Surah Al-Kahf
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ عَلٰى عَبْدِهِ الْكِتٰبَ وَلَمْ يَجْعَلْ لَّهٗ عِوَجًا ۜ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī anzala ‘alā ‘abdihil-kitāba wa lam yaj‘al lahū ‘iwajā(n).
[1]
Sekabéh pengalembana kagungané Gusti Allah sing wis nurunaken Kitab (Al-Qur’an) maring kawula-Né lan Penjenengané ora ndadékna (kitab kuwé) ménggok, 484
484) Ora nana neng njero Al-Qur’an teges sing lawanan lan ora nana sing nyimpang sekang prekara sing bener.
قَيِّمًا لِّيُنْذِرَ بَأْسًا شَدِيْدًا مِّنْ لَّدُنْهُ وَيُبَشِّرَ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا حَسَنًاۙ٢
Qayyimal liyunżira ba'san syadīdam mil ladunhu wa yubasysyiral-mu'minīnal-lażīna ya‘malūnaṣ-ṣāliḥāti anna lahum ajran ḥasanā(n).
[2]
minangka tuntunan sing jejeg, nggo ngémutna anané siksa sing banget larané sekang sisihé Penjenengané lan awéh werta bebungah maring wong-wong mukmin sing nglakoni kebecikan lamon dhéwéké bakal padha nampa piwales sing apik.
مّٰكِثِيْنَ فِيْهِ اَبَدًاۙ٣
Mākiṡīna fīhi abadā(n).
[3]
Wong-wong mau langgeng neng njeroné nggo selawas-lawasé.
وَّيُنْذِرَ الَّذِيْنَ قَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًاۖ٤
Wa yunżiral-lażīna qāluttakhażallāhu waladā(n).
[4]
Lan nggo ngémutna maring wong-wong sing padha ngucap, “Gusti Allah mundhut sewiji anak.”
مَّا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍ وَّلَا لِاٰبَاۤىِٕهِمْۗ كَبُرَتْ كَلِمَةً تَخْرُجُ مِنْ اَفْوَاهِهِمْۗ اِنْ يَّقُوْلُوْنَ اِلَّا كَذِبًا٥
Mā lahum bihī min ‘ilmiw wa lā li'ābā'ihim, kaburat kalimatan takhruju min afwāhihim, iy yaqūlūna illā każibā(n).
[5]
Dhéwéké babar pisan padha ora duwé kawruh ngenani prekara kuwé, semana uga kaki-nininé. Banget alané ucapan sing metu sekang lambéné wong-wong mau, dhéwéké ora padha ngomongna (sewiji-wiji) kejaba mung apus-apus blaka.
فَلَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ اِنْ لَّمْ يُؤْمِنُوْا بِهٰذَا الْحَدِيْثِ اَسَفًا٦
Fa la‘allaka bākhi‘un nafsaka ‘alā āṡārihim illam yu'minū bihāżal-ḥadīṡi asafā(n).
[6]
Mangka bisa uga sliramu (Muhammad) bakal ngapesna awakmu merga lara ati sewisé dhéwéké padha mléngos, sekirané wong-wong kuwé ora precaya maring keterangan kiyé (Al-Qur’an).
اِنَّا جَعَلْنَا مَا عَلَى الْاَرْضِ زِيْنَةً لَّهَا لِنَبْلُوَهُمْ اَيُّهُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا٧
Innā ja‘alnā mā ‘alal-arḍi zīnatal lahā linabluwahum ayyuhum aḥsanu ‘amalā(n).
[7]
Setemené Ingsun wis ndadékna apa sing ana neng bumi minangka pepaés nggo (bumi) kuwé, supaya Ingsun nguji wong-wong mau sapa neng antarané dhéwéké kabéh sing paling bagus penggawéané.
وَاِنَّا لَجٰعِلُوْنَ مَا عَلَيْهَا صَعِيْدًا جُرُزًاۗ٨
Wa innā lajā‘ilūna mā ‘alaihā ṣa‘īdan juruzā(n).
[8]
Lan setemené Ingsun temen-temen bakal ndadékna (uga) apa sing sendhuwuré (bumi) dadi lemah sing cengkar lan garing.
اَمْ حَسِبْتَ اَنَّ اَصْحٰبَ الْكَهْفِ وَالرَّقِيْمِ كَانُوْا مِنْ اٰيٰتِنَا عَجَبًا٩
Am ḥasibta anna aṣḥābal-kahfi war-raqīmi kānū min āyātinā ‘ajabā(n).
[9]
Apa ko padha nyana lamon wong sing manggon neng gua, lan (sing nduwéni) raqim 485 kuwé, dhéwéké kabéh klebu tandha-tandha (agungé) Ingsun sing gawé gumun?
485) Raqim, sebagéan ahli tapsir negesna jenengé asu lan sebagéan negesna watu sing ana tulisané.
اِذْ اَوَى الْفِتْيَةُ اِلَى الْكَهْفِ فَقَالُوْا رَبَّنَآ اٰتِنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً وَّهَيِّئْ لَنَا مِنْ اَمْرِنَا رَشَدًا١٠
Iż awal-fityatu ilal-kahfi fa qālū rabbanā ātinā mil ladunka raḥmataw wa hayyi' lanā min amrinā rasyadā(n).
[10]
(Élinga) rikala wong-wong lanang enom kuwé padha umpetan maring njero gua banjur dhéwéké padha nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, mugi paring kewelasan dhateng kula sedaya saking sisihipun Penjenengan lan mugi nyempurnakaken pituduh ingkang jejeg kanggé kula wonten urusan kula sami.”
فَضَرَبْنَا عَلٰٓى اٰذَانِهِمْ فِى الْكَهْفِ سِنِيْنَ عَدَدًاۙ١١
Faḍarabnā ‘alā āżānihim fil-kahfi sinīna ‘adadā(n).
[11]
Mangka Ingsun tutup kupingé dhéwéké kabéh neng njero gua kuwé 486 nganti pirang-pirang taun,
486) Gusti Allah nurokna wong-wong nom kuwé suwéné 309 taun qomariyah neng njero guwa. Tiliki ayat 25 surat kiyé, nganti wong-wong kuwé ora bisa détangékna déning sewara apa baé.
ثُمَّ بَعَثْنٰهُمْ لِنَعْلَمَ اَيُّ الْحِزْبَيْنِ اَحْصٰى لِمَا لَبِثُوْٓا اَمَدًا ࣖ١٢
Ṡumma ba‘aṡnāhum lina‘lama ayyul-ḥizbaini aḥṣā limā labiṡū amadā(n).
[12]
banjur Ingsun tangékna wong-wong kuwé, supayané Ingsun ngawuningani, endi neng antarané golongan loro kuwé 487 sing paling pas olihé ngétung sepira suwéné dhéwéké padha manggon (neng guwa).
487) Golongan loro kuwé wong-wong enom kuwé lan sing pesulayan ngenani sepira suwéné olihé manggon neng guwa.
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ نَبَاَهُمْ بِالْحَقِّۗ اِنَّهُمْ فِتْيَةٌ اٰمَنُوْا بِرَبِّهِمْ وَزِدْنٰهُمْ هُدًىۖ١٣
Naḥnu naquṣṣu ‘alaika naba'ahum bil-ḥaqq(i), innahum fityatun āmanū birabbihim wa zidnāhum hudā(n).
[13]
Ingsun nyritakna maring sliramu (Muhammad) riwayate wong-wong mau kanthi sebeneré. Setemené dhéwéké kuwé wong-wong enom sing padha precaya maring Pengérané, lan Ingsun nambahi pituduh maring dhéwéké kabéh.
وَّرَبَطْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اِذْ قَامُوْا فَقَالُوْا رَبُّنَا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَنْ نَّدْعُوَا۟ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلٰهًا لَّقَدْ قُلْنَآ اِذًا شَطَطًا١٤
Wa rabaṭnā ‘alā qulūbihim iż qāmū fa qālū rabbunā rabbus-samāwāti wal-arḍi lan nad‘uwa min dūnihī ilāhal laqad qulnā iżan syaṭaṭā(n).
[14]
Lan Ingsun teguhna atiné wong-wong mau rikala dhéwéké padha ngadeg 488 banjur ngucap, “Pengérané inyong kabéh yakuwé Pengérané langit lan bumi; inyong kabéh ora nyebut sembahan seliyané Penjenengané. Temen, angger inyong padha nglakoni sing kaya kuwé, temtu inyong kabéh wis ngucapna tembung sing adoh banget sekang bebener.”
488) Menyat lan ngadep Raja Dikyanus sing dolim lan sombong.
هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمُنَا اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةًۗ لَوْلَا يَأْتُوْنَ عَلَيْهِمْ بِسُلْطٰنٍۢ بَيِّنٍۗ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۗ١٥
Hā'ulā'i qaumunattakhażū min dūnihī ālihah(tan), lau lā ya'tūna ‘alaihim bisulṭānim bayyin(in), faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibā(n).
[15]
Dhéwéké kuwé kaumé inyong kabéh sing wis ndadékna sembahan-sembahan (nggo désembah) seliyané Penjenengané. Kenangapa dhéwéké ora padha mertélakna alesan sing genah (ngenani peprecayaé)? Mangka sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing ngreka apus-apus maring Gusti Allah?
وَاِذِ اعْتَزَلْتُمُوْهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللّٰهَ فَأْوٗٓا اِلَى الْكَهْفِ يَنْشُرْ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِّنْ رَّحْمَتِهٖ وَيُهَيِّئْ لَكُمْ مِّنْ اَمْرِكُمْ مِّرْفَقًا١٦
Wa iżi‘tazaltumūhum wa mā ya‘budūna illallāha fa'wū ilal-kahfi yansyur lakum rabbukum mir raḥmatihī wa yuhayyi' lakum min amrikum mirfaqā(n).
[16]
Lan angger ko padha ninggalna wong-wong lan apa sing dhéwéké padha sembah seliyané Gusti Allah, mangka goléta nggon umpetan mau neng njero guwa kuwé, mesthi Pengéranmu bakal nglubérna sebagéan kewelasan-É maring ko kabéh lan nyedhiakna sewiji-wiji sing migunani tumrapmu neng urusané ko kabéh. 489
489) Ucapan kiyé antarané wong-wong kuwé dhéwék merga anané wisik (ilham) sekang Gusti Allah
۞ وَتَرَى الشَّمْسَ اِذَا طَلَعَتْ تَّزٰوَرُ عَنْ كَهْفِهِمْ ذَاتَ الْيَمِيْنِ وَاِذَا غَرَبَتْ تَّقْرِضُهُمْ ذَاتَ الشِّمَالِ وَهُمْ فِيْ فَجْوَةٍ مِّنْهُۗ ذٰلِكَ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ ۗمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ وَلِيًّا مُّرْشِدًا ࣖ١٧
Wa tarasy-syamsa iżā ṭala‘at tazāwaru ‘an kahfihim żātal-yamīni wa iżā garabat taqriḍuhum żātasy-syimāli wa hum fī fajwatim minh(u), żālika min āyātillāh(i), may yahdillāhu fa huwal-muhtadi wa may yuḍlil falan tajida lahū waliyyam mursyidā(n).
