Surah An-Nahl

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَتٰىٓ اَمْرُ اللّٰهِ فَلَا تَسْتَعْجِلُوْهُ ۗسُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ١
Atā amrullāhi falā tasta‘jilūh(u), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[1] Ketetepané Gusti Allah 448 mesthi tekané, mangka aja pisan-pisan sliramu nuwun supayané kuwé dégelisna (teka)né. Mahasuci Gusti Allah lan Mahaluhur Penjenengané sekang apa sing dhéwéké padha sekuthokna.
448) Dina Kiyamat sing wis déancamna maring wong musrik.

يُنَزِّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ بِالرُّوْحِ مِنْ اَمْرِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖٓ اَنْ اَنْذِرُوْٓا اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاتَّقُوْنِ٢
Yunazzilul-malā'ikata bir-rūḥi min amrihī ‘alā may yasyā'u min ‘ibādihī an anżirū annahū lā ilāha illā ana fattaqūn(i).
[2] Penjenengané nurunaken para malaékat nggawa wahyu kanthi dhawuhé Penjeneng-ané maring sapa sing Penjenengané ker-sakna neng antarané kawula-kawula-Né, (kanthi dhawuh) yakuwé, “Émutna (kawula-kawulané Ingsun), lamon ora nana Pengéran seliyané Ingsun, mangka semaraha (takwa) ko kabéh maring Ingsun.”

خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ تَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٣
Khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[3] Penjenengané nyiptakna langit lan bumi kanthi bener. Mahaluhur Gusti Allah sekang apa sing dhéwéké padha sekuthokna.

خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ نُّطْفَةٍ فَاِذَا هُوَ خَصِيْمٌ مُّبِيْنٌ٤
Khalaqal-insāna min nuṭfatin fa iżā huwa khaṣīmum mubīn(un).
[4] Penjenengané wis nyiptakna menungsa sekang mani, ning nyatané dhéwéké (me-nungsa) dadi tukang mbangkang sing nyata.

وَالْاَنْعَامَ خَلَقَهَا لَكُمْ فِيْهَا دِفْءٌ وَّمَنَافِعُ وَمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ٥
Wal-an‘āma khalaqahā lakum fīhā dif'uw wa manāfi‘u wa minhā ta'kulūn(a).
[5] Lan kéwan-kéwan ingon wis déciptakna Penjenengané nggo sliramu, neng (kéwan) kuwé ana (wulu) sing ngangetna lan pirang-pirang piguna, lan sebagéané ko padha pangan.

وَلَكُمْ فِيْهَا جَمَالٌ حِيْنَ تُرِيْحُوْنَ وَحِيْنَ تَسْرَحُوْنَۖ٦
Wa lakum fīhā jamālun ḥīna turīḥūna wa ḥīna tasraḥūn(a).
[6] Lan ko kabéh olih keéndahan neng kono (kéwan-kéwan ingon), rikala ko padha nggawa bali maring kandhang lan rikala ko padha ngeculna kéwan kuwé (maring nggon pangonan).

وَتَحْمِلُ اَثْقَالَكُمْ اِلٰى بَلَدٍ لَّمْ تَكُوْنُوْا بٰلِغِيْهِ اِلَّا بِشِقِّ الْاَنْفُسِۗ اِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌۙ٧
Wa taḥmilu aṡqālakum ilā baladil lam takūnū bāligīhi illā bisyiqqil-anfus(i), inna rabbakum lara'ūfur raḥīm(un).
[7] Lan kéwan-kéwan kuwé ngangkut gawanané ko kabéh maring sewiji negari sing ko padha ora kewawa njujug, kejaba kanthi rekasa. Temen, Pengéranmu Mahawelas, Mahaasih,

وَّالْخَيْلَ وَالْبِغَالَ وَالْحَمِيْرَ لِتَرْكَبُوْهَا وَزِيْنَةًۗ وَيَخْلُقُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٨
Wal-khaila wal-bigāla wal-ḥamīra litarkabūhā wa zīnah(tan), wa yakhluqu mā lā ta‘lamūn(a).
[8] lan (Penjenengané wis nyiptakna) jaran, bagal, 449 lan keledai, nggo ko kabéh tumpaki lan (dadi) pepaés. Gusti Allah nyiptakna apa sing ko ora padha kaweruhi.
449) Bagal kuwé pranakané jaran karo keledai.

وَعَلَى اللّٰهِ قَصْدُ السَّبِيْلِ وَمِنْهَا جَاۤىِٕرٌ ۗوَلَوْ شَاۤءَ لَهَدٰىكُمْ اَجْمَعِيْنَ ࣖ٩
Wa ‘alallāhi qaṣdus-sabīli wa minhā jā'ir(un), wa lau syā'a lahadākum ajma‘īn(a).
[9] Lan haké Gusti Allah nerangna dalan sing jejeg, lan neng antarané ana (dalan) sing nyimpang. Lan angger Penjenengané nger-sakna, mesthi Penjenengané paring pituduh maring ko kabéh (maring dalan sing bener).

هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً لَّكُمْ مِّنْهُ شَرَابٌ وَّمِنْهُ شَجَرٌ فِيْهِ تُسِيْمُوْنَ١٠
Huwal-lażī anzala minas-samā'i mā'al lakum minhu syarābuw wa minhu syajarun fīhi tusīmūn(a).
[10] Penjenengané sing wis nurunaken banyu (udan) sekang langit nggo ko kabéh, sebagéané dadi inuman lan sebagéané (nyuburna) tanduran, neng kono ko padha angon ingon-ingonmu.

يُنْۢبِتُ لَكُمْ بِهِ الزَّرْعَ وَالزَّيْتُوْنَ وَالنَّخِيْلَ وَالْاَعْنَابَ وَمِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ١١
Yumbitu lakum bihiz-zar‘a waz-zaitūna wan-nakhīla wal-a‘nāba wa min kulliṡ-ṡamarāt(i), inna fī żālika la'āyatal liqaumiy yatafakkarūn(a).
[11] Karo (banyu udan) kuwé Penjenengané nukulna nggo ko kabéh tanduran, zaitun, korma, anggur lan sekabéh wernané woh-wohan. Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong sing padha mikir.

وَسَخَّرَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۙ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ ۗوَالنُّجُوْمُ مُسَخَّرٰتٌۢ بِاَمْرِهٖ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَۙ١٢
Wa sakhkhara lakumul-laila wan-nahār(a), wasy-syamsa wal-qamar(a), wan-nujūmu musakhkharātum bi'amrih(ī), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[12] Lan Penjenengané nundhukna wengi lan awan, srengéngé lan wulan nggo ko kabéh, lan lintang-lintang dékendhalékna kanthi dhawuh-É. Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha mengerténi.

وَمَا ذَرَاَ لَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُخْتَلِفًا اَلْوَانُهٗ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّذَّكَّرُوْنَ١٣
Wa mā żara'a lakum fil-arḍi mukhtalifan alwānuh(ū), inna fī żālika la'āyatal liqaumiy yażżakkarūn(a).
[13] Lan (Penjenengané uga ngendhalékna) apa sing Penjenengané ciptakna nggo ko kabéh neng bumi kiyé kanthi pirang-pirang rupa lan wernané. Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap kaum sing padha ngalap piwulang.

وَهُوَ الَّذِيْ سَخَّرَ الْبَحْرَ لِتَأْكُلُوْا مِنْهُ لَحْمًا طَرِيًّا وَّتَسْتَخْرِجُوْا مِنْهُ حِلْيَةً تَلْبَسُوْنَهَاۚ وَتَرَى الْفُلْكَ مَوَاخِرَ فِيْهِ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٤
Wa huwal-lażī sakhkharal-baḥra lita'kulū minhu laḥman ṭariyyaw wa tastakhrijū minhu ḥilyatan talbasūnahā, wa taral-fulka mawākhira fīhi wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[14] Lan Penjenengané sing nundhukna segara (nggo ko kabéh), supayané ko padha bisa mangan daging sing seger (iwak) sekang kono, lan (sekang segara kuwé) ko padha ngarah pepaés sing ko padha enggo. Ko kabéh (uga) weruh prahu sing laju neng kana, lan supaya ko padha nggolét sebagéan kanugrahané Penjenengané, lan supaya ko padha kesuwun (sukur).

وَاَلْقٰى فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِكُمْ وَاَنْهٰرًا وَّسُبُلًا لَّعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَۙ١٥
Wa alqā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bikum wa anhāraw wa subulal la‘allakum tahtadūn(a).
[15] Lan Penjenengané nancepna gunung neng bumi supaya bumi ora goncang bareng karo ko kabéh, (lan Penjenengané nyiptakna) bengawan-bengawan lan dalan-dalan supayané ko padha olih pituduh.

وَعَلٰمٰتٍۗ وَبِالنَّجْمِ هُمْ يَهْتَدُوْنَ١٦
Wa ‘alāmāt(in), wa bin-najmi hum yahtadūn(a).
[16] Lan (Penjenengané nyiptakna) tandha-tandha (tengara dalan). Lan kanthi lintang-lintang wong-wong padha olih pituduh.

اَفَمَنْ يَّخْلُقُ كَمَنْ لَّا يَخْلُقُۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ١٧
Afamay yakhluqu kamal lā yakhluq(u), afalā tażakkarūn(a).
[17] Mangka apa (Gusti Allah) sing nyiptakna, padha karo apa apa sing ora bisa nyiptakna? Kenangapa ko padha ora ngalap piwulang?

وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٨
Wa in ta‘uddū ni‘matallāhi lā tuḥṣūhā, innallāha lagafūrur raḥīm(un).
[18] Lan angger ko padha ngétung nékmaté Gusti Allah, mesthi ko kabéh ora bakal bisa ngétung kuwé. Temen, Gusti Allah temen-temen Maha Ngampura, Mahaasih.

وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تُسِرُّوْنَ وَمَا تُعْلِنُوْنَ١٩
Wallāhu ya‘lamu mā tusirrūna wa mā tu‘linūn(a).
[19] Lan Gusti Allah priksa apa sing ko padha umpetna lan apa sing ko padha edhéngna.

وَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَا يَخْلُقُوْنَ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَۗ٢٠
Wal-lażīna yad‘ūna min dūnillāhi lā yakhluqūna syai'aw wa hum yukhlaqūn(a).
[20] Lan (reca-reca) sing dhéwéké padha sembah seliyané Gusti Allah, ora bisa gawé sewiji apa, (kosok-baliné) reca-reca kuwé (dhéwék) dégawé neng menungsa.

اَمْوَاتٌ غَيْرُ اَحْيَاۤءٍ ۗوَمَا يَشْعُرُوْنَۙ اَيَّانَ يُبْعَثُوْنَ ࣖ٢١
Amwātun gairu aḥyā'(in), wa mā yasy‘urūna ayyāna yub‘aṡūn(a).
[21] (reca-reca kuwé) barang mati, ora urip, lan reca-reca kuwé ora ngaweruhi kapan (wong sing padha nyembah dhéwéké) détangékna.

اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ ۚفَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ قُلُوْبُهُمْ مُّنْكِرَةٌ وَّهُمْ مُّسْتَكْبِرُوْنَ٢٢
Ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), fal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati qulūbuhum munkiratuw wa hum mustakbirūn(a).
[22] Pengéranmu kuwé Pengéran sing Mahatunggal. Mangka wong sing ora padha precaya maring akhérat, atiné padha ngingkari (ketunggalané Gusti Allah), lan dhéwéké kabéh wong sing gemedhé.

لَا جَرَمَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْتَكْبِرِيْنَ٢٣
Lā jarama annallāha ya‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a), innahū lā yuḥibbul-mustakbirīn(a).
[23] Ora nana kemamangan maning lamon Gusti Allah priksa apa sing dhéwéké padha umpetna lan apa sing dhéwéké padha edhéngna. Setemené Penjenengané ora karenan maring wong sing gemedhé.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ مَّاذَآ اَنْزَلَ رَبُّكُمْ ۙقَالُوْٓا اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٢٤
Wa iżā qīla lahum māżā anzala rabbukum, qālū asāṭīrul-awwalīn(a).
[24] Lan angger détakokna maring dhéwéké kabéh, “Apa sing wis déturunaken déning Pengéranmu?” wong-wong kuwé semaur, “Dongéng-dongéngé wong gemiyén,”

لِيَحْمِلُوْٓا اَوْزَارَهُمْ كَامِلَةً يَّوْمَ الْقِيٰمَةِ ۙوَمِنْ اَوْزَارِ الَّذِيْنَ يُضِلُّوْنَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ اَلَا سَاۤءَ مَا يَزِرُوْنَ ࣖ٢٥
Liyaḥmilū auzārahum kāmilatay yaumal-qiyāmah(ti), wa min auzāril-lażīna yuḍillūnahum bigairi ‘ilm(in), alā sā'a mā yazirūn(a).
[25] (ucapané wong-wong kuwé) marékna dhéwéké kabéh neng dina Kiyamat padha manggul dosa-dosané dhéwék kanthi sampurna, lan sebagéan dosa-dosané wong sing dhéwéké padha sasarna sing ora ngerti babar pisan (lamon dhéwéké padha désasarna). Élinga, banget alané (dosa) sing padha dépanggul kuwé.

قَدْ مَكَرَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَاَتَى اللّٰهُ بُنْيَانَهُمْ مِّنَ الْقَوَاعِدِ فَخَرَّ عَلَيْهِمُ السَّقْفُ مِنْ فَوْقِهِمْ وَاَتٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَ٢٦
Qad makaral-lażīna min qablihim fa atallāhu bun-yānahum minal-qawā‘idi fa kharra ‘alaihimus-saqfu min fauqihim wa atāhumul-‘ażābu min ḥaiṡu lā yasy‘urūn(a).
[26] Temen, wong-wong sing seurungé dhéwéké wis nganakna réka daya, mangka Gusti Allah ngajurna umah-umahé wong-wong mau kawit sekang mesirahé (pondhasiné), banjur payoné (umah kuwé) ambruk ngurugi dhéwéké sekang ndhuwuré, lan siksa kuwé teka maring wong-wong sekang paran sing ora dhéwéké nyana.

ثُمَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ يُخْزِيْهِمْ وَيَقُوْلُ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تُشَاۤقُّوْنَ فِيْهِمْ ۗقَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ اِنَّ الْخِزْيَ الْيَوْمَ وَالسُّوْۤءَ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۙ٢٧
Ṡumma yaumal-qiyāmati yukhzīhim wa yaqūlu aina syurakā'iyal-lażīna kuntum tusyāqqūna fīhim, qālal-lażīna ūtul-‘ilma innal-khizyal-yauma was-sū'a ‘alal-kāfirīn(a).
[27] Banjur Gusti Allah nginakna wong-wong kuwé neng dina Kiyamat, lan dhawuh, “Neng ngendi sekuthon-sekuthon Ingsun kuwé sing (merga mbélani sekuthon mau) ko padha tansah nyatroni slirané kabéh (nabi-nabi lan wong sing precaya)?” Wong-wong sing déparingi ilmu ngucap, 450 “Setemené kanisthan lan siksa neng dina kiyé détibakna maring wong sing padha mbangkang (kapir),”
450) Para malaékat, nabi-nabi lan wong sing padha precaya.

الَّذِيْنَ تَتَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ظَالِمِيْٓ اَنْفُسِهِمْ ۖفَاَلْقَوُا السَّلَمَ مَا كُنَّا نَعْمَلُ مِنْ سُوْۤءٍ ۗبَلٰىٓ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌۢ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٨
Allażīna tatawaffāhumul-malā'ikatu ẓālimī anfusihim, fa alqawus-salama mā kunnā na‘malu min sū'(in), balā innallāha ‘alīmum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[28] (yakuwé) wong-wong sing déjabud nyawané déning malaékat ana neng sejeroné kahanan dhéwéké lagi (nglakoni) aniaya (dolim) maring awaké dhéwék, banjur dhéwéké padha pasrah awaké (karo ngucap), “Inyong kabéh babar pisan ora nglakon temindak sewiji kejahatan baé.” (Malaékat mangsuli), “Nglakon! Setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani apa sing wis ko padha pergawé.”

فَادْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗفَلَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ٢٩
Fadkhulū abwāba jahannama khālidīna fīhā, fa labi'sa maṡwal-mutakabbirīn(a).
[29] Mangka mlebua lawang-lawang neraka Jahanam, ko kabéh langgeng neng njeroné. Mesthi kuwé seala-alané panggonané wong sing padha ngagulna awaké dhéwék.

۞ وَقِيْلَ لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا مَاذَآ اَنْزَلَ رَبُّكُمْ ۗقَالُوْا خَيْرًا ۚلِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌ ۗوَلَدَارُ الْاٰخِرَةِ خَيْرٌ ۗوَلَنِعْمَ دَارُ الْمُتَّقِيْنَۙ٣٠
Wa qīla lil-lażīnattaqau māżā anzala rabbukum, qālū khairā(n), lil-lażīna aḥsanū fī hāżihid-dun-yā ḥasanah(tun), wa ladārul-ākhirati khair(un), wa lani‘ma dārul-muttaqīn(a).
[30] Lan banjur déngendikakna maring wong-wong sing padha semarah (takwa), “Apa sing wis déturunaken déning Pengéranmu?” Dhéwéké padha semaur, “Kebecikan.” Nggo wong-wong sing nglakoni kebecikan neng dunya kiyé olih (piwales) sing apik. Lan setemené negari akhérat mesti lewih apik. Lan kuwé seapik-apiké panggonan nggo wong sing padha semarah (takwa),

جَنّٰتُ عَدْنٍ يَّدْخُلُوْنَهَا تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ لَهُمْ فِيْهَا مَا يَشَاۤءُوْنَ ۗ كَذٰلِكَ يَجْزِى اللّٰهُ الْمُتَّقِيْنَۙ٣١
Jannātu ‘adniy yadkhulūnahā tajrī min taḥtihal-anhāru lahum fīhā mā yasyā'ūn(a), każālika yajzillāhul-muttaqīn(a).
[31] (yakuwé) suwarga-suwarga Ngaden (‘Adn) sing wong-wong kuwé padha leboni, mili neng ngisoré bengawan-bengawan, neng njero (suwarga) kuwé dhéwéké padha olih sekabéh apa sing dékepéngini. Mengkana kuwé Gusti Allah olihé paring piwales maring wong sing padha semarah (takwa),

الَّذِيْنَ تَتَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ طَيِّبِيْنَ ۙيَقُوْلُوْنَ سَلٰمٌ عَلَيْكُمُ ادْخُلُوا الْجَنَّةَ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٣٢
Allażīna tatawafāhumul-malā'ikatu ṭayyibīn(a), yaqūlūna salāmun ‘alaikumudkhulul-jannata bimā kuntum ta‘malūn(a).
[32] (yakuwé) wong sing rikala dépundhut déning para malaékat neng kahanan sing apik, 451 dhéwéké (para malaékat) padha ngucap (maring wong-wong kuwé), “Salamun ‘alaikum (rahayu ingatasé ko kabéh), mlebua maring suwarga merga apa sing wis ko kabéh pergawé.”
451) Mati neng kahanan suci sekang kufur lan maksiyat, utawa uga kena détegesi wong-wong kuwé mati neng kahanan seneng merga ana werta bebungah sekang malaékat angger wong-wong kuwé arep mlebu suwarga.

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ يَأْتِيَ اَمْرُ رَبِّكَ ۗ كَذٰلِكَ فَعَلَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۗوَمَا ظَلَمَهُمُ اللّٰهُ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٣٣
Hal yanẓurūna illā an ta'tiyahumul-malā'ikatu au ya'tiya amru rabbik(a), każālika fa‘alal-lażīna min qablihim, wa mā ẓalamahumullāhu wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[33] Ora nana sing déenténi (déning) dhéwéké kabéh (wong kapir) seliyané tekané para malaékat maring dhéwéké 452 utawa tekané dhawuhé Pengéranmu. 453 Mengkana kuwé sing délakoni déning wong-wong (kapir) seurungé dhéwéké kabéh. Gusti Allah ora gawé kapitunan (dolim) maring wong-wong mau, ning malah dhéwéké sing padha (tansah) gawé kapitunan (dolim) maring awaké dhéwék.
452) Yakuwé tekané malaékat nggo njabud nyawané. 453) Yakuwé tekané siksa sekang Gusti Allah nggo numpes wong-wong kuwé.

فَاَصَابَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا عَمِلُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٣٤
Fa aṣābahum sayyi'ātu mā ‘amilū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[34] Mangka wong-wong mau détibani siksa (merga) penggawéané lan délingkupi siksa sing gemiyén padha dhéwéké perguyokna.

وَقَالَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا لَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا عَبَدْنَا مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍ نَّحْنُ وَلَآ اٰبَاۤؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍ ۗ كَذٰلِكَ فَعَلَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚفَهَلْ عَلَى الرُّسُلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٣٥
Wa qālal-lażīna asyrakū lau syā'allāhu mā ‘abadnā min dūnihī min syai'in naḥnu wa lā ābā'unā wa lā ḥarramnā min dūnihī min syai'(in), każālika fa‘alal-lażīna min qablihim, fahal ‘alar-rusuli illal-balāgul-mubīn(u).
[35] Lan wong-wong sing nyekuthokna (musrik) padha ngucap, “Angger Gusti Allah ngersakna, mesthi inyong kabéh ora bakal nyembah apa baé seliyané Penjenengané, becik inyong utawa rama-ramané inyong kabéh, lan (uga) inyong ora padha nglarang (ngaramna) sewiji apa kejaba kanthi (idiné) Penjenengané.” Mengkana kuwé sing dépergawé déning wong-wong seurungé dhéwéké kabéh. Ora liya kewajibané para utusan mung mbutulna (amanaté Gusti Allah) kanthi pertela.

وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِيْ كُلِّ اُمَّةٍ رَّسُوْلًا اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوْتَۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ هَدَى اللّٰهُ وَمِنْهُمْ مَّنْ حَقَّتْ عَلَيْهِ الضَّلٰلَةُ ۗ فَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ٣٦
Wa laqad ba‘aṡnā fī kulli ummatir rasūlan ani‘budullāha wajtanibuṭ-ṭāgūt(a), fa minhum man hadallāhu wa minhum man ḥaqqat ‘alaihiḍ-ḍalālah(tu), fa sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[36] Lan temen, Ingsun wis ngutus siji utusan (rasul) nggo saben-saben umat (seperlu ngajék-ajék), “Sembaha Gusti Allah, adohi Taghut (sembahan seliya-Né)”, banjur neng antarané dhéwéké ana sing padha déparingi pituduh déning Gusti Allah lan ana uga sing tetep neng sejeroné kesasar. Mangka mlakua ko kabéh neng bumi lan gatékna kepriwé akibaté wong sing nggorohna (para utusan).

اِنْ تَحْرِصْ عَلٰى هُدٰىهُمْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ يُّضِلُّ وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٣٧
In taḥriṣ ‘alā hudāhum fa innallāha lā yahdī may yuḍillu wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[37] Angger sliramu (Muhammad) banget olihé ngarep-arep supayané wong-wong kuwé padha olih pituduh, mangka setemené Gusti Allah ora bakal paring pituduh maring wong sing désasarna déning Penjenengané, lan dhéwéké kabéh ora duwé penulung.

وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْۙ لَا يَبْعَثُ اللّٰهُ مَنْ يَّمُوْتُۗ بَلٰى وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَۙ٣٨
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim, lā yab‘aṡullāhu may yamūt(u), balā wa‘dan ‘alaihi ḥaqqaw wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[38] Lan wong-wong mau padha sumpah kanthi (asmané) Gusti Allah karo sumpah sing temenan, “Gusti Allah ora bakal nangékna wong sing mati.” Ora kaya kuwé (mesthi Gusti Allah bakal nangékna), minangka sewiji janji sing bener sekang Penjenengané, ning akéh-akéhé menungsa ora ngaweruhi,

لِيُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِيْ يَخْتَلِفُوْنَ فِيْهِ وَلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰذِبِيْنَ٣٩
Liyubayyina lahumul-lażī yakhtalifūna fīhi wa liya‘lamal-lażīna kafarū annahum kānū-kāżibīn(a).
[39] supaya Penjenengané nggenahna maring wong-wong mau apa sing padha dépersulayakna, lan supaya wong kapir padha ngerti lamon dhéwéké kuwé wong sing padha goroh.

اِنَّمَا قَوْلُنَا لِشَيْءٍ اِذَآ اَرَدْنٰهُ اَنْ نَّقُوْلَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ࣖ٤٠
Innamā qaulunā lisyai'in iżā aradnāhu an naqūla lahū kun fa yakūn(u).
[40] Setemené sabdané Ingsun maring sewiji-wiji angger Ingsun ngersakna, Ingsun mung ngendika maring dhéwéké, “Dadia!” Mangka banjur demadi sewiji-wiji kuwé.

وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً ۗوَلَاَجْرُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَۙ٤١
Wal-lażīna hājarū fillāhi mim ba‘di mā ẓulimū lanubawwi'annahum fid-dun-yā ḥasanah(tan), wa la'ajrul-ākhirati akbar(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[41] Lan wong sing padha boyong (hijrah) krana Gusti Allah sewisé déaniaya (dédolimi), mesthi Ingsun bakal paring panggonan sing apik maring dhéwéké kabéh neng dunya. Lan ganjaran neng akhérat mesthi lewih gedhé, sekirané dhéwéké padha ngaweruhi,

الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ٤٢
Allażīna ṣabarū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[42] (yakuwé) wong sing padha sabar lan mung maring Gusti Allah dhéwéké padha pasrah (tawakal).

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ فَسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَۙ٤٣
Wa mā arsalnā min qablika illā rijālan nūḥī ilaihim fas'alū ahlaż-żikri in kuntum lā ta‘lamūn(a).
[43] Lan Ingsun ora ngutus seurungé sliramu (Muhammad), kejaba sewiji wong lanang sing Insun paringi wahyu maring dhéwéké; mangka takona maring wong sing duwé kawruh 454 angger sliramu ora ngaweruhi,
454) Yakuwé wong sing duwé kawruh ngenani nabi lan kitab-kitab.

بِالْبَيِّنٰتِ وَالزُّبُرِۗ وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الذِّكْرَ لِتُبَيِّنَ لِلنَّاسِ مَا نُزِّلَ اِلَيْهِمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُوْنَ٤٤
Bil-bayyināti waz-zubur(i), wa anzalnā ilaikaż-żikra litubayyina lin-nāsi mā nuzzila ilaihim wa la‘allahum yatafakkarūn(a).
[44] (dhéwéké kabéh Ingsun utus) kanthi nggawa keterangan-keterangan (mukjijat) lan kitab-kitab. Lan Ingsun turunaken az-Zikr (Al-Qur’an) maring sliramu, supaya sliramu nerangna maring menungsa apa sing wis déturunaken maring dhéwéké kabéh 455 lan supayané (menungsa) padha mikirna,
455) Yakuwé préntah, larangan, aturan, lan liya-liyané sing ana neng Al-Qur’an.

اَفَاَمِنَ الَّذِيْنَ مَكَرُوا السَّيِّاٰتِ اَنْ يَّخْسِفَ اللّٰهُ بِهِمُ الْاَرْضَ اَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَۙ٤٥
Afa aminal-lażīna makarus-sayyi'āti ay yakhsifallāhu bihimul-arḍa au ya'tiyahumul-‘ażābu min ḥaiṡu lā yasy‘urūn(a).
[45] mangka apa wong sing gawé réka daya jahat kuwé, ngrasa aman (sekang bebaya) déamblesnané bumi déning Gusti Allah bareng karo dhéwéké kabéh, utawa (ingatasé) tekané siksa maring wong-wong mau sekang paran sing dhéwéké ora padha nyana,

اَوْ يَأْخُذَهُمْ فِيْ تَقَلُّبِهِمْ فَمَا هُمْ بِمُعْجِزِيْنَۙ٤٦
Au ya'khużahum fī taqallubihim famā hum bimu‘jizīn(a).
[46] utawa Gusti Allah nyiksa dhéwéké kabéh rikala padha neng dalan; saéngga dhéwéké padha ora kewawa nolak (siksa kuwé),

اَوْ يَأْخُذَهُمْ عَلٰى تَخَوُّفٍۗ فَاِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ٤٧
Au ya'khużahum ‘alā takhawwuf(in), fa inna rabbakum lara'ūfur raḥīm(un).
[47] utawa Gusti Allah nyiksa wong-wong mau cuk semendhing (nganti tumpes). 456 Mangka temen, Pengéranmu Mahawelas, Mahaasih.
456) Miturut sebagéan ahli tapsir, takhawwuf tegesé kahanan wedi.

اَوَلَمْ يَرَوْا اِلٰى مَا خَلَقَ اللّٰهُ مِنْ شَيْءٍ يَّتَفَيَّؤُا ظِلٰلُهٗ عَنِ الْيَمِيْنِ وَالشَّمَاۤىِٕلِ سُجَّدًا لِّلّٰهِ وَهُمْ دَاخِرُوْنَ٤٨
Awalam yarau ilā mā khalaqallāhu min syai'iy yatafayya'u ẓilāluhū ‘anil-yamīni wasy-syamā'ili sujjadal lillāhi wa hum dākhirūn(a).
[48] Lan apa wong-wong mau ora nggatékna maring sewiji barang sing déciptakna déning Gusti Allah, ayang-ayangé bolak-balik maring tengen lan maring kiwé, neng sejeroné kahanan sujud maring Gusti Allah lan dhéwéké padha (duwé laku) andhap-asor.

وَلِلّٰهِ يَسْجُدُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ مِنْ دَاۤبَّةٍ وَّالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ٤٩
Wa lillāhi yasjudu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi min dābbatiw wal-malā'ikatu wa hum yastakbirūn(a).
[49] Lan sekabéh apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi mung sujud maring Gusti Allah yakuwé kabéh mahluk sing obah (duwé nyawa) lan (uga) para malaékat, lan dhéwéké kabéh (malaékat) ora padha gamedhé.

يَخَافُوْنَ رَبَّهُمْ مِّنْ فَوْقِهِمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ ࣖ ۩٥٠
Yakhāfūna rabbahum min fauqihim wa yaf‘alūna mā yu'marūn(a).
[50] Wong-wong mau padha wedi maring Pengéran sing (ngewasani) neng sendhuwuré dhéwéké lan (padha) nglakoni apa sing dépréntahna (maring dhéwéké).

۞ وَقَالَ اللّٰهُ لَا تَتَّخِذُوْٓا اِلٰهَيْنِ اثْنَيْنِۚ اِنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَاِيَّايَ فَارْهَبُوْنِ٥١
Wa qālallāhu lā tattakhiżū ilāhainiṡnain(i), innamā huwa ilāhuw wāḥidun fa iyyāya farhabūn(i).
[51] Lan Gusti Allah dhawuh, “Aja pisan-pisan ko padha nyembah Pengéran loro; mung Penjenengané Pengéran Sing Mahatunggal. Mangka mung maring Ingsun baé ko padha wedi.”

وَلَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَهُ الدِّيْنُ وَاصِبًاۗ اَفَغَيْرَ اللّٰهِ تَتَّقُوْنَ٥٢
Wa lahū mā fis-samāwāti wal-arḍi wa lahud-dīnu wāṣibā(n), afagairallāhi tattaqūn(a).
[52] Lan kagungané Penjenengané kabéh apa baé sing ana neng langit lan neng bumi, lan maring Penjenengané (pengabekti lan) kepasrahan nggo selawasé. Kenangapa ko padha wedi maring seliyané Gusti Allah?

وَمَا بِكُمْ مِّنْ نِّعْمَةٍ فَمِنَ اللّٰهِ ثُمَّ اِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فَاِلَيْهِ تَجْـَٔرُوْنَۚ٥٣
Wa mā bikum min ni‘matin fa minallāhi ṡumma iżā massakumuḍ-ḍurru fa ilaihi taj'arūn(a).
[53] Lan sekabéh nékmat sing ana neng ko kabéh (tekané) sekang Gusti Allah, banjur angger ko padha ketiban kesengsaran, mangka maring Penjenengané ko padha nyuwun pitulungan.

