْ وَهُوَ مُحَرَّمٌ عَلَيْكُمْ اِخْرَاجُهُمْ ۗ اَفَتُؤْمِنُوْنَ بِبَعْضِ الْكِتٰبِ وَتَكْفُرُوْنَ بِبَعْضٍۚ فَمَا جَزَاۤءُ مَنْ يَّفْعَلُ ذٰلِكَ مِنْكُمْ اِلَّا خِزْيٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يُرَدُّوْنَ اِلٰٓى اَشَدِّ الْعَذَابِۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٨٥
Ṡumma antum hā'ulā'i taqtulūna anfusakum wa tukhrijūna farīqam minkum min diyārihim taẓāharūna ‘alaihim bil-iṡmi wal-‘udwān(i), wa iy ya'tūkum usārā tufādūhum wa huwa muḥarramun ‘alaikum ikhrājuhum, afa tu'minūna biba‘ḍil-kitābi wa takfurūna bi ba‘ḍ(in), famā jazā'u may yaf‘alu żālika minkum illā khizyun fil-ḥayātid-dun-yā, wa yaumal-qiyāmati yuraddūna ilā asyaddil-‘ażāb(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[85]
Banjur ko kabéh (Bani Israil) maténi awakmu (sebangsamu), lan ngurak sewijiné golongan-mu dhéwék sekang désané. Ko padha brayan (ngadhepi) wong-wong mau neng njeroné dosa lan memungsuhan. Lan angger wong-wong mau teka maring ko dadi tawanan, ko nebus wong-wong mau, mangkané ko délarang ngurak wong-wong mau. Apa jané ko precaya maring sebagéan kitab (Taurat) lan ngingkari maring sebagéan (sing liyané)? Mangka ora nana piwales (sing pantes) nggo wong sing nglakoni prekara kuwé neng antaramu seliyané kenisthan urip neng dunya, lan neng dina Kiyamat wong-wong mau débalékna maring siksa sing paling abot. Lan Gusti Allah ora supé maring apa sing ko kabéh lakoni. 38
38) kabéh janji lan sumpah sing déucapna déning Bani Israil kaya sing kesebut neng njeroné ayat 83 lan 84 neng ndhuwur, wong-wong mau nglanggar. Nyatané sejarahé neng antarané rong golongan Yahudi neng Medinah yakuwé Bani Quraizah utawa Khazraj balané Bani Nadir gawéné perang. Angger ana wong Yahudi neng antarané rong golongan kuwé détawan neng liyané, contoné neng Bani Aus, balané Bani Quraizah utawa Bani Khazraj balané Bani Nadzir, padha brayan nebus.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا بِالْاٰخِرَةِ ۖ فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ ࣖ٨٦
Ulā'ikal-lażīnasytarawul-ḥayātad-dun-yā bil-ākhirah(ti), falā yukhaffafu ‘anhumul-‘ażābu wa lā hum yunṣarūn(a).
[86]
Dhéwéké kabéh kuwé nyata wong-wong sing tuku penguripan dunya nganggo (penguripan) akhérat. Mangka ora bakal dé-énthéngna siksané lan wong-wong mau ora bakal détulung.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَقَفَّيْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ بِالرُّسُلِ ۖ وَاٰتَيْنَا عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنٰتِ وَاَيَّدْنٰهُ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ اَفَكُلَّمَا جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌۢ بِمَا لَا تَهْوٰىٓ اَنْفُسُكُمُ اسْتَكْبَرْتُمْ ۚ فَفَرِيْقًا كَذَّبْتُمْ وَفَرِيْقًا تَقْتُلُوْنَ٨٧
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba wa qaffainā mim ba‘dihī bir-rusul(i), wa ātainā ‘īsabna maryamal-bayyināti wa ayyadnāhu birūḥil-qudus(i), afakullamā jā'akum rasūlum bimā lā tahwā anfusukumustakbartum, fafarīqan każżabtum wa farīqan taqtulūn(a).
[87]
Lan temen, Ingsun wis maringna Kitab (Taurat) maring Musa, lan Ingsun susuli sewisé kuwé kambi utusan-utusan, lan Ingsun wis maringna maring Isa Putra Maryam bukti-bukti bebener, tur Ingsun kuwatna slirané kambi Rohulkudus (Jibril). Kenangapa saben-saben utusan sing butul maring ko kabéh (nggawa) sedhingah (piwulang) sing ora ko kepéngini, ko padha ngedirna awakmu dhéwék, banjur sebagéané (utusan) ko anggep ngapusi lan sebagéané ko paténi?
وَقَالُوْا قُلُوْبُنَا غُلْفٌ ۗ بَلْ لَّعَنَهُمُ اللّٰهُ بِكُفْرِهِمْ فَقَلِيْلًا مَّا يُؤْمِنُوْنَ٨٨
Wa qālū qulūbunā gulf(un), bal la‘anahumullāhu bikufrihim faqalīlam mā yu'minūn(a).
[88]
Lan wong-wong mau padha ngucap, “Atiné inyong kabéh ketutup.” Ora! Gusti Allah wis nglaknat (nyupatani) wong-wong mau merga ingkaré dhéwéké, ning semendhing pisan neng antarané dhéwéké padha precaya.
وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ كِتٰبٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْۙ وَكَانُوْا مِنْ قَبْلُ يَسْتَفْتِحُوْنَ عَلَى الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۚ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ مَّا عَرَفُوْا كَفَرُوْا بِهٖ ۖ فَلَعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٨٩
Wa lammā jā'akum kitābum min ‘indillāhi muṣaddiqul limā ma‘ahum, wa kānū min qablu yastaftiḥūna ‘alal-lażīna kafarū, falammā jā'ahum mā ‘arafū kafarū bih(ī), fala‘natullāhi ‘alal-kāfirīn(a).
[89]
Lan sewisé butul maring wong-wong mau Kitab (Al-Qur’an) sekang Gusti Allah sing mbenerna apa sing ana neng dhéwéké mau 39 , mangkané seurungé dhéwéké padha njaluk menang sekang wong-wong kapir, nyatané sewisé butul maring dhéwéké apa sing wis dhéwéké padha ngerténi, dhéwéké mau padha ngingkari. Mula laknaté Gusti Allah kanggo wong-wong sing padha ingkar.
39) Al-Qur’an uga mulangna tauhid (nyewijékna Gusti Allah) kaya sing déwulangna Taurat.
بِئْسَمَا اشْتَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْ اَنْ يَّكْفُرُوْا بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ بَغْيًا اَنْ يُّنَزِّلَ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ ۚ فَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ عَلٰى غَضَبٍۗ وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ٩٠
Bi'samasytarau bihī anfusahum ay yakfurū bimā anzalallāhu bagyan ay yunazzilallāhu min faḍlihī ‘alā may yasyā'u min ‘ibādih(ī), fabā'ū bigaḍabin ‘alā gaḍab(in), wa lil-kāfirīna ‘ażābum muhīn(un).
[90]
Banget alané (temindaké) wong-wong mau adol awaké, kanthi ngingkari apa sing déturu-naken déning Gusti Allah, merga drengki lamon Gusti Allah nurunaken kanugrahané nggo sapa sing dékersakna Penjenengané neng antarané para kawulané. 40 Merga kuwé wong-wong mau pada bali nanggung bendu-pari-bendu 41 . Lan maring wong-wong kapir mau (détibakna) siksa sing gawé nistha.
40) Wahyu (kenabian) maring Nabi Muhammad s.a.w.
41) Bendu nomer siji merga mbangkang maring Nabi Musa a.s, lan bendu nomer loro merga ngingkari Nabi Muhammad s.a.w.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا نُؤْمِنُ بِمَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا وَيَكْفُرُوْنَ بِمَا وَرَاۤءَهٗ وَهُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَهُمْ ۗ قُلْ فَلِمَ تَقْتُلُوْنَ اَنْۢبِيَاۤءَ اللّٰهِ مِنْ قَبْلُ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٩١
Wa iżā qīla lahum āminū bimā anzalallāhu qālū nu'minu bimā unzila ‘alainā wa yakfurūna bimā warā'ah(ū), wa huwal-ḥaqqu muṣaddiqal limā ma‘ahum, qul falima taqtulūna ambiyā'allāhi min qablu in kuntum mu'minīn(a).
[91]
Lan angger dédhawuhna maring wong-wong mau, “Padha precayaa maring apa sing dé-turunaken déning Gusti Allah (Al-Qur’an),” Dhéwéké padha njawab, “Inyong kabéh precaya maring apa sing déturunaken maring inyong.” Lan wong-wong mau ingkar maring apa sing sewisé, mangkané (Al-Qur’an) kuwé bener sejati sing mbenerna apa sing ana neng dhéwéké kabéh (Taurat). Dhawuha (Muhammad), “Kenangapa ko gemiyén padha maténi nabi-nabiné Gusti Allah aripancén ko padha precaya?”
۞ وَلَقَدْ جَاۤءَكُمْ مُّوْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ٩٢
Wa laqad jā'akum mūsā bil-bayyināti ṡummattakhażtumul-‘ijla mim ba‘dihī wa antum ẓālimūn(a).
[92]
Lan temen, Musa wis teka maring ko kabéh kanthi bukti-bukti kesunyatan (haq), banjur ko njikot (reca) pedhét (nggo sembahan) sewisé (lungané Nabi Musa), lan ko (dadi) wong-wong sing aniaya (kapitunan).
وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّوْرَۗ خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاسْمَعُوْا ۗ قَالُوْا سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاُشْرِبُوْا فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْعِجْلَ بِكُفْرِهِمْ ۗ قُلْ بِئْسَمَا يَأْمُرُكُمْ بِهٖٓ اِيْمَانُكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٩٣
Wa iż akhażnā mīṡāqakum wa rafa‘nā fauqakumuṭ-ṭūr(a), khużū mā ātainākum biquwwatiw wasma‘ū, qālū sami‘nā wa ‘aṣainā, wa usyribū fī qulūbihimul-‘ijla bikufrihim, qul bi'samā ya'murukum bihī īmānukum in kuntum mu'minīn(a).
[93]
Lan (élinga) rikala Ingsun mundhut janjimu lan Ingsun junjung gunung (Sinai) neng ndhuwurmu (kanthi dhawuh), “Gegem sing kenceng apa sing Ingsun paringna maring ko lan rungokna!” Wong-wong mau njawab, “Inyong kabéh ngrungokna, ning Inyong padha ora manut.” Lan décecepna maring atiné wong-wong mau (rasa tresna nyembah reca) pedhét merga mbangkangé dhéwéké kabéh. Dhawuha, “Banget alané apa sing dépréntahna déning gugon-tuhonmu maring ko kabéh, angger ko kabéh wong-wong sing padha precaya!”
قُلْ اِنْ كَانَتْ لَكُمُ الدَّارُ الْاٰخِرَةُ عِنْدَ اللّٰهِ خَالِصَةً مِّنْ دُوْنِ النَّاسِ فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٩٤
Qul in kānat lakumud-dārul-ākhiratu ‘indallāhi khāliṣatam min dūnin-nāsi fatamannawul-mauta in kuntum ṣādiqīn(a).
[94]
Dhawuha (Muhammad), “Angger negeri akhérat neng sisihé Gusti Allah, mligi mung nggo ko kabéh ora nggo wong liya, mangka padha njaluka mati aripancén ko kabéh wong-wong sing bener.”
وَلَنْ يَّتَمَنَّوْهُ اَبَدًاۢ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢ بِالظّٰلِمِيْنَ٩٥
Wa lay yatamannauhu abadam bima qaddamat aidīhim, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[95]
Ning wong-wong mau ora bakal kepéngin pati babar pisan, merga dosa-dosa sing wis délakoni déning tangan-tangané dhéwéké kabéh. Lan Gusti Allah Maha Mriksani wong-wong aniaya.
وَلَتَجِدَنَّهُمْ اَحْرَصَ النَّاسِ عَلٰى حَيٰوةٍ ۛوَمِنَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا ۛيَوَدُّ اَحَدُهُمْ لَوْ يُعَمَّرُ اَلْفَ سَنَةٍۚ وَمَا هُوَ بِمُزَحْزِحِهٖ مِنَ الْعَذَابِ اَنْ يُّعَمَّرَۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ ࣖ٩٦
Wa latajidannahum aḥraṣan-nāsi ‘alā ḥayāh(tin), wa minal-lażīna asyrakū, yawaddu aḥaduhum lau yu‘ammaru alfa sanah(tin), wa mā huwa bi muzaḥziḥihī minal-‘ażābi ay yu‘ammar(a), wallāhu baṣīrum bimā ya‘malūn(a).
[96]
Lan temen sliramu (Muhammad) bakal ngaweruhi wong-wong mau (Yahudi) menungsa sing paling srakah maring penguripan (dunya), malah (lewih srakah) ketimbang wong-wong musrik. 42 Saben-saben sekang wong-wong mau, kepéngin déwéhi umur séwu taun, mangkané umur dawa kuwé ora bakal ngadohna dhéwéké sekang siksa. Lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing dhéwéké lakoni.
42) Musrik yakuwé wong sing nyekuthokna Gusti Allah karo seliyané (mangro tingal).
قُلْ مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِّجِبْرِيْلَ فَاِنَّهٗ نَزَّلَهٗ عَلٰى قَلْبِكَ بِاِذْنِ اللّٰهِ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَهُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ٩٧
Qul man kāna ‘aduwwal lijibrīla fa'innahū nazzalahū ‘alā qalbika bi iżnillāhi muṣaddiqal limā baina yadaihi wa hudaw wa busyrā lil-mu'minīn(a).
[97]
Dhawuha (Muhammad), “Sapa wongé dadi mungsuhé Jibril, mangka (ngertia) lamon kiyambeké sing wis nurunaken (Al-Qur’an) maring njero atimu kanthi keparengé Gusti Allah, nyerujuki apa (kitab-kitab) sing lewih dhisit, lan dadi pituduh sarta werta bebungah nggo wong-wong sing padha precaya.”
مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِّلّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَرُسُلِهٖ وَجِبْرِيْلَ وَمِيْكٰىلَ فَاِنَّ اللّٰهَ عَدُوٌّ لِّلْكٰفِرِيْنَ٩٨
Man kāna ‘aduwwal lillāhi wa malā'ikatihī wa rusulihī wa jibrīla wa mīkāla fa innallāha ‘aduwwul lil-kāfirīn(a).
[98]
Sapa wongé dadi mungsuhé Gusti Allah, malaékat-malaékat-É, utusan-utusan-É, Jibril lan Mikail, mangka setemené Gusti Allah mungsuh tumrap wong-wong sing mbangkang (kapir).
وَلَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۚ وَمَا يَكْفُرُ بِهَآ اِلَّا الْفٰسِقُوْنَ٩٩
Wa laqad anzalnā ilaika āyātim bayyināt(in), wa mā yakfuru bihā illal-fāsiqūn(a).
[99]
Lan temen, Ingsun wis nurunaken tandha-tandha (ayat-ayat) sing gamblang maring sliramu (Muhammad), lan ora gadhang ana sing ngingkari kejaba wong-wong sing nerak (pasék).
اَوَكُلَّمَا عٰهَدُوْا عَهْدًا نَّبَذَهٗ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ ۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠٠
Awa kullamā ‘āhadū ‘ahdan nabażahū farīqum minhum, bal akṡaruhum lā yu'minūn(a).
[100]
Lan kenangapa saben-saben dhéwéké kabéh njiret janji, seklompok wong-wong mau padha nglanggar? Seprandéné (éwadéné) akéh-akéhé wong mau ora padha precaya.
وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْ نَبَذَ فَرِيْقٌ مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَۙ كِتٰبَ اللّٰهِ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِهِمْ كَاَنَّهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۖ١٠١
Wa lammā jā'ahum rasūlum min ‘indillāhi muṣaddiqul limā ma‘ahum nabaża farīqum minal-lażīna ūtul-kitāb(a), kitāballāhi warā'a ẓuhūrihim ka'annahum lā ya‘lamūn(a).
[101]
Lan sewisé teka maring dhéwéké kabéh sewiji utusan (Muhammad) sekang Gusti Allah sing nyerujuki apa sing ana neng dhéwéké kabéh, sebagéan sekang wong-wong sing déwéhi kitab (Taurat) kuwé mbalangna kitabé Gusti Allah mau maring mburi (gigir), kaya-kaya dhéwéké padha ora ngerti.
وَاتَّبَعُوْا مَا تَتْلُوا الشَّيٰطِيْنُ عَلٰى مُلْكِ سُلَيْمٰنَ ۚ وَمَا كَفَرَ سُلَيْمٰنُ وَلٰكِنَّ الشَّيٰطِيْنَ كَفَرُوْا يُعَلِّمُوْنَ النَّاسَ السِّحْرَ وَمَآ اُنْزِلَ عَلَى الْمَلَكَيْنِ بِبَابِلَ هَارُوْتَ وَمَارُوْتَ ۗ وَمَا يُعَلِّمٰنِ مِنْ اَحَدٍ حَتّٰى يَقُوْلَآ اِنَّمَا نَحْنُ فِتْنَةٌ فَلَا تَكْفُرْ ۗ فَيَتَعَلَّمُوْنَ مِنْهُمَا مَا يُفَرِّقُوْنَ بِهٖ بَيْنَ الْمَرْءِ وَزَوْجِهٖ ۗ وَمَا هُمْ بِضَاۤرِّيْنَ بِهٖ مِنْ اَحَدٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗ وَيَتَعَلَّمُوْنَ مَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْ ۗ وَلَقَدْ عَلِمُوْا لَمَنِ اشْتَرٰىهُ مَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ ۗ وَلَبِئْسَ مَاشَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْ ۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ١٠٢
Wattaba‘ū mā tatlusy-syayāṭīnu ‘alā mulki sulaimān(a), wa mā kafara sulaimānu wa lākinnnasy-syayāṭīna kafarū yu‘allimūnan-nāsas siḥr(a), wa mā unzila ‘alal-malakaini bibābila hārūta wa mārūt(a), wa mā yu‘allimāni min aḥadin ḥattā yaqūlā innamā naḥnu fitnatun falā takfur, fayata‘allamūna minhumā mā yufarriqūna bihī bainal-mar'i wa zaujih(ī), wa mā hum biḍarrīna bihī min aḥadin illā bi'iżnillāh(i), wa yata‘allamūna mā yaḍurruhum wa lā yanfa‘uhum, wa laqad ‘alimū lamanisytarāhu mā lahū fil-ākhirati min khalāq(in), wa labi'sa mā syarau bihī anfusahum, lau kānū ya‘lamūn(a).
[102]
Lan wong-wong mau ngetutna apa sing déwaca déning sétan-sétan rikala jaman keratoné Nabi Sulaiman. Nabi Sulaiman kuwé ora kapir ning sétan-sétan kuwé sing kapir, dhéwéké padha mulangna sihir maring menungsa lan apa sing déturunaken maring malaékat loro neng negara Babilonia yakuwé Harut lan Marut. Mangkan sekloroné kuwé ora mulangna sewiji-wiji maring sewijiné wong seurungé ngucap, ”setemené inyong kabéh mung dadi coban (tumrap ko), mula aja kapir.” Mangka dhéwéké (sétan-sétan) padha nyinaoni sekang sekloroné (malaékat kuwé), apa sing (bisa) misahna antarané wong (lanang) karo bojoné. Dhéwéké ora bakal bisa nyilakani sewijiné wong nganggo sihiré kejaba kanthi idiné Gusti Allah. Dhéwéké padha nyinaoni prekara sing gawé cilaka, lan ora migunani tumrap dhéwéké kabéh. Lan temen, dhéwéké wis padha ngerti, sapa wongé tuku (nganggo sihir) kuwé, yekti ora bakal olih untung neng akhérat. Lan temen, ala banget temindaké wong-wong kuwé sing adol (ngijolna) awaké dhéwék kambi sihir, énggané dhéwéké padha ngerti.
وَلَوْ اَنَّهُمْ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَمَثُوْبَةٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ خَيْرٌ ۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ ࣖ١٠٣
Wa lau annahum āmanū wattaqau lamaṡūbatum min ‘indillāhi khair(un), lau kānū ya‘lamūn(a).
[103]
Lan angger wong-wong mau padha precaya tur semarah, ganjaran sekang Gusti Allah mesthi lewih apik, énggané dhéwéké mau padha ngerti.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقُوْلُوْا رَاعِنَا وَقُوْلُوا انْظُرْنَا وَاسْمَعُوْا وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٠٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqūlū rā‘inā wa qūlunẓurnā wasma‘ū wa lil-kāfirīna ‘ażābun alīm(un).
[104]
Hé, wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan ko ngucap “Raina”, 43 tapi ngucapa “unzurna” lan rungokna. Lan wong-wong sing padha kapir bakalan olih siksa sing perih.
43) Raina tegesé mara gatékna inyong kabéh. Ning wong Yahudi kambi mrengut goli ngomongna, dadiné sing démaksud neng wong Yahudi mau yakuwé “Ru’unah sing tegesé bodo banget, sing dadi pengala-ala kanggo Rasulullah. Kuwé sebabé Gusti Allah ndhawuhi batir-batiré Nabi ngganti Raina karo unzurna sing tegesé padha karo “Raina”.
مَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَلَا الْمُشْرِكِيْنَ اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ خَيْرٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ١٠٥
Mā yawaddul-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wa lal-musyrikīna ay yunazzila ‘alaikum min khairim mir rabbikum, wallāhu yakhtaṣṣu biraḥmatihī may yasyā'(u), wallāhu żul faḍlil-‘aẓīm(i).
[105]
Wong-wong sing mbangkang (kapir) sekang Ahli Kitab lan wong-wong sing padha musrik ora kepéngin déturunaken maring ko babagan kebecikan sekang Pengéranmu. Ning Gusti Allah paring welas-É maring wong pinilih sing Panjenengané kersakna tur Gusti Allah pamengku kanugrahan sing gedhé.
۞ مَا نَنْسَخْ مِنْ اٰيَةٍ اَوْ نُنْسِهَا نَأْتِ بِخَيْرٍ مِّنْهَآ اَوْ مِثْلِهَا ۗ اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٠٦
Mā nansakh min āyatin au nunsihā na'ti bi khairim minhā au miṡlihā, alam ta‘lam annallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[106]
Ayat sing Ingsun jabel (batalna) utawa Ingsun ilangna sekang émutan, mesthi Ingsun ganti karo sing lewih apik utawa sing padha karo kuwé. Mbokan ko ngerti Gusti Allah Maha- kuwasa ingatasé samubarang kabéh?
اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ١٠٧
Alam ta‘lam annallāha lahū mulkus-samāwāti wal arḍ(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[107]
Apa ko ora ngerti lamon Gusti Allah kagungan praja langit lan bumi? Lan ora nana pengreksa lan penulung tumrap ko seliyané Gusti Allah.
اَمْ تُرِيْدُوْنَ اَنْ تَسْـَٔلُوْا رَسُوْلَكُمْ كَمَا سُىِٕلَ مُوْسٰى مِنْ قَبْلُ ۗوَمَنْ يَّتَبَدَّلِ الْكُفْرَ بِالْاِيْمَانِ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١٠٨
Am turīdūna an tas'alū rasūlakum kamā su'ila mūsā min qabl(u), wa may yatabaddalil-kufra bil-īmāni faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[108]
Utawa ko arep padha njaluk maring Utusan (Muhammad) padha karo Musa (nglakon) déjaluki (Bani Israil) gemiyén? Sapa wongé sing ngijoli precaya karo kapir, setemené, wong mau wis kesasar sekang dalan sing jejeg.
وَدَّ كَثِيْرٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَوْ يَرُدُّوْنَكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ اِيْمَانِكُمْ كُفَّارًاۚ حَسَدًا مِّنْ عِنْدِ اَنْفُسِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْحَقُّ ۚ فَاعْفُوْا وَاصْفَحُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللّٰهُ بِاَمْرِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٠٩
Wadda kaṡīrum min ahlil-kitābi lau yaruddūnakum mim ba‘di īmānikum kuffārā(n), ḥasadam min ‘indi anfusihim mim ba‘di mā tabayyana lahumul-ḥaqq(u), fa‘fū waṣfaḥū ḥattā ya'tiyallāhu bi amrih(ī), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[109]
Akéh neng antarané Ahli Kitab kepéngin éngganua dhéwéké padha téyéng mbalékna ko kabéh sewisé ko padha precaya, bali dadi kapir maning, merga rasa drengki neng njero atiné wong-wong mau, sewisé kebecikan genah mungguh dhéwéké kabéh. Mula paringa pengampura lan ombérana atimu, nganti Gusti Allah maringna dhawuh-É. Temen Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ ۗ وَمَا تُقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوْهُ عِنْدَ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١٠
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāh(ta), wa mā tuqaddimū li'anfusikum min khairin tajidūhu ‘indallāh(i), innallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[110]
Lan lakonana sembayang lan bayara jakat. Lan sekabéh kebecikan sing ko padha lakokna nggo awakmu dhéwék, ko kabéh bakal olih (ganjaran) neng sisihé Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Mriksani apa baé sing ko lakokna.
وَقَالُوْا لَنْ يَّدْخُلَ الْجَنَّةَ اِلَّا مَنْ كَانَ هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى ۗ تِلْكَ اَمَانِيُّهُمْ ۗ قُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١١١
Wa qālū lay yadkhulal-jannata illā man kāna hūdan au naṣārā, tilka amāniyyuhum, qul hātū burhānakum in kuntum ṣādiqīn(a).
[111]
Lan wong-wong mau (Yahudi karo Nasrani) padha ngomong, “Ora bakal mlebu suwarga kejaba wong Yahudi utawa wong Nasrani.” 44 Kuwé (mung) angen-angené wong-wong mau. Ngucapa, “Tidhokna bukti benermu, angger ko kabéh wong-wong sing bener.”
44) Wong Yahudi padha ngucap, mung dhéwéké sing bakal padha mlebu maring suwarga. Wong-wong Nasrani uga padha ngucap, mung dhéwéké sing bakal padha mlebu suwarga.
بَلٰى مَنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَلَهٗٓ اَجْرُهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۖ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ ࣖ١١٢
Balā man aslama wajhahū lillāhi wa huwa muḥsinun falahū ajruhū ‘inda rabbih(i), wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[112]
Ora! Sapa wongé pasrah bongkokan maring Gusti Allah, lan wong mau temindak apik, dhéwéké olih ganjaran neng sisihé Gusti Allah lan wong-wong mau ora duwé rasa wedi tur dhéwéké ora padha susah atiné.
وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ لَيْسَتِ النَّصٰرٰى عَلٰى شَيْءٍۖ وَّقَالَتِ النَّصٰرٰى لَيْسَتِ الْيَهُوْدُ عَلٰى شَيْءٍۙ وَّهُمْ يَتْلُوْنَ الْكِتٰبَۗ كَذٰلِكَ قَالَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ مِثْلَ قَوْلِهِمْ ۚ فَاللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١١٣
Wa qālatil-yahūdu laisatin-naṣārā ‘alā syai'(in), wa qālatin-naṣārā laisatil-yahūdu ‘alā syai'(in), wa hum yatlūnal-kitāb(a), każālika qālal-lażīna lā ya‘lamūna miṡla qaulihim, fallāhu yaḥkumu bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[113]
Lan wong Yahudi padha ngucap, “Wong Nasrani kuwé ora duwé apa-apa (cecekelan),” lan wong Nasrani (uga) padha ngucap, “Wong Yahudi kuwé ora duwé apa-apa (cecekelan),” mangkané wong-wong mau padha maca Kitab. Semana uga wong-wong sing ora duwé ngélmu, ngucap kaya omongané wong-wong mau. Mangka Gusti Allah bakal ngadili wong-wong mau neng dina Kiyamat, ngenani prekara sing dhéwéké padha persulayakna.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ مَّنَعَ مَسٰجِدَ اللّٰهِ اَنْ يُّذْكَرَ فِيْهَا اسْمُهٗ وَسَعٰى فِيْ خَرَابِهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ مَا كَانَ لَهُمْ اَنْ يَّدْخُلُوْهَآ اِلَّا خَاۤىِٕفِيْنَ ەۗ لَهُمْ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ وَّلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١١٤
Wa man aẓlamu mim mam mana‘a masājidallāhi ay yużkara fīhasmuhū wa sa‘ā fī kharābihā, ulā'ika mā kāna lahum ay yadkhulūhā illā khā'ifīn(a), lahum fid-dun-yā khizyuw wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[114]
Lan sapa sing lewih aniaya ketimbang wong sing nglarang neng njero mesjid-mesjidé Gusti Allah nggo ngucapna asma-Né, lan daya-daya ngrubuhna (mesjid)? Wong-wong mau ora patut ngleboni (mesjid) kejaba kanthi rasa wedi maring Gusti Allah. Dhéwéké padha olih kenisthan neng dunya lan neng akhérat olih siksa sing abot.
وَلِلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ فَاَيْنَمَا تُوَلُّوْا فَثَمَّ وَجْهُ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ١١٥
Wa lillāhil-masyriqu wal-magrib(u), fa'ainamā tuwallū faṡamma wajhullāh(i), innallāha wāsi‘un ‘alīm(un).
[115]
Lan kagungané Gusti Allah wétan lan kulon. Maring ngendi baé ko padha madhep neng kana pesuryané Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Mahajembar, Maha Ngawuningani.
وَقَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًا ۙسُبْحٰنَهٗ ۗ بَلْ لَّهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلٌّ لَّهٗ قٰنِتُوْنَ١١٦
Wa qāluttakhażallāhu waladan subḥānah(ū), bal lahū mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), kullul lahū qānitūn(a).
[116]
Lan wong-wong mau padha ngucap, “Gusti Allah kagungan putra.“ Mahasuci Gusti Allah, malah kagungan-É apa sing ana neng langit lan neng bumi. Sekabéhé manut maring Penjenengané.
بَدِيْعُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ١١٧
Badī‘us-samāwāti wal-arḍ(i), wa iżā qaḍā amran fa'innamā yaqūlu lahū kun fayakūn(u).
[117]
(Gusti Allah) sing nyipta langit lan bumi. Angger Penjenengané kepareng netepna sewiji-wiji, Penjenengané cukup dhawuh, “Dadia!” Banjur demadi sewiji-wiji mau.
وَقَالَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ لَوْلَا يُكَلِّمُنَا اللّٰهُ اَوْ تَأْتِيْنَآ اٰيَةٌ ۗ كَذٰلِكَ قَالَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّثْلَ قَوْلِهِمْ ۗ تَشَابَهَتْ قُلُوْبُهُمْ ۗ قَدْ بَيَّنَّا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ١١٨
Wa qālal-lażīna lā ya‘lamūna lau lā yukallimunallāhu au ta'tīnā āyah(tun), każālika qālal-lażīna min qablihim miṡla qaulihim, tasyābahat qulūbuhum, qad bayyannal-āyāti liqaumiy yūqinūn(a).
[118]
Lan wong-wong sing ora ngerti padha ngucap, “Kenangapa Gusti Allah ora ngen-dika karo inyong kabéh utawa teka tandha-tandha (kewasa-Né) maring inyong kabéh?” Semana uga wong-wong seurungé dhéwéké wis ngomong padha karo omongané dhéwéké kabéh. Atiné wong-wong mau padha baé. Setemené wis Ingsun terangna tandha-tandha (kewasa-Né Ingsun) maring wong-wong sing padha precaya.
اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًاۙ وَّلَا تُسْـَٔلُ عَنْ اَصْحٰبِ الْجَحِيْمِ١١٩
Innā arsalnāka bil-ḥaqqi basyīraw wa nażīrā(n), wa lā tus'alu ‘an aṣḥābil-jaḥīm(i).
[119]
Temen, Ingsun wis ngutus sliramu (Muhammad) kanthi bebener, minangka sing nggawa werta bebungah lan paringan pengéling-ngéling. Lan sliramu ora bakal désuwuni (tanggung jawab) ngenani sing padha manggon neng neraka.
وَلَنْ تَرْضٰى عَنْكَ الْيَهُوْدُ وَلَا النَّصٰرٰى حَتّٰى تَتَّبِعَ مِلَّتَهُمْ ۗ قُلْ اِنَّ هُدَى اللّٰهِ هُوَ الْهُدٰى ۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ بَعْدَ الَّذِيْ جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ مَا لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ١٢٠
Wa lan tarḍā ‘ankal-yahūdu wa lan-naṣārā ḥattā tattabi‘a millatahum, qul inna hudallāhi huwal-hudā, wa la'inittaba‘ta ahwā'ahum ba‘dal-lażī jā'aka minal-‘ilm(i), mā laka minallāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[120]
Lan wong-wong Yahudi karo Nasrani ora bakal seneng maring sliramu (Muhammad) saéngga sliramu mélu agamané dhéwéké kabéh. Dhawuha, “Setemené pituduhé Gusti Allah kuwé pituduh (sing sejati)”. Lan angger sliramu manut karepé wong-wong mau sewisé ngélmu (bebener) butul maring sliramu, ora bakal ana pengayom lan penu-lung tumrap sliramu sekang Gusti Allah.
اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَتْلُوْنَهٗ حَقَّ تِلَاوَتِهٖۗ اُولٰۤىِٕكَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ ۗ وَمَنْ يَّكْفُرْ بِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ١٢١
Allażīna ātaināhumul-kitāba yatlūnahū ḥaqqa tilāwatih(ī), ulā'ika yu'minūna bih(ī), wa may yakfur bihī fa ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[121]
Wong-wong sing wis Ingsun paringi Kitab, dhéwéké macané kaya semesthiné, wong-wong mau nyata sing padha precaya maring (kitab) kuwé. Lan sapa wongé sing ingkar maring (kitab) kuwé, dhéwéké kabéh nyata wong-wong sing padha kapitunan.
يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ١٢٢
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa annī faḍḍaltukum ‘alal-‘ālamīn(a).
[122]
Hé Bani Israil! Élinga nékmat Ingsung sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh, lan Ingsun wis nglewihna ko kabéh sekang sekabéhé umat sing ana neng ngalam dunya kiyé (neng jaman semena).
وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا عَدْلٌ وَّلَا تَنْفَعُهَا شَفَاعَةٌ وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ١٢٣
Wattaqū yaumal lā tajzī nafsun ‘an nafsin syai'aw wa lā yuqbalu minhā ‘adluw wa lā tanfa‘uhā syafā‘atuw wa lā hum yunṣarūn(a).
[123]
Lan wedia ko kabéh maring dina, (rikala) ora nana wong sijia sing bisa nggantékna (mbélani) wong liya babar pisan, tebusan ora détampa, bantuan ora nana gunané tumrap dhéwéké, lan wong-wong mau ora bakal détulungi.
۞ وَاِذِ ابْتَلٰٓى اِبْرٰهٖمَ رَبُّهٗ بِكَلِمٰتٍ فَاَتَمَّهُنَّ ۗ قَالَ اِنِّيْ جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ اِمَامًا ۗ قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْ ۗ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِى الظّٰلِمِيْنَ١٢٤
Wa iżibtalā ibrāhīma rabbuhū bikalimātin fa atammahunn(a), qāla innī jā‘iluka lin-nāsi imāmā(n), qāla wa min żurriyyatī, qāla lā yanālu ‘ahdiẓ-ẓālimīn(a).
[124]
Lan (élinga), rikala Ibrahim déuji déning Pengérané karo pirang-pirang tembung, banjur dhéwéké nglakokna kanthi sempurna. Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Sete-mené Ingsun ndadékna sliramu minangka pemimpin tumrap sekabéhé menungsa.” Dhéwéké (Ibrahim) matur, “Lan (ugi) saking anak-putu wayah kula?” Gusti Allah dhawuh, “(Bener, ning) janji Ingsun ora patrap nggo wong-wong sing padha nganiaya.”
وَاِذْ جَعَلْنَا الْبَيْتَ مَثَابَةً لِّلنَّاسِ وَاَمْنًاۗ وَاتَّخِذُوْا مِنْ مَّقَامِ اِبْرٰهٖمَ مُصَلًّىۗ وَعَهِدْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ اَنْ طَهِّرَا بَيْتِيَ لِلطَّاۤىِٕفِيْنَ وَالْعٰكِفِيْنَ وَالرُّكَّعِ السُّجُوْدِ١٢٥
Wa iż ja‘alnal-baita maṡābatal lin-nāsi wa amnā(n), wattakhiżū mim maqāmi ibrāhīma muṣallā(n), wa ‘ahidnā ilā ibrāhīma wa ismā‘īla an ṭahhirā baitiya liṭ-ṭā'ifīna wal-‘ākifīna war-rukka‘is-sujūd(i).
[125]
Lan (élinga), rikala Ingsun ndadékna umah (Ka’bah) panggonan kumpul lan panggonan sing aman tumrap menungsa. Lan dadékna maqam Ibrahim 45 kuwé panggonan sembayang. Lan wis Ingsun dhawuhna maring Ibrahim karo Ismail, “Bresihi umah Ingsun (Ka’bah) nggo wong-wong sing padha tawaf, wong-wong sing padha iktikaf, wong-wong sing padha ndhongko (rukuk) lan wong-wong sing padha ndhepa (sujud)!”
45) yakuwé panggonané Nabi Ibrahim a.s jumeneng nalikané mbangun ka’bah
وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا بَلَدًا اٰمِنًا وَّارْزُقْ اَهْلَهٗ مِنَ الثَّمَرٰتِ مَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ قَالَ وَمَنْ كَفَرَ فَاُمَتِّعُهٗ قَلِيْلًا ثُمَّ اَضْطَرُّهٗٓ اِلٰى عَذَابِ النَّارِ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٢٦
Wa iż qāla ibrāhīmu rabbij‘al hāżā baladan āminaw warzuq ahlahū minaṡ-ṡamarāti man āmana minhum billāhi wal-yaumil-ākhir(i), qāla wa man kafara fa umatti‘uhū qalīlan ṡumma aḍṭarruhū ilā ‘ażābin-nār(i), wa bi'sal-maṣīr(u).
[126]
Lan (élinga) rikala Ibrahim nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, dadosaken negari Mekah niki negari sing aman lan mugi paringa rejeki rupi woh-wohan dhateng warginé, nggih niku teng antawisé tiyang-tiyang wau sing sami precaya dhateng Gusti Allah lan dinten pungkasan,” Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Lan maring wong sing mbangkang bakal Insun paringi seneng sewetara, seterusé bakal Ingsun peksa wong mau maring neraka lan kuwé nyata panggonan bali sing paling ala.”
وَاِذْ يَرْفَعُ اِبْرٰهٖمُ الْقَوَاعِدَ مِنَ الْبَيْتِ وَاِسْمٰعِيْلُۗ رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا ۗ اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ١٢٧
Wa iż yarfa‘u ibrāhīmul-qawā‘ida minal-baiti wa ismā‘īl(u), rabbanā taqabbal minnā, innaka antas-samī‘ul-‘alīm(u).
[127]
Lan (élinga) rikala Ibrahim ndhuwurna dhampar baitullah bareng karo Ismail, (kambi nyenyuwun), “Dhuh Pengéran kula, mugi tinampi (amal) saking kula kekalih. Éstu, Penjenengan Ingkang Maha Midhanget lan Maha Ngawuningani.
رَبَّنَا وَاجْعَلْنَا مُسْلِمَيْنِ لَكَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَآ اُمَّةً مُّسْلِمَةً لَّكَۖ وَاَرِنَا مَنَاسِكَنَا وَتُبْ عَلَيْنَا ۚ اِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ١٢٨
Rabbanā waj‘alnā muslimaini laka wa min żurriyyatinā ummatam muslimatal lak(a), wa arinā manāsikanā wa tub ‘alainā, innaka antat-tawwābur-raḥīm(u).
[128]
Dhuh Pengérané kula sedaya, mugi ndadosaken kula tiyang sing pasrah teng Penjenengan, lan anak-putu kula sami (uga) umat sing manut teng Penjenengan lan tudhuhakén kula sami cara-cara nglampahi ngibadah (haji) kula sami, lan mugi tinampi tobat kula sami. Éstu Penjenengan Ingkang Maha Nampani Tobat lan Mahaasih.
رَبَّنَا وَابْعَثْ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُزَكِّيْهِمْ ۗ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ١٢٩
Rabbanā wab‘aṡ fīhim rasūlam minhum yatlū ‘alaihim āyātika wa yu‘allimuhumul-kitāba wal-ḥikmata wa yuzakkīhim, innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[129]
Dhuh Pengéran kula sami, mugi ngutus teng kalangané tiyang-tiyang mau sétunggil utusan saking kalangané kiyambeké dhéwék, sing ajeng maosaken nggé tiyang-tiyang wau ayat-ayat Penjenengan lan mucal Kitab lan ngélmu teng wong-wong mau, lan nyucékna kiyambeké sedaya. Éstu, Penjenengan nyata Ingkang Mahadigdaya, Mahawicaksana.
وَمَنْ يَّرْغَبُ عَنْ مِّلَّةِ اِبْرٰهٖمَ اِلَّا مَنْ سَفِهَ نَفْسَهٗ ۗوَلَقَدِ اصْطَفَيْنٰهُ فِى الدُّنْيَا ۚوَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ١٣٠
Wa may yargabu ‘an millati ibrāhīma illā man safiha nafsah(ū), wa laqad-iṣṭafaināhu fid-dun-yā, wa innahū fil-ākhirati laminaṣ-ṣāliḥīn(a).
[130]
Lan wong sing wadhéh maring agamané Ibrahim, mung wong sing mbodhoni awaké dhéwék. Lan temen, Ingsun wis milih dhéwéké (Ibrahim) neng dunya kiyé. Lan setemené neng akhérat dhéwéké klebu wong-wong sing pantes (saléh).
اِذْ قَالَ لَهٗ رَبُّهٗٓ اَسْلِمْۙ قَالَ اَسْلَمْتُ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ١٣١
Iż qāla lahū rabbuhū aslim, qāla aslamtu lirabbil-‘ālamīn(a).
[131]
(Élinga) rikala Pengéran dhawuh maring dhéwéké (Ibrahim), “Semaraha!” Dhéwéké matur, “Kula semarah teng Pengérané sedaya ngalam.”
وَوَصّٰى بِهَآ اِبْرٰهٖمُ بَنِيْهِ وَيَعْقُوْبُۗ يٰبَنِيَّ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰى لَكُمُ الدِّيْنَ فَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ ۗ١٣٢
Wa waṣṣā bihā ibrāhīmu banīhi wa ya‘qūb(u), yā baniyya innallāhaṣṭafā lakumud-dīna falā tamūtunna illā wa antum muslimūn(a).
[132]
Lan Ibrahim awéh wasiyat (pengucap) mau maring putra-putrané, semana uga Ya’qub. “Hé anak-anaku! Setemené Gusti Allah wis milih agama kiyé nggo ko kabéh, aja nganti ko padha mati kejaba neng sejeroné kahanan semarah (muslim).”
اَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاۤءَ اِذْ حَضَرَ يَعْقُوْبَ الْمَوْتُۙ اِذْ قَالَ لِبَنِيْهِ مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْۢ بَعْدِيْۗ قَالُوْا نَعْبُدُ اِلٰهَكَ وَاِلٰهَ اٰبَاۤىِٕكَ اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ١٣٣
Am kuntum syuhadā'a iż ḥaḍara ya‘qūbal-maut(u), iż qāla libanīhi mā ta‘budūna mim ba‘dī, qālū na‘budu ilāhaka wa ilāha ābā'ika ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa ilāhaw wāḥidā(n), wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[133]
Apa sliramu padha dadi seksi rikala pati arep marani Ya’kub, rikala dhéwéké ngucap maring anak-anaké, “Apa sing ko padha sembah sepungkuré inyong?” Anak-anaké padha semaur, ”Inyong arep padha nyembah Pengérané rika lan Pengérané kaki-nininé rika yakuwé Ibrahim, Ismail lan Ishak, (yakuwé) Pengéran Sing Mahatunggal lan inyong kabéh padha (mung) pasrah awak dhéwék maring Penjenengané.”
تِلْكَ اُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَّا كَسَبْتُمْ ۚ وَلَا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٣٤
Tilka ummatun qad khalat, lahā mā kasabat wa lakum mā kasabtum, wa lā tus'alūna ‘ammā kānū ya‘malūn(a).
[134]
Mengkana kuwé umat sing wis keliwat. Nggo dhéwéké apa sing wis wong-wong mau upayakna lan nggo ko kabéh apa sing wis ko padha upayakna. Lan ko kabéh ora bakal déjaluki (tanggungjawab) ngenani apa baé sing wong-wong mau lakoni.
وَقَالُوْا كُوْنُوْا هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى تَهْتَدُوْا ۗ قُلْ بَلْ مِلَّةَ اِبْرٰهٖمَ حَنِيْفًا ۗوَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٣٥
Wa qālū kūnū hūdan au naṣārā tahtadū, qul bal millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[135]
Lan wong-wong mau padha ngucap, “Dadia ko kabéh (wong sing nganut) Yahudi utawa Nasrani, mengko ko padha olih pituduh.” Ngucapa, “(Ora!) ning (inyong kabéh ngetut) agamané Ibrahim sing jejeg lan dhéwéké ora klebu golongané wong sing nyekuthokna Pengéran.”
قُوْلُوْٓا اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ وَمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى وَعِيْسٰى وَمَآ اُوْتِيَ النَّبِيُّوْنَ مِنْ رَّبِّهِمْۚ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْۖ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ١٣٦
Qūlū āmannā billāhi wa mā unzila ilainā wa mā unzila ilā ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭi wa mā ūtiya mūsā wa ‘īsā wa mā ūtiyan-nabiyyūna mir rabbihim, lā nufarriqu baina aḥadim minhum wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[136]
Ucapna, “Inyong kabéh precaya maring Gusti Allah lan maring apa sing déturunaken maring inyong kabéh, lan maring apa sing déturunaken maring Ibrahim, Ismail, Ishak, Yakub lan anak-putuné, lan maring apa sing déparingna maring Musa lan Isa karo maring apa sing déparingna maring nabi-nabi sekang Pengérané golongané wong-wong mau. Inyong kabéh ora mbéda-mbédakna sapa baé neng antarané wong-wong mau (para nabi), lan inyong kabéh semarah maring Pengéran.
فَاِنْ اٰمَنُوْا بِمِثْلِ مَآ اٰمَنْتُمْ بِهٖ فَقَدِ اهْتَدَوْا ۚوَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا هُمْ فِيْ شِقَاقٍۚ فَسَيَكْفِيْكَهُمُ اللّٰهُ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ ۗ١٣٧
Fa'in āmanū bimiṡli mā āmantum bihī faqadihtadau, wa in tawallau fa'innamā hum fī syiqāq(in), fasayakfīkahumullāh(u), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[137]
Mangka angger wong-wong mau wis padha precaya kayadéné sing sliramu andel, temen dhéwéké kabéh wis olih pituduh. Ning angger wong-wong mau padha mléngos, setemené dhéwéké kabéh ana neng njeroné satron (karo sliramu), mangka Gusti Allah nyukupna sliramu (Muhammad) maring wong-wong mau (kanthi pitulunga-Né). Lan Penjenengané Maha Midhanget tur Maha Ngawuningani.
صِبْغَةَ اللّٰهِ ۚ وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللّٰهِ صِبْغَةً ۖ وَّنَحْنُ لَهٗ عٰبِدُوْنَ١٣٨
Ṣibgatallāh(i), wa man aḥsanu minallāhi ṣibgataw wa naḥnu lahū ‘ābidūn(a).
[138]
Sibgah Allah,” 46 sapa wongé sing lewih becik sibgahé ketimbang Gusti Allah? Lan maring Penjenengané inyong kabéh padha nyembah.
46) sibgah Allah, tegesé celupané Gusti Allah, maksudé agamané Gusti Allah
قُلْ اَتُحَاۤجُّوْنَنَا فِى اللّٰهِ وَهُوَ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْۚ وَلَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْۚ وَنَحْنُ لَهٗ مُخْلِصُوْنَ ۙ١٣٩
Qul atuḥājjūnanā fillāhi wa huwa rabbunā wa rabbukum, wa lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, wa naḥnu lahū mukhliṣūn(a).
[139]
Dhawuha (Muhammad), “Apa ko arep dhebadan karo inyong ngenani Gusti Allah, mangka Penjenengané Pengéranku lan Pengéranmu kabéh. Nggo inyong kabéh ngamal-ngamalku, lan nggo ko kabéh ngamal-ngamalmu, lan mung maring Penjenengané inyong kabéh kanthi tulus oléhé kemawula.
اَمْ تَقُوْلُوْنَ اِنَّ اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطَ كَانُوْا هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى ۗ قُلْ ءَاَنْتُمْ اَعْلَمُ اَمِ اللّٰهُ ۗ وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَتَمَ شَهَادَةً عِنْدَهٗ مِنَ اللّٰهِ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ١٤٠
Am taqūlūna inna ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭa kānū hūdan au naṣārā, qul a'antum a‘lamu amillāh(u), wa man aẓlamu mimman katama syahādatan ‘indahū minallāh(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[140]
Utawa ko kabéh (wong-wong Yahudi lan Nasrani) ngucap lamona Ibrahim, Ismail, Ishak, Yakub lan anak putuné padha mélu Yahudi utawa Nasrani? Ngucapa, “Ko kabéh sing lewih ngerti apa Gusti Allah, lan sapa wongé sing lewih aniaya (kapitunan) ketimbang wong sing ngumpetna perseksén sekang Gusti Allah 47 sing ana neng dhéwéké?” Gusti Allah ora linglap maring apa sing ko padha pergawé.
47) Yakuwé persekséné Gusti Allah sing ana neng njero Taurat lan Injil, setemené Nabi Ibrahim a.s. Lan anak putuné dudu wong sing manut agama Yahudi utawa Nasrani, lan setemené Gusti Allah bakal ngutus Nabi Muhammad s.a.w.
تِلْكَ اُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَّا كَسَبْتُمْ ۚ وَلَا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ࣖ ۔١٤١
Tilka ummatun qad khalat, lahā mā kasabat wa lakum mā kasabtum, wa lā tus'alūna ‘ammā kānū ya‘malūn(a).
[141]
Mengkana kuwé umat sing keliwat. Nggo dhéwéké apa sing wis wong-wong mau upayakna lan nggo ko apa sing uwis ko upayakna. Lan ko ora bakal déjaluki (tanggung jawab) ngenani apa sing wong-wong mau pergawé gemiyén.
۞ سَيَقُوْلُ السُّفَهَاۤءُ مِنَ النَّاسِ مَا وَلّٰىهُمْ عَنْ قِبْلَتِهِمُ الَّتِيْ كَانُوْا عَلَيْهَا ۗ قُلْ لِّلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُۗ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ١٤٢
Sayāqūlus-sufahā'u minan-nāsi mā wallāhum ‘an qiblatihimul-latī kānū ‘alaihā, qul lillāhil-masyriqu wal-magrib(u), yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[142]
Wong-wong sing kurang ngakal neng antarané menungsa bakal ngucap, “Apa sing ngalihna wong-wong (muslim) sekang kiblat sing dhéwéké gemiyén padha (ngiblat) maring kuwé?” Ngucapa (Muhammad), “Nyata kagungané Gusti Allah wétan lan kulon; Penjenengané paring pituduh maring sapa sing Penjenengané kersakna maring dalan sing jejeg.”
وَكَذٰلِكَ جَعَلْنٰكُمْ اُمَّةً وَّسَطًا لِّتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْكُمْ شَهِيْدًا ۗ وَمَا جَعَلْنَا الْقِبْلَةَ الَّتِيْ كُنْتَ عَلَيْهَآ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يَّتَّبِعُ الرَّسُوْلَ مِمَّنْ يَّنْقَلِبُ عَلٰى عَقِبَيْهِۗ وَاِنْ كَانَتْ لَكَبِيْرَةً اِلَّا عَلَى الَّذِيْنَ هَدَى اللّٰهُ ۗوَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُضِيْعَ اِيْمَانَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ١٤٣
Wa każālika ja‘alnākum ummataw wasaṭal litakūnū syuhadā'a ‘alan-nāsi wa yakūnar-rasūlu ‘alaikum syahīdā(n), wa mā ja‘alnal-qiblatal-latī kunta ‘alaihā illā lina‘lama may yattabi‘ur-rasūla mimmay yanqalibu ‘alā ‘aqibaih(i), wa in kānat lakabīratan illā ‘alal-lażīna hadallāh(u), wa mā kānallāhu liyuḍī‘a īmānakum, innallāha bin-nāsi lara'ūfur raḥīm(un).
[143]
Lan mengkana uga Ingsun wis ndadékna ko kabéh (wong Islam) “umat sing tengah-tengah” 48 supaya ko kabéh dadi seksi ingatasé (temindaké) menungsa lan supaya Rasul (Muhammad) dadi seksi maring temindakmu kabéh. Ingsun ora ndadékna kiblat sing (gemiyén) sliramu padha (ngiblat) maring kaé kejaba supayané Ingsun priksa sapa sing ngetutna Rasul lan sapa sing mbalék maring mburi. Temen, (pindhahé kiblat) kuwé abot banget, kejaba tumrap wong sing wis déparingi pituduh déning Gusti Allah. Lan Gusti Allah ora bakal siya-siya maring precayamu kabéh. Temen, Gusti Allah Mahaasih, Mahawelas maring menungsa.
