Surah Maryam
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
كۤهٰيٰعۤصۤ ۚ١
Kāf hā yā ‘aīn ṣād.
[1]
Kaaf Haa Yaa ‘Ain Saad.
ذِكْرُ رَحْمَتِ رَبِّكَ عَبْدَهٗ زَكَرِيَّا ۚ٢
Żikru raḥmati rabbika ‘abdahū zakariyyā.
[2]
(Sing déwacakna kiyé yakuwé) pertélan ngenani kewelasané (rahmat) Pengéranmu maring kawula-Né, Zakaria,
اِذْ نَادٰى رَبَّهٗ نِدَاۤءً خَفِيًّا٣
Iż nādā rabbahū nidā'an khafiyyā(n).
[3]
(yakuwé) rikala kiyambeké nyenyuwun (ndonga) maring Pengérané kanthi sewara sing alus.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ وَهَنَ الْعَظْمُ مِنِّيْ وَاشْتَعَلَ الرَّأْسُ شَيْبًا وَّلَمْ اَكُنْۢ بِدُعَاۤىِٕكَ رَبِّ شَقِيًّا٤
Qāla rabbi innī wahanal-‘aẓmu minnī wasyta‘alar-ra'su syaibaw wa lam akum bidu‘ā'ika rabbi syaqiyyā(n).
[4]
Kiyambeké (Zakaria) nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, saéstu balung kula empun ringkih lan sirah kula empun kebek uwan, lan kula déréng naté (ngraos) kuciwa anggén kula nyenyuwun dhateng Penjenengan, dhuh Pengéran kula.
وَاِنِّيْ خِفْتُ الْمَوَالِيَ مِنْ وَّرَاۤءِيْ وَكَانَتِ امْرَاَتِيْ عَاقِرًا فَهَبْ لِيْ مِنْ لَّدُنْكَ وَلِيًّا ۙ٥
Wa innī khiftul-mawāliya miw warā'ī wa kānatimra'atī ‘āqiran fahab lī mil ladunka waliyyā(n).
[5]
Lan éstu, kula kuwatos dhateng krabat kula saempuné kula pejah, mangkané éstri kula niku tiyang gabug, mangka paringana kanugrahan (dhateng) kula rupi anak saking sisihipun Penjenengan,
يَّرِثُنِيْ وَيَرِثُ مِنْ اٰلِ يَعْقُوْبَ وَاجْعَلْهُ رَبِّ رَضِيًّا٦
Yariṡunī wa yariṡu min āli ya‘qūba waj‘alhu rabbi raḍiyyā(n).
[6]
ingkang ajeng marisi kula lan marisi saking keluwargi Yakub; lan mugi ndadosaken kiyambeké, dhuh Pengéran kula, tiyang ingkang dipun kerenani (ridoni).”
يٰزَكَرِيَّآ اِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلٰمِ ِۨاسْمُهٗ يَحْيٰىۙ لَمْ نَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ قَبْلُ سَمِيًّا٧
Yā zakariyyā innā nubasysyiruka bigulāminismuhū yaḥyā, lam naj‘al lahū min qablu samiyyā(n).
[7]
(Gusti Allah dhawuh), “Hé Zakaria! Ingsun paring werta bebungah maring sliramu kanthi anak lanang siji sing jenengé Yahya, sing Ingsun urung tau paring jeneng karo jeneng kuwé seurungé.”
قَالَ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّكَانَتِ امْرَاَتِيْ عَاقِرًا وَّقَدْ بَلَغْتُ مِنَ الْكِبَرِ عِتِيًّا٨
Qāla rabbi annā yakūnu lī gulāmuw wa kānatimra'atī ‘āqiraw wa qad balagtu minal-kibari ‘itiyyā(n).
[8]
Kiyambeké (Zakaria) matur, “Dhuh Pengéran kula, kepripun kula ajeng gadheh anak, mangkané éstri kula niku tiyang gabug lan kula (kiyambek) umuré empun sanget sepuhé?”
قَالَ كَذٰلِكَۗ قَالَ رَبُّكَ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌ وَّقَدْ خَلَقْتُكَ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ تَكُ شَيْـًٔا٩
Qāla każālik(a), qāla rabbuka huwa ‘alayya hayyinuw wa qad khalaqtuka min qablu wa lam taku syai'ā(n).
[9]
(Gusti Allah) dhawuh, “Mengkana kuwé.” Pengéranmu dhawuh, “Prekara kuwé gampang mungguhé Ingsun; setemené, sliramu wis Ingsun ciptakna seurungé kuwé, mangkané (neng wektu kuwé) sliramu urung ana (mujud) babar pisan.”
قَالَ رَبِّ اجْعَلْ لِّيْٓ اٰيَةً ۗقَالَ اٰيَتُكَ اَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلٰثَ لَيَالٍ سَوِيًّا١٠
Qāla rabbij‘al lī āyah(tan), qāla āyatuka allā tukalliman-nāsa ṡalāṡa layālin sawiyyā(n).
[10]
Kiyambeké (Zakaria) matur, “Dhuh Pengéran kula, mugi paring dhateng kula sewiji tandha.” (Gusti Allah) dhawuh, “Tandhané sliramu yakuwé sliramu ora bisa wicara karo menungsa lawasé telung wengi, mangkané sliramu sehat.”
فَخَرَجَ عَلٰى قَوْمِهٖ مِنَ الْمِحْرَابِ فَاَوْحٰٓى اِلَيْهِمْ اَنْ سَبِّحُوْا بُكْرَةً وَّعَشِيًّا١١
Fa kharaja ‘alā qaumihī minal-miḥrābi fa auḥā ilaihim an sabbiḥū bukrataw wa ‘asyiyyā(n).
[11]
Mangka dhéwéké metu sekang panggonan semedi (mihrab) nuju maring kaumé, banjur dhéwéké awéh aba-aba (isyarat) maring kaumé, padha memujia (tasbéh, subhanallah) ko kabéh neng wektu ésuk lan soré.
يٰيَحْيٰى خُذِ الْكِتٰبَ بِقُوَّةٍ ۗوَاٰتَيْنٰهُ الْحُكْمَ صَبِيًّاۙ١٢
Yā yaḥyā khużil-kitāba biquwwah(tin), wa ātaināhul-ḥukma ṣabiyyā(n).
[12]
“Hé Yahya! Jikoten (sinaoni) 501 Kitab (Taurat) kuwé temenan.” Lan Ingsun paring kawruh (hikmah) maring dhéwéké (Yahya) 502 awit dhéwéké ésih bocah,
501) Sinaoni Taurat kuwé, ngamalna isiné lan butulna maring umatmu.
502) Pemahaman Taurat lan nemen ngudi kawruh agama.