[17]
Lan ko bakal weruh srengéngé rikala mlethék, dhoyong sekang guwané dhéwéké maring sisih tengen, lan rikala surup, ngedohi maring sisih kiwé lan wong-wong kuwé ana neng nggon sing amba neng njeroné (guwa). Kuwé sebagéan sekang tandha-tandha (agungé) Gusti Allah. Sapa wongé sing déparingi pituduh déning Gusti Allah, wong mau sing olih pituduh, lan sapa wongé sing désasarna déning Penjenengané, mangka ko ora bakal nemu sewiji penulung sing bisa awéh pituduh maring dhéwéké.
وَتَحْسَبُهُمْ اَيْقَاظًا وَّهُمْ رُقُوْدٌ ۖوَّنُقَلِّبُهُمْ ذَاتَ الْيَمِيْنِ وَذَاتَ الشِّمَالِ ۖوَكَلْبُهُمْ بَاسِطٌ ذِرَاعَيْهِ بِالْوَصِيْدِۗ لَوِ اطَّلَعْتَ عَلَيْهِمْ لَوَلَّيْتَ مِنْهُمْ فِرَارًا وَّلَمُلِئْتَ مِنْهُمْ رُعْبًا١٨
Wa taḥsabuhum aiqāẓaw wa hum ruqūd(un), wa nuqallibuhum żātal-yamīni wa żātasy-syimāl(i), wa kalbuhum bāsiṭun żirā‘aihi bil-waṣīd(i), lawiṭṭala‘ta ‘alaihim lawallaita minhum firāraw wa lamuli'ta minhum ru‘bā(n).
[18]
Lan sliramu ngira wong-wong enom mau ora turu, mangkané dhéwéké padha turu; lan Ingsun wolak-walik dhéwéké kabéh maring tengen lan maring kiwé, éwadéné asuné nylonjorna sikilé neng ngarep lawang guwa. Lan angger sliramu weruh wong-wong mau mesti sliramu bakal mléngos mlayu sekang dhéwéké lan mesthi sliramu bakal wedi maring dhéwéké kabéh.
وَكَذٰلِكَ بَعَثْنٰهُمْ لِيَتَسَاۤءَلُوْا بَيْنَهُمْۗ قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ كَمْ لَبِثْتُمْۗ قَالُوْا لَبِثْنَا يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍۗ قَالُوْا رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا لَبِثْتُمْۗ فَابْعَثُوْٓا اَحَدَكُمْ بِوَرِقِكُمْ هٰذِهٖٓ اِلَى الْمَدِيْنَةِ فَلْيَنْظُرْ اَيُّهَآ اَزْكٰى طَعَامًا فَلْيَأْتِكُمْ بِرِزْقٍ مِّنْهُ وَلْيَتَلَطَّفْ وَلَا يُشْعِرَنَّ بِكُمْ اَحَدًا١٩
Wa każālika ba‘aṡnāhum liyatasā'alū bainahum, qāla qā'ilum minhum kam labiṡtum, qālū labiṡnā yauman au ba‘ḍa yaum(in), qālū rabbukum a‘lamu bimā labiṡtum, fab‘aṡū aḥadakum biwariqikum hāżihī ilal-madīnati falyanẓur ayyuhā azkā ṭa‘āman falya'tikum birizqim minhu walyatalaṭṭaf wa lā yusy‘iranna bikum aḥadā(n).
[19]
Lan mengkana kuwé Ingsun tangékna wong-wong mau, supayané neng antarané dhéwéké padha takon-takonan. Salah siji neng antarané wong-wong kuwé ngucap, “Wis pira suwéné ko manggon (neng kéné)?” Wong-wong (liyané) mangsuli, “Inyong kabéh padha manggon (neng kéné) sedina utawané setengah dina.” (Sing liyané) ngucap, “Pengéranmu lewih priksa sepira suwéné ko manggon (neng kéné). Mangka préntaha salah siji neng antarané ko kabéh maring kota karo nggawa dhuwit pérakmu kiyé, lan jajal deleng endi panganan sing lewih apik, lan gawanen panganan kuwé nggo ko kabéh, lan dhéwéké peryoga temindak sing alus, lan aja pisan-pisan nyritakna kahananmu maring sapa baé.
اِنَّهُمْ اِنْ يَّظْهَرُوْا عَلَيْكُمْ يَرْجُمُوْكُمْ اَوْ يُعِيْدُوْكُمْ فِيْ مِلَّتِهِمْ وَلَنْ تُفْلِحُوْٓا اِذًا اَبَدًا٢٠
Innahum iy yaẓharū ‘alaikum yarjumūkum au yu‘īdūkum fī millatihim wa lan tufliḥū iżan abadā(n).
[20]
Setemené angger wong-wong padha ngaweruhi panggonanmu, mesthi dhéwéké bakal mbandhemi watu maring ko kabéh, utawa meksa ko padha bali maring agama-né dhéwéké, lan angger kaya kuwé mesthi ko ora bakal padha begya selawasé.”
وَكَذٰلِكَ اَعْثَرْنَا عَلَيْهِمْ لِيَعْلَمُوْٓا اَنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّاَنَّ السَّاعَةَ لَا رَيْبَ فِيْهَاۚ اِذْ يَتَنَازَعُوْنَ بَيْنَهُمْ اَمْرَهُمْ فَقَالُوا ابْنُوْا عَلَيْهِمْ بُنْيَانًاۗ رَبُّهُمْ اَعْلَمُ بِهِمْۗ قَالَ الَّذِيْنَ غَلَبُوْا عَلٰٓى اَمْرِهِمْ لَنَتَّخِذَنَّ عَلَيْهِمْ مَّسْجِدًا٢١
Wa każālika a‘ṡarnā ‘alaihim liya‘lamū anna wa‘dallāhi ḥaqquw wa annas-sā‘ata lā raiba fīhā, iż yatanāza‘ūna bainahum amrahum fa qālubnū ‘alaihim bun-yānā(n), rabbuhum a‘lamu bihim, qālal-lażīna galabū ‘alā amrihim lanattakhiżanna ‘alaihim masjidā(n).
[21]
Lan kaya kuwé (uga) Ingsun ngawéruhna (menungsa) maring wong-wong enom kuwé, supayané (menungsa) padha ngerti, lamon janjiné Gusti Allah mesthi bener, lan (tekané) dina Kiyamat ora nana kemamang-an. Rikala wong-wong padha pesulayan neng urusané, 490 banjur ana sing ngucap, “Degna baé gedhong neng ndhuwuré (guwané) wong-wong enom kuwé, Pengérané wong-wong enom kuwé lewih priksa kahanané dhéwéké kabéh.” Wong sing nyekel kewasa ingatasé urusané wong akéh kuwé ngucap, “Inyong kabéh mesthi bakal ngedegna sewiji umah pemujan neng ndhuwuré (guwa kuwé).”
490) Sing dadi pesulayan yakuwé bab dina Kiyamat, apa arep kedadén utawa ora lan apa iya menungsa olihé détangékna neng dina Kiyamat karo jasad lan rohé utawa rohé thok. Mangka Gusti Allah nemokna wong-wong mau karo “ahli guwa” neng crita kiyé nggo nggenahna lamon dina Kiyamat mesthi bakal teka lan menungsa olihé détangékna neng dina Kiyamat kuwé raga karo rohé.
سَيَقُوْلُوْنَ ثَلٰثَةٌ رَّابِعُهُمْ كَلْبُهُمْۚ وَيَقُوْلُوْنَ خَمْسَةٌ سَادِسُهُمْ كَلْبُهُمْ رَجْمًاۢ بِالْغَيْبِۚ وَيَقُوْلُوْنَ سَبْعَةٌ وَّثَامِنُهُمْ كَلْبُهُمْ ۗقُلْ رَّبِّيْٓ اَعْلَمُ بِعِدَّتِهِمْ مَّا يَعْلَمُهُمْ اِلَّا قَلِيْلٌ ەۗ فَلَا تُمَارِ فِيْهِمْ اِلَّا مِرَاۤءً ظَاهِرًا ۖوَّلَا تَسْتَفْتِ فِيْهِمْ مِّنْهُمْ اَحَدًا ࣖ٢٢
Sayaqūlūna ṡalāṡatur rābi‘uhum kalbuhum, wa yaqūlūna khamsatun sādisuhum kalbuhum rajmam bil-gaib(i), wa yaqūlūna sab‘atuw wa ṡāminuhum kalbuhum, qur rabbī a‘lamu bi‘iddatihim mā ya‘lamuhum illā qalīl(un), falā tumāri fīhim illā mirā'an ẓāhirā(n), wa lā tastafti fīhim minhum aḥadā(n).
[22]
Mengko (ana wong sing bakal) ngucap, 491 “(Cacahé wong enom kuwé) telu, sing kapat asuné,” lan (sing liyané) ngucap, “(Cacahé dhéwéké) lima, sing kanem asuné,” minangka pengira-ira ingatasé (prekara) sing gaib; lan (sing liyané) ngucap, “(Cacahé dhéwéké) pitu, sing kewolu asuné.” Dhawuha (Muhammad), “Pengéranku lewih ngawuningani cacahé dhéwéké, ora nana sing ngerti (cacahé) dhéwéké kejaba semendhing.” Merga ku-wé aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) bantah-bantahan ngenani prekara wong-wong kuwé, kejaba bantah-bantahan neng lair baé lan aja pisan-pisan sliramu nakokna ngenani dhéwéké (wong-wong enom kuwé) maring sapa baé.
491) Ahli Kitab lan liyané neng jamané Nabi Muhammad s.a.w.
وَلَا تَقُوْلَنَّ لِشَا۟يْءٍ اِنِّيْ فَاعِلٌ ذٰلِكَ غَدًاۙ٢٣
Wa lā taqūlanna lisyai'in innī fā‘ilun żālika gadā(n).