48) Umat sing adil, sing ora abot sesisih, maring dunya utawa maring akhérat, ning seimbang antarané sekaroné.
قَدْ نَرٰى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِى السَّمَاۤءِۚ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضٰىهَا ۖ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗ ۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ لَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ١٤٤
Qad narā taqallubaka wajhika fis-samā'(i), fa lanuwalliyannaka qiblatan tarḍāhā, fawalli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa ḥaiṡumā kuntum fawallū wujūhakum syaṭrah(ū), wa innal-lażīna ūtul-kitāba laya‘lamūna annahul-ḥaqqu mir rabbihim, wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ya‘malūn(a).
[144]
Ingsun mriksani pesuryanmu (Muhammad) sering madhep maring langit, mangka Ingsun bakal ngadhepna sliramu maring kiblat sing sliramu senengi. Mangka adhepna pesuryanmu maring prenah Masjidilharam. Lan neng endi baé sliramu ana, adhepna pesuryanmu maring prenah kuwé. Lan setemené wong-wong sing déparingi kitab (Taurat lan Injil) ngerti, lamon (pindhahé kiblat) kuwé kesunyatan (bebener) sekang Pengérané wong-wong mau. Lan Gusti Allah ora linglap maring apa sing dhéwéké padha pergawé.
وَلَىِٕنْ اَتَيْتَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ بِكُلِّ اٰيَةٍ مَّا تَبِعُوْا قِبْلَتَكَ ۚ وَمَآ اَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْ ۚ وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَاجَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ اِنَّكَ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ ۘ١٤٥
Wa la'in ataital-lażīna ūtul-kitāba bikulli āyatim mā tabi‘ū qiblatak(a), wa mā anta bitābi‘in qiblatahum, wa mā ba‘ḍuhum bitābi‘in qiblata ba‘ḍ(in), wa la'inittaba‘ta ahwā'ahum mim ba‘di mā jā'aka minal-‘ilm(i), innaka iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[145]
Lan senajan sliramu (Muhammad) maringi kabéh ayat (keterangan) maring wong-wong sing déparingi Kitab kuwé, dhéwéké ora bakal padha mélu kiblatmu. Lan sliramu uga ora bakal mélu kiblaté wong-wong mau. Sebagéan wong-wong mau ora bakal mélu kiblat sebagéan wong sing liya. Lan angger sliramu ngetut karepé wong-wong mau se-wisé ilmu butul maring sliramu, yekti sliramu kelebu wong-wong sing aniaya (kapitunan).
اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْرِفُوْنَهٗ كَمَا يَعْرِفُوْنَ اَبْنَاۤءَهُمْ ۗ وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنْهُمْ لَيَكْتُمُوْنَ الْحَقَّ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ١٤٦
Allażīna ātaināhumul-kitāba ya‘rifūnahū kamā ya‘rifūna abnā'ahum, wa inna farīqam minhum layaktumūnal-ḥaqqa wa hum ya‘lamūn(a).
[146]
Wong-wong sing wis Ingsun paringi kitab (Taurat lan Injil) padha ngerti kiyambeké (Muhammad) 49 , kaya wong-wong mau ngerti anak-anaké dhéwék. Setemené sebagéan wong-wong mau mesthi ngumpetna bebener, mangkané dhéwéké padha ngerti.
49) Padha ngerti kenabiané Muhammad s.a.w lan sipat-sipaté kaya sing désebut neng Taurat lan Injil.
اَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَ ࣖ١٤٧
Al-ḥaqqu mir rabbika falā takūnanna minal-mumtarīn(a).
[147]
Bebener kuwé (asalé) sekang Pengéranmu, mula aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) klebu wong-wong sing padha mamang.
وَلِكُلٍّ وِّجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيْهَا فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يَأْتِ بِكُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٤٨
Wa likulliw wijhatun huwa muwallīhā fastabiqul-khairāt(i), aina mā takūnū ya'ti bikumullāhu jamī‘ā(n), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[148]
Lan saben-saben umat nduwéni kiblat sing dhéwéké padha madhep maring nganah. Mangka padha ayon-ayonan ko kabéh neng sejeroné kebecikan. Neng endi baé anané ko, mesthi Gusti Allah bakal ngumpulna ko kabéh. Temen, Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَاِنَّهٗ لَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ١٤٩
Wa min ḥaiṡu kharajta fawalli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa innahū lal-ḥaqqu mir rabbik(a), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[149]
Lan sekang ngendi baé sliramu (Muhammad) metu, adhepna pesuryanmu maring prenah Masjidilharam, setemené kuwé bener-bener pepesthén sekang Pengéranmu. Gusti Allah ora linglap maring apa sing sliramu kabéh pergawé.
وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗ ۙ لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَيْكُمْ حُجَّةٌ اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِيْ وَلِاُتِمَّ نِعْمَتِيْ عَلَيْكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَۙ١٥٠
Wa min ḥaiṡu kharajta fa walli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa ḥaiṡumā kuntum fawallū wujūhakum syaṭrah(ū), li'allā yakūna lin-nāsi ‘alaikum ḥujjatun illal-lażīna ẓalamū minhum, falā takhsyauhum wakhsyaunī, wa li'utimma ni‘matī ‘alaikum wa la‘allakum tahtadūn(a).
[150]
Lan sekang endi baé sliramu (Muhammad) metu, mangka adhepna pesuryanmu maring prenah Masjidilharam. Lan neng endi baé anané sliramu, mangka adhepna pesuryanmu maring prenah kuwé, supayané ora nana alésan tumrap menungsa (kanggo mbantah sliramu), kejaba wong-wong sing padha aniaya neng antarané dhéwéké kabéh. Aja wedi sliramu maring wong-wong mau, ning wedia maring Ingsun, supayané Ingsun nyempurnakna nékmat Ingsun maring sliramu, lan supayané sliramu olih pituduh.
كَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْكُمْ رَسُوْلًا مِّنْكُمْ يَتْلُوْا عَلَيْكُمْ اٰيٰتِنَا وَيُزَكِّيْكُمْ وَيُعَلِّمُكُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُعَلِّمُكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَۗ١٥١
Kamā arsalnā fīkum rasūlam minkum yatlū ‘alaikum āyātinā wa yuzakkīkum wa yu‘allimukumul-kitāba wal-ḥikmata wa yu‘allimukum mā lam takūnū ta‘lamūn(a).
[151]
Kayadéné Ingsun wis ngutus maring ko kabéh sewiji Rasul (Muhammad) sekang (kalangané) ko kabéh sing macakna ayat-ayat-É Ingsun, nyucékna ko kabéh, lan mulang ko kitab (Al-Qur’an) lan Hikmah (sunnah), karo mulang apa sing ko ora padha ngerti.
فَاذْكُرُوْنِيْٓ اَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا لِيْ وَلَا تَكْفُرُوْنِ ࣖ١٥٢
Fażkurūnī ażkurkum wasykurū lī wa lā takfurūn(i).
[152]
Mangka élinga sliramu kabéh maring Ingsun, Ingsun uga bakal kélingan maring ko kabéh. 50 Padha kesuwuna ko kabéh maring Ingsun, lan ko aja padha mbangkang maring Ingsun.
50) Ingsun paring welas lan pengampura maring sliramu kabéh.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ١٥٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanusta‘īnū biṣ-ṣabri waṣ-ṣalāh(ti), innallāha ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[153]
Hé wong-wong sing padha precaya! Nyuwuna pitulungan (maring Gusti Allah) kanthi sabar lan sembayang. Temen, Gusti Allah mbarengi wong-wong sing padha sabar.
وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ يُّقْتَلُ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَمْوَاتٌ ۗ بَلْ اَحْيَاۤءٌ وَّلٰكِنْ لَّا تَشْعُرُوْنَ١٥٤
Wa lā taqūlū limay yuqtalu fī sabīlillāhi amwāt(un), bal aḥyā'uw wa lākil lā tasy‘urūn(a).
[154]
Lan ko kabéh aja padha ngucap (ngarani) lamon wong-wong sing tiwas neng dalané Gusti Allah (dhéwéké kabéh) wis padha mati. Setemené (dhéwéké kabéh) padha urip, 51 ning ko kabéh ora padha ngerténi kuwé.
51) Urip neng ngalam séjén sing dudu ngalamé inyong kabéh, neng endi dhéwéké padha olih pirang-pirang nékmat neng ngersané Gusti Allah, lan mung Gusti Allah sing mriksani kepriwé kahanané penguripan neng ngalam kuwé.
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ١٥٥
Wa lanabluwannakum bisyai'im minal-khaufi wal-jū‘i wa naqaṣim minal-amwāli wal-anfusi waṡ-ṡamarāt(i), wa basysyiriṣ-ṣābirīn(a).
[155]
Lan Ingsun mesthi bakal nguji sliramu kabéh kambi rasa mandan wedi, kencot, kurang bandha, nyawa, lan woh-wohan. Lan butulna kabar bebungah maring wong-wong sing padha sabar.
اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ١٥٦
Allażīna iżā aṣābathum muṣībah(tun), qālū innā lillāhi wa innā ilaihi rāji‘ūn(a).
[156]
(yakuwé) wong-wong sing angger kenang bilai, dhéwéké padha ngucap ”Inna Lillahi wa inna Ilaihi raji’un” 52 (setemené inyong kabéh kagungan-É Gusti Allah lan mung maring Penjenengan-É inyong padha bali).
52) Pengucap kiyé déarani istirja’ (pengucap mbalekna maring Gusti Allah). Sunah déucapna rikala kenang bilai, gedhé utawa cilik.
اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ صَلَوٰتٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرَحْمَةٌ ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُهْتَدُوْنَ١٥٧
Ulā'ika ‘alaihim ṣalawātum mir rabbihim wa raḥmah(tun), wa ulā'ika humul-muhtadūn(a).
[157]
Wong-wong mau sing nyata padha olih pengampura lan kewelasan sekang Pengérané, lan dhéwéké kabéh kuwé nyata wong-wong sing olih pituduh.
۞ اِنَّ الصَّفَا وَالْمَرْوَةَ مِنْ شَعَاۤىِٕرِ اللّٰهِ ۚ فَمَنْ حَجَّ الْبَيْتَ اَوِ اعْتَمَرَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِ اَنْ يَّطَّوَّفَ بِهِمَا ۗ وَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًاۙ فَاِنَّ اللّٰهَ شَاكِرٌ عَلِيْمٌ١٥٨
Innaṣ-ṣafā wal-marwata min sya‘ā'irillāh(i), faman ḥajjal-baita awi‘tamara falā junāḥa ‘alaihi ay yaṭṭawwafa bihimā, wa man taṭawwa‘a khairan fa innallāha syākirun ‘alīm(un).
[158]
Setemené Shafa lan Marwah rupa sebagéan kuncarané (agama-Né) Gusti Allah. 53 Mangka sapa wongé ngibadah haji maring Baétullah utawa umrah, ora nana dosa tumrap dhéwéké nglakoni sa’i 54 neng antara sekloroné. Lan sapa wongé kanthi rila atiné gawé kebecikan, mangka Gusti Allah Maha Ngesuwuni, 55 Maha Ngawuningani.
53) Panggonan-panggonan ngibadah maring Gusti Allah
54) Mlaku lan mlayu-mlayu dhologan ping pitu antarané Shafa lan Marwah rikala nglakoni ngibadah haji utawa umrah. Gusti Allah mertélakna kanthi dhawuh, “Ora nana dosa” merga sebagéan sahabat ngrasa abot nglakoni sa’i neng kono, krana panggonan kuwé tilas panggonan brehala. Lan wektu jaman jahiliyah papan kuwé uga dénggo panggonan sa’i. Supayané ngilangna rasa abot kuwé Gusti Allah nurunaken ayat kiyé.
55) Gusti Allah kesuwun maring kawula-Né, maringi ganjaran maring ngamalé, ngapurani luputé, nambahi nékmaté lan liyané.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْتُمُوْنَ مَآ اَنْزَلْنَا مِنَ الْبَيِّنٰتِ وَالْهُدٰى مِنْۢ بَعْدِ مَا بَيَّنّٰهُ لِلنَّاسِ فِى الْكِتٰبِۙ اُولٰۤىِٕكَ يَلْعَنُهُمُ اللّٰهُ وَيَلْعَنُهُمُ اللّٰعِنُوْنَۙ١٥٩
Innal-lażīna yaktumūna mā anzalnā minal-bayyināti wal-hudā mim ba‘di mā bayyannāhu lin-nāsi fil-kitāb(i), ulā'ika yal‘anuhumullāhu wa yal‘anuhumul-lā‘inūn(a).
[159]
Temen, wong-wong sing padha ngumpetna apa sing wis Ingsun turunaken rupa pirang-pirang keterangan lan pituduh, sewisé Ingsun genahna maring menungsa neng njeroné kitab (Al-Qur’an), wong-wong mau sing désupatani Gusti Allah lan désupatani (uga) neng wong-wong sing padha nyupatani,
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا وَاَصْلَحُوْا وَبَيَّنُوْا فَاُولٰۤىِٕكَ اَتُوْبُ عَلَيْهِمْ ۚ وَاَنَا التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ١٦٠
Illal-lażīna tābū wa aṣlaḥū wa bayyanū fa'ulā'ika atūbu ‘alaihim, wa anat-tawwābur-raḥīm(u).
[160]
kejaba wong-wong sing wis padha tobat, padha nganakna perdandan becik lan padha njelasna (prekara mau). 56 Wong-wong mau sing Ingsun tampani tobaté lan Ingsun kuwé nyata Sing Maha Nampa Tobat, Mahaasih.
56) Tegesé nglakoni penggawé-penggawé apik nggo ngilangna tinggalan ala sekang keluputan-keluputan sing wis délakoni, lan njelasna bebener sing déumpetna.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَمَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ لَعْنَةُ اللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَۙ١٦١
Innal-lażīna kafarū wa mātū wa hum kuffārun ulā'ika ‘alaihim la‘natullāhi wal-malā'ikati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[161]
Temen, wong-wong sing padha mbangkang lan mati neng sejeroné mbangkang, dhéwéké kabéh nyata olih laknaté Gusti Allah, para malaékat lan sekabéhé menungsa,
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚ لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ١٦٢
Khālidīna fīhā, lā yukhaffafu ‘anhumul-‘ażābu wa lā hum yunẓarūn(a).
[162]
wong-wong mau selawasé padha neng njeroné (laknat), ora bakal déénthéngna siksané, lan dhéwéké ora padha déparingi pesemayan.
وَاِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ لَآاِلٰهَ اِلَّا هُوَ الرَّحْمٰنُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٦٣
Wa ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), lā ilāha illā huwar-raḥmānur-raḥīm(u).
[163]
Lan Pengérane ko kabéh yakuwé Pengéran Sing Mahatunggal, ora nana Pengéran seliya Penjenengané, Sing Mahawelas, Mahaasih.
اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَالْفُلْكِ الَّتِيْ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِمَا يَنْفَعُ النَّاسَ وَمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ مَّاۤءٍ فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَبَثَّ فِيْهَا مِنْ كُلِّ دَاۤبَّةٍ ۖ وَّتَصْرِيْفِ الرِّيٰحِ وَالسَّحَابِ الْمُسَخَّرِ بَيْنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ١٦٤
Inna fī khalqis-samāwāti wal-arḍi wakhtilāfil-laili wan-nahāri wal-fulkil-latī tajrī fil-baḥri bimā yanfa‘un-nāsa wa mā anzalallāhu minas-samā'i mim mā'in fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā wa baṡṡa fīhā min kulli dābbah(tin), wa taṣrīfir-riyāḥi was-saḥābil-musakhkhari bainas-samā'i wal-arḍi la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[164]
Setemené neng sejeroné penyiptané langit lan bumi, gonta-gantiné wengi lan awan, kapal sing lelayar neng segara kambi (momotan) sing migunani nggo menungsa, apa sing déturunaken Gusti Allah sekang langit rupané banyu, banjur karo kuwé déuripna déning Gusti Allah bumi sewisé mati (garing), lan Penjenengané nyebarna neng kono rupa-rupa kéwan lan puserané angin karo lamuk sing dékendhalékna antarané langit karo bumi (kabéh mau) nyata dadi tengeré (agungé Gusti Allah) kanggoné wong-wong sing padha ngerti.
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّتَّخِذُ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَنْدَادًا يُّحِبُّوْنَهُمْ كَحُبِّ اللّٰهِ ۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَشَدُّ حُبًّا لِّلّٰهِ ۙوَلَوْ يَرَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اِذْ يَرَوْنَ الْعَذَابَۙ اَنَّ الْقُوَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًا ۙوَّاَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعَذَابِ١٦٥
Wa minan-nāsi may yattakhiżu min dūnillāhi andāday yuḥibbūnahum kaḥubbillāh(i), wal-lażīna āmanū asyaddu ḥubbal lillāh(i), wa lau yaral-lażīna ẓalamū iż yaraunal-‘ażāb(a), annal-quwwata lillāhi jamī‘ā(n), wa annallāha syadīdul-‘ażāb(i).
[165]
Lan neng antarané menungsa ana wong sing padha nyembah pengéran seliyané Gusti Allah minangka pepadhan, sing wong-wong mau padha dhemen kaya dhemené maring Gusti Allah. Anadéné wong-wong sing padha precaya gedhé banget tresnané maring Gusti Allah. Énggané wong-wong sing padha aniaya kuwé 57 weruh, rikala dhéwéké padha ndeleng siksa (neng dina Kiyamat), lamon kekuwatan mau sekabéhé kagungané Gusti Allah lan kesinggihan Gusti Allah kuwé abot banget siksa-Né (mesthi wong-wong mau padha ngajog).
57) Wong sing aniaya (kapitunan/dolim) neng kéné yakuwé wong sing nyembah seliyané Gusti Allah. Maksudé, rikala wong sing aniaya kuwé weruh sembahané ora awéh piguna babar blas neng dina Kiyamat, dhéwéké mesthi precaya lamon sekabéhé daya (kekuwatan) mung kagungané Gusti Allah.
اِذْ تَبَرَّاَ الَّذِيْنَ اتُّبِعُوْا مِنَ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْا وَرَاَوُا الْعَذَابَ وَتَقَطَّعَتْ بِهِمُ الْاَسْبَابُ١٦٦
Iż tabarra'al-lażīnattubi‘ū minal-lażīnattaba‘ū wa ra'awul-‘ażāba wa taqaṭṭa‘at bihimul-asbāb(u).
[166]
(Yakuwé) rikala wong-wong sing padha dépeloni ngeculna tangané sekang wong-wong sing padha mélu, lan dhéwéké padha weruh siksa, lan (rikala) sekabéhé srawungan antarané wong-wong mau padha pedhot.
وَقَالَ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْا لَوْ اَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَتَبَرَّاَ مِنْهُمْ ۗ كَمَا تَبَرَّءُوْا مِنَّا ۗ كَذٰلِكَ يُرِيْهِمُ اللّٰهُ اَعْمَالَهُمْ حَسَرٰتٍ عَلَيْهِمْ ۗ وَمَا هُمْ بِخٰرِجِيْنَ مِنَ النَّارِ ࣖ١٦٧
Wa qālal-lażīnattaba‘ū lau anna lanā karratan fa natabarra'a minhum, kamā tabarra'ū minnā, każālika yurīhimullāhu a‘mālahum ḥasarātin ‘alaihim, wa mā hum bikhārijīna minan-nār(i).
[167]
Lan wong-wong sing padha ngetutna ngucap, “Sekirané inyong kabéh olih kelodhangan (bali maring dunya), mesti inyong bakal padha ngeculna tangan sekang dhéwéké, kayadéné wong-wong mau ngeculna tangané sekang inyong kabéh.” Kayakuwé Gusti Allah ngawéruhna maring wong-wong mau pegawéané dhéwéké kabéh sing ndadékna dhéwéké padha ngajog. Lan wong-wong mau ora bakal metu sekang geni neraka.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ كُلُوْا مِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلٰلًا طَيِّبًا ۖوَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ١٦٨
Yā ayyuhan-nāsu kulū mimmā fil-arḍi ḥalālan ṭayyibā(n), wa lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[168]
Hé menungsa! Padha angana sekang (panganan) sing déparengna (halal) lan apik sing ana neng dunya lan aja padha mélu lakoné sétan. Temen, sétan kuwé mungsuh sing nyata tumrap ko kabéh.
اِنَّمَا يَأْمُرُكُمْ بِالسُّوْۤءِ وَالْفَحْشَاۤءِ وَاَنْ تَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ١٦٩
Innamā ya'murukum bis-sū'i wal-faḥsyā'i wa an taqūlū ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[169]
Setemené (sétan) kuwé mung préntah ko kabéh supaya padha nglakoni barang ala lan jahat, lan ngomongna apa sing ko kabéh padha ora paham ngenani Gusti Allah.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّبِعُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا بَلْ نَتَّبِعُ مَآ اَلْفَيْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا ۗ اَوَلَوْ كَانَ اٰبَاۤؤُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَهْتَدُوْنَ١٧٠
Wa iżā qīla lahumuttabi‘ū mā anzalallāhu qālū bal nattabi‘u mā alfainā ‘alaihi ābā'anā, awalau kāna ābā'uhum lā ya‘qilūna syai'aw wa lā yahtadūn(a).
[170]
Lan angger dédhawuhna maring wong-wong mau, “Tutna apa sing wis déturunaken déning Gusti Allah,” dhéwéké kabéh padha semaur, “(Ora!) Inyong kabéh mélu maring apa sing inyong padha weruhi (délakoni) déning kaki-niniku.” Mangkané kaki-nininé wong-wong mau padha ora ngerti apa-apa, lan ora olih pituduh.
وَمَثَلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا كَمَثَلِ الَّذِيْ يَنْعِقُ بِمَا لَا يَسْمَعُ اِلَّا دُعَاۤءً وَّنِدَاۤءً ۗ صُمٌّ ۢ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ١٧١
Wa maṡalul-lażīna kafarū kamaṡalil-lażī yan‘iqu bimā lā yasma‘u illā du‘ā'aw wa nidā'ā(n), ṣummum bukmun ‘umyun fahum lā ya‘qilūn(a).
[171]
Lan peumpaman nggo (pengajék) wong sing kapir kuwé kayadéné (pangon) sing nyeluki (kéwan) sing ora krungu kejaba celukan lan orongan. (Dhéwéké padha) budheg, bisu, lan picek, mangka wong-wong kuwé ora padha ngerti.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ وَاشْكُرُوْا لِلّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ١٧٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum wasykurū lillāhi in kuntum iyyāhu ta‘budūn(a).
[172]
Hé wong-wong sing padha precaya! Mangana sekang rejeki sing apik sing Ingsun paringna maring ko kabéh lan padha kesuwuna maring Gusti Allah, angger pancén ko kabéh mung padha nyembah maring Penjenengané.
اِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةَ وَالدَّمَ وَلَحْمَ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ بِهٖ لِغَيْرِ اللّٰهِ ۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٧٣
Innamā ḥarrama ‘alaikumul-maitata wad-dama wa laḥmal-khinzīri wa mā uhilla bihī ligairillāh(i), fa maniḍṭurra gaira bāgiw wa lā ‘ādin falā iṡma ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[173]
Setemené Penjenengané mung nglarang (ngaramna) ingatasé ko kabéh bathang, marus (dhidhih), daging babi, lan (daging) kéwan sing désembeléh kanthi (nyebut asma) seliyané Gusti Allah. Ning sapa wongé kepaksa (mangan), udu merga kepéngin lan ora (uga) ngeléwati wates, mangka ora nana dosa tumrap dhéwéké. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْتُمُوْنَ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ الْكِتٰبِ وَيَشْتَرُوْنَ بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًاۙ اُولٰۤىِٕكَ مَا يَأْكُلُوْنَ فِيْ بُطُوْنِهِمْ اِلَّا النَّارَ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللّٰهُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْ ۚوَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٧٤
Innal-lażīna yaktumūna mā anzalallāhu minal-kitābi wa yasytarūna bihī ṡamanan qalīlā(n), ulā'ika mā ya'kulūna fī buṭūnihim illan-nāra wa lā yukallimuhumullāhu yaumal-qiyāmati wa lā yuzakkīhim, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[174]
Temen, wong-wong sing padha ngumpetna apa sing wis déturunaken déning Gusti Allah, yakuwé Kitab, lan adol kuwé kanthi rega murah, dhéwéké kabéh mau mung nguntal geni neraka maring njero wetengé 58 , lan Gusti Allah ora bakal takon maring wong-wong mau neng dina Kiyamat, lan ora bakal nyucékna dhéwéké kabéh. Wong-wong mau bakal padha nampa siksa sing banget perihé.
58) Panganan sing dépangan asalé sekang pekolih adol ayat-ayat sing déturunaken déning Gusti Allah, ndadékna sebab wong-wong mau padha mlebu geni neraka.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰى وَالْعَذَابَ بِالْمَغْفِرَةِ ۚ فَمَآ اَصْبَرَهُمْ عَلَى النَّارِ١٧٥
Ulā'ikal-lażīnasytarawuḍ-ḍalālata bil-hudā wal-‘ażāba bil-magfirah(ti), famā aṣbarahum ‘alan-nār(i).
[175]
Wong-wong mau sing nyata padha tuku sasar kambi pituduh lan siksa kambi pengampura. Mangka banget wanine wong-wong mau padha nantang geni neraka.
ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ نَزَّلَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ ۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِى الْكِتٰبِ لَفِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ ࣖ١٧٦
Żālika bi'annallāha nazzalal-kitāba bil-ḥaqq(i), wa innal-lażīnakhtalafū fil-kitābi lafī syiqāqim ba‘īd(in).
[176]
Sing mengkana kuwé merga Gusti Allah wis nurunaken kitab (Al-Qur’an) kanthi (nggawa) bebener, lan setemené wong-wong sing padha pesulayan ngenani (beneré) Kitab kuwé, dhéwéké kabéh padha neng sejeroné crah-crahan sing adoh.