وَّحَنَانًا مِّنْ لَّدُنَّا وَزَكٰوةً ۗوَكَانَ تَقِيًّا ۙ١٣
Wa ḥanānam mil ladunnā wa zakāh(tan), wa kāna taqiyyā(n).
[13]
lan (Ingsun) dadékna rasa welas asih (maring sepadhané) sekang Ingsun lan brésih (sekang dosa). Lan dhéwéké uga wong sing semarah (takwa),
وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَيْهِ وَلَمْ يَكُنْ جَبَّارًا عَصِيًّا١٤
Wa barram biwālidaihi wa lam yakun jabbāran ‘aṣiyyā(n).
[14]
lan banget bektiné karo wong tuwané loro, lan dhéwéké udu wong sing gemedhé (uga udu) wong sing duraka.
وَسَلٰمٌ عَلَيْهِ يَوْمَ وُلِدَ وَيَوْمَ يَمُوْتُ وَيَوْمَ يُبْعَثُ حَيًّا ࣖ١٥
Wa salāmun ‘alaihi yauma wulida wa yauma yamūtu wa yauma yub‘aṡu ḥayyā(n).
[15]
Lan rahayu ingatasé dhéwéké neng dinané lair, dinané mati, lan neng dinané dhéwéké détangékna urip maning.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ مَرْيَمَۘ اِذِ انْتَبَذَتْ مِنْ اَهْلِهَا مَكَانًا شَرْقِيًّا ۙ١٦
Ważkur fil-kitābi maryam(a), iżintabażat min ahlihā makānan syarqiyyā(n).
[16]
Lan critakna (Muhammad) riwayaté Maryam neng njero Kitab (Al-Qur’an), (yakuwé) rikala dhéwéké mingit awaké dhéwék sekang kulawargané maring sewiji panggonan neng sisih wétan (Baitulmaqdis),
فَاتَّخَذَتْ مِنْ دُوْنِهِمْ حِجَابًاۗ فَاَرْسَلْنَآ اِلَيْهَا رُوْحَنَا فَتَمَثَّلَ لَهَا بَشَرًا سَوِيًّا١٧
Fattakhażat min dūnihim ḥijābā(n), fa arsalnā ilaihā rūḥanā fa tamaṡṡala lahā basyaran sawiyyā(n).
[17]
banjur dhéwéké masang aling-aling (sing ngalingi) dhéwéké sekang wong akéh; banjur Ingsun ngutus rohé Ingsun (yakuwé Jibril) maring dhéwéké, banjur dhéwéké (Jibril) ngetonaken awaké neng ngarepé (Maryam) kanthi wujud menungsa sampurna.
قَالَتْ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِالرَّحْمٰنِ مِنْكَ اِنْ كُنْتَ تَقِيًّا١٨
Qālat innī a‘ūżu bir-raḥmāni minka in kunta taqiyyā(n).
[18]
Dhéwéké (Maryam) ngucap, “Setemené inyong nyuwun pengreksa maring Pengéran Sing Mahaasih sekang sampéyan angger sampéyan wong sing semarah (takwa).”
قَالَ اِنَّمَآ اَنَا۠ رَسُوْلُ رَبِّكِۖ لِاَهَبَ لَكِ غُلٰمًا زَكِيًّا١٩
Qāla innamā ana rasūlu rabbik(a), li'ahaba laki gulāman zakiyyā(n).
[19]
Dhéwéké (Jibril) ngucap, “Setemené inyong mung utusané Pengéranmu, nggo mbutulna peparing maring sampéyan, anak lanang siji sing suci,”
قَالَتْ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّلَمْ يَمْسَسْنِيْ بَشَرٌ وَّلَمْ اَكُ بَغِيًّا٢٠
Qālat annā yakūnu lī gulāmuw wa lam yamsasnī basyaruw wa lam aku bagiyyā(n).
[20]
Dhéwéké (Maryam) ngucap: “Kepriwé bisané inyong duwé anak lanang, mangkané ora nglakon ana wong (lanang) sing nggepok inyong lan inyong udu wong nakal.”
قَالَ كَذٰلِكِۚ قَالَ رَبُّكِ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌۚ وَلِنَجْعَلَهٗٓ اٰيَةً لِّلنَّاسِ وَرَحْمَةً مِّنَّاۚ وَكَانَ اَمْرًا مَّقْضِيًّا٢١
Qāla każālik(a), qāla rabbuka huwa ‘alayya hayyin(un), wa linaj‘alahū āyatal lin-nāsi wa raḥmatam minnā, wa kāna amram maqḍiyyā(n).
[21]
Dhéwéké (Jibril) ngucap : “Mengkana kuwé,” Pengéranmu nyabda, “Prekara kuwé gampang tumrap Ingsun, lan supaya Ingsun ndadékna prekara kuwé minangka tandha (agungé Gusti Allah) tumrap menungsa lan minangka kewelasan (rahmat) sekang Ingsun, lan prekara kuwé dadi sijiné prekara sing (wis) députusna.”
۞ فَحَمَلَتْهُ فَانْتَبَذَتْ بِهٖ مَكَانًا قَصِيًّا٢٢
Fa ḥamalathu fantabażat bihī makānan qaṣiyyā(n).
[22]
Mangka dhéwéké (Maryam) mbobot, terus dhéwéké ngili nggawa bobotané (wetengané) kuwé maring panggonan sing adoh.
فَاَجَاۤءَهَا الْمَخَاضُ اِلٰى جِذْعِ النَّخْلَةِۚ قَالَتْ يٰلَيْتَنِيْ مِتُّ قَبْلَ هٰذَا وَكُنْتُ نَسْيًا مَّنْسِيًّا٢٣
Fa ajā'ahal-makhāḍu ilā jiz‘in nakhlah(ti), qālat yā laitanī mittu qabla hāżā wa kuntu nas-yam mansiyyā(n).
[23]
Banjur rasa lara (merga) arep mbabarna, meksa dhéwéké (séndhéhan) maring bongkoté wit korma, dhéwéké (Maryam) ngucap, “Adhuh, banget (apiké) inyong mati seurungé kiyé, lan inyong dadi wong sing ora degatékna lan dékelalékna.”
فَنَادٰىهَا مِنْ تَحْتِهَآ اَلَّا تَحْزَنِيْ قَدْ جَعَلَ رَبُّكِ تَحْتَكِ سَرِيًّا٢٤
Fa nādāhā min taḥtihā allā taḥzanī qad ja‘ala rabbuki taḥtaki sariyyā(n).
[24]
Mangka dhéwéké (Jibril) nyebut dhéwéké (Maryam) sekang panggonan sing endhép : “Aja pisan-pisan sampéyan (krasa) susah, setemené Pengéranmu wis gawé kalenan neng ngisore sampéyan.”
