Surah Al-Hijr
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗتِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ وَقُرْاٰنٍ مُّبِيْنٍ ۔١
Alif lām rā, tilka āyātul-kitābi wa qur'ānim mubīn(in).
[1]
Alif Lam Ra. (Surah) kiyé wujud (sebagéan sekang) ayat-ayat Kitab (sing sampurna) yakuwé (ayat-ayat) Al-Qur’an sing awéh keterangan.
رُبَمَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ كَانُوْا مُسْلِمِيْنَ٢
Rubamā yawaddul-lażīna kafarū lau kānū muslimīn(a).
[2]
Wong-wong kapir kuwé kala-kala (mengko neng akhérat) kepéngin, énggané gemiyén (neng ndunya) dhéwéké padha dadi wong Muslim.
ذَرْهُمْ يَأْكُلُوْا وَيَتَمَتَّعُوْا وَيُلْهِهِمُ الْاَمَلُ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ٣
Żarhum ya'kulū wa yatamatta‘ū wa yulhihimul-amalu fa saufa ya‘lamūn(a).
[3]
Jorna baé dhéwéké (neng ndunya kiyé) padha mangan lan seneng-seneng lan dékelalékna déning angen-angen (suwung)é, mbésuk wong-wong kuwé bakal padha ngaweruhi (akibat penggawéané).
وَمَآ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ اِلَّا وَلَهَا كِتَابٌ مَّعْلُوْمٌ٤
Wa mā ahlaknā min qaryatin illā wa lahā kitābum ma‘lūm(un).
[4]
Lan Ingsun ora numpes sewiji negari, kejaba wis ana pepesthéné sing détetepna nggo dhéwéké.
مَا تَسْبِقُ مِنْ اُمَّةٍ اَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُوْنَ٥
Mā tasbiqu min ummatin ajalahā wa mā yasta'khirūn(a).
[5]
Ora nana sewiji umat sing bisa ndhisiti ajalé, lan ora (uga) bisa nyuwun penundhané.
وَقَالُوْا يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْ نُزِّلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ اِنَّكَ لَمَجْنُوْنٌ ۗ٦
Wa qālū yā ayyuhal-lażī nuzzila ‘alaihiż-żikru innaka lamajnūn(un).
[6]
Lan wong-wong mau padha ngucap, “Hé wong sing maring slirané déturunaken Al-Qur’an, setemené sliramu (Muhammad) nyata-nyata wong édan. 431
431) Kalimah kiyé déucapna neng wong-wong kapir Mekah nggo ngina maring Nabi Muhammad.
لَوْمَا تَأْتِيْنَا بِالْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٧
Lau mā ta'tīnā bil-malā'ikati in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[7]
Kenangapa sliramu ora nekakna malaékat maring inyong kabéh, angger sliramu klebu wong sing bener?”
مَا نُنَزِّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ اِلَّا بِالْحَقِّ وَمَا كَانُوْٓا اِذًا مُّنْظَرِيْنَ٨
Mā nunazzilul-malā'ikata illā bil-ḥaqqi wa mā kānū iżam munẓarīn(a).
[8]
Ingsun ora nurunaken malaékat kejaba kanthi bebener (nggo nggawa siksa) lan wong-wong mau rikala kuwé ora déwéhi penangguhan.
اِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا الذِّكْرَ وَاِنَّا لَهٗ لَحٰفِظُوْنَ٩
Innā naḥnu nazzalnaż-żikra wa innā lahū laḥāfiẓūn(a).
[9]
Setemené Ingsun sing nurunaken Al-Qur’an, lan mesthi Ingsun (uga) sing ngreksa (Al-Qur’an kuwé). 432
432) Ayat kiyé awéh jaminan ingatasé suciné lan murniné Al-Qur’an selawas-lawasé.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ فِيْ شِيَعِ الْاَوَّلِيْنَ١٠
Wa laqad arsalnā min qablika fī syiya‘il-awwalīn(a).
[10]
Lan temen, Ingsun wis ngutus (sewetara utusan) seurungé sliramu (Muhammad) maring umat-umat sing dhisit.
وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ١١
Wa mā ya'tīhim mir rasūlin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[11]
Lan saben ana sewiji utusan sing teka maring wong-wong mau, dhéwéké padha merguyu (utusan kuwé).
كَذٰلِكَ نَسْلُكُهٗ فِيْ قُلُوْبِ الْمُجْرِمِيْنَۙ١٢
Każālika naslukuhū fī qulūbil-mujrimīn(a).
[12]
Mengkana kuwé, Ingsun nglebokna (perguyon kuwé) maring atiné wong sing padha duwé dosa,
لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَقَدْ خَلَتْ سُنَّةُ الْاَوَّلِيْنَ١٣
Lā yu'minūna bihī wa qad khalat sunnatul-awwalīn(a).
[13]
Dhéwéké padha ora precaya maring kuwé (Al-Qur’an) mangkané wis keliwat sunnatullah 433 (pesthéné Gusti Allah) maring wong-wong sing gemiyén.
