Surah Ar-Ra’d
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤرٰۗ تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِۗ وَالَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ الْحَقُّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ١
Alif lām mīm rā, tilka āyātul-kitāb(i), wal-lażī unzila ilaika mir rabbikal-ḥaqqu wa lākinna akṡaran-nāsi lā yu'minūn(a).
[1]
Alif Laam Miim Raa. Kiyé ayat-ayat Kitab (Al-Qur’an). Lan (kitab) sing déturunaken maring sliramu (Muhammad) sekang Pengéranmu kuwé bener; ning akéh-akéhé menungsa ora padha precaya (maring dhéwéké).
اَللّٰهُ الَّذِيْ رَفَعَ السَّمٰوٰتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ يُدَبِّرُ الْاَمْرَ يُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّكُمْ تُوْقِنُوْنَ٢
Allāhul-lażī rafa‘as-samāwāti bigairi ‘amadin taraunahā ṡummastawā ‘alal-‘arsyi wa sakhkharasy-syamsa wal-qamar(a), kulluy yajrī li'ajalim musammā(n), yudabbirul-amra yufaṣṣilul-āyāti la‘allakum biliqā'i rabbikum tūqinūn(a).
[2]
Gusti Allah sing ndhuwurna langit tanpa cagak (kayadéné) sing ko kabéh deleng, banjur Penjenengané milenggah neng nduwur ‘Arsy. Penjenengané nelukna srengéngé lan wulan; siji-sijiné mubeng miturut mangsa sing wis dépesthékna. Penjenengané ngatur urusan (mahluk-É), lan nggenahna tandha-tandha (agung-É), supaya ko kabéh precaya bakal ketemu karo Pengéranmu kabéh.
وَهُوَ الَّذِيْ مَدَّ الْاَرْضَ وَجَعَلَ فِيْهَا رَوَاسِيَ وَاَنْهٰرًا ۗوَمِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ جَعَلَ فِيْهَا زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ يُغْشِى الَّيْلَ النَّهَارَۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٣
Wa huwal-lażī maddal-arḍa wa ja‘ala fīhā rawāsiya wa anhārā(n), wa min kulliṡ-ṡamarāti ja‘ala fīhā zaujainiṡnaini yugsyil-lailan-nahār(a), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[3]
Lan Penjenengané sing nggelar bumi lan ndadékna gunung-gunung lan bengawan-bengawan neng sendhuwuré. Lan neng kono Penjenengané ndadékna kabéh woh-wohan padha pasang-pasangan; Penjenengané nutupna wengi maring awan. Temen, neng sing mangkana kuwé ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha mikir.
وَفِى الْاَرْضِ قِطَعٌ مُّتَجٰوِرٰتٌ وَّجَنّٰتٌ مِّنْ اَعْنَابٍ وَّزَرْعٌ وَّنَخِيْلٌ صِنْوَانٌ وَّغَيْرُ صِنْوَانٍ يُّسْقٰى بِمَاۤءٍ وَّاحِدٍۙ وَّنُفَضِّلُ بَعْضَهَا عَلٰى بَعْضٍ فِى الْاُكُلِۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٤
Wa fil-arḍi qiṭa‘um mutajāwirātuw wa jannātum min a‘nābiw wa zar‘uw wa nakhīlun ṣinwānuw wa gairu ṣinwāniy yusqā bimā'iw wāḥid(in), wa nufaḍḍilu ba‘ḍahā ‘alā ba‘ḍin fil-ukul(i), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[4]
Lan neng bumi ana bagéan-bagéan sing padha amping-ampingan, kebon-kebon anggur, tetanduran, wit kurma sing ngepang, lan sing ora ngepang; désirami karo banyu sing padha, ning Ingsun lewihna wit sing siji sekang sing liyané neng bab rasané. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) nggo wong-wong sing padha mengerténi.
۞ وَاِنْ تَعْجَبْ فَعَجَبٌ قَوْلُهُمْ ءَاِذَا كُنَّا تُرٰبًا ءَاِنَّا لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ەۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْۚ وَاُولٰۤىِٕكَ الْاَغْلٰلُ فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْۚ وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٥
Wa in ta‘jab fa ‘ajabun qauluhum a'iżā kunnā turāban a'innā lafī khalqin jadīd(in), ulā'ikal-lażīna kafarū birabbihim, wa ulā'ikal-aglālu fī a‘nāqihim, wa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[5]
Lan angger sliramu (Muhammad) krasa gumun, mangka sing gawé gumun kuwé ucapané wong-wong mau, “Angger inyong wis padha dadi lemah apa énggané arep (débalékna) dadi mahluk sing anyar?” Dhéwéké mau sing padha ingkar maring Pengérané; lan dhéwéké (sing padha dékalungi) blenggu neng guluné kabéh. Dhéwéké kabéh sing ngenggoni neraka, wong-wong mau langgeng neng njeroné.
وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِ وَقَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمُ الْمَثُلٰتُۗ وَاِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ مَغْفِرَةٍ لِّلنَّاسِ عَلٰى ظُلْمِهِمْۚ وَاِنَّ رَبَّكَ لَشَدِيْدُ الْعِقَابِ٦
Wa yasta‘jilūnaka bis-sayyi'ati qablal-ḥasanati wa qad khalat min qablihimul-maṡulāt(u), wa inna rabbaka lażū magfiratil lin-nāsi ‘alā ẓulmihim, wa inna rabbaka lasyadīdul-‘iqāb(i).
[6]
Lan wong-wong mau padha njaluk maring sliramu supaya dégelisna (tekané) siksa seurungé (padha njaluk) kebecikan, mangkané wis kedadéan pirang-pirang tuladha siksa seurungé dhéwéké kabéh. Temen, Pengéranmu nyata-nyata kagungan pengampura tumrap menungsa ingatasé aniayané (dolimé) dhéwéké kabéh, lan temen, Pengéranmu banget keras siksa-Né.
وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ اِنَّمَآ اَنْتَ مُنْذِرٌ وَّلِكُلِّ قَوْمٍ هَادٍ ࣖ٧
Wa yaqūlul-lażīna kafarū lau lā unzila ‘alaihi āyatum mir rabbih(ī), innamā anta munżiruw wa likulli qaumin hād(in).
[7]
Lan wong-wong kapir padha ngucap, “Kenangapa ora déturunaken maring kiyambeké (Muhammad) sewiji tandha (mu’jizat) sekang Pengérané?” Setemené sliramu kuwé mung wong sing awéh pengéling-éling; lan nggo saben-saben kaum ana wong sing awéh pituduh.
اَللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَحْمِلُ كُلُّ اُنْثٰى وَمَا تَغِيْضُ الْاَرْحَامُ وَمَا تَزْدَادُ ۗوَكُلُّ شَيْءٍ عِنْدَهٗ بِمِقْدَارٍ٨
Allāhu ya‘lamu mā taḥmilu kullu unṡā wa mā tagīḍul-arḥāmu wa mā tazdād(u), wa kullu syai'in ‘indahū bimiqdār(in).
[8]
Gusti Allah ngawuningani apa sing dékandhut neng saben-saben wong wadon lan apa sing kurang sempurna lan apa sing (dadi) tambah neng njeroné gua garba. Lan samubarang kabéh ana takerané neng sisihé (Gusti Allah).
عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْكَبِيْرُ الْمُتَعَالِ٩
‘Alimul-gaibi wasy-syahādatil-kabīrul-muta‘āl(i).
[9]
(Gusti Allah) sing ngawuningani barang sing ora keton (gaib) lan sing nyata; Sing Mahaagung, Mahaluhur.
سَوَاۤءٌ مِّنْكُمْ مَّنْ اَسَرَّ الْقَوْلَ وَمَنْ جَهَرَ بِهٖ وَمَنْ هُوَ مُسْتَخْفٍۢ بِالَّيْلِ وَسَارِبٌۢ بِالنَّهَارِ١٠
Sawā'um minkum man asarral-qaula wa man jahara bihī wa man huwa mustakhfim bil-laili wa sāribum bin-nahār(i).
[10]
Padha baé (mungguhé Gusti Allah), sapa wongé neng antarané ko kabéh sing ngumpetna ucapané lan sapa sing blak-blakan ucapané; lan sapa sing umpetan neng wektu wengi lan sing mlaku neng wektu awan.
لَهٗ مُعَقِّبٰتٌ مِّنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖ يَحْفَظُوْنَهٗ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۗ وَاِذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِقَوْمٍ سُوْۤءًا فَلَا مَرَدَّ لَهٗ ۚوَمَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّالٍ١١
Lahū mu‘aqqibātum mim baini yadaihi wa min khalfihī yaḥfaẓūnahū min amrillāh(i), innallāha lā yugayyiru mā biqaumin ḥattā yugayyirū mā bi'anfusihim, wa iżā arādallāhu biqaumin sū'an falā maradda lah(ū), wa mā lahum min dūnihī miw wāl(in).
[11]
Kanggone dhéwéké (menungsa) ana malaékat-malaékat sing gawéné genténan njagani, sekang ngarep lan sekang mburiné. Kiyambeké padha njagani (menungsa) merga dhawuhé Gusti Allah. Setemené Gusti Allah ora arep ngowahi kahanané sewiji kaum seurungé kaum kuwé ngowahi kahanané awaké dhéwéké kabéh. Lan rikala Gusti Allah ngersakna sing ala tumprap sewiji kaum, mangka ora nana sing bisa nolak lan ora nana pengayom tumrap wong kuwé kabéh kejaba Penjenengané.
هُوَ الَّذِيْ يُرِيْكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَّطَمَعًا وَّيُنْشِئُ السَّحَابَ الثِّقَالَۚ١٢
Huwal-lażī yurīkumul -barqa khaufaw wa ṭama‘aw wa yunsyi'us -saḥābaṡ-ṡiqāl(a).
