Surah Yusuf
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗ تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْمُبِيْنِۗ١
Alif lām rā, tilka āyātul-kitābil-mubīn(i).
[1]
Alif Laam Raa. Kiyé ayat-ayat Kitab (Al-Qur’an) sing cetha.
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لَّعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ٢
Innā anzalnāhu qur'ānan ‘arabiyyal la‘allakum ta‘qilūn(a).
[2]
Setemené Ingsun nurunaken kitab kiyé, rupané Qur’an sing nganggo Basa Arab, supaya ko kabéh padha mengerténi.
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ اَحْسَنَ الْقَصَصِ بِمَآ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ هٰذَا الْقُرْاٰنَۖ وَاِنْ كُنْتَ مِنْ قَبْلِهٖ لَمِنَ الْغٰفِلِيْنَ٣
Naḥnu naquṣṣu ‘alaika aḥsanal-qaṣaṣi bimā auḥainā ilaika hāżal-qur'ān(a), wa in kunta min qablihī laminal-gāfilīn(a).
[3]
Ingsun nyritakna maring sliramu (Muhammad) riwayat sing paling apik kanthi mahyokna Al-Qur’an kiyé maring sliramu, lan setemené sliramu seurungé kuwé kelebu wong sing ora ngaweruhi.
اِذْ قَالَ يُوْسُفُ لِاَبِيْهِ يٰٓاَبَتِ اِنِّيْ رَاَيْتُ اَحَدَ عَشَرَ كَوْكَبًا وَّالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ رَاَيْتُهُمْ لِيْ سٰجِدِيْنَ٤
Iż qāla yūsufu li'abīhi yā abati innī ra'aitu aḥada ‘asyara kaukabaw wasy-syamsa wal-qamara ra'aituhum lī sājidīn(a).
[4]
(Élinga), rikala Yusuf matur maring ramané, “Hé ramaku! Temen, inyong (ngimpi) weruh sewelas lintang, srengéngé, lan wulan padha nyembah maring inyong.”
قَالَ يٰبُنَيَّ لَا تَقْصُصْ رُءْيَاكَ عَلٰٓى اِخْوَتِكَ فَيَكِيْدُوْا لَكَ كَيْدًا ۗاِنَّ الشَّيْطٰنَ لِلْاِنْسَانِ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٥
Qāla yā bunayya lā taqṣuṣ ru'yāka ‘alā ikhwatika fa yakīdū laka kaidā(n), innasy-syaiṭāna lil-insāni ‘aduwwum mubīn(un).
[5]
Kiyambeké (ramané) ngucap, “Hé anaku! Aja pisan-pisan sliramu critakna impénmu maring sedulur-sedulurmu, dhéwéké bakal padha gawé réka daya (nggo nyilakakna) awakmu. Temen, sétan kuwé mungsuh sing nyata tumrap menungsa.”
وَكَذٰلِكَ يَجْتَبِيْكَ رَبُّكَ وَيُعَلِّمُكَ مِنْ تَأْوِيْلِ الْاَحَادِيْثِ وَيُتِمُّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكَ وَعَلٰٓى اٰلِ يَعْقُوْبَ كَمَآ اَتَمَّهَا عَلٰٓى اَبَوَيْكَ مِنْ قَبْلُ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْحٰقَۗ اِنَّ رَبَّكَ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ ࣖ٦
Wa każālika yajtabīka rabbuka wa yu‘allimuka min ta'wīlil-aḥādīṡi wa yutimmu ni‘matahū ‘alaika wa ‘alā āli ya‘qūba kamā atammahā ‘alā abawaika min qablu ibrāhīma wa isḥāq(a), inna rabbaka ‘alīmun ḥakīm(un).