[23]
Lan aja pisan-pisan sliramu ngucapna ingatasé sewiji-wiji, “Inyong mesthi bakal nglakoni kuwé ngésuk,”
اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۖوَاذْكُرْ رَّبَّكَ اِذَا نَسِيْتَ وَقُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّهْدِيَنِ رَبِّيْ لِاَقْرَبَ مِنْ هٰذَا رَشَدًا٢٤
Illā ay yasyā'allāh(u), ważkur rabbaka iżā nasīta wa qul ‘asā ay yahdiyani rabbī li'aqraba min hāżā rasyadā(n).
[24]
kejaba (karo ngucapna), “Insya Allah.” 492 Lan élinga maring Pengéranmu rikala sliramu kelalén lan dhawuha, “Moga-moga Pengéranku bakal paring pituduh maring awak inyong supaya inyong sing lewih pérek (beneré) tenimbang kiyé.”
492) Miturut riwayat, ana wong Quraisy sing takon maring Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w ngenani roh, critané Ashabul Kahfi (wong sing manggon neng guwa) lan critané Zulkarnaen banjur kiyambeké njawab, tekaa ngésuk maring sliraku supayané tek critakna maring ko. Lan kiyambeké ora ngendika Insya Allah (tegesé angger Gusti Allah ngersakna). Ning nyatané ngasi dina ésuké wahyu ora temurun kanggo nyritakna prekara-prekara mau lan Kanjeng Nabi ora téyéng njawab. Mula temurun ayat 23-24 kuwé ndhuwur, dadi piwulang maring Kanjeng Nabi. Gusti Allah uga ngémutna lamon Kanjeng Nabi kesupén nyebut Insya Allah kudu gagiyan nyebut bar-baré.
وَلَبِثُوْا فِيْ كَهْفِهِمْ ثَلٰثَ مِائَةٍ سِنِيْنَ وَازْدَادُوْا تِسْعًا٢٥
Wa labiṡū fī kahfihim ṡalāṡa mi'atin sinīna wazdādū tis‘ā(n).
[25]
Lan wong-wong enom mau manggon neng guwa suwéné telungatus taun détambah sangang taun.
قُلِ اللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا لَبِثُوْا ۚ لَهٗ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَبْصِرْ بِهٖ وَاَسْمِعْۗ مَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّۗ وَلَا يُشْرِكُ فِيْ حُكْمِهٖٓ اَحَدًا٢٦
Qulillāhu a‘lamu bimā labiṡū, lahū gaibus-samāwāti wal-arḍ(i), abṣir bihī wa asmi‘, mā lahum min dūnihī miw waliyy(in), wa lā yusyriku fī ḥukmihī aḥadā(n).
[26]
Dhawuha, “Gusti Allah lewih ngawuning-ani pira suwéné wong-wong kuwé padha manggon (neng guwa), kagungané Penjenengané kabéh sing keumpet neng langit lan bumi. Banget awasé pemriksa-Né lan banget cethané pemireng-É, ora nana sewiji pengayom baé seliyané Penjeneng-ané; lan Penjenengané ora mundhut wong sewiji baé dadi sekuthon-É nggo netepna putusan.
وَاتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنْ كِتَابِ رَبِّكَۗ لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِهٖۗ وَلَنْ تَجِدَ مِنْ دُوْنِهٖ مُلْتَحَدًا٢٧
Watlu mā ūḥiya ilaika min kitābi rabbik(a), lā mubaddila likalimātih(ī), wa lan tajida min dūnihī multaḥadā(n).
[27]
Lan wacakna (Muhammad) apa sing déwahyokna maring sliramu, yakuwé Kitabé Pengéranmu (Al-Qur’an). Ora nana sing bisa ngowahi kalimah-kalimahé Penjenengané. Lan sliramu ora bakal bisa nemokna nggon pengayoman seliyané Penjenengané.
وَاصْبِرْ نَفْسَكَ مَعَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَدٰوةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَهٗ وَلَا تَعْدُ عَيْنٰكَ عَنْهُمْۚ تُرِيْدُ زِيْنَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ وَلَا تُطِعْ مَنْ اَغْفَلْنَا قَلْبَهٗ عَنْ ذِكْرِنَا وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ وَكَانَ اَمْرُهٗ فُرُطًا٢٨
Waṣbir nafsaka ma‘al-lażīna yad‘ūna rabbahum bil-gadāti wal-‘asyiyyi yurīdūna wajhahū wa lā ta‘du ‘aināka ‘anhum, turīdu zīnatal-ḥayātid-dun-yā, wa lā tuṭi‘ man agfalnā qalbahū ‘an żikrinā wattaba‘a hawāhu wa kāna amruhū furuṭā(n).
[28]
Lan sabara sliramu (Muhammad) bareng wong-wong sing padha nyebut (asma) Pengérané neng wektu ésuk lan soré karo ngarep-arep karenané Penjenengané lan aja pisan-pisan mripat loromu mléngos sekang wong-wong kuwé (merga) ngarep-na pepaésé urip neng dunya, lan sliramu aja ngetutna wong sing atiné wis Ingsun kelalénaken sekang ngemut-emut maring Ingsun, uga nuruti kekarepané lan kahanané wis ngliwati wates.
وَقُلِ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكُمْۗ فَمَنْ شَاۤءَ فَلْيُؤْمِنْ وَّمَنْ شَاۤءَ فَلْيَكْفُرْۚ اِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلظّٰلِمِيْنَ نَارًاۙ اَحَاطَ بِهِمْ سُرَادِقُهَاۗ وَاِنْ يَّسْتَغِيْثُوْا يُغَاثُوْا بِمَاۤءٍ كَالْمُهْلِ يَشْوِى الْوُجُوْهَۗ بِئْسَ الشَّرَابُۗ وَسَاۤءَتْ مُرْتَفَقًا٢٩
Wa qulil-ḥaqqu mir rabbikum, faman syā'a falyu'miw wa man syā'a falyakfur, innā a‘tadnā liẓ-ẓālimīna nārā(n), aḥāṭa bihim surādiquhā, wa iy yastagīṡū yugāṡū bimā'in kal-muhli yasywil-wujūh(a), bi'sasy-syarāb(u), wa sā'at murtafaqā(n).
[29]
Lan dhawuha (Muhammad), “Bebener kuwé tekané sekang Pengéranmu, sapa wongé sing nggayuh (precaya) mangka precayaa, lan sapa sing kepéngin mbangkang (kapir) jorna baé kon kapir.” Setemené Ingsun wis nyedhiakna neraka nggo wong-wong sing aniaya (dolim), sing gemluguré ngepung wong-wong kuwé. Angger dhéwéké padha njaluk tulung (nginum), wong-wong kuwé bakal déparingi banyu sing kaya wesi umeb sing nggesengna rai. (Kuwé) inuman sing paling ala lan panggonan ngaso sing paling nistha.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اِنَّا لَا نُضِيْعُ اَجْرَ مَنْ اَحْسَنَ عَمَلًاۚ٣٠
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti innā lā nuḍī‘u ajra man aḥsana ‘amalā(n).
[30]
Temen, wong sing padha precaya lan nglakoni kebagusan, Ingsun temen-temen ora bakal nyiya-nyiyakna ganjarané wong-wong sing nglakoni penggawéan sing becik kuwé.
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُ يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّيَلْبَسُوْنَ ثِيَابًا خُضْرًا مِّنْ سُنْدُسٍ وَّاِسْتَبْرَقٍ مُّتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِۗ نِعْمَ الثَّوَابُۗ وَحَسُنَتْ مُرْتَفَقًا ࣖ٣١
Ulā'ika lahum jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihimul-anhāru yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa yalbasūna ṡiyāban khuḍram min sundusiw wa istabraqim muttaki'īna fīhā ‘alal-arā'ik(i), ni‘maṡ-ṡawāb(u), wa ḥasunat murtafaqā(n).
[31]
Wong-wong mau sing olih suwarga Ngaden (‘Adn) sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan, (neng suwarga kuwé) dhéwéké padha déparingi pepaés gelang emas lan padha ngganggo sandhangan ijo sekang sutra alus lan sutra kandel, éwadéné dhéwéké padha njagong séndhéhan neng ndhuwur ambén-ambén sing maén. (Kuwé) seapik-apiké ganjaran lan panggonan ngaso sing semanger.
۞ وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلًا رَّجُلَيْنِ جَعَلْنَا لِاَحَدِهِمَا جَنَّتَيْنِ مِنْ اَعْنَابٍ وَّحَفَفْنٰهُمَا بِنَخْلٍ وَّجَعَلْنَا بَيْنَهُمَا زَرْعًاۗ٣٢
Waḍrib lahum maṡalar rajulaini ja‘alnā li'aḥadihimā jannataini min a‘nābiw wa ḥafafnāhumā binakhliw wa ja‘alnā bainahumā zar‘ā(n).
[32]
Lan paringna sliramu (Muhammad) maring wong-wong kuwé 493 sewiji peumpaman, wong lanang loro, 494 sing siji (sing kapir) Ingsun paringi kebon anggur loro lan Ingsun ubengi kebon loro kuwé karo wit-wit korma lan neng antarané loroné (kebon mau) Ingsun gawékna pegagan.
493) Maring wong mukmin lan wong kapir
494) Wong Yahudi loro sing siji mukmin lan sing siji kapir.
كِلْتَا الْجَنَّتَيْنِ اٰتَتْ اُكُلَهَا وَلَمْ تَظْلِمْ مِّنْهُ شَيْـًٔاۙ وَّفَجَّرْنَا خِلٰلَهُمَا نَهَرًاۙ٣٣
Kiltal-jannataini ātat ukulahā wa lam taẓlim minhu syai'ā(n), wa fajjarnā khilālahumā naharā(n).
[33]
Kebon loro kuwé ngasilna wohé lan ora suda (wohé) semendhing-mendhinga, lan neng sela-selané kebon loro kuwé Ingsun ilékna kali,
وَّكَانَ لَهٗ ثَمَرٌۚ فَقَالَ لِصَاحِبِهٖ وَهُوَ يُحَاوِرُهٗٓ اَنَا۠ اَكْثَرُ مِنْكَ مَالًا وَّاَعَزُّ نَفَرًا٣٤
Wa kāna lahū ṡamar(un), fa qāla liṣāḥibihī wa huwa yuḥāwiruhū ana akṡaru minka mālaw wa a‘azzu nafarā(n).
[34]
lan wong kuwé mau duwé bandha sing akéh, mangka dhéwéké banjur ngucap maring batiré (sing precaya) rikala kandhah maring dhéwéké, “Bandhaku lewih akéh tenimbang bandhamu lan balaku lewih kuwat.”
وَدَخَلَ جَنَّتَهٗ وَهُوَ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖۚ قَالَ مَآ اَظُنُّ اَنْ تَبِيْدَ هٰذِهٖٓ اَبَدًاۙ٣٥
Wa dakhala jannatahū wa huwa ẓālimul linafsih(ī), qāla mā aẓunnu an tabīda hāżihī abadā(n).