433) Sunnatullah neng kéné yakuwé numpes wong sing nggorohna rasul.
وَلَوْ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَابًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَظَلُّوْا فِيْهِ يَعْرُجُوْنَۙ١٤
Wa lau fataḥnā ‘alaihim bābam minas-samā'i fa ẓallū fīhi ya‘rujūn(a).
[14]
Lan angger Ingsun bukakna maring wong-wong mau salah sijiné lawang langit, banjur dhéwéké padha terus-terusan munggah maring ndhuwuré,
لَقَالُوْٓا اِنَّمَا سُكِّرَتْ اَبْصَارُنَا بَلْ نَحْنُ قَوْمٌ مَّسْحُوْرُوْنَ ࣖ١٥
Laqālū innamā sukkirat abṣārunā bal naḥnu qaumum masḥūrūn(a).
[15]
mesthi wong-wong mau padha ngucap, “Setemené pendelengané inyong sing padha débléréngna, malah inyong wong sing padha kenang sihir.”
وَلَقَدْ جَعَلْنَا فِى السَّمَاۤءِ بُرُوْجًا وَّزَيَّنّٰهَا لِلنّٰظِرِيْنَۙ١٦
Wa laqad ja‘alnā fis-samā'i burūjaw wa zayyannāhā lin-nāẓirīn(a).
[16]
Lan temen, Ingsun wis nyiptakna klompok-klompok lintang neng langit lan ndadékna keton semanger tumrap wong sing padha nyawang,
وَحَفِظْنٰهَا مِنْ كُلِّ شَيْطٰنٍ رَّجِيْمٍۙ١٧
Wa ḥafiẓnāhā min kulli syaiṭānir rajīm(in).
[17]
lan Ingsun reksa (klompok lintang kuwé) sekang (pengridhuné) sétan sing désupatani,
اِلَّا مَنِ اسْتَرَقَ السَّمْعَ فَاَتْبَعَهٗ شِهَابٌ مُّبِيْنٌ١٨
Illā manistaraqas-sam‘a fa atba‘ahū syihābum mubīn(un).
[18]
kejaba (sétan) sing nyolong-nyolong (werta) sing bisa dérungu (sekang malaékat) banjur déuber déning semburan geni sing padhang.
وَالْاَرْضَ مَدَدْنٰهَا وَاَلْقَيْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ وَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَّوْزُوْنٍ١٩
Wal-arḍa madadnāhā wa alqainā fīhā rawāsiya wa ambatnā fīhā min kulli syai'im mauzūn(in).
[19]
Lan Ingsun wis nggelar bumi lan Ingsun tancepna neng sendhuwuré (yakuwé) gunung-gunung lan Ingsun thukulna neng kono samubarang kabéh miturut ukuran.
وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيْهَا مَعَايِشَ وَمَنْ لَّسْتُمْ لَهٗ بِرٰزِقِيْنَ٢٠
Wa ja‘alnā lakum fīhā ma‘āyisya wa mal lastum lahū birāziqīn(a).
[20]
Lan Ingsun wis ndadékna neng kono (bumi) sumber penguripan nggo kepreluanmu, lan (Ingsun uga nyiptakna) mahluk-mahluk sing udu ko sing padha awéh rejekiné.
وَاِنْ مِّنْ شَيْءٍ اِلَّا عِنْدَنَا خَزَاۤىِٕنُهٗ وَمَا نُنَزِّلُهٗٓ اِلَّا بِقَدَرٍ مَّعْلُوْمٍ٢١
Wa im min syai'in illā ‘indanā khazā'inuhū wa mā nunazziluhū illā biqadarim ma‘lūm(un).
[21]
Lan ora nana sewiji-wiji kejaba neng sisihé Ingsun khazanah-É, 434 Ingsun ora nurunaken kuwé kejaba karo ukuran sing wis détemtokna.
434) Kabéh kuwé sumberé sekang Gusti Allah. Khazanah bisa détegesi gudhang.
وَاَرْسَلْنَا الرِّيٰحَ لَوَاقِحَ فَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَسْقَيْنٰكُمُوْهُۚ وَمَآ اَنْتُمْ لَهٗ بِخٰزِنِيْنَ٢٢
Wa arsalnar-riyāḥa lawāqiha fa anzalnā minas-samā'i mā'an fa asqainākumūh(u), wa mā antum lahū bikhāzinīn(a).
[22]
Lan Ingsun wis nyilirna angin nggo ngawinaken, 435 lan ingsun nurunaken udan sekang langit, banjur Ingsun paring ko kabéh karo (banyu) kuwé, lan udu ko kabéh sing nyimpén banyu kuwé.
435) Lamuk, tanduran (ketemuné tepung sari karo putik neng kembangé tanduran), lan liya-liyané.
وَاِنَّا لَنَحْنُ نُحْيٖ وَنُمِيْتُ وَنَحْنُ الْوٰرِثُوْنَ٢٣
Wa innā lanaḥnu nuḥyī wa numītu wa naḥnul-wāriṡūn(a).
[23]
Lan temen, Ingsun sing nguripna lan matékna lan Ingsun (uga) sing marisi.