وَهُزِّيْٓ اِلَيْكِ بِجِذْعِ النَّخْلَةِ تُسٰقِطْ عَلَيْكِ رُطَبًا جَنِيًّا ۖ٢٥
Wa huzzī ilaiki bijiz‘in-nakhlati tusāqiṭ ‘alaiki ruṭaban janiyyā(n).
[25]
Lan goyangna baé bongkoté wit korma kuwé maring prenahé sampéyan, mesthi (wit) kuwé bakal ngrogolna woh korma sing mateng maring sampéyan.
فَكُلِيْ وَاشْرَبِيْ وَقَرِّيْ عَيْنًا ۚفَاِمَّا تَرَيِنَّ مِنَ الْبَشَرِ اَحَدًاۙ فَقُوْلِيْٓ اِنِّيْ نَذَرْتُ لِلرَّحْمٰنِ صَوْمًا فَلَنْ اُكَلِّمَ الْيَوْمَ اِنْسِيًّا ۚ٢٦
Fa kulī wasyrabī wa qarrī ‘ainā(n), fa immā tarayinna minal-basyari aḥadā(n), fa qūlī innī nażartu lir-raḥmāni ṣauman falan ukallimal-yauma insiyyā(n).
[26]
Mangka mangan, nginum lan seneng-senengna baé atiné sampéyan. Angger sampéyan weruh sewiji wong, mangka ngucapa, “Setemené inyong wis nadar puasa kagem Pengéran Sing Mahaasih, mangka inyong ora arep ngomong karo sapa baé neng dina kiyé.”
فَاَتَتْ بِهٖ قَوْمَهَا تَحْمِلُهٗ ۗقَالُوْا يٰمَرْيَمُ لَقَدْ جِئْتِ شَيْـًٔا فَرِيًّا٢٧
Fa atat bihī qaumahā taḥmiluh(ū), qālū yā maryamu laqad ji'ti syai'an fariyyā(n).
[27]
Banjur dhéwéké (Maryam) nggawa dhéwéké (bayi kuwé) maring kaumé kanthi nggendhong (bayiné). Wong-wong mau (kaumé) padha ngucap, “Hé Maryam, temen, ko wis nggawa sewiji-wiji sing banget nyimpangé (mungkar) .
يٰٓاُخْتَ هٰرُوْنَ مَا كَانَ اَبُوْكِ امْرَاَ سَوْءٍ وَّمَا كَانَتْ اُمُّكِ بَغِيًّا ۖ٢٨
Yā ukhta hārūna kāna abūkimra'a sau'iw wa mā kānat ummuki bagiyyā(n).
[28]
Hé sedulur wadoné Harun! Ramamu udu wong sing ala wateké, biyungmu udu wong wadon tukang royal.”
فَاَشَارَتْ اِلَيْهِۗ قَالُوْا كَيْفَ نُكَلِّمُ مَنْ كَانَ فِى الْمَهْدِ صَبِيًّا٢٩
Fa asyārat ilaīh(i), qālū kaifa nukallimu man kāna fil-mahdi ṣabiyyā(n).
[29]
Mangka dhéwéké (Maryam) nudhing maring (anak)é. Wong-wong mau padha ngucap, “Kepriwé inyong arep padha ngomong karo bocah cilik sing ésih neng embanan?”
قَالَ اِنِّيْ عَبْدُ اللّٰهِ ۗاٰتٰىنِيَ الْكِتٰبَ وَجَعَلَنِيْ نَبِيًّا ۙ٣٠
Qāla innī ‘abdullāh(i), ātāniyal-kitāba wa ja‘alanī nabiyyā(n).
[30]
Dhéwéké (Isa) ngucap, “Setemené inyong kewulané Gusti Allah, Penjenengané maringi inyong Kitab (Injil) lan Penjenengané ndadékna inyong Nabi.
وَّجَعَلَنِيْ مُبٰرَكًا اَيْنَ مَا كُنْتُۖ وَاَوْصٰنِيْ بِالصَّلٰوةِ وَالزَّكٰوةِ مَا دُمْتُ حَيًّا ۖ٣١
Wa ja‘alanī mubārakan aina mā kunt(u), wa auṣānī biṣ-ṣalāti waz-zakāti mā dumtu ḥayyā(n).
[31]
Lan Penjenengané ndadékna inyong sewiji wong sing déberkahi neng endi papan anane inyong, lan Penjenengané dhawuh maring inyong (nglakoni) sembayang lan (awéh) jakat selawasé inyong urip;
وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَتِيْ وَلَمْ يَجْعَلْنِيْ جَبَّارًا شَقِيًّا٣٢
Wa barram biwālidatī wa lam yaj‘alnī jabbāran syaqiyyā(n).
[32]
lan mbekténi biyungku, lan Penjenengané ora ndadékna inyong wong sing gemedhé lan apes,
وَالسَّلٰمُ عَلَيَّ يَوْمَ وُلِدْتُّ وَيَوْمَ اَمُوْتُ وَيَوْمَ اُبْعَثُ حَيًّا٣٣
Was-salāmu ‘alayya yauma wulittu wa yauma amūtu wa yauma ub‘aṡu ḥayyā(n).
[33]
lan kerahayon moga-moga delubérna maring inyong, neng dina lairku, dina matiku lan dinané inyong détangékna urip maning.”
ذٰلِكَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ ۚقَوْلَ الْحَقِّ الَّذِيْ فِيْهِ يَمْتَرُوْنَ٣٤
Żālika ‘īsabnu maryam(a), qaulal-ḥaqqil-lażī fīhi yamtarūn(a).
[34]
Kuwé, Isa putrané Maryam (sing ngucapna) tembung sing bener, sing wong-wong kuwé padha mamang maring beneré.
مَا كَانَ لِلّٰهِ اَنْ يَّتَّخِذَ مِنْ وَّلَدٍ سُبْحٰنَهٗ ۗاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ۗ٣٥
Mā kāna lillāhi ay yattakhiża miw waladin subḥānah(ū), iżā qaḍā amran fa innamā yaqūlu lahū kun fa yakūn(u).
[35]
Ora pantes tumrap Gusti Allah kagungan putra, Mahasuci Penjenengané. Angger Penjenengané kersa netepaken sewiji-wiji, mangka Penjenengané mung dhawuh maring sewiji-wiji kuwé, “Dadia,” mangka demadi sewiji-wiji kuwé.
وَاِنَّ اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٣٦
Wa innallāha rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[36]
(Isa Ngucap), “Lan setemené Gusti Allah kuwé Pengéranku lan Pengéranmu, mangka sembaha Penjenengané déning ko kabéh. Kiyé dalan sing jejeg.”