ثُمَّ اِذَا كَشَفَ الضُّرَّ عَنْكُمْ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْكُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُوْنَۙ٥٤
Ṡumma iżā kasyafaḍ-ḍurra ‘ankum iżā farīqum minkum birabbihim yusyrikūn(a).
[54] Banjur angger Penjenengané wis ngilangna bebaya sekang ko kabéh, malah sebagéané ko padha nyekuthokna Pengéran karo (sing seliyané),

لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۗ فَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٥٥
Liyakfurū bimā ātaināhum, fa tamatta‘ū fa saufa ta‘lamūn(a).
[55] jorna baé wong-wong mau padha ngingkari nékmat sing wis Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh; padha seneng-senenga ko kabéh. Mbésuk ko bakal padha ngaweruhi (akibaté).

وَيَجْعَلُوْنَ لِمَا لَا يَعْلَمُوْنَ نَصِيْبًا مِّمَّا رَزَقْنٰهُمْۗ تَاللّٰهِ لَتُسْـَٔلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَفْتَرُوْنَ٥٦
Wa yaj‘alūna limā lā ya‘lamūna naṣībam mimmā razaqnāhum, tallāhi latus'alunna ‘ammā kuntum taftarūn(a).
[56] Lan wong-wong mau nyedhiakna sebagéan sekang rejeki sing wis Ingsun paringna maring dhéwéké nggo reca-reca sing dhéwéké padha ora ngerti (daya-kewasané). Sekawit (sekawit) Gusti Allah, ko kabéh mesthi bakal détakoni ngenani apa sing wis ko padha ana-anakna.

وَيَجْعَلُوْنَ لِلّٰهِ الْبَنٰتِ سُبْحٰنَهٗۙ وَلَهُمْ مَّا يَشْتَهُوْنَ٥٧
Wa yaj‘alūna lillāhil-banāti subḥānah(ū), wa lahum mā yasytahūn(a).
[57] Lan wong-wong mau padha netepna anak wadon nggo Gusti Allah. 457 Mahasuci Penjenengané, lan nggo dhéwéké apa sing padha dhéwéké senengi (anak lanang).
457) Wong-wong mau ngucap lamon Gusti Allah duwé anak wadon yakuwé malékat-malaékat merga wong-wong mau wadhéh banget maring anak wadon kaya sing kesebut neng ayat sewisé.

وَاِذَا بُشِّرَ اَحَدُهُمْ بِالْاُنْثٰى ظَلَّ وَجْهُهٗ مُسْوَدًّا وَّهُوَ كَظِيْمٌۚ٥٨
Wa iżā busysyira aḥaduhum bil-unṡā ẓalla wajhuhū muswaddaw wa huwa kaẓīm(un).
[58] Mangkané angger sewenéh wong sekang antaranné dhéwéké padha déwéhi werta kanthi (laire) anak wadon, rainé dadi ireng (mbranang) lan dhéwéké banget kesuhé.

يَتَوٰرٰى مِنَ الْقَوْمِ مِنْ سُوْۤءِ مَا بُشِّرَ بِهٖۗ اَيُمْسِكُهٗ عَلٰى هُوْنٍ اَمْ يَدُسُّهٗ فِى التُّرَابِۗ اَلَا سَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ٥٩
Yatawārā minal-qaumi min sū'i mā busysyira bih(ī), ayumsikuhū ‘alā hūnin am yadussuhū fit-turāb(i), alā sā'a mā yaḥkumūn(a).
[59] Wong kuwé umpetan sekang wong akéh, merga werta ala sing debutulna maring dhéwéké. Apa wong arep ngrumat bayi wadon kuwé kanthi (nanggung) wirang utawa arep mendhem dhéwéké maring lemah (urip-uripan)? Élinga, banget alané (putusan) sing dhéwéké padha tetepna kuwé.

لِلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ مَثَلُ السَّوْءِۚ وَلِلّٰهِ الْمَثَلُ الْاَعْلٰىۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ٦٠
Lil-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati maṡalus-sau'(i), wa lillāhil-maṡalul-a‘lā, wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[60] Tumrap wong-wong sing ora precaya maring (penguripan) akhérat, (duwé) sipat sing ala; lan Gusti Allah kagungan sipat sing Mahaluhur. Lan Penjenengané Mahadigdaya, Mahawicaksana.

وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللّٰهُ النَّاسَ بِظُلْمِهِمْ مَّا تَرَكَ عَلَيْهَا مِنْ دَاۤبَّةٍ وَّلٰكِنْ يُّؤَخِّرُهُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ٦١
Wa lau yu'ākhiżullāhun-nāsa biẓulmihim mā taraka ‘alaihā min dābbatiw wa lākiy yu'akhkhiruhum ilā ajalim musammā(n), fa iżā jā'a ajaluhum lā yasta'khirūna sā‘ataw wa lā yastaqdimūn(a).
[61] Lan angger Gusti Allah ngukum menungsa merga aniayané (dolimé), mesthi ora nana sing détinggal déning Penjenengané (neng bumi) sekang sewiji mahluk senajan sing mung mbrangkang, ning Gusti Allah nangguhna wong-wong mau nganti wektu sing wis détemtokna. Mangka rikala wektuné wis butul, wong-wong mau ora bisa nyuwun déundur utawa désigrakna senajan mung sedhéla.

وَيَجْعَلُوْنَ لِلّٰهِ مَا يَكْرَهُوْنَ وَتَصِفُ اَلْسِنَتُهُمُ الْكَذِبَ اَنَّ لَهُمُ الْحُسْنٰى لَا جَرَمَ اَنَّ لَهُمُ النَّارَ وَاَنَّهُمْ مُّفْرَطُوْنَ٦٢
Wa yaj‘alūna lillāhi mā yakrahūna wa taṣifu alsinatuhumul-każiba anna lahumul-ḥusnā lā jarama anna lahumun nāra wa annahum mufraṭūn(a).
[62] Lan wong-wong kuwé netepna nggo Gusti Allah apa sing dhéwéké padha wadhéh, lan ilaté padha ngucapna goroh, lamon setemené (kabéh) sing apik-apik nggo dhéwéké kabéh. Ora mamang maning lamon neraka kuwé nggo wong-wong mau, lan setemené dhéwéké padha bakal gagiyan délebokna (maring njeroné).

تَاللّٰهِ لَقَدْ اَرْسَلْنَآ اِلٰٓى اُمَمٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ فَهُوَ وَلِيُّهُمُ الْيَوْمَ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٦٣
Tallāhi laqad arsalnā ilā umamim min qablika fa zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum fa huwa waliyyuhumul-yauma wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[63] Sekawit (sekawit) Gusti Allah, temen Ingsun wis ngutus (para utusan) maring umat-umat seurungé sliramu (Muhammad), ning sétan ndadékna dérasa éndah tumrap wong-wong kuwé penggawéané dhéwéké (sing ala), saéngga dhéwéké (sétan) dadi pemimpiné wong-wong mau neng dina kiyé lan dhéwéké kabéh bakal olih siksa sing banget perihé.

وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ اِلَّا لِتُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِى اخْتَلَفُوْا فِيْهِۙ وَهُدًى وَّرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٦٤
Wa mā anzalnā ‘alaikal-kitāba illā litubayyina lahumul-lażikhtalafū fīh(i), wa hudaw wa raḥmatal liqaumiy yu'minūn(a).
[64] Lan Ingsun ora nurunaken Kitab (Al-Qur’an) kiyé maring sliramu (Muhammad) kejaba supaya sliramu bisa nerangna maring wong-wong mau apa sing padha dépersu-layakna, lan dadi pituduh lan kewelasan (rahmat) nggo wong-wong sing padha precaya.

وَاللّٰهُ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ ࣖ٦٥
Wallāhu anzala minas-samā'i mā'an fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā, inna fī żālika la'āyatal liqaumiy yasma‘ūn(a).
[65] Lan Gusti Allah nurunaken banyu (udan) sekang langit lan kanthi banyu kuwé déuripna déning Penjenengané bumi sing mauné wis mati. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong-wong sing ngrungokna (piwulang).

وَاِنَّ لَكُمْ فِى الْاَنْعَامِ لَعِبْرَةً ۚ نُسْقِيْكُمْ مِّمَّا فِيْ بُطُوْنِهٖ مِنْۢ بَيْنِ فَرْثٍ وَّدَمٍ لَّبَنًا خَالِصًا سَاۤىِٕغًا لِّلشّٰرِبِيْنَ٦٦
Wa inna lakum fil-an‘āmi la‘ibrah(tan), nusqīkum mimmā fī buṭūnihī mim baini farṡiw wa damil labanan khāliṣan sā'igal lisy-syāribīn(a).
[66] Lan temen, neng kéwan-kéwan ingon nyata-nyata ana piwulang nggo ko kabéh. Ingsun paring maring ko kabéh inuman sekang apa sing ana neng njero wetengé (sing rupané) susu murni neng antarané tlepong lan getih, sing gampang détenggak tumrap wong sing nginum susu kuwé.

وَمِنْ ثَمَرٰتِ النَّخِيْلِ وَالْاَعْنَابِ تَتَّخِذُوْنَ مِنْهُ سَكَرًا وَّرِزْقًا حَسَنًاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٦٧
Wa min ṡamarātin nakhīli wal-a‘nābi tattakhiżūna minhu sakaraw wa rizqan ḥasanā(n), inna fī żālika la'āyatal liqaumiy ya‘qilūn(a).
[67] Lan sekang woh korma lan anggur, ko kabéh gawé inuman sing muroni lan rejeki sing apik. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) nggo wong sing padha mengerténi.

وَاَوْحٰى رَبُّكَ اِلَى النَّحْلِ اَنِ اتَّخِذِيْ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا وَّمِنَ الشَّجَرِ وَمِمَّا يَعْرِشُوْنَۙ٦٨
Wa auḥā rabbuka ilan-naḥli anittakhiżī minal-jibāli buyūtaw wa minasy-syajari wa mimmā ya‘risyūn(a).
[68] Lan Pengéranmu paring wahyu maring tawon, “Gawéa susuh neng gunung-gunung, neng wit-wit kayu, lan neng nggon-nggon sing dégawé (déning) menungsa,

ثُمَّ كُلِيْ مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ فَاسْلُكِيْ سُبُلَ رَبِّكِ ذُلُلًاۗ يَخْرُجُ مِنْۢ بُطُوْنِهَا شَرَابٌ مُّخْتَلِفٌ اَلْوَانُهٗ ۖفِيْهِ شِفَاۤءٌ لِّلنَّاسِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٦٩
Ṡumma kulī min kulliṡ-ṡamarāti faslukī subula rabbiki żululā(n), yakhruju mim buṭūnihā syarābum mukhtalifun alwānuhū fīhi syifā'ul lin-nās(i), inna fī żālika la'āyatal liqaumiy yatafakkarūn(a).
[69] banjur mangana sekang kabéh (wernané) woh-wohan banjur ngambaha dalané Pengéranmu sing wis dégampangna (nggo ko kabéh).” Sekang wetengé tawon kuwé metu inuman (madu) sing rupa-rupa wernané, neng njeroné ana tamba sing gawé mari nggo menungsa. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) nggo wong sing padha mikir.

وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ ثُمَّ يَتَوَفّٰىكُمْ وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرَدُّ اِلٰٓى اَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْ لَا يَعْلَمَ بَعْدَ عِلْمٍ شَيْـًٔاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ قَدِيْرٌ ࣖ٧٠
Wallāhu khalaqakum ṡumma yatawaffākum wa minkum may yuraddu ilā arżalil-‘umuri likai lā ya‘lama ba‘da ‘ilmin syai'ā(n), innallāha ‘alīmun qadīr(un).
[70] Gusti Allah wis nyiptakna ko kabéh, banjur mundhut ko kabéh, lan neng antarané ko padha ana sing débalékna maring umur sing tua-kléwa (linglung), sing wekasané dhéwéké ora ngerti maning apa sing wis nglakon tau démengerténi. Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahakewasa.

وَاللّٰهُ فَضَّلَ بَعْضَكُمْ عَلٰى بَعْضٍ فِى الرِّزْقِۚ فَمَا الَّذِيْنَ فُضِّلُوْا بِرَاۤدِّيْ رِزْقِهِمْ عَلٰى مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَهُمْ فِيْهِ سَوَاۤءٌۗ اَفَبِنِعْمَةِ اللّٰهِ يَجْحَدُوْنَ٧١
Wallāhu faḍḍala ba‘ḍakum ‘alā ba‘ḍin fir-rizq(i), famal-lażīna fuḍḍilū birāddī rizqihim ‘alā mā malakat aimānuhum fahum fīhi sawā'un afa bini‘matillāhi yajḥadūn(a).
[71] Lan Gusti Allah munjulna sebagéané ko kabéh ingatasé sebagéan liyané neng urusan rejeki, ning wong sing dépunjulna (rejekiné kuwé) ora padha gelem ngawéhna rejekiné maring para kewula (batur tukon) sing padha dhéwéké duwéni, saéngga dhéwéké padha bareng-bareng (ngrasakna) rejeki kuwé. Kenangapa wong-ong kuwé padha ngingkari nékmaté Gusti Allah?

وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْ بَنِيْنَ وَحَفَدَةً وَّرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِۗ اَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُوْنَ وَبِنِعْمَتِ اللّٰهِ هُمْ يَكْفُرُوْنَۙ٧٢
Wallāhu ja‘ala lakum min anfusikum azwājaw wa ja‘ala lakum min azwājikum banīna wa ḥafadataw wa razaqakum minaṭ-ṭayyibāt(i), afabil-bāṭili yu'minūna wa bini‘matillāhi yakfurūn(a).
[72] Gusti Allah ndadékna nggo ko kabéh pasangan (jodho lanang lan jodho wadon) sekang jinismu (bangsamu) dhéwék, ndadékna anak-anak lan putu-putu sekang bojomu kuwé, uga paring rejeki maring ko kabéh sekang sing apik-apik. Kenangapa dhéwéké padha precaya maring sing luput (batil) lan ngingkari nékmaté Gusti Allah?

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَمْلِكُ لَهُمْ رِزْقًا مِّنَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ شَيْـًٔا وَّلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ۚ٧٣
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lā yamliku lahum rizqam minas-samāwāti wal-arḍi syai'aw wa lā yastaṭī‘ūn(a).
[73] Lan wong-wong mau padha nyembah seliyané Gusti Allah, sewenéh sing babar pisan ora bisa awéh rejeki maring dhéwéké kabéh, sekang langit lan bumi, lan ora bakal kewawa (mergawé apa baé).

فَلَا تَضْرِبُوْا لِلّٰهِ الْاَمْثَالَ ۗاِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٧٤
Falā taḍribū lillāhil-amṡāl(a), innallāha ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[74] Mangka aja pisan-pisan ko padha nganakna sekuthon-sekuthon nggo Gusti Allah. Setemené Gusti Allah ngawuningani lan ko padha ora ngaweruhi.

۞ ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا عَبْدًا مَّمْلُوْكًا لَّا يَقْدِرُ عَلٰى شَيْءٍ وَّمَنْ رَّزَقْنٰهُ مِنَّا رِزْقًا حَسَنًا فَهُوَ يُنْفِقُ مِنْهُ سِرًّا وَّجَهْرًاۗ هَلْ يَسْتَوٗنَ ۚ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٧٥
Ḍaraballāhu maṡalan ‘abdam mamlūkal lā yaqdiru ‘alā syai'iw wa mar razaqnāhu minnā rizqan ḥasanan fa huwa yunfiqu minhu sirraw wa jahrā(n), hal yastawūn(a), al-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[75] Gusti Allah gawé peumpaman sewiji kawula sing neng ngisor kewasané wong liya, sing ora kewawa nglakoni apa baé, lan wong sing Ingsun paringi rejeki sing apik, banjur dhéwéké nyumbangna (infak) sebagéan rejeki kuwé sidhem-sidheman lan blag-blagan. Padha apa ora sekloroné kuwé? Sekabéhé pengalembana mung kagungané Gusti Allah, ning akéh-akéhé dhéwéké padha ora ngaweruhi. 458
458) Maksudé peumpaman kiyé nggo mbantah wong musrik sing madhakna Gusti Allah sing maringi rejeki karo brehala-brehala sing ora bisa ngapa-ngapa.

وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا رَّجُلَيْنِ اَحَدُهُمَآ اَبْكَمُ لَا يَقْدِرُ عَلٰى شَيْءٍ وَّهُوَ كَلٌّ عَلٰى مَوْلٰىهُ ۗ اَيْنَمَا يُوَجِّهْهُّ لَا يَأْتِ بِخَيْرٍ ۖهَلْ يَسْتَوِيْ هُوَۙ وَمَنْ يَّأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَهُوَ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ ࣖ٧٦
Wa ḍaraballāhu maṡalar rajulaini aḥaduhumā abkamu lā yaqdiru ‘alā syai'iw wa huwa kallun ‘alā maulāh(u), ainamā yuwajjihhu lā ya'ti bikhair(in), hal yastawī huw(a), wa may ya'muru bil-‘adli wa huwa ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[76] Lan Gusti Allah (uga) gawé peumpaman, wong lanang loro sing siji bisu, ora bisa ngapa-apa lan dhéwéké dadi rénggané wong sing nanggung, maring ngendi baé dhéwéké dépréntah (neng wong sing nanggung kuwé), dhéwéké babar pisan ora bisa nekakna sewiji kebecikan. Apa padha wong kuwé karo wong sing préntah mergawé sing adil lan dhéwéké ana neng dalan sing jejeg?

وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَمَآ اَمْرُ السَّاعَةِ اِلَّا كَلَمْحِ الْبَصَرِ اَوْ هُوَ اَقْرَبُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٧٧
Wa lillāhi gaibus-samāwāti wal-arḍ(i), wa mā amrus-sā‘ati illā kalamḥil-baṣari au huwa aqrab(u), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[77] Lan kagungané Gusti Allah (sekabéh) sing kinumpet neng langit lan neng bumi. Urusan kedadéané Kiyamat kuwé mung kaya sekedhépan mata utawa lewih banter (maning). Setemené Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.

وَاللّٰهُ اَخْرَجَكُمْ مِّنْۢ بُطُوْنِ اُمَّهٰتِكُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ شَيْـًٔاۙ وَّجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَ ۙ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٧٨
Wallāhu akhrajakum mim buṭūni ummahātikum lā ta‘lamūna syai'ā(n), wa ja‘ala lakumus-sam‘a wal-abṣāra wal-af'idah(ta), la‘allakum tasykurūn(a).
[78] Lan Gusti Allah ngetokna ko kabéh sekang wetengé biyungmu neng kahanan ora ngerti apa-apa babar pisan, lan Penjenengané paring pengrungon, piweruh, lan ati wening (nurani) supayané ko padha kesuwun (sukur).

اَلَمْ يَرَوْا اِلَى الطَّيْرِ مُسَخَّرٰتٍ فِيْ جَوِّ السَّمَاۤءِ ۗمَا يُمْسِكُهُنَّ اِلَّا اللّٰهُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٧٩
Alam yarau ilaṭ-ṭairi musakhkharātin fī jawwis-samā'(i), mā yumsikuhunna illallāh(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[79] Apa wong-wong mau padha ora nggatékna manuk-manuk sing bisa mabur neng awang-awang kanthi gampang. Ora nana sing nahan (manuk-manuk kuwé) kejaba Gusti Allah. Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha precaya.

وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْۢ بُيُوْتِكُمْ سَكَنًا وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنْ جُلُوْدِ الْاَنْعَامِ بُيُوْتًا تَسْتَخِفُّوْنَهَا يَوْمَ ظَعْنِكُمْ وَيَوْمَ اِقَامَتِكُمْ ۙ وَمِنْ اَصْوَافِهَا وَاَوْبَارِهَا وَاَشْعَارِهَآ اَثَاثًا وَّمَتَاعًا اِلٰى حِيْنٍ٨٠
Wallāhu ja‘ala lakum mim buyūtikum sakanaw wa ja‘ala lakum min julūdil-an‘āmi buyūtan tastakhiffūnahā yauma ẓa‘nikum wa yauma iqāmatikum, wa min aṣwāfihā wa aubārihā wa asy‘ārihā aṡāṡaw wa matā‘an ilā ḥīn(in).
[80] Lan Gusti Allah ndadékna umah-umah nggo ko kabéh dadi papan manggon lan Penjenengané ndadékna nggo ko kabéh umah-umahan (gubug-gubug) sekang kulit kéwan ingon sing ko padha krasa énthéng (olihé nggawa) neng wektu ko padha lungan lan neng wektu ko padha netep (mukim) lan (uga dédadékna neng Penjenengané) sekang wulu gembel, wulu onta, lan wulu wedhus, bekakas balé somah lan kesenengan butul sewiji mangsa (sing wis détemtokna).

وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّمَّا خَلَقَ ظِلٰلًا وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الْجِبَالِ اَكْنَانًا وَّجَعَلَ لَكُمْ سَرَابِيْلَ تَقِيْكُمُ الْحَرَّ وَسَرَابِيْلَ تَقِيْكُمْ بَأْسَكُمْ ۚ كَذٰلِكَ يُتِمُّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْلِمُوْنَ٨١
Wallāhu ja‘ala lakum mimmā khalaqa ẓilālaw wa ja‘ala lakum minal-jibāli aknānaw wa ja‘ala lakum sarābīla taqīkumul-ḥarra wa sarābīla taqīkum ba'sakum, każālika yutimmu ni‘matahū ‘alaikum la‘allakum tuslimūn(a).
[81] Lan Gusti Allah ndadékna panggonan ngaub nggo ko kabéh sekang apa sing wis Penje-nengani ciptakna, lan Penjenengané ndadékna nggo ko kabéh papan-papan manggon neng gunung-gunung, lan Penjenengané ndadékna sandhangan sing ngreksa ko kabéh sekang panas lan sandhangan (klambi wesi) sing ngreksa ko kabéh neng sejeroné perang. Mengkana kuwé Gusti Allah olihé nyempur-nakna nékmaté Penjenengané maring ko kabéh supayané ko padha masrahna awakmu (maring Penjenengané).

فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٨٢
Fa in tawallau fa innamā ‘alaikal-balāgul-mubīn(u).
[82] Mangka angger wong-wong kuwé tetep padha mléngos, mangka kawruhana kewajiban sing dépikulna ingatasé sliramu (Muhammad) mung mbutulna (amanaté Gusti Allah) kanthi pertéla (genah). 459
459) Maksudé Nabi Muhammad s.a.w ora bisa awéh tuntunan lan pituduh maring sewiji wong sing njalari wong kuwé dadi precaya.

يَعْرِفُوْنَ نِعْمَتَ اللّٰهِ ثُمَّ يُنْكِرُوْنَهَا وَاَكْثَرُهُمُ الْكٰفِرُوْنَ ࣖ٨٣
Ya‘rifūna ni‘matallāhi ṡumma yunkirūnahā wa akṡaruhumul-kāfirūn(a).
[83] Dhéwéké padha ngaweruhi nékmaté Gusti Allah, banjur dhéwéké padha ngingkari lan akéh-akéhé dhéwéké kuwé wong sing padha kapir (ingkar maring Gusti Allah).

وَيَوْمَ نَبْعَثُ مِنْ كُلِّ اُمَّةٍ شَهِيْدًا ثُمَّ لَا يُؤْذَنُ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٨٤
Wa yauma nab‘aṡu min kulli ummatin syahīdan ṡumma lā yu'żanu lil-lażīna kafarū wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[84] Lan (élinga) neng dina (rikala) Ingsun tangékna sewiji seksi (utusan) sekang saben-saben umat, banjur ora déparengna maring wong sing kapir (nggo mbélani awaké) lan (uga) ora déolihna njaluk ampura.

وَاِذَا رَاَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الْعَذَابَ فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٨٥
Wa iżā ra'al-lażīna ẓalamul-‘ażāba falā yukhaffafu ‘anhum wa lā hum yunẓarūn(a).
[85] Lan angger wong aniaya (dolim) wis weruh siksa, mangka dhéwéké ora olih pengénthéng-énthéng lan (uga) ora déparingi penangguhan.

وَاِذَا رَاَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا شُرَكَاۤءَهُمْ قَالُوْا رَبَّنَا هٰٓؤُلَاۤءِ شُرَكَاۤؤُنَا الَّذِيْنَ كُنَّا نَدْعُوْا مِنْ دُوْنِكَۚ فَاَلْقَوْا اِلَيْهِمُ الْقَوْلَ اِنَّكُمْ لَكٰذِبُوْنَۚ٨٦
Wa iżā ra'al-lażīna asyrakū syurakā'ahum qālū rabbanā hā'ulā'i syurakā'unal-lażīna kunnā nad‘ū min dūnik(a), fa alqau ilaihimul-qaula innakum lakāżibūn(a).
[86] Lan angger wong sing nyekuthokna (Gusti Allah) padha weruh sekuthon-sekuthoné, 460 dhéwéké kabéh ngucap, “Dhuh Pengéran kula sami, tiyang-tiyang niki sekuthon-sekuthoné kula ingkang kriyin kula sami sembah selintuné Penjenengan.” Banjur sekuthoné wong-wong kuwé mertélakna maring dhéwéké kabéh, “Ko kabéh nyata-nyata tukang goroh.”
460) Sing démaksud sekuthon yakuwé apa sing désembah seliyané Gusti Allah utawa sétan sing ajék nyembah maring brehala.

وَاَلْقَوْا اِلَى اللّٰهِ يَوْمَىِٕذِ ِۨالسَّلَمَ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٨٧
Wa alqau ilallāhi yauma'iżinis-salama wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[87] Lan neng dina kuwé dhéwéké padha mertélakna tundhuk maring Gusti Allah lan ilang kabéh apa sing dhéwéké padha ana-anakna. 461
461) Peprecaya lamon Gusti Allah duwé sekuthon lan sekuthon kuwé bisa awéh pitulung (sapangat) maring wong-wong kuwé seliyané Gusti Allah.

اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ زِدْنٰهُمْ عَذَابًا فَوْقَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوْا يُفْسِدُوْنَ٨٨
Allażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi zidnāhum ‘ażāban fauqal-‘ażābi bimā kānū yufsidūn(a).
[88] Wong sing padha mbangkang (kapir) lan ngalang-alangi (menungsa) sekang dalané Gusti Allah, Ingsun tambahi maring dhéwéké kabéh siksa-pari-siksa merga wong-wong kuwé tansah padha gawé kerusakan.

وَيَوْمَ نَبْعَثُ فِيْ كُلِّ اُمَّةٍ شَهِيْدًا عَلَيْهِمْ مِّنْ اَنْفُسِهِمْ وَجِئْنَا بِكَ شَهِيْدًا عَلٰى هٰٓؤُلَاۤءِۗ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ تِبْيَانًا لِّكُلِّ شَيْءٍ وَّهُدًى وَّرَحْمَةً وَّبُشْرٰى لِلْمُسْلِمِيْنَ ࣖ٨٩
Wa yauma nab‘aṡu fī kulli ummatin syahīdan ‘alaihim min anfusihim wa ji'nā bika syahīdan ‘alā hā'ulā'(i), wa nazzalnā ‘alaikal-kitāba tibyānal likulli syai'iw wa hudaw wa raḥmataw wa busyrā lil-muslimīn(a).
[89] Lan (élinga) neng dina (rikala) Ingsun tangékna neng saben-saben umat sewiji seksi ingatasé umat kuwé dhéwék, lan Ingsun rawuhna sliramu (Muhammad) dadi seksi ingatasé wong-wong kuwé. Lan Ingsun nurunaken Kitab (Al-Qur’an) maring sliramu nggo nerangna samubarang kabéh, dadi pituduh, uga kewelasan lan werta bebungah nggo wong sing padha pasrah awak (Muslim).

۞ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاۤئِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٩٠
Innallāha ya'muru bil-‘adli wal-iḥsāni wa ītā'i żil-qurbā wa yanhā ‘anil-faḥsyā'i wal-munkari wal-bagyi ya‘iẓukum la‘allakum tażakkarūn(a).
[90] Setemené Gusti Allah paring préntah (ko) temindak adil lan nglakoni kebagusan, awéh pitulungan maring sedulur pérek, lan Penjenengané nglarang (nglakoni) penggawéan ala, mungkar lan sesatron. Penjenengané paring piwulang maring ko ko kabéh supaya ko padha bisa ngalap piwulangan.

وَاَوْفُوْا بِعَهْدِ اللّٰهِ اِذَا عَاهَدْتُّمْ وَلَا تَنْقُضُوا الْاَيْمَانَ بَعْدَ تَوْكِيْدِهَا وَقَدْ جَعَلْتُمُ اللّٰهَ عَلَيْكُمْ كَفِيْلًا ۗاِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا تَفْعَلُوْنَ٩١
Wa aufū bi‘ahdillāhi iżā ‘āhattum wa lā tanquḍul-aimāna ba‘da taukīdihā wa qad ja‘altumullāha ‘alaikum kafīlā(n), innallāha ya‘lamu mā taf‘alūn(a).
[91] Lan leksanakna janji maring Gusti Allah angger ko padha janji lan aja nglanggar sumpah sewisé déucapna, lan ko kabéh wis ndadékna Gusti Allah minangka seksimu (ingatasé sumpah kuwé). Setemené Gusti Allah ngawuningani apa sing ko padha pergawé.

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّتِيْ نَقَضَتْ غَزْلَهَا مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ اَنْكَاثًاۗ تَتَّخِذُوْنَ اَيْمَانَكُمْ دَخَلًا ۢ بَيْنَكُمْ اَنْ تَكُوْنَ اُمَّةٌ هِيَ اَرْبٰى مِنْ اُمَّةٍ ۗاِنَّمَا يَبْلُوْكُمُ اللّٰهُ بِهٖۗ وَلَيُبَيِّنَنَّ لَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ مَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ٩٢
Wa lā takūnū kal-latī naqaḍat gazlahā mim ba‘di quwwatin ankāṡā(n), tattakhiżūna aimānakum dakhalam bainakum an takūna ummatun hiya arbā min ummah(tin), innamā yablūkumullāhu bih(ī), wa layubayyinanna lakum yaumal-qiyāmati mā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[92] Lan aja pisan-pisan ko padha dadi kaya wong wadon sing ngudhari lawé (benang)é sing wis détenun kanthi kuwat, dadi padha udhar maning, ko padha ndadékna sumpah (janji)mu srana nggo apus-apus neng antarané ko kabéh, merga anané sewiji golongan sing lewih akéh cacahé tenimbang golongan sing liya. 462 Gusti Allah mung nguji ko kabéh karo prekara kuwé. Lan mesthi neng dina Kiyamat bakal dégenahna déning Penjenengané maring ko kabéh apa sing gemiyén ko padha persulayakna.
462) Wong-wong Islam sing cacahé ésih semendhing wis nganakna janji sing kuwat karo Nabi Muhammad s.a.w rikala padha weruh wong Quraisy sing cacahé akéh lan pengalamané cukup, banjur metu kepénginan nggo mbatalna janji maring Nabi Muhammad s.a.w. Mangka penggawéyan kuwé délarang déning Gusti Allah.

وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ يُّضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَلَتُسْـَٔلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٩٣
Wa lau syā'allāhu laja‘alakum ummataw wāḥidataw wa lākiy yuḍillu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), wa latus'alunna ‘ammā kuntum ta‘malūn(a).
[93] Lan angger Gusti Allah ngersakna, mesthi Penjenengané ndadékna ko kabéh umat (mung) sewiji, ning Penjenengané nyasarna sapa sing Penjenengané kersakna lan paring pituduh maring sing Penjenengané kersakna. Ning ko kabéh mesthi arep détakoni ngenani apa sing wis ko padha pergawé.

وَلَا تَتَّخِذُوْٓا اَيْمَانَكُمْ دَخَلًا ۢ بَيْنَكُمْ فَتَزِلَّ قَدَمٌۢ بَعْدَ ثُبُوْتِهَا وَتَذُوْقُوا السُّوْۤءَ بِمَا صَدَدْتُّمْ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۚوَلَكُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٩٤
Wa lā tattakhiżū aimānakum dakhalam bainakum fa tazilla qadamum ba‘da ṡubūtihā wa tażūqus-sū'a bimā ṣadattum ‘an sabīlillāh(i), wa lakum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[94] Lan aja pisan-pisan ko padha ndadékna sumpah-sumpahmu dadi srana nggo apus-apus neng antarené ko kabéh, sing njalari sikil(mu) keplését sewisé jejegé (kukuh), lan ko bakal padha ngrasakna barang ala (neng dunya) merga ko padha ngalang-alangi (menungsa) sekang dalané Gusti Allah, lan ko bakal padha olih siksa sing gedhé.

وَلَا تَشْتَرُوْا بِعَهْدِ اللّٰهِ ثَمَنًا قَلِيْلًاۗ اِنَّمَا عِنْدَ اللّٰهِ هُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٩٥
Wa lā tasytarū bi‘ahdillāhi ṡamanan qalīlā(n), innamā ‘indallāhi huwa khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[95] Lan aja pisan-pisan ko padha adol janji (karo) Gusti Allah kanthi rega sing murah, merga setemené apa sing neng sisihé Gusti Allah lewih apik tumrap ko kabéh angger ko padha ngaweruhi.

مَا عِنْدَكُمْ يَنْفَدُ وَمَا عِنْدَ اللّٰهِ بَاقٍۗ وَلَنَجْزِيَنَّ الَّذِيْنَ صَبَرُوْٓا اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٩٦
Mā ‘indakum yanfadu wa mā ‘indallāhi bāq(in), wa lanajziyannal-lażīna ṣabarū ajrahum bi'aḥsani mā kānū ya‘malūn(a).
[96] Apa sing ana neng sisihmu bakal ilang, lan apa sing ana neng sisihé Gusti Allah bakal langgeng. Lan Ingsun mesthi bakal paring piwales maring wong sing padha sabar kanthi ganjaran sing lewih apik sekang apa sing wis dhéwéké padha pergawé.

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٩٧
Man ‘amila ṣāliḥam min żakarin au unṡā wa huwa mu'minun fa lanuḥyiyannahū ḥayātan ṭayyibah(tan), wa lanajziyannahum ajrahum bi'aḥsani mā kānū ya‘malūn(a).
[97] Sapa wongé sing nglakoni kebagusan, lanang utawa wadon neng sejeroné precaya, mangka mesthi bakal Ingsun paringna maring dhéwéké urip sing apik 463 lan bakal Ingsun paringi piwales kanthi kanugrahan sing lewih apik sekang apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
463) Ayat kiyé nerangna lamon wong lanang lan wong wadon miturut Islam olih ganjaran sing padha lan lakon bagusé kudu débarengi karo precaya.

فَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطٰنِ الرَّجِيْمِ٩٨
Fa iżā qara'tal-qur'āna fasta‘iż billāhi minasy-syaiṭānir-rajīm(i).
[98] Mangka angger sliramu (Muhammad) arep maca Al-Qur’an nyuwuna pengreksa maring Gusti Allah sekang (godhané) sétan sing kesupatan.

اِنَّهٗ لَيْسَ لَهٗ سُلْطٰنٌ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ٩٩
Innahū laisa lahū sulṭānun ‘alal-lażīna āmanū wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[99] Temen, sétan kuwé ora bakal pasah maring wong sing padha precaya lan pasrah maring Pengéran.

اِنَّمَا سُلْطٰنُهٗ عَلَى الَّذِيْنَ يَتَوَلَّوْنَهٗ وَالَّذِيْنَ هُمْ بِهٖ مُشْرِكُوْنَ ࣖ١٠٠
Innamā sulṭānuhū ‘alal-lażīna yatawallaunahū wal-lażīna hum bihī musyrikūn(a).
[100] Pasahé mung maring wong sing ndadékna sétan dadi pemimpin lan ingatasé wong sing nyekuthokna dhéwéké (sétan) karo Gusti Allah.

وَاِذَا بَدَّلْنَآ اٰيَةً مَّكَانَ اٰيَةٍ ۙوَّاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يُنَزِّلُ قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مُفْتَرٍۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ١٠١
Wa iżā baddalnā āyatam makāna āyah(tin), wallāhu a‘lamu bimā yunazzilu qālū innamā anta muftar(in), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[101] Lan angger Ingsun ngganti sewiji ayat karo ayat sing liya, lan Gusti Allah lewih ngawuningani apa sing Penjenengané turunaken, dhéwéké padha ngucap, “Setemené sliramu (Muhammad) mung gawé-gawé thok.” setemené akéh-akéhé wong kuwé padha ora ngaweruhi.

قُلْ نَزَّلَهٗ رُوْحُ الْقُدُسِ مِنْ رَّبِّكَ بِالْحَقِّ لِيُثَبِّتَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُسْلِمِيْنَ١٠٢
Qul nazzalahū rūḥul-qudusi mir rabbika bil-ḥaqqi liyuṡabbital-lażīna āmanū wa hudaw wa busyrā lil-muslimīn(a).
[102] Dhawuha, “Roh Kudus (Jibril) nurunaken Al-Qur’an kuwé sekang Pengéranmu kanthi bebener, nggo ngencengna (atiné) wong sing wis padha precaya, lan dadi pituduh uga werta bebungah nggo wong sing padha pasrah awak (maring Gusti Allah).”

وَلَقَدْ نَعْلَمُ اَنَّهُمْ يَقُوْلُوْنَ اِنَّمَا يُعَلِّمُهٗ بَشَرٌۗ لِسَانُ الَّذِيْ يُلْحِدُوْنَ اِلَيْهِ اَعْجَمِيٌّ وَّهٰذَا لِسَانٌ عَرَبِيٌّ مُّبِيْنٌ١٠٣
Wa laqad na‘lamu annahum yaqūlūna innamā yu‘allimuhū basyar(un), lisānul-lażī yulḥidūna ilaihi a‘jamiyyuw wa hāżā lisānun ‘arabiyyum mubīn(un).
[103] Lan setemené Ingsun ngawuningani lamon wong-wong kuwé padha ngucap, “Setemené Al-Qur’an kuwé mung déwulangna déning sewenéh menungsa maring dhéwéké (Muhammad).” Basané wong sing déarani (mulang Muhammad) déning dhéwéké kabéh kuwé basa ‘Ajam 464 , mangkané kiyé (Al-Qur’an) nganggo basa Arab sing cetha.
464) Basa ‘Ajam kuwé basa seliyané basa Arab lan uga bisa détegesi basa Arab sing ora apik, merga wong sing déarani mulang Nabi Muhammad s.a.w kuwé udu wong Arab lan mung ngerti semendhing basa Arab.

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِۙ لَا يَهْدِيْهِمُ اللّٰهُ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٠٤
Innal-lażīna lā yu'minūna bi'āyātillāh(i), lā yahdīhimullāhu wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[104] Setemené wong sing ora precaya maring ayat-ayat-É Gusti Allah (Al-Qur’an), Gusti Allah ora bakal paring pituduh maring dhéwéké kabéh lan wong-wong kuwé bakal nampa siksa sing perih.

اِنَّمَا يَفْتَرِى الْكَذِبَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِۚ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ١٠٥
Innamā yaftaril-każibal-lażīna lā yu'minūna bi'āyātillāh(i), ulā'ika humul-kāżibūn(a).
[105] Setemené sing padha ngréka-réka goroh, mung wong sing padha ora precaya maring ayat-ayat-É Gusti Allah, lan wong-wong kuwé tukang apus-apus.

مَنْ كَفَرَ بِاللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ اِيْمَانِهٖٓ اِلَّا مَنْ اُكْرِهَ وَقَلْبُهٗ مُطْمَىِٕنٌّۢ بِالْاِيْمَانِ وَلٰكِنْ مَّنْ شَرَحَ بِالْكُفْرِ صَدْرًا فَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ مِّنَ اللّٰهِ ۗوَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١٠٦
Man kafara billāhi mim ba‘di īmānihī illā man ukriha wa qalbuhū muṭma'innum bil-īmāni wa lākim man syaraḥa bil-kufri ṣadran fa ‘alaihim gaḍabum minallāh(i), wa lahum ‘ażābun aẓīm(un).
[106] Sapa wongé mbangkang (kapir) maring Gusti Allah sewisé precaya (wong kuwé nampa benduné Gusti Allah), kejaba wong sing padha dépeksa mbangkang (kapir) mangkané atiné tetep anteng neng sejeroné precaya (wong kuwé ora dosa), ning wong sing njembarna dhadhané nggo mbangkang, benduné Gusti Allah bakal ngenani wong-wong kuwé lan dhéwéké kabéh bakal nampa siksa sing gedhé.

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمُ اسْتَحَبُّوا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا عَلَى الْاٰخِرَةِۙ وَاَنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ١٠٧
Żālika bi'annahumustaḥabbul-ḥayātad-dun-yā ‘alal-ākhirah(ti), wa annallāha lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[107] Sing mengkana kuwé merga dhéwéké padha lewih seneng maring penguripan neng dunya tenimbang akhérat, lan setemené Gusti Allah ora paring pituduh maring kaum sing mbangkang (kapir).

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ طَبَعَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَسَمْعِهِمْ وَاَبْصَارِهِمْۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْغٰفِلُوْنَ١٠٨
Ulā'ikal-lażīna ṭaba‘allāhu ‘alā qulūbihim wa sam‘ihim wa abṣārihim, wa ulā'ika humul-gāfilūn(a).
[108] Wong-wong kuwé sing atiné, pengrungoné, lan pendelengané wis dékunci déning Gusti Allah, lan dhéwéké kabéh wong sing padha nglalén.

لَا جَرَمَ اَنَّهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ١٠٩
Lā jarama annahum fil-ākhirati humul-khāsirūn(a).
[109] Mesthi wong-wong kuwé klebu wong sing padha kapitunan neng akhérat.

ثُمَّ اِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِيْنَ هَاجَرُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا فُتِنُوْا ثُمَّ جَاهَدُوْا وَصَبَرُوْاۚ اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١١٠
Ṡumma inna rabbaka lil-lażīna hājarū mim ba‘di mā futinū ṡumma jāhadū wa ṣabarū, inna rabbaka mim ba‘dihā lagafūrur raḥīm(un).
[110] Lan setemené Pengéranmu (pengayom) tumrap wong sing padha boyong (hijrah) seuwisé kepilara coban, banjur dhéwéké padha lelabuh (jihad) lan sabar; setemené Pengéranmu sewisé kuwé nyata-nyata Maha Ngampura, Mahaasih.

۞ يَوْمَ تَأْتِيْ كُلُّ نَفْسٍ تُجَادِلُ عَنْ نَّفْسِهَا وَتُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ١١١
Yauma ta'tī kullu nafsin tujādilu ‘an nafsihā wa tuwaffā kullu nafsim mā ‘amilat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[111] (Élinga) neng dina (rikala) saben-saben wong teka nggo mbélani awaké dhéwék lan nggo saben-saben wong déparingi (piwales) sempurna sepadhan karo apa sing wis dhéwéké pergawé, lan wong-wong kuwé ora déaniaya (dégawé kapitunan).

وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا قَرْيَةً كَانَتْ اٰمِنَةً مُّطْمَىِٕنَّةً يَّأْتِيْهَا رِزْقُهَا رَغَدًا مِّنْ كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ بِاَنْعُمِ اللّٰهِ فَاَذَاقَهَا اللّٰهُ لِبَاسَ الْجُوْعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ١١٢
Wa ḍaraballāhu maṡalan qaryatan kānat āminatam muṭma'innatay ya'tīhā rizquhā ragadam min kulli makānin fa kafarat bi'an‘umillāhi fa ażāqahallāhu libāsal-jū‘i wal-khaufi bimā kānū yaṣna‘ūn(a).
[112] Lan Gusti Allah wis gawé peumpaman (kanthi) sewiji negari sing gemiyéné aman lan tentrem, rejeki padha teka maring ngonoh pirang-pirang sekang ngendi baé, ning wargané padha ngingkari nékmat-nékmaté Gusti Allah, merga kuwé Gusti Allah nibakna maring wong-wong kuwé bebaya kencot lan wedi 465 jalaran (déning) apa sing wis padha pergawé.
465) Kencot lan wedi kuwé nibani wong-wong mau kayadéné klambi nutupi awaké dhéwéké kabéh.

وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مِّنْهُمْ فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَهُمُ الْعَذَابُ وَهُمْ ظٰلِمُوْنَ١١٣
Wa laqad jā'ahum rasūlum minhum fa każżabūhu fa akhażahumul-‘ażābu wa hum ẓālimūn(a).
[113] Lan temen, wis teka maring wong-wong mau sewiji utusan sekang (kalangané) dhéwéké kabéh, ning dhéwéké padha nggorohna (utusan kuwé), merga kuwé wong-wong mau détibani siksa lan dhéwéké kuwé wong sing padha aniaya (dolim).

فَكُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ وَّاشْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ١١٤
Fa kulū mimmā razaqakumullāhu ḥalālan ṭayyibā(n), wasykurū ni‘matallāhi in kuntum iyyāhu ta‘budūn(a).
[114] Mangka mangana (apa) sing kepareng (halal) uga apik sekang rejeki sing wis déparingna déning Gusti Allah maring ko kabéh, lan padha kesuwuna (sukur) maring nékmaté Gusti Allah, angger ko mung padha nyembah maring Penjenengané.

اِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةَ وَالدَّمَ وَلَحْمَ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ لِغَيْرِ اللّٰهِ بِهٖۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١١٥
Innamā ḥarrama ‘alaikumul-maitata wad-dama wa laḥmal-khinzīri wa mā uhilla ligairillāhi bih(ī), famaniḍṭurra gaira bāgiw wa lā ‘ādin fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[115] Setemené Gusti Allah mung nglarang (ngaramna) tumrap ko kabéh bathang, getih, iwak babi, lan (kéwan) sing désembeléh kanthi (nyebut jeneng) seliyané Gusti Allah, ning sapa wongé sing kepeksa (mangan kuwé) udu merga ngepéngini kuwé lan (uga) ora nglewihi wates, mangka temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.

وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَا تَصِفُ اَلْسِنَتُكُمُ الْكَذِبَ هٰذَا حَلٰلٌ وَّهٰذَا حَرَامٌ لِّتَفْتَرُوْا عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُوْنَۗ١١٦
Wa lā taqūlū limā taṣifu alsinatukumul-każiba hāżā ḥalāluw wa hāżā ḥarāmul litaftarū ‘alallāhil-każib(a), innal-lażīna yaftarūna ‘alallāhil-każiba lā yufliḥūn(a).
[116] Lan aja pisan-pisan ko padha ngucapna maring apa sing désebut-sebut déning ilatmu kanthi goroh, “Kiyé kena (halal) lan kiyé ora kena (haram),” nggo gawé-gawé goroh maring Gusti Allah. Setemené wong sing gawé-gawé goroh maring Gusti Allah ora bakal padha (nemu) kebegyan.

مَتَاعٌ قَلِيْلٌ ۖوَّلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١١٧
Matā‘un qalīl(un), wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[117] (Kuwé dadi) kesenengan sing semendhing; lan wong-wong kuwé bakal nampa siksa sing perih.

وَعَلَى الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا مَا قَصَصْنَا عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ ۗوَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ١١٨
Wa ‘alal-lażīna hādū ḥarramnā mā qaṣaṣnā ‘alaika min qabl(u), wa mā ẓalamnāhum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[118] Lan ingatasé wong Yahudi, Ingsun nglarang (ngaramna) apa sing wis Ingsun critakna ganu maring sliramu (Muhammad). 466 Ingsun ora ngapitunani (dolim) maring wong-wong mau, malah wong kuwé sing padha ngapitunani maring awaké dhéwék.
466) Deleng Al-An’am (6): 146

ثُمَّ اِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِيْنَ عَمِلُوا السُّوْۤءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ وَاَصْلَحُوْٓا اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١١٩
Ṡumma inna rabbaka lil-lażīna ‘amilus-sū'a bijahālatin ṡumma tābū mim ba‘di żālika wa aṣlaḥū inna rabbaka mim ba‘dihā lagafūrur raḥīm(un).
[119] Banjur, setemené Pengéranmu (paring ampura maring) maring wong sing nglakoni keluputan merga bodhoné, banjur dhéwéké padha tobat sewisé kuwé lan ndandani (awaké), temen, Pengéranmu sewisé kuwé nyata-nyata Maha Ngampura, Mahaasih.

اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ كَانَ اُمَّةً قَانِتًا لِّلّٰهِ حَنِيْفًاۗ وَلَمْ يَكُ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۙ١٢٠
Inna ibrāhīma kāna ummatan qānital lillāhi ḥanīfā(n), wa lam yaku minal-musyrikīn(a).
[120] Temen, Ibrahim kuwé sewiji panutan (sing kena dédadékna tuladha), manut maring Gusti Allah lan hanif 467 . Lan dhéwéké ora klebu wong musrik (sing nyekuthokna Gusti Allah),
467) Wong sing cekelan maring prekara sing bener lan ora tau ninggalna.

شَاكِرًا لِّاَنْعُمِهِ ۖاجْتَبٰىهُ وَهَدٰىهُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ١٢١
Syākiral li'an‘umih(ī), ijtabāhu wa hadāhu ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[121] dhéwéké nyukuri nékmat-nékmaté Penjenengané. Gusti Allah wis milih dhéwéké lan nuduhna dhéwéké maring dalan sing jejeg.

وَاٰتَيْنٰهُ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً ۗوَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ ۗ١٢٢
Wa ātaināhu fid-dun-yā ḥasanah(tan), wa innahū fil-ākhirati laminaṣ-ṣāliḥīn(a).
[122] Lan Ingsun paringna maring dhéwéké kebecikan neng dunya. Lan setemené neng akhérat dhéwéké klebu wong sing pantes (saléh).

ثُمَّ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًا ۗوَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٢٣
Ṡumma auḥainā ilaika anittabi‘ millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[123] Banjur Ingsun wahyokna maring sliramu (Muhammad), “Melua agamané Ibrahim sing jejeg, lan dhéwéké ora klebu wong sing nyekuthokna (musrik).”

اِنَّمَا جُعِلَ السَّبْتُ عَلَى الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِيْهِۗ وَاِنَّ رَبَّكَ لَيَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١٢٤
Innamā ju‘ilas-sabtu ‘alal-lażīnakhtalafū fīh(i), wa inna rabbaka layaḥkumu bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[124] Setemené (ngormati) dina Setu 468 mung déwajibna ingatasé wong (Yahudi) sing padha mersulayakna. Lan setemené Pengéranmu mesthi bakal paring putusan neng antarané dhéwéké kabéh neng dina Kiyamat ingatasé apa sing wis padha dhéwéké persulayakna.
468) Ngormati dina Setu yakuwé kanthi ngakéhna ngibadah lan temindak sing bagus, uga ninggalna pegawéan pedinan.

اُدْعُ اِلٰى سَبِيْلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۗ اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖ وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ١٢٥
Ud‘u ilā sabīli rabbika bil-ḥikmati wal-mau‘iẓatil-ḥasanati wa jādilhum bil-latī hiya aḥsan(u), inna rabbaka huwa a‘lamu biman ḍalla ‘an sabīlihī wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[125] Ajéka (menungsa) maring dalané Pengéranmu kanthi hikmah 469 lan piwulangan sing apik, lan padha wawan-wicara karo wong-wong kuwé kanthi cara sing apik. Setemené Pengéranmu, Penjenengané lewih ngawuningani sapa sing kesasar sekang dalan-É lan Penjenengané sing lewih ngawuningani sapa sing olih pituduh.
469) Hikmah yakuwé ucapan sing tegas lan bener sing bisa mbédakna antarané sing bener hak lan sing luput.

وَاِنْ عَاقَبْتُمْ فَعَاقِبُوْا بِمِثْلِ مَا عُوْقِبْتُمْ بِهٖۗ وَلَىِٕنْ صَبَرْتُمْ لَهُوَ خَيْرٌ لِّلصّٰبِرِيْنَ١٢٦
Wa in ‘āqabtum fa ‘āqibū bimiṡli mā ‘ūqibtum bih(ī), wa la'in ṣabartum lahuwa khairul liṣ-ṣābirīn(a).
[126] Lan angger ko padha awéh piwales, walesa karo (piwales) sing sepadhan karo apa sing détibakna maring ko kabéh. Ning angger ko padha sabar, setemené kuwé sing lewih apik tumprapé wong sing padha sabar.

وَاصْبِرْ وَمَا صَبْرُكَ اِلَّا بِاللّٰهِ وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَلَا تَكُ فِيْ ضَيْقٍ مِّمَّا يَمْكُرُوْنَ١٢٧
Waṣbir wa mā ṣabruka illā billāhi wa lā taḥzan ‘alaihim wa lā taku fī ḍaiqim mimmā yamkurūn(a).
[127] Lan sabara sliramu (Muhammad) lan sabarmu kuwé mung merga pitulungé Gusti Allah lan aja pisan-pisan sliramu lara ati ingatasé (kapiré) wong-wong kuwé lan (uga) aja sesek neng dhadhamu ingatasé rékadaya sing dhéwéké padha rencanakna.

اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّالَّذِيْنَ هُمْ مُّحْسِنُوْنَ ࣖ ۔١٢٨
Innallāha ma‘al-lażīnattaqau wal-lażīna hum muḥsinūn(a).
[128] Temen, Gusti Allah bareng karo wong sing padha semarah (takwa) lan wong sing nglakoni kebagusan.