وَلَقَدْ عَلِمْنَا الْمُسْتَقْدِمِيْنَ مِنْكُمْ وَلَقَدْ عَلِمْنَا الْمُسْتَأْخِرِيْنَ٢٤
Wa laqad ‘alimnal-mustaqdimīna minkum wa laqad ‘alimnal-musta'khirīn(a).
[24]
Lan temen, Ingsun mriksani wong sing gemiyén seurungé ko kabéh lan Ingsun mriksani uga wong sing paling keri.
وَاِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَحْشُرُهُمْۗ اِنَّهٗ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ ࣖ٢٥
Wa inna rabbaka huwa yaḥsyuruhum, innahū ḥakīmun ‘alīm(un).
[25]
Lan setemené Pengéranmu, Penjenengané sing bakal ngumpulna wong-wong mau. Temen, Penjenengané Mahawicaksana, Maha Ngawuningani.
وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَاٍ مَّسْنُوْنٍۚ٢٦
Wa laqad khalaqnal-insāna min ṣalṣālim min ḥama'im masnūn(in).
[26]
Lan temen, Ingsun wis nyiptakna menungsa (Adam) sekang lempung garing sekang belet ireng sing déwéhi rupa.
وَالْجَاۤنَّ خَلَقْنٰهُ مِنْ قَبْلُ مِنْ نَّارِ السَّمُوْمِ٢٧
Wal-jānna khalaqnāhu min qablu min nāris-samūm(i).
[27]
Lan Ingsun wis nyiptakna jin seurungé (Adam) sekang geni sing banget panasé.
وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ خَالِقٌۢ بَشَرًا مِّنْ صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَاٍ مَّسْنُوْنٍۚ٢٨
Wa iż qāla rabbuka lil-malā'ikati innī khāliqum basyaram min ṣalṣālim min ḥama'im masnūn(in).
[28]
Lan (élinga), rikala Pengéranmu dhawuh maring para malaékat, “Temen, Ingsun bakal nyiptakna menungsa sekang lempung garing sekang belet ireng sing déwéhi rupa.
فَاِذَا سَوَّيْتُهٗ وَنَفَخْتُ فِيْهِ مِنْ رُّوْحِيْ فَقَعُوْا لَهٗ سٰجِدِيْنَ٢٩
Fa iżā sawwaituhū wa nafakhtu fīhi mir rūḥī fa qa‘ū lahū sājidīn(a).
[29]
Mula angger Ingsun wis nyempurnakna (dadi)né, lan Ingsun wis ndamokna roh (ciptanan) Ingsun maring njeroné, mangka padha temungkula ko kabéh maring dhéwéké kanthi sujud. 436
436) Sujud neng kéné udu maksudé nyembah, ning minangka ngormati.
فَسَجَدَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ كُلُّهُمْ اَجْمَعُوْنَۙ٣٠
Fa sajadal-malā'ikatu kulluhum ajma‘ūn(a).
[30]
Mangka para malaékat padha sujud kabéh bareng-bareng,
اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اَبٰىٓ اَنْ يَّكُوْنَ مَعَ السّٰجِدِيْنَ٣١
Illā iblīs(a), abā ay yakūna ma‘as-sājidīn(a).
[31]
Kejaba Iblis. Dhéwéké ora gelem mélu bareng-bareng (para malekat) sing padha sujud kuwé.
قَالَ يٰٓاِبْلِيْسُ مَا لَكَ اَلَّا تَكُوْنَ مَعَ السّٰجِدِيْنَ٣٢
Qāla yā iblīsu mā laka allā takūna ma‘as-sājidīn(a).
[32]
Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Hé Iblis! Apa mergané ko (ora mélu) sujud bareng dhéwéké kabéh?”
قَالَ لَمْ اَكُنْ لِّاَسْجُدَ لِبَشَرٍ خَلَقْتَهٗ مِنْ صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَاٍ مَّسْنُوْنٍ٣٣
Qāla lam akul li'asjuda libasyarin khalaqtahū min ṣalṣālim min ḥama'im masnūn(in).
[33]
Dhéwéké (Iblis) ngucap, “Kula mboten pisan-pisan ajeng sujud dhateng menungsa ingkang Penjenengan empun ciptakaken kiyambeké saking lempung garing saking belet cemeng ingkang déparingi rupi.”
قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَاِنَّكَ رَجِيْمٌۙ٣٤
Qāla fakhruj minhā fa innaka rajīm(un).
[34]
Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “(Angger kaya kuwé) metua sekang suwarga, merga setemené ko kenang supata (laknat),
وَّاِنَّ عَلَيْكَ اللَّعْنَةَ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ٣٥
Wa inna ‘alaikal-la‘nata ilā yaumid-dīn(i).
[35]
lan setemené supata (laknat) kuwé tetep nibani awakmu nganti butul dina Kiyamat.”
قَالَ رَبِّ فَاَنْظِرْنِيْٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ٣٦
Qāla rabbi fa anẓirnī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[36]
Dhéwéké (Iblis) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, (menawi kados niku) mugi paringana penangguhan dhateng kula dugi dintené (menungsa) dipun tangékaken.”