۞ لَيْسَ الْبِرَّاَنْ تُوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ قِبَلَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَلٰكِنَّ الْبِرَّ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالْكِتٰبِ وَالنَّبِيّٖنَ ۚ وَاٰتَى الْمَالَ عَلٰى حُبِّهٖ ذَوِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِۙ وَالسَّاۤىِٕلِيْنَ وَفِى الرِّقَابِۚ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ ۚ وَالْمُوْفُوْنَ بِعَهْدِهِمْ اِذَا عَاهَدُوْا ۚ وَالصّٰبِرِيْنَ فِى الْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ وَحِيْنَ الْبَأْسِۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُتَّقُوْنَ١٧٧
Laisal-birra an tuwallū wujūhakum qibalal-masyriqi wal-magribi wa lākinnal-birra man āmana billāhi wal-yaumil ākhiri wal-malā'ikati wal-kitābi wan-nabiyyīn(a), wa ātal-māla ‘alā ḥubbihī żawil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīna wabnas-sabīl(i), was-sā'ilīna wa fir-riqāb(i), wa aqāmaṣ-ṣalāta wa ātaz-zakāh(ta), wal mūfūna bi‘ahdihim iżā ‘āhadū, waṣ-ṣābirīna fil-ba'sā'i waḍ-ḍarrā'i wa ḥīnal-ba's(i), ulā'ikal-lażīna ṣadaqū, wa ulā'ika humul-muttaqūn(a).
[177]
Kebecikan kuwé udu ngedhépna raimu kabéh maring prenah wétan lan prenah kulon, ning kebecikan mau yakuwé (kebecikan) wong sing precaya maring Gusti Allah, dina wekasan (Kiyamat), malaékat-malaékat, kitab-kitab, lan nabi-nabi lan awéh bandha sing désenengi maring sedulur, bocah yatim, wong-wong mlarat, wong-wong sing lagi neng dalan (musafir), tukang ngemis, lan nggo merdhékakna batur-tukon (budhak), sing nglakoni sembayang lan mbayar jakat. Wong-wong sing netepi janji angger padha janji, lan wong-wong sing sabar neng sejeroné mlarat, sengsara lan neng mangsan perang. Dhéwéké kabéh mau nyata wong-wong sing bener, lan nyata padha wedi (maring Gusti Allah).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِصَاصُ فِى الْقَتْلٰىۗ اَلْحُرُّ بِالْحُرِّ وَالْعَبْدُ بِالْعَبْدِ وَالْاُنْثٰى بِالْاُنْثٰىۗ فَمَنْ عُفِيَ لَهٗ مِنْ اَخِيْهِ شَيْءٌ فَاتِّبَاعٌ ۢبِالْمَعْرُوْفِ وَاَدَاۤءٌ اِلَيْهِ بِاِحْسَانٍ ۗ ذٰلِكَ تَخْفِيْفٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَرَحْمَةٌ ۗفَمَنِ اعْتَدٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَلَهٗ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٧٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumul-qiṣāṣu fil-qatlā, al-ḥurru bil-ḥurri wal-‘abdu bil-‘abdi wal-unṡā bil-unṡā, faman ‘ufiya lahū min akhīhi syai'un fattibā‘um bil-ma‘rūfi wa adā'un ilaihi bi iḥsān(in), żālika takhfīfum mir rabbikum wa raḥmah(tun), fa mani‘tadā ba‘da żālika fa lahū ‘ażābun alīm(un).
[178]
Hé wong-wong sing padha precaya! Déwajib-na ingatasé ko kabéh (nglakoni) qisas 59 gandhéng karo wong sing dépaténi. Wong merdhéka karo wong merdhéka, kewula (batur-tukon) karo kewula, wong wadon karo wong wadon. Ning sapa wongé sing olih pengampura sekang seduluré, preyoga wong mau ngetutna dhéwéké kanthi becik, lan mbayar diyat (tebusan) maring dhéwéké kanthi becik (uga). Sing kaya kuwé mau pengénthéng-énthéng lan piwelas sekang Pengéranmu. Sapa wongé sing ngliwati wates sewisé kuwé, mangka dhéwéké bakal olih siksa sing banget perihé.
59) Qisas yakuwé ukuman sing sepadhan karo penggawé élék sing délakoni ingatasé awak menungsa.
وَلَكُمْ فِى الْقِصَاصِ حَيٰوةٌ يّٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ١٧٩
Wa lakum fil-qiṣāṣi ḥayātuy yā ulil-albābi la‘allakum tattaqūn(a).
[179]
Lan sejeroné qisas kuwé ana (tanggungan) penguripan nggo ko kabéh, hé wong-wong sing padha duwé akal, supayané ko padha wedi (maring Gusti Allah).
كُتِبَ عَلَيْكُمْ اِذَا حَضَرَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ اِنْ تَرَكَ خَيْرًا ۖ ۨالْوَصِيَّةُ لِلْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ بِالْمَعْرُوْفِۚ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِيْنَ ۗ١٨٠
Kutiba ‘alaikum iżā ḥaḍara aḥadakumul-mautu in taraka kahirā(n), al-waṣiyyatu lil-wālidaini wal-aqrabīna bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muttaqīn(a).
[180]
Déwajibna ingatasé ko kabéh, angger pati bakal marani salah siji wong neng antarané ko kabéh, angger dhéwéké ninggalna bandha, wasiyat kanggo wong tuwa loro lan sedulur-sedulur nganggo cara sing apik, 60 (minangka) kewajiban tumrap wong-wong sing padha wedi (maring Gusti Allah).
60) Wasiyat kuwé ora nglewihi sepertelu sekang sekabéhé bandha wong sing wasiyat, ayat kiyé mligi nggo ahli waris sing dénasakh (déganti ukumané) karo ayat bab waris (An Nisa (4) : 11).
فَمَنْۢ بَدَّلَهٗ بَعْدَمَا سَمِعَهٗ فَاِنَّمَآ اِثْمُهٗ عَلَى الَّذِيْنَ يُبَدِّلُوْنَهٗ ۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ ۗ١٨١
Famam baddalahū ba‘da mā sami‘ahū fa innamā iṡmuhū ‘alal-lażīna yubaddilūnah(ū), innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[181]
Sapa wongé ngowahi (wasiyat mau) sewisé krungu, mangka setemené dosané mung nggo wong sing ngowahi. Temen, Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
فَمَنْ خَافَ مِنْ مُّوْصٍ جَنَفًا اَوْ اِثْمًا فَاَصْلَحَ بَيْنَهُمْ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٨٢
Faman khāfa mim mūṣin janafan au iṡman fa aṣlaḥa bainahum falā iṡma ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[182]
Ning sapa wongé kewatir angger sing awéh wasiyat (temindak) abot sesisih utawa luput, banjur wong mau ngakurna 61 antarané wong-wong mau, mangka wong kuwé ora dosa. Temen Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
61) Ngakurna yakuwé préntah wong sing wasiyat gawé adil sejeroné wasiyat padha karo wates-wates sing détemtokna syara (aturané agama).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ١٨٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba ‘alal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).
[183]
Hé wong-wong sing padha precaya, déwajibna ingatasé ko kabéh puasa kayadéné déwajibna ingatasé wong-wong seurungé ko kabéh supayané ko kabéh padha tuhu (takwa).
اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍۗ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗوَعَلَى الَّذِيْنَ يُطِيْقُوْنَهٗ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِيْنٍۗ فَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهٗ ۗوَاَنْ تَصُوْمُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١٨٤
Ayyāmam ma‘dūdāt(in), faman kāna minkum marīḍan au ‘alā safarin fa ‘iddatum min ayyāmin ukhar(a), wa ‘alal-lażīna yuṭīqūnahū fidyatun ṭa‘āmu miskīn(in), faman taṭawwa‘a khairan fahuwa khairul lah(ū), wa an taṣūmū khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[184]
(Yakuwé) sewetara dina tinemtu. Mangka sapa wongé neng antarané ko kabéh mriyang utawa neng sejeroné lelungan (banjur ora puasa), mangka (wajib ngliru) seakéhé dina (sing wong mau ora puasa) neng dina-dina sing liya. Lan kanggoné wong sing abot nglakoniné 62 wajib mbayar fidyah, yakuwé awéh pangan maring wong miskin siji. Ning sapa wongé kanthi rilané ati nglakoni kebecikan 63 mangka kuwé lewih apik kanggo dhéwéké, lan puasamu kuwé lewih apik kanggo ko kabéh angger ko padha ngerti.
62) Wong sing mriyangé nemen, wong sing banget tuwané, wong sing meteng lan nyusoni.
63) Awéh pangan maring lewih sekang wong melarat siji neng sedina.
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۗوَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗيُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ ۖوَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٨٥
Syahru ramaḍānal-lażī unzila fīhil-qur'ānu hudal lin-nāsi wa bayyinātim minal-hudā wal-furqān(i), faman syahida minkumusy-syahra falyaṣumh(u) wa man kāna marīḍan au ‘alā safarin fa ‘iddatum min ayyāmin ukhar(a), yurīdullāhu bikumul-yusra wa lā yurīdu bikumul-‘usr(a), wa litukmilul-‘iddata wa litukabbirullāha ‘alā mā hadākum wa la‘allakum tasykurūn(a).
[185]
Wulan Romadon kuwé (wulan) sing neng sejeroné déturunaken Al-Qur’an minangka pituduh nggo menungsa lan keterangan-keterangan ngenani pituduh kuwé lan sing mbédakna (antarané sing bener karo sing luput). Merga kuwé, sapa wongé ana neng sejeroné wulan mau, mangka maran puasa. Lan sapa wongé mriyang utawa neng sejeroné lelungan (wong mau ora puasa), mangka (wajib ngliru), seakéhé dina sing détinggal kuwé, neng dina-dina sing liya. Gusti Allah ngersakna sing gampang tumrap ko kabéh, lan ora ngersakna sing angél tumrap ko kabéh. Preyogané ko kabéh nyukupna wilangané lan ngagungna Gusti Allah ingatasé pituduhé sing déparingna maring ko kabéh, supayané ko kabéh padha kesuwun.
وَاِذَا سَاَلَكَ عِبَادِيْ عَنِّيْ فَاِنِّيْ قَرِيْبٌ ۗ اُجِيْبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ اِذَا دَعَانِۙ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لِيْ وَلْيُؤْمِنُوْا بِيْ لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُوْنَ١٨٦
Wa iżā sa'alaka ‘ibādī ‘annī fa innī qarīb(un), ujību da‘watad-dā‘i iżā da‘ān(i), falyastajībū lī walyu'minū bī la‘allahum yarsyudūn(a).
[186]
Lan angger kewula-kewula Ingsun padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani Ingsun (Gusti Allah), mangka setemené Ingsun pérek. Ingsun sembadani penyuwuné wong sing nyuwun angger wong mau nyuwun maring Ingsun. Preyogané wong-wong mau padha nglakoni (préntah) Ingsun lan precaya marang Ingsun, supayané wong-wong mau padha olih bebener.
اُحِلَّ لَكُمْ لَيْلَةَ الصِّيَامِ الرَّفَثُ اِلٰى نِسَاۤىِٕكُمْ ۗ هُنَّ لِبَاسٌ لَّكُمْ وَاَنْتُمْ لِبَاسٌ لَّهُنَّ ۗ عَلِمَ اللّٰهُ اَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَخْتَانُوْنَ اَنْفُسَكُمْ فَتَابَ عَلَيْكُمْ وَعَفَا عَنْكُمْ ۚ فَالْـٰٔنَ بَاشِرُوْهُنَّ وَابْتَغُوْا مَا كَتَبَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗ وَكُلُوْا وَاشْرَبُوْا حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَكُمُ الْخَيْطُ الْاَبْيَضُ مِنَ الْخَيْطِ الْاَسْوَدِ مِنَ الْفَجْرِۖ ثُمَّ اَتِمُّوا الصِّيَامَ اِلَى الَّيْلِۚ وَلَا تُبَاشِرُوْهُنَّ وَاَنْتُمْ عٰكِفُوْنَۙ فِى الْمَسٰجِدِ ۗ تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ فَلَا تَقْرَبُوْهَاۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ اٰيٰتِهٖ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ١٨٧
Uḥilla lakum lailataṣ-ṣiyāmir-rafaṡu ilā nisā'ikum, hunna libāsul lakum wa antum libāsul lahunn(a), ‘alimallāhu annakum kuntum takhtānūna anfusakum fatāba ‘alaikum wa ‘afā ‘ankum, fal-āna bāsyirūhunna wabtagū mā kataballāhu lakum, wa kulū wasyrabū ḥattā yatabayyana lakumul-khaiṭul-abyaḍu minal-khaiṭil-aswadi minal-fajr(i), ṡumma atimmuṣ-ṣiyāma ilal-lail(i), wa lā tubāsyirūhunna wa antum ‘ākifūna fil-masājid(i) tilka ḥudūdullāhi falā taqrabūhā, każālika yubayyinullāhu āyātihī lin-nāsi la‘allahum yattaqūn(a).
[187]
Déparengna tumrap ko kabéh neng wenginé puasa campur karo bojomu. Dhéwéké kabéh kuwé sandhangan tumrap ko, lan ko uga dadi sandhangan tumrap dhéwéké kabéh. Gusti Allah ngawuningani lamon ko ora padha bisa nahan awakmu dhéwék, ning Penjenengané nampa tobatmu lan paring pengampura maring awakmu. Mangka siki campuria dhéwéké (bojo-bojomu) lan goléta apa sing wis détetepna déning Gusti Allah nggo ko kabéh. Mangana lan nginuma saéngga genah tumrap ko kabéh (bédané) antarané benang putih karo benang ireng, yakuwé fajar. Bar kuwé sempurnakna puasané nganti (tekané) wengi. Ning ko aja padha nyampuri dhéwéké kabéh, rikala ko padha iktikaf 64 neng njero mesjid. Kuwé nyata ketetepané Gusti Allah, mangka ko aja padha méreki prekara kuwé. Mengkana kuwé Gusti Allah nerangna ayat-ayat-É maring menungsa, supayané menungsa kuwé padha semarah (takwa).
64) I’tikaf yakuwé ana neng njeroné mesjid kambi niyat ngibadah lan dhépé-dhépé maring Gusti Allah.
وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ وَتُدْلُوْا بِهَآ اِلَى الْحُكَّامِ لِتَأْكُلُوْا فَرِيْقًا مِّنْ اَمْوَالِ النَّاسِ بِالْاِثْمِ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ࣖ١٨٨
Wa lā ta'kulū amwālakum bainakum bil-bāṭili wa tudlū bihā ilal-ḥukkāmi lita'kulū farīqam min amwālin-nāsi bil-iṡmi wa antum ta‘lamūn(a).
[188]
Lan ko aja padha mangan bandha antarané ko kabéh kanthi dalan sing ora bener lan (aja pisan) ko kabéh padha nyogok kambi bandha kuwé maring para hakim, sing maksudé sangkané ko kabéh bisa mangan sebagéan bandhané wong liya kuwé kanthi dalan dosa, mangkané ko padha ngerti.
۞ يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَهِلَّةِ ۗ قُلْ هِيَ مَوَاقِيْتُ لِلنَّاسِ وَالْحَجِّ ۗ وَلَيْسَ الْبِرُّ بِاَنْ تَأْتُوا الْبُيُوْتَ مِنْ ظُهُوْرِهَا وَلٰكِنَّ الْبِرَّ مَنِ اتَّقٰىۚ وَأْتُوا الْبُيُوْتَ مِنْ اَبْوَابِهَا ۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ١٨٩
Yas'alūnaka ‘anil-ahillah(ti), qul hiya mawāqītu lin-nāsi wal-ḥajj(i), wa laisal-birru bi'an ta'tul-buyūta min ẓuhūrihā wa lākinnal-birra manittaqā, wa'tul-buyūta min abwābihā, wattaqullāha la‘allakum tufliḥūn(a).
[189]
Wong-wong mau padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani wulan anyar. Ngucapa, ”Kuwé pituduh wektu kanggo menungsa lan (ngibadah) haji”. Lan udu sewiji kebecikan mlebu ngumah sekang ndhuwuré 65 , ning kebejikan yakuwé (kebejikan) wong sing wedi maring Gusti Allah. Mlebua maring umah-umah sekang lawang-lawangé, lan padha wedia maring Gusti Allah supayané ko kabéh padha begya.
65) Rikala jaman jahiliyah, wong-wong sing padha ihram dhong haji, wong-wong mau padha mlebu umah sekang ndhuwur, udu sekang ngarep. Prekara kiyé uga détakokna déning sahabat-sahabat maring Rasulullah s.a.w, mula banjur ayat kiyé temurun.
وَقَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ الَّذِيْنَ يُقَاتِلُوْنَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوْا ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ١٩٠
Wa qātilū fī sabīlillāhil-lażīna yuqātilūnakum wa lā ta‘tadū, innallāha lā yuḥibbul-mu‘tadīn(a).
[190]
Lan perangi baé neng dalané Gusti Allah wong-wong sing padha merangi ko kabéh, ning aja ngliwati wates. Temen, Gusti Allah ora karenan (maring) wong-wong sing padha ngliwati wates.
وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوْهُمْ وَاَخْرِجُوْهُمْ مِّنْ حَيْثُ اَخْرَجُوْكُمْ وَالْفِتْنَةُ اَشَدُّ مِنَ الْقَتْلِ ۚ وَلَا تُقٰتِلُوْهُمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ حَتّٰى يُقٰتِلُوْكُمْ فِيْهِۚ فَاِنْ قٰتَلُوْكُمْ فَاقْتُلُوْهُمْۗ كَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ١٩١
Waqtulūhum ḥaiṡu ṡaqiftumūhum wa akhrijūhum min ḥaiṡu akhrajūkum wal-fitnatu asyaddu minal-qatl(i), wa lā tuqātilūhum ‘indal-masjidil-ḥarāmi ḥattā yuqātilūkum fīh(i), fa'in qātalūkum faqtulūhum, każālika jazā'ul-kāfirīn(a).
[191]
Lan paténi baé wong-wong mau neng endi papan ko kabéh ketemu dhéwéké, lan uraka dhéwéké sekang ngendi baé dhéwéké wis ngurak ko kabéh. Lan pitenah 66 kuwé lewih jahat tenimbang rajapati. Lan ko aja padha merangi wong-wong mau neng Masjidilharam, kejaba angger dhéwéké padha merangi ko neng panggonan kuwé. Angger wong-wong mau merangi ko, mangka perangi baé dhéwéké. Kaya kuwé dadi piwales kanggo wong-wong padha mbangkang (kapir).
66) Pitenah (gawé kisruh), kayadéné ngurak sahabat sekang désa kelairané, ngrampas bandha lan nglarani utawa ngganggu wong ngamalaken agamané.
فَاِنِ انْتَهَوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٩٢
Fa'inintahau fa'innallāha gafūrur raḥīm(un).
[192]
Ning angger wong-wong mau padha mandheg, mangka temen Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
وَقٰتِلُوْهُمْ حَتّٰى لَا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ وَّيَكُوْنَ الدِّيْنُ لِلّٰهِ ۗ فَاِنِ انْتَهَوْا فَلَا عُدْوَانَ اِلَّا عَلَى الظّٰلِمِيْنَ١٩٣
Wa qātilūhum ḥattā lā takūna fitnatuw wa yakūnad-dīnu lillāh(i), fa inintahau falā ‘udwāna illā ‘alaẓ-ẓālimīn(a).
[193]
Lan perangi baé wong-wong mau nganti ora nana pitenah maning, lan agama mligi mungguh Gusti Allah blaka. Angger wong-wong mau mandheg, mangka ora nana (maning) satronan kejaba maring wong-wong aniaya.
اَلشَّهْرُ الْحَرَامُ بِالشَّهْرِ الْحَرَامِ وَالْحُرُمٰتُ قِصَاصٌۗ فَمَنِ اعْتَدٰى عَلَيْكُمْ فَاعْتَدُوْا عَلَيْهِ بِمِثْلِ مَا اعْتَدٰى عَلَيْكُمْ ۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ١٩٤
Asy-syahrul-ḥarāmu bisy-syahril-ḥarāmi wal-ḥurumātu qiṣāṣ(un), famani‘tadā ‘alaikum fa‘tadū ‘alaihi bimiṡli ma‘tadā ‘alaikum, wattaqullāha wa‘lamū annallāha ma‘al-muttaqīn(a).
[194]
Wulan haram kambi wulan haram 67 lan (tumrap) sewenéh sing déormati 68 tematrap (hukum) qisas. Déning merga kuwé sapa wongé sing nyerang ko kabéh, mangka seranga wong kuwé imbang karo serangané dhéwéké maring ko kabéh. Wedia maring Gusti Allah lan ngertia Gusti Allah kuwé mbarengi wong-wong sing padha semarah (takwa).
67) Angger wong Islam déserang neng wulan haram, sing sebeneré neng wulan haram ora olih perang, mangka déolihna males nyerang neng wulan kuwé uga.
68) Maksudé kayadéné wulan haram (wulan Dzulkaidah, Dzulhijah, Muharam, lan Rajab), tanah haram (Mekah) lan ihram.
وَاَنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا تُلْقُوْا بِاَيْدِيْكُمْ اِلَى التَّهْلُكَةِ ۛ وَاَحْسِنُوْا ۛ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ١٩٥
Wa anfiqū fī sabīlillāhi wa lā tulqū bi'aidīkum ilat-tahlukah(ti), wa aḥsinū, innallāha yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[195]
Lan sumbangna (bandhamu) neng dalané Gusti Allah, lan ko kabéh aja nibakna (awakmu dhéwék) maring sejeroné kerusakan kambi tanganmu dhéwék, lan padha gawéa kebecikan. Temen, Gusti Allah karenan maring wong-wong sing padha nglakoni kebagusan.
وَاَتِمُّوا الْحَجَّ وَالْعُمْرَةَ لِلّٰهِ ۗ فَاِنْ اُحْصِرْتُمْ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِۚ وَلَا تَحْلِقُوْا رُءُوْسَكُمْ حَتّٰى يَبْلُغَ الْهَدْيُ مَحِلَّهٗ ۗ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ بِهٖٓ اَذًى مِّنْ رَّأْسِهٖ فَفِدْيَةٌ مِّنْ صِيَامٍ اَوْ صَدَقَةٍ اَوْ نُسُكٍ ۚ فَاِذَآ اَمِنْتُمْ ۗ فَمَنْ تَمَتَّعَ بِالْعُمْرَةِ اِلَى الْحَجِّ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِۚ فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلٰثَةِ اَيَّامٍ فِى الْحَجِّ وَسَبْعَةٍ اِذَا رَجَعْتُمْ ۗ تِلْكَ عَشَرَةٌ كَامِلَةٌ ۗذٰلِكَ لِمَنْ لَّمْ يَكُنْ اَهْلُهٗ حَاضِرِى الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ࣖ١٩٦
Wa atimmul-ḥajja wal-‘umrata lillāh(i), fa'in uḥṣirtum famastaisara minal-hady(i), wa lā taḥliqū ru'ūsakum ḥattā yablugal-hadyu maḥillah(ū), faman kāna minkum marīḍan au bihī ażam mir ra'sihī fafidyatum min ṣiyāmin au ṣadaqatin au nusuk(in), fa'iżā amintum, faman tamatta‘a bil-‘umrati ilal-ḥajji famastaisara minal-hady(i), famal lam yajid faṣiyāmu ṡalāṡati ayyāmin fil-ḥajji wa sab‘atin iżā raja‘tum, tilka ‘asyaratun kāmilah(tun), żālika limal lam yakun ahluhū ḥāḍiril-masjidil-ḥarām(i), wattaqullāha wa‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[196]
Lan sempurnakna ngibadah haji lan umrah krana Gusti Allah. Ning angger ko kabéh kekepung (mungsuh) mangka (sembeléha) hadyu 69 sing gampang dégolét lan ko aja padha nyukur sirahmu, seurungé hadyu butul maring nggon sembeléhané. Angger ana neng antarané ko kabéh sing mriyang utawa ana gangguan neng sirahé (banjur wong mau cukur), mangka wong mau kudu mbayar fidyah, yakuwé puasa, sodakoh utawa awéh kurban. Angger ko padha neng kahanan aman, mangka sapa wongé nglakoni umrah seurungé haji, wong mau (kudu nyembeléh) hadyu sing gampang dégolét. Ning angger wong mau ora nemu, mangka dhéwéké (kudu) puasa telung dina sejeroné (mangsa) haji lan pitung (dina) sewisé ko padha bali. Kuwé kabéh sepuluh (dina). Mengkana kuwé kanggo wong sing kulawargané ora nana (manggon) neng seubengé Masjidilharam. Padha manuta maring Gusti Allah lan ngertia lamon Gusti Allah banget keras ukuman-É.
69) Hadyu yakuwé kéwan sing désembeléh minangka ganti (dam) penggawéyan wajib sing ora délakoni; utawa minangka dhendha merga nglanggar apa-apa sing ora kena délakoni sejeroné ngibadah haji.
اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ ۚ فَمَنْ فَرَضَ فِيْهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوْقَ وَلَا جِدَالَ فِى الْحَجِّ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ يَّعْلَمْهُ اللّٰهُ ۗ وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ١٩٧
Al-ḥajju asyhurum ma‘lūmāt(un), faman faraḍa fīhinnal-ḥajja falā rafaṡa wa lā fusūqa wa lā jidāla fil-ḥajj(i), wa mā taf‘alū min khairiy ya‘lamhullāh(u), wa tazawwadū fa'inna khairaz-zādit-taqwā, wattaqūni yā ulil-albāb(i).
[197]
(Mangsan) haji kuwé (neng) wulan-wulan sing wis démaklumi. 70 Sapa wongé nglakoni (ibadah) haji sejeroné (wulan-wulan) kuwé, mangka wong mau aja ngomong saru (rafas) 71 , nglakoni maksiyat lan padu sejeroné (nglakoni ngibadah) haji. Sekabéhé sing becik sing ko padha lakoni, Gusti Allah mriksani. Padha nggawa sangu, merga setemené sangu sing paling apik yakuwé takwa. Lan manuta maring Ingsun, hé wong-wong sing padha nduwéni nalar waras!
70) Yakuwé wulan Syawal, Dzulkaidah, lan Dzulhijah
71) Saru (rafats) tegesé ngetokna omongan sing nyebabna tekané brahi, penggawéyan sing saru utawa nglakoni karonsih (junub).
لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗ فَاِذَآ اَفَضْتُمْ مِّنْ عَرَفٰتٍ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ عِنْدَ الْمَشْعَرِ الْحَرَامِ ۖ وَاذْكُرُوْهُ كَمَا هَدٰىكُمْ ۚ وَاِنْ كُنْتُمْ مِّنْ قَبْلِهٖ لَمِنَ الضَّاۤلِّيْنَ١٩٨
Laisa ‘alaikum junāḥun an tabtagū faḍlam mir rabbikum, fa'iżā afaḍtum min ‘arafātin fażkurullāha ‘indal-masy‘aril-ḥarām(i), ważkurūhu kamā hadākum, wa in kuntum min qablihī laminaḍ-ḍāllīn(a).