[35]
Lan wong kuwé mlebu keboné kanthi polah sing ngapitunani awaké dhéwék (merga gemedhé lan kapir), wong kuwé ngucap, “Inyong ngira kebon kiyé ora bakal mati selawasé,
وَّمَآ اَظُنُّ السَّاعَةَ قَاۤىِٕمَةً وَّلَىِٕنْ رُّدِدْتُّ اِلٰى رَبِّيْ لَاَجِدَنَّ خَيْرًا مِّنْهَا مُنْقَلَبًا٣٦
Wa mā aẓunnus-sā‘ata qā'imataw wa la'ir rudittu ilā rabbī la'ajidanna khairam minhā munqalabā(n).
[36]
lan inyong ngira dina Kiyamat ora bakal teka, lan angger sekirané inyong débalékna maring Pengérané inyong, mesthi inyong bakal olih panggonan bali sing lewih apik tenimbang kiyé.”
قَالَ لَهٗ صَاحِبُهٗ وَهُوَ يُحَاوِرُهٗٓ اَكَفَرْتَ بِالَّذِيْ خَلَقَكَ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ سَوّٰىكَ رَجُلًاۗ٣٧
Qāla lahū ṣāḥibuhū wa huwa yuḥāwiruhū akafarta bil-lażī khalaqaka min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma sawwāka rajulā(n).
[37]
Batiré (wong sing precaya) ngucap maring dhéwéké karo kandah, “Apa ko ingkar maring (Pengéran) sing nyiptakna ko sekang lemah, banjur sekang setétés banyu mani, banjur Penjenengané ndadékna ko wong lanang sing sampurna?
لٰكِنَّا۠ هُوَ اللّٰهُ رَبِّيْ وَلَآ اُشْرِكُ بِرَبِّيْٓ اَحَدًا٣٨
Lākinna huwallāhu rabbī wa lā usyriku birabbī aḥadā(n).
[38]
Ning inyong (precaya lamon), Penjeneng-ané kuwé Gusti Allah, Pengérané inyong, lan inyong ora bakal nyekuthokna Pengérané inyong karo apa baé.
وَلَوْلَآ اِذْ دَخَلْتَ جَنَّتَكَ قُلْتَ مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۙ لَا قُوَّةَ اِلَّا بِاللّٰهِ ۚاِنْ تَرَنِ اَنَا۠ اَقَلَّ مِنْكَ مَالًا وَّوَلَدًاۚ٣٩
Wa lau lā iż dakhalta jannataka qulta mā syā'allāh(u), lā quwwata illā billāh(i), in tarani ana aqalla minka mālaw wa waladā(n).
[39]
Lan kenangapa rikala ko mlebu maring kebonmu ora ngucapna “Masya Allah, la quwwata illa billah” (Temen, ingatasé kersané Gusti Allah, kabéh kiyé dadi mujud), ora nana daya kejaba kanthi (pitulungé) Gusti Allah, senajan ko nganggep bandha lan anak putuku lewih semendhing tenimbang (bandha lan anak-putu)mu.
فَعَسٰى رَبِّيْٓ اَنْ يُّؤْتِيَنِ خَيْرًا مِّنْ جَنَّتِكَ وَيُرْسِلَ عَلَيْهَا حُسْبَانًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَتُصْبِحَ صَعِيْدًا زَلَقًاۙ٤٠
Fa ‘asā rabbī ay yu'tiyani khairam min jannatika wa yursila ‘alaihā ḥusbānam minas-samā'i fa tuṣbiḥa ṣa‘īdan zalaqā(n).
[40]
Mangka moga-moga Pengéranku bakal paring maring inyong (kebon) sing lewih apik tenimbang kebonmu (kiyé); lan Penjenengané ngirim bledhég sekang langit maring kebonmu, saéngga (kebon kuwé) dadi lemah sing lunyu,
اَوْ يُصْبِحَ مَاۤؤُهَا غَوْرًا فَلَنْ تَسْتَطِيْعَ لَهٗ طَلَبًا٤١
Au yuṣbiḥa mā'uhā gauran falan tastaṭī‘a lahū ṭalabā(n).
[41]
utawa banyuné dadi remesep maring njero lemah, mangka ko ora bakal bisa nemokna (banyu kuwé) maning.”
وَاُحِيْطَ بِثَمَرِهٖ فَاَصْبَحَ يُقَلِّبُ كَفَّيْهِ عَلٰى مَآ اَنْفَقَ فِيْهَا وَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَا وَيَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ لَمْ اُشْرِكْ بِرَبِّيْٓ اَحَدًا٤٢
Wa uḥīṭa biṡamarihī fa aṣbaḥa yuqallibu kaffaihi ‘alā mā anfaqa fīhā wa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā wa yaqūlu yā laitanī lam usyrik birabbī aḥadā(n).
[42]
Dan bandha dunyané déajurna, banjur wong kuwé molak-malikna épék-épék tangan loroné (tandhané ngajog) ingatasé apa sing wis dhéwéké blanjakna nggo (urusan) kuwé, lan wit angguré rubuh karo anjang-anjangé banjur dhéwéké ngucap, “Énggané ganu inyong ora nyekuthokna Pengéranku karo apa baé.”
وَلَمْ تَكُنْ لَّهٗ فِئَةٌ يَّنْصُرُوْنَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَمَا كَانَ مُنْتَصِرًاۗ٤٣
Wa lam takul lahū fi'atuy yanṣurūnahū min dūnillāhi wa mā kāna muntaṣirā(n).
[43]
Lan ora nana (maning) tumrap wong kuwé sewiji golongan baé sing bisa nulungi dhéwéké seliyané Gusti Allah; lan dhéwéké uga ora bakal bisa mbélani awaké dhéwék.
هُنَالِكَ الْوَلَايَةُ لِلّٰهِ الْحَقِّۗ هُوَ خَيْرٌ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ عُقْبًا ࣖ٤٤
Hunālikal-walāyatu lillāhil-ḥaqq(i), huwa khairun ṡawābaw wa khairun ‘uqbā(n).
[44]
Neng kana, pitulungan kuwé mung sekang Gusti Allah sing Mahabener. Penjeneng-ané (sing paring) ganjaran sing paling apik lan (sing paring) piwales sing paling apik.
وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَاۤءٍ اَنْزَلْنٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ فَاخْتَلَطَ بِهٖ نَبَاتُ الْاَرْضِ فَاَصْبَحَ هَشِيْمًا تَذْرُوْهُ الرِّيٰحُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقْتَدِرًا٤٥
Waḍrib lahum maṡalal-ḥayātid-dun-yā kamā'in anzalnāhu minas-samā'i fakhtalaṭa bihī nabātul-arḍi fa aṣbaḥa hasyīman tażrūhur-riyāḥ(u), wa kānallāhu ‘alā kulli syai'im muqtadirā(n).
[45]
Lan gawékna nggo wong-wong (menungsa) peumpaman penguripan neng dunya kiyé, ibaraté banyu (udan) sing Ingsun turunaken sekang langit, saéngga gawé subur tandur-tanduran neng bumi, banjur (tandur-tanduran) kuwé dadi garing sing kabur kenang barat. Lan Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
اَلْمَالُ وَالْبَنُوْنَ زِيْنَةُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ وَالْبٰقِيٰتُ الصّٰلِحٰتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ اَمَلًا٤٦
Al-mālu wal-banūna zīnatul-ḥayātid-dun-yā, wal-bāqiyātuṣ-ṣāliḥātu khairun ‘inda rabbika ṡawābaw wa khairun amalā(n).
[46]
Bandha lan anak-anak kuwé pepaésé urip neng dunya ning laku becik sing sempulur (terus-terusan) kuwé lewih apik ganjarané neng sisihé Pengéranmu lan uga lewih apik nggo dadi pengarep-arep.
وَيَوْمَ نُسَيِّرُ الْجِبَالَ وَتَرَى الْاَرْضَ بَارِزَةًۙ وَّحَشَرْنٰهُمْ فَلَمْ نُغَادِرْ مِنْهُمْ اَحَدًاۚ٤٧
Wa yauma nusayyirul-jibāla wa taral-arḍa bārizah(tan), wa ḥasyarnāhum falam nugādir minhum aḥadā(n).
[47]
Lan (élinga) neng dina (rikala) Ingsun mlakokna gunung-gunung lan ko bakal weruh bumi dadi rata lan Ingsun ngum-pulna wong-wong (kabéh menungsa), lan ora nana siji baé sekang dhéwéké sing Ingsun tinggal.
وَعُرِضُوْا عَلٰى رَبِّكَ صَفًّاۗ لَقَدْ جِئْتُمُوْنَا كَمَا خَلَقْنٰكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۢ ۖبَلْ زَعَمْتُمْ اَلَّنْ نَّجْعَلَ لَكُمْ مَّوْعِدًا٤٨
Wa ‘uriḍū ‘alā rabbika ṣaffā(n), laqad ji'tumūnā kamā khalaqnākum awwala marratim bal za‘amtum allan naj‘ala lakum mau‘idā(n).
[48]
Lan wong-wong kabéh bakal dégawa maring ngersané Pengéranmu kanthi baris. (Gusti Allah dhawuh), “Setemené ko kabéh padha teka maring Ingsun, kayadé-né Ingsun nyiptakna ko kabéh neng wektu kawitan; malah ko padha nganggep Ingsun ora bakal netepna nggo ko kabéh wektuné (tangi nggo netepi) janji.
وَوُضِعَ الْكِتٰبُ فَتَرَى الْمُجْرِمِيْنَ مُشْفِقِيْنَ مِمَّا فِيْهِ وَيَقُوْلُوْنَ يٰوَيْلَتَنَا مَالِ هٰذَا الْكِتٰبِ لَا يُغَادِرُ صَغِيْرَةً وَّلَا كَبِيْرَةً اِلَّآ اَحْصٰىهَاۚ وَوَجَدُوْا مَا عَمِلُوْا حَاضِرًاۗ وَلَا يَظْلِمُ رَبُّكَ اَحَدًا ࣖ٤٩
Wa wuḍi‘al-kitābu fa taral-mujrimīna musyfiqīna mimmā fīhi wa yaqūlūna yā wailatanā mā lihāżal-kitābi lā yugādiru ṣagīrataw wa lā kabīratan illā aḥṣāhā, wa wajadū mā ‘amilū ḥaḍirā(n), wa lā yaẓlimu rabbuka aḥadā(n).