قَالَ فَاِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِيْنَۙ٣٧
Qāla fa innaka minal-munẓarīn(a).
[37]
Gusti Allah dhawuh, “(Ya), mangka setemené ko klebu sing déparingi penangguhan,
اِلٰى يَوْمِ الْوَقْتِ الْمَعْلُوْمِ٣٨
Ilā yaumil-waqtil-ma‘lūm(i).
[38]
nganti butul dina sing wis détemtokna (Kiyamat).
قَالَ رَبِّ بِمَآ اَغْوَيْتَنِيْ لَاُزَيِّنَنَّ لَهُمْ فِى الْاَرْضِ وَلَاُغْوِيَنَّهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٣٩
Qāla rabbi bimā agwaitanī la'uzayyinanna lahum fil-arḍi wa la'ugwiyannahum ajma‘īn(a).
[39]
Dhéwéké (Iblis) ngucap, “Pengéran kula, mergi Penjenengan empun netepaken lamon kula niki kesasar, kula mesthi ajeng ndadosaken (kejahatan) keraos éndah tumrap kiyambeké (menungsa) wonten bumi, lan kula nyasaraken kiyambeké sedaya,
اِلَّا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِيْنَ٤٠
Illā ‘ibādaka minhumul-mukhlaṣīn(a).
[40]
kejawi kewula-kewula Penjenengan ingkang pinilih saking antawisé kiyambeké (menungsa) sedaya.”
قَالَ هٰذَا صِرَاطٌ عَلَيَّ مُسْتَقِيْمٌ٤١
Qāla hāżā ṣirāṭun ‘alayya mustaqīm(un).
[41]
Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Kiyé dalan sing jejeg (nuju) maring Ingsun.”
اِنَّ عِبَادِيْ لَيْسَ لَكَ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنٌ اِلَّا مَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْغَاوِيْنَ٤٢
Inna ‘ibādī laisa laka ‘alaihim sulṭānun illā manittaba‘aka minal-gāwīn(a).
[42]
Setemené ko (Iblis) ora bisa kewasa ingatasé kawula-kawulané Ingsun, kejaba wong-wong sing padha ngetutna ko, yakuwé wong-wong sing padha nyasar.
وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمَوْعِدُهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٤٣
Wa inna jahannama lamau‘iduhum ajma‘īn(a).
[43]
Lan temen, Jahanam kuwé nyata-nyata (panggonan) sing wis déjanjékna nggo dhéwéké (pendhéréké sétan) sekabéhé.
لَهَا سَبْعَةُ اَبْوَابٍۗ لِكُلِّ بَابٍ مِّنْهُمْ جُزْءٌ مَّقْسُوْمٌ ࣖ٤٤
Lahā sab‘atu abwāb(in), likulli bābim minhum juz'um maqsūm(un).
[44]
(Jahanam) kuwé duwé lawang pitu. Saben lawang (wis détetepna) nggo golongan sing wis détemtokna sekang wong-wong kuwé.
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۗ٤٥
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[45]
Setemené wong sing padha semarah (takwa) kuwé ana neng njero suwarga-suwarga (taman sari) lan (neng péreke) tuk (sing mili).
اُدْخُلُوْهَا بِسَلٰمٍ اٰمِنِيْنَ٤٦
Udkhulūhā bisalāmin āminīn(a).
[46]
(Gusti Allah dhawuh), “Mlebua maring njeroné kanthi ayem-temtrem lan aman.”
وَنَزَعْنَا مَا فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنْ غِلٍّ اِخْوَانًا عَلٰى سُرُرٍ مُّتَقٰبِلِيْنَ٤٧
Wa naza‘nā mā fī ṣudūrihim min gillin ikhwānan ‘alā sururim mutaqābilīn(a).
[47]
Lan Ingsun ilangna kabéh rasa mungsuhan sing ana neng atiné wong-wong mau; dhéwéké padha krasa dadi sedulur, njagong adhep-adhepan neng ndhuwur ambén-ambén.
لَا يَمَسُّهُمْ فِيْهَا نَصَبٌ وَّمَا هُمْ مِّنْهَا بِمُخْرَجِيْنَ٤٨
Lā yamassuhum fīhā naṣabuw wa mā hum minhā bimukhrajīn(a).
[48]
Wong-wong mau ora padha krasa sayah neng njeroné lan dhéwéké padha ora bakal détokna sekang njeroné (suwarga).
۞ نَبِّئْ عِبَادِيْٓ اَنِّيْٓ اَنَا الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُۙ٤٩
Nabbi' ‘ibādī annī anal-gafūrur-raḥīm(u).
[49]
Wertakna maring kawula-kawulané Ingsun, lamon Ingsun Sing Maha Ngampura, Mahaasih.
وَاَنَّ عَذَابِيْ هُوَ الْعَذَابُ الْاَلِيْمُ٥٠
Wa anna ‘ażābī huwal-‘ażābul-alīm(u).
[50]
Lan setemené siksané Ingsun kuwé siksa sing banget perihé.