[12]
Penjenengané kuwé sing meruhna kilat maring ko kabéh, sing gawé wedi lan pengarep-arep, lan Penjenengané sing ndadékna mendhung.
وَيُسَبِّحُ الرَّعْدُ بِحَمْدِهٖ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ مِنْ خِيْفَتِهٖۚ وَيُرْسِلُ الصَّوَاعِقَ فَيُصِيْبُ بِهَا مَنْ يَّشَاۤءُ وَهُمْ يُجَادِلُوْنَ فِى اللّٰهِ ۚوَهُوَ شَدِيْدُ الْمِحَالِۗ١٣
Wa yusabbiḥur-ra‘du biḥamdihī wal-malā'ikatu min khīfatih(ī), wa yursiluṣ-ṣawā‘iqa fa yuṣību bihā may yasyā'u wa hum yujālidilūna fillāh(i), wa huwa syadīdul-miḥāl(i).
[13]
Lan gludhug padha maca tasbéh kanthi ngalembana Penjenengané (semana uga) para malaékat merga wedi maring Penjenengané, lan Gusti Allah ngeculna bledhég, banjuran nibakna kuwé maring sapa baé sing Penjenengané kersakna, selaginé wong-wong mau padha bantah-bantahan ngenani Gusti Allah, lan Penjenengané Mahakeras siksa-Né.
لَهٗ دَعْوَةُ الْحَقِّۗ وَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَسْتَجِيْبُوْنَ لَهُمْ بِشَيْءٍ اِلَّا كَبَاسِطِ كَفَّيْهِ اِلَى الْمَاۤءِ لِيَبْلُغَ فَاهُ وَمَا هُوَ بِبَالِغِهٖۗ وَمَا دُعَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ١٤
Lahū da‘watul-ḥaqq(i), wal-lażīna yad‘ūna min dūnihī lā yastajībūna lahum bisyai'in illā kabāsiṭi kaffaihi ilal-mā'i liyabluga fāhu wa mā huwa bibāligih(ī), wa mā du‘ā'ul-kāfirīna illā fī ḍalāl(in).
[14]
Mung maring Gusti Allah penyuwunan (donga) sing bener. Reca-reca (brehala) sing padha dhéwéké sembah seliyané Gusti Allah ora bakal bisa nyembadani apa baé nggo wong-wong mau, ora béda karo wong sing mbukak tlapakan tangané maring njero banyu supaya (banyuné) butul maring cangkemé. Mangkané banyu kuwé ora bakal butul maring cangkemé. Lan penyuwunané wong-wong mbangkang (kapir) kuwé, mung muspra anané.
وَلِلّٰهِ يَسْجُدُ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ طَوْعًا وَّكَرْهًا وَّظِلٰلُهُمْ بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ ۩١٥
Wa lillāhi yasjudu man fis-samāwāti wal-arḍi ṭau‘aw wa karhaw wa ẓilāluhum bil-guduwwi wal-āṣāl(i).
[15]
Lan padha nyembah (sujud) maring Gusti Allah kabéh sing ana neng langit utawa sing neng bumi, becik kanthi karepé dhéwék utawané kepeksa (lan uga nyembah) wayangané kuwé kabéh, neng wektu ésuk lan wektu soré.
قُلْ مَنْ رَّبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلِ اللّٰهُ ۗقُلْ اَفَاتَّخَذْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَ لَا يَمْلِكُوْنَ لِاَنْفُسِهِمْ نَفْعًا وَّلَا ضَرًّاۗ قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ەۙ اَمْ هَلْ تَسْتَوِى الظُّلُمٰتُ وَالنُّوْرُ ەۚ اَمْ جَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَ خَلَقُوْا كَخَلْقِهٖ فَتَشَابَهَ الْخَلْقُ عَلَيْهِمْۗ قُلِ اللّٰهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُوَ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ١٦
Qul mar rabbus-samāwāti wal-arḍ(i), qulillāh(u), qul afattakhażtum min dūnihī auliyā'a lā yamlikūna li'anfusihim naf‘aw wa lā ḍarrā(n), qul hal yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u), am hal tastawiẓ-ẓulumātu wan-nūr(u), am ja‘alū lillāhi syurakā'a khalaqū kakhalqihī fa tasyābahal-khalqu ‘alaihim, qulillāhu khāliqu kulli syai'iw wa huwal-wāḥidul-qahhār(u).
[16]
Dhawuha (Muhammad), “Sapa Pengérané langit lan bumi?” Dhawuha, “Gusti Allah.” Dhawuha, “Pantes apa ora ko padha ngalap pengayom-pengayom seliyané Gusti Allah, mangkané dhéwéké ora padha kewasa nekakna piguna (manpangat) utawa nolak rubéda (mudarat) maring awaké dhéwék?” Dhawuha, “Apa padha wong sing wuta karo wong sing weruh? Utawané, apa padha sing peteng karo sing padhang? Apa dhéwéké padha ndadékna sekuthon-sekuthon tumrap Gusti Allah sing bisa nyipta kaya ciptanané Penjenengané saéngga sekaro ciptanan kuwé padha rupa mungguh wong-wong kuwé?” Dhawuha, “Gusti Allah kuwé Sing nyipta samubarang kabéh, lan Penjenengané Pengéran Sing Mahatunggal, Mahadigdaya.”
اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَسَالَتْ اَوْدِيَةٌ ۢ بِقَدَرِهَا فَاحْتَمَلَ السَّيْلُ زَبَدًا رَّابِيًا ۗوَمِمَّا يُوْقِدُوْنَ عَلَيْهِ فِى النَّارِ ابْتِغَاۤءَ حِلْيَةٍ اَوْ مَتَاعٍ زَبَدٌ مِّثْلُهٗ ۗ كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ الْحَقَّ وَالْبَاطِلَ ەۗ فَاَمَّا الزَّبَدُ فَيَذْهَبُ جُفَاۤءً ۚوَاَمَّا مَا يَنْفَعُ النَّاسَ فَيَمْكُثُ فِى الْاَرْضِۗ كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَ ۗ١٧
Anzala minas-samā'i mā'an fa sālat audiyatum biqadarihā faḥtamalas-sailu zabadar rābiyā(n), wa mimmā yūqidūna ‘alaihi fin-nāribtigā'a ḥilyatin au matā‘in zabadum miṡluh(ū), każālika yaḍribullāhul-ḥaqqa wal-bāṭil(a), fa ammaz-zabadu fa yażhabu jufā'ā(n), wa ammā mā yanfa‘un-nāsa fa yamkuṡu fil-arḍ(i), każālika yaḍribullāhul-amṡāl(a).
[17]
Gusti Allah wis nurunaken banyu (udan) sekang langit, mangka padha mili (banyu) neng lebak-lebak miturut ukurané, mangka ilénan kuwé nggawa umpruk sing kemam-bang. Lan sekang (tosan) sing délebur neng njero geni nggo gawé pepaés utawa bekakas, lan ana (uga) umpruké kaya (umpruk ilénan) kuwé. Mengkana kuwé Gusti Allah olihé gawé peumpaman antarané sing bener lan sing luput (batil). Anadéné umpruk, bakalé ilang dadi sewenéh sing ora nana pigunané; ning sing migunani nggo menungsa bakal tetep ana neng bumi. Kaya kuwé Gusti Allah olihé gawé peumpaman.
لِلَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِرَبِّهِمُ الْحُسْنٰىۗ وَالَّذِيْنَ لَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهٗ لَوْ اَنَّ لَهُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لَافْتَدَوْا بِهٖ ۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ سُوْۤءُ الْحِسَابِ ەۙ وَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ ۗوَبِئْسَ الْمِهَادُ ࣖ١٨
Lil-lażīnastajābū lirabbihimul-ḥusnā, wal-lażīna lam yastajībū lahū lau anna lahum mā fil-arḍi jamī‘aw wa miṡlahū ma‘ahū laftadau bih(ī), ulā'ika lahum sū'ul-ḥisāb(i), wa ma'wāhum jahannam(u), wa bi'sal-mihād(u).
[18]
Tumrap wong-wong sing padha nuhoni dhawuhé Pengéran, dhéwéké kabéh (désedhiani) ganjaran sing apik. Lan wong-wong sing ora padha nuhoni dhawuh-É, sekirané dhéwéké padha nduwéni samubarang sing ana neng bumi lan (détambahi) semeno akéhé maning, mesthi dhéwéké bakal padha nebus awaké karo samubarang kuwé. Wong-wong mau olih perétungan (hisab) sing ala lan panggonané dhéwéké kabéh kuwé neng neraka Jahanam, lan kuwé seala-alané papan panggonan.
۞ اَفَمَنْ يَّعْلَمُ اَنَّمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ الْحَقُّ كَمَنْ هُوَ اَعْمٰىۗ اِنَّمَا يَتَذَكَّرُ اُولُوا الْاَلْبَابِۙ١٩
Afamay ya‘lamu annamā unzila ilaika mir rabbikal-ḥaqqu kaman huwa a‘mā, innamā yatażakkaru ulul-albāb(i).
[19]
Mangka apa wong sing ngaweruhi lamon sing déturunaken maring sliramu sekang Pengéranmu kuwé bebener, padha karo wong sing wuta? Mung wong sing padha duwé nalar sing bisa ngalap piwulang,
الَّذِيْنَ يُوْفُوْنَ بِعَهْدِ اللّٰهِ وَلَا يَنْقُضُوْنَ الْمِيْثَاقَۙ٢٠
Al-lażīna yūfūna bi‘ahdillāhi wa lā yanquḍūnal-mīṡāq(a).