[49]
Lan dégléthakna kitab (catetan laku), banjur ko bakal weruh wong sing padha duwé dosa krasa kewedén maring apa sing (ketulis) neng njeroné, lan dhéwéké padha ngucap, “Banget cilakané inyong kabéh, kitab apa kiyé, ora nana sing kéri, sing cilik lan sing gedhé anging kecathet kabéh,” lan wong-wong mau weruh (kabéh) apa sing wis dhéwéké padha lakoni (ketulis). Lan Pengéranmu ora gawé kapitunan (dolim) maring sapa baé.
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ كَانَ مِنَ الْجِنِّ فَفَسَقَ عَنْ اَمْرِ رَبِّهٖۗ اَفَتَتَّخِذُوْنَهٗ وَذُرِّيَّتَهٗٓ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِيْ وَهُمْ لَكُمْ عَدُوٌّۗ بِئْسَ لِلظّٰلِمِيْنَ بَدَلًا٥٠
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), kāna minal-jinni fa fasaqa ‘an amri rabbih(ī), afa tattakhiżūnahū wa żurriyyatahū auliyā'a min dūnī wa hum lakum ‘aduww(un), bi'sa liẓ-ẓālimīna badalā(n).
[50]
Lan (élinga) rikala Ingsun dhawuh maring para malaékat, “Sujuda sliramu maring Adam!” Mangka dhéwéké banjur padha sujud kejaba iblis. Dhéwéké sekang (golongané) jin, mangka dhéwéké duraka maring dhawuhé Pengérané. Apa pantes ko padha ndadékna dhéwéké (iblis) lan anak putuné dadi pemimpin seliyané Ingsun, mangkané dhéwéké kuwé mungsuhmu? Banget alané (iblis kuwé) dadi gantiné (Gusti Allah) tumrap wong sing padha aniaya (dolim).
۞ مَآ اَشْهَدْتُّهُمْ خَلْقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَا خَلْقَ اَنْفُسِهِمْۖ وَمَا كُنْتُ مُتَّخِذَ الْمُضِلِّيْنَ عَضُدًا٥١
Mā asyhattuhum khalqas-samāwāti wal-arḍi wa lā khalqa anfusihim, wa mā kuntu muttakhiżal-muḍillīna ‘aḍudā(n).
[51]
Ingsun ora nekakna dhéwéké kabéh (iblis lan anak-putuné) nggo nyekséni penyiptanané langit lan bumi lan (uga) ora penyiptanané awake dhéwéké; lan Ingsun ora ndadékna wong sing nyasarna kuwé dadi penulung.
وَيَوْمَ يَقُوْلُ نَادُوْا شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ فَدَعَوْهُمْ فَلَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهُمْ وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ مَّوْبِقًا٥٢
Wa yauma yaqūlu nādū syurakā'iyal-lażīna za‘amtum fa da‘auhum falam yastajībū lahum wa ja‘alnā bainahum maubiqā(n).
[52]
Lan (élinga) neng dina (rikala) Penjenengané dhawuh, “Celuka déning ko kabéh sekuthon-sekuthon-Ku sing ko padha anggep kuwé.” Wong-wong kuwé banjur nyeluk, ning dhéwéké (sekuthon-sekuthon kuwé) ora semaur maring wong-wong mau lan Ingsun anakna nggo dhéwéké kabéh nggon pengleburan (neraka).
وَرَاَ الْمُجْرِمُوْنَ النَّارَ فَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ مُّوَاقِعُوْهَا وَلَمْ يَجِدُوْا عَنْهَا مَصْرِفًا ࣖ٥٣
Wa ra'al-mujrimūnan nāra fa ẓannū annahum muwāqi‘ūhā wa lam yajidū ‘anhā maṣrifā(n).
[53]
Lan wong-wong sing duwé dosa weruh neraka, banjur dhéwéké padha ngira, lamon dhéwéké bakal nyemplung maring njeroné lan dhéwéké kabéh ora nemokna panggonan indha (nggo mlayu) sekang kuwé (neraka).
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِلنَّاسِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ اَكْثَرَ شَيْءٍ جَدَلًا٥٤
Wa laqad ṣarrafnā fī hāżal-qur'āni lin-nāsi min kulli maṡal(in), wa kānal-insānu akṡara syai'in jadalā(n).
[54]
Lan setemené Ingsun wis nerangna bola-bali maring menungsa neng njero Al-Qur’an kiyé karo werna-werna peumpaman. Ning menungsa pancén sing paling akéh mbantahé.
وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰى وَيَسْتَغْفِرُوْا رَبَّهُمْ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمْ سُنَّةُ الْاَوَّلِيْنَ اَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ قُبُلًا٥٥
Wa mā mana‘an-nāsa ay yu'minū iż jā'ahumul-hudā wa yastagfirū rabbahum illā an ta'tiyahum sunnatul-awwalīna au ya'tiyahumul-‘ażābu qubulā(n).
[55]
Lan ora nana (sewiji-wiji) sing ngalang-alangi menungsa nggo precaya rikala pituduh wis teka maring dhéwéké lan nyuwun pengampura maring Pengérané, kejaba (pengarep ngenténi) tekané ketetepané (Gusti Allah sing wis kelaku maring) umat sing gemiyén utawa tekané siksa ingatasé wong-wong mau kanthi nyata.
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّا مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۚ وَيُجَادِلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِالْبَاطِلِ لِيُدْحِضُوْا بِهِ الْحَقَّ وَاتَّخَذُوْٓا اٰيٰتِيْ وَمَآ اُنْذِرُوْا هُزُوًا٥٦
Wa mā nursilul-mursalīna illā mubasysyirīna wa munżirīn(a), wa yujādilul-lażīna kafarū bil-bāṭili liyudḥiḍū bihil-ḥaqqa wattakhażū āyātī wa mā unżirū huzuwā(n).
[56]
Lan Ingsun ora ngutus rasul-rasul kejaba nggo nggawa werta bebungah lan awéh pengéling-éling; ning wong sing padha mbangkang (kapir) mbantah kanthi (cara) sing ora bener supaya kanthi kuwé dhéwéké bisa ngilangna prekara sing hak (bebener), lan dhéwéké padha ndadékna ayat-ayat Ingsun lan apa sing dépemutna maring wong-wong kuwé dadi perguyon.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ ذُكِّرَ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖ فَاَعْرَضَ عَنْهَا وَنَسِيَ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُۗ اِنَّا جَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ وَاِنْ تَدْعُهُمْ اِلَى الْهُدٰى فَلَنْ يَّهْتَدُوْٓا اِذًا اَبَدًا٥٧
Wa man aẓlamu mimman żukkira bi'āyāti rabbihī fa a‘raḍa ‘anhā wa nasiya mā qaddamat yadāh(u), innā ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa in tad‘uhum ilal-hudā falay yahtadū iżan abadā(n).
[57]
Lan sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing wis démutna karo ayat-ayat-É Pengérané, banjur dhéwéké mléngos sekang kuwé lan ngelalékna apa sing wis délakoni déning tangan loroné? Temen, Ingsun wis ndadékna atiné wong-wong mau ketutup, (saéngga wong-wong kuwé ora) mahami, lan (Ingsun uga ndelah) sumpel neng kupingé dhéwéké. Senajan sliramu (Muhammad) ajék wong-wong kuwé maring pituduh, mesthi dhéwéké ora bakal padha olih pituduh nggo selawas-lawasé.
وَرَبُّكَ الْغَفُوْرُ ذُو الرَّحْمَةِۗ لَوْ يُؤَاخِذُهُمْ بِمَا كَسَبُوْا لَعَجَّلَ لَهُمُ الْعَذَابَۗ بَلْ لَّهُمْ مَّوْعِدٌ لَّنْ يَّجِدُوْا مِنْ دُوْنِهٖ مَوْىِٕلًا٥٨
Wa rabbukal-gafūru żur-raḥmah(ti), lau yu'ākhiżuhum bimā kasabū la‘ajjala lahumul-‘ażāb(a), bal lahum mau‘idul lay yajidū min dūnihī mau'ilā(n).
[58]
Lan Pengéranmu Maha Ngampura, kagungan welas asih. Angger Penjenjengané ngersakna nyiksa wong-wong kuwé merga penggawéané, mesthi Penjenengané bakal nggelisna siksa nggo dhéwéké kabéh. Ning tumrap wong-wong mau ana wektu sing tinemtu (nggo détibani siksa) sing dhéwéké ora bakal padha nemokna nggon umpetan sekang Penjenengané.
وَتِلْكَ الْقُرٰٓى اَهْلَكْنٰهُمْ لَمَّا ظَلَمُوْا وَجَعَلْنَا لِمَهْلِكِهِمْ مَّوْعِدًا ࣖ٥٩
Wa tilkal-qurā ahlaknāhum lammā ẓalamū wa ja‘alnā limahlikihim mau‘idā(n).
[59]
Lan (wargané) negari kuwé wis Ingsun tumpes rikala wong-wong kuwé padha nglakoni aniaya (dolim), lan wis Ingsun tetepna wektu tinemtu nggo pengleburané wong-wong kuwé.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِفَتٰىهُ لَآ اَبْرَحُ حَتّٰٓى اَبْلُغَ مَجْمَعَ الْبَحْرَيْنِ اَوْ اَمْضِيَ حُقُبًا٦٠
Wa iż qāla mūsā lifatāhu lā abraḥu ḥattā abluga majma‘al-baḥraini au amḍiya ḥuqubā(n).
[60]
Lan (élinga) rikala Musa ngucap maring pendhéréké, “Inyong ora arep mandheg (mlaku) seurungé butul maring nggon ketemuné segara loro; utawa inyong arep mlaku (terus nganti) taun-taunan.”
فَلَمَّا بَلَغَا مَجْمَعَ بَيْنِهِمَا نَسِيَا حُوْتَهُمَا فَاتَّخَذَ سَبِيْلَهٗ فِى الْبَحْرِ سَرَبًا٦١
Falammā balagā majma‘a bainihimā nasiyā ḥūtahumā fattakhaża sabīlahū fil-baḥri sarabā(n).
[61]
Mangka rikala wong loro kuwé wis butul maring nggon ketemuné segara loro mau, dhéwéké padha kelalén maring iwaké, banjur (iwak) kuwé mlumpat maring dalané nuju segara.
فَلَمَّا جَاوَزَا قَالَ لِفَتٰىهُ اٰتِنَا غَدَاۤءَنَاۖ لَقَدْ لَقِيْنَا مِنْ سَفَرِنَا هٰذَا نَصَبًا٦٢
Falammā jāwazā qāla lifatāhu ātinā gadā'anā laqad laqīnā min safarinā hāżā naṣabā(n).