فَاخْتَلَفَ الْاَحْزَابُ مِنْۢ بَيْنِهِمْۚ فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ مَّشْهَدِ يَوْمٍ عَظِيْمٍ٣٧
Fakhtalafal-aḥzābu mim bainihim, fa wailul lil-lażīna kafarū mim masyhadi yaumin ‘aẓīm(in).
[37]
Mangka padha pesulayan golongan-golongan (sing ana) neng antarané wong-wong mau (Yahudi lan Nasrani). Mangka temen cilaka wong-wong kapir rikala padha nyekséni dina sing agung!
اَسْمِعْ بِهِمْ وَاَبْصِرْۙ يَوْمَ يَأْتُوْنَنَا لٰكِنِ الظّٰلِمُوْنَ الْيَوْمَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٣٨
Asmi‘ bihim wa abṣir, yauma ya'tūnanā lākiniẓ-ẓālimūnal-yauma fī ḍalālim mubīn(in).
[38]
Banget landhepé pengrungoné wong-wong mau, lan banget awasé pendelengané dhéwéké neng dinané dhéwéké kabéh padha teka maring Ingsun. Ning wong-wong sing aniaya (dolim) neng dina kiyé (neng dunya) ana neng sejeroné kesasar sing nyata.
وَاَنْذِرْهُمْ يَوْمَ الْحَسْرَةِ اِذْ قُضِيَ الْاَمْرُۘ وَهُمْ فِيْ غَفْلَةٍ وَّهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٣٩
Wa anżirhum yaumal-ḥasrati iż quḍiyal-amr(u), wa hum fī gaflatiw wa hum lā yu'minūn(a).
[39]
Lan wéhna maring dhéwéké kabéh pengéling-éling (Muhammad) ngenani dina pengajogan (yakuwé) rikala sekabéhé prekara wis députusna, mangkané wong-wong kuwé neng sejeroné kelalén lan ora precaya.
اِنَّا نَحْنُ نَرِثُ الْاَرْضَ وَمَنْ عَلَيْهَا وَاِلَيْنَا يُرْجَعُوْنَ ࣖ٤٠
Innā naḥnu nariṡul-arḍa wa man ‘alaihā wa ilainā yurja‘ūn(a).
[40]
Setemené Ingsun sing marisi bumi 503 lan kabéh sing ana neng sendhuwuré, lan mung maring Ingsun, dhéwéké kabéh padha débalékna.
503) Sewisé sekabéhé ngalam musnah, mangka mung Gusti Allah sing langgeng.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِبْرٰهِيْمَ ەۗ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا٤١
Ważkur fil-kitābi ibrāhīm(a), innahū kāna ṣiddīqan nabiyyā(n).
[41]
Lan critakna (Muhammad) riwayat-É Ibrahim neng njeroné Kitab (Al-Qur`an) kiyé. Setemené dhéwéké wong sing banget mbenerna, 504 (lan) sewiji Nabi.
504) Nabi Ibrahim a.s. yakuwé Nabi sing banget gelisé olihé mbeneraken kabéh prekara sing gaib sing teka sekang Gusti Allah.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ يٰٓاَبَتِ لِمَ تَعْبُدُ مَا لَا يَسْمَعُ وَلَا يُبْصِرُ وَلَا يُغْنِيْ عَنْكَ شَيْـًٔا٤٢
Iż qāla li'abīhi yā abati lima ta‘budu mā lā yasma‘u wa lā yubṣiru wa lā yugnī ‘anka syai'ā(n).
[42]
(Élinga) rikala dhéwéké (Ibrahim) ngucap maring ramané, “Hé ramaku! Kenangapa rika nyembah sewiji-wiji sing ora krungu, ora weruh, lan ora bisa nulungi rika babar pisan?
يٰٓاَبَتِ اِنِّيْ قَدْ جَاۤءَنِيْ مِنَ الْعِلْمِ مَا لَمْ يَأْتِكَ فَاتَّبِعْنِيْٓ اَهْدِكَ صِرَاطًا سَوِيًّا٤٣
Yā abati innī qad jā'anī minal-‘ilmi mā lam ya'tika fattabi‘nī ahdika ṣirāṭan sawiyyā(n).
[43]
Hé ramaku! Setemené wis butul maring inyong sebagéan ilmu sing ora déparingna maring rika, mangka mélua maring inyong, mesthi inyong bakal nidhokna maring rika dalan sing jejeg.
يٰٓاَبَتِ لَا تَعْبُدِ الشَّيْطٰنَۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلرَّحْمٰنِ عَصِيًّا٤٤
Yā abati lā ta‘budisy-syaiṭān(a), innasy-syaiṭāna kāna lir-raḥmāni ‘aṣiyyā(n).
[44]
Hé ramaku! Aja pisan-pisan rika nyembah sétan. Setemené sétan kuwé duraka maring Pengéran Sing Mahaasih.
يٰٓاَبَتِ اِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يَّمَسَّكَ عَذَابٌ مِّنَ الرَّحْمٰنِ فَتَكُوْنَ لِلشَّيْطٰنِ وَلِيًّا٤٥
Yā abati innī akhāfu ay yamassaka ‘ażābum minar-raḥmāni fa takūna lisy-syaiṭāni waliyyā(n).
[45]
Hé ramaku! Inyong temen kewatir rika bakal kenang siksa sekang Pengéran Sing Mahaasih, saéngga rika dadi batiré sétan.”
قَالَ اَرَاغِبٌ اَنْتَ عَنْ اٰلِهَتِيْ يٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۚ لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ لَاَرْجُمَنَّكَ وَاهْجُرْنِيْ مَلِيًّا٤٦
Qāla arāgibun anta ‘an ālihatī yā ibrāhīm(u), la'illam tantahi la'arjumannaka wahjurnī maliyyā(n).
[46]
Dhéwéké (ramané) ngucap, “Apa ko wadheh maring sembahan-sembahanku, hé Ibrahim? Angger ko ora lérén, mesthi ko bakal tek bandhemi watu (rajam), mangka tinggalna inyong nggo wektu sing suwé.”
قَالَ سَلٰمٌ عَلَيْكَۚ سَاَسْتَغْفِرُ لَكَ رَبِّيْۗ اِنَّهٗ كَانَ بِيْ حَفِيًّا٤٧
Qāla salāmun ‘alaik(a), sa'astagfiru laka rabbī, innahū kāna bī ḥafiyyā(n).
[47]
Dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Moga-moga keslametan delubérna maring rika, inyong bakal njalukna ngampura nggo rika maring Pengérané inyong, setemené Penjenengané banget apiké maring inyong.
وَاَعْتَزِلُكُمْ وَمَا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَاَدْعُوْا رَبِّيْۖ عَسٰٓى اَلَّآ اَكُوْنَ بِدُعَاۤءِ رَبِّيْ شَقِيًّا٤٨
Wa a‘tazilukum wa mā tad‘ūna min dūnillāhi wa ad‘ū rabbī, ‘asā allā akūna bidu‘ā'i rabbī syaqiyyā(n).
