Surah Al-Isra`

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ١
Subḥānal-lażī asrā bi‘abdihī lailam minal-masjidil ḥarāmi ilal-masjidil-aqṣal-lażī bāraknā ḥaulahū linuriyahū min āyātinā, innahū huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[1] Mahasuci (Gusti Allah) sing wis merlampahna kawulané (Muhammad) neng wektu wengi sekang Masjidilharam maring Majidil Aqsa sing wis Ingsun berkahi sekubengé 470 supaya Ingsun weruhna maring slirané sebagéan sekang tandha-tandha (agungé) Ingsun. Setemené Penjenengané Maha Midhanget, Maha Mriksani.
470) Masjidil Aqsa lan tlatah sekubengé olih berkah sekang Gusti Allah merga temuruné nabi-nabi neng negari kuwé lan merga suburé lemahé.

وَاٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَجَعَلْنٰهُ هُدًى لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَلَّا تَتَّخِذُوْا مِنْ دُوْنِيْ وَكِيْلًاۗ٢
Wa ātainā mūsal-kitāba wa ja‘alnāhu hudal libanī isrā'īla allā tattakhiżū min dūnī wakīlā(n).
[2] Lan Ingsun wis paringna maring Musa, Kitab (Taurat) lan Ingsun dadékna (kitab kuwé) pituduh nggo Bani Israil (kanthi sabda), “Aja pisan-pisan ko padha ngalap (pengayom) seliyané Ingsun.

ذُرِّيَّةَ مَنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۗ اِنَّهٗ كَانَ عَبْدًا شَكُوْرًا٣
Żurriyyata man ḥamalnā ma‘a nūḥ(in), innahū kāna ‘abdan syakūrā(n).
[3] (Hé) anak-turuné wong sing Ingsun gawa bareng-bareng Nuh. Setemené dhéwéké (Nuh) kuwé kawulané (Gusti Allah) sing akéh olihé kesuwun (sukur).”

وَقَضَيْنَآ اِلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ فِى الْكِتٰبِ لَتُفْسِدُنَّ فِى الْاَرْضِ مَرَّتَيْنِ وَلَتَعْلُنَّ عُلُوًّا كَبِيْرًا٤
Wa qaḍainā ilā banī isrā'īla fil-kitābi latufsidunna fil-arḍi marrataini wa lata‘lunna ‘uluwwan kabīrā(n).
[4] Lan Ingsun tetepna ingatasé Bani Israil sejeroné Kitab kuwé, “Ko mesthi bakal padha gawé kerusakan neng bumi kiyé ping pindho lan mesthi ko bakal padha nyombongna awakmu kanthi kesombongan sing gedhé.”

فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ اُوْلٰىهُمَا بَعَثْنَا عَلَيْكُمْ عِبَادًا لَّنَآ اُولِيْ بَأْسٍ شَدِيْدٍ فَجَاسُوْا خِلٰلَ الدِّيَارِۗ وَكَانَ وَعْدًا مَّفْعُوْلًا٥
Fa iżā jā'a wa‘du ūlāhumā ba‘aṡnā ‘alaikum ‘ibādal lanā ulī ba'sin syadīdin fa jāsū khilālad-diyār(i), wa kāna wa‘dam maf‘ūlā(n).
[5] Mangka rikala teka wektuné ukuman ingatasé (kejahatan) loro kuwé, Ingsun tekakna maring ko kabéh kewula-kewulané Ingsun sing digdaya, banjur dhéwéké padha (temindak) sewenang-wenang neng désa-désa. Lan kuwé ketetepan sing mesthi kelakon.

ثُمَّ رَدَدْنَا لَكُمُ الْكَرَّةَ عَلَيْهِمْ وَاَمْدَدْنٰكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَجَعَلْنٰكُمْ اَكْثَرَ نَفِيْرًا٦
Ṡumma radadnā lakumul-karrata ‘alaihim wa amdadnākum bi'amwāliw wa banīna wa ja‘alnākum akṡara nafīrā(n).
[6] Banjur Ingsun paring maring ko kabéh giliran nggo ngalahna wong-wong kuwé, Ingsun ngréwangi ko kabéh kanthi dunya-brana lan anak-anak lan Ingsun dadékna ko kabéh klompok sing gedhé.

اِنْ اَحْسَنْتُمْ اَحْسَنْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْ ۗوَاِنْ اَسَأْتُمْ فَلَهَاۗ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ لِيَسٗۤـُٔوْا وُجُوْهَكُمْ وَلِيَدْخُلُوا الْمَسْجِدَ كَمَا دَخَلُوْهُ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّلِيُتَبِّرُوْا مَا عَلَوْا تَتْبِيْرًا٧
In aḥsantum aḥsantum li'anfusikum, wa in asa'tum fa lahā, fa iżā jā'a wa‘dul-ākhirati liyasū'ū wujūhakum wa liyadkhulal-masjida kamā dakhalūhu awwala marratiw wa liyutabbirū mā ‘alau tatbīrā(n).
[7] Angger ko padha mergawé apik (tegesé) ko padha gawé apik nggo awakmu dhéwék. Lan angger ko padha mergawé ala, mangka (kapi-tunané penggawé ala) kuwé nggo awakmu dhéwék. Rikala teka wektuné ukuman (keja-hatan) sing ping pindho (Ingsun tangékna mungsuhmu) nggo nyuremna raimu banjur dhéwéké padha mlebu maring mesjid (Masjidil Aqsa), kayadéné rikala dhéwéké padha mlebu wektu kawitan lan wong-wong kuwé padha numpes apa baé sing dhéwéké padha kewasani.

عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يَّرْحَمَكُمْۚ وَاِنْ عُدْتُّمْ عُدْنَاۘ وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ حَصِيْرًا٨
‘Asā rabbukum ay yarḥamakum, wa in ‘uttum ‘udnā, wa ja‘alnā jahannama lil-kāfirīna ḥaṣīrā(n).
[8] Moga-moga Pengéranmu nyuntek kewelasan maring ko kabéh, ning angger ko padha mbaléni maning (nglakoni ala), mesthi Ingsun bakal mbaléni maning (nyiksa ko kabéh). Lan Ingsun dadékna neraka Jahanam dadi pekunjaran nggo wong-wong sing mbangkang (kapir).

اِنَّ هٰذَا الْقُرْاٰنَ يَهْدِيْ لِلَّتِيْ هِيَ اَقْوَمُ وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا كَبِيْرًاۙ٩
Inna hāżal-qur'āna yahdī lil-latī hiya aqwamu wa yubasysyirul-mu'minīnal-lażīna ya‘malūnaṣ-ṣāliḥāti anna lahum ajran kabīrā(n).
[9] Temen, Al-Qur’an kiyé awéh pituduh maring (dalan) sing paling jejeg lan awéh werta bebungah maring wong-wong sing padha precaya sing nglakoni kebagusan, lamon dhéwéké bakal padha olih ganjaran sing gedhé,

وَّاَنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ١٠
Wa annal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati a‘tadnā lahum ‘ażāban alīmā(n).
[10] lan lamon wong sing padha ora precaya maring penguripan neng akhérat, Ingsun sedhiakna nggo wong-wong kuwé siksa sing perih.

وَيَدْعُ الْاِنْسَانُ بِالشَّرِّ دُعَاۤءَهٗ بِالْخَيْرِۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ عَجُوْلًا١١
Wa yad‘ul-insānu bisy-syarri du‘ā'ahū bil-khair(i), wa kānal-insānu ‘ajūlā(n).
[11] Lan menungsa (sering-seringé) nyenyuwun (ndonga) nggo kepialan kayadéné (biasané) dhéwéké nyenyuwun nggo kebagusan. Lan pancén menungsa duwé sipat kedhagar-dhagar.

وَجَعَلْنَا الَّيْلَ وَالنَّهَارَ اٰيَتَيْنِ فَمَحَوْنَآ اٰيَةَ الَّيْلِ وَجَعَلْنَآ اٰيَةَ النَّهَارِ مُبْصِرَةً لِّتَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْ وَلِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ وَكُلَّ شَيْءٍ فَصَّلْنٰهُ تَفْصِيْلًا١٢
Wa ja‘alnal-laila wan-nahāra āyataini fa maḥaunā āyatal-laili wa ja‘alnā āyatan-nahāri mubṣiratal litabtagū faḍlam mir rabbikum wa lita‘lamū ‘adadas-sinīna wal-ḥisāb(a), wa kulla syai'in faṣṣalnāhu tafṣīlā(n).
[12] Lan Ingsun ndadékna wengi karo awan minangka tandha loro (agungé Ingsun), banjur Ingsun ilangna tandha wengi lan Ingsun dadékna tandha awan kuwé padhang jembrang supaya ko padha (bisa) nggolét kanugrahan sekang Pengéranmu, lan supaya ko padha ngaweruhi wilangan taun lan étungan (wektu). Lan samubarang kabéh wis Ingsun terangna kanthi genah.

وَكُلَّ اِنْسَانٍ اَلْزَمْنٰهُ طٰۤىِٕرَهٗ فِيْ عُنُقِهٖۗ وَنُخْرِجُ لَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ كِتٰبًا يَّلْقٰىهُ مَنْشُوْرًا١٣
Wa kulla insānin alzamnāhu ṭā'irahū fī ‘unuqih(ī), wa nukhriju lahū yaumal-qiyāmati kitābay yalqāhu mansyūrā(n).
[13] Lan saben menungsa wis Ingsun kalungna (cathetan) tindak penggawéané neng guluné. Lan neng dina Kiyamat Ingsun tokna nggo dhéwéké sewiji kitab sing wis mbukak.

اِقْرَأْ كِتٰبَكَۗ كَفٰى بِنَفْسِكَ الْيَوْمَ عَلَيْكَ حَسِيْبًاۗ١٤
Iqra' kitābak(a), kafā binafsikal-yauma ‘alaika ḥasībā(n).
[14] “Wacanen kitabmu, cukup awakmu dhéwék neng dina kiyé sing dadi juru étung ingatasé awakmu.”

مَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَاۗ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۗ وَمَا كُنَّا مُعَذِّبِيْنَ حَتّٰى نَبْعَثَ رَسُوْلًا١٥
Manihtadā fa innamā yahtadī linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, wa mā kunnā mu‘ażżibīna ḥattā nab‘aṡa rasūlā(n).
[15] Sapa wongé sing temindak cocog karo pituduhé (Gusti Allah), mangka setemené kuwé nggo (keslametané) awaké dhéwék; lan sapa wongé kesasar mangka setemené (kapitunané) kuwé nggo awaké dhéwék. Lan sewenéh wong sing duwé dosa ora bisa mikul dosané wong liya, ning Ingsun ora bakal paring siksa seurungé Ingsun ngutus sewiji utusan (rasul).

وَاِذَآ اَرَدْنَآ اَنْ نُّهْلِكَ قَرْيَةً اَمَرْنَا مُتْرَفِيْهَا فَفَسَقُوْا فِيْهَا فَحَقَّ عَلَيْهَا الْقَوْلُ فَدَمَّرْنٰهَا تَدْمِيْرًا١٦
Wa iżā aradnā an nuhlika qaryatan amarnā mutrafīhā fa fasaqū fīhā fa ḥaqqa ‘alaihal-qaulu fa dammarnāhā tadmīrā(n).
[16] Lan angger Ingsun arep numpes sewijiné negari, mangka Ingsun dhawuhna maring wong sing urip mewah neng negari kuwé (supayané manut maring Gusti Allah), ning angger wong kuwé padha duraka neng sejeroné (negari kuwé), mangka sepantesé demadi ingatasé dhéwéké sabda (ukuman Ingsun), banjur Ingsun tumpes-tapis (negari kuwé).

وَكَمْ اَهْلَكْنَا مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْۢ بَعْدِ نُوْحٍۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا١٧
Wa kam ahlaknā minal-qurūni mim ba‘di nūḥ(in), wa kafā birabbika biżunūbi ‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[17] Lan sepira akéhé kaum sewisé Nuh sing wis Ingsun tumpes. Lan cukup Pengéranmu Sing Maha Ngawuningani, Maha Mriksani dosané kawula-kawula-Né.

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعَاجِلَةَ عَجَّلْنَا لَهٗ فِيْهَا مَا نَشَاۤءُ لِمَنْ نُّرِيْدُ ثُمَّ جَعَلْنَا لَهٗ جَهَنَّمَۚ يَصْلٰىهَا مَذْمُوْمًا مَّدْحُوْرًا١٨
Man kāna yurīdul-‘ājilata ‘ajjalnā lahū fīhā mā nasyā'u liman nurīdu ṡumma ja‘alnā lahū jahannam(a), yaṣlāhā mażmūmam madḥūrā(n).
[18] Sapa wongé ngarepna penguripan siki (dunya), mangka Ingsun gelisna nggo wong kuwé neng (dunya) kiyé apa sing Ingsun kersakna nggo wong sing Ingsun kersakna. Banjur Ingsun nyedhiakna nggo wong kuwé (neng akhérat) neraka Jahanam; dhéwéké bakal ngleboni kuwé kanthi kanisthan lan kebirat.

وَمَنْ اَرَادَ الْاٰخِرَةَ وَسَعٰى لَهَا سَعْيَهَا وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ كَانَ سَعْيُهُمْ مَّشْكُوْرًا١٩
Wa man arādal-ākhirata wa sa‘ā lahā sa‘yahā wa huwa mu'minun fa ulā'ika kāna sa‘yuhum masykūrā(n).
[19] Lan sapa wongé ngarepna penguripan neng akhérat lan ngupayakna maring nganah kanthi temen, lan dhéwéké precaya, mangka dhéwéké kuwé wong sing usahané déwales kanthi becik.

كُلًّا نُّمِدُّ هٰٓؤُلَاۤءِ وَهٰٓؤُلَاۤءِ مِنْ عَطَاۤءِ رَبِّكَ ۗوَمَا كَانَ عَطَاۤءُ رَبِّكَ مَحْظُوْرًا٢٠
Kullan numiddu hā'ulā'i wa hā'ulā'i min ‘aṭā'i rabbik(a), wa mā kāna ‘aṭā'u rabbika maḥẓūrā(n).
[20] Maring saben-saben (golongan), becik (golongan) kiyé (sing ngarepna kedunyan) semana uga (golongan) kaé (sing ngarepna akhérat), Ingsun paringi bantuan sekang kemurahané Pengéranmu. Lan kemurahané Pengéranmu ora bisa déalang-alangi.

اُنْظُرْ كَيْفَ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ وَلَلْاٰخِرَةُ اَكْبَرُ دَرَجٰتٍ وَّاَكْبَرُ تَفْضِيْلًا٢١
Unẓur kaifa faḍḍalnā ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍ(in), wa lal-ākhiratu akbaru darajātiw wa akbaru tafḍīlā(n).
[21] Gatékna kepriwé Ingsun olihé munjulna sebagéané dhéwéké kabéh ingatasé sebagéan (sing liya). Lan penguripan neng akhérat lewih dhuwur drajaté lan lewih gedhé keutamané.

لَا تَجْعَلْ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتَقْعُدَ مَذْمُوْمًا مَّخْذُوْلًا ࣖ٢٢
Lā taj‘al ma‘allāhi ilāhan ākhara fa taq‘uda mażmūmam makhżūlā(n).
[22] Aja pisan-pisan ko nganakna sesembahan sing liya sejabané Gusti Allah, mengko ko kenang nistha lan kenang ina.

۞ وَقَضٰى رَبُّكَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسٰنًاۗ اِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ اَحَدُهُمَآ اَوْ كِلٰهُمَا فَلَا تَقُلْ لَّهُمَآ اُفٍّ وَّلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُلْ لَّهُمَا قَوْلًا كَرِيْمًا٢٣
Wa qaḍā rabbuka allā ta‘budū illā iyyāhu wa bil-wālidaini iḥsānā(n), immā yabluganna ‘indakal-kibara aḥaduhumā au kilāhumā falā taqul lahumā uffiw wa lā tanhar humā wa qul lahumā qaulan karīmā(n).
[23] Lan Pengéranmu wis ndhawuhna supaya ko aja nyembah seliyané Penjenengané lan preyoga gawé bagus maring biyung-rama. Angger salah sijiné utawa loro-loroné butul maring umur tuwa neng sejeroné rumatanmu, aja pisan-pisan ko ngucap maring wong tuwa loromu ucapan “ah” lan ko aja nggentak dhéwéké kabéh, lan ucapna tembung sing bagus. 471
471) Ngucapna tembung “ah” maring wong tuwa ora déolihna neng agama apa maning ngucapna tembung utawa temindak maring wong tuwa lewih kasar sekang kuwé.

وَاخْفِضْ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحْمَةِ وَقُلْ رَّبِّ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيٰنِيْ صَغِيْرًاۗ٢٤
Wakhfiḍ lahumā janāḥaż-żulli minar-raḥmati wa qur rabbirḥamhumā kamā rabbayānī ṣagīrā(n).
[24] Lan temungkulna awakmu maring sekloroné kanthi welas asih lan ucapna, “Dhuh Pengéran kula! Welasana kekalihipun kados déné kiyambeké kekalih sampun mulang kula wonten wekdal (kula teksih) alit.”

رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا فِيْ نُفُوْسِكُمْ ۗاِنْ تَكُوْنُوْا صٰلِحِيْنَ فَاِنَّهٗ كَانَ لِلْاَوَّابِيْنَ غَفُوْرًا٢٥
Rabbukum a‘lamu bimā fī nufūsikum, in takūnū ṣāliḥīna fa innahū kāna lil-awwābīna gafūrā(n).
[25] Pengérané ko kabéh lewih priksa apa sing ana neng njero atimu, angger ko kabéh wong apik, mangka nyata-nyata Penjenengané Maha Ngampura maring wong sing padha mertobat.

وَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيْرًا٢٦
Wa āti żal-qurbā ḥaqqahū wal-miskīna wabnas-sabīli wa lā tubażżir tabżīrā(n).
[26] Lan wéhna haké maring sedulur pérek, uga maring wong miskin lan wong sing lagi lelungan, lan ko aja padha ngawur-awur (bandhamu) kanthi jobrah.

اِنَّ الْمُبَذِّرِيْنَ كَانُوْٓا اِخْوَانَ الشَّيٰطِيْنِ ۗوَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِرَبِّهٖ كَفُوْرًا٢٧
Innal-mubażżirīna kānū ikhwānasy-syayāṭīn(i), wa kānasy-syaiṭānu lirabbihī kafūrā(n).
[27] Setemené wong-wong sing jobrah kuwé seduluré sétan lan sétan kuwé banget ingkaré maring Pengérané.

وَاِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاۤءَ رَحْمَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ تَرْجُوْهَا فَقُلْ لَّهُمْ قَوْلًا مَّيْسُوْرًا٢٨
Wa immā tu‘riḍanna ‘anhumubtigā'a raḥmatim mir rabbika tarjūhā faqul lahum qaulam maisūrā(n).
[28] Lan angger sliramu mléngos sekang wong-wong nggo mekolih kewelasan sekang Pengéranmu sing ko padha arep-arep, mangka ucapna maring wong-wong kuwé ucapan sing alus. 472
472) Maksudé angger ko padha ora bisa nglakoni dhawuhé Gusti Allah kaya sing désebut neng ayat 26 mangka ucapna maring wong-wong kuwé ucapan sing apik supayané wong-wong kuwé ora keciwa merga urung olih pitulung sekang ko kabéh. Lan ko padha ngupayakna nggo olih rejeki (rahmat) sekang Pengéranmu, sing marakna ko bisa ngewéhna maring wong-wong kuwé hak-haké.

وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُوْلَةً اِلٰى عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُوْمًا مَّحْسُوْرًا٢٩
Wa lā taj‘al yadaka maglūlatan ilā ‘unuqika wa lā tabsuṭhā kullal-basṭi fa taq‘uda malūmam maḥsūrā(n).
[29] Lan aja pisan-pisan ko ndadékna tangamu keblenggu neng gulumu (kuméd) lan (uga) aja ko nemen-némen ngulurna (kelewihen lomané) mengko ko kenang penistha lan kajogan.

اِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا ࣖ٣٠
Inna rabbaka yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), innahū kāna bi‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[30] Temen, Pengéranmu njembarna rejeki nggo sapa baé sing Penjenengané kersakna lan matesi (nggo sapa sing Penjenengané kersakna); temen, Penjenengané Maha Ngawuningani, Maha Mriksani kawula-kawula-Né.

وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَوْلَادَكُمْ خَشْيَةَ اِمْلَاقٍۗ نَحْنُ نَرْزُقُهُمْ وَاِيَّاكُمْۗ اِنَّ قَتْلَهُمْ كَانَ خِطْـًٔا كَبِيْرًا٣١
Wa lā taqtulū aulādakum khasy-yata imlāq(in), naḥnu narzuquhum wa iyyākum, inna qatlahum kāna khiṭ'an kabīrā(n).
[31] Lan aja pisan-pisan ko padha maténi anak-anakmu merga wedi mlarat. Ingsun sing paring rejeki maring dhéwéké kabéh lan maring ko kabéh. Maténi anak-anakmu kuwé nyata-nyata dosa sing gedhé.

وَلَا تَقْرَبُوا الزِّنٰىٓ اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةً ۗوَسَاۤءَ سَبِيْلًا٣٢
Wa lā taqrabuz-zinā innahū kāna fāḥisyah(tan), wa sā'a sabīlā(n).
[32] Lan aja pisan-pisan ko padha méreki royal (jina); (royal) kuwé temen sewiji pengga-wéan sing lacut (clemer) lan dalan sing ala.

وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّۗ وَمَنْ قُتِلَ مَظْلُوْمًا فَقَدْ جَعَلْنَا لِوَلِيِّهٖ سُلْطٰنًا فَلَا يُسْرِفْ فِّى الْقَتْلِۗ اِنَّهٗ كَانَ مَنْصُوْرًا٣٣
Wa lā taqtulun-nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqq(i), wa man qutila maẓlūman faqad ja‘alnā liwaliyyihī sulṭānan falā yusrif fil-qatl(i), innahū kāna manṣūrā(n).
[33] Lan aja pisan-pisan ko maténi wong sing délarang neng Gusti Allah (maténi wong kuwé), kejaba kanthi sewiji (alésan) sing bener. 473 Lan sapa wongé sing dépaténi kanthi aniaya (dolim), mangka temen, Ingsun wis paring kewenangan 474 maring waliné, ning waliné kuwé aja ngléwati wates neng (urusan) pepaténan. Setemené dhéwéké kuwé wong sing olih pitulungan.
473) Deleng catetan al-An’am (6): 15 474) Kekuwasan neng kéné yakuwé ahli waris sing mati utawa penguwasa sing nuntut Qisas utawa nerima diyat. Deleng Al-Baqoroh ayat 178 lan An-nisa ayat 92

وَلَا تَقْرَبُوْا مَالَ الْيَتِيْمِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ حَتّٰى يَبْلُغَ اَشُدَّهٗۖ وَاَوْفُوْا بِالْعَهْدِۖ اِنَّ الْعَهْدَ كَانَ مَسْـُٔوْلًا٣٤
Wa lā taqrabū mālal-yatīmi illā bil-latī hiya aḥsanu ḥattā yabluga asyuddah(ū), wa aufū bil-‘ahd(i), innal-‘ahda kāna mas'ūlā(n).
[34] Lan aja pisan-pisan ko méreki bandhané bocah yatim kejaba kanthi cara sing lewih apik (migunani) nganti bocah kuwé diwasa lan tetepana janji, merga janji kuwé mesthi déjaluki tanggungjawabé.

وَاَوْفُوا الْكَيْلَ اِذَا كِلْتُمْ وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا٣٥
Wa auful-kaila iżā kiltum wa zinū bil-qisṭāsil-mustaqīm(i), żālika khairuw wa aḥsanu ta'wīlā(n).
[35] Lan sempurnakna takeran rikala ko padha naker, lan nimbanga kanthi timbangan sing bener. Kuwé sing lewih utama (tumrapmu) lan lewih apik akibaté.

وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ ۗاِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ اُولٰۤىِٕكَ كَانَ عَنْهُ مَسْـُٔوْلًا٣٦
Wa lā taqfu mā laisa laka bihī ‘ilm(un), innas-sam‘a wal-baṣara wal-fu'āda kullu ulā'ika kāna ‘anhu mas'ūlā(n).
[36] Lan aja pisan-pisan ko ngetutna sewiji-wiji sing ko ora kaweruhi. Merga pengrungon, pendelengan, lan ati wening, kabéh kuwé arep déjaluki tanggungjawabé.

وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۚ اِنَّكَ لَنْ تَخْرِقَ الْاَرْضَ وَلَنْ تَبْلُغَ الْجِبَالَ طُوْلًا٣٧
Wa lā tamsyi fil-arḍi marahā(n), innaka lan takhriqal-arḍa wa lan tablugal-jibāla ṭūlā(n).
[37] Lan aja pisan-pisan ko mlaku neng ndhuwur bumi kanthi gemedhé, merga setemené ko ora bakal bisa nembus bumi lan ora bakal kewawa mumbul (kaya) dhuwuré gunung.

كُلُّ ذٰلِكَ كَانَ سَيِّئُهٗ عِنْدَ رَبِّكَ مَكْرُوْهًا٣٨
Kullu żālika kāna sayyi'uhū ‘inda rabbika makrūhā(n).
[38] Kabéh kuwé 475 kejahatané banget déwadhéhi neng sisihé Pengéranmu.
475) Kabéh larangan sing désebut neng ayat 22, 23, 26, 29, 31, 32, 33, 34, 36, lan 37 surat kiyé.

ذٰلِكَ مِمَّآ اَوْحٰٓى اِلَيْكَ رَبُّكَ مِنَ الْحِكْمَةِۗ وَلَا تَجْعَلْ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتُلْقٰى فِيْ جَهَنَّمَ مَلُوْمًا مَّدْحُوْرًا٣٩
Żālika mimmā auḥā ilaika rabbuka minal-ḥikmah(ti), wa lā taj‘al ma‘allāhi ilāhan ākhara fa tulqā fī jahannama malūmam madḥūrā(n).
[39] Kuwé miki sebagéan sekang hikmah sing déwahyokna déning Pengéranmu maring sliramu (Muhammad). Lan aja pisan-pisan sliramu nganakna sesembahan liya kejaba Gusti Allah, mengko sliramu débalangna maring neraka neng kahanan dénistha lan dédohna (sekang kewelasané Gusti Allah).

اَفَاَصْفٰىكُمْ رَبُّكُمْ بِالْبَنِيْنَ وَاتَّخَذَ مِنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنَاثًاۗ اِنَّكُمْ لَتَقُوْلُوْنَ قَوْلًا عَظِيْمًا ࣖ٤٠
Afa aṣfākum rabbukum bil-banīna wattakhaża minal-malā'ikati ināṡā(n), innakum lataqūlūna qaulan ‘aẓīmā(n).
[40] Mula apa pantes Pengéran milih anak lanang nggo sliramu lan Penjenengané mundhut anak wadon sekang malaékat? Temen, ko padha nyata-nyata ngucapna tembung sing gedhé (dosané).

وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِيَذَّكَّرُوْاۗ وَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا نُفُوْرًا٤١
Wa laqad ṣarrafnā fī hāżal-qur'āni liyażżakkarū, wa mā yazīduhum illā nufūrā(n).
[41] Lan temen, neng njero Al-Qur’an kiyé wis Ingsun (genahna) bola-bali (pengéling-éling), supaya wong-wong padha tansah kémutan. Ning (pengéling-éling kuwé) mung nambahi dhéwéké padha dadi mlayu (sekang bebener).

قُلْ لَّوْ كَانَ مَعَهٗ ٓ اٰلِهَةٌ كَمَا يَقُوْلُوْنَ اِذًا لَّابْتَغَوْا اِلٰى ذِى الْعَرْشِ سَبِيْلًا٤٢
Qul lau kāna ma‘ahū ālihatun kamā yaqūlūna iżal labtagau ilā żil-‘arsyi sabīlā(n).
[42] Dhawuha (Muhammad), “Angger ana sembahan-sembahan kejaba Penjenengané, kayadéné sing dhéwéké padha ucapna, mesthi sembahan-sembahan kuwé nggolét dalan maring Pengéran sing kagungan ‘Arsy.”

سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يَقُوْلُوْنَ عُلُوًّا كَبِيْرًا٤٣
Subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yaqūlūna ‘uluwwan kabīrā(n).
[43] Mahasuci lan Mahaluhur Penjenengané sekang apa sing dhéwéké padha omongna, luhur lan agung (ora nana bandhingané).

تُسَبِّحُ لَهُ السَّمٰوٰتُ السَّبْعُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ وَاِنْ مِّنْ شَيْءٍ اِلَّا يُسَبِّحُ بِحَمْدِهٖ وَلٰكِنْ لَّا تَفْقَهُوْنَ تَسْبِيْحَهُمْۗ اِنَّهٗ كَانَ حَلِيْمًا غَفُوْرًا٤٤
Tusabbiḥu lahus-samāwātus-sab‘u wal-arḍu wa man fīhinn(a), wa im min syai'in illā yusabbiḥu biḥamdihī wa lākil lā tafqahūna tasbīḥahum, innahū kāna ḥalīman gafūrā(n).
[44] Langit sing pitu, bumi lan kabéh sing ana neng njeroné padha ngalem-suci (maca tasbéh) maring Gusti Allah. Lan ora nana sewiji-wiji kejaba padha maca tasbéh kanthi memuji maring Penjenengané, ning ko padha ora ngerti pemujiné sekabéh kuwé (maring Gusti Allah). Temen, Penjenengané Mahaaris, Maha Ngampura.

وَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ جَعَلْنَا بَيْنَكَ وَبَيْنَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ حِجَابًا مَّسْتُوْرًاۙ٤٥
Wa iżā qara'tal-qur'āna ja‘alnā bainaka wa bainal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati ḥijābam mastūrā(n).
[45] Lan rikala sliramu (Muhammad) maca Al-Qur’an, Ingsun anakna sewiji aling-aling sing ora keton antarané sliramu lan wong-wong sing ora padha precaya maring penguripan akhérat,

وَّجَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ وَاِذَا ذَكَرْتَ رَبَّكَ فِى الْقُرْاٰنِ وَحْدَهٗ وَلَّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِهِمْ نُفُوْرًا٤٦
Wa ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa iżā żakarta rabbaka fil-qur'āni waḥdahū wallau ‘alā adbārihim nufūrā(n).
[46] lan Ingsun dadékna atiné dhéwéké padha ketutup lan kupingé padha kesumpel, supaya padha ora bisa mahami (Al-Qur’an). Lan angger sliramu nyebut Pengéranmu baé neng njero Al-Qur’an, wong-wong kuwé padha mléngos maring mburi, mlayu (merga wadhéh).

نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَسْتَمِعُوْنَ بِهٖٓ اِذْ يَسْتَمِعُوْنَ اِلَيْكَ وَاِذْ هُمْ نَجْوٰٓى اِذْ يَقُوْلُ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا٤٧
Naḥnu a‘lamu bimā yastami‘ūna bihī iż yastami‘ūna ilaika wa iż hum najwā iż yaqūluẓ-ẓālimūna in tattabi‘ūna illā rajulam masḥūrā(n).
[47] Ingsun lewih ngawuningani neng kahanan kepriwé wong-wong kuwé ngrungokna sewektu dhéwéké padha ngrungokna sliramu (Muhammad), lan rikala dhéwéké padha krisikan (yakuwé) rikala wong aniaya (dolim) kuwé padha ngucap, “Ko mung padha ngetutna wong lanang sing kenang sihir.”

اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا٤٨
Unẓur kaifa ḍarabū lakal-amṡāla fa ḍallū falā yastaṭī‘ūna sabīlā(n).
[48] Delengen kepriwé dhéwéké olihé padha gawé peumpaman nggo sliramu (Muhammad); merga kuwé wong-wong mau dadi kesasar lan ora bisa nemokna maning dalan (sing bener).

وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا٤٩
Wa qālū a'iżā kunnā ‘iẓāmaw wa rufātan a'innā lamab‘ūṡūna khalqan jadīdā(n).
[49] Lan dhéwéké padha ngucap, “Angger inyong padha wis dadi balung-klunthung lan barang-barang sing ajur, apa inyong kabéh nyata-nyata bakal détangékna maning dadi mahluk sing anyar?”

۞ قُلْ كُوْنُوْا حِجَارَةً اَوْ حَدِيْدًاۙ٥٠
Qul kūnū ḥijāratan au ḥadīdā(n).
[50] Dhawuha (Muhammad), “Dadia ko kabéh watu utawa wesi,

اَوْ خَلْقًا مِّمَّا يَكْبُرُ فِيْ صُدُوْرِكُمْ ۚفَسَيَقُوْلُوْنَ مَنْ يُّعِيْدُنَاۗ قُلِ الَّذِيْ فَطَرَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ فَسَيُنْغِضُوْنَ اِلَيْكَ رُءُوْسَهُمْ وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هُوَۗ قُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ قَرِيْبًا٥١
Au khalqam mimmā yakburu fī ṣudūrikum, fa sayaqūlūna may yu‘īdunā, qulil-lażī faṭarakum awwala marrah(tin), fa sayun-giḍūna ilaika ru'ūsahum wa yaqūlūna matā huw(a), qul ‘asā ay yakūna qarībā(n).
[51] utawa dadi mahluk sing gedhé (sing mokal bisa urip maning) mungguh pikiranmu.” Mangka wong-wong kuwé arep takon, “Sapa sing arep nguripna inyong kabéh maning?” Dhawuha, “Sing wis nyiptakna ko kabéh sekawitané.” Banjur dhéwéké arep padha gédhég-gédhég endhas maring sliramu lan ngucap, “Kapan (Kiyamat) kuwé (bakal kedadén)?” Dhawuha, ”Mbok menawa wektuné wis pérek,”

يَوْمَ يَدْعُوْكُمْ فَتَسْتَجِيْبُوْنَ بِحَمْدِهٖ وَتَظُنُّوْنَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا ࣖ٥٢
Yauma yad‘ūkum fa tastajībūna biḥamdihī wa taẓunnūna il labiṡtum illā qalīlā(n).
[52] yakuwé neng dina (rikala) Penjenengané nimbali ko kabéh, lan ko padha manut maring Penjenengané karo memuji maring Penjenengané lan ko padha ngira, (rasané) mung sedhéla thok ko padha manggon (neng njero kubur).

وَقُلْ لِّعِبَادِيْ يَقُوْلُوا الَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ يَنْزَغُ بَيْنَهُمْۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلْاِنْسَانِ عَدُوًّا مُّبِيْنًا٥٣
Wa qul li‘ibādī yaqūlul-latī hiya aḥsan(u), innasy-syaiṭāna yanzagu bainahum, innasy-syaiṭāna kāna lil-insāni ‘aduwwam mubīnā(n).
[53] Lan dhawuha maring kawula-kawulané Ingsun, “Peryoga padha ngucapa tembung sing lewih apik (bener). Temen, sétan kuwé (tansah) njalarna pesulayan neng antarané dhéwéké kabéh. Temen, sétan kuwé mungsuh sing nyata tumrap menungsa.

رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِكُمْ اِنْ يَّشَأْ يَرْحَمْكُمْ اَوْ اِنْ يَّشَأْ يُعَذِّبْكُمْۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا٥٤
Rabbukum a‘lamu bikum, iy yasya' yarḥamkum au iy yasya' yu‘ażżibkum, wa mā arsalnāka ‘alaihim wakīlā(n).
[54] Pengéranmu lewih ngawuningani ingatasé ko kabéh. Angger Penjenengané ngersakna, mesthi Penjenengané bakal paring kewelasan maring ko kabéh, lan angger Penjenengané ngersakna, mesthi Penjenengané bakal paring siksa maring ko kabéh. Lan Ingsun ora ngutus sliramu (Muhammad) supayané dadi pengreksa tumrap dhéwéké.

وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِمَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَلَقَدْ فَضَّلْنَا بَعْضَ النَّبِيّٖنَ عَلٰى بَعْضٍ وَّاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًا٥٥
Wa rabbuka a‘lamu biman fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa laqad faḍḍalnā ba‘ḍan nabiyyīna ‘alā ba‘ḍiw wa ātainā dāwūda zabūrā(n).
[55] Lan Pengéranmu lewih ngawuningani sapa sing neng langit lan neng bumi. Lan temen, Ingsun wis paring pepunjul maring sebagéan nabi ingatasé sebagéan (liyané) lan Ingsun paringna Zabur maring Dawud.

قُلِ ادْعُوا الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ فَلَا يَمْلِكُوْنَ كَشْفَ الضُّرِّ عَنْكُمْ وَلَا تَحْوِيْلًا٥٦
Qulid‘ul-lażīna za‘amtum min dūnihī falā yamlikūna kasyfaḍ-ḍurri ‘ankum wa lā taḥwīlā(n).
[56] Dhawuha (Muhammad), “Undangen dhéwé-ké kabéh sing ko padha anggep (sembahan) seliyané Gusti Allah, 476 dhéwéké ora padha kewasa ngilangna bebaya sekang ko kabéh lan (uga) ora bisa ngowahi (bebaya kuwé).”
476) Apa sing déucapna neng wong-wong kuwé minangka pengéran yakuwé brehala, malaékat, jin, lan liya-liyané.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ يَبْتَغُوْنَ اِلٰى رَبِّهِمُ الْوَسِيْلَةَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ وَيَرْجُوْنَ رَحْمَتَهٗ وَيَخَافُوْنَ عَذَابَهٗۗ اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ كَانَ مَحْذُوْرًا٥٧
Ulā'ikal-lażīna yad‘ūna yabtagūna ilā rabbihimul-wasīlata ayyuhum aqrabu wa yarjūna raḥmatahū wa yakhāfūna ‘ażābah(ū), inna ‘ażāba rabbika kāna maḥżūrā(n).
[57] Wong-wong sing dhéwéké padha sebut-sebut kuwé, dhéwéké pribadi padha nggoléti dalan maring Pengéran 477 sapa neng antarané wong kuwé sing lewih keperek (maring Gusti Allah). Wong-wong mau padha ngarep-arep kewelasané Penjenengané lan wedi maring siksané Penjenengané. Temen, siksané Pengéranmu kuwé sewiji-wiji sing (kudu) déwedéni.”
477) Angger Nabi Muhammad s.a.w nganti déurak neng wong-wong Mekah mesthi dhéwéké padha ora arep suwé urip neng dunya, lan Gusti Allah bakal numpes wong-wong Mekah kuwé. Boyongé Nabi Muhammad s.a.w maring Medinah udu merga urakané wong-wong Quraisy, ning mung merga dhawuhé Gusti Allah.

وَاِنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اِلَّا نَحْنُ مُهْلِكُوْهَا قَبْلَ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ اَوْ مُعَذِّبُوْهَا عَذَابًا شَدِيْدًاۗ كَانَ ذٰلِكَ فىِ الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا٥٨
Wa im min qaryatin illā naḥnu muhlikūhā qabla yaumil-qiyāmati au mu‘ażżibūhā ‘ażāban syadīdā(n), kāna żālika fil-kitābi masṭūrā(n).
[58] Lan ora nana sewiji negari baé (sing duraka wargané), kejaba Ingsun numpes (negari kuwé) seurungé dina Kiyamat utawa Ingsun siksa (wargané), kanthi siksa sing banget kerasé. Sing mengkana kuwé wis ketulis neng njeroné Kitab (Lauh Mahfuz).

وَمَا مَنَعَنَآ اَنْ نُّرْسِلَ بِالْاٰيٰتِ اِلَّآ اَنْ كَذَّبَ بِهَا الْاَوَّلُوْنَۗ وَاٰتَيْنَا ثَمُوْدَ النَّاقَةَ مُبْصِرَةً فَظَلَمُوْا بِهَاۗ وَمَا نُرْسِلُ بِالْاٰيٰتِ اِلَّا تَخْوِيْفًا٥٩
Wa mā mana‘anā an nursila bil-āyāti illā an każżaba bihal-awwalūn(a), wa ātainā ṡamūdan-nāqata mubṣiratan fa ẓalamū bihā, wa mā nursilu bil-āyāti illā takhwīfā(n).
[59] Lan ora nana sing ngalang-alangi Ingsun ngirimna (maring ko kabéh) tandha-tandha (kewasané Ingsun), kejaba merga (tandha-tandha) kuwé wis dégorohna neng wong-wong gemiyén. Lan wis Ingsun paringna maring kaum Samud onta wadon (minangka mukjijat) sing bisa dédeleng, ning wong-wong mau padha nganiaya (onta kuwé). Lan Ingsun ora ngirimna tandha-tandha kuwé kejaba nggo medén-medéni.

وَاِذْ قُلْنَا لَكَ اِنَّ رَبَّكَ اَحَاطَ بِالنَّاسِۗ وَمَا جَعَلْنَا الرُّءْيَا الَّتِيْٓ اَرَيْنٰكَ اِلَّا فِتْنَةً لِّلنَّاسِ وَالشَّجَرَةَ الْمَلْعُوْنَةَ فِى الْقُرْاٰنِ ۗ وَنُخَوِّفُهُمْۙ فَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا طُغْيَانًا كَبِيْرًا ࣖ٦٠
Wa iż qulnā laka inna rabbaka aḥāṭa bin-nās(i), wa mā ja‘alnar-ru'yal-latī araināka illā fitnatal lin-nāsi wasy-syajaratal mal‘ūnata fil-qur'ān(i), wa nukhawwifuhum, famā yazīduhum illā ṭugyānan kabīrā(n).
[60] Lan (élinga) rikala Ingsun wahyokna maring sliramu, “Temen, (ilmuné) Pengéranmu nglingkupi sekabéhé menungsa.” Lan Ingsun ora ndadékna impén 478 sing wis Ingsun weruhna maring sliramu, kejaba dadi ujian nggo menungsa lan (mengkana uga) wit sing désupatani (zaqqum) neng Al-Qur’an. Lan Ingsun medén-medéni wong-wong mau, ning sing mengkana kuwé mung nambahi gedhé durakané dhéwéké kabéh.
478) Ngimpi kuwé terjemah sekang tembung Ar-Ru’ya sing démaksud ayat kiyé yakuwé ngimpi bab perang Badar sing déalami Rasulullah s.a.w seurungé kedadéané Perang Badar. Uga akéh ahli tapsir nerjemahna tembung Ar-Ru’ya karo tembung peningal sing tegesé, peningalan sing déalami Rasulullah s.a.w rikala Isra’ lan Mi’raj.

وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ قَالَ ءَاَسْجُدُ لِمَنْ خَلَقْتَ طِيْنًاۚ٦١
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), qāla a'asjudu liman khalaqta ṭīnā(n).
[61] Lan (élinga) rikala Ingsun paring sabda maring para malaékat, “Sujuda ko kabéh maring Adam,” banjur dhéwéké padha sujud, kejaba Iblis. Dhéwéké (Iblis) ngucap, “Napa énggané kula kedah sujud dhateng tiyang ingkang Penjenengan cipta saking siti?”

قَالَ اَرَاَيْتَكَ هٰذَا الَّذِيْ كَرَّمْتَ عَلَيَّ لَىِٕنْ اَخَّرْتَنِ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَاَحْتَنِكَنَّ ذُرِّيَّتَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلًا٦٢
Qāla ara'aitaka hāżal-lażī karramta ‘alayya la'in akhkhartani ilā yaumil-qiyāmati la'aḥtanikanna żurriyyatahū illā qalīlā(n).
[62] Dhéwéké (Iblis) ngucap, “Terangaken dhateng kula, napa niki ingkang langkung Penjenengan mulyakaken tenimbang kula? Menawi Penjenengan paring wekdal dhateng kula ngantos dinten Kiyamat, temtu badhé kula sasaraken keturunanipun, kejawi ingkang sekedhik.”

قَالَ اذْهَبْ فَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ فَاِنَّ جَهَنَّمَ جَزَاۤؤُكُمْ جَزَاۤءً مَّوْفُوْرًا٦٣
Qālażhab faman tabi‘aka minhum fa inna jahannama jazā'ukum jazā'am maufūrā(n).
[63] Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Nga-nah lunga, ning sapa wongé neng antarané wong-wong sing ngetutna ko, mangka temen, neraka Jahanam dadi piwalesé ko kabéh, minangka piwales sing nyukupi.

وَاسْتَفْزِزْ مَنِ اسْتَطَعْتَ مِنْهُمْ بِصَوْتِكَ وَاَجْلِبْ عَلَيْهِمْ بِخَيْلِكَ وَرَجِلِكَ وَشَارِكْهُمْ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِ وَعِدْهُمْۗ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا٦٤
Wastafziz manistaṭa‘ta minhum biṣautika wa ajlib ‘alaihim bikhailika wa rajilika wa syārikūhum fil-amwāli wal-aulādi wa ‘idhum, wa mā ya‘iduhumusy-syaiṭānu illā gurūrā(n).
[64] Lan réka dayani sapa baé neng antarané wong-wong sing ko (Iblis) bisa kanthi sewaramu (sing mengini), tebahna kabéh wadyabngalamu maring wong-wong kuwé, sing numpak jaran lan sing padha mlaku, lan brayani bareng dhéwéké neng (urusan) bandha lan anak-anaké, lan awéha janji maring dhéwéké kabéh.” Mangkané sétan kuwé mung njanjeni apus-apus maring wong-wong kuwé.

اِنَّ عِبَادِيْ لَيْسَ لَكَ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنٌۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ وَكِيْلًا٦٥
Inna ‘ibādī laisa laka ‘alaihim sulṭān(un), wa kafā birabbika wakīlā(n).
[65] “Setemené (tumrap) kawula-kawulané Ing-sun, ora nana nggo ko (Iblis) bisa ngewasani ingatasé dhéwéké kabéh. Lan cukup Pengé-ranmu dadi pengreksa.”

رَبُّكُمُ الَّذِيْ يُزْجِيْ لَكُمُ الْفُلْكَ فِى الْبَحْرِ لِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا٦٦
Rabbukumul-lażī yuzjī lakumul-fulka fil-baḥri litabtagū min faḍlih(ī), innahū kāna bikum raḥīmā(n).
[66] Pengéranmu sing nglajokna prahu-prahu neng segara nggo ko kabéh, supayané ko padha nggolét kanugrahané Penjenengané. Temen, Penjenengané Mahawelas maring ko kabéh.

وَاِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فِى الْبَحْرِ ضَلَّ مَنْ تَدْعُوْنَ اِلَّآ اِيَّاهُۚ فَلَمَّا نَجّٰىكُمْ اِلَى الْبَرِّ اَعْرَضْتُمْۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ كَفُوْرًا٦٧
Wa iżā massakumuḍ-ḍurru fil-baḥri ḍalla man tad‘ūna illā iyyāh(u), falammā najjākum ilal-barri a‘raḍtum, wa kānal-insānu kafūrā(n).
[67] Lan nalika ko ketiban bebaya neng segara, mesti ilang (sekang pikiranmu) sapa sing ko sembah, kejaba Penjenengané (Gusti Allah). Ning rikala Penjenengané nylametna ko tekan darat, ko padha mléngos (sekang Penjenengané). Lan menungsa pancén banget ingkar (maring nékmat-É).

اَفَاَمِنْتُمْ اَنْ يَّخْسِفَ بِكُمْ جَانِبَ الْبَرِّ اَوْ يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ وَكِيْلًا ۙ٦٨
Afa amintum ay yakhsifa bikum jānibal-barri au yursila ‘alaikum ḥaṣiban ṡumma lā tajidū lakum wakīlā(n).
[68] Mangka apa ko padha krasa aman, lamon Penjenengané ora bakal ngamblesna sebagéan daratan bareng ko kabéh utawa Penjenengané ngirimna (barat gedhé sing nggawa) watu-watu krikil? Lan ko kabéh ora bakal olih sewiji pengayom,

اَمْ اَمِنْتُمْ اَنْ يُّعِيْدَكُمْ فِيْهِ تَارَةً اُخْرٰى فَيُرْسِلَ عَلَيْكُمْ قَاصِفًا مِّنَ الرِّيْحِ فَيُغْرِقَكُمْ بِمَا كَفَرْتُمْۙ ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ عَلَيْنَا بِهٖ تَبِيْعًا٦٩
Am amintum ay yu‘īdakum fīhi tāratan ukhrā fa yursila ‘alaikum qāṣifam minar-rīḥi fa yugriqakum bimā kafartum, ṡumma lā tajidū lakum ‘alainā bihī tabī‘ā(n).
[69] utawa ko padha krasa aman lamon Penjenengané ora bakal mbalékna ko kabéh maring segara sepisan maning, banjur Penjenengané ngirimna angin gedhé maring ko kabéh lan Penjenengané nglelepna ko merga kufurmu? Banjur ko ora bakal padha bisa nemokna wong siji baé sing tulung nggo ngadhepi (siksané) Ingsun.