[198]
Udu pisan sewiji dosa tumrap ko kabéh nggolét peparing sekang Pengéranmu. Mangka angger ko kabéh mangkat sekang Arafah, élinga maring Gusti Allah neng Masy’arilharam. Lan élinga maring Penjenengané kayadéné Penjenengané wis paring pituduh maring ko kabéh, senajan seurungé ko kabéh kuwé nyata-nyata kegolong wong sing ora padha ngerti.
ثُمَّ اَفِيْضُوْا مِنْ حَيْثُ اَفَاضَ النَّاسُ وَاسْتَغْفِرُوا اللّٰهَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٩٩
Ṡumma afīḍū min ḥaiṡu afāḍan-nāsu wastagfirullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[199]
Banjur mangkata ko kabéh sekang panggonan wong akéh padha mangkat (Arafah), lan njaluka pengampura maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
فَاِذَا قَضَيْتُمْ مَّنَاسِكَكُمْ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَذِكْرِكُمْ اٰبَاۤءَكُمْ اَوْ اَشَدَّ ذِكْرًا ۗ فَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا وَمَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ٢٠٠
Fa iżā qaḍaitum manāsikakum fażkurullāha każikrikum ābā'akum au asyadda żikrā(n), faminan-nāsi may yaqūlu rabbanā ātinā fid-dun-yā wa mā lahū fil-ākhirati min khalāq(in).
[200]
Angger ko kabéh wis padha ngrampungna ngibadah haji, mangka élinga maring Gusti Allah, kayadéné ko kabéh nyebut-nyebut kaki-ninimu 72 , malah élinga sing lewih sekang kuwé. Mangka neng antarané menungsa ana sing nyenyuwun, “Dhuh Gusti, paringana kula sedaya (kebecikan) teng dunya,” lan neng akhérat wong mau ora keduman bagéan apa-apa.
72) Biasané wong jahiliyah sewisé nglakoni haji padha ngedir-dirna kaki-nininé. Sewisé ayat kiyé temurun, padatan kuwé déganti karo dzikir maring Gusti Allah.
وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ٢٠١
Wa minhum may yaqūlu rabbanā ātinā fid-dun-yā ḥasanataw wa fil-ākhirati ḥasanataw wa qinā ‘ażāban-nār(i).
[201]
Lan neng antarané wong-wong mau ana sing ndonga, “Dhuh Gusti kula sami, mugi paring dhateng kula sedaya kesaénan teng dunya lan kesaénan teng akhérat, lan mugi ngreksa dhateng kula sedaya saking siksa neraka.”
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ نَصِيْبٌ مِّمَّا كَسَبُوْا ۗ وَاللّٰهُ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٢٠٢
Ulā'ika lahum naṣībum mimmā kasabū, wallāhu sarī‘ul-ḥisāb(i).
[202]
Wong-wong kuwé mau sing padha olih bagéan sekang apa sing wis dhéwéké lakoni, lan Gusti Allah Mahacepet Prétungan-É.
۞ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ فِيْٓ اَيَّامٍ مَّعْدُوْدٰتٍ ۗ فَمَنْ تَعَجَّلَ فِيْ يَوْمَيْنِ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۚوَمَنْ تَاَخَّرَ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِۙ لِمَنِ اتَّقٰىۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٢٠٣
Ważkurullāha fī ayyāmim ma‘dūdāt(in), faman ta‘ajjala fī yaumaini falā iṡma ‘alaih(i), wa man ta'akhkhara falā iṡma ‘alaihi limanittaqā, wattaqullāha wa‘lamū annakum ilaihi tuḥsyarūn(a).
[203]
Lan padha élinga maring Gusti Allah neng dina sing wis dépesthékna cacahé. 73 Sapa wongé nyepetna (ninggalna Mina) sewisé rong dina, mangka ora nana dosa tumrap dhéwéké. Lan sapa wongé ngahirna ora nana dosa (uga) tumrap dhéwéké, (yakuwé) kanggo wong-wong sing padha semarah (takwa). Lan manuta maring Gusti Allah, lan ngertia lamon ko kabéh bakal dékumpulna déning Penjenengan-É.
73) Maksudé zikir neng kéné, maca takbir, tasbih, tahmid lan liya-liyané. Dina-dina sing kepétung yakuwé telung dina sewisé dina riyaya haji, yakuwé tanggal 11, 12, lan 13 wulan Dzulhijjah. Dina-dina kuwé déarani dina tasrék (tasyriq).
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّعْجِبُكَ قَوْلُهٗ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَيُشْهِدُ اللّٰهَ عَلٰى مَا فِيْ قَلْبِهٖ ۙ وَهُوَ اَلَدُّ الْخِصَامِ٢٠٤
Wa minan-nāsi may yu‘jibuka qauluhū fil-ḥayātid-dun-yā wa yusyhidullāha ‘alā mā fī qalbih(ī), wa huwa aladdul-khiṣām(i).
[204]
Lan neng antarané menungsa ana sing omongané ngenani penguripan dunya gawé gumun sliramu (Muhammad), lan wong mau nyekséni (sumpah) maring Gusti Allah bab isi atiné, mangkané wong kuwé tukang mbangkang sing paling keras.
وَاِذَا تَوَلّٰى سَعٰى فِى الْاَرْضِ لِيُفْسِدَ فِيْهَا وَيُهْلِكَ الْحَرْثَ وَالنَّسْلَ ۗ وَ اللّٰهُ لَا يُحِبُّ الْفَسَادَ٢٠٥
Wa iżā tawallā sa‘ā fil-arḍi liyufsida fīhā wa yuhlikal-ḥarṡa wan-nasl(a), wallāhu lā yuḥibbul-fasād(a).
[205]
Lan angger wong kuwé mléngos (sekang sliramu), wong mau ngupaya gawé rusak neng dunya, lan ngrusak wit-witan lan ingon-ingon, mangkan Gusti Allah ora karenan (maring) kerusakan.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُ اتَّقِ اللّٰهَ اَخَذَتْهُ الْعِزَّةُ بِالْاِثْمِ فَحَسْبُهٗ جَهَنَّمُ ۗ وَلَبِئْسَ الْمِهَادُ٢٠٦
Wa iżā qīla lahuttaqillāha akhażathul-‘izzatu bil-iṡmi faḥasbuhū jahannam(u), wa labi'sal-mihād(u).
[206]
Lan angger déomongna maring dhéwéké, ”Wedia maring Gusti Allah,” banjur tangi sombongé nggo nglakoni dosa. Mangka pantes tumrap dhéwéké neraka jahanam lan temen (Jahanam kuwé) panggonan sing paling ala.
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّشْرِيْ نَفْسَهُ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ رَءُوْفٌۢ بِالْعِبَادِ٢٠٧
Wa minan-nāsi may yasyrī nafsahubtigā'a marḍātillāh(i), wallāhu ra'ūfum bil-‘ibād(i).
[207]
Lan neng antarané menungsa ana sing ngorbanaken awaké dhéwék kanggo nggolét karenané Gusti Allah. Lan Gusti Allah Mahaasih maring kawula-kawula-Né.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا ادْخُلُوْا فِى السِّلْمِ كَاۤفَّةً ۖوَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٢٠٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanudkhulū fis-silmi kāffah(tan), wa lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[208]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha mlebua maring njeroné Islam kanthi sekabéhé, lan aja pisan ko kabéh peloni laku-lakuné sétan. Temen, sétan kuwé mungsuh sing nyata tumrapé ko kabéh.
فَاِنْ زَلَلْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْكُمُ الْبَيِّنٰتُ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٠٩
Fa'in zalaltum mim ba‘di mā jā'atkumul-bayyinātu fa‘lamū annallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[209]
Ning angger ko padha keplését sewisé bukti-bukti sing nyata butul maring ko kabéh, ngertia lamon Gusti Allah kuwé Mahadigdaya, Mahawicaksana.
هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيَهُمُ اللّٰهُ فِيْ ظُلَلٍ مِّنَ الْغَمَامِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَقُضِيَ الْاَمْرُ ۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ࣖ٢١٠
Hal yanẓurūna illā ay ya'tiyahumullāhu fī ẓulalim minal-gamāmi wal-malā'ikatu wa quḍiyal-amr(u), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[210]
Ora nana sing dé-enténi déning wong-wong mau kejaba tekané (siksané) Gusti Allah bareng karo malaékat senjeroné aub-aubé lamuk, mangkané prekarané (dhéwéké) wis députus. Lan mesthi maring Gusti Allah sekabéhé prekara kuwé débalékna.
سَلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ كَمْ اٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ اٰيَةٍ ۢ بَيِّنَةٍ ۗ وَمَنْ يُّبَدِّلْ نِعْمَةَ اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُ فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢١١
Sal banī isrā'īla kam ātaināhum min āyatim bayyinah(tin), wa may yubaddil ni‘matallāhi mim ba‘di mā jā'athu fa innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[211]
Takonana maring Bani Israil, sepira akéhé bukti nyata sing wis Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh, sapa wongé ngijoli nékmaté Gusti Allah sewisé (nékmat kuwé) teka maring dhéwéké, mangka temen, Gusti Allah banget keras ukuman-É.
زُيِّنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا وَيَسْخَرُوْنَ مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۘ وَالَّذِيْنَ اتَّقَوْا فَوْقَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ وَاللّٰهُ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٢١٢
Zuyyina lil-lażīna kafarul-ḥayātud-dun-yā wa yaskharūna minal-lażīna āmanū, wal-lażīnattaqau fauqahum yaumal-qiyāmah(ti), wallāhu yarzuqu may yasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[212]
Urip neng dunya dédadékna rasané éndah neng pendelengané wong-wong sing kapir, lan dhéwéké kabéh ngina maring wong-wong sing padha precaya. Mangkané wong-wong sing takwa kuwé ana sendhuwuré dhéwéké kabéh neng dina Kiyamat. Lan Gusti Allah paring rejeki maring wong sing Penjenengané kersakna ora nganggo étungan.
كَانَ النَّاسُ اُمَّةً وَّاحِدَةً ۗ فَبَعَثَ اللّٰهُ النَّبِيّٖنَ مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَ ۖ وَاَنْزَلَ مَعَهُمُ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ لِيَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ فِيْمَا اخْتَلَفُوْا فِيْهِ ۗ وَمَا اخْتَلَفَ فِيْهِ اِلَّا الَّذِيْنَ اُوْتُوْهُ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ بَغْيًا ۢ بَيْنَهُمْ ۚ فَهَدَى اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِمَا اخْتَلَفُوْا فِيْهِ مِنَ الْحَقِّ بِاِذْنِهٖ ۗ وَاللّٰهُ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٢١٣
Kānan-nāsu ummataw wāḥidah(tan), fa ba‘aṡallāhun-nabiyyīna mubasysyirīna wa munżirīn(a), wa anzala ma‘ahumul-kitāba bil-ḥaqqi liyaḥkuma bainan-nāsi fīmakhtalafū fīh(i), wa makhtalafa fīhi illal-lażīna ūtūhu mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu bagyam bainahum, fahadallāhul-lażīna āmanū limakhtalafū fīhi minal-ḥaqqi bi'iżnih(ī), wallāhu yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[213]
Menungsa kuwé (gemiyéné) umat siji. Banjur Gusti Allah ngutus Nabi-nabi (kanggo) maringi kabar sing nyenengna lan pepénget. Lan déturunaken déning Penjenengané bareng dhéwéké (para nabi) mau kitab sing isi bebener, nggo awéh putusan neng antarané menungsa ngenani prekara sing dhéwéké padha persulayakna. Lan sing padha sulaya kuwé mung wong-wong sing wis déparingi (Kitab), sewisé bukti-bukti sing nyata butul maring dhéwéké kabéh, merga drengki neng antarané wong-wong mau dhéwék. Mangka kanthi kersa-Né, Gusti Allah paring pituduh maring wong-wong sing padha precaya ngenani bebener sing wong-wong mau persulayakna. Gusti Allah paring pituduh maring sapa sing Penjenengané kersakna maring dalan sing jejeg.
اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَأْتِكُمْ مَّثَلُ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ ۗ مَسَّتْهُمُ الْبَأْسَاۤءُ وَالضَّرَّاۤءُ وَزُلْزِلُوْا حَتّٰى يَقُوْلَ الرَّسُوْلُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ مَتٰى نَصْرُ اللّٰهِ ۗ اَلَآ اِنَّ نَصْرَ اللّٰهِ قَرِيْبٌ٢١٤
Am ḥasibtum an tadkhulul-jannata wa lammā ya'tikum maṡalul-lażīna khalau min qablikum, massathumul-ba'sā'u waḍ-ḍarrā'u wa zulzilū ḥattā yaqūlar-rasūlu wal-lażīna āmanū ma‘ahū matā naṣrullāh(i), alā inna naṣrallāhi qarīb(un).
[214]
Apa énggané ko padha ngira lamon ko kabéh bakal mlebu suwarga, mangkané urung teka maring ko kabéh (coban) kaya (sing déalami) wong-wong kuna seurungé ko kabéh. Dhéwéké mau padha ketiban mlarat, sengsara, lan déorag (nganggo pirang-pirang coban), saéngga Rasul lan wong-wong precaya sing bareng kiyambeké ngucap, “Kapan kirané teka pitulungané Gusti Allah?” Élinga, setemené pitulungané Gusti Allah kuwé pérek.
يَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَا يُنْفِقُوْنَ ۗ قُلْ مَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ خَيْرٍ فَلِلْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ بِهٖ عَلِيْمٌ٢١٥
Yas'alūnaka māżā yunfiqūn(a), qul mā anfaqtum min khairin falil-wālidaini wal-aqrabīna wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīl(i), wa mā taf‘alū min khairin fa innallāha bihī ‘alīm(un).
[215]
Wong-wong padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani apa sing kudu désumbangna. Dhawuha, “Bandha apa baé sing ko kabéh sumbangna, preyogané nggo wong tuwa loro, sedulur pérek, bocah yatim, wong miskin, lan wong sing lagi neng dalan”. Lan kebecikan apa baé sing ko kabéh lakoni, mangka setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani.
كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ وَهُوَ كُرْهٌ لَّكُمْ ۚ وَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۚ وَعَسٰٓى اَنْ تُحِبُّوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ ࣖ٢١٦
Kutiba ‘alaikumul-qitālu wa huwa kurhul lakum, wa ‘asā an takrahū syai'aw wa huwa khairul lakum, wa ‘asā an tuḥibbū syai'aw wa huwa syarrul lakum, wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[216]
Déwajibna maring ko kabéh nglakoni perang, mangkané perang kuwé ora nyenengna tumrap ko kabéh. Ning bisa uga ko kabéh ora seneng maring barang sewiji, mangkané barang sewiji kuwé apik tumrap ko kabéh, lan bisa uga ko kabéh seneng maring barang sewiji, mangkané barang mau ora apik tumrap ko kabéh. Gusti Allah Ngawuningani, éwadéné ko kabéh ora padha ngerti.
يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الشَّهْرِ الْحَرَامِ قِتَالٍ فِيْهِۗ قُلْ قِتَالٌ فِيْهِ كَبِيْرٌ ۗ وَصَدٌّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَكُفْرٌۢ بِهٖ وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَاِخْرَاجُ اَهْلِهٖ مِنْهُ اَكْبَرُ عِنْدَ اللّٰهِ ۚ وَالْفِتْنَةُ اَكْبَرُ مِنَ الْقَتْلِ ۗ وَلَا يَزَالُوْنَ يُقَاتِلُوْنَكُمْ حَتّٰى يَرُدُّوْكُمْ عَنْ دِيْنِكُمْ اِنِ اسْتَطَاعُوْا ۗ وَمَنْ يَّرْتَدِدْ مِنْكُمْ عَنْ دِيْنِهٖ فَيَمُتْ وَهُوَ كَافِرٌ فَاُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۚ وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢١٧
Yas'alūnaka ‘anisy-syahril-ḥarāmi qitālin fīh(i), qul qitālun fīhi kabīr(un), wa ṣaddun ‘an sabīlillāhi wa kufrum bihī wal-masjidil-ḥarām(i), wa ikhrāju ahlihī minhu akbaru ‘indallāh(i), wal-fitnatu akbaru minal-qatl(i), wa lā yazālūna yuqātilūnakum ḥattā yaruddūkum ‘an dīnikum inistaṭā‘ū, wa may yartadid minkum ‘an dīnihī fa yamut wa huwa kāfirun fa ulā'ika ḥabiṭat a‘māluhum fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[217]
Wong-wong mau padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani nglakoni perang neng wulan haram. Dhawuha, “Nglakoni perang neng wulan kuwé (dosa) gedhé. Ning ngalang-ngalangi (wong) sekang dalané Gusti Allah, duraka maring Penjenengané, (ngalang-ngalangi wong sing mlebu) Masjidilharam, lan ngurak warga sekang lingkungané, lewih gedhé (dosané) mungguhé Gusti Allah. Éwadéné pitnah, 74 lewih jahat tenimbang rajapati. Wong-wong mau ora bakal padha mandheg merangi ko kabéh saéngga ko padha murtad (metu) sekang agamamu, énggané wong-wong mau padha sanggup. Sapa wongé sing murtad neng antarané ko kabéh sekang agamané, banjur wong kuwé mati sejeroné kapir, mangka wong kuwé amalé muspra neng dunya lan neng akhérat, lan wong-wong mau manggon neng neraka, dhéwéké kabéh selawasé manggon neng njeroné.”
74) Pitnah neng kéné tegesé penggawé nganiaya lan sekabéhé penggawé sing maksudé njajah Islam lan wong-wong muslim.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۙ اُولٰۤىِٕكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَتَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢١٨
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hājarū wa jāhadū fī sabīlillāh(i), ulā'ika yarjūna raḥmatallāh(i), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[218]
Setemené wong-wong sing padha precaya, lan wong-wong sing padha boyong (hijrah) lan padha jihad neng dalané Gusti Allah, dhéwéké kabéh mau nyata sing ngarep-arep welasé Gusti Allah. Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
۞ يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِۗ قُلْ فِيْهِمَآ اِثْمٌ كَبِيْرٌ وَّمَنَافِعُ لِلنَّاسِۖ وَاِثْمُهُمَآ اَكْبَرُ مِنْ نَّفْعِهِمَاۗ وَيَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَا يُنْفِقُوْنَ ەۗ قُلِ الْعَفْوَۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُوْنَۙ٢١٩
Yas'alūnaka ‘anil-khamri wal-maisir(i), qul fīhimā iṡmun kabīrw wa manāfi‘u lin nās(i), wa iṡmuhumā akbaru min naf‘ihimā, wa yas'alūnaka māżā yunfiqūn(a), qulil-‘afw(a), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum tatafakkarūn(a).
[219]
Wong-wong mau padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani khamar 75 lan main kertu. Dhawuha, “Neng karo-karoné ana dosa gedhé lan sewetara piguna tumrap menung-sa. Ning dosané lewih gedhé tenimbang pigunané.” Lan wong-wong mau padha takon maring sliramu (ngenani) apa sing (kudu) désumbangna. Dhawuhna, “Lewihané (sekang apa sing déperlokna).” Kaya kuwé Gusti Allah nerangna ayat-ayat-É maring ko kabéh supayané ko padha mikirna,
75) Sekabéhé inuman sing gawé wuru/mabok
فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۗ وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْيَتٰمٰىۗ قُلْ اِصْلَاحٌ لَّهُمْ خَيْرٌ ۗ وَاِنْ تُخَالِطُوْهُمْ فَاِخْوَانُكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ الْمُفْسِدَ مِنَ الْمُصْلِحِ ۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَاَعْنَتَكُمْ اِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٢٠
Fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa yas'alūnaka ‘anil-yatāmā, qul iṣlāḥul lahum khair(un), wa in tukhāliṭūhum fa'ikhwānukum, wallāhu ya‘lamul-mufsida minal-muṣliḥ(i), wa lau syā'allāhu la'a‘natakum innallāha ‘azizun ḥakīm(un).
[220]
ngenani dunya lan akhérat. Wong-wong mau padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani bocah yatim. Dhawuha, “Ngapiki kahanané bocah-bocah mau kuwé becik!” Lan angger ko kabéh nyrawungi bocah-bocah mau, mangka jané dhéwéké kabéh mau sedulur– sedulurmu. Gusti Allah Ngawuning-ani wong sing gawé rusak lan gawé apik. Lan seumpama Gusti Allah kersa, mesthi Penjenengané nekakna rubéda maring ko kabéh. Temen, Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana
وَلَا تَنْكِحُوا الْمُشْرِكٰتِ حَتّٰى يُؤْمِنَّ ۗ وَلَاَمَةٌ مُّؤْمِنَةٌ خَيْرٌ مِّنْ مُّشْرِكَةٍ وَّلَوْ اَعْجَبَتْكُمْ ۚ وَلَا تُنْكِحُوا الْمُشْرِكِيْنَ حَتّٰى يُؤْمِنُوْا ۗ وَلَعَبْدٌ مُّؤْمِنٌ خَيْرٌ مِّنْ مُّشْرِكٍ وَّلَوْ اَعْجَبَكُمْ ۗ اُولٰۤىِٕكَ يَدْعُوْنَ اِلَى النَّارِ ۖ وَاللّٰهُ يَدْعُوْٓا اِلَى الْجَنَّةِ وَالْمَغْفِرَةِ بِاِذْنِهٖۚ وَيُبَيِّنُ اٰيٰتِهٖ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ ࣖ٢٢١
Wa lā tankiḥul-musyrikāti ḥattā yu'minn(a), wa la'amatum mu'minatun khairum mim musyrikatiw wa lau a‘jabatkum, wa lā tunkiḥul-musyrikīna ḥattā yu'minū, wa la‘abdum mu'minun khairum mim musyrikiw wa lau a‘jabakum, ulā'ika yad‘ūna ilan-nār(i), wallāhu yad‘ū ilal-jannati wal-magfirati bi'iżnih(ī), wa yubayyinu āyātihī lin-nāsi la‘allahum yatażakkarūn(a).
[221]
Lan ko kabéh aja padha mbojo wong-wong wadon musrik, seurungé dhéwéké padha precaya. Temen, batur wadon sing precaya lewih apik tenimbang wong wadon musrik mau senajan dhéwéké nyenengna atimu. Lan aja nganti ko kabéh njodhokna wong-wong (lanang) musrik (karo wadon sing precaya) seurungé dhéwéké mau padha precaya. Temen, batur lanang sing precaya kuwé lewih apik tenimbang wong lanang sing musrik senajan nyenengna atimu. Wong-wong mau padha ajék maring neraka, Mangkadené Gusti Allah ajék maring suwarga lan pengampura kanthi kepareng-É. (Gusti Allah) nerangna ayat-ayat-É maring menungsa supayané wong-wong mau padha ngalap wulangan.
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْمَحِيْضِ ۗ قُلْ هُوَ اَذًىۙ فَاعْتَزِلُوا النِّسَاۤءَ فِى الْمَحِيْضِۙ وَلَا تَقْرَبُوْهُنَّ حَتّٰى يَطْهُرْنَ ۚ فَاِذَا تَطَهَّرْنَ فَأْتُوْهُنَّ مِنْ حَيْثُ اَمَرَكُمُ اللّٰهُ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْنَ٢٢٢
Wa yas'alūnaka ‘anil-maḥīḍ(i), qul huwa ażā(n), fa‘tazilun-nisā'a fil-maḥīḍ(i), wa lā taqrabūhunna ḥattā yaṭhurn(a), fa'iżā taṭahharna fa'tūhunna min ḥaiṡu amarakumullāh(u), innallāha yuḥibbut-tawwābīna wa yuḥibbul-mutaṭahhirīn(a).
[222]
Lan dhéwéké padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani héd. Dhawuhna, “Héd kuwé barang kotor.” Merga kuwé adohi 76 bojo rikala padha héd; lan aja ko péreki seurungé wong-wong wadon kuwé padha suci. 77 Angger dhéwéké wis padha suci, kumpulana dhéwéké kuwé laras karo (tuntunan) sing dédhawuhna déning Gusti Allah maring ko kabéh. Temen, Gusti Allah karenan maring wong-wong sing tobat lan padha nyucékna awaké.
76) Aja nyampur karo bojo neng wektu héd.
77) Sing démaksud suci yakuwé seuwisé adus wajib bar héd. Ana sing nepsiri sewisé getihé mandheg ora metu maning.
نِسَاۤؤُكُمْ حَرْثٌ لَّكُمْ ۖ فَأْتُوْا حَرْثَكُمْ اَنّٰى شِئْتُمْ ۖ وَقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ ۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ مُّلٰقُوْهُ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ٢٢٣
Nisā'ukum ḥarṡul lakum, fa'tū ḥarṡakum annā syi'tum, wa qaddimū li anfusikum, wattaqullāha wa‘lamū annakum mulāqūh(u), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[223]
Bojo-bojomu minangka sawah tumrap ko kabéh, mangka tekania sawahmu kapan baé lan kanthi cara sing désenengi déning ko kabéh. Lan utamakna (sing apik) nggo ko kabéh. Padha wedia ko kabéh maring Gusti Allah lan ngertia lamon ko kabéh (mbésuk) bakal nemoni Penjenengané. Lan butulna werta bebungah maring wong-wong sing padha precaya.
وَلَا تَجْعَلُوا اللّٰهَ عُرْضَةً لِّاَيْمَانِكُمْ اَنْ تَبَرُّوْا وَتَتَّقُوْا وَتُصْلِحُوْا بَيْنَ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٢٤
Wa lā taj‘alullāha ‘urḍatal li'aimānikum an tabarrū wa tattaqū wa tuṣliḥū bainan-nās(i), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[224]
Lan aja padha ndadékna (asmané) Gusti Allah neng sumpahmu dadi pepalang nggo gawé kebecikan, wedi maring Gusti Allah, lan gawé tentrem neng antarané menungsa. 78 Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
78) Nglarang sumpah nganggo asmané Gusti Allah nggo ora nglakoni sing ora apik, kayadéné: Demi Allah inyong arep ora nulung bocah yatim. Ning angger sumpah kuwé wis keucap, kudu mbayar kafarat.
لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللّٰهُ بِاللَّغْوِ فِيْٓ اَيْمَانِكُمْ وَلٰكِنْ يُّؤَاخِذُكُمْ بِمَا كَسَبَتْ قُلُوْبُكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ٢٢٥
Lā yu'ākhiżukumullāhu bil-lagwi fī aimānikum wa lākiy yu'ākhiżukum bimā kasabat qulūbukum, wallāhu gafūrun ḥalīm(un).
[225]
Gusti Allah ora ngukum ko kabéh sebab sumpahmu sing ora ko jarag, ning Gusti Allah ngukum niyat sing ana neng atimu. Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas. 79
79) Sing démaksud penyantun (halim) yakuwé ora secepeté nyiksa wong sing nglakoni dosa.