[48]
Lan inyong bakal ngadohna awak inyong sekang rika lan sekang apa sing rika sembah seliyané Gusti Allah, lan inyong bakal nyenyuwun maring Pengérané inyong, moga-moga inyong ora bakal keciwa merga nyenyuwun maring Pengérané inyong.
فَلَمَّا اعْتَزَلَهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۙوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ وَكُلًّا جَعَلْنَا نَبِيًّا٤٩
Falamma‘tazalahum wa mā ya‘budūna min dūnillāh(i), wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūb(a), wa kullan ja‘alnā nabiyyā(n).
[49]
Mangka rikala dhéwéké (Ibrahim) wis ngadoh sekang wong-wong mau lan sekang apa sing désembah neng dhéwéké kabéh seliyané Gusti Allah, Ingsun nugrahakna maring dhéwéké, Ishak lan Yakub. Lan sekloroné Ingsun angkat dadi nabi.
وَوَهَبْنَا لَهُمْ مِّنْ رَّحْمَتِنَا وَجَعَلْنَا لَهُمْ لِسَانَ صِدْقٍ عَلِيًّا ࣖ٥٠
Wa wahabnā lahum mir raḥmatinā wa ja‘alnā lahum lisāna ṣidqin ‘aliyyā(n).
[50]
Lan Ingsun nugrahakna maring dhéwéké sebagéan sekang kewelasan (rahmat) Ingsun lan Ingsun dadékna dhéwéké padha dadi pewicaran sing apik lan mulya.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ مُوْسٰٓىۖ اِنَّهٗ كَانَ مُخْلَصًا وَّكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا٥١
Ważkur fil-kitābi mūsā, innahū kāna mukhlaṣaw wa kāna rasūlan nabiyyā(n).
[51]
Lan ceritakna (Muhammad) riwayat-É Musa neng njeroné kitab (Al-Qur`an). Setemené Dhéwéké kuwé wong sing depilih, wong sing dadi utusan lan nabi.
وَنَادَيْنٰهُ مِنْ جَانِبِ الطُّوْرِ الْاَيْمَنِ وَقَرَّبْنٰهُ نَجِيًّا٥٢
Wa nādaināhu min jānibiṭ-ṭūril-aimani wa qarrabnāhu najiyyā(n).
[52]
Lan Ingsun wis nimbali dhéwéké sekang sisih tengené gunung (Sinai) lan Ingsun pérekna dhéwéké seperlu wewicaran.
وَوَهَبْنَا لَهٗ مِنْ رَّحْمَتِنَآ اَخَاهُ هٰرُوْنَ نَبِيًّا٥٣
Wa wahabnā lahū mir raḥmatinā akhāhu hārūna nabiyyā(n).
[53]
Lan Ingsun wis ngganjarna sebagéan kewelasané (rahmaté) Ingsun maring dhéwéké yakuwé (lamon) seduluré, Harun, dadi sewiji nabi.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِسْمٰعِيْلَ ۖاِنَّهٗ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا ۚ٥٤
Ważkur fil-kitābi ismā‘īl(a), innahū kāna ṣādiqal-wa‘di wa kāna rasūlan nabiyyā(n).
[54]
Lan ceritakna (Muhammad) riwayaté Ismail neng njeroné kitab (Al-Qur`an). Dhéwéké nyata-nyata wong sing janjiné bener, sewiji utusan lan nabi.
وَكَانَ يَأْمُرُ اَهْلَهٗ بِالصَّلٰوةِ وَالزَّكٰوةِۖ وَكَانَ عِنْدَ رَبِّهٖ مَرْضِيًّا٥٥
Wa kāna ya'muru ahlahū biṣ-ṣalāti waz-zakāh(ti), wa kāna ‘inda rabbihī marḍiyyā(n).
[55]
Lan dhéwéké préntah (maring) kulawargané 505 supayané (ngleksanakna) sembayang lan (nglunasi) jakat, lan dhéwéké sewijiné wong sing derenani neng sisihé Pengérané.
505) Sebagéan ahli tapsir duwé penemu lamon sing démaksud “Ahlahu” yakuwé kulawargané, lan sebagéan duwé penemu umaté.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِدْرِيْسَۖ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا ۙ٥٦
Ważkur fil-kitābi idrīs(a), innahū kāna ṣādiqan nabiyyā(n).
[56]
Lan ceritakna (Muhammad) riwayaté Idris neng njeroné Kitab (Al-Qur`an). Setemené dhéwéké wong sing banget senengé maring bebener lan (dhéwéké) sewiji nabi,
وَّرَفَعْنٰهُ مَكَانًا عَلِيًّا٥٧
Wa rafa‘nāhu makānan ‘aliyyā(n).
[57]
lan Ingsun wis njunjung dhéwéké maring drajat sing dhuwur.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنَ النَّبِيّٖنَ مِنْ ذُرِّيَّةِ اٰدَمَ وَمِمَّنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۖ وَّمِنْ ذُرِّيَّةِ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْرَاۤءِيْلَ ۖوَمِمَّنْ هَدَيْنَا وَاجْتَبَيْنَاۗ اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُ الرَّحْمٰنِ خَرُّوْا سُجَّدًا وَّبُكِيًّا ۩٥٨
Ulā'ikal-lażīna an‘amallāhu ‘alaihim minan-nabiyyīna min żurriyyati ādama wa mimman ḥamalnā ma‘a nūḥ(in), wa min żurriyyati ibrāhīma wa isrā'īl(a), wa mimman hadainā wajtabainā, iżā tutlā ‘alaihim āyātur-raḥmāni kharrū sujjadaw wa bukiyyā(n).
[58]
Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing wis padha déparingi nékmat déning Gusti Allah, yakuwé sekang (golongan) para nabi lan tedhak-turuné Adam, lan sekang wong sing Ingsun angkut (neng njeroné prahu) bareng Nuh, lan sekang turunané Ibrahim lan Israil (Yaqub), lan sekang wong sing wis Ingsun paringi pituduh lan wis Ingsun pilih. Angger déwacakna ayat-ayat-É Gusti Allah Sing Mahaasih maring dhéwéké, mangka wong-wong kuwé padha ndhengkul sujud lan nangis.
۞ فَخَلَفَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ اَضَاعُوا الصَّلٰوةَ وَاتَّبَعُوا الشَّهَوٰتِ فَسَوْفَ يَلْقَوْنَ غَيًّا ۙ٥٩
Fa khalafa mim ba‘dihim khalfun aḍā‘uṣ-ṣalāta wattaba‘usy-syahawāti fa saufa yalqauna gayyā(n).