[6]
Lan kaya kuwé, Gusti Allah milih sliramu (murih dadi Nabi) lan mulang maring sliramu sebagéan tegesé (takwilé) impi lan nyempurnakna (nékmaté) maring sliramu lan maring kulawargané Yakub, kayadéné Penjenengané nyempurnakna nékmat-É maring sekaroné kakimu seurungé kuwé, (yakuwé) Ibrahim lan Ishak. Temen, Pengéranmu Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
۞ لَقَدْ كَانَ فِيْ يُوْسُفَ وَاِخْوَتِهٖٓ اٰيٰتٌ لِّلسَّاۤىِٕلِيْنَ٧
Laqad kāna fī yūsufa wa ikhwatihī āyātul lis-sā'ilīn(a).
[7]
Temen, neng (riwayaté) Yusuf lan sedulur-seduluré ana tandha-tandha (kewasané Gusti Allah) tumrap wong sing padha mertakon.
اِذْ قَالُوْا لَيُوْسُفُ وَاَخُوْهُ اَحَبُّ اِلٰٓى اَبِيْنَا مِنَّا وَنَحْنُ عُصْبَةٌ ۗاِنَّ اَبَانَا لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍۙ٨
Iż qālū layūsufu wa akhūhu aḥabbu ilā abīnā minnā wa naḥnu ‘uṣbah(tun), inna abānā lafī ḍalālim mubīn(in).
[8]
Rikala dhéwéké padha ngucap, “Setemené Yusuf lan seduluré (Bunyamin) kuwé lewih détresnani ramané tenimbang inyong kabéh, mangkané inyong kabéh kuwé sewiji golongan (sing kuwat). Temen, ramané dhéwék kuwé neng sejeroné keluputan sing nyata.
ۨاقْتُلُوْا يُوْسُفَ اَوِ اطْرَحُوْهُ اَرْضًا يَّخْلُ لَكُمْ وَجْهُ اَبِيْكُمْ وَتَكُوْنُوْا مِنْۢ بَعْدِهٖ قَوْمًا صٰلِحِيْنَ٩
Uqtulū yūsufa awiṭraḥūhu arḍay yakhlu lakum wajhu abīkum wa takūnū mim ba‘dihī qauman ṣāliḥīn(a).
[9]
Paténana Yusuf utawa buanga kiyambeké maring sewijiné nggon supaya kawigatené rama tumplek maring ko kabéh. Lan sewisé kuwé ko padha dadi wong sing apik.”
قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ لَا تَقْتُلُوْا يُوْسُفَ وَاَلْقُوْهُ فِيْ غَيٰبَتِ الْجُبِّ يَلْتَقِطْهُ بَعْضُ السَّيَّارَةِ اِنْ كُنْتُمْ فٰعِلِيْنَ١٠
Qāla qā'ilum minhum lā taqtulū yūsufa wa alqūhu fī gayābatil-jubbi yaltaqiṭhu ba‘ḍus-sayyārati in kuntum fā‘ilīn(a).
[10]
Salah sijiné wong neng antarané dhéwéké ngucap, “Aja pisan-pisan ko padha merjaya Yusuf, ning cemplungna baé kiyambeké maring dhasar sumur sing peteng, supaya kiyambeké déjikot neng sebagéan wong lelana (musafir) angger ko kabéh arep temandang.”
قَالُوْا يٰٓاَبَانَا مَا لَكَ لَا تَأْمَنَّ۫ا عَلٰى يُوْسُفَ وَاِنَّا لَهٗ لَنٰصِحُوْنَ١١
Qālū yā abānā mā laka lā ta'mannā ‘alā yūsufa wa innā lahū lanāṣiḥūn(a).
[11]
Dhéwéké kabéh ngucap, “Dhuh ramané inyong kabéh! Kenangapa rika ora precaya maring inyong ngenani Yusuf, mangkané setemené inyong padha kepéngin kebecikan nggo kiyambeké.
اَرْسِلْهُ مَعَنَا غَدًا يَّرْتَعْ وَيَلْعَبْ وَاِنَّا لَهٗ لَحٰفِظُوْنَ١٢
Arsilhu ma‘anā gaday yarta‘ wa yal‘ab