لِلَّذِيْنَ يُؤْلُوْنَ مِنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ تَرَبُّصُ اَرْبَعَةِ اَشْهُرٍۚ فَاِنْ فَاۤءُوْ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢٢٦
Lil-lażīna yu'lūna min nisā'ihim tarabbuṣu arba‘ati asyhur(in), fa'in fā'ū fa'innalāha gafūrur raḥīm(un).
[226]
Tumrap wong lanang sing sumpah ila’ maring bojoné 80 kudu nunggu patang wulan. Banjur angger wong lanang kuwé bali (maring bojoné), mangka temen Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
80) Sumpah illa maring bojo, maksudé sumpah ora arep ngumpuli bojo. Kanthi sumpah kiyé bojo lara ati, sebab ora dékumpuli utawa décampuri lan ora dépegat. Kanthi temuruné ayat kiyé mengko wong lanang seuwisé patang wulan kudu milih antarané kumpul karo bojoné lan bayar kafarat (dhendha) sumpah apa megat bojoné.
وَاِنْ عَزَمُوا الطَّلَاقَ فَاِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٢٧
Wa in ‘azamuṭ-ṭalāqa fa innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[227]
Lan angger wong-wong mau netepna arep megat (bojo), mangka temen Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
وَالْمُطَلَّقٰتُ يَتَرَبَّصْنَ بِاَنْفُسِهِنَّ ثَلٰثَةَ قُرُوْۤءٍۗ وَلَا يَحِلُّ لَهُنَّ اَنْ يَّكْتُمْنَ مَا خَلَقَ اللّٰهُ فِيْٓ اَرْحَامِهِنَّ اِنْ كُنَّ يُؤْمِنَّ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ وَبُعُوْلَتُهُنَّ اَحَقُّ بِرَدِّهِنَّ فِيْ ذٰلِكَ اِنْ اَرَادُوْٓا اِصْلَاحًا ۗوَلَهُنَّ مِثْلُ الَّذِيْ عَلَيْهِنَّ بِالْمَعْرُوْفِۖ وَلِلرِّجَالِ عَلَيْهِنَّ دَرَجَةٌ ۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ٢٢٨
Wal-muṭallaqātu yatarabbaṣna bi anfusihinna ṡalāṡata qurū'(in), wa lā yaḥillu lahunna ay yaktumna mā khalaqallāhu fī arḥāmihinna in kunna yu'minna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), wa bu‘ūlatuhunna aḥaqqu biraddiūhinna fī żālika in arādū iṣlāḥā(n), wa lahunna miṡlul-lażī ‘alaihinna bil-ma‘rūf(i), wa lir-rijāli ‘alaihinna darajah(tun), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[228]
Lan para bojo sing padha dépegat (wajib) nahan awak dhéwék (nunggu) telung quru’. 81 Ora kena tumrap dhéwéké kabéh ngumpetna apa sing décipta déning Gusti Allah neng njero wetengé angger dhéwéké padha precaya maring Gusti Allah lan dina Kiyamat. Lan para lanangé lewih nduwéni hak bali maning maring wong-wong wadon kaé neng senjeroné wektu kuwé, angger dhéwéké padha kepéngin apik-apikan. Lan dhéwéké mau (para wadon) nduwéni hak sing imbang karo kewajibané miturut cara sing patut. Ning para lanang nduwéni lewih sendhuwuré wong-wong wadon kaé. 82 Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.
81) Quru’ jamak sekang qor’u sing tegesé suci, utawa héd.
82) Sebab lanang duwé tanggungjawab maring keslametané lan kejembarané balé-somah utawa keluwarga (An-Nisa’ (4): 34).
اَلطَّلَاقُ مَرَّتٰنِ ۖ فَاِمْسَاكٌۢ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ تَسْرِيْحٌۢ بِاِحْسَانٍ ۗ وَلَا يَحِلُّ لَكُمْ اَنْ تَأْخُذُوْا مِمَّآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ شَيْـًٔا اِلَّآ اَنْ يَّخَافَآ اَلَّا يُقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۗ فَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا يُقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۙ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا فِيْمَا افْتَدَتْ بِهٖ ۗ تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ فَلَا تَعْتَدُوْهَا ۚوَمَنْ يَّتَعَدَّ حُدُوْدَ اللّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٢٢٩
Aṭ-ṭalāqu marratān(i), fa imsākum bima‘rūfin au tasrīḥum bi'iḥsān(in), wa lā yaḥillu lakum an ta'khużū mimmā ātaitumūhunna syai'an illā ay yakhāfā allā yuqīmā ḥudūdullāh(i), fa in khiftum allā yuqīmā ḥudūdullāh(i) falā junāḥa ‘alaihimā fīmaftadat bih(ī), tilka ḥudūdullāhi falā ta‘tadūhā, wa may yata‘adda ḥudūdullāhi fa'ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[229]
Pegatan (sing olih débaléni) kuwé ping pindho. (Sewisé lanangé bisa) nahan kanthi becik, utawa ngeculna kanthi becik. Ora kena tumrap ko kabéh njikot maning apa-apa sing wis déwéhna maring dhéwéké kabéh, kejaba wong sekloroné (lanang lan bojoné) kewatir ora sanggup nglakoni hukum-hukumé Gusti Allah. Angger ko (wali) kewatir sekaroné ora sanggup nglakoni hukum-hukumé Gusti Allah, mangka sekaroné ora dosa ingatasé bayaran sing (kudu) déwéhna (déning bojo) nggo nebus awaké dhéwék. 83 kuwé hukum-hukumé Gusti Allah, mangka ko kabéh aja padha nerak hukum kuwé. Sapa baé sing nerak hukum-hukumé Gusti Allah, dhéwéké kabéh kuwé wong-wong aniaya (kapitunan).
83) Ayat kiyé dadi dhasar hukum khulu’ lan penampanan ‘iwad. Khulu’ kuwé hak bojo nggo pegatan sekang lanangé kanthi mbayar ‘iwad liwat pengadilan.
فَاِنْ طَلَّقَهَا فَلَا تَحِلُّ لَهٗ مِنْۢ بَعْدُ حَتّٰى تَنْكِحَ زَوْجًا غَيْرَهٗ ۗ فَاِنْ طَلَّقَهَا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَآ اَنْ يَّتَرَاجَعَآ اِنْ ظَنَّآ اَنْ يُّقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۗ وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ يُبَيِّنُهَا لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٢٣٠
Fa'in ṭallaqahā falā taḥillu lahū mim ba‘du ḥattā tankiḥa zaujan gairah(ū), fa'in ṭallaqahā falā junāḥa ‘alaihimā ay yatarāja‘ā in ẓannā ay yuqīmā ḥudūdullāh(i), tilka ḥudūdullāhi yubayyinuhā liqaumiy ya‘lamūn(a).
[230]
Banjur angger wong lanang wis nibakna pegat maring wong wadon (sewisé pegat sing ping pindho), mangka wong wadon kuwé ora halal nggo wong lanang mau sedurungé débojo déning wong lanang liya. Banjur angger wong lanang liya kuwé megat bojoné, mangka ora nana dosa tumrap sekaroné (lanang sing dhisit karo tilas bojoné) kanggo somahan maning angger sekaroné duwé penemu arep bisa nglakoni hukum-hukumé Gusti Allah. Kuwé kepesthéné Gusti Allah sing déterangna maring wong-wong sing padha duwé kawruh.
وَاِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَبَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَاَمْسِكُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ سَرِّحُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍۗ وَلَا تُمْسِكُوْهُنَّ ضِرَارًا لِّتَعْتَدُوْا ۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَقَدْ ظَلَمَ نَفْسَهٗ ۗ وَلَا تَتَّخِذُوْٓا اٰيٰتِ اللّٰهِ هُزُوًا وَّاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَمَآ اَنْزَلَ عَلَيْكُمْ مِّنَ الْكِتٰبِ وَالْحِكْمَةِ يَعِظُكُمْ بِهٖ ۗوَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٢٣١
Wa iżā ṭallaqtumun-nisā'a fabalagna ajalahunna fa'amsikūhunna bima‘rūfin au sarriḥūhunna bima‘rūf(in), wa lā tumsikūhunna ḍirāral lita‘tadū, wa may yaf‘al żālika faqad ẓalama nafasah(ū), wa lā tattakhiżū āyātillāhi huzuwaw ważkurū ni‘matallāhi ‘alaikum wa mā anzala ‘alaikum minal-kitābi wal-ḥikmati ya‘iẓukum bih(ī), wattaqullāha wa‘lamū annallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[231]
Lan angger ko kabéh megat bojo-bojo(mu), banjur butul (akhir) idahé, 84 mangka tahanen bojo-bojo mau kanthi cara sing apik, utawa pegaten dhéwéké kanthi cara seng apik (uga). Lan ko kabéh aja nahan dhéwéké kanthi maksud ala nggo nglarani dhéwéké kabéh. Sapa wongé sing temindak kaya kuwé dhéwéké wis gawé tuna maring awake dhéwék. Lan aja pisan ko kabéh gawé ayat-ayat-É Gusti Allah dadi pengécéan. Élinga maring nékmaté Gusti Allah maring ko kabéh, lan apa sing wis déturunaken déning Gusti Allah maring ko kabéh yakuwé kitab (Al-Qur’an) lan hikmah (Sunnah), nggo awéh piwulangan maring ko kabéh. Lan padha wedia ko kabéh maring Gusti Allah lan ngertia Gusti Allah Maha Mriksani samubarang kabéh.
84) Idah kuwé wektu nunggu (ora olih umah-umah) nggo wong wadon sebab pegatan utawa détinggal mati lanangé.
وَاِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَبَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَلَا تَعْضُلُوْهُنَّ اَنْ يَّنْكِحْنَ اَزْوَاجَهُنَّ اِذَا تَرَاضَوْا بَيْنَهُمْ بِالْمَعْرُوْفِ ۗ ذٰلِكَ يُوْعَظُ بِهٖ مَنْ كَانَ مِنْكُمْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ۗ ذٰلِكُمْ اَزْكٰى لَكُمْ وَاَطْهَرُ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٢٣٢
Wa iżā ṭallaqtumun-nisā'a fabalagna ajalahunna falā ta‘ḍulūhunna ay yankiḥna azwājahunna iżā tarāḍau bainahum bil-ma‘rūf(i), żālika yū‘aẓu bihī man kāna minkum yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhir(i), żālikum azkā lakum wa aṭhar(u), wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[232]
Lan angger ko padha megat bojo-bojo (mu), banjur butul idahé, mangka ko kabéh aja nyegah dhéwéké umah-umah (maning) karo calon lanangé, 85 angger wis padha cocog neng antarané sekloroné kanthi cara sing apik. Kuwé sing déwarahna maring wong-wong neng antarané ko kabéh sing padha precaya maring Gusti Allah lan dina Kiya-mat. Kuwé lewih suci tumrap ko kabéh lan lewih bresih. Lan Gusti Allah Ngawuningani, mangkané ko ora padha ngerténi.
85) Umah-umah maning karo jat lanangé utawa wong lanang liya.
۞ وَالْوٰلِدٰتُ يُرْضِعْنَ اَوْلَادَهُنَّ حَوْلَيْنِ كَامِلَيْنِ لِمَنْ اَرَادَ اَنْ يُّتِمَّ الرَّضَاعَةَ ۗ وَعَلَى الْمَوْلُوْدِ لَهٗ رِزْقُهُنَّ وَكِسْوَتُهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ لَا تُكَلَّفُ نَفْسٌ اِلَّا وُسْعَهَا ۚ لَا تُضَاۤرَّ وَالِدَةٌ ۢبِوَلَدِهَا وَلَا مَوْلُوْدٌ لَّهٗ بِوَلَدِهٖ وَعَلَى الْوَارِثِ مِثْلُ ذٰلِكَ ۚ فَاِنْ اَرَادَا فِصَالًا عَنْ تَرَاضٍ مِّنْهُمَا وَتَشَاوُرٍ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا ۗوَاِنْ اَرَدْتُّمْ اَنْ تَسْتَرْضِعُوْٓا اَوْلَادَكُمْ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِذَا سَلَّمْتُمْ مَّآ اٰتَيْتُمْ بِالْمَعْرُوْفِۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٣٣
Wal-wālidātu yurḍi‘na aulādahunna ḥaulaini kāmilaini liman arāda ay yutimmar-raḍā‘ah(ta), wa ‘alal-maulūdi lahū rizquhunna wa kiswatuhunna bil-ma‘rūf(i), lā tukallafu nafsun illā wus‘ahā, lā tuḍārra wālidatum biwaladihā wa lā maulūdul lahū biwaladihī wa ‘alal-wāriṡi miṡlu żālik(a), fa'in arādā fiṣālan ‘an tarāḍim minhumā wa tasyāwurin falā junāḥa ‘alaihimā, wa in arattum an tastarḍi‘ū aulādakum falā junāḥa ‘alaikum iżā sallamtum mā ātaitum bil-ma‘rūf(i), wattaqullāha wa‘lamū annallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[233]
Lan para biyung peryoga padha nyusoni anak-anaké lawasé rong taun penuh, tumrap sing kepéngin nyusoni kanthi sempurna. Lan kewajibané rama nanggung napkah lan sandhangané dhéwéké kabéh (para biyung mau) kanthi cara sing patut. Menungsa ora débot-boti lewih sekang kesanggupané. Aja nganti biyung sengsara merga anaké lan aja nganti rama sengsara merga anaké. Ahli waris uga (duwé kewajiban) sing kaya kuwé. Angger sekaroné duwé kepéngin nyapih kanthi mupakat lan rembugan antarané dhéwéké kabéh, mangka ora nana dosa tumrap sekaroné. Lan angger ko kepéngin nyusokna anakmu maring wong liya, mangka ora nana dosa tumrap ko awéh bayaran kanthi cara sing patut. Wedia maring Gusti Allah lan ngertiya lamon Gusti Allah Mriksani apa sing ko padha pergawé.
وَالَّذِيْنَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُوْنَ اَزْوَاجًا يَّتَرَبَّصْنَ بِاَنْفُسِهِنَّ اَرْبَعَةَ اَشْهُرٍ وَّعَشْرًا ۚ فَاِذَا بَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا فَعَلْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٣٤
Wal-lażīna yutawaffauna minkum wa yażarūna azwājay yatarabbaṣna bi'anfusihinna arba‘ata asyhuriw wa ‘asyrā(n), fa'iżā balagna ajalahunna falā junāḥa ‘alaikum fīmā fa‘alna fī anfusihinna bil-ma‘rūf(i),wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[234]
Lan wong-wong sing mati neng antarané ko kabéh lan ninggali bojo-bojo, dhéwéké (bojo-bojo sing détinggal mati) kudu ngenténi patang wulan sepuluh dina. Banjur angger wis (akhir) idahé dhéwéké, mangka ora nana dosa kanggo ko ngenani apa sing dhéwéké lakokna ingatasé dhéwéké 86 nganggo cara sing patut. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningni apa sing ko kabéh pergawé.
86) Dandan, lungan, utawa nampani gotékan.
وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا عَرَّضْتُمْ بِهٖ مِنْ خِطْبَةِ النِّسَاۤءِ اَوْ اَكْنَنْتُمْ فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ ۗ عَلِمَ اللّٰهُ اَنَّكُمْ سَتَذْكُرُوْنَهُنَّ وَلٰكِنْ لَّا تُوَاعِدُوْهُنَّ سِرًّا اِلَّآ اَنْ تَقُوْلُوْا قَوْلًا مَّعْرُوْفًا ەۗ وَلَا تَعْزِمُوْا عُقْدَةَ النِّكَاحِ حَتّٰى يَبْلُغَ الْكِتٰبُ اَجَلَهٗ ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ فَاحْذَرُوْهُ ۚوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ ࣖ٢٣٥
Wa lā junāḥa ‘alaikum fīmā ‘arraḍtum bihī min khiṭbatin-nisā'i au aknantum fī anfusikum, ‘alimallāhu annakum satażkurūnahunna wa lākil lā tuwā‘idūhunna sirran illā an taqūlū qaulam ma‘rūfā(n), wa lā ta‘zimū ‘uqdatan-nikāḥi ḥattā yablugal-kitābu ajalah(ū), wa‘lamū annallāha ya‘lamu mā fī anfusikum faḥżarūh(u), wa‘lamū annallāha gafūrun ḥalīm(un).
[235]
Lan ora ana dosa tumrap ko kabéh goték wong-wong wadon kuwé kanthi pesemon 87 utawa ko ngumpet (kekarepanmu) neng njero ati. Gusti Allah ngawuningani lamon ko kabéh bakal nyebut-nyebut maring wong-wong mau. Ning ko kabéh aja gawé janji (kanggo umah-umah) karo wong-wong kaé kanthi cara meneng-menengan (rahasia), kejaba mung ngucapna tembung-tembung sing apik. 88 Lan aja nganti ko kabéh netepna akad nikah, seurungé entong wektu idahé. Kawruhana lamon Gusti Allah ngawuningani apa sing ana neng atimu, mangka wedia ko kabéh maring Gusti Allah. Lan kawruhana lamon Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawicaksana.
87) Wong wadon sing olih dégotéki kanthi pesemon yakuwé wong wadon sing neng wektu idah merga matiné sing lanang utawa merga pegatan bain. Éwadéné wong wadon sing lagi idah pegat roj’i ora kena dégotéki senajan nganggo pesemon.
88) Tembung pesemon sing apik.
لَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِنْ طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ مَا لَمْ تَمَسُّوْهُنَّ اَوْ تَفْرِضُوْا لَهُنَّ فَرِيْضَةً ۖ وَّمَتِّعُوْهُنَّ عَلَى الْمُوْسِعِ قَدَرُهٗ وَعَلَى الْمُقْتِرِ قَدَرُهٗ ۚ مَتَاعًا ۢبِالْمَعْرُوْفِۚ حَقًّا عَلَى الْمُحْسِنِيْنَ٢٣٦
Lā junāḥa ‘alaikum in ṭallaqtumun-nisā'a mā lam tamassūhunna au tafriḍū lahunna farīḍah(tan), wa matti‘ūhunna ‘alal-mūsi‘i qadaruhū wa ‘alal-muqtiri qadaruhū matā‘am bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muḥsinīn(a).
[236]
Ora nana dosa tumrap ko kabéh angger ko padha megat bojo-bojomu sing urung ko sénggol (kumpuli) utawa sing urung ko temtokna mas kawiné. Lan ko kudu padha awéh maring dhéwéké mut’ah, 89 tumrap sing mampu miturut kesanggupané lan kanggo sing ora mampu miturut kesanggupané, yakuwé perwéwéh kanthi cara sing patut, sing dadi kewajiban tumrap wong-wong sing gawé kebagusan.
89) Yakuwé sing lanang utawa wali. Angger wali sing mbébasna mangka sing lanang débébasna ora mbayar separoné mas kawin. Éwadéné angger sing lanang sing mbébasna, mangka dhéwéké mbayar sekabéhané mas kawin.
وَاِنْ طَلَّقْتُمُوْهُنَّ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَمَسُّوْهُنَّ وَقَدْ فَرَضْتُمْ لَهُنَّ فَرِيْضَةً فَنِصْفُ مَا فَرَضْتُمْ اِلَّآ اَنْ يَّعْفُوْنَ اَوْ يَعْفُوَا الَّذِيْ بِيَدِهٖ عُقْدَةُ النِّكَاحِ ۗ وَاَنْ تَعْفُوْٓا اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۗ وَلَا تَنْسَوُا الْفَضْلَ بَيْنَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٣٧
Wa in ṭallaqtumūhunna min qabli an tamassūhunna wa qad faraḍtum lahunna farīḍatan faniṣfu mā faraḍtum illā ay ya‘fūna au ya‘fuwal-lażī biyadihī ‘uqdatun-nikāḥ(i), wa an ta‘fū aqrabu lit-taqwā, wa lā tansawul-faḍla bainakum, innallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[237]
Lan angger ko padha megat wong-wong wadon seurungé ko kabéh sénggol (kumpuli), mangkané ko kabéh wis nemtokna mas kawiné, mangka (bayara) separo sekang sing wis ko kabéh temtokna, kejaba dhéwéké (mbébasna) utawa débebasna déning wong sing akad nikah ana neng tangané. 90 Mbébasna kuwé lewih pérek maring takwa. Lan aja pisan ko padha kelalén kebecikan neng antarané ko kabéh. Temen, Gusti Allah ngawuningani apa sing ko kabéh lakokna.
90) Ya kuwé lanangé utawa wali, Angger wali sing mbébasna mangka sing lanang débébasna sekang mbayar separo mas kawin. Banjur angger sing lanang sing mbébasna mangka dhéwéké mbayar mas kawin sekabéhé.
حَافِظُوْا عَلَى الصَّلَوٰتِ وَالصَّلٰوةِ الْوُسْطٰى وَقُوْمُوْا لِلّٰهِ قٰنِتِيْنَ٢٣٨
Ḥāfiẓū ‘alaṣ-ṣalawāti waṣ-ṣalātil-wusṭā, wa qūmū lillāhi qānitīn(a).
[238]
Reksanen kabéh sembayang lan sembayang wustho 91 . Lan leksanakna sembayang merga Gusti Allah kanthi gentur (khusuk).
91) Sembayang wusta miturut hadits sing soheh yakuwé sembayang ngasar.
فَاِنْ خِفْتُمْ فَرِجَالًا اَوْ رُكْبَانًا ۚ فَاِذَآ اَمِنْتُمْ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَمَا عَلَّمَكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَ٢٣٩
Fa'in khiftum farijālan au rukbānā(n), fa'iżā amintum fażkurullāha kamā ‘allamakum mā lam takūnū ta‘lamūn(a).
[239]
Angger ko kabéh wedi (ana bebaya) mangka sembayanga karo mlaku utawa numpak tunggangan. Banjur angger wis aman mangka élinga maring Gusti Allah (sembayanga) kayadéné Penjenengané wis mulangna maring ko kabéh apa sing ko padha ora ngerténi.
وَالَّذِيْنَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُوْنَ اَزْوَاجًاۖ وَّصِيَّةً لِّاَزْوَاجِهِمْ مَّتَاعًا اِلَى الْحَوْلِ غَيْرَ اِخْرَاجٍ ۚ فَاِنْ خَرَجْنَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْ مَا فَعَلْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِنَّ مِنْ مَّعْرُوْفٍۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٤٠
Wal-lażīna yutawaffauna minkum wa yażarūna azwājā(n), waṣiyyatal li'azwājihim matā‘an ilal-ḥauli gaira ikhrāj(in), fa'in kharajna falā junāḥa ‘alaikum fī mā fa‘alna fī anfusihinna mim ma‘rūf(in), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[240]
Lan wong-wong sing arep mati neng antarané ko kabéh lan ninggali bojo-bojo, preyogané gawé wasiyat nggo bojo-bojo mau (yakuwé) napkah nganti setahun tanpa ngetokna (sekang umah). Ning angger wong-wong mau metu (dhéwék) mangka ora nana dosa tumrap ko kabéh (ngenani apa) sing dhéwéké lakokna maring awaké dhéwék ingatasé samubarang sing apik. Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.
وَلِلْمُطَلَّقٰتِ مَتَاعٌ ۢبِالْمَعْرُوْفِۗ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِيْنَ٢٤١
Wa lil-muṭallaqāti matā‘um bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muttaqīn(a).
[241]
Lan nggo wong-wong wadon sing dépegat kuduné déwéhi mut’ah miturut cara sing patut minangka sewiji kewajiban tumrap wong-wong sing wedi maring Gusti Allah.
كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ ࣖ٢٤٢
Każālika yubayyinullāhu lakum āyātihī la‘allakum ta‘qilūn(a).
[242]
Kaya kuwé Gusti Allah nerangna maring ko kabéh ayat-ayat-É Gusti Allah supaya ko kabéh ngerti.
۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ خَرَجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَهُمْ اُلُوْفٌ حَذَرَ الْمَوْتِۖ فَقَالَ لَهُمُ اللّٰهُ مُوْتُوْا ۗ ثُمَّ اَحْيَاهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ٢٤٣
Alam tara ilal-lażīna kharajū min diyārihim wa hum ulūfun ḥażaral-maut(i), faqāla lahumullāhu mūtū, ṡumma aḥyāhum, inallāha lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā yasykurūn(a).
[243]
Apa ko ora nggatékna wong-wong sing metu sekang désané dhéwék, éwadéné cacahé éwon merga padha wedi mati? Banjur Gusti Allah dhawuh maring dhéwéké kabéh, “Matia ko kabéh!” Banjur Gusti Allah nguripna dhéwéké. Setemené Gusti Allah paring kanugrahan maring menungsa, ning akéh-akéhé menungsa ora padha kesuwun.
وَقَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٤٤
Wa qātilū fī sabīlillāhi wa‘lamū annallāha samī‘un ‘alīm(un).
[244]
Lan padha peranga ko kabéh neng dalané Gusti Allah (ngluhurna agama-Né) lan kawruhana Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
مَنْ ذَا الَّذِيْ يُقْرِضُ اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضٰعِفَهٗ لَهٗٓ اَضْعَافًا كَثِيْرَةً ۗوَاللّٰهُ يَقْبِضُ وَيَبْصُۣطُۖ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٤٥
Man żal-lażī yuqriḍullāha qarḍan ḥasanan fayuḍā‘ifahū lahū aḍ‘āfan kaṡīrah(tan), wallāhu yaqbiḍu wa yabsuṭ(u), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[245]
Sapa wongé nyilihi 92 Gusti Allah karo silihan sing apik (iklas) mangka Gusti Allah nikelaken liru maring dhéwéké kanthi akéh. Gusti Allah nyupet lan ngombérna (rejeki) lan mung maring Penjenengané ko kabéh débalékna.