[62]
Mangka rikala wong loro kuwé wis ngliwati (nggon mau), Musa ngucap maring pendhéréké, “Gawa ngénéh panganané dhéwék; temen, dhéwék wis krasa kesel merga mlakuné dhéwék kiyé.”
قَالَ اَرَاَيْتَ اِذْ اَوَيْنَآ اِلَى الصَّخْرَةِ فَاِنِّيْ نَسِيْتُ الْحُوْتَۖ وَمَآ اَنْسٰىنِيْهُ اِلَّا الشَّيْطٰنُ اَنْ اَذْكُرَهٗۚ وَاتَّخَذَ سَبِيْلَهٗ فِى الْبَحْرِ عَجَبًا٦٣
Qāla ara'aita iż awainā ilaṣ-ṣakhrati fa innī nasītul-ḥūt(a), wa mā ansānīhu illasy-syaiṭanu an ażkurah(ū), wattakhaża sabīlahū fil-baḥri ‘ajabā(n).
[63]
Dhéwéké (pendhéréké) semaur, “Apa sampéyan ngerti rikala dhéwék nggoléti nggon pengayoman neng watu kaé, inyong kelalén (crita kahanané) iwak kuwé. Lan ora nana sing gawé inyong kelalén kejaba sétan, lan (iwak) kuwé mlumpat maring dalané nuju segara kanthi cara sing banget anéhé.”
قَالَ ذٰلِكَ مَا كُنَّا نَبْغِۖ فَارْتَدَّا عَلٰٓى اٰثَارِهِمَا قَصَصًاۙ٦٤
Qāla żālika mā kunnā nabg(i), fartaddā ‘alā āṡārihimā qaṣaṣā(n).
[64]
Kiyambeké (Musa) ngucap, “Kuwé (panggonan) sing dhéwék padha goléti.” Banjur wong loro kuwé mbalik, napak tilas mlakuné dhéwéké maning.
فَوَجَدَا عَبْدًا مِّنْ عِبَادِنَآ اٰتَيْنٰهُ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِنَا وَعَلَّمْنٰهُ مِنْ لَّدُنَّا عِلْمًا٦٥
Fa wajadā ‘abdam min ‘ibādinā ātaināhu raḥmatam min ‘indinā wa ‘allamnāhu mil ladunnā ‘ilmā(n).
[65]
Banjur kiyambeké sekloron ketemu karo sewiji kawula neng antarané kawula-kawula Ingsun, sing wis Ingsun paringi kewelasan (rahmat) maring dhéwéké sekang sisihé Ingsun, lan wis Ingsun paringi ilmu sekang sisihé Ingsun. 495
495) Miturut ahli tapsir, miturut hadis, kawula neng kéné yakuwé Khidir, lan sing démaksud rahmat neng kéné yakuwé wahyu lan kenabian. Lan sing démaksud karo ilmu yakuwé ngeneni prekara sing gaib kaya sing arep déterangna neng ayat seterusé.
قَالَ لَهٗ مُوْسٰى هَلْ اَتَّبِعُكَ عَلٰٓى اَنْ تُعَلِّمَنِ مِمَّا عُلِّمْتَ رُشْدًا٦٦
Qāla lahū mūsā hal attabi‘uka ‘alā an tu‘allimani mimmā ‘ullimta rusydā(n).
[66]
Musa ngucap maring wong mau, “Apa inyong olih ngetutna sampéyan supayané sampéyan mulang maring inyong (ilmu sing bener) sing wis déwulangna maring sampéyan (minangka dadi) pituduh?”
قَالَ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٦٧
Qāla innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[67]
Kiyambeké (Khidir) mangsuli, “Temen, sampéyan ora bakal bisa tahan (sabar) karo inyong.
وَكَيْفَ تَصْبِرُ عَلٰى مَا لَمْ تُحِطْ بِهٖ خُبْرًا٦٨
Wa kaifa taṣbiru ‘alā mā lam tuḥiṭ bihī khubrā(n).
[68]
Lan kepriwé sampéyan bakal bisa sabar maring sewiji-wiji, wong sampéyan urung duwé ilmu sing cukup ngenani sewiji-wiji kuwé?”
قَالَ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ صَابِرًا وَّلَآ اَعْصِيْ لَكَ اَمْرًا٦٩
Qāla satajidunī in syā'allāhu ṣābiraw wa lā a‘ṣī laka amrā(n).
[69]
Kiyambeké (Musa) ngucap, “Insya Allah sampéyan arep nemokna inyong kiyé wong sing sabar, lan inyong ora bakal nglawan sampéyan neng urusan apa baé.”
قَالَ فَاِنِ اتَّبَعْتَنِيْ فَلَا تَسْـَٔلْنِيْ عَنْ شَيْءٍ حَتّٰٓى اُحْدِثَ لَكَ مِنْهُ ذِكْرًا ࣖ٧٠
Qāla fa inittaba‘tanī falā tas'alnī ‘an syai'in ḥattā uḥdiṡa laka minhu żikrā(n).
[70]
Kiyambeké (Khidir) ngucap, “Angger sampéyan mélu inyong, mangka aja pisan-pisan sampéyan takon maring inyong ngenani apa baé, nganti inyong nerangna sewiji-wiji kuwé maring sampéyan.”
فَانْطَلَقَاۗ حَتّٰٓى اِذَا رَكِبَا فِى السَّفِيْنَةِ خَرَقَهَاۗ قَالَ اَخَرَقْتَهَا لِتُغْرِقَ اَهْلَهَاۚ لَقَدْ جِئْتَ شَيْـًٔا اِمْرًا٧١
Fanṭalaqā, ḥattā iżā rakibā fis-safīnati khara ahā, qāla akharaqtahā litugriqa ahlahā, laqad ji'ta syai'an imrā(n).
[71]
Mangka padha mlaku wong loro kuwé, nganti rikala sekloroné numpak prahu kiyambeké (Khidir) mbolongi (prahu kuwé). Kiyambeké (Musa) ngucap, “Kenangapa sampéyan mbolongi prahu kuwé, apa nggo nglelepna wong-wong sing numpak?” Temen, sampéyan wis gawé keluputan sing gedhé.
قَالَ اَلَمْ اَقُلْ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٧٢
Qāla alam aqul innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[72]
Kiyambeké (Khidir) ngucap, “Mbok inyong wis ucapna, lamon sampéyan ora bakal bisa sabar karo inyong?”
قَالَ لَا تُؤَاخِذْنِيْ بِمَا نَسِيْتُ وَلَا تُرْهِقْنِيْ مِنْ اَمْرِيْ عُسْرًا٧٣
Qāla lā tu'ākhiżnī bimā nasītu wa lā turhiqnī min amrī ‘usrā(n).
[73]
Kiyambeké (Musa) ngucap, “Aja pisan-pisan sampéyan ngukum inyong merga kelaléné inyong lan sampéyan aja ngebot-ngeboti inyong karo sewiji reribed neng urusanku.”
فَانْطَلَقَا ۗحَتّٰٓى اِذَا لَقِيَا غُلٰمًا فَقَتَلَهٗ ۙقَالَ اَقَتَلْتَ نَفْسًا زَكِيَّةً ۢبِغَيْرِ نَفْسٍۗ لَقَدْ جِئْتَ شَيْـًٔا نُّكْرًا ۔٧٤
Fanṭalaqā, ḥattā iżā laqiyā gulāman fa qatalah(ū), qāla aqatalta nafsan zakiyyatam bigairi nafs(in), laqad ji'ta syai'an nukrā(n).
[74]
Mangka padha mlaku wong loro kuwé, saéngga rikala sekloroné ketemu karo sewiji bocah enom, banjur kiyambeké (Khidir) maténi bocah kuwé. Kiyambeké (Musa) ngucap, “Kenangapa sampéyan paténi jiwa sing suci, ora merga dhéwéké maténi wong liya? Temen, sampéyan wis nglakoni sewiji-wiji sing banget mungkaré.”
۞ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكَ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٧٥
Qāla alam aqul laka innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[75]
Kiyambeké (Khidir) ngucap, “Mbok wis inyong ucapna maring sampéyan, lamon sampéyan ora bakal bisa sabar karo inyong?”
قَالَ اِنْ سَاَلْتُكَ عَنْ شَيْءٍۢ بَعْدَهَا فَلَا تُصٰحِبْنِيْۚ قَدْ بَلَغْتَ مِنْ لَّدُنِّيْ عُذْرًا٧٦
Qāla in sa'altuka ‘an syai'im ba‘dahā falā tuṣāḥibnī, qad balagta mil ladunnī ‘użrā(n).
[76]
Kiyambeké (Musa) ngucap, “Angger inyong takon maring sampéyan ngenani sewiji-wiji sewisé kiyé, mangka sampéyan aja ngolihna maning inyong ngetutna sampéyan, setemené sampéyan wis cukup (sabar) nampa alésan sekang inyong.”
فَانْطَلَقَا ۗحَتّٰىٓ اِذَآ اَتَيَآ اَهْلَ قَرْيَةِ ِۨاسْتَطْعَمَآ اَهْلَهَا فَاَبَوْا اَنْ يُّضَيِّفُوْهُمَا فَوَجَدَا فِيْهَا جِدَارًا يُّرِيْدُ اَنْ يَّنْقَضَّ فَاَقَامَهٗ ۗقَالَ لَوْ شِئْتَ لَتَّخَذْتَ عَلَيْهِ اَجْرًا٧٧
Fanṭalaqā, ḥattā iżā atayā ahla qaryatinistaṭ‘amā ahlahā fa abau ay yuḍayyifūhumā fa wajadā fīhā jidāray yurīdu ay yaqaḍḍa fa aqāmah(ū), qāla lau syi'ta lattakhażta ‘alaihi ajrā(n).
[77]
Banjur sekloroné padha mlaku, saéngga rikala sekloroné butul maring wargané sewiji negari, wong loro kuwé njaluk désuguh déning wargané, ning wong-wong mau (warga negari kuwé) ora gelem nyuguh dhéwéké sekloron, banjur wong loro kuwé nemokna pager umah sing méh rubuh (neng negari kuwé), banjur kiyambeké (Khidir) njejegna. Kiyambeké (Musa) ngucap, “Angger sampéyan karep, mesthi sampéyan bisa njaluk upah ingatasé (penggawéanmu) kuwé.”
قَالَ هٰذَا فِرَاقُ بَيْنِيْ وَبَيْنِكَۚ سَاُنَبِّئُكَ بِتَأْوِيْلِ مَا لَمْ تَسْتَطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًا٧٨
Qāla hāżā firāqu bainī wa bainik(a), sa'unabbi'uka bita'wīli mā lam tastaṭī‘ ‘alaihi ṣabrā(n).