[59]
Banjur teka sewisé wong-wong kuwé gantiné sing padha ngapengna sembayang lan nuruti kepénginané, mangka dhéwéké mbésuk bakal padha kesasar.
اِلَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُوْنَ شَيْـًٔا ۙ٦٠
Illā man tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa ulā'ika yadkhulūnal-jannata wa lā yuẓlamūna syai'ā(n).
[60]
Kejaba wong sing padha tobat, padha precaya lan nglakoni kebecikan, mangka wong-wong kuwé bakal mlebu suwarga lan ora dékapitunani semendhing-mendhinga,
جَنّٰتِ عَدْنِ ِۨالَّتِيْ وَعَدَ الرَّحْمٰنُ عِبَادَهٗ بِالْغَيْبِۗ اِنَّهٗ كَانَ وَعْدُهٗ مَأْتِيًّا٦١
Jannāti ‘adninil-latī wa‘adar-raḥmānu ‘ibādahū bil-gaib(i), innahū kāna wa‘duhū ma'tiyyā(n).
[61]
yakuwé suwarga Ngaden (`Adn) sing wis déjanjékna déning Pengéran Sing Mahaasih maring kawula-kawulané Penjenengané, senajan (suwarga kuwé) ora katon. Setemené (janjiné Gusti Allah) kuwé mesthi déleksanani.
لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا اِلَّا سَلٰمًاۗ وَلَهُمْ رِزْقُهُمْ فِيْهَا بُكْرَةً وَّعَشِيًّا٦٢
Lā yasma‘ūna fīhā lagwan illā salāmā(n), wa lahum rizquhum fīhā bukrataw wa ‘asyiyyā(n).
[62]
Neng njeroné (suwarga) wong-wong kuwé ora krungu pengucap sing ora migunani, anging (pengucap) keslametan. Lan neng njeroné (suwarga) nggo wong-wong kuwé ana rejeki saben isuk lan soré.
تِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِيْ نُوْرِثُ مِنْ عِبَادِنَا مَنْ كَانَ تَقِيًّا٦٣
Tilkal-jannatul-latī nūriṡu min ‘ibādinā man kāna taqiyyā(n).
[63]
Kuwé suwarga sing bakal Ingsun warisna maring kawula-kawulané Ingsun sing padha tansah semarah (takwa).
وَمَا نَتَنَزَّلُ اِلَّا بِاَمْرِ رَبِّكَۚ لَهٗ مَا بَيْنَ اَيْدِيْنَا وَمَا خَلْفَنَا وَمَا بَيْنَ ذٰلِكَ وَمَا كَانَ رَبُّكَ نَسِيًّا ۚ٦٤
Wa mā natanazzalu illā bi'amri rabbik(a), lahū mā baina aidīnā wa mā khalfanā wa mā baina żālika wa mā kāna rabbuka nasiyyā(n).
[64]
Lan ora bakal inyong (Jibril) temurun kejaba merga dhawuhé Pengéranmu, kagungan Penjenengané apa baé sing ana neng ngarepé inyong kabéh, lan sing ana neng mburiné inyong kabéh, lan apa baé sing ana neng antarané loroné, lan Pengéranmu ora supé.
رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا فَاعْبُدْهُ وَاصْطَبِرْ لِعِبَادَتِهٖۗ هَلْ تَعْلَمُ لَهٗ سَمِيًّا ࣖ٦٥
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā fa‘budhu waṣṭabir li‘ibādatih(ī), hal ta‘lamu lahū samiyyā(n).
[65]
(Penjenengané) Pengéran (sing ngewasani) langit lan bumi lan sekabéh apa sing ana neng antarané loroné, mangka padha nyembaha maring Penjenengané lan sing teguh atiné sejeroné ngabekti (ngibadah) maring Penjenengané. Apa ko padha ngaweruhi ana sewiji-wiji sing padha karo Penjenengané?
وَيَقُوْلُ الْاِنْسَانُ ءَاِذَا مَا مِتُّ لَسَوْفَ اُخْرَجُ حَيًّا٦٦
Wa yaqūlul-insānu a'iżā mā mittu lasaufa ukhraju ḥayyā(n).
[66]
Lan wong (kapir) ngucap, “Apa bener angger inyong wis mati mbésuk inyong temen-temen bakal détangékna urip maning?”
اَوَلَا يَذْكُرُ الْاِنْسَانُ اَنَّا خَلَقْنٰهُ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ يَكُ شَيْـًٔا٦٧
Awalā yażkurul-insānu annā khalaqnāhu min qablu wa lam yaku syai'ā(n).
[67]
Lan apa menungsa ora mikirna lamon setemené Ingsun wis nyiptakna dhéwéké gemiyén, mangkané (seurungé) kuwé dhéwéké urung ana (mujud) babar pisan?
فَوَرَبِّكَ لَنَحْشُرَنَّهُمْ وَالشَّيٰطِيْنَ ثُمَّ لَنُحْضِرَنَّهُمْ حَوْلَ جَهَنَّمَ جِثِيًّا٦٨
Fa wa rabbika lanaḥsyurannahum wasy-syayāṭīna ṡumma lanuḥḍirannahum ḥaula jahannama jiṡiyyā(n).
[68]
Mangka sekawit (sekawit) Pengéranmu, temen, mesthi bakal Ingsun kumpulna dhéwéké kabéh bareng sétan, banjur mesthi bakal Ingsun tekakna wong-wong mau maring seubengé Jahanam karo sedheku.
ثُمَّ لَنَنْزِعَنَّ مِنْ كُلِّ شِيْعَةٍ اَيُّهُمْ اَشَدُّ عَلَى الرَّحْمٰنِ عِتِيًّا ۚ٦٩
Ṡumma lananzi‘anna min kulli syī‘atin ayyuhum asyaddu ‘alar-raḥmāni ‘itiyyā(n).
[69]
Banjur mesthi bakal Ingsun séréd sekang saben-saben golongan, sapa neng antarané wong-wong kuwé sing banget durakané maring Pengéran Sing Mahaasih.
ثُمَّ لَنَحْنُ اَعْلَمُ بِالَّذِيْنَ هُمْ اَوْلٰى بِهَا صِلِيًّا٧٠
Ṡumma lanaḥnu a‘lamu bil-lażīna hum aulā bihā ṣiliyyā(n).
[70]
Sebanjuré, Ingsun temen lewih ngawuningani wong sing kuduné (délebokna) maring neraka.
وَاِنْ مِّنْكُمْ اِلَّا وَارِدُهَا ۚ كَانَ عَلٰى رَبِّكَ حَتْمًا مَّقْضِيًّا ۚ٧١
Wa im minkum illā wāriduhā, kāna ‘alā rabbika ḥatmam maqḍiyyā(n).