۞ وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِيْٓ اٰدَمَ وَحَمَلْنٰهُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلٰى كَثِيْرٍ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيْلًا ࣖ٧٠
Wa laqad karramnā banī ādama wa ḥamalnāhum fil-barri wal-baḥri wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāti wa faḍḍalnāhum ‘alā kaṡīrim mimman khalaqnā tafḍīlā(n).
[70] Lan temen, Ingsun wis mulyakna anak-putuné Adam, lan Ingsun angkut dhéwéké kabéh neng dharat lan neng segara, lan Ingsun paringi dhéwéké rejeki sekang sing apik-apik lan Ingsun punjulna dhéwéké kabéh sendhuwuré akéh-akéhé mahluk sing Ingsun ciptakna kanthi pinunjulan sing sampurna.

يَوْمَ نَدْعُوْا كُلَّ اُنَاسٍۢ بِاِمَامِهِمْۚ فَمَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ يَقْرَءُوْنَ كِتٰبَهُمْ وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٧١
Yauma nad‘ū kulla unāsim bi'imāmihim, faman ūtiya katābahū biyamīnihī fa ulā'ika yaqra'ūna kitābahum wa lā yuẓlamūna fatīlā(n).
[71] (Élinga) neng dina (rikala) Ingsun nimbali saben umat karo pemimpiné, lan sapa wongé sing déparingi cathetan lakoné neng tangan tengené, wong-wong kuwé bakal maca cathetané (kanthi apik), lan dhéwéké ora bakal padha dékapitunani senajan mung semendhing.

وَمَنْ كَانَ فِيْ هٰذِهٖٓ اَعْمٰى فَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ اَعْمٰى وَاَضَلُّ سَبِيْلًا٧٢
Wa man kāna fī hāżihī a‘mā fa huwa fil-ākhirati a‘mā wa aḍallu sabīlā(n).
[72] Lan sapa wongé sing wuta (atiné) neng dunya kiyé, mangka neng akhérat wong kuwé bakal wuta lan kesasar adoh sekang dalan (sing bener).

وَاِنْ كَادُوْا لَيَفْتِنُوْنَكَ عَنِ الَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ لِتَفْتَرِيَ عَلَيْنَا غَيْرَهٗۖ وَاِذًا لَّاتَّخَذُوْكَ خَلِيْلًا٧٣
Wa in kādū layaftinūnaka ‘anil-lażī auḥainā ilaika litaftariya ‘alainā gairah(ū), wa iżal lattakhażūka khalīlā(n).
[73] Lan wong-wong mau méh baé mléngosna sliramu (Muhammad) sekang apa sing wis Ingsun wahyokna maring sliramu, supayané slira ngana-anakna sing liya ingatasé Ingsun, lan angger mengkana mesthi dhéwéké padha ndadékna sliramu batir sing setiya.

وَلَوْلَآ اَنْ ثَبَّتْنٰكَ لَقَدْ كِدْتَّ تَرْكَنُ اِلَيْهِمْ شَيْـًٔا قَلِيْلًا ۙ٧٤
Wa lau lā an ṡabbatnāka laqad kitta tarkanu ilaihim syai'an qalīlā(n).
[74] Lan sekirané Ingsun ora merteguh (atiné) sliramu, mesthi sliramu méh dhoyong semendhing maring wong-wong mau.

اِذًا لَّاَذَقْنٰكَ ضِعْفَ الْحَيٰوةِ وَضِعْفَ الْمَمَاتِ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ عَلَيْنَا نَصِيْرًا٧٥
Iżal-la'ażaqnāka ḍi‘fal-ḥayāti wa ḍi‘fal-mamāti ṡumma lā tajidu laka ‘alainā naṣīrā(n).
[75] Angger mengkana, mesthi Ingsun rasakna maring sliramu (siksa) tikel pindho neng dunya kiyé lan tikel pindho sewisé mati, lan sliramu (Muhammad) ora bakal nemu wong sing bisa tulung ingatasé Ingsun.

وَاِنْ كَادُوْا لَيَسْتَفِزُّوْنَكَ مِنَ الْاَرْضِ لِيُخْرِجُوْكَ مِنْهَا وَاِذًا لَّا يَلْبَثُوْنَ خِلٰفَكَ اِلَّا قَلِيْلًا٧٦
Wa in kādū layastafizzūnaka minal-arḍi liyukhrijūka minhā wa iżal lā yalbaṡūna khilāfaka illā qalīlā(n).
[76] Lan temen, wong-wong kuwé méh baé gawé sliramu (Muhammad) kemrungsung neng negari (Mekah) merga sliramu kudu metu sekang negari kuwé, lan angger kedadén sing kaya kuwé, mesthi semburi-kérimu wong-wong mau ora bakal manggon (neng kana), kejaba mung sedhéla thok. 479
479) Angger nganti kedadéan Nabi Muhammad s.a.w detundhung déning wong Mekah, mesthiné dhéwéké kabéh ora bakal suwé urip neng dunya, lan Gusti Allah arep numpes dhéwéké kabéh. Boyonge Nabi Muhammad s.a.w maring Medinah udu merga détundhung déning kaum Quraysi, ning merga préntahé Gusti Allah.

سُنَّةَ مَنْ قَدْ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنْ رُّسُلِنَا وَلَا تَجِدُ لِسُنَّتِنَا تَحْوِيْلًا ࣖ٧٧
Sunnata man qad arsalnā qablaka mir rusulinā wa lā tajidu lisunnatinā taḥwīlā(n).
[77] (Sing mengkana kuwé) dadi ketetepan tumrap para utusané Ingsun sing Ingsun utus seurungé sliramu, 480 lan sliramu ora bakal nemokna owah-owahan ingatasé ketetepané Ingsun.
480) Maksudé saben-saben umat sing ngurak Rasul mesti arep déancurna déning Gusti Allah. Kaya kuwé sunnah (ketetepané) Gusti Allah swt.

اَقِمِ الصَّلٰوةَ لِدُلُوْكِ الشَّمْسِ اِلٰى غَسَقِ الَّيْلِ وَقُرْاٰنَ الْفَجْرِۗ اِنَّ قُرْاٰنَ الْفَجْرِ كَانَ مَشْهُوْدًا٧٨
Aqimiṣ-ṣalāta lidulūkisy-syamsi ilā gasaqil-laili wa qur'ānal-fajr(i), inna qur'ānal-fajri kāna masyhūdā(n).
[78] Leksanakna sembayang kawit lingsiré srengéngé butul petengé wengi lan (leksanakna uga sembayang) Subuh. 481 Temen, sembayang subuh kuwé désekséni (déning malaékat).
481) Ayat kiyé nerangna wektu sembayang sing lima. Lingsiré srengéngé nggo wektu sembayang Zuhur lan Asar, petengé wengi nggo wektu Magrib, Isya, lan Subuh.

وَمِنَ الَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهٖ نَافِلَةً لَّكَۖ عَسٰٓى اَنْ يَّبْعَثَكَ رَبُّكَ مَقَامًا مَّحْمُوْدًا٧٩
Wa minal-laili fa tahajjad bihī nāfilatal lak(a), ‘asā ay yab‘aṡaka rabbuka maqāmam maḥmūdā(n).
[79] Lan neng sebagéané wengi, lakonana sembayang tahajud (minangka sewiji ngibadah) tambahan tumrap ko. Moga-moga Pengéranmu njunjung ko maring panggonan sing pinuji.

وَقُلْ رَّبِّ اَدْخِلْنِيْ مُدْخَلَ صِدْقٍ وَّاَخْرِجْنِيْ مُخْرَجَ صِدْقٍ وَّاجْعَلْ لِّيْ مِنْ لَّدُنْكَ سُلْطٰنًا نَّصِيْرًا٨٠
Wa qur rabbi adkhilnī mudkhala ṣidqiw wa akhrijnī mukhraja ṣidqiw waj‘al lī mil ladunka sulṭānan naṣīrā(n).
[80] Lan dhawuha (Muhammad), dhuh Pengéran kula, mugi Penjenengan lebetaken kula dhateng panggénan mlebet ingkang leres lan mugi Penjenengan medalaken (ugi) kula dhateng panggénan medal ingkang leres lan paringana kula saking sisih Penjenengan kekuwasan ingkang saged nulungi (kula). 482
482) Njaluk maring Gusti Allah supayané awaké dhéwék kabéh mlebu maring ngibadah lan rampung sekang kelawan niyat sing apik lan iklas lan bresih sekang riya lan sekang apa baé sing ngrusak ganjaran. Ayat kiyé uga ngisaratna maring Nabi supayané hijrah sekang Mekah maring Medinah. Lan uga ana sing napsirna njaluk maring Gusti Allah supayané dhéwék kabéh mlebu kubur kanthi apik lan uga metu wektu dina berbangkit kanthi apik.

وَقُلْ جَاۤءَ الْحَقُّ وَزَهَقَ الْبَاطِلُ ۖاِنَّ الْبَاطِلَ كَانَ زَهُوْقًا٨١
Wa qul jā'al-ḥaqqu wa zahaqal-bāṭil(u), innal-bāṭila kāna zahūqā(n).
[81] Lan dhawuha (Muhammad), “Bebener wis teka lan sing luput (batil) wis ilang.” Temen, sing batil kuwé bakal ilang.

وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْاٰنِ مَا هُوَ شِفَاۤءٌ وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۙ وَلَا يَزِيْدُ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا خَسَارًا٨٢
Wa nunazzilu minal-qur'āni mā huwa syifā'uw wa raḥmatul lil-mu'minīn(a), wa lā yazīduẓ-ẓālimīna illā khasārā(n).
[82] Lan Ingsun nurunaken sekang Al-Qur’an (sewiji-wiji) sing dadi tamba lan kewelasan nggo wong sing padha precaya, lan nggo wong sing padha aniaya (Al-Qur’an kuwé) mung arep nambahi kapitunan.

وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ كَانَ يَـُٔوْسًا٨٣
Wa iżā an‘amnā ‘alal-insāni a‘raḍa wa na'ā bijānibih(ī), wa iżā massahusy-syarru kāna ya'ūsā(n).
[83] Lan angger Ingsun paring bebungah maring menungsa, mesthi dhéwéké mléngos lan semingkir kanthi gemedhé, lan angger dhéwéké kenang kesusahan mesthi (dadi) pedhot pengarep-arep.

قُلْ كُلٌّ يَّعْمَلُ عَلٰى شَاكِلَتِهٖۗ فَرَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَنْ هُوَ اَهْدٰى سَبِيْلًا ࣖ٨٤
Qul kulluy ya‘malu ‘alā syākilatih(ī), fa rabbukum a‘lamu biman huwa ahdā sabīlā(n).
[84] Dhawuha (Muhammad), “Saben-saben wong temindak netepi karo sipaté (wateké) dhéwék-dhéwék.” Mangka Pengéranmu wis ngawuningani sapa sing lewih bener dalané.

وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الرُّوْحِۗ قُلِ الرُّوْحُ مِنْ اَمْرِ رَبِّيْ وَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنَ الْعِلْمِ اِلَّا قَلِيْلًا٨٥
Wa yas'alūnaka ‘anir-rūḥ(i), qulir-rūḥu min amri rabbī wa mā ūtītum minal-‘ilmi illā qalīlā(n).
[85] Lan wong-wong mau padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani roh. Dhawuha, “Roh kuwé klebu urusané Pengéranku, éwadéné ko kabéh déparingi kawruh mung semendhing.”

وَلَىِٕنْ شِئْنَا لَنَذْهَبَنَّ بِالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ بِهٖ عَلَيْنَا وَكِيْلًاۙ٨٦
Wa la'in syi'nā lanażhabanna bil-lażī auḥainā ilaika ṡumma lā tajidu laka bihī ‘alainā wakīlā(n).
[86] Lan setemené angger Ingsun ngersakna, mesthi Ingsun ilangna apa sing wis Ingsun wahyokna maring sliramu (Muhammad), lan sliramu ora bakal nemu siji baé sing mbélani ingatasé Ingsun,

اِلَّا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۗ اِنَّ فَضْلَهٗ كَانَ عَلَيْكَ كَبِيْرًا٨٧
Illā raḥmatam mir rabbik(a), inna faḍalahū kāna ‘alaika kabīrā(n).
[87] kejaba merga kewelasan (rahmat) sekang Pengéranmu. Temen, kanugrahané Penjenengané ingatasé sliramu (Muhammad) banget gedhéné.

قُلْ لَّىِٕنِ اجْتَمَعَتِ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ عَلٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِمِثْلِ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لَا يَأْتُوْنَ بِمِثْلِهٖ وَلَوْ كَانَ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ ظَهِيْرًا٨٨
Qul la'inijtama‘atil-insu wal-jinnu ‘alā ay ya'tū bimiṡli hāżal-qur'āni lā ya'tūna bimiṡlihī wa lau kāna ba‘ḍuhum liba‘ḍin ẓahīrā(n).
[88] Dhawuha, “Setemené angger menungsa lan jin padha kumpul nggo gawé sing serupa (karo) Al-Qur’an kiyé, dhéwéké kabéh ora bakal bisa gawé sing serupa karo kuwé (Al-Qur’an), senajan dhéwéké padha tulung-tulungan antarané siji karo sijiné.

وَلَقَدْ صَرَّفْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۖ فَاَبٰىٓ اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا٨٩
Wa laqad ṣarrafnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡal(in), fa abā akṡarun-nāsi illā kufūrā(n).
[89] Lan temen, Ingsun wis nerangna bola-bali maring menungsa neng njero Al-Qur’an kiyé kanthi pirang-pirang peumpaman, ning akéh-akéhé menungsa padha ora seneng malah padha ngingkari (keterangan kuwé).

وَقَالُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى تَفْجُرَ لَنَا مِنَ الْاَرْضِ يَنْۢبُوْعًاۙ٩٠
Wa qālū lan nu'mina laka ḥattā tafjura lanā minal-arḍi yambū‘ā(n).
[90] Lan dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh ora bakal precaya maring sliramu (Muhammad) seurungé sliramu mancurna banyu (tuk) sekang bumi nggo inyong kabéh,

اَوْ تَكُوْنَ لَكَ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّعِنَبٍ فَتُفَجِّرَ الْاَنْهٰرَ خِلٰلَهَا تَفْجِيْرًاۙ٩١
Au takūna laka jannatum min nakhīliw wa ‘inabin fa tufajjiral-anhāra khilālahā tafjīrā(n).
[91] utawané sliramu duwé kebon korma lan anggur, banjur sliramu ngilékna neng sela-selané bengawan sing banter miliné,

اَوْ تُسْقِطَ السَّمَاۤءَ كَمَا زَعَمْتَ عَلَيْنَا كِسَفًا اَوْ تَأْتِيَ بِاللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ قَبِيْلًاۙ٩٢
Au tusqiṭas-samā'a kamā za‘amta ‘alainā kisafan au ta'tiya billāhi wal-malā'ikati qabīlā(n).
[92] utawa sliramu ngambrolna langit (nganti) pecah nibani inyong kaya sing déucapna déning sliramu, utawa (seurungé) sliramu nekakna Gusti Allah lan para malaékat adu rai karo inyong kabéh,

اَوْ يَكُوْنَ لَكَ بَيْتٌ مِّنْ زُخْرُفٍ اَوْ تَرْقٰى فِى السَّمَاۤءِ ۗوَلَنْ نُّؤْمِنَ لِرُقِيِّكَ حَتّٰى تُنَزِّلَ عَلَيْنَا كِتٰبًا نَّقْرَؤُهٗۗ قُلْ سُبْحَانَ رَبِّيْ هَلْ كُنْتُ اِلَّا بَشَرًا رَّسُوْلًا ࣖ٩٣
Au yakūna laka baitum min zukhrufin au tarqā fis-samā'(i), wa lan nu'mina liruqiyyika ḥattā tunazzila ‘alainā kitāban naqra'uh(ū), qul subḥāna rabbī hal kuntu illā basyarar rasūlā(n).
[93] utawa sliramu duwé umah (sing dégawé) sekang emas, utawa sliramu munggah maring langit. Lan inyong ora bakal padha precaya munggahmu kuwé seurungé sliramu ngedhunaken maring inyong kabéh sewiji kitab nggo déwaca.” Dhawuha (Muhammad), “Mahasuci Pengéranku, Mbok iya inyong kiyé mung menungsa sing dadi utusan?”

وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰٓى اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَبَعَثَ اللّٰهُ بَشَرًا رَّسُوْلًا٩٤
Wa mā mana‘an-nāsa ay yu'minū iż jā'ahumul-hudā illā an qālū aba‘aṡallāhu basyarar rasūlā(n).
[94] Lan ora nana sewiji-wiji sing ngalang-alangi menungsa nggo precaya rikala pituduh teka maring dhéwéké, kejaba ucapané wong-wong mau, “Kenangapa Gusti Allah ngutus sewiji menungsa dadi rasul?”

قُلْ لَّوْ كَانَ فِى الْاَرْضِ مَلٰۤىِٕكَةٌ يَّمْشُوْنَ مُطْمَىِٕنِّيْنَ لَنَزَّلْنَا عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَلَكًا رَّسُوْلًا٩٥
Qul lau kāna fil-arḍi malā'ikatuy yamsyūna muṭma'innīna lanazzalnā ‘alaihim minas-samā'i malakar rasūlā(n).
[95] Dhawuha (Muhammad), “Sekirané neng bumi ana para malaékat, sing padha mlaku-mlaku kanthi anteng, mesti Ingsun nurunaken maring wong-wong mau malaékat sekang langit nggo dadi utusan (rasul).”

قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۗ اِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا٩٦
Qul kafā billāhi syahīdam bainī wa bainakum, innahū kāna bi‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[96] Dhawuha (Muhammad), “Cukup Gusti Allah dadi seksi antarané inyong lan ko kabéh. Temen, Penjenengané Maha Ngawuningani, Maha Mriksani kawula-kawula-Né.

وَمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِۚ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِهٖۗ وَنَحْشُرُهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَلٰى وُجُوْهِهِمْ عُمْيًا وَّبُكْمًا وَّصُمًّاۗ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ كُلَّمَا خَبَتْ زِدْنٰهُمْ سَعِيْرًا٩٧
Wa may yahdillāhu fa huwal-muhtad(i), wa may yuḍlil falan tajida lahum auliyā'a min dūnih(ī), wa naḥsyuruhum yaumal-qiyāmati ‘alā wujūhihim ‘umyaw wa bukmaw wa ṣummā(n), ma'wāhum jahannam(u), kullamā khabat zidnāhum sa‘īrā(n).
[97] Lan sapa wongé déparingi pituduh déning Gusti Allah, dhéwéké wong sing olih pitu-duh, lan sapa wongé sing désasarna déning Penjenengané, mangka sliramu ora bakal nemokna sing padha bisa nulungi tumrap wong-wong mau seliyané Penjeneng-ané. Lan Ingsun bakal ngumpulna dhéwéké kabéh neng dina Kiyamat kanthi rai-rainé padha temungkul, neng kahanan wuta, bisu, lan budheg. Papan panggonané wong-wong kuwé neng neraka Jahanam. Saben-saben urubé geni Jahanam kuwé arep sirep, Ingsun tambahi maning urubé nggo dhéwéké kabéh.

ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ بِاَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا٩٨
Żālika jazā'uhum bi'annahum kafarū bi'āyātinā wa qālū a'iżā kunnā ‘iẓāmaw wa rufātan a'innā lamab‘ūṡūna khalqan jadīdā(n).
[98] Kuwé piwales nggo dhéwéké kabéh, merga setemené wong-wong kuwé padha kapir maring ayat-ayat-É Ingsun lan (merga dhéwéké padha) ngucap, “Angger inyong wis padha dadi balung-klunthung lan barang-barang sing ajur, apa inyong kabéh temen-temen bakal détangékna maning dadi mahluk sing anyar?”

۞ اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ قَادِرٌ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ وَجَعَلَ لَهُمْ اَجَلًا لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ فَاَبَى الظّٰلِمُوْنَ اِلَّا كُفُوْرًا٩٩
Awalam yarau annallāhal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa qādirun ‘alā ay yakhluqa miṡlahum wa ja‘ala lahum ajalal lā raiba fīh(i), fa abaẓ-ẓālimūna illā kufūrā(n).
[99] Lan apa wong-wong mau ora padha nggatékna lamon Gusti Allah sing nyiptakna langit lan bumi Mahakewasa (uga) nyiptakna sing serupa karo dhéwéké kabéh, lan Penjenengané wis netepna wektu tinemtu (mati utawa détangékna) nggo wong-wong mau, sing ora démamangna maning? Mangka wong sing padha aniaya (dolim) kuwé ora nolak kejaba karo mbangkang (kufur).

قُلْ لَّوْ اَنْتُمْ تَمْلِكُوْنَ خَزَاۤىِٕنَ رَحْمَةِ رَبِّيْٓ اِذًا لَّاَمْسَكْتُمْ خَشْيَةَ الْاِنْفَاقِۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ قَتُوْرًا ࣖ١٠٠
Qul lau antum tamlikūna khazā'ina raḥmati rabbī iżal la'amsaktum khasy-yatal-infāq(i), wa kānal-insānu qatūrā(n).
[100] Dhawuha (Muhammad), “Sekirané ko padha ngewasani gudhang kewelasané (rahmat) Pengéranku, mesthi (gudhang) kuwé ko tahan, merga wedi mblanjakna.” Lan menungsa kuwé pancén banget medhité.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى تِسْعَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ فَسْـَٔلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِذْ جَاۤءَهُمْ فَقَالَ لَهٗ فِرْعَوْنُ اِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰمُوْسٰى مَسْحُوْرًا١٠١
Wa laqad ātainā mūsā tis‘a āyātim bayyinātin fas'al banī isrā'īla iż jā'ahum fa qāla lahū fir‘aunu innī la'aẓunnuka yā mūsā masḥūrā(n).
[101] Lan temen, Ingsun wis maringna maring Musa mukjizat sanga (cacahé) sing nyata, 483 mangka takokna maring Bani Israil, rikala Musa teka maring wong-wong mau banjur Fir’aun ngucap maring dhéwéké (Musa), “Hé Musa! Setemené inyong temen-temen ngira ko kenang sihir.”
483) Mukjizat sing sanga yakuwé teken, tangan, walang, tuma, kodok, getih, angin topan, segara, lan gunung (Sinai).

قَالَ لَقَدْ عَلِمْتَ مَآ اَنْزَلَ هٰٓؤُلَاۤءِ اِلَّا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ بَصَاۤىِٕرَۚ وَاِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰفِرْعَوْنُ مَثْبُوْرًا١٠٢
Qāla laqad ‘alimta mā anzala hā'ulā'i illā rabbus-samāwāti wal-arḍi baṣā'ir(a), wa innī la'aẓunnuka yā fir‘aunu maṡbūrā(n).
[102] ”Dhéwéké (Musa) njawab, “Temen, ko wis ngaweruhi, ora nana sing nurunaken (mukjijat-mukjijat) kuwé kejaba Pengéran (sing ngupakara) langit lan bumi minangka bukti-bukti sing nyata; lan temen, inyong nyata-nyata ngira ko bakal ajur, hé Fir’aun.”

فَاَرَادَ اَنْ يَّسْتَفِزَّهُمْ مِّنَ الْاَرْضِ فَاَغْرَقْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ جَمِيْعًاۙ١٠٣
Fa arāda ay yastafizzahum minal arḍi fa agraqnāhu wa mam ma‘ahū jamī‘ā(n).
[103] Banjur dhéwéké (Fir’aun) arep ngurak wong-wong (Musa lan pendhéréké) sekang bumi (Mesir), mangka Ingsun lelepna dhéwéké (Fir’aun) karo kabéh wong sing bareng karo dhéwéké.

وَّقُلْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ لِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اسْكُنُوا الْاَرْضَ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ جِئْنَا بِكُمْ لَفِيْفًاۗ١٠٤
Wa qulnā mim ba‘dihī libanī isrā'īlaskunul-arḍa fa iżā jā'a wa‘dul-ākhirati ji'nā bikum lafīfā(n).
[104] Lan sewisé kuwé Ingsun dhawuh maring Bani Israil, “Manggona neng negari kiyé, ning angger mangsané tangi (sekang kubur) wis teka, mesthi Ingsun kumpulna ko kabéh kanthi kahanan campur bawur.”

وَبِالْحَقِّ اَنْزَلْنٰهُ وَبِالْحَقِّ نَزَلَۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۘ١٠٥
Wa bil-ḥaqqi anzalnāhu wa bil-ḥaqqi nazal(a), wa mā arsalnāka illā mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[105] Lan Ingsun nurunaken (Al-Qur’an) kiyé kanthi sebener-beneré lan (Al-Qur’an) kuwé temurun (nggawa) bebener. Lan Ingsun ngutus sliramu (Muhammad) mung dadi wong sing nggawa werta bebungah lan awéh pengéling-éling.

وَقُرْاٰنًا فَرَقْنٰهُ لِتَقْرَاَهٗ عَلَى النَّاسِ عَلٰى مُكْثٍ وَّنَزَّلْنٰهُ تَنْزِيْلًا١٠٦
Wa qur'ānan faraqnāhu litaqra'ahū ‘alan-nāsi ‘alā mukṡiw wa nazzalnāhu tanzīlā(n).
[106] Lan Al-Qur’an (Ingsun turunaken) cuk semendhing supayané sliramu (Muhammad) macakna maring menungsa alon-alon lan Ingsun nurunaken (Al-Qur’an kuwé) kanthi mipil.

قُلْ اٰمِنُوْا بِهٖٓ اَوْ لَا تُؤْمِنُوْاۗ اِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهٖٓ اِذَا يُتْلٰى عَلَيْهِمْ يَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ سُجَّدًاۙ١٠٧
Qul āminū bihī au lā tu'minū, innal-lażīna ūtul-‘ilma min qablihī iżā yutlā ‘alaihim yakhirrūna lil-ażqāni sujjadā(n).
[107] Dhawuha (Muhammad), “Precayaa ko kabéh maring (Al-Qur’an) kiyé utawa ora usah precaya (padha baé mungguhé Gusti Allah). Setemené wong sing wis padha déparingi kawruh seurungé, angger (Al-Qur’an) déwacakna maring dhéwéké kabéh, wong-wong kuwé padha sujud ndhengkulna rainé,

وَّيَقُوْلُوْنَ سُبْحٰنَ رَبِّنَآ اِنْ كَانَ وَعْدُ رَبِّنَا لَمَفْعُوْلًا١٠٨
Wa yaqūlūna subḥāna rabbinā in kāna wa‘du rabbinā lamaf‘ūlā(n).
[108] lan wong-wong mau padha ngucap, “Mahasuci Pengérané inyong kabéh, temen, janjiné Pengérané inyong mesthi kelakon.”

وَيَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ يَبْكُوْنَ وَيَزِيْدُهُمْ خُشُوْعًا ۩١٠٩
Wa yakhirrūna lil-ażqāni yabkūna wa yazīduhum khusyū‘ā(n).
[109] Lan wong-wong kuwé padha nylosorna rainé karo nangis lan dhéwéké padha tambah gentur (khusuk).

قُلِ ادْعُوا اللّٰهَ اَوِ ادْعُوا الرَّحْمٰنَۗ اَيًّا مَّا تَدْعُوْا فَلَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰىۚ وَلَا تَجْهَرْ بِصَلَاتِكَ وَلَا تُخَافِتْ بِهَا وَابْتَغِ بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًا١١٠
Qulid‘ullāha awid‘ur-raḥmān(a), ayyam mā tad‘ū fa lahul-asmā'ul-ḥusnā, wa lā tajhar biṣalātika wa lā tukhāfit bihā wabtagi baina żālika sabīlā(n).
[110] Dhawuha (Muhammad), “Sebuten Gusti Allah utawa sebuten Ar-Rahman. Kanthi asma sing endi baé sliramu bisa nyebut, merga Penjenengané kagungan asma-asma sing paling apik (al-Asma al-Husna) lan aja pisan-pisan sliramu nyerokna sewaramu rikala sembayang lan (uga) aja sliramu nglirihna lan upayakna tengah-tengah antarané sekaroné kuwé.

وَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ لَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ وَلَمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلِيٌّ مِّنَ الذُّلِّ وَكَبِّرْهُ تَكْبِيْرًا ࣖ١١١
Wa qulil-ḥamdu lillāhil-lażī lam yattakhiż waladaw wa lam yakul lahū syarīkun fil-mulki wa lam yakul lahū waliyyum minaż-żulli wa kabbirhu takbīrā(n).
[111] Lan dhawuha, “Sekabéh pengalembana kagungané Gusti Allah sing ora kagungan putra lan (uga) ora kagungan sekuthon neng prajané Penjenengané lan Penjenengané ora mbutuhna penulung sekang apes lan agungna Penjenengané seagung-agungé.