وَنَبِّئْهُمْ عَنْ ضَيْفِ اِبْرٰهِيْمَۘ٥١
Wa nabbi'hum ‘an ḍaifi ibrāhīm(a).
[51]
Lan wertakna (Muhammad) maring wong-wong mau ngenani dhayohé Ibrahim (malaékat).
اِذْ دَخَلُوْا عَلَيْهِ فَقَالُوْا سَلٰمًاۗ قَالَ اِنَّا مِنْكُمْ وَجِلُوْنَ٥٢
Iż dakhalū ‘alaihi fa qālū salāmā(n), qāla innā minkum wajilūn(a).
[52]
Rikala dhéwéké padha mlebu maring panggonané (Ibrahim), banjur dhayoh-dhayoh kuwé padha ngucapna, “Salaam (rahayu).” Kiyambeké (Ibrahim) ngucap, “Inyong temen-temen krasa wedi maring sampéyan kabéh.”
قَالُوْا لَا تَوْجَلْ اِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلٰمٍ عَلِيْمٍ٥٣
Qālū lā taujal innā nubasysyiruka bigulāmin ‘alīm(in).
[53]
(Dhayoh-dhayoh kuwé) ngucap, “Aja pisan-pisan sliramu wedi, setemené inyong kabéh awéh werta bebungah maring sliramu kanthi (lairé) anak lanang (sing arep dadi) wong sing pinter (Ishak).”
قَالَ اَبَشَّرْتُمُوْنِيْ عَلٰٓى اَنْ مَّسَّنِيَ الْكِبَرُ فَبِمَ تُبَشِّرُوْنَ٥٤
Qāla abasysyartumūnī ‘alā am massaniyal-kibaru fa bima tubasysyirūn(a).
[54]
Kiyambeké (Ibrahim) ngucap, “Apa bener sampéyan kabéh awéh werta bebungah maring inyong mangkané umuré inyong wis tuwa, banjur (karo cara) kepriwé sampéyan padha awéh (werta bungah) kuwé?”
قَالُوْا بَشَّرْنٰكَ بِالْحَقِّ فَلَا تَكُنْ مِّنَ الْقٰنِطِيْنَ٥٥
Qālū basysyarnāka bil-ḥaqqi falā takum minal-qāniṭīn(a).
[55]
(Dhayoh-dhayoh kuwé) mangsuli, “Inyong padha nekakna werta bebungah maring sliramu kanthi bener, aja pisan-pisan sliramu banjur dadi wong-wong sing pedhot pengarep-arep.”
قَالَ وَمَنْ يَّقْنَطُ مِنْ رَّحْمَةِ رَبِّهٖٓ اِلَّا الضَّاۤلُّوْنَ٥٦
Qāla wa may yaqnaṭu mir raḥmati rabbihī illaḍ-ḍāllūn(a).
[56]
Kiyambeké (Ibrahim) ngucap, “Ora nana sing pedhot pengarep-arepé sekang kewelasané (rahmat) Gusti Allah kejaba wong sing nyasar.”
قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ اَيُّهَا الْمُرْسَلُوْنَ٥٧
Qāla famā khaṭbukum ayyuhal-mursalūn(a).
[57]
Kiyambeké (Ibrahim) ngucap, “Apa urusanmu sing penting, hé para utusan?”
قَالُوْٓا اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمٍ مُّجْرِمِيْنَۙ٥٨
Qālū innā ursilnā ilā qaumim mujrimīn(a).
[58]
(Dhayoh-dhayoh kuwé) mangsuli, “Setemené inyong kabéh déutus maring kaum sing padha (nglakoni) dosa,
اِلَّآ اٰلَ لُوْطٍۗ اِنَّا لَمُنَجُّوْهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٥٩
Illā āla lūṭ(in), innā lamunajjūhum ajma‘īn(a).
[59]
kejaba para pendhéréké Lut. Setemené inyong kabéh mesthi nylametna wong-wong mau kabéh,
اِلَّا امْرَاَتَهٗ قَدَّرْنَآ اِنَّهَا لَمِنَ الْغٰبِرِيْنَ ࣖ٦٠
Illamra'atahū qaddarnā innahā laminal-gābirīn(a).
[60]
kejaba bojoné, inyong padha wis nemtokna, lamon dhéwéké klebu wong sing détinggal (bareng wong kapir liyané).
فَلَمَّا جَاۤءَ اٰلَ لُوْطِ ِۨالْمُرْسَلُوْنَۙ٦١
Falammā jā'a āla lūṭinil-mursalūn(a).
[61]
Mangka rikala utusan kuwé teka maring para pendhéréké Lut,
قَالَ اِنَّكُمْ قَوْمٌ مُّنْكَرُوْنَ٦٢
Qāla innakum qaumum munkarūn(a).
[62]
Kiyambeké (Lut) ngucap, “Setemené sampéyan kabéh wong sing inyong ora wawuh.”
قَالُوْا بَلْ جِئْنٰكَ بِمَا كَانُوْا فِيْهِ يَمْتَرُوْنَ٦٣
Qālū bal ji'nāka bimā kānū fīhi yamtarūn(a).