[20]
(yakuwé) wong-wong sing padha nuhoni janjiné Gusti Allah lan ora nglanggar janji,
وَالَّذِيْنَ يَصِلُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ وَيَخَافُوْنَ سُوْۤءَ الْحِسَابِ ۗ٢١
Wal-lażīna yaṣilūna mā amarallāhu bihī ay yūṣala wa yakhsyauna rabbahum wa yakhāfūna sū'al-ḥisāb(i).
[21]
lan wong-wong sing nyambungna apa sing dédhawuhna Gusti Allah supaya désambung-na, 419 lan wong-wong mau padha wedi ma-ring Pengérané lan wedi maring perétungan (hisab) sing ala.
419) Yakuwé nganakna sambung silaturahim lan peseduluran
وَالَّذِيْنَ صَبَرُوا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ رَبِّهِمْ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً وَّيَدْرَءُوْنَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عُقْبَى الدَّارِۙ٢٢
Wal-lażīna ṣabarubtigā'a wajhi rabbihim wa aqāmuṣ-ṣalāta wa anfaqū mimmā razaqnāhum sirraw wa ‘alāniyataw wa yadra'ūna bil-ḥasanatis-sayyi'ata ulā'ika lahum ‘uqbad-dār(i).
[22]
Lan wong-wong sing padha sabar merga ngarep-arep karenané Pengérané, njejegna sembayang, lan padha awéh sumbangan (infak) sekang sebagéan rejeki sing wis Ingsun paringna maring dhéwéké, kanthi sesingidan utawané blak-blakan lan uga nolak sing ala nganggo sing apik; wong kuwé kabéh sing padha olih panggonan pungkasan (sing apik),
جَنّٰتُ عَدْنٍ يَّدْخُلُوْنَهَا وَمَنْ صَلَحَ مِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَاَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يَدْخُلُوْنَ عَلَيْهِمْ مِّنْ كُلِّ بَابٍۚ٢٣
Jannātu ‘adniy yadkhulūnahā wa man ṣalaḥa min ābā'ihim wa azwājihim wa żurriyyātihim wal-malā'ikatu yadkhulūna ‘alaihim min kulli bāb(in).
[23]
yakuwé suwarga Ngaden (‘Adn), dhéwéké padha mlebu maring njeroné bareng karo wong-wong sing apik (saléh) sekang kaki-nininé, jodho-jodhoné, lan anak-putuné, lan para malaékat padha mlebu maring panggonan-panggonané dhéwéké sekang kabéhé lawang,
سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ بِمَا صَبَرْتُمْ فَنِعْمَ عُقْبَى الدَّارِۗ٢٤
Salāmun ‘alaikum bimā ṣabartum fa ni‘ma ‘uqbad-dār(i).
[24]
(karo ngucap), “Rahayu ingatasé ko kabéh merga sabarmu.” Mangka nékmat temen panggonan pungkasan kuwé.
وَالَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللّٰهِ مِنْ ۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖ وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۙ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوْۤءُ الدَّارِ٢٥
Wal-lażīna yanquḍūna ‘ahdallāhi mim ba‘di mīṡāqihī wa yaqṭa‘ūna mā amarallāhu bihī ay yūṣala wa yufsidūna fil-arḍ(i), ulā'ika lahumul-la‘natu wa lahum sū'ud-dār(i).
[25]
Lan wong-wong sing padha nyulayani janjiné Gusti Allah sewisé déucapna lan padha medhot apa sing dédhawuhna déning Gusti Allah supaya désambung lan gawé kerusakan neng bumi; wong-wong kuwé sing padha olih supata (laknat) lan papan panggonan sing ala (Jahanam).
اَللّٰهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗوَفَرِحُوْا بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا مَتَاعٌ ࣖ٢٦
Allāhu yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), wa fariḥū bil-ḥayātid-dun-yā, wa mal-ḥayātud-dun-yā fil-ākhirati illā matā‘(un).
[26]
Gusti Allah njembarna rejeki ingatasé sapa baé sing dékersakna lan matesi (maring sapa sing dékersakna). Dhéwéké padha seneng karo penguripan dunya, mangkané penguripan dunya kuwé mung kesenengan (sing semendhing) débandhing penguripan akhérat.
وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ قُلْ اِنَّ اللّٰهَ يُضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ اَنَابَۖ٢٧
Wa yaqūlul-lażīna kafarū lau lā unzila ‘alaihi āyatum mir rabbih(ī), qul innallāha yuḍillu may yasyā'u wa yahdī ilaihi man anāb(a).
[27]
Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap, “Kenangapa ora déturunaken maring dhewéké (Muhammad) tandha (mukjizat) sekang Pengérané?” Dhawuha (Muhammad), “Setemené Gusti Allah nyasarna 420 sapa baé sing dékersakna lan paring pitudhuh maring wong sing tobat maring Penjenengané,”
420) Gusti Allah nyasarna: wong kuwé nyasar merga ingkar lan ora gelem mahami ayat-ayat-É Gusti Allah
الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَطْمَىِٕنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللّٰهِ ۗ اَلَا بِذِكْرِ اللّٰهِ تَطْمَىِٕنُّ الْقُلُوْبُ ۗ٢٨
Al-lażīna āmanū wa taṭma'innu qulūbuhum biżikrillāh(i), alā biżikrillāhi taṭma'innul-qulūb(u).
