Surah Ibrahim

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗ كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ اِلَيْكَ لِتُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ ەۙ بِاِذْنِ رَبِّهِمْ اِلٰى صِرَاطِ الْعَزِيْزِ الْحَمِيْدِۙ١
Alif lām rā, kitābun anzalnāhu ilaika litukhrijan-nāsa minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), bi'iżni rabbihim ilā ṣirāṭil-‘azīzil-ḥamīd(i).
[1] Alif Laam Raa. (Kiyé) Kitab sing Ingsun turunaken maring sliramu (Muhammad) supaya sliramu ngetokna menungsa sekang pepeteng nuju maring cahya sing padhang kanthi idiné Pengéran, (yakuwé) nuju dalané Pengéran Sing Mahadigdaya, Maha Pinuji.

اللّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَوَيْلٌ لِّلْكٰفِرِيْنَ مِنْ عَذَابٍ شَدِيْدٍۙ٢
Allāhil-lażī lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa wailul lil-kāfirīna min ‘ażābin syadīd(in).
[2] Gusti Allah sing kagungan apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi. Cilaka temen tumrap wong sing ingkar maring Pengéran merga penyiksa sing banget kerasé,

ۨالَّذِيْنَ يَسْتَحِبُّوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا عَلَى الْاٰخِرَةِ وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًا ۗ اُولٰۤىِٕكَ فِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ٣
Allażīna yastaḥibbūnal-ḥayātad-dun-yā ‘alal-ākhirati wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wa yabgūnahā ‘iwajā(n), ulā'ika fī ḍalālim ba‘īd(in).
[3] (yakuwé) wong sing padha lewih nyenengi penguripan dunya tenimbang (penguripan) akhérat, lan padha ngalang-ngalangi (me-nungsa) sekang dalané Gusti Allah lan kepéngin (dalan sing) béngkong. Dhéwéké kabéh kuwé neng sejeroné kesasar sing adoh.

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا بِلِسَانِ قَوْمِهٖ لِيُبَيِّنَ لَهُمْ ۗفَيُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٤
Wa mā arsalnā mir rasūlin illā bilisāni qaumihī liyubayyina lahum, fa yuḍillullāhu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[4] Lan Ingsun ora ngutus sewiji utusan baé, kejaba karo basané kaumé, 424 supaya utusan mau bisa awéh pertélan (keterangan) maring dhéwéké kabéh. Mangka Gusti Allah nyasarna sapa sing Penjenengané kersakna, lan paring pituduh maring sapa sing Penjenengané kersakna. Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.
424) Al-Qur’an déturunaken kambi Basa Arab, ora banjur détegesi Al-Qur’an mung nggo wong Arab tok, ning nggo kabéh menungsa.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اَنْ اَخْرِجْ قَوْمَكَ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ ەۙ وَذَكِّرْهُمْ بِاَيّٰىمِ اللّٰهِ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ٥
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā an akhrij qaumaka minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa żakkirhum bi'ayyāmillāh(i), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[5] Lan temen, Ingsun wis ngutus Musa kanthi nggawa tandha-tandha (kewasané) Ingsun, (lan Ingsun dhawuh maring dhéwéké), “Tokna kaumé sliramu sekang pepeteng maring cahya sing padhang-jembrang lan émutna wong-wong kuwé kabéh maring dina-dinané Gusti Allah.” 425 Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (kewasané Gusti Allah) tumrap saben wong sing sabar lan akéh kesuwuné (sukuré).
425) Kedadéan-kedadéan sing wis kelakon ingatasé kaum-kaum gemiyén uga nékmat lan siksa sing paha déalami dhéwéké kabéh.

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهِ اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ اَنْجٰىكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِ وَيُذَبِّحُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْ ۗوَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ ࣖ٦
Wa iż qāla mūsā liqaumihiżkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż anjākum min āli fir‘auna yasūmūnakum sū'al-‘ażābi wa yużabbiḥūna abnā'akum wa yastaḥyūna nisā'akum, wa fī żālikum balā'um mir rabbikum ‘aẓīm(un).
[6] Lan (élinga) rikala Musa ngucap maring kaumé, “Élinga nékmaté Gusti Allah ingatasé ko kabéh rikala Penjenengané nylametna ko sekang bala-balané Fir’aun; dhéwéké padha nyiksa ko kabéh kanthi siksa sing perih, lan nyembeléh anak-anakmu sing lanang lan ngejorna anak-anakmu sing wadon; neng sing mengkana kuwé ana sewijiné coban sing gedhé sekang Pengéranmu.”

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ٧
Wa iż ta'ażżana rabbukum la'in syakartum la'azīdannakum wa la'in kafartum inna ‘ażābī lasyadīd(un).
[7] Lan (élinga) rikala Pengéranmu wara-wara, “Setemené angger ko padha kesuwun (sukur), mesthi Ingsun bakal nambah (nékmat) maring ko kabéh, ning angger ko padha ngingkari (nékmat Ingsun), mangka siksané Ingsun banget aboté.”

وَقَالَ مُوْسٰٓى اِنْ تَكْفُرُوْٓا اَنْتُمْ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ۙفَاِنَّ اللّٰهَ لَغَنِيٌّ حَمِيْدٌ٨
Wa qāla mūsā in takfurū antum wa man fil-arḍi jamī‘ā(n), fa innallāha laganiyyun ḥamīd(un).
[8] Lan Musa ngucap, “Angger ko kabéh lan wong sing ana neng bumi padha ngingkari (nékmaté Gusti Allah), mangka setemené Gusti Allah Mahasugih, Maha Pinuji.

اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَؤُا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ ەۗ وَالَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۗ لَا يَعْلَمُهُمْ اِلَّا اللّٰهُ ۗجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَرَدُّوْٓا اَيْدِيَهُمْ فِيْٓ اَفْوَاهِهِمْ وَقَالُوْٓا اِنَّا كَفَرْنَا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ وَاِنَّا لَفِيْ شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُوْنَنَآ اِلَيْهِ مُرِيْبٍ٩
Alam ya'tikum naba'ul-lażīna min qablikum qaumi nūḥiw wa ‘ādiw wa ṡamūd(a), wal-lażīna mim ba‘dihim, lā ya‘lamuhum illallāh(u), jā'athum rusuluhum bil-bayyināti fa raddū aidiyahum fī afwāhihim wa qālū innā kafarnā bimā ursiltum bihī wa innā lafī syakkim mimmā tad‘ūnanā ilaihi murīb(in).
[9] Apa urung butul maring ko kabéh wertané wong-wong seurungmu (yakuwé) kaumé Nuh, ‘Ad, Samud lan wong-wong sewisé dhéwéké kabéh. Ora nana sing ngaweruhi wong-wong mau seliyané Gusti Allah. Utusan-utusan wis padha teka maring dhéwéké kabéh nggawa bukti-bukti (sing nyata), ning wong-wong mau padha nutupna tangané maring cangkemé (merga wadhéh), lan ngucap, “setemené inyong ora padha precaya maring (bukti lamon) ko déutus (maring inyong kabéh), lan inyong padha nyata-nyata neng sejeroné mamang lan kemrungsung ingatasé apa sing ko anjur-anjurna maring inyong kabéh.”

۞ قَالَتْ رُسُلُهُمْ اَفِى اللّٰهِ شَكٌّ فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَدْعُوْكُمْ لِيَغْفِرَ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُؤَخِّرَكُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ قَالُوْٓا اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا ۗ تُرِيْدُوْنَ اَنْ تَصُدُّوْنَا عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَا فَأْتُوْنَا بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ١٠
Qālat rusuluhum afillāhi syakkun fāṭiris-samāwāti wal-arḍ(i), yad‘ūkum liyagfira lakum min żunūbikum wa yu'akhkhirakum ilā ajalim musammā(n), qālū in antum illā basyarum miṡlunā, turīdūna an taṣuddūnā ‘ammā kāna ya‘budu ābā'unā fa'tūnā bisulṭānim mubīn(in).
[10] Utusan-utusan (sing teka maring) dhéwéké kabéh ngucap, “Apa ana kemamangan maring Gusti Allah, Sing Nyipta langit lan bumi? Penjenengané nimbali ko kabéh (supayané precaya) amrih Penjenengané paring ampura sebagéan dosa-dosamu lan nundha (siksa)mu nganti butul wektu sing détemtokna?” Dhéwéké kabéh ngucap, “Sliramu mung menungsa kaya inyong kabéh. Sliramu kepéngin ngalang-alangi inyong padha (nyembah) apa sing kawit gemiyén désembah kaki-nininé inyong kabéh, merga kuwé (jajal) tekakna maring inyong bukti sing nyata.”

قَالَتْ لَهُمْ رُسُلُهُمْ اِنْ نَّحْنُ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَمُنُّ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۗ وَمَا كَانَ لَنَآ اَنْ نَّأْتِيَكُمْ بِسُلْطٰنٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١١
Qālat lahum rusuluhum in naḥnu illā basyarum miṡlukum wa lākinnallāha yamunnu ‘alā may yasyā'u min ‘ibādih(ī), wa mā kāna lanā an na'tiyakum bisulṭānin illā bi'iżnillāh(i), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[11] Utusan-utusan (sing teka maring) wong-wong mau ngucap maring wong-wong mau, “Inyong mung menungsa kaya ko kabéh, ning Gusti Allah paring kanugrahan maring sapa baé sing Penjenengané kersakna neng antarané kawula-kawulané. Ora pantes tumprap inyong nekakna sewiji bukti maring ko kabéh kejaba karo idiné Gusti Allah. Lan mung maring Gusti Allah baé preyogané wong sing precaya padha pasrah (tawakal).

وَمَا لَنَآ اَلَّا نَتَوَكَّلَ عَلَى اللّٰهِ وَقَدْ هَدٰىنَا سُبُلَنَاۗ وَلَنَصْبِرَنَّ عَلٰى مَآ اٰذَيْتُمُوْنَاۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُوْنَ ࣖ١٢
Wa mā lanā allā natawakkala ‘alallāhi wa qad hadānā subulanā, wa lanaṣbiranna ‘alā mā āżaitumūnā, wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mutawakkilūn(a).
[12] Lan kenangapa inyong padha ora arep pasrah (tawakal) maring Gusti Allah, mangkané Penjenengané wis nidhokna dalan maring inyong kabéh, lan inyong temen, arep tetep sabar ingatasé pengridhu sing ko padha lakokna maring inyong kabéh. Lan mung maring Gusti Allah baé wong sing semarah (tawakal) padha pasrah awak.”

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِرُسُلِهِمْ لَنُخْرِجَنَّكُمْ مِّنْ اَرْضِنَآ اَوْ لَتَعُوْدُنَّ فِيْ مِلَّتِنَاۗ فَاَوْحٰٓى اِلَيْهِمْ رَبُّهُمْ لَنُهْلِكَنَّ الظّٰلِمِيْنَ ۗ١٣
Wa qālal-lażīna kafarū lirusulihim lanukhrijannakum min arḍinā au lata‘ūdunna fī millatinā, fa auḥā ilaihim rabbuhum lanuhlikannaẓ-ẓālimīn(a).
[13] Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap maring para utusan, “Inyong mesthi bakal ngurak sliramu sekang negariku utawané sliramu temen-temen bali maring agamané inyong kabéh.” Banjur Pengéran paring wahyu maring kiyambeké (para utusan), “Ingsun mesthi bakal ngajurna wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé.

وَلَنُسْكِنَنَّكُمُ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۗذٰلِكَ لِمَنْ خَافَ مَقَامِيْ وَخَافَ وَعِيْدِ١٤
Wa lanuskinannakumul-arḍa mim ba‘dihim, żālika liman khāfa maqāmī wa khāfa wa‘īd(i).
[14] Lan Ingsun mesthi bakal mapanakén sliramu neng negari-negari kuwé sewisé wong-wong mau. Sing mengkana kuwé (yakuwé nggo) wong-wong sing padha wedi (ngadhep) maring ngersané Ingsun lan wedi maring ancamané Ingsun.”

وَاسْتَفْتَحُوْا وَخَابَ كُلُّ جَبَّارٍ عَنِيْدٍۙ١٥
Wastaftaḥū wa khāba kullu jabbārin ‘anīd(in).
[15] Lan kiyambeké (para utusan) padha nyuwun déparingi kemenangan lan ajur (dadiné) kabéh wong sing temindak sewenang-wenang lan wateké atos,

مِّنْ وَّرَاۤىِٕهٖ جَهَنَّمُ وَيُسْقٰى مِنْ مَّاۤءٍ صَدِيْدٍۙ١٦
Miw warā'ihī jahannamu wa yusqā mim mā'in ṣadīd(in).
[16] neng ngarepé ana neraka Jahanam lan dhéwéké bakal déparingi inuman karo banyu nanah,

يَّتَجَرَّعُهٗ وَلَا يَكَادُ يُسِيْغُهٗ وَيَأْتِيْهِ الْمَوْتُ مِنْ كُلِّ مَكَانٍ وَّمَا هُوَ بِمَيِّتٍۗ وَمِنْ وَّرَاۤىِٕهٖ عَذَابٌ غَلِيْظٌ١٧
Yatajarra‘uhū wa lā yakādu yusīguhū wa ya'tīhil-mautu min kulli makāniw wa mā huwa bimayyit(in), wa miw warā'ihī ‘ażābun galīẓ(un).
[17] détenggak-tenggakna (banyu nanah kuwé) lan dhéwéké méh baé ora bisa ngeleg kuwé lan banjur teka bebaya pati maring dhéwéké sekang endi ora, ning dhéwéké ora mati-mati, lan neng ngarepé (ésih ana) siksa sing abot.

مَثَلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ اَعْمَالُهُمْ كَرَمَادِ ِۨاشْتَدَّتْ بِهِ الرِّيْحُ فِيْ يَوْمٍ عَاصِفٍۗ لَا يَقْدِرُوْنَ مِمَّا كَسَبُوْا عَلٰى شَيْءٍ ۗذٰلِكَ هُوَ الضَّلٰلُ الْبَعِيْدُ١٨
Maṡalul-lażīna kafarū birabbihim a‘māluhum karamādinisytaddat bihir-rīḥu fī yaumin ‘āṣif(in), lā yaqdirūna mimmā kasabū ‘alā syai'(in), żālika huwaḍ-ḍalālul-ba‘īd(u).
[18] Peumpaman wong sing ingkar (kufur) maring Pengérané, penggawéané wong-wong kuwé kaya awu sing désembur angin gedhé neng sewiji dina sing anginé banter. Dhéwéké padha ora kuwasa (nekakna piguna) babar pisan sekang apa sing wis padha déupayakna (neng dunya). Sing mengkana kuwé (rupa) kesasar sing adoh.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيْدٍۙ١٩
Alam tara annallāha khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), iy yasya' yużhibkum wa ya'ti bikhalqin jadīd(in).
[19] Apa ko kabéh ora nggatékna setemené Gusti Allah wis nyiptakna langit lan bumi kanthi hak (bener)? Angger Penjenengané ngersakna, mesthi Penjenengané ngajurna ko kabéh lan nekakna makhluk sing anyar (nggo gantimu),

وَّمَا ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ بِعَزِيْزٍ٢٠
Wa mā żālika ‘alallāhi bi‘azīz(in).
[20] lan sing mengkana kuwé ora angél mungguhé Gusti Allah.

وَبَرَزُوْا لِلّٰهِ جَمِيْعًا فَقَالَ الضُّعَفٰۤؤُا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ اَنْتُمْ مُّغْنُوْنَ عَنَّا مِنْ عَذَابِ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ ۗقَالُوْا لَوْ هَدٰىنَا اللّٰهُ لَهَدَيْنٰكُمْۗ سَوَاۤءٌ عَلَيْنَآ اَجَزِعْنَآ اَمْ صَبَرْنَا مَا لَنَا مِنْ مَّحِيْصٍ ࣖ٢١
Wa barazū lillāhi jamī‘an fa qālaḍ-ḍu‘afā'u lil-lażīnastakbarū innā kunnā lakum taba‘an fahal antum mugnūna ‘annā min ‘ażābillāhi min syai'(in), qālū lau hadānallāhu lahadainākum, sawā'un ‘alainā ajazi‘nā am ṣabarnā mā lanā mim maḥīṣ(in).
[21] Lan wong-wong kabéh (neng ara-ara Mahsyar) padha kumpul nggo ngadhep maring ngarsané Gusti Allah, banjur wong sing ora daya ngucap maring wong sing gemedhé, “Setemené inyong kabéh gemiyén kuwé pendhérék-pendhérékmu, mangka apa ko bisa nyingkirna inyong sekang siksané Gusti Allah (ora ketang) semendhing?” Dhéwéké padha semaur, “Sekirané Gusti Allah paring pituduh maring inyong, mesthi inyong padha bisa awéh pitudhuh maring ko kabéh. Padha baé tumrap awaké dhéwék kabéh, arep nggresula utawané sabar. Awaké dhéwék ora duwé paran (panggonan) nggo padha minggat.”

وَقَالَ الشَّيْطٰنُ لَمَّا قُضِيَ الْاَمْرُ اِنَّ اللّٰهَ وَعَدَكُمْ وَعْدَ الْحَقِّ وَوَعَدْتُّكُمْ فَاَخْلَفْتُكُمْۗ وَمَا كَانَ لِيَ عَلَيْكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍ اِلَّآ اَنْ دَعَوْتُكُمْ فَاسْتَجَبْتُمْ لِيْ ۚفَلَا تَلُوْمُوْنِيْ وَلُوْمُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ مَآ اَنَا۠ بِمُصْرِخِكُمْ وَمَآ اَنْتُمْ بِمُصْرِخِيَّۗ اِنِّيْ كَفَرْتُ بِمَآ اَشْرَكْتُمُوْنِ مِنْ قَبْلُ ۗاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢٢
Wa qālasy-syaiṭānu lammā quḍiyal-amru innallāha wa‘adakum wa‘dal-ḥaqqi wa wa‘attukum fa akhlaftukum, wa mā kāna liya ‘alaikum min sulṭānin illā an da‘autukum fastajabtum lī, falā talūmūnī wa lūmū anfusakum, wa mā ana bimuṣrikhikum wa mā antum bimuṣrikhiyy(a), innī kafartu bimā asyraktumūni min qabl(u), innaẓ-ẓālimīna lahum ‘ażābun alīm(un).
[22] Lan sétan ngucap rikala prekara (étung-étungan) wis dérampungna, “Setemené Gusti Allah wis njanjékna maring ko kabéh janji sing bener, lan inyong uga wis njanjékna maring ko kabéh ning inyong nyulayani. Ora nana kewasa tumrap inyong ingatasé ko kabéh, kejaba (sedrema) inyong ajék-ajék maring ko banjur ko padha manut pengajék-ajéku, merga kuwé ko aja padha ngala-ala inyong, ning ngala-ala-a awakmu dhéwék. Inyong ora bisa tulung sliramu, lan ko ora padha bisa tulung inyong. Setemené inyong ora mbenerna penggawéanmu nyekuthokna inyong (karo Gusti Allah) kawit gemiyén.” Temen, wong sing aniaya (dolim) bakal olih siksa sing perih.

وَاُدْخِلَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۗ تَحِيَّتُهُمْ فِيْهَا سَلٰمٌ٢٣
Wa udkhilal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā bi'iżni rabbihim, taḥiyyatuhum fīhā salām(un).
[23] Lan wong-wong sing padha precaya lan nindakna kebecikan délebokna maring suwarga-suwarga sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan. Dhéwéké padha langgeng neng njeroné kanthi idiné Pengérané. Ucapan pekurmatané wong-wong mau neng njeroné (suwarga) yakuwé salam 426 (rahayu).
426) Tegesé slamet sekang sekabéh bebaya

اَلَمْ تَرَ كَيْفَ ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا كَلِمَةً طَيِّبَةً كَشَجَرَةٍ طَيِّبَةٍ اَصْلُهَا ثَابِتٌ وَّفَرْعُهَا فِى السَّمَاۤءِۙ٢٤
Alam tara kaifa ḍaraballāhu maṡalan kalimatan ṭayyibatan kasyajaratin ṭayyibatin aṣluhā ṡābituw wa far‘uhā fis-samā'(i).
[24] Apa ko ora padha nggatékna kepriwé Gusti Allah wis gawé peumpaman tembung sing apik 427 kaya wit sing apik, oyodé kuwat lan pangé (mumbul) maring langit,
427) Klebu tembung sing apik yakuwé tembung (kalimah) tauhid, yakuwé kabéh ucapan sing ajek-ajek maring prekara apik lan ngalangi prekara sing mungkar lan uga penggawéyan sing apik. Tembung tauhid, kaya tembung La ilaha illallah.

تُؤْتِيْٓ اُكُلَهَا كُلَّ حِيْنٍ ۢبِاِذْنِ رَبِّهَاۗ وَيَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٢٥
Tu'tī ukulahā kulla ḥīnim bi'iżni rabbihā, wa yaḍribullāhul-amṡāla lin-nāsi la‘allahum yatażakkarūn(a).
[25] (wit) kuwé ngasilna woh neng unggal wektu kanthi idiné Pengérané. Lan Gusti Allah gawé peumpaman kuwé nggo menungsa supayané padha tansah éling.

وَمَثَلُ كَلِمَةٍ خَبِيْثَةٍ كَشَجَرَةٍ خَبِيْثَةِ ِۨاجْتُثَّتْ مِنْ فَوْقِ الْاَرْضِ مَا لَهَا مِنْ قَرَارٍ٢٦
Wa maṡalu kalimatin khabīṡatin kasyajaratin khabīṡatinijtuṡṡat min fauqil-arḍi mā lahā min qarār(in).
[26] Lan peumpaman tembung sing ala, kaya wit sing ala, 428 sing wis débedhul oyod-oyodé sekang bumi; ora bisa tetep (jejeg) babar pisan.
428) Klebu tembung sing ala yakuwé kufur, syirik, kabéh omongan sing ora apik lan penggawéyan sing ora apik.

يُثَبِّتُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۚ وَيُضِلُّ اللّٰهُ الظّٰلِمِيْنَۗ وَيَفْعَلُ اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُ ࣖ٢٧
Yuṡabbitullāhul-lażīna āmanū bil-qauliṣ-ṣābiti fil-ḥayātid-dun-yā wa fil-ākhirah(ti), wa yuḍillullāhuẓ-ẓālimīn(a), wa yaf‘alullāhu mā yasyā'(u).
[27] Gusti Allah neguhna (precayaé) wong-wong sing padha precaya kanthi ucapan sing teguh 429 (sejeroné urip) neng dunya lan neng akhérat; lan Gusti Allah nyasarna wong-wong sing aniaya (dolim) lan Gusti Allah temindak apa sing Penjenengané kersakna.
429) Sing dékarepna sekang ucapan sing teguh neng kéné yakuwé tembung apik sing désebutna neng ayat 24 ndhuwur.

۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ بَدَّلُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ كُفْرًا وَّاَحَلُّوْا قَوْمَهُمْ دَارَ الْبَوَارِۙ٢٨
Alam tara ilal-lażīna baddalū ni‘matallāhi kufraw wa aḥallū qaumahum dāral-bawār(i).
[28] Apa ko ora padha nggatékna wong-wong sing ngijoli nékmaté Gusti Allah karo ingkar maring Gusti Allah lan njlomprongna kaumé maring jurang kerusakan?

جَهَنَّمَ ۚيَصْلَوْنَهَاۗ وَبِئْسَ الْقَرَارُ٢٩
Jahannama yaṣlaunahā, wa bi'sal-qarār(u).
[29] yakuwé neraka Jahanam, dhéwéké padha mlebu maring njeroné; lan kuwé seala-alané papan panggonan.

وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ اَنْدَادًا لِّيُضِلُّوْا عَنْ سَبِيْلِهٖۗ قُلْ تَمَتَّعُوْا فَاِنَّ مَصِيْرَكُمْ اِلَى النَّارِ٣٠
Wa ja‘alū lillāhi andādal liyuḍillū ‘an sabīlih(ī), qul tamatta‘ū fa inna maṣīrakum ilan-nār(i).
[30] Lan dhéwéké (wong-wong kapir) wis padha ndadékna tandhingané Gusti Allah nggo nyasarna (menungsa) sekang dalané Penjenengané. Dhawuha (Muhammad), “Padha seneng-senenga ko kabéh (neng dunya), merga setemené panggonan balimu maring neraka.”

قُلْ لِّعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَيُنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا بَيْعٌ فِيْهِ وَلَا خِلٰلٌ٣١
Qul li‘ibādiyal-lażīna āmanū yuqīmuṣ-ṣalāta wa yunfiqū mimmā razaqnāhum sirraw wa ‘alāniyatam min qabli ay ya'tiya yaumul lā bai‘un fīhi wa lā khilāl(un).
[31] Dhawuha (Muhammad) maring kawula-kawulané Ingsun sing wis padha precaya, “Preyogané padha nglakoni sembayang, nyumbangna (infak) sebagéan rejeki sing wis Ingsun paringna, kanthi sidhem-sidheman utawané blag-blagan seurungé teka dina, rikala ora nana maning dol-tinuku lan batir-batiran.”

اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَخْرَجَ بِهٖ مِنَ الثَّمَرٰتِ رِزْقًا لَّكُمْ ۚوَسَخَّرَ لَكُمُ الْفُلْكَ لِتَجْرِيَ فِى الْبَحْرِ بِاَمْرِهٖ ۚوَسَخَّرَ لَكُمُ الْاَنْهٰرَ٣٢
Allāhul-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa anzala minas-samā'i mā'an fa akhraja bihī minaṡ-ṡamarāti rizqal lakum, wa sakhkhara lakumul-fulka litajriya fil-baḥri bi'amrih(ī), wa sakhkhara lakumul-anhār(a).
[32] Gusti Allah kuwé sing wis nyiptakna langit lan bumi lan nurunaken banyu (udan) sekang langit, banjur karo (banyu udan) kuwé Penjenengané ngetokna werna-werna woh-wohan minangka rejeki nggo ko kabéh; lan Penjenengané wis nglulutna prahu nggo ko kabéh supayané laju neng segara kanthi kepareng-É, lan Penjenengané wis nglulutna bengawan-bengawan nggo ko kabéh.

وَسَخَّرَ لَكُمُ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ دَاۤىِٕبَيْنِۚ وَسَخَّرَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ ۚ٣٣
Wa sakhkhara lakumusy-syamsa wal-qamara dā'ibaīn(i), wa sakhkhara lakumul-laila wan-nahār(a).
[33] Lan Penjenengané nglulutna srengéngé lan wulan nggo ko kabéh sing terus-terusan mubeng (neng dalané); lan wis nglulutna wengi lan awan nggo ko kabéh.

وَاٰتٰىكُمْ مِّنْ كُلِّ مَا سَاَلْتُمُوْهُۗ وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَظَلُوْمٌ كَفَّارٌ ࣖ٣٤
Wa ātākum min kulli mā sa'altumūh(u), wa in ta‘uddū ni‘matallāhi lā tuḥṣūhā, innal-insāna laẓalūmun kaffār(un).
[34] Lan Penjenengané wis paring maring ko sekabéh apa sing ko padha suwun maring Penjenengané. Lan angger ko padha ngétung nékmaté Gusti Allah, mesthi ko kabéh ora bakal kewawa ngétung kuwé. Temen, menungsa kuwé banget aniaya (dolim) lan banget olihé ngingkari (nékmaté Gusti Allah).

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ اٰمِنًا وَّاجْنُبْنِيْ وَبَنِيَّ اَنْ نَّعْبُدَ الْاَصْنَامَ ۗ٣٥
Wa iż qāla ibrāhīmu rabbij‘al hāżal-balada āminaw wajnubnī wa baniyya an na‘budal-aṣnām(a).
[35] Lan (élinga), rikala Ibrahim nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, mugi Penjenengan ndadosaken negari niki (Mekah), negari ingkang aman, lan mugi nebihaken kula lan anak-putu kula supados mboten nyembah reca (brehala).

رَبِّ اِنَّهُنَّ اَضْلَلْنَ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِۚ فَمَنْ تَبِعَنِيْ فَاِنَّهٗ مِنِّيْۚ وَمَنْ عَصَانِيْ فَاِنَّكَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣٦
Rabbi innahunna aḍlalna kaṡīram minan-nās(i), faman tabi‘anī fa innahū minnī, wa man ‘aṣānī fa innaka gafūrur raḥīm(un).
[36] Dhuh Pengéran kula, reca-reca niku empun nyasaraken kathah (saking) menungsa. Sinten ingkang ngetut kula, tiyang niku kelebet golongané kula, lan sinten ingkang duraka dhateng kula, mangka Penjenengan Maha Ngampura, Mahaasih.

رَبَّنَآ اِنِّيْٓ اَسْكَنْتُ مِنْ ذُرِّيَّتِيْ بِوَادٍ غَيْرِ ذِيْ زَرْعٍ عِنْدَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِۙ رَبَّنَا لِيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ فَاجْعَلْ اَفْـِٕدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِيْٓ اِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُمْ مِّنَ الثَّمَرٰتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُوْنَ٣٧
Rabbanā innī askantu min żurriyyatī biwādin gairi żī zar‘in ‘inda baitikal-muḥarram(i), rabbanā liyuqīmuṣ-ṣalāta faj‘al af'idatam minan-nāsi tahwī ilaihim warzuqhum minaṡ-ṡamarāti la‘allahum yasykurūn(a).
[37] Dhuh Pengéran kula sami, sejatosipun kula empun manggenaken sebagéan anak-putu kula wonten setunggil tanah lebak ingkang mboten nggadhahi tanem-taneman caket saking dalem Penjenengan (Baitullah) ingkang kinurmatan, dhuh Pengéran kula (ingkang mekaten niku) supados kiyambeké sedaya nglampahi sembayang, mangka mugi Penjenengan ndadosaken manah sebagéan menungsa dhoyong dhateng kiyambeké sedaya lan mugi Penjenengan paringi rejeki saking woh-wohan, mugi-mugi kiyambeké sami kesuwun (sukur).

رَبَّنَآ اِنَّكَ تَعْلَمُ مَا نُخْفِيْ وَمَا نُعْلِنُۗ وَمَا يَخْفٰى عَلَى اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ٣٨
Rabbanā innaka ta‘lamu mā nukhfī wa mā nu‘lin(u), wa mā yakhfā ‘alallāhi min syai'in fil-arḍi wa lā fis-samā'(i).
[38] Dhuh Pengéran kula sami, sejatosipun Penjenengan priksa napa ingkang kula sami umpetaken lan napa ingkang kula sami edhéngaken; lan mboten wonten sewiji-wiji ingkang samar mungguh Gusti Allah, napa ingkang wonten teng bumi utawi ugi ingkang wonten teng langit.

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ وَهَبَ لِيْ عَلَى الْكِبَرِ اِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَۗ اِنَّ رَبِّيْ لَسَمِيْعُ الدُّعَاۤءِ٣٩
Al-ḥamdu lillāhil-lażī wahaba lī ‘alal-kibari ismā‘īla wa isḥāq(a), inna rabbī lasamī‘ud-du‘ā'(i).
[39] Sedaya pengalembana namung kagungané Gusti Allah ingkang empun paring kanugrahan dhateng kula wonten dinten sepuhé (kula) Ismail lan Ishak. Éstu, Pengéran kula leres-leres Maha Midhanget (nyembadani) penyuwun (donga).

رَبِّ اجْعَلْنِيْ مُقِيْمَ الصَّلٰوةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْۖ رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاۤءِ٤٠
Rabbij‘alnī muqīmaṣ-ṣalāti wa min żurriyyatī, rabbanā wa taqabbal du‘ā'(i).
[40] Dhuh Pengéran kula, mugi ndadosaken kula lan anak-putu kula tiyang ingkang ajeg nglampahi sembayang, dhuh Pengéran kula sami, mugi Penjenengan ngijabahi penyuwun kula.

رَبَّنَا اغْفِرْ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ يَوْمَ يَقُوْمُ الْحِسَابُ ࣖ٤١
Rabbanagfir lī wa liwālidayya wa lil-mu'minīna yauma yaqūmul-ḥisāb(u).
[41] Dhuh Pengéran kula sami, mugi paring pengapunten dhateng kula lan tiyang sepuh kalih kula lan sedaya tiyang ingkang sami pitados (precaya) wonten dinten déwontenaken étang-étangan (dinten Kiyamat).”

وَلَا تَحْسَبَنَّ اللّٰهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ الظّٰلِمُوْنَ ەۗ اِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيْهِ الْاَبْصَارُۙ٤٢
Wa lā taḥsabannallāha gāfilan ‘ammā ya‘maluẓ-ẓālimūn(a), innamā yu'akhkhiruhum liyaumin tasykhaṣu fīhil-abṣār(u).
[42] Lan aja pisan-pisan ko padha ngira, lamon Gusti Allah kelimpé sekang apa sing dépergawé déning wong sing padha aniaya (dolim). Setemené Gusti Allah nundha wong-wong kuwé butul dina sing neng wektu kuwé matané (dhéwéké) padha pating pendelik,

مُهْطِعِيْنَ مُقْنِعِيْ رُءُوْسِهِمْ لَا يَرْتَدُّ اِلَيْهِمْ طَرْفُهُمْ ۚوَاَفْـِٕدَتُهُمْ هَوَاۤءٌ ۗ٤٣
Muhṭi‘īna muqni‘ī ru'ūsihim lā yartaddu ilaihim ṭarfuhum, wa af'idatuhum hawā'(un).
[43] dhéwéké padha teka ketharak-tharak (nekani celukan) karo ndhengalna ndhasé, éwadéné matané padha ora kemedhép lan atiné padha suwung.

وَاَنْذِرِ النَّاسَ يَوْمَ يَأْتِيْهِمُ الْعَذَابُۙ فَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا رَبَّنَآ اَخِّرْنَآ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۙ نُّجِبْ دَعْوَتَكَ وَنَتَّبِعِ الرُّسُلَۗ اَوَلَمْ تَكُوْنُوْٓا اَقْسَمْتُمْ مِّنْ قَبْلُ مَا لَكُمْ مِّنْ زَوَالٍۙ٤٤
Wa anżirin-nāsa yauma ya'tīhimul-‘ażāb(u), fa yaqūlul-lażīna ẓalamū rabbanā akhkhirnā ilā ajalin qarīb(in), nujib da‘wataka wa nattabi‘ir-rusul(a), awalam takūnū aqsamtum min qablu mā lakum min zawāl(in).
[44] Lan sliramu (Muhammad) awéha pengéling-éling maring menungsa neng dinané (rikala) siksa teka maring dhéwéké kabéh, mangka wong-wong sing aniaya (dolim) padha ngucap, “Dhuh Pengéran kula, paringana kula sami wekdal (wangsul teng ndunya) sinaosa sekedhap, mesthi kula sami ajeng manut dhateng timbalan Penjenengan lan badhé ndhérék dhateng para utusan.” (Maring wong-wong kuwé déucapna), “Mbokan gemiyén (neng dunya) ko wis sumpah (lamon) ko ora pisan-pisan bakal padha sirna?

وَّسَكَنْتُمْ فِيْ مَسٰكِنِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَتَبَيَّنَ لَكُمْ كَيْفَ فَعَلْنَا بِهِمْ وَضَرَبْنَا لَكُمُ الْاَمْثَالَ٤٥
Wa sakantum fī masākinil-lażīna ẓalamū anfusahum wa tabayyana lakum kaifa fa‘alnā bihim wa ḍarabnā lakumul-amṡāl(a).
[45] Lan ko wis padha manggon neng panggonané wong sing gawé kapitunan (dolim) maring awaké dhéwék, lan wis genah tumrap ko kabéh kepriwé Ingsun temindak maring wong-wong kuwé lan Ingsun wis paring maring ko kabéh pirang-pirang peumpaman.”

وَقَدْ مَكَرُوْا مَكْرَهُمْ وَعِنْدَ اللّٰهِ مَكْرُهُمْۗ وَاِنْ كَانَ مَكْرُهُمْ لِتَزُوْلَ مِنْهُ الْجِبَالُ٤٦
Wa qad makarū makrahum wa ‘indallāhi makruhum, wa in kāna makruhum litazūla minhul-jibāl(u).
[46] Lan temen, wong-wong kuwé wis gawé réka daya, mangkané Gusti Allah (priksa lan bakal paring piwales) réka dayané dhéwéké kabéh. Lan setemené réka dayané wong-wong mau ora bisa ngilangna gunung-gunung. 430
430) Ayat-ayat-É (saréngaté) Gusti Allah sing kukuh kaya gunung.

فَلَا تَحْسَبَنَّ اللّٰهَ مُخْلِفَ وَعْدِهٖ رُسُلَهٗ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍۗ٤٧
Falā taḥsabannallāha mukhlifa wa‘dihī rusulah(ū), innallāha ‘azīzun żun tiqām(in).
[47] Mangka merga kuwé aja pisan-pisan ko padha nyana lamon Gusti Allah nyulayani janji-Né maring utusan-utusan-É. Temen, Gusti Allah Mahadigdaya lan kagungan piwales.

يَوْمَ تُبَدَّلُ الْاَرْضُ غَيْرَ الْاَرْضِ وَالسَّمٰوٰتُ وَبَرَزُوْا لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ٤٨
Yauma tubaddalul-arḍu gairal-arḍi was-samāwātu wa barazū lillāhil-wāḥidil-qahhār(i).
[48] (Yakuwé) neng dina (rikala) bumi déganti karo bumi sing liya lan (semana uga) langit, lan dhéwéké kabéh (menungsa) padha kumpul (neng ara-ara Mahsyar) ngadhep Gusti Allah Sing Mahatunggal, Mahadigdaya.

وَتَرَى الْمُجْرِمِيْنَ يَوْمَىِٕذٍ مُّقَرَّنِيْنَ فِى الْاَصْفَادِۚ٤٩
Wa taral-mujrimīna yauma'iżim muqarranīna fil-aṣfād(i).
[49] Lan neng dina kuwé ko bakal weruh wong sing padha dosa bareng-bareng déjiret nganggo blenggu.

سَرَابِيْلُهُمْ مِّنْ قَطِرَانٍ وَّتَغْشٰى وُجُوْهَهُمُ النَّارُۙ٥٠
Sarābīluhum min qaṭirāniw wa tagsyā wujūhahumun-nār(u).
[50] Klambiné dhéwéké kabéh sekang jer-jeran aspal lan rainé détutup déning geni neraka,

لِيَجْزِيَ اللّٰهُ كُلَّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْۗ اِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٥١
Liyajziyallāhu kulla nafsim mā kasabat, innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[51] supaya Gusti Allah paring piwales maring saben wong ingatasé apa sing wis dhéwéké upayakna. Temen, Gusti Allah Mahasigra étungan-É.

هٰذَا بَلٰغٌ لِّلنَّاسِ وَلِيُنْذَرُوْا بِهٖ وَلِيَعْلَمُوْٓا اَنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ وَّلِيَذَّكَّرَ اُولُوا الْاَلْبَابِ ࣖ٥٢
Hāżā balāgul lin-nāsi wa liyunżarū bihī wa liya‘lamū annamā huwa ilāhuw wāḥiduw wa liyażżakkara ulul-albāb(i).
[52] Lan (Al-Qur’an) kiyé dadi keterangan (sing sampurna) nggo menungsa, supaya dhéwéké padha déparingi pengéling-éling kanthi kuwé, supaya padha ngaweruhi lamon Gusti Allah Pengéran Sing Maha Sewiji lan supayané wong sing duwé nalar padha ngalap piwulang.