[63]
(Para utusan) mangsuli, “Setemené inyong kabéh kiyé teka maring sliramu nggawa siksa sing tansah dégorohna déning dhéwéké kabéh.
وَاَتَيْنٰكَ بِالْحَقِّ وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ٦٤
Wa ataināka bil-ḥaqqi wa innā laṣādiqūn(a).
[64]
Lan inyong padha teka maring sliramu nggawa bebener lan temen, inyong kabéh wong sing bener.
فَاَسْرِ بِاَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ الَّيْلِ وَاتَّبِعْ اَدْبَارَهُمْ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنْكُمْ اَحَدٌ وَّامْضُوْا حَيْثُ تُؤْمَرُوْنَ٦٥
Fa asri bi'ahlika biqiṭ‘im minal-laili wattabi‘ adbārahum wa lā yaltafit minkum aḥaduw wamḍū ḥaiṡu tu'marūn(a).
[65]
Mangka padha lunga sliramu neng wekasané wengi bareng keluwargamu, lan tutna dhéwéké kabéh sekang mburi. Aja ana neng antarané sliramu sing nylinguk maring mburi lan terusna mlaku maring panggonan sing dépréntahna maring sliramu.”
وَقَضَيْنَآ اِلَيْهِ ذٰلِكَ الْاَمْرَ اَنَّ دَابِرَ هٰٓؤُلَاۤءِ مَقْطُوْعٌ مُّصْبِحِيْنَ٦٦
Wa qaḍainā ilaihi żālikal-amra anna dābira hā'ulā'i maqṭū‘um muṣbiḥīn(a).
[66]
Lan wis Ingsun tetepna maring kiyambeké (Lut) ketetepan kuwé, lamon wekasané wong-wong kuwé (umate Lut sing duraka) arep détumpes-kelor (entong-entongan) neng wektu subuh.
وَجَاۤءَ اَهْلُ الْمَدِيْنَةِ يَسْتَبْشِرُوْنَ٦٧
Wa jā'a ahlul-madīnati yastabsyirūn(a).
[67]
Lan padha teka wong-wong kota kuwé 437 (maring umahé Lut) kanthi bungah (jalaran tekané dhayoh-dhayoh mau).
437) Kota Sodom sing ana neng péreké Laut Tengah.
قَالَ اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ ضَيْفِيْ فَلَا تَفْضَحُوْنِۙ٦٨
Qāla inna hā'ulā'i ḍaifī falā tafḍaḥūn(i).
[68]
Kiyambeké (Lut) ngucap, “Setemené wong-wong kiyé dhayohku; mangka ko aja padha gawé wirang maring inyong,
وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَلَا تُخْزُوْنِ٦٩
Wattaqullāha wa lā tukhzūn(i).
[69]
Lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan aja gawé inyong dadi ina.”
قَالُوْٓا اَوَلَمْ نَنْهَكَ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ٧٠
Qālū awalam nanhaka ‘anil-‘ālamīn(a).
[70]
(Wong-wong kuwé) padha ngucap, “Apa inyong kabéh ora wis nglarang sliramu supaya aja (njagani) menungsa?” 438
438) Wong-wong kuwé padha kepéngin nglakoni homo seksual (lanang dhemen lanang) kambi dhayoh-dhayoh mau (sing jané malaékat) lan pancén dhéwéké wis padha nglakon ngancam Lut supayané aja ngalang-alangi dhéwéké padha nglakoni penggawéyan kaya kuwé.
قَالَ هٰٓؤُلَاۤءِ بَنٰتِيْٓ اِنْ كُنْتُمْ فٰعِلِيْنَۗ٧١
Qāla hā'ulā'i banātī in kuntum fā‘ilīn(a).
[71]
Kiyambeké (Lut) ngucap, “Kaé bocah-bocah wadoné (negari)ku (rabia karo dhéwéké kabéh), angger ko kabéh arep temindak.”
لَعَمْرُكَ اِنَّهُمْ لَفِيْ سَكْرَتِهِمْ يَعْمَهُوْنَ٧٢
La‘amruka innahum lafī sakratihim ya‘mahūn(a).
[72]
(Gusti Allah dhawuh), “Sekawit umurmu 439 (Muhammad), temen, dhéwéké padha gonjang-ganjing neng sejeroné wuru (kesasar).
439) Wong Arab kulina supata karo umuré wong. Neng kéné Gusti Allah supata karo umur utawa uripé Nabi Muhammad nggo mulyakna penjenengané.
فَاَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ مُشْرِقِيْنَۙ٧٣
Fa akhażathumuṣ-ṣaiḥatu musyriqīn(a).
[73]
Mangka dhéwéké padha détumpes déning swara seru sing gemlendhung, rikala srengéngé arep mlethék.
فَجَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّنْ سِجِّيْلٍ٧٤
Fa ja‘alnā ‘āliyahā sāfilahā wa amṭarnā ‘alaihim ḥijāratam min sijjīl(in).