[78]
Kiyambeké (Khidir) ngucap, “Kiyé pepisahané antarané inyong karo sampéyan, inyong arep mertélakna maring sampéyan ingatasé penggawéan sing sampéyan ora bisa sabar ngadhepi kuwé.
اَمَّا السَّفِيْنَةُ فَكَانَتْ لِمَسٰكِيْنَ يَعْمَلُوْنَ فِى الْبَحْرِ فَاَرَدْتُّ اَنْ اَعِيْبَهَاۗ وَكَانَ وَرَاۤءَهُمْ مَّلِكٌ يَّأْخُذُ كُلَّ سَفِيْنَةٍ غَصْبًا٧٩
Ammas-safīnatu fa kānat limasākīna ya‘malūna fil-baḥri fa arattu an a‘ībahā, wa kāna warā'ahum malikuy ya'khużu kulla safīnatin gaṣbā(n).
[79]
Anadéné prahu kaé duwéké wong mlarat sing nyambet gawéné neng segara; inyong duwé maksud ngrusak prahu kuwé, merga neng sengarepé wong-wong kuwé ana raja sing arep ngrebut saben-saben prau.
وَاَمَّا الْغُلٰمُ فَكَانَ اَبَوَاهُ مُؤْمِنَيْنِ فَخَشِيْنَآ اَنْ يُّرْهِقَهُمَا طُغْيَانًا وَّكُفْرًا ۚ٨٠
Wa ammal-gulāmu fa kāna abawāhu mu'minaini fa khasyīnā ay yurhiqahumā ṭugyānaw wa kufrā(n).
[80]
Lan anadéné wong enom (kapir) kaé, wong tuwa loroné mukmin, lan inyong kewatir lamon dhéwéké bakal meksa wong tuwané maring dalan kesasar lan kekapiran.
فَاَرَدْنَآ اَنْ يُّبْدِلَهُمَا رَبُّهُمَا خَيْرًا مِّنْهُ زَكٰوةً وَّاَقْرَبَ رُحْمًا٨١
Fa aradnā ay yubdilahumā rabbuhumā khairam minhu zakātaw wa aqraba ruḥmā(n).
[81]
Banjur inyong padha ngarep-arep, sekirané Pengérané wong-wong kuwé kersa ngganti kanthi (anak siji) sing lewih apik suciné tenimbang (anak) mau lan lewih eman (maring rama-biyungé).
وَاَمَّا الْجِدَارُ فَكَانَ لِغُلٰمَيْنِ يَتِيْمَيْنِ فِى الْمَدِيْنَةِ وَكَانَ تَحْتَهٗ كَنْزٌ لَّهُمَا وَكَانَ اَبُوْهُمَا صَالِحًا ۚفَاَرَادَ رَبُّكَ اَنْ يَّبْلُغَآ اَشُدَّهُمَا وَيَسْتَخْرِجَا كَنْزَهُمَا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۚ وَمَا فَعَلْتُهٗ عَنْ اَمْرِيْۗ ذٰلِكَ تَأْوِيْلُ مَا لَمْ تَسْطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًاۗ ࣖ٨٢
Wa ammal-jidāru fa kāna ligulāmaini yatīmaini fil-madīnati wa kāna taḥtahū kanzul lahumā wa kāna abūhumā ṣāliḥā(n), fa arāda rabbuka ay yablugā asyuddahumā wa yastakhrijā kanzahumā raḥmatam mir rabbik(a), wa mā fa‘altuhū ‘an amrī, żālika ta'wīlu mā lam tasṭī‘ ‘alaihi ṣabrā(n).
[82]
Lan anadéné pager umah kaé duwéké bocah yatim loro neng kota kuwé, sing neng ngisoré kesimpén bandha nggo dhéwéké sekloron, lan ramané sewijiné wong sing apik. Mangka Pengéranmu ngersakna supayané bocah loro kuwé butul gedhé lan sekaroné ngetokna simpénan kuwé minangka kewelasan (rahmat) sekang Pengéranmu. Apa sing inyong pergawé udu nuruti karepku dhéwék. Kuwé pertélan penggawéan-penggawéan sing sampéyan ora sabar olihé ngadhepi.”
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنْ ذِى الْقَرْنَيْنِۗ قُلْ سَاَتْلُوْا عَلَيْكُمْ مِّنْهُ ذِكْرًا ۗ٨٣
Wa yas'alūnaka ‘an żil qarnain(i), qul sa'atlū ‘alaikum minhu żikrā(n).
[83]
Lan wong-wong padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani Zulkarnaén. Dhawuha, “Arep tek wacakna maring ko kabéh critané.”
اِنَّا مَكَّنَّا لَهٗ فِى الْاَرْضِ وَاٰتَيْنٰهُ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ سَبَبًا ۙ٨٤
Innā makkannā lahū fil-arḍi wa ātaināhu min kulli syai'in sababā(n).
[84]
Temen, Ingsun wis paring drajat maring kiyambeké (Zulkarnaén) neng bumi, lan Ingsun wis paring dalan maring kiyambeké (nggo mekolih) samubarang kabéh.
فَاَتْبَعَ سَبَبًا٨٥
Fa atba‘a sababā(n).
[85]
Mangka kiyambeké ngambah sewiji dalan.
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ مَغْرِبَ الشَّمْسِ وَجَدَهَا تَغْرُبُ فِيْ عَيْنٍ حَمِئَةٍ وَّوَجَدَ عِنْدَهَا قَوْمًا ەۗ قُلْنَا يٰذَا الْقَرْنَيْنِ اِمَّآ اَنْ تُعَذِّبَ وَاِمَّآ اَنْ تَتَّخِذَ فِيْهِمْ حُسْنًا٨٦
Ḥattā iżā balaga magribasy-syamsi wajadahā tagrubu fī ‘ainin ḥami'atiw wa wajada ‘indahā qaumā(n), qulnā yā żal-qarnaini immā an tu‘ażżiba wa immā an tattakhiża fīhim ḥusnā(n).
[86]
Nganti rikala kiyambeké wis butul maring panggonané srengéngé surup, 496 kiyambeké weruh (srengéngé) surup maring njero segara sing beleté ireng, lan neng kana kiyambeké ketemu sewiji kaum (sing ora duwé agama). Ingsun dhawuh, “Hé Zulkarnaén! Sliramu wenang ngukum utawané gawé bagus (ajék precaya) maring wong-wong kuwé.”
496) Butul maring pinggir segara sisih kulon, neng nggon Zulkarnaén weruh srengéngé lagi surup.
قَالَ اَمَّا مَنْ ظَلَمَ فَسَوْفَ نُعَذِّبُهٗ ثُمَّ يُرَدُّ اِلٰى رَبِّهٖ فَيُعَذِّبُهٗ عَذَابًا نُّكْرًا٨٧
Qāla ammā man ẓalama fa saufa nu‘ażżibuhū ṡumma yuraddu ilā rabbihī fa yu‘ażżibuhū ‘ażāban nukrā(n).
[87]
Kiyambeké (Zulkarnaén) ngucap, “Sapa wongé nglakoni aniaya (dolim), inyong bakal ngukum wong kuwé, banjur dhéwéké bakal débalékna maring Pengérané, banjur Pengéran paring siksa kanthi siksa sing banget kerasé.
وَاَمَّا مَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَهٗ جَزَاۤءً ۨالْحُسْنٰىۚ وَسَنَقُوْلُ لَهٗ مِنْ اَمْرِنَا يُسْرًا ۗ٨٨
Wa ammā man āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa lahū jazā'anil-ḥusnā, wa sanaqūlu lahū min amrinā yusrā(n).
[88]
Anadéné wong sing precaya lan nglakoni kebagusan, mangka dhéwéké nampa (ganjaran) sing paling apik minangka piwales, lan bakal inyong wéhna maring dhéwéké préntahku sing gampang-gampang.”
ثُمَّ اَتْبَعَ سَبَبًا٨٩
Ṡumma atba‘a sababā(n).
[89]
Banjur kiyambeké ngambah sewiji dalan (liyané).
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ مَطْلِعَ الشَّمْسِ وَجَدَهَا تَطْلُعُ عَلٰى قَوْمٍ لَّمْ نَجْعَلْ لَّهُمْ مِّنْ دُوْنِهَا سِتْرًا ۙ٩٠
Ḥattā iżā balaga maṭli‘asy-syamsi wajadahā taṭlu‘u ‘alā qaumil lam naj‘al lahum min dūnihā sitrā(n).
[90]
Nganti rikala kiyambeké butul maring panggonan mlethéké srengéngé (prenah wétan) kiyambeké menangi (srengéngé) mencorong sendhuwuré kaum sing Ingsun ora gawé aub-aub nggo dhéwéké kabéh sekang (soroté srengéngé) 497 kuwé,
497) Miturut sebagéan juru tapsirr, golongan sing détemoni Zulkarnaén kuwé umat sing mlarat.
كَذٰلِكَۗ وَقَدْ اَحَطْنَا بِمَا لَدَيْهِ خُبْرًا٩١
Każālik(a), wa qad aḥaṭnā bimā ladaihi khubrā(n).
[91]
mengkana kuwé, lan setemené Ingsun ngawuningani samubarang kabéh sing ana neng kiyambeké (Zulkarnaén).
ثُمَّ اَتْبَعَ سَبَبًا٩٢
Ṡumma atba‘a sababā(n).
[92]
Banjur kiyambeké ngambah sewiji dalan (liyané maning).
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ بَيْنَ السَّدَّيْنِ وَجَدَ مِنْ دُوْنِهِمَا قَوْمًاۙ لَّا يَكَادُوْنَ يَفْقَهُوْنَ قَوْلًا٩٣
Ḥattā iżā balaga bainas-saddaini wajada min dūnihimā qaumal lā yakādūna yafqahūna qaulā(n).
[93]
Nganti rikala kiyambeké butul neng antarané gunung loro, kiyambeké menangi neng semburiné (gunung kuwé) sewiji kaum sing méh ora mahami pewicaran. 498
498) Wong-wong kuwé ora téyéng mahami basané wong liya, jalaran basané adoh banget bédané sekang basa sing liya, lan wong-wong kuwé ora téyéng nerangna maksudé merga kurang cerdas.
قَالُوْا يٰذَا الْقَرْنَيْنِ اِنَّ يَأْجُوْجَ وَمَأْجُوْجَ مُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ فَهَلْ نَجْعَلُ لَكَ خَرْجًا عَلٰٓى اَنْ تَجْعَلَ بَيْنَنَا وَبَيْنَهُمْ سَدًّا٩٤
Qālū yā żal-qarnaini inna ya'jūja wa ma'jūja mufsidūna fil-arḍi fahal naj‘alu laka kharjan ‘alā an taj‘alā bainanā wa bainahum saddā(n).