[28]
(yakuwé) wong-wong sing padha precaya lan atiné padha tentrem kanthi éling maring Gusti Allah. Élinga, mung kanthi kémutan maring Gusti Allah ati dadi tentrem.”
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ طُوْبٰى لَهُمْ وَحُسْنُ مَاٰبٍ٢٩
Allażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ṭūbā lahum wa ḥusnu ma'āb(in).
[29]
Wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, dhéwéké padha olih kebegyan lan panggonan bali sing apik.
كَذٰلِكَ اَرْسَلْنٰكَ فِيْٓ اُمَّةٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهَآ اُمَمٌ لِّتَتْلُوَا۟ عَلَيْهِمُ الَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ وَهُمْ يَكْفُرُوْنَ بِالرَّحْمٰنِۗ قُلْ هُوَ رَبِّيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَاِلَيْهِ مَتَابِ٣٠
Każālika arsalnāka fī ummatin qad khalat min qablihā umamul litatluwa ‘alaihimul-lażī auḥainā ilaika wa hum yakfurūna bir-raḥmān(i), qul huwa rabbī lā ilāha illā huw(a), ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi matāb(i).
[30]
Mengkana kuwé, Ingsun wis ngutus sliramu (Muhammad) maring sewiji umat sing seurungé umat kuwé wis temen liwat (urip) pira-pira umat, supaya sliramu macakna maring dhéwéké kabéh (Al-Qur’an) sing wis tek wahyokna maring sliramu, mangkané wong-wong kuwé padha ingkar maring Pengéran Sing Mahaasih. Dhawuha, “Penjenengané Pengéranku, ora nana sembahan kejaba Penjenengané; mung maring Penjenengané inyong pasrah lan mung maring Penjenengané inyong mertobat.”
وَلَوْ اَنَّ قُرْاٰنًا سُيِّرَتْ بِهِ الْجِبَالُ اَوْ قُطِّعَتْ بِهِ الْاَرْضُ اَوْ كُلِّمَ بِهِ الْمَوْتٰىۗ بَلْ لِّلّٰهِ الْاَمْرُ جَمِيْعًاۗ اَفَلَمْ يَا۟يْـَٔسِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ لَّوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ لَهَدَى النَّاسَ جَمِيْعًاۗ وَلَا يَزَالُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا تُصِيْبُهُمْ بِمَا صَنَعُوْا قَارِعَةٌ اَوْ تَحُلُّ قَرِيْبًا مِّنْ دَارِهِمْ حَتّٰى يَأْتِيَ وَعْدُ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيْعَادَ ࣖ٣١
Wa lau anna qur'ānan suyyirat bihil-jibālu au quṭṭi‘at bihil-arḍu au kullima bihil-mautā, bal lillāhil-amru jamī‘ā(n), afalam yai'asil-lażīna āmanū allau yasyā'ullāhu lahadan-nāsa jamī‘ā(n), wa lā yazālul-lażīna kafarū tuṣībuhum bimā ṣana‘ū qāri‘atun au taḥullu qarībam min dārihim ḥattā ya'tiya wa‘dullāh(i), innallāha lā yukhliful-mī‘ād(a).
[31]
Lan sekirané ana sewiji wacan (Kitab Suci) sing kanthi kuwé gunung-gunung bisa déorag, utawa bumi dadi sigar, utawa wong sing wis mati bisa ngucap, (kuwé Al-Qur’an). Sebeneré sekabéh urusan kagungané Gusti Allah. Mangka, apa wong sing precaya padha ora ngaweruhi, lamon sekirané Gusti Allah ngersakna (sekabéhé menungsa dadi precaya), mesthi Gusti Allah paring pituduh maring menungsa sekabéhé. Lan ora wong-wong mbangkang (kapir) tansah détibani marabaya jalaran penggawéyané dhéwéké kabéh utawa marabaya kuwé kelakon neng pérek papan panggonané dhéwéké kabéh, nganti teka janjiné Gusti Allah (penelukan kota Mekah). Temen, Gusti Allah ora nyulayani janji.
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَاَمْلَيْتُ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا ثُمَّ اَخَذْتُهُمْ فَكَيْفَ كَانَ عِقَابِ٣٢
Wa laqadistuhzi'a birusulim min qablika fa amlaitu lil-lażīna kafarū ṡumma akhażtuhum fa kaifa kāna ‘iqāb(i).
[32]
Lan setemené pirang-pirang utusan seurungé sliramu (Muhammad) wis déperguyokna, mangka Ingsun paringi angkilan wektu nggo wong-wong mbangkang (kapir) kuwé, banjur Ingsun tumpes dhéwéké kabéh. Mangka banget nemené siksané Ingsun kuwé!