[71]
Lan ora nana wong sewiji neng antarané ko kabéh sing ora nekani (neraka). Prekara kuwé tumrap Pengéranmu sewijiné pepesthén sing wis détetepna.
ثُمَّ نُنَجِّى الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّنَذَرُ الظّٰلِمِيْنَ فِيْهَا جِثِيًّا٧٢
Ṡumma nunajjil-lażīnattaqau wa nażaruẓ-ẓālimīna fīhā jiṡiyyā(n).
[72]
Banjur, Ingsun bakal nylametna wong-wong sing padha semarah (takwa) lan ngejorna wong-wong sing padha aniaya (dolim) neng njeroné (neraka) neng kahanan sedheku.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓاۙ اَيُّ الْفَرِيْقَيْنِ خَيْرٌ مَّقَامًا وَّاَحْسَنُ نَدِيًّا٧٣
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū, ayyul-farīqaini khairum maqāmaw wa aḥsanu nadiyyā(n).
[73]
Lan angger déwacakna maring dhéwéké kabéh ayat-ayat-É Ingsun sing cetha (maksudé), wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap maring wong-wong sing precaya, ”Endi sekang golongan loro sing lewih apik papan panggonané lan lewih semanger nggon ketemuné?”
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍ هُمْ اَحْسَنُ اَثَاثًا وَّرِءْيًا٧٤
Wa kam ahlaknā qablahum min qarnin hum aḥsanu aṡāṡaw wa ri'yā(n).
[74]
Lan sepira akéhé umat (sing mbangkang) sing wis Ingsun tumpes seurungé wong-wong mau, mangkan dhéwéké kabéh lewih apik bekakas balé somahé lan (lewih sedhep) désawang mata.
قُلْ مَنْ كَانَ فِى الضَّلٰلَةِ فَلْيَمْدُدْ لَهُ الرَّحْمٰنُ مَدًّا ەۚ حَتّٰىٓ اِذَا رَاَوْا مَا يُوْعَدُوْنَ اِمَّا الْعَذَابَ وَاِمَّا السَّاعَةَ ۗفَسَيَعْلَمُوْنَ مَنْ هُوَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضْعَفُ جُنْدًا٧٥
Qul man kāna fiḍ-ḍalālati falyamdud lahur-raḥmānu maddā(n), ḥattā iżā ra'au mā yū‘adūna immal-‘ażāba wa immas-sā‘ata fa saya‘lamūna man huwa syarrum makānaw wa aḍ‘afu jundā(n).
[75]
Dhawuha (Muhammad), “Sapa wongé ana neng sejeroné kesasar, mangka sekersané Pengéran Sing Mahaasih ndawakna (wektu) tumrap dhéwéké, 506 saéngga angger dhéwéké wis weruh apa sing deancamna maring dhéwéké kabéh, padha uga bendu utawa Kiyamat, mangka wong-wong mau bakal ngaweruhi sapa sing lewih ala drajaté, lan lewih ringkih wadyabalané.”
506) Ndawakna umur lan ngejorna wong-wong kesasar mau urip seneng-seneng.
وَيَزِيْدُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اهْتَدَوْا هُدًىۗ وَالْبٰقِيٰتُ الصّٰلِحٰتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ مَّرَدًّا٧٦
Wa yazīdullāhul-lażīnahtadau hudā(n), wal-bāqiyātuṣ-ṣāliḥātu khairun ‘inda rabbika ṡawābaw wa khairum maraddā(n).
[76]
Lan Gusti Allah bakal nambahi pituduh maring wong-wong sing wis olih pituduh. Lan laku becik sing langgeng kuwé lewih apik ganjarané neng sisihé Pengéranmu lan lewih apik wekasané.
اَفَرَاَيْتَ الَّذِيْ كَفَرَ بِاٰيٰتِنَا وَقَالَ لَاُوْتَيَنَّ مَالًا وَّوَلَدًا ۗ٧٧
Afa ra'aital-lażī kafara bi'āyātinā wa qāla la'ūtayanna mālaw wa waladā(n).
[77]
Banjur apa ko wis weruh wong sing ngingkari ayat-ayat-É Ingsun lan dhéwéké ngucap, “Mesthi inyong bakal déwéhi bandha lan anak.”
اَطَّلَعَ الْغَيْبَ اَمِ اتَّخَذَ عِنْدَ الرَّحْمٰنِ عَهْدًا ۙ٧٨
Aṭṭala‘al-gaiba amittakhaża ‘indar-raḥmāni ‘ahdā(n).
[78]
Apa dhéwéké weruh sing gaib utawa dhéwéké wis gawé janji neng sisihé Pengéran Sing Mahaasih?
كَلَّا ۗسَنَكْتُبُ مَا يَقُوْلُ وَنَمُدُّ لَهٗ مِنَ الْعَذَابِ مَدًّا ۙ٧٩
Kallā, sanaktubu mā yaqūlu wa namuddu lahū minal-‘ażābi maddā(n).
[79]
Babar pisan ora! Ingsun bakal nyathet apa sing dhéwéké ucapna, lan Ingsun bakal ndawakna siksa nggo dhéwéké kanthi sempurna,
وَّنَرِثُهٗ مَا يَقُوْلُ وَيَأْتِيْنَا فَرْدًا٨٠
Wa nariṡuhū mā yaqūlu wa ya'tīnā fardā(n).
[80]
lan Ingsun bakal marisi apa sing dhéwéké ucapna kuwé, 507 lan dhéwéké bakal teka maring Ingsun dhéwékan.
507) Gusti Allah bakal njikot maring bandha lan anak-anaké, nganti dhéwéké nemoni Gusti Allah dhéwékan.
وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اٰلِهَةً لِّيَكُوْنُوْا لَهُمْ عِزًّا ۙ٨١
Wattakhażū min dūnillāhi ālihatal liyakūnū lahum ‘izzā(n).
[81]
Lan dhéwéké wis padha milih sembahan-sembahan seliyané Gusti Allah, supayané sembahan-sembahan kuwé dadi pengayom tumrap wong-wong kuwé,
كَلَّا ۗسَيَكْفُرُوْنَ بِعِبَادَتِهِمْ وَيَكُوْنُوْنَ عَلَيْهِمْ ضِدًّا ࣖ٨٢
Kallā, sayakfurūna bi‘ibādatihim wa yakūnūna ‘alaihim ḍiddā(n).
[82]
babar pisan ora! mbésuk dhéwéké kabéh (sembahan) kuwé bakal ngingkari penyembahané wong-wong mau maring dhéwéké, lan bakal dadi mungsuh tumrap wong-wong mau.