[94]
Wong-wong kuwé ngucap, “Hé Zulkarnaén! Temen, Yakjuj lan Makjuj 499 kuwé (mahluk sing) gawé kerusakan neng bumi, mangka apa désekolihi inyong padha ngupahi sampéyan supayané sampéyan nggawékna pager pengaling-aling antarané inyong kabéh lan dhéwéké (Yakjuj lan Makjuj)?”
499) Yakjuj lan Makjuj kuwé bangsa loro sing gawé rusak neng bumi.
قَالَ مَا مَكَّنِّيْ فِيْهِ رَبِّيْ خَيْرٌ فَاَعِيْنُوْنِيْ بِقُوَّةٍ اَجْعَلْ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ رَدْمًا ۙ٩٥
Qāla mā makkannī fīhi rabbī fa a‘īnūnī biquwwatin aj‘al bainakum wa bainahum radmā(n).
[95]
Kiyambeké (Zulkarnaén) ngucap, “Apa sing wis dénugrahakna déning Pengéranku maring inyong lewih apik (tenimbang upahmu), mangka rewangi inyong kanthi kekuwatan, supayané inyong bisa gawé pager pengaling-aling antarané ko lan dhéwéké kabéh.
اٰتُوْنِيْ زُبَرَ الْحَدِيْدِۗ حَتّٰىٓ اِذَا سَاوٰى بَيْنَ الصَّدَفَيْنِ قَالَ انْفُخُوْا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَعَلَهٗ نَارًاۙ قَالَ اٰتُوْنِيْٓ اُفْرِغْ عَلَيْهِ قِطْرًا ۗ٩٦
Ātūnī zubaral-ḥadīd(i), ḥattā iżā sāwā bainaṣ-ṣadafaini qālanfukhū, ḥattā iżā ja‘alahū nārā(n), qāla ātūnī ufrig ‘alaihi qiṭrā(n).
[96]
Wéhna maring inyong tugelan-tugelan wesi!” Nganti rikala (tugelan) wesi kuwé wis (kepasang) padha ratané karo dhuwuré gunung loro kuwé, kiyambeké (Zulkarnaén) ngucap, “Sembura (geni kuwé)!” Rikala (wesi) kuwé wis dadi (abang kaya) geni, kiyambeké ngucap, “Wéhna maring inyong tembaga (sing umeb) supayané tek sorna maring sendhuwuré (wesi panas kuwé).”
فَمَا اسْطَاعُوْٓا اَنْ يَّظْهَرُوْهُ وَمَا اسْتَطَاعُوْا لَهٗ نَقْبًا٩٧
Famasṭā‘ū ay yaẓharūhu wa mastaṭā‘ū lahū naqbā(n).
[97]
Mangka wong-wong kuwé (Yakjuj lan Makjuj) ora bisa ngunggahi lan ora bisa mboboli (pager kuwé).
قَالَ هٰذَا رَحْمَةٌ مِّنْ رَّبِّيْۚ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ رَبِّيْ جَعَلَهٗ دَكَّاۤءَۚ وَكَانَ وَعْدُ رَبِّيْ حَقًّا ۗ٩٨
Qāla hāżā raḥmatum mir rabbī, fa iżā jā'a wa‘du rabbī ja‘alahū dakkā'(a), wa kāna wa‘du rabbī ḥaqqā(n).
[98]
Kiyambeké (Zulkarnaén) ngucap, “(Pager) kiyé kewelasan (rahmat) sekang Pengéranku, mangka rikala janjiné Pengéranku wis teka, Penjenengané arep ngajurna (pager kuwé); lan janjiné Pengéranku kuwé mesti bener.”
۞ وَتَرَكْنَا بَعْضَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ يَّمُوْجُ فِيْ بَعْضٍ وَّنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَجَمَعْنٰهُمْ جَمْعًا ۙ٩٩
Wa taraknā ba‘ḍahum yauma'iżiy yamūju fī ba‘ḍiw wa nufikha fiṣ-ṣūri fa jama‘nāhum jam‘ā(n).
[99]
Lan neng dina kuwé Ingsun jorna dhéwéké kabéh (Yakjuj lan Makjuj) nyampur antarané siji karo liyané, lan (rikala) slomprét désembur (maning), bakal Ingsun kumpulna wong-wong kuwé kabéh.
وَّعَرَضْنَا جَهَنَّمَ يَوْمَىِٕذٍ لِّلْكٰفِرِيْنَ عَرْضًا ۙ١٠٠
Wa ‘araḍnā jahannama yauma'iżil lil-kāfirīna ‘arḍā(n).
[100]
lan Ingsun weruhna (neraka) Jahanam kanthi genah neng dina kuwé maring wong-wong sing mbangkang (kapir),
ۨالَّذِيْنَ كَانَتْ اَعْيُنُهُمْ فِيْ غِطَاۤءٍ عَنْ ذِكْرِيْ وَكَانُوْا لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَمْعًا ࣖ١٠١
Allażīna kānat a‘yunuhum fī giṭā'in ‘an żikrī wa kānū lā yastaṭī‘ūna sam‘ā(n).
[101]
(yakuwé) wong sing mata (ati)né neng sejeroné kahanan ketutup (ora weruh) sekang nggatékna tandha-tandha (agungé) Ingsun, lan wong-wong mau ora kewawa ngrungokna.
اَفَحَسِبَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنْ يَّتَّخِذُوْا عِبَادِيْ مِنْ دُوْنِيْٓ اَوْلِيَاۤءَ ۗاِنَّآ اَعْتَدْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ نُزُلًا١٠٢
Afaḥasibal-lażīna kafarū ay yattakhiżū ‘ibādī min dūnī auliyā'(a), innā a‘tadnā jahannama lil-kāfirīna nuzulā(n).
[102]
Mangka apa wong-wong kapir ngira lamon dhéwéké padha (bisa) gawé kawula-kawulané Ingsun dadi penulung seliyané Ingsun? Temen, Ingsung wis nyedhiakna (neraka) Jahanam dadi panggonané wong-wong kapir.
قُلْ هَلْ نُنَبِّئُكُمْ بِالْاَخْسَرِيْنَ اَعْمَالًا ۗ١٠٣
Qul hal nunabbi'ukum bil-akhsarīna a‘mālā(n).
[103]
Dhawuha (Muhammad), “Apa perlu Ingsun paringi weruh maring sliramu wong sing paling kapitunan penggawéané?”
اَلَّذِيْنَ ضَلَّ سَعْيُهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَهُمْ يَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ يُحْسِنُوْنَ صُنْعًا١٠٤
Al-lażīna ḍalla sa‘yuhum fil-ḥayātid-dun-yā wa hum yaḥsabūna annahum yuḥsinūna ṣun‘ā(n).
[104]
(Yakuwé) wong-wong sing muspra penggawéané neng penguripan dunya, lan dhéwéké padha ngira wis mergawé seapik-apiké.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ وَلِقَاۤىِٕهٖ فَحَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فَلَا نُقِيْمُ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَزْنًا١٠٥
Ulā'ikal-lażīna kafarū bi'āyāti rabbihim wa liqā'ihī fa ḥabiṭat a‘māluhum falā nuqīma lahum yaumal-qiyāmati waznā(n).
[105]
Wong-wong kuwé sing padha ngingkari ayat-ayat-É Pengérané lan (ora precaya) maring (bakalé) sapatemon karo Penjenengané. 500 Mangka muspra penggawéané (amalé) dhéwéké kabéh, lan Ingsun ora paring penimbangan ingatasé (amalé) wong-wong mau neng dina Kiyamat.
500) Ora precaya maring anané dina Kiyamat
ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ جَهَنَّمُ بِمَا كَفَرُوْا وَاتَّخَذُوْٓا اٰيٰتِيْ وَرُسُلِيْ هُزُوًا١٠٦
Żālika jazā'uhum jahannamu bimā kafarū wattakhażū āyātī wa rusulī huzuwā(n).
[106]
Mengkana kuwé, piwalesé dhéwéké kabéh neraka Jahanam, merga mbangkangé (kapiré), lan merga dhéwéké padha ndadékna ayat-ayat-É Ingsun lan utusan-utusan Ingsun minangka perguyon.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ كَانَتْ لَهُمْ جَنّٰتُ الْفِرْدَوْسِ نُزُلًا ۙ١٠٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti kānat lahum jannātul-firdausi nuzulā(n).
[107]
Temen, wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebagusan, nggo wong-wong kuwé désedhiakna suwarga Firdos dadi papan manggon,
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا لَا يَبْغُوْنَ عَنْهَا حِوَلًا١٠٨
Khālidīna fīhā lā yabgūna ‘anhā ḥiwalā(n).
[108]
dhéwéké padha langgeng neng njeroné, dhéwéké ora padha kepéngin boyong sekang kono.
قُلْ لَّوْ كَانَ الْبَحْرُ مِدَادًا لِّكَلِمٰتِ رَبِّيْ لَنَفِدَ الْبَحْرُ قَبْلَ اَنْ تَنْفَدَ كَلِمٰتُ رَبِّيْ وَلَوْ جِئْنَا بِمِثْلِهٖ مَدَدًا١٠٩
Qul lau kānal-baḥru midādal likalimāti rabbī lanafidal-baḥru qabla an tanfada kalimāṭu rabbī wa lau ji'nā bimiṡlihī madadā(n).
[109]
Dhawuha (Muhammad), “Umpamané segara dadi mangsi nggo (nulis) kalimah-kalimahé Pengéranku, mangka mesthi segara kuwé entong (banyuné) seurungé rampung (nulisé) kalimah-kalimahé Pengéranku, senajan Ingsun tekakna tambahan semeno akéhé (maning).”
قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوْحٰٓى اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ فَمَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ رَبِّهٖ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَّلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهٖٓ اَحَدًا ࣖ١١٠
Qul innamā ana basyarum miṡlukum yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), faman kāna yarjū liqā'a rabbihī falya‘mal ‘amalan ṣāliḥaw wa lā yusyrik bi‘ibādati rabbihī aḥadā(n).
[110]
Dhawuha (Muhammad), “Setemené inyong kiyé mung menungsa kaya ko kabéh, sing wis nampa wahyu, lamon setemené Pengéranmu kuwé Pengéran sing Mahatunggal.” Mangka sapa wongé sing ngarep-arep sapatemon karo Pengérané peryoga padha nglakoni kebagusan lan aja pisan-pisan nyekuthokna karo apa baé olihé ngabekti (ngibadah) maring Pengérané.”