92) Maksud nyilihi maring Gusti Allah yakuwé nginfakna (nyumbang) bandha neng dalané Gusti Allah.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الْمَلَاِ مِنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مِنْۢ بَعْدِ مُوْسٰىۘ اِذْ قَالُوْا لِنَبِيٍّ لَّهُمُ ابْعَثْ لَنَا مَلِكًا نُّقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ قَالَ هَلْ عَسَيْتُمْ اِنْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ اَلَّا تُقَاتِلُوْا ۗ قَالُوْا وَمَا لَنَآ اَلَّا نُقَاتِلَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَقَدْاُخْرِجْنَا مِنْ دِيَارِنَا وَاَبْنَاۤىِٕنَا ۗ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ تَوَلَّوْا اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِالظّٰلِمِيْنَ٢٤٦
Alam tara ilal-mala'i mim banī isrā'īla mim ba‘di mūsā, iż qālū linabiyyil lahumub‘aṡ lanā malikan nuqātil fī sabīlillāh(i), qāla hal ‘asaitum in kutiba ‘alaikumul-qitālu allā tuqātilū, qālū wa mā lanā allā nuqātila fī sabīlillāhi wa qad ukhrijnā min diyārinā wa abnā'inā, falammā kutiba ‘alaihimul-qitālu tawallau illā qalīlam minhum, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[246]
Apa ko kabéh ora nggatékna maring para pengarep Bani Israil sewisé Nabi Musa seda, rikala dhéwéké padha ngomong maring sewiji nabiné. “Jumenengna raja nggo inyong kabéh, mesthi inyong padha perang neng dalané Gusti Allah.” Nabiné semaur, “Aja-aja angger déwajibna perang ingatasé ko kabéh, ko padha ora arep gelem perang baé?” Dhéwéké pada semaur, “Kenangapa inyong padha ora arep perang neng dalané Gusti Allah, suprandéné inyong kabéh wis déurak sekang désaku dhéwék, lan (dépisah sekang) anak-anaku kabéh?” 93 Ning rikala perang déwajibna maring wong-wong kuwé, dhéwéké padha mléngos kejaba sebagéan cilik sekang dhéwéké. Lan Gusti Allah Maha Ngawuninganiu wong-wong sing aniaya.
93) Dhéwéké kabéh lan anak-anaké détawan.
وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ اِنَّ اللّٰهَ قَدْ بَعَثَ لَكُمْ طَالُوْتَ مَلِكًا ۗ قَالُوْٓا اَنّٰى يَكُوْنُ لَهُ الْمُلْكُ عَلَيْنَا وَنَحْنُ اَحَقُّ بِالْمُلْكِ مِنْهُ وَلَمْ يُؤْتَ سَعَةً مِّنَ الْمَالِۗ قَالَ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰىهُ عَلَيْكُمْ وَزَادَهٗ بَسْطَةً فِى الْعِلْمِ وَالْجِسْمِ ۗ وَاللّٰهُ يُؤْتِيْ مُلْكَهٗ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٢٤٧
Wa qāla lahum nabiyyuhum innallāha qad ba‘aṡa lakum ṭālūta malikā(n), qālū annā yakūnu lahul-mulku ‘alainā wa naḥnu aḥaqqu bil-mulki minhu wa lam yu'ta sa‘atam minal-māl(i), qāla innallāhaṣṭafāhu ‘alaikum wa zādahū basṭatan fil-‘ilmi wal-jism(i), wallāhu yu'tī mulkahū may yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[247]
Lan nabiné wong-wong mau dhawuh maring dhéwéké kabéh. “Setemené Gusti Allah wis ngangkat Talut dadi rajané ko kabéh.” Dhéwéké padha njawab, “Kepriwé dénéng Talut olih praja ingatasé inyong kabéh, mangkané inyong padha lewih ngehaki ingatasé praja kuwé tenimbang dhéwéké, lan dhéwéké ora déwéhi bandha sing akéh?” (Nabi) dhawuh, “Gusti Allah wis milih dhéwéké (dadi rajané) ko kabéh lan maringi unggul ilmu lan awak.” Gusti Allah paring praja-É maring sapa baé sing dékersakna, lan Gusti Allah Mahajembar, Maha Ngawuningani.
وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ اِنَّ اٰيَةَ مُلْكِهٖٓ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ التَّابُوْتُ فِيْهِ سَكِيْنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَبَقِيَّةٌ مِّمَّا تَرَكَ اٰلُ مُوْسٰى وَاٰلُ هٰرُوْنَ تَحْمِلُهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ࣖ٢٤٨
Wa qāla lahum nabiyyuhum inna āyata mulkihī ay ya'tiyakumut-tābūtu fīhi sakīnatum mir rabbikum wa baqiyyatum mimmā taraka ālu mūsā wa ālu hārūna taḥmiluhul-malā'ikah(tu), inna fī żālika la āyatal lakum in kuntum mu'minīn(a).
[248]
Lan nabiné dhéwéké kabéh dhawuh maring wong-wong mau, “Setemené pertandha praja (kuwasa) yakuwé tekané Tabut 94 maring ko kabéh, sing neng njeroné ana ketentreman sekang Pengéranmu kabéh lan tilas tinggalan kulawargané Musa lan kulawargané Harun sing degawa neng malaékat.” Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha (keagungané Gusti Allah) tumrap ko kabéh, angger ko wong sing padha precaya.
94) Tabut kuwé pethi sing nggo nyimpén kiyab Taurat.
فَلَمَّا فَصَلَ طَالُوْتُ بِالْجُنُوْدِ قَالَ اِنَّ اللّٰهَ مُبْتَلِيْكُمْ بِنَهَرٍۚ فَمَنْ شَرِبَ مِنْهُ فَلَيْسَ مِنِّيْۚ وَمَنْ لَّمْ يَطْعَمْهُ فَاِنَّهٗ مِنِّيْٓ اِلَّا مَنِ اغْتَرَفَ غُرْفَةً ۢبِيَدِهٖ ۚ فَشَرِبُوْا مِنْهُ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۗ فَلَمَّا جَاوَزَهٗ هُوَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗۙ قَالُوْا لَا طَاقَةَ لَنَا الْيَوْمَ بِجَالُوْتَ وَجُنُوْدِهٖ ۗ قَالَ الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوا اللّٰهِ ۙ كَمْ مِّنْ فِئَةٍ قَلِيْلَةٍ غَلَبَتْ فِئَةً كَثِيْرَةً ۢبِاِذْنِ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ٢٤٩
Falammā faṣala ṭālūtu bil-junūd(i), qāla innallāha mubtalīkum binahar(in), faman syariba minhu falaisa minnī, wa mal lam yaṭ‘amhu fa innahū minnī illā manigtarafa gurfatam biyadih(ī), fa syaribū minhu illā qalīlam minhum, falammā jāwazahū huwa wal-lażīna āmanū ma‘ah(ū), qālū lā ṭāqata lanal-yauma bijālūta wa junūdih(ī), qālal-lażīna yaẓunnūna annahum mulāqullāh(i), kam min fi'atin qalīlatin galabat fi'atan kaṡīratam bi'iżnillāh(i), wallāhu ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[249]
Mangka rikala Talut nggawa wadyabalané, dhéwéké ngucap, “Gusti Allah arep nguji ko kabéh kanthi sewijine kali. Mangka sapa baé sing nginum (banyuné), dhéwéké udu balaku. Lan sapa baé sing ora nginum (banyu kali kuwé) maka dhéwéké balaku kejaba nyidhuk secidhuk karo tangan.” Rikala dhéwéké (Talut) lan wong-wong sing padha precaya bareng dhéwéké padha nyabrang kali kuwé, wong-wong mau padha ngucap, “Aku kabéh ora kuwat maning neng dina kiyé nglawan Jalut karo wadyabalané.” Wong-wong sing precaya arep nemoni Gusti Allah padha ngucap, “Nyata akéh golongan sing semendhing ngalahna golongan sing akéh kanthi idiné Gusti Allah.” Lan Gusti Allah mbarengi wong-wong sing padha sabar.
وَلَمَّا بَرَزُوْا لِجَالُوْتَ وَجُنُوْدِهٖ قَالُوْا رَبَّنَآ اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَّثَبِّتْ اَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ ۗ٢٥٠
Wa lammā barazū lijālūta wa junūdihī qālū rabbanā afrig ‘alainā ṣabraw wa ṡabbit aqdāmanā wanṣurnā ‘alal-qaumil-kāfirīn(a).
[250]
Lan rikala wong-wong mau maju nglawan Jalut lan tentarané, dhéwéké padha nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula sedaya, mugi paringana kesabaran dhateng kula sami, teguhaken lampah kula, lan tulungi kula sami ngadhepi tiyang-tiyang kapir.”
فَهَزَمُوْهُمْ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَقَتَلَ دَاوٗدُ جَالُوْتَ وَاٰتٰىهُ اللّٰهُ الْمُلْكَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَهٗ مِمَّا يَشَاۤءُ ۗ وَلَوْلَا دَفْعُ اللّٰهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَّفَسَدَتِ الْاَرْضُ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ ذُوْ فَضْلٍ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ٢٥١
Fahazamūhum bi'iżnillāh(i), wa qatala dāwūdu jālūta wa ātāhullāhul-mulka wal-ḥikmata wa ‘allamahū mimmā yasyā'(u), wa lau lā daf‘ullāhin-nāsa ba‘ḍahum biba‘ḍil lafasadatil-arḍu wa lākinnallāha żū faḍlin ‘alal-‘ālamīn(a).
[251]
Mangka wong-wong mau ngalahna (Jalut lan tentarané) kanthi idiné Gusti Allah, lan Dawud maténi Jalut. Banjur Gusti Allah maringi (Dawud) praja, lan hikmah, lan mulang apa sing Penjenengané kersakna. Lan angger Gusti Allah ora ngayomi sebagéan menungsa kanthi sebagéan sing liya, mesthi dadi rusak bumi kiyé. Ning Gusti Allah kagungan kanugrahan (sing Penjenengané paringna) ingatasé sekabéh ngalam.
تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۗ وَاِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَ ۔٢٥٢
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), wa innaka laminal-mursalīn(a).
[252]
Nyata kuwé tandha-tandhané (kewasané) Gusti Allah, Ingsun wacakna maring ko kabéh kanthi bener lan kiyambeké (Muhammad) kuwé nyata-nyata sewijiné utusan (rasul).
۞ تِلْكَ الرُّسُلُ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۘ مِنْهُمْ مَّنْ كَلَّمَ اللّٰهُ وَرَفَعَ بَعْضَهُمْ دَرَجٰتٍۗ وَاٰتَيْنَا عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنٰتِ وَاَيَّدْنٰهُ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا اقْتَتَلَ الَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ وَلٰكِنِ اخْتَلَفُوْا فَمِنْهُمْ مَّنْ اٰمَنَ وَمِنْهُمْ مَّنْ كَفَرَ ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا اقْتَتَلُوْاۗ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيْدُ ࣖ٢٥٣
Tilkar-rusulu faḍḍalnā ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍ(in), minhum man kallamallāhu wa rafa‘a ba‘ḍahum darajāt(in), wa ātainā ‘īsabna maryamal-bayyināti wa ayyadnāhu birūḥil-qudus(i), wa lau syā'allāhu maqtatalal-lażīna mim ba‘dihim mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu wa lākinikhtalafū fa minhum man āmana wa minhum man kafar(a), wa lau syā'allāhu maqtatalū, wa lākinnallāha yaf‘alu mā yurīd(u).
[253]
Utusan-utusan kuwé Ingsun punjulna sebagéan dhéwéké sekang sebagéan liyané. Antarané dhéwéké ana sing (langsung) Gusti Allah dhawuh maring dhéwéké lan sebagéan maning ana sing Penjenengané dhuwurna sewetara drajat. Lan Ingsun paring maring Isa putra Maryam sewetara mukjijat (kesektén) lan Ingsun kuwatna dhéwéké (Isa) karo rohulkudus. 95 Angger Gusti Allah ngersakna, mesthi wong-wong sewisé dhéwéké ora arep patén-paténan, sewisé bukti-bukti butul maring dhéwéké. Ning dhéwéké padha pesulayan, mangka ana neng antarané dhéwéké kabéh sing padha precaya lan ana (uga) sing kapir. Angger Gusti Allah ngersakna, ora bakal dhéwéké padha patén-paténan. Ning Gusti Allah temindak miturut kersa-Né.
95) Miturut sebagéan ahli tapsir sing démaksud rohul kudus kuwé Malaékat Jibril.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا بَيْعٌ فِيْهِ وَلَا خُلَّةٌ وَّلَا شَفَاعَةٌ ۗوَالْكٰفِرُوْنَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٢٥٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū anfiqū mimmā razaqnākum min qabli ay ya'tiya yaumul lā bai‘un fīhi wa lā khullatuw wa lā syafā‘ah(tun), wal-kāfirūna humuẓ-ẓālimūn(a).
[254]
Hé wong-wong sing padha precaya. Sumbangna (infakna) sebagéan sekang rejeki sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh seurungé teka dina wis ora nana dol-tinuku, ora nana maning peseduluran lan ora ana maning pitulungan. Wong-wong kapir kaé nyata sing padha aniaya.
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ اَلْحَيُّ الْقَيُّوْمُ ەۚ لَا تَأْخُذُهٗ سِنَةٌ وَّلَا نَوْمٌۗ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ مَنْ ذَا الَّذِيْ يَشْفَعُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْۚ وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِشَيْءٍ مِّنْ عِلْمِهٖٓ اِلَّا بِمَا شَاۤءَۚ وَسِعَ كُرْسِيُّهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَۚ وَلَا يَـُٔوْدُهٗ حِفْظُهُمَاۚ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ٢٥٥
Allāhu lā ilāha illā huw(a), al-ḥayyul-qayyūm(u), lā ta'khużuhū sinatuw wa lā naum(un), lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), man żal-lażī yasyfa‘u ‘indahū illā bi'iżnih(ī), ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum, wa lā yuḥīṭūna bisyai'im min ‘ilmihī illā bimā syā'(a), wasi‘a kursiyyuhus-samāwāti wal-arḍ(a), wa lā ya'ūduhū ḥifẓuhumā, wa huwal-‘aliyyul-‘aẓīm(u).
[255]
Gusti Allah, ora nana Pengéran kejaba Penjenengané. Sing Mahasugeng, Sing terus-terusan ngreksa (ciptanan-É) ora arip lan ora saré. Kagungan-É kabéh apa sing neng langit lan apa sing ana neng bumi. Ora nana sing bisa awéh pitulungan (sapangat) neng sisih-É tanpa idin-É. Penjenengané Ngawuningani apa sing ana neng ngarepé dhéwéké kabéh lan apa sing ana neng mburiné, lan dhéwéké padha ora ngerténi apa-apa ngenani ilmuné Gusti Allah kejaba sing Penjenengané kersakna. Kursi-Né 96 nglingkupi sing ana neng langit lan bumi. Lan Penjenengané ora krasa abot ngreksa sekaroné (langit lan bumi). Lan Penjenengané Mahaluhur, Mahaagung.
96) Sebagéan ahli tapsir negesna karo ilmuné Gusti Allah, ana sing negesna karo kuwasané lan ana sing negesna liyané.
لَآ اِكْرَاهَ فِى الدِّيْنِۗ قَدْ تَّبَيَّنَ الرُّشْدُ مِنَ الْغَيِّ ۚ فَمَنْ يَّكْفُرْ بِالطَّاغُوْتِ وَيُؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقٰى لَا انْفِصَامَ لَهَا ۗوَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٥٦
Lā ikrāha fid-dīn(i), qat tabayyanar-rusydu minal-gayy(i), famay yakfur biṭ-ṭāgūti wa yu'mim billāhi fa qadistamsaka bil-‘urwatil-wuṡqā, lanfiṣāma lahā, wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[256]
Ora nana paripeksa neng (urusan) nganut agama (Islam), setemené wis cetha (bédané) antarané dalan sing bener lan dalan sing sasar. Sapa wongé sing ingkar maring Tagut 97 lan precaya maring Gusti Allah, mangka temen dhéwéké wis cekelan kenceng maring tali sing banget kuwaté sing ora arep pedhot. Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
97) Sétan lan apa baé sing désembah seliyané Gusti Allah
اَللّٰهُ وَلِيُّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَوْلِيَاۤؤُهُمُ الطَّاغُوْتُ يُخْرِجُوْنَهُمْ مِّنَ النُّوْرِ اِلَى الظُّلُمٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٢٥٧
Allāhu waliyyul-lażīna āmanū yukhrijuhum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wal-lażīna kafarū auliyā'uhumuṭ-ṭāgūtu yukhrijuhum minan-nūri ilaẓ-ẓulumāt(i), ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[257]
Gusti Allah pengayomé wong-wong sing padha precaya, Penjenengané ngetokna dhéwéké kabéh sekang pepeteng maring pepadhang (precaya). Lan wong-wong sing kapir pengayom-pengayomé yakuwé sétan sing ngetokna dhéwéké kabéh sekang pepadhang maring pepeteng. Dhéwéké kabéh kuwé ngenggoni neraka. Dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْ حَاۤجَّ اِبْرٰهٖمَ فِيْ رَبِّهٖٓ اَنْ اٰتٰىهُ اللّٰهُ الْمُلْكَ ۘ اِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّيَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۙ قَالَ اَنَا۠ اُحْيٖ وَاُمِيْتُ ۗ قَالَ اِبْرٰهٖمُ فَاِنَّ اللّٰهَ يَأْتِيْ بِالشَّمْسِ مِنَ الْمَشْرِقِ فَأْتِ بِهَا مِنَ الْمَغْرِبِ فَبُهِتَ الَّذِيْ كَفَرَ ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَۚ٢٥٨
Alam tara ilal-lażī ḥājja ibrāhīma fī rabbihī an ātāhullāhul-mulk(a), iż qāla ibrāhīmu rabbiyal-lażī yuḥyī wa yumīt(u), qāla ana uḥyī wa umīt(u), qāla ibrāhīmu fa innallāha ya'tī bisy-syamsi minal-masyriqi fa'ti bihā minal-magribi fabuhital-lażī kafar(a), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[258]
Apa ko kabéh ora padha nggatékna wong 98 sing padha ndhebad Ibrahim ngenani Pengérané, merga Gusti Allah wis paring maring dhéwéké praja (kuwasa). Rikala Ibrahim ngucap, “Pengéranku kuwé Sing nguripna lan matékna.” dhéwéké ngucap, “Aku uga bisa nguripna lan matékna” 99 . Ibrahim ngucap, “Gusti Allah ngetokna srengéngé sekang wétan, mangka tokna srengéngé kuwé sekang kulon.” Mangka padha bingung wong kapir kuwé. Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong aniaya.
98) Miturut sebagéan riwayat yakuwé Namrud raja Babilonia
99) Nguripna yakuwé ngejorna urip lan sing démaksud maring sing matékna yakuwé maténi. Ucapané kuwé nggo ngina maring Nabi Ibrahim a.s.
اَوْ كَالَّذِيْ مَرَّ عَلٰى قَرْيَةٍ وَّهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَاۚ قَالَ اَنّٰى يُحْيٖ هٰذِهِ اللّٰهُ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ فَاَمَاتَهُ اللّٰهُ مِائَةَ عَامٍ ثُمَّ بَعَثَهٗ ۗ قَالَ كَمْ لَبِثْتَ ۗ قَالَ لَبِثْتُ يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍۗ قَالَ بَلْ لَّبِثْتَ مِائَةَ عَامٍ فَانْظُرْ اِلٰى طَعَامِكَ وَشَرَابِكَ لَمْ يَتَسَنَّهْ ۚ وَانْظُرْ اِلٰى حِمَارِكَۗ وَلِنَجْعَلَكَ اٰيَةً لِّلنَّاسِ وَانْظُرْ اِلَى الْعِظَامِ كَيْفَ نُنْشِزُهَا ثُمَّ نَكْسُوْهَا لَحْمًا ۗ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهٗ ۙ قَالَ اَعْلَمُ اَنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٥٩
Au kal-lażī marra ‘alā qaryatiw wa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā, qāla annā yuḥyī hāżihillāhu ba‘da mautihā, fa'amātahullāhu mi'ata ‘āmin ṡumma ba‘aṡah(ū), qāla kam labiṡt(a), qāla labiṡtu yauman au ba‘ḍa yaum(in), qāla bal labiṡta mi'ata ‘āmin fanẓur ilā ṭa‘āmika wa syarābika lam yatasannah, wanẓur ilā ḥimārik(a), wa linaj‘alaka āyatal lin-nāsi wanẓur ilal-‘iẓāmi kaifa nunsyizuhā ṡumma naksūhā laḥmā(n), falammā tabayyana lah(ū), qāla a‘lamu annallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[259]
Utawa kayadéné wong sing ngliwati sewiji désa sing (bangunan-bangunané) wis rubuh nganti nutupi (remukan) payon-payoné, dhéwéké ngucap, “Kepriwé Gusti Allah nguripna maning (désa) kiyé sewisé ajur?” Banjur Gusti Allah matékna (dhéwéké) suwé-né satus taun, banjur nangékna (nguripaken) maning lan Gusti Allah pitakon, “Pira suwéné ko manggon (neng kéné)?” Dhéwéké semaur, “Kula teng ngriki sedinten utawi setengah dinten.” Gusti Allah dhawuh, “Ora! Ko wis manggon neng kéné satus taun. Delengen panganan lan inuman sing urung owah. Ning delengna keledaimu (sing wis dadi balung-pari-balung). Lan supayané Ingsun dadékna ko pertandha kuwasané Ingsun ingatasé menungsa. Delengen balung-balung (keledai kuwé) kepriwé Ingsun nyungsun maning banjur Ingsun buntel maning karo daging.” Mangka rikala wis nyata tumrap wong-wong kuwé, dhéwéké padha ngucap, “Kula nyu-merepi lamon Gusti Allah Mahakuwasa ingatasé samubarang sedaya.”
وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اَرِنِيْ كَيْفَ تُحْيِ الْمَوْتٰىۗ قَالَ اَوَلَمْ تُؤْمِنْ ۗقَالَ بَلٰى وَلٰكِنْ لِّيَطْمَىِٕنَّ قَلْبِيْ ۗقَالَ فَخُذْ اَرْبَعَةً مِّنَ الطَّيْرِ فَصُرْهُنَّ اِلَيْكَ ثُمَّ اجْعَلْ عَلٰى كُلِّ جَبَلٍ مِّنْهُنَّ جُزْءًا ثُمَّ ادْعُهُنَّ يَأْتِيْنَكَ سَعْيًا ۗوَاعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ٢٦٠
Wa iż qāla ibrāhīmu rabbi arinī kaifa tuḥyil-mautā, qāla awalam tu'min, qāla balā wa lākil liyaṭma'inna qalbī, qāla fakhuż arba‘atam minaṭ-ṭairi faṣurhunna ilaika ṡummaj‘al ‘alā kulli jabalim minhunna juz'an ṡummad‘uhunna ya'tīnaka sa‘yā(n), wa‘lam annallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[260]
Lan (élinga) rikala Ibrahim ngucap, “Dhuh Pengéran kula, tingalaken dhateng kula kepripun Penjenengan nguripaken tiyang pejah.” Gusti Allah dhawuh, “Apa sliramu urung precaya?” Kiyambeké (Ibrahim) matur, “Kula precaya ning supados ati kula ayem (mantep).” Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Anger kaya kuwé jikotna manuk papat, banjur rajangen déning sliramu, banjur delahen neng ndhuwur siji-siji gunung sebagéan, banjur celuken manuk-manuk mau, mesthi dhéwéké padha gagiyan teka maring sliramu. Ngertia lamon Gusti Allah Mahakewasa, Mahawicaksana.
مَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ اَنْۢبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِيْ كُلِّ سُنْۢبُلَةٍ مِّائَةُ حَبَّةٍ ۗ وَاللّٰهُ يُضٰعِفُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٢٦١
Maṡalul-lażīna yunfiqūna amwālahum fī sabīlillāhi kamaṡali ḥabbatin ambatat sab‘a sanābila fī kulli sumbulatim mi'atu ḥabbah(tin), wallāhu yuḍā‘ifu limay yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[261]
Perumpamané wong sing padha nyumbangna bandhané neng dalané Gusti Allah kaya wiji siji sing nukulna pitung pang, saben pang ana satus wiji. Gusti Allah nikel-metikelna maring sapa sing Penjenengané kersakna, lan Gusti Allah Mahajembar, Maha Ngawuningani.
اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ لَا يُتْبِعُوْنَ مَآ اَنْفَقُوْا مَنًّا وَّلَآ اَذًىۙ لَّهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٦٢
Allażīna yunfiqūna amwālahum fī sabīlillāhi ṡumma lā yutbi‘ūna mā anfaqū mannaw wa lā ażā(n), lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[262]
Wong sing nyumbangna bandhané neng dalané Gusti Allah, banjur ora nututi apa sing désumbangna kuwé kanthi ngundhat-undhat lan nglarani (rasané sing nampa) dhéwéké olih ganjaran neng sandhing Pengérané. Ora nana rasa wedi neng dhéwéké lan dhéwéké ora padha susah atiné.
۞ قَوْلٌ مَّعْرُوْفٌ وَّمَغْفِرَةٌ خَيْرٌ مِّنْ صَدَقَةٍ يَّتْبَعُهَآ اَذًى ۗ وَاللّٰهُ غَنِيٌّ حَلِيْمٌ٢٦٣
Qaulum ma‘rūfuw wa magfiratun khairum min ṣadaqatiy yatba‘uhā ażā(n), wallāhu ganiyyun ḥalīm(un).
[263]
Ucapan sing apik lan perwéwéh ngampura 100 lewih apik tenimbang sedekah sing débarengi temindak sing nglarani. Gusti Allah Mahasugih, Mahawicaksana.
100) Ucapan sing apik, nolak nganggo cara sing apik, lan awéh pengampura yakuwé ngampurani penggawé sing kurang sopan sekang sing njaluk,
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُبْطِلُوْا صَدَقٰتِكُمْ بِالْمَنِّ وَالْاَذٰىۙ كَالَّذِيْ يُنْفِقُ مَالَهٗ رِئَاۤءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ فَمَثَلُهٗ كَمَثَلِ صَفْوَانٍ عَلَيْهِ تُرَابٌ فَاَصَابَهٗ وَابِلٌ فَتَرَكَهٗ صَلْدًا ۗ لَا يَقْدِرُوْنَ عَلٰى شَيْءٍ مِّمَّا كَسَبُوْا ۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ٢٦٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tubṭilū ṣadaqātikum bil-manni wal-ażā, kal-lażī yunfiqu mālahū ri'ā'an-nāsi wa lā yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhir(i), fa maṡaluhū kamaṡali ṣafwānin ‘alaihi turābun fa'aṣābahū wābilun fatarakahū ṣaldā(n), lā yaqdirūna ‘alā syai'im mimmā kasabū, wallāhu lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[264]
Hé wong-wong sing padha precaya. Aja nganti ko kabéh ngrusak sedekahmu karo nyebut-nyebut sedhekah mau lan gawé lara (maring sing nampa) kaya wong sing nyumbangna bandhané merga pamér (riya) maring menungsa lan dhéwéké ora precaya maring Gusti Allah lan dina Kiyamat. Perumpamané (wong kuwé) kaya watu sing lunyu sing neng ndhuwuré ana lebu. Banjur wektu kuwé déguyur udan gedhé, mangka dadiné watu kuwé lunyu maning. Dhéwéké ora olih apa-apa sekang apa sing dhéwéké lakokna. Lan Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong kapir.
وَمَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمُ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ وَتَثْبِيْتًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ كَمَثَلِ جَنَّةٍۢ بِرَبْوَةٍ اَصَابَهَا وَابِلٌ فَاٰتَتْ اُكُلَهَا ضِعْفَيْنِۚ فَاِنْ لَّمْ يُصِبْهَا وَابِلٌ فَطَلٌّ ۗوَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٦٥
Wa maṡalul-lażīna yunfiqūna amwālahumubtigā'a marḍātillāhi wa taṡbītam min anfusihim kamaṡali jannatim birabwatin aṣābahā wābilun fa'ātat ukulahā ḍi‘fain(i), fa'illam yuṣibhā wābilun faṭall(un), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[265]
Lan perumpamané wong sing nyumbangna bandhané nggo nggolét karenané Gusti Allah lan nggo neguhna jiwané dhéwéké, kayadéné kebon sing mapan neng panggonan dhuwur sing désirami udan gedhé, dadiné kebon kuwé ngasilna woh-wohan tikel pindho. Angger udan gedhé ora nyirami, bun wis nyukupi. Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko kabéh pergawé.
اَيَوَدُّ اَحَدُكُمْ اَنْ تَكُوْنَ لَهٗ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ لَهٗ فِيْهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۙ وَاَصَابَهُ الْكِبَرُ وَلَهٗ ذُرِّيَّةٌ ضُعَفَاۤءُۚ فَاَصَابَهَآ اِعْصَارٌ فِيْهِ نَارٌ فَاحْتَرَقَتْ ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُوْنَ ࣖ٢٦٦
Ayawaddu aḥadukum an takūna lahū jannatum min nakhīliw wa a‘nābin tajrī min taḥtihal-anhār(u), lahū fīhā min kulliṡ-ṡamarāt(i), wa aṣābahul-kibaru wa lahū żurriyyatun ḍu‘afā'(u), fa'aṣābahā i‘ṣārun fīhi nārun faḥtaraqat, każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum tatafakkarūn(a).
[266]
Apa ana salah siji wong neng antarané ko kabéh sing kepéngin duwé kebon korma lan anggur sing mili kali-kali neng ngisoré, neng kana dhéwéké duwé sewernané woh-wohan, banjur teka mangsa tuwané, mangkané dhéwéké duwé keturunan ésih sing cilik-cilik. Banjur kebon kuwé kedamu angin gedhé sing mawa geni, saéngga (kebon mau) kobaran. 101 Kaya kuwé Gusti Allah nerangna ayat-ayat-É maring ko kabéh supayané ko padha mikirna.
101) kiyé peumpamané wong sing nyumbangna bandhané krana pamer, mbanggakna perwéwéhé maring wong liya lan nglarani atiné wong sing déwéhi.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْفِقُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا كَسَبْتُمْ وَمِمَّآ اَخْرَجْنَا لَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ ۗ وَلَا تَيَمَّمُوا الْخَبِيْثَ مِنْهُ تُنْفِقُوْنَ وَلَسْتُمْ بِاٰخِذِيْهِ اِلَّآ اَنْ تُغْمِضُوْا فِيْهِ ۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ٢٦٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū anfiqū min ṭayyibāti mā kasabtum wa mimmā akhrajnā lakum minal-arḍ(i), wa lā tayammamul-khabīṡa minhu tunfiqūna wa lastum bi'ākhiżīhi illā an tugmiḍū fīh(i), wa‘lamū annallāha ganiyyun ḥamīd(un).
[267]
Hé wong-wong sing padha precaya! Sum-bangna sebagéan sekang pekasilan usahamu sing becik-becik lan sekang apa sing Ingsun tokna sekang bumi nggo ko kabéh. Aja pisan-pisan ko kabéh milih sing ala sing ko tokna mangkané ko dhéwék ora gelem njikot kejaba karo meremna mata (merga ora kepéngin) bagéan kuwé. Lan ngertia lamon Gusti Allah Maha- sugih, Maha Pinuji.
اَلشَّيْطٰنُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاۤءِ ۚ وَاللّٰهُ يَعِدُكُمْ مَّغْفِرَةً مِّنْهُ وَفَضْلًا ۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ ۖ٢٦٨
Asy-syaiṭānu ya‘idukumul-faqra wa ya'murukum bil-faḥsyā'(i), wallāhu ya‘idukum magfiratam minhu wa faḍlā(n), wallāhu wāsi'un ‘alīm(un).
[268]
Sétan njanjékna (medén-medéni) kemlaratan maring ko kabéh lan préntah ko kon padha temindak ala (medhit), mangkané Gusti Allah njanjékna ampura lan kanugrahan-É maring ko kabéh. Lan Gusti Allah Mahajembar, Maha Ngawuningani.
يُّؤْتِى الْحِكْمَةَ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚ وَمَنْ يُّؤْتَ الْحِكْمَةَ فَقَدْ اُوْتِيَ خَيْرًا كَثِيْرًا ۗ وَمَا يَذَّكَّرُ اِلَّآ اُولُوا الْاَلْبَابِ٢٦٩
Yu'til-ḥikmata may yasyā'(u), wa may yu'tal-ḥikmata faqad ūtiya khairan kaṡīrā(n), wa mā yażżakkaru ilā ulul-albāb(i).
[269]
Penjenengané (Gusti Allah) maringi hikmah 102 maring sapa sing Penjenengané kersakna. Sapa wongé sing déparingi hikmah setemené dhéwéké wis déparingi kebecikan sing akéh. Lan ora nana sing ngalap tuladha (nyonto) kejaba wong-wong sing nduwéni nalar sehat.
102) Hikmah yakuwé kesanggupané ngerténi kesunyatan syariat agama.
وَمَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ نَّفَقَةٍ اَوْ نَذَرْتُمْ مِّنْ نَّذْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُهٗ ۗ وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ٢٧٠
Wa mā anfaqtum min nafaqatin au nażartum min nażrin fa innallāha ya‘lamuh(ū), wa mā liẓ-ẓālimīna min anṣār(in).
[270]
Lan sumbangan apa baé sing ko kabéh wéhna utawa nadar 103 sing ko janjékna, mangka setemené Gusti Allah ngawuningani (ngaweruhi). Lan nggo wong sing aniaya ora nana sijia wong sing tulung.
103) Janji nggo nindakna sewiji kebecikan maring Gusti Allah, nggo ngepérek maring Gusti Allah, peryoga nganggo sarat utawa ora.
اِنْ تُبْدُوا الصَّدَقٰتِ فَنِعِمَّا هِيَۚ وَاِنْ تُخْفُوْهَا وَتُؤْتُوْهَا الْفُقَرَاۤءَ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۗ وَيُكَفِّرُ عَنْكُمْ مِّنْ سَيِّاٰتِكُمْ ۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٧١
In tubduṣ-ṣadaqāti fani‘immā hiy(a), wa in tukhfūhā wa tu'tūhal-fuqarā'a fahuwa khairul lakum, wa yukaffiru ‘ankum min sayyi'ātikum, wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[271]
Angger ko kabéh ngedhéngna perwéwéh-perwéwéhmu 104 mangka kuwé apik. Lan angger ko padha ngumpet lan ngewéhna maring wong-wong ora duwé, sing kaya kuwé lewih becik tumrap ko lan Gusti Allah bakal mbusek sebagéan keluputan-keluputanmu. Lan Gusti Allah Mahanastiti (maring) apa sing ko pergawé.
104) Ngedhéngna sodakoh supayané détiru neng wong liya udu nggo pamer (riya).
۞ لَيْسَ عَلَيْكَ هُدٰىهُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ فَلِاَنْفُسِكُمْ ۗوَمَا تُنْفِقُوْنَ اِلَّا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ اللّٰهِ ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ يُّوَفَّ اِلَيْكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تُظْلَمُوْنَ٢٧٢
Laisa ‘alaika hudāhum wa lākinnallāha yahdī may yasyā'(u), wa mā tunfiqū min khairin fa li'anfusikum, wa mā tunfiqūna illabtigā'a wajhillāh(i), wa mā tunfiqū min khairiy yuwaffa ilaikum wa antum lā tuẓlamūn(a).
[272]
Dudu kewajibané sliramu (Muhammad) ndadékna wong-wong kaé olih pituduh, ning Gusti Allah sing paring pituduh maring sapa sing Penjenengané kersakna. Apa baé bandha sing ko sumbangna, mangka dadi (kebecikané) nggo ko dhéwék. Lan ko kabéh aja nyumbang kejaba merga nggolét karenané Gusti Allah. Lan apa baé bandha sing ko sumbangna mesthi ko arep déparingi (ganjaran) kanthi wutuh lan ko kabéh ora arep déaniaya (dégawé kapitunan).
لِلْفُقَرَاۤءِ الَّذِيْنَ اُحْصِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ضَرْبًا فِى الْاَرْضِۖ يَحْسَبُهُمُ الْجَاهِلُ اَغْنِيَاۤءَ مِنَ التَّعَفُّفِۚ تَعْرِفُهُمْ بِسِيْمٰهُمْۚ لَا يَسْـَٔلُوْنَ النَّاسَ اِلْحَافًا ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ بِهٖ عَلِيْمٌ ࣖ٢٧٣
Lil-fuqarā'il-lażīna uḥṣirū fī sabīlillāhi lā yastaṭī‘ūna ḍarban fil-arḍi yaḥsabuhumul-jāhilu agniyā'a minat-ta‘affuf(i), ta‘rifuhum bisīmāhum, lā yas'alūnan-nāsa ilḥāfā(n), wa mā tunfiqū min khairin fa innallāha bihī ‘alīm(un).
[273]
(Apa sing ko kabéh sumbangna) kuwé nggo wong-wong mlarat sing kepalangan (usahané sebab jihad) neng dalané Gusti Allah saéngga dhéwéké ora bisa usaha neng bumi; (wong liya) sing ora ngerti ngira lamon dhéwéké kaé wong-wong sugih merga dhéwéké njaga awa-ké (sekang jejaluk). Sliramu (Muhammad) ngerténi dhéwéké sekang tandha-tandhané, dhéwéké ora padha jaluk kanthi paksa maring wong liya. Apa baé bandha sing becik, sing ko sumbangna, temen Gusti Allah Maha Ngawuningani.
اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً فَلَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٧٤
Allażīna yunfiqūna amwālahum bil-laili wan-nahāri sirraw wa ‘alāniyatan falahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[274]
Wong-wong sing padha nyumbangna bandhané wengi lan awan (nganggo cara) sidhem-sidheman utawa edhéng-edhéngan, dhéwéké olih ganjaran neng sisihé Pengé-rané. Ora nana rasa wedi tumrap dhéwéké lan dhéwéké ora padha susah atiné.
اَلَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ الرِّبٰوا لَا يَقُوْمُوْنَ اِلَّا كَمَا يَقُوْمُ الَّذِيْ يَتَخَبَّطُهُ الشَّيْطٰنُ مِنَ الْمَسِّۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْٓا اِنَّمَا الْبَيْعُ مِثْلُ الرِّبٰواۘ وَاَحَلَّ اللّٰهُ الْبَيْعَ وَحَرَّمَ الرِّبٰواۗ فَمَنْ جَاۤءَهٗ مَوْعِظَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖ فَانْتَهٰى فَلَهٗ مَا سَلَفَۗ وَاَمْرُهٗٓ اِلَى اللّٰهِ ۗ وَمَنْ عَادَ فَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٧٥
Allażīna ya'kulūnar-ribā lā yaqūmūna illā kamā yaqūmul-lażī yatakhabbaṭuhusy-syaiṭānu minal-mass(i), żālika bi'annahum qālū innamal-bai‘u miṡlur-ribā, wa aḥallallāhul-bai‘a wa ḥarramar-ribā, faman jā'ahū mau‘iẓatum mir rabbihī fantahā falahū mā salaf(a), wa amruhū ilallāh(i), wa man ‘āda fa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[275]
Wong-wong sing padha mangan riba (rénten) ora njanggleng kejaba kaya njangglengé wong sing kelebon sétan merga gemblung. 105 Sing kaya kuwé merga dhéwéké ngomong lamon dol-tinuku padha karo riba. Mangkané Gusti Allah wis marengna dol-tinuku lan nglarang riba. Sapa wongé olih pengéling-éling sekang Pengéra-né, banjur dhéwéké mandheg, mangka apa sing wis dépekolih ganu, dadi duwéke 106 lan urusané (désumanggakna) maring Gusti Allah. Sapa wongé sing mbaléni, mangka dhéwéké kuwé manggoni neraka. Dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné.
105) Wong sing ngalap riba ora tentrem jiwané kaya wong sing kelebon sétan.
106) Riba sing wis déjikot (dépangan) seurungé temurun ayat kiyé kena ora débalékna.
يَمْحَقُ اللّٰهُ الرِّبٰوا وَيُرْبِى الصَّدَقٰتِ ۗ وَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ كَفَّارٍ اَثِيْمٍ٢٧٦
Yamḥaqullāhur-ribā wa yurbiṣ-ṣadaqāt(i), wallāhu lā yuḥibbu kulla kaffārin aṡīm(in).
[276]
Gusti Allah nyirnakna riba lan nyuburna sedekah. 107 Gusti Allah ora karenan maring wong tetep neng njeroné kapir lan gupak dosa. 108
107) Nyirnakna riba yakuwé nyirnakna bandha kuwé apa ngilangna berkahé. Lan ngakéhna sedekah yakuwé mundhakna bandha sing wis détokna sedhekahé apa nikelna berkahé.
108) Wong-wong sing ngalalna riba lan tetep nglakoken.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ لَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٧٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa aqāmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[277]
Temen, wong-wong sing padha precaya, nglakoni kebecikan, nglaksanakna sembayang lan bayar jakat, dhéwéké kabéh olih ganjaran neng sisihé Pengérané. Ora nana rasa wedi kanggoné wong-wong mau lan dhéwéké ora padha susah atiné.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَذَرُوْا مَا بَقِيَ مِنَ الرِّبٰوٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٢٧٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa żarū mā baqiya minar-ribā in kuntum mu'minīn(a).
[278]
Hé wong-wong sing padha precaya! Wedia maring Gusti Allah lan tinggalen lewihan riba (sing urung déalap) angger ko kabéh wong sing precaya.
فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا فَأْذَنُوْا بِحَرْبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۚ وَاِنْ تُبْتُمْ فَلَكُمْ رُءُوْسُ اَمْوَالِكُمْۚ لَا تَظْلِمُوْنَ وَلَا تُظْلَمُوْنَ٢٧٩
Fa'illam taf‘alū fa'żanū biḥarbim minallāhi wa rasūlih(ī), wa in tubtum falakum ru'ūsu amwālikum, lā taẓlimūna wa lā tuẓlamūn(a).
[279]
Angger ko kabéh ora ngleksanakna, mangka wara-warakna perang sekang Gusti Allah lan Utusan-É. Ning angger ko padha tobat mangka ko nduwéni hak ingatasé pokok bandhamu. Ko kabéh ora temindak aniaya (gawé kpitunan) lan ora déaniaya (dégawé tuna).
وَاِنْ كَانَ ذُوْ عُسْرَةٍ فَنَظِرَةٌ اِلٰى مَيْسَرَةٍ ۗ وَاَنْ تَصَدَّقُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٨٠
Wa in kāna żū ‘usratin fanaẓiratun ilā maisarah(tin), wa an taṣaddaqū khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[280]
Lan angger (wong sing utang kuwé) lagi kangélan, mangka wéhi semaya (longgar wektu) nganti dhéwéké olih kelonggaran. Lan angger ko kabéh nyedhekahna kuwé lewih apik tumrap ko kabéh angger ko padha ngaweruhi.
وَاتَّقُوْا يَوْمًا تُرْجَعُوْنَ فِيْهِ اِلَى اللّٰهِ ۗثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ ࣖ٢٨١
Wattaqū yauman turja‘ūna fīhi ilallāh(i), ṡumma tuwaffā kullu nafsim mā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[281]
Lan wedia maring dina (rikala) ko kabéh débalékna maring Gusti Allah. Banjur saben wong déparingi piwales sing sempurna sing padha karo apa sing wis délakokna lan dhéwéké ora déaniaya (dégawé tuna).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا تَدَايَنْتُمْ بِدَيْنٍ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى فَاكْتُبُوْهُۗ وَلْيَكْتُبْ بَّيْنَكُمْ كَاتِبٌۢ بِالْعَدْلِۖ وَلَا يَأْبَ كَاتِبٌ اَنْ يَّكْتُبَ كَمَا عَلَّمَهُ اللّٰهُ فَلْيَكْتُبْۚ وَلْيُمْلِلِ الَّذِيْ عَلَيْهِ الْحَقُّ وَلْيَتَّقِ اللّٰهَ رَبَّهٗ وَلَا يَبْخَسْ مِنْهُ شَيْـًٔاۗ فَاِنْ كَانَ الَّذِيْ عَلَيْهِ الْحَقُّ سَفِيْهًا اَوْ ضَعِيْفًا اَوْ لَا يَسْتَطِيْعُ اَنْ يُّمِلَّ هُوَ فَلْيُمْلِلْ وَلِيُّهٗ بِالْعَدْلِۗ وَاسْتَشْهِدُوْا شَهِيْدَيْنِ مِنْ رِّجَالِكُمْۚ فَاِنْ لَّمْ يَكُوْنَا رَجُلَيْنِ فَرَجُلٌ وَّامْرَاَتٰنِ مِمَّنْ تَرْضَوْنَ مِنَ الشُّهَدَۤاءِ اَنْ تَضِلَّ اِحْدٰىهُمَا فَتُذَكِّرَ اِحْدٰىهُمَا الْاُخْرٰىۗ وَلَا يَأْبَ الشُّهَدَۤاءُ اِذَا مَا دُعُوْا ۗ وَلَا تَسْـَٔمُوْٓا اَنْ تَكْتُبُوْهُ صَغِيْرًا اَوْ كَبِيْرًا اِلٰٓى اَجَلِهٖۗ ذٰلِكُمْ اَقْسَطُ عِنْدَ اللّٰهِ وَاَقْوَمُ لِلشَّهَادَةِ وَاَدْنٰىٓ اَلَّا تَرْتَابُوْٓا اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ تِجَارَةً حَاضِرَةً تُدِيْرُوْنَهَا بَيْنَكُمْ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَلَّا تَكْتُبُوْهَاۗ وَاَشْهِدُوْٓا(...)٢٨٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā tadāyantum bidainin ilā ajalim musamman faktubūh(u), walyaktub bainakum kātibum bil-‘adl(i), wa lā ya'ba kātibun ay yaktuba kamā ‘allamahullāhu falyaktub, walyumlilil-lażī ‘alaihil-ḥaqqu walyattaqillāha rabbahū wa lā yabkhas minhu syai'ā(n), fa'in kānal-lażī ‘alaihil-ḥaqqu safīhan au ḍa‘īfan au lā yastaṭī‘u ay yumilla huwa falyumlil waliyyuhū bil-‘adl(i), wastasyhidū syahīdaini mir rijāliūkum, fa'illam yakūnā rajulaini farajuluw wamra'atāni mimman tarḍauna minasy-syuhadā'i an taḍilla iḥdāhumā fatużakkira iḥdāhumal-ukhrā, wa lā ya'basy-syuhadā'u iżā mā du‘ū, wa lā tas'amū an taktubūhu ṣagīran au kabīran ilā ajalih(ī), żālikum aqsaṭu ‘indallāhi wa aqwamu lisy-syahādati wa adnā allā tartābū illā an takūna tijāratan ḥāḍiratan tudīrūnahā bainakum falaisa ‘alaikum junāḥun allā taktubūhā, wa asyhidū iżā tabāya‘tum, wa lā yuḍārra kātibuw wa lā syahīd(un), wa in taf‘alū fa'innahū fusūqum bikum, wattaqullāh(a), wa yu‘allimukumullāh(u), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[282]
Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko nglakokna utang-piutang nggo wektu sing détemtokna, preyogané ko nyathet utang-piutang kuwé. Lan preyogane sewiji jurutulis neng antarané ko kabéh nulisna kanthi bener. Jurutulis aja nolak nyathet utang-piutang mau kayadéné Gusti Allah wis mulang maring dhéwéké mangka peryoga dhéwéké nulisna. Lan peryoga wong sing utang kuwé macakna lan peryoga dhéwéké wedi maring Gusti Allah, Pengérané. Lan dhéwéké aja ngurangi senajan mung semendhing sekang (utangé) dhéwéké. Angger sing utang kuwé wong sing kurang akalé utawa ora daya (kahanané) utawa ora bisa macakna dhéwék mangka peryoga waliné macakna kanthi bener; Lan seksékna karo seksi lanang loro neng antarané ko kabéh. Angger ora nana (seksi) lanang loro, mangka (désekolihi) wong lanang siji lan wong wadon loro antarané wong-wong sing ko senengi sekang seksi (sing ana), supayané angger sing siji kelalén mangka sing sijiné maning ngélingna. Lan seksi-seksi kuwé aja padha nolak angger déundang. Lan ko aja bosen nyatheti, nggo(...)
۞ وَاِنْ كُنْتُمْ عَلٰى سَفَرٍ وَّلَمْ تَجِدُوْا كَاتِبًا فَرِهٰنٌ مَّقْبُوْضَةٌ ۗفَاِنْ اَمِنَ بَعْضُكُمْ بَعْضًا فَلْيُؤَدِّ الَّذِى اؤْتُمِنَ اَمَانَتَهٗ وَلْيَتَّقِ اللّٰهَ رَبَّهٗ ۗ وَلَا تَكْتُمُوا الشَّهَادَةَۗ وَمَنْ يَّكْتُمْهَا فَاِنَّهٗٓ اٰثِمٌ قَلْبُهٗ ۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ ࣖ٢٨٣
Wa in kuntum ‘alā safariw wa lam tajidū kātiban fa riḥānum maqbūḍah(tun), fa'in amina ba‘ḍukum ba‘ḍan falyu'addil-lażi'tumina amānatahū walyattaqillāha rabbah(ū), wa lā taktumusy syahādah(ta), wa may yaktumhā fa'innahū āṡimun qalbuh(ū), wallāhu bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[283]
Lan angger ko kabéh neng pelungan turan ko ora nemu sewiji jurutulis, mangka peryo-ga ana barang tanggungan sing décekel. Ning angger sebagéané ko padha percaya maring sebagéan sing liyané, apiké sing depercayani kuwé netepi kepercayan (utangé), lan padha wedia maring Gusti Allah, Pengérané, Lan aja nganti ko ngumpetna perseksén, merga sapa wongé sing ngumpetna (perseksén kuwé) setemené atiné kotor (dosa). Gusti Allah Ngawuni-ngani apa sing ko kabéh pergawé.
لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ ۗ وَاِنْ تُبْدُوْا مَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اَوْ تُخْفُوْهُ يُحَاسِبْكُمْ بِهِ اللّٰهُ ۗ فَيَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٨٤
Lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa in tubdū mā fī anfusikum au tukhfūhu yuḥāsibkum bihillāh(u), fayagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[284]
Kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi. Angger ko kabéh nglairna apa sing ana neng atimu utawa ko kabéh ngumpetna, mesthi Gusti Allah tetep bakal ngétung (ngenani penggawéyan kuwé) nggo ko kabéh. Penjenengané ngapurani sapa baé sing Penjenengané kersakna lan nyiksa sapa baé sing Penjenengané kersakna. Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
اٰمَنَ الرَّسُوْلُ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مِنْ رَّبِّهٖ وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ كُلٌّ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَكُتُبِهٖ وَرُسُلِهٖۗ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْ رُّسُلِهٖ ۗ وَقَالُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا غُفْرَانَكَ رَبَّنَا وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ٢٨٥
Āmanar-rasūlu bimā unzila ilaihi mir rabbihī wal-mu'minūn(a), kullun āmana billāhi wa malā'ikatihī wa kutubihī wa rusulih(ī), lā nufarriqu baina aḥadim mir rusulih(ī), wa qālū sami‘nā wa aṭa‘nā, gufrānaka rabbanā wa ilaikal-maṣīr(u).
[285]
Rasul (Muhammad) precaya maring apa baé sing déturunaken maring kiyambeké (Al-Qur’an) sekang Pengérané, semana uga wong-wong sing precaya. Kabéh padha precaya maring Gusti Allah, malaékat-malaékat-É, kitab-kitab-É, lan utusan-utusan-É. (Wong-wong mau padha ngucap), “Inyong kabéh ora mbedak-mbédakna siji baé sekang utusan-utusan-É.” Lan dhéwéké padha ngucap, “Kula sedaya mireng lan kula sedaya ndhérék manut. Mugi ngapurani kula samia, dhuh Pengéran kula sedaya, lan dhateng Penjenengan (kula sedaya) wangsul.”
لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَا ۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْ ۗ رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَآ اِنْ نَّسِيْنَآ اَوْ اَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَآ اِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهٗ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهٖۚ وَاعْفُ عَنَّاۗ وَاغْفِرْ لَنَاۗ وَارْحَمْنَا ۗ اَنْتَ مَوْلٰىنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ ࣖ٢٨٦
Lā yukallifullāhu nafsan illā wus‘ahā, lahā mā kasabat wa ‘alaihā maktasabat, rabbanā lā tu'ākhiżnā in nasīnā au akhṭa'nā, rabbanā wa lā taḥmil ‘alainā iṣran kamā ḥamaltahū ‘alal-lażīna min qablinā, rabbanā wa lā tuḥammilnā mā lā ṭāqata lanā bih(ī), wa‘fu ‘annā, wagfir lanā, warḥamnā, anta maulānā fanṣurnā ‘alal qaumil-kāfirīn(a).
[286]
Gusti Allah ora ngebot-bot sewiji wong ke-jaba seukuran karo kesanggupané. Dhéwéké olih (ganjaran) sekang (kebecikan) sing dépergawé lan dhéwéké olih (siksa) sekang (kejahatan) sing dépergawé . (Dhéwéké padha ndonga), “Dhuh Pengéran kula, ampun ngantos Penjenengan paring siksa angger kula sami kesupén utawi kula sami damel kelepatan. Dhuh Pengéran kula sedaya, ampun ngantos Penjenengan ngebot-bot kula sami kanthi renggan ingkang awrat kadosdéné Penjenengan ngebot-bot dhateng tiyang sedéréngé kula sami. Dhuh Pengéran kula sadaya, ampun ngantos Penjenengan ngebot-bot dhateng kula sami napa mawon ingkang kula sami mboten kiyat mikul. Mugi Penjenengan paring pengampura dhateng kula sedaya, mugi Penjenengan paring welas dhateng kula sami. Namung Penjenengan pengayom kula sedaya, mangka tulungana kula sami ngadhepi tiyang-tiyang kapir.”