اَلَمْ تَرَ اَنَّآ اَرْسَلْنَا الشَّيٰطِيْنَ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ تَؤُزُّهُمْ اَزًّا ۙ٨٣
Alam tara annā arsalnasy-syayāṭīna ‘alal-kāfirīna ta'uzzuhum azzā(n).
[83]
Apa ko ora weruh, lamon setemené Ingsun wis ngutus sétan-sétan kuwé maring wong-wong mbangkang (kapir) nggo nyengkuyung dhéwéké (nglakoni maksiat) kanthi temenan?
فَلَا تَعْجَلْ عَلَيْهِمْۗ اِنَّمَا نَعُدُّ لَهُمْ عَدًّا ۗ٨٤
Falā ta‘jal ‘alaihim, innamā na‘uddu lahum ‘addā(n).
[84]
Mangka aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) gugup (nyuwunaken bendu) nggo wong-wong kuwé, merga Ingsun ngétung kanthi étungan sing tliti (tekané dina siksa) nggo dhéwéké kabéh.
يَوْمَ نَحْشُرُ الْمُتَّقِيْنَ اِلَى الرَّحْمٰنِ وَفْدًا٨٥
Yauma naḥsyurul-muttaqīna ilar-raḥmāni wafdā(n).
[85]
(Élinga) neng dinané (rikala) Ingsun ngumpulna wong-wong sing padha semarah (takwa) maring (Gusti Allah) Sing Mahaasih, kaya-kaya rombongan sing desubya-subya,
وَنَسُوْقُ الْمُجْرِمِيْنَ اِلٰى جَهَنَّمَ وِرْدًا ۘ٨٦
Wa nasūqul-mujrimīna ilā jahannama wirdā(n).
[86]
lan Ingsun bakal nggiring wong-wong sing padha duraka maring neraka Jahanam neng kahanan padha ngonggor.
لَا يَمْلِكُوْنَ الشَّفَاعَةَ اِلَّا مَنِ اتَّخَذَ عِنْدَ الرَّحْمٰنِ عَهْدًا ۘ٨٧
Lā yamlikūnasy-syafā‘ata illā manittakhaża ‘indar-raḥmāni ‘ahdā(n).
[87]
Dhéwéké padha ora duwé hak olih pitulungan (sapangat) kejaba wong sing wis gawé janjian neng sisihé (Gusti Allah) Sing Mahaasih. 508
508) “Nganakna janjian karo Gusti Allah” yakuwé nglakoni sekabéh préntahé Gusti Allah kanthi precaya lan takwa maring Penjenengané.
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمٰنُ وَلَدًا ۗ٨٨
Wa qāluttakhażar-raḥmānu waladā(n).
[88]
Lan wong-wong kuwé padha ngucap, “(Gusti Allah) Sing Mahaasih kagungan putra.”
لَقَدْ جِئْتُمْ شَيْـًٔا اِدًّا ۙ٨٩
Laqad ji'tum syai'an iddā(n).
[89]
Temen, ko padha wis nggawa sewiji-wiji sing banget nyimpangé (mungkar).
تَكَادُ السَّمٰوٰتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْهُ وَتَنْشَقُّ الْاَرْضُ وَتَخِرُّ الْجِبَالُ هَدًّا ۙ٩٠
Takādus-samāwātu yatafaṭṭarna minhu wa tansyaqqul-arḍu wa takhirrul-jibālu haddā(n).
[90]
meh baé langit pecah, lan bumi sigar, lan gunung-gunung gugur (merga pengucap kuwé),
اَنْ دَعَوْا لِلرَّحْمٰنِ وَلَدًا ۚ٩١
An da‘au lir-raḥmāni waladā(n).
[91]
merga dhéwéké padha nganggep (Gusti Allah) Sing Mahaasih kagungan putra.
وَمَا يَنْۢبَغِيْ لِلرَّحْمٰنِ اَنْ يَّتَّخِذَ وَلَدًا ۗ٩٢
Wa mā yambagī lir-raḥmāni ay yattakhiża waladā(n).
[92]
Lan ora gadhang tumrap (Gusti Allah) Sing Mahaasih kagungan putra.
اِنْ كُلُّ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ اِلَّآ اٰتِى الرَّحْمٰنِ عَبْدًا ۗ٩٣
In kullu man fis-samāwāti wal-arḍi illā ātir-raḥmāni ‘abdā(n).
[93]
Ora nana sewiji baé wong neng langit lan neng bumi, kejaba arep padha teka maring (Gusti Allah) Sing Mahaasih minangka sewiji kawula.
لَقَدْ اَحْصٰىهُمْ وَعَدَّهُمْ عَدًّا ۗ٩٤
Laqad aḥṣāhum wa ‘addahum ‘addā(n).
[94]
Penjenengané (Gusti Allah) nyata-nyata wis nemtokna cacahé wong-wong kuwé lan ngétung dhéwéké kabéh kanthi étungan sing nastiti.
وَكُلُّهُمْ اٰتِيْهِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فَرْدًا٩٥
Wa kulluhum ātīhi yaumal-qiyāmati fardā(n).
[95]
Lan saben wong sekang dhéwéké kabéh bakal teka maring Gusti Allah dhéwék-dhéwék neng dina Kiyamat.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَيَجْعَلُ لَهُمُ الرَّحْمٰنُ وُدًّا٩٦
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sayaj‘alu lahumur-raḥmānu wuddā(n).
[96]
Setemené wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, mbésuk (Gusti Allah) Sing Mahaasih bakal nandur rasa welas asih (neng njero atiné wong-wong kuwé).
فَاِنَّمَا يَسَّرْنٰهُ بِلِسَانِكَ لِتُبَشِّرَ بِهِ الْمُتَّقِيْنَ وَتُنْذِرَ بِهٖ قَوْمًا لُّدًّا٩٧
Fa innamā yassarnāhu bilisānika litubasysyira bihil-muttaqīna wa tunżira bihī qaumal luddā(n).
[97]
Mangka temen, wis Ingsun gampangna (Al-Qur`an) kuwé nganggo basamu (Muhammad), supayané kanthi kuwé sliramu bisa awéh werta bebungah maring wong-wong sing padha semarah (takwa) lan supayané sliramu bisa awéh pengamang-amang maring kaum sing padha mbangkang.
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍۗ هَلْ تُحِسُّ مِنْهُمْ مِّنْ اَحَدٍ اَوْ تَسْمَعُ لَهُمْ رِكْزًا ࣖ٩٨
Wa kam ahlaknā qablahum min qarn(in), hal tuḥissu minhum min aḥadin au tasma‘u lahum rikzā(n).
[98]
Lan pira akéhé umat sing wis Ingsun tumpes seurungé wong-wong mau supaya sliramu (Muhammad) weruh salah sijiné wong sekang dhéwéké kabéh utawa sliramu krungu krisikané wong-wong kuwé?