اَفَمَنْ هُوَ قَاۤىِٕمٌ عَلٰى كُلِّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْۚ وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَ ۗ قُلْ سَمُّوْهُمْۗ اَمْ تُنَبِّـُٔوْنَهٗ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِى الْاَرْضِ اَمْ بِظَاهِرٍ مِّنَ الْقَوْلِ ۗبَلْ زُيِّنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مَكْرُهُمْ وَصُدُّوْا عَنِ السَّبِيْلِ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ٣٣
Afaman huwa qā'imun ‘alā kulli nafsim bimā kasabat, wa ja‘alū lillāhi syurakā'(a), qul sammūhum, am tunabbi'ūnahū bimā lā ya‘lamu fil-arḍi am biẓāhirim minal-qaul(i), bal zuyyina lil-lażīna kafarū makruhum wa ṣuddū ‘anis-sabīl(i), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[33]
Mangka, apa Pengéran sing ngreksa saben awak-awakan ingatasé apa sing dhéwéké pergawé (padha karo liyané)? Dhéwéké padha gawé sekuthon-sekuthon nggo Gusti Allah. Dhawuha, “Jajal sebutna sipat-sipaté (sekuthon-sekuthon) mau.” Utawa apa ko arep atur priksa maring Gusti Allah apa sing Penjenengané ora priksa neng bumi, utawa (ngucapna prekara kuwé) sedrema ucapan neng lairé baé. Sebeneré nggo wong kapir, réka dayané dhéwéké padha dédadékna dérasa apik, lan dhéwéké padha déalang-alangi sekang dalan (sing bener). Lan sapa wongé sing désasarna déning Gusti Allah, mangka ora nana wong sewiji baé sing awéh pituduh nggo dhéwéké.
لَهُمْ عَذَابٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَشَقُّۚ وَمَا لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ وَّاقٍ٣٤
Lahum ‘ażābun fil-ḥayātid-dun-yā wa la‘ażābul-ākhirati asyaqq(u), wa mā lahum minallāhi miw wāq(in).
[34]
Wong-wong mau olih ukuman sejeroné penguripan dunya lan siksa akhérat mesthi lewih keras. Ora nana wong sewiji baé sing ngayomi dhéwéké kabéh sekang siksané Gusti Allah.
۞ مَثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَۗ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۗ اُكُلُهَا دَاۤىِٕمٌ وَّظِلُّهَاۗ تِلْكَ عُقْبَى الَّذِيْنَ اتَّقَوْا ۖوَّعُقْبَى الْكٰفِرِيْنَ النَّارُ٣٥
Maṡalul-jannatil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), tajrī min taḥtihal-anhār(u), ukuluhā dā'imuw wa ẓilluhā, tilka ‘uqbal-lażīnattaqau, wa ‘uqbal-kāfirīnan-nār(u).
[35]
Peumpaman suwarga sing déjanjékna maring wong-wong sing padha semarah (yakuwé kayadéné taman sari), neng ngisoré mili bengawan-bengawan; terus-terusan woh lan iyub. Kuwé panggonan pungkasané wong-wong sing padha semarah (takwa). Lan panggonan baliné wong-wong sing padha duraka maring Pengéran yakuwé neraka.
وَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَفْرَحُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمِنَ الْاَحْزَابِ مَنْ يُّنْكِرُ بَعْضَهٗ ۗ قُلْ اِنَّمَآ اُمِرْتُ اَنْ اَعْبُدَ اللّٰهَ وَلَآ اُشْرِكَ بِهٖ ۗاِلَيْهِ اَدْعُوْا وَاِلَيْهِ مَاٰبِ٣٦
Wal-lażīna ātaināhumul-kitāba yafraḥūna bimā unzila ilaika wa minal-aḥzābi may yunkiru ba‘ḍah(ū), qul innamā umirtu an a‘budallāha wa lā usyrika bih(ī), ilaihi ad‘ū wa ilaihi ma'āb(i).
[36]
Lan wong-wong sing wis Ingsun paringaken kitab maring dhéwéké, 421 padha bungah ingatasé apa (kitab) sing déturunaken maring sliramu (Muhammad), lan ana neng antarané golongan (Yahudi lan Nasrani), sing ngingkari sebagéané. Dhawuha, “Inyong mung dédhawuhi supaya nyembah Gusti Allah lan ora nyekuthokna Penjenengané. Mung maring Penjenengané inyong ajék-ajék (menungsa) lan mung maring Penjenengané inyong bali.”
421) Wong Yahudi lan Nasrani sing wis mlebu Islam.
وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ حُكْمًا عَرَبِيًّاۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ بَعْدَمَا جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِۙ مَا لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا وَاقٍ ࣖ٣٧
Wa każālika anzalnāhu ḥukman ‘arabiyyā(n), wa la'inittaba‘ta ahwā'ahum ba‘da mā jā'aka minal-‘ilm(i), mā laka minallāhi miw waliyyiw wa lā wāq(in).