[74]
Mangka Ingsun jungkir-walik (negari kuwé) lan Ingsun udani wong-wong mau karo watu sekang lemah sing atos.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّلْمُتَوَسِّمِيْنَۙ٧٥
Inna fī żālika la'āyātil lil-mutawassimīn(a).
[75]
Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha (kuwasané Gusti Allah) tumrap wong sing nggatékna tandha-tandha,
وَاِنَّهَا لَبِسَبِيْلٍ مُّقِيْمٍ٧٦
Wa innahā labisabīlim muqīm(in).
[76]
lan temen, (negari) kuwé nyata-nyata anané neng dalan sing ésih ajeg (déliwati menungsa).
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَۗ٧٧
Inna fī żālika la'āyatal lil-mu'minīn(a).
[77]
Temen, neng sing mengkana kuwé nyata-nyata ana tandha (kuwasané Gusti Allah) tumrap wong sing padha precaya.
وَاِنْ كَانَ اَصْحٰبُ الْاَيْكَةِ لَظٰلِمِيْنَۙ٧٨
Wa in kāna aṣḥābul-aikati laẓālimīn(a).
[78]
Lan setemené warga Aikah 440 kuwé nyata-nyata kaum sing aniaya (dolim),
440) Wong-wong Aikah kuwé kaumé Nabi Syuaib. Aikah kuwé panggonan sing ana alasé neng tlatah Madyan.
فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْۘ وَاِنَّهُمَا لَبِاِمَامٍ مُّبِيْنٍۗ ࣖ٧٩
Fantaqamnā minhum, wa innahumā labi'imāmim mubīn(in).
[79]
mangka Ingsun tumpes dhéwéké kabéh. Lan setemené loro-loroné (negari) 441 kuwé anané neng siji alur dalan gedhé.
441) Yakuwé kotané kaum Lut (Sodom) lan Aikah.
وَلَقَدْ كَذَّبَ اَصْحٰبُ الْحِجْرِ الْمُرْسَلِيْنَۙ٨٠
Wa laqad każżaba aṣḥābul-ḥijril-mursalīn(a).
[80]
Lan setemené wong-wong negari Hijr 442 wis padha nggorohna para utusané, 443
442) Wong-wong kota Hijr yakuwé kaum Samud. Hijr kuwé nggon sing anané neng Wadi Qura antarané Medinah lan Suriah.
443) Sing démaksud para utusan neng kéné yakuwé Nabi Saléh. Mestiné neng kéné désebuté rasul, ning désebutna para utusan (jamak) merga nggorohna siji utusan padha karo nggorohna kabéh utusan.
وَاٰتَيْنٰهُمْ اٰيٰتِنَا فَكَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَۙ٨١
Wa ātaināhum āyātinā fa kānū ‘anhā mu‘riḍīn(a).
[81]
lan Ingsun wis nekakna maring wong-wong kuwé tandha-tandha (kewasané) Ingsun, ning dhéwéké padha mléngos sekang (tandha-tandha) kuwé,
وَكَانُوْا يَنْحِتُوْنَ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا اٰمِنِيْنَ٨٢
Wa kānū yanḥitūna minal-jibāli buyūtan āminīn(a).
[82]
lan wong-wong mau padha natah umah-umah sekang gunung watu, (sing dépanggoni) kanthi rasa aman.
فَاَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ مُصْبِحِيْنَۙ٨٣
Fa akhażathumuṣ-ṣaiḥatu muṣbiḥīn(a).
[83]
Banjur dhéwéké kabéh détumpes karo sewara seru sing gemlendhung neng wektu esuk, 444
444) Kedadéan kuwé ana neng dina kepapat, sewisé tekané aban-aban maring wong-wong mau.
فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَۗ٨٤
Famā agnā ‘anhum mā kānū yaksibūn(a).
[84]
saéngga ora nana piguna tumrap wong-wong kuwé, apa sing wis dhéwéké padha upayakna.
وَمَا خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّۗ وَاِنَّ السَّاعَةَ لَاٰتِيَةٌ فَاصْفَحِ الصَّفْحَ الْجَمِيْلَ٨٥
Wa mā khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā illā bil-ḥaqq(i), wa innas-sā‘ata la'ātiyatun faṣfaḥiṣ-ṣafḥal-jamīl(a).
[85]
Lan Ingsun ora nyiptakna langit lan bumi uga apa sing ana neng antarané sekloroné, kejaba kanthi bener. Lan temen, Kiyamat mesthi arep teka, mangka awéha ngampura (wong-wong kuwé) kanthi cara sing apik.
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْخَلّٰقُ الْعَلِيْمُ٨٦
Inna rabbaka huwal-khallāqul-‘alīm(u).
[86]
Temen, Pengéranmu, Penjenengané Sing Maha Nyipta, Maha Ngawuningani.
وَلَقَدْ اٰتَيْنٰكَ سَبْعًا مِّنَ الْمَثَانِيْ وَالْقُرْاٰنَ الْعَظِيْمَ٨٧
Wa laqad ātaināka sab‘am minal-maṡānī wal-qur'ānal-‘aẓīm(a).
[87]
Lan temen, Ingsun wis paring maring sliramu pitu (ayat) sing (déwaca) bolan-balén 445 lan Al-Qur’an sing agung.
445) Sing démaksud pitung ayat sing débolan-baléni yakuwé surat Al-Fatihah sing kesungsun sekang pitung ayat. Sebagéan juru tapsir ngarani pitung surat sing dawa yakuwé Al-Baqarah, Ali Imran, Al-Maidah, An-Nisa’, Al-A’raf, Al-An’am lan Al-Anfal utawa At-Taubah.
لَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ اِلٰى مَا مَتَّعْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْهُمْ وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِلْمُؤْمِنِيْنَ٨٨
Lā tamuddanna ‘ainaika ilā mā matta‘nā bihī azwājam minhum wa lā taḥzan ‘alaihim wakhfiḍ janāḥaka lil-mu'minīn(a).
[88]
Aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) nujokna penyawangmu maring kenékmatané urip sing wis Ingsun paringna maring seweta-ra golongan neng antarené wong-wong mau (wong kapir), lan aja pisan-pisan sliramu krasa susah ingatasé dhéwéké kabéh lan sing andhap-asor sliramu maring wong sing padha precaya.
وَقُلْ اِنِّيْٓ اَنَا النَّذِيْرُ الْمُبِيْنُۚ٨٩
Wa qul innī anan-nażīrul-mubīn(u).
[89]
Lan dhawuha (Muhammad), “Setemené inyong kiyé wong sing awéh pengéling-éling sing nyata.”
كَمَآ اَنْزَلْنَا عَلَى الْمُقْتَسِمِيْنَۙ٩٠
Kamā anzalnā ‘alal-muqtasimīn(a).
[90]
Kayadéné (Ingsun wis awéh pengéling-éling), Ingsun wis nurunaken (siksa) maring wong sing milah-milah (Kitabé Gusti Allah), 446
446) Wong-wong sing nampa sebagéan isiné Kitab lan nolak sebagéan sing liya.
الَّذِيْنَ جَعَلُوا الْقُرْاٰنَ عِضِيْنَ٩١
Allażīna ja‘alul-qur'āna ‘iḍīn(a).
[91]
(yakuwé) wong-wong 447 sing ndadékna Al-Qur’an kebagi-bagi.
447) Yakuwé wong Yahudi lan Nasrani sing mbagi Al-Qur’an, ana bagéan sing dhéwéké padha precaya lan nana uga sing dhéwéké padha ingkari.
فَوَرَبِّكَ لَنَسْـَٔلَنَّهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٩٢
Fa wa rabbika lanas'alannahum ajma‘īn(a).
[92]
Mangka sekawit (sekawit) Pengéranmu, Ingsun mesthi bakal nakoni wong-wong mau kabéh,
عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٩٣
‘Ammā kānū ya‘malūn(a).
[93]
ngenani apa sing wis dhéwéké padha lakoni gemiyén.
فَاصْدَعْ بِمَا تُؤْمَرُ وَاَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِيْنَ٩٤
Faṣda‘ bimā tu'maru wa a‘riḍ ‘anil-musyrikīn(a).
[94]
Mangka butulna (Muhammad), kanthi blag-blagan kabéh sing dédhawuhna (maring sliramu) lan mléngosa sekang wong sing nyekuthokna (musrik).
اِنَّا كَفَيْنٰكَ الْمُسْتَهْزِءِيْنَۙ٩٥
Innā kafainākal-mustahzi'īn(a).
[95]
Setemené Ingsun ngreksa sliramu (Muhammad) sekang (jahaté) wong sing padha merguyu (sliramu),
الَّذِيْنَ يَجْعَلُوْنَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَۚ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ٩٦
Allażīna yaj‘alūna ma‘allāhi ilāhan ākhar(a), fa saufa ya‘lamūn(a).
[96]
(yakuwé) wong-wong sing nganggep anané Pengéran seliyané Gusti Allah; dhéwéké kabéh kuwé mbésuk ngaweruhi (akibaté).
وَلَقَدْ نَعْلَمُ اَنَّكَ يَضِيْقُ صَدْرُكَ بِمَا يَقُوْلُوْنَۙ٩٧
Wa laqad na‘lamu annaka yaḍīqu ṣadruka bimā yaqūlūn(a).
[97]
Lan temen Ingsun ngawuningani lamon dhadhamu dadi sesek merga apa sing déucapna déning dhéwéké kabéh,
فَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ وَكُنْ مِّنَ السّٰجِدِيْنَۙ٩٨
Fa sabbiḥ biḥamdi rabbika wa kum minas-sājidīn(a).
[98]
mangka maha-sucékana (Gusti Allah) kanthi memuji Pengéranmu lan dadia sliramu neng antarané wong sing padha nyembah (sembayang),
وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتّٰى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ ࣖࣖ٩٩
Wa‘bud rabbaka ḥattā ya'tiyakal-yaqīn(u).
[99]
Lan sembaha Pengéranmu nganti yakin (pati) teka maring sliramu.