[37]
Lan mengkana kuwé Ingsun wis nurunaken (Al-Qur’an) minangka aturan (sing bener) nganggo Basa Arab. Sekirané sliramu ngetutna karepané wong-wong mau sewisé teka kawruh maring sliramu, mangka ora nana sing ngayomi lan sing nulungi sliramu sekang (siksané) Gusti Allah.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلًا مِّنْ قَبْلِكَ وَجَعَلْنَا لَهُمْ اَزْوَاجًا وَّذُرِّيَّةً ۗوَمَا كَانَ لِرَسُوْلٍ اَنْ يَّأْتِيَ بِاٰيَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗلِكُلِّ اَجَلٍ كِتَابٌ٣٨
Wa laqad arsalnā rusulam min qablika wa ja‘alnā lahum azwājaw wa żurriyyah(tan), wa mā kāna lirasūlin ay ya'tiya bi'āyatin illā bi'iżnillāh(i), likulli ajalin kitāb(un).
[38]
lan temen, Ingsun wis ngutus sewetara utusan seurungé sliramu (Muhammad) lan Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh bojo-bojo lan anak-putu (keturunan). Lan ora nana hak tumrap sewiji utusan nekakna sewenéh tandha (mukjijat) kejaba kanthi idiné Gusti Allah. Tumrap saben jaman ana Kitab (tinemtu). 422
422) Neng saben-saben mangsa ana hukum sekang Gusti Allah sing tematrap ingatasé kawula-kawulané miturut kersané Penjenengané
يَمْحُوا اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُ وَيُثْبِتُ ۚوَعِنْدَهٗٓ اُمُّ الْكِتٰبِ٣٩
Yamḥullāhu mā yasyā'u wa yuṡbit(u), wa ‘indahū ummul-kitāb(i).
[39]
Gusti Allah mbusek lan netepna apa sing Penjenengané kersakna. Lan neng sisihé Penjenengané ana Ummul-Kitab (Lauh Mahfuz).
وَاِنْ مَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُ وَعَلَيْنَا الْحِسَابُ٤٠
Wa immā nuriyannaka ba‘ḍal-lażī na‘iduhum au natawaffayannaka fa innamā ‘alaikal-balāgu wa ‘alainal-ḥisāb(u).
[40]
Lan temen angger Ingsun meruhna maring sliramu (Muhammad) sebagéan (siksa) sing Ingsun ancamna maring dhéwéké kabéh utawa Ingsun pundhut sliramu, mangka setemené kewajibanmu mung mbutulna thok, lan Ingsun pribadi sing arep ngétung-ngétung (lakoné wong-wong kuwé).
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا نَأْتِى الْاَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ اَطْرَافِهَاۗ وَاللّٰهُ يَحْكُمُ لَا مُعَقِّبَ لِحُكْمِهٖۗ وَهُوَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٤١
Awa lam yarau annā na'til-arḍa nanquṣuhā min aṭrāfihā, wallāhu yaḥkumu lā mu‘aqqiba liḥukmih(ī), wa huwa sarī‘ul-ḥisāb(i).
[41]
Lan apa dhéwéké padha ora weruh lamon Ingsun ngrawuhi tanah-tanahé (wong sing ngingkari Gusti Allah), banjur Ingsun suda (tanah-tanah) kuwé mau (cut semendhing) sekang pinggir-pinggiré? Lan Gusti Allah netepna hukum (miturut kersané Penjenengané), ora nana sing bisa nolak ketetepan-É, Penjenengané Mahasigra étungan-É.
وَقَدْ مَكَرَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلِلّٰهِ الْمَكْرُ جَمِيْعًا ۗيَعْلَمُ مَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍۗ وَسَيَعْلَمُ الْكُفّٰرُ لِمَنْ عُقْبَى الدَّارِ٤٢
Wa qad makaral-lażīna min qablihim fa lillāhil-makru jamī‘ā(n), ya‘lamu mā taksibu kullu nafs(in), wa saya‘lamul-kuffāru liman ‘uqbad-dār(i).
[42]
Lan temen, wong seurungé dhéwéké kabéh (wong kapir Mekah) wis nganakna apus-apus, ning sekabéh réka daya kuwé ana neng kewasané Gusti Allah. Penjenengané mriksani apa sing déupayakna neng saben-saben wong, lan wong sing ingkar maring Pengérané bakal ngaweruhi nggo sapa panggonan bali (sing apik).
وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَسْتَ مُرْسَلًا ۗ قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۙ وَمَنْ عِنْدَهٗ عِلْمُ الْكِتٰبِ ࣖ٤٣
Wa yaqūlul-lażīna kafarū lasta mursalā(n), qul kafā billāhi syahīdam bainī wa bainakum, wa man ‘indahū ‘ilmul-kitāb(i).
[43]
Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngucap, “Sliramu (Muhammad) kuwé udu sewji Utusan.” Dhawuha, “Cukup Gusti Allah lan wong sing nguwasani ilmuné Al-Kitab 423 dadi seksi antarané inyong karo ko kabéh.”
423) Ulama-ulama Ahli kitab sing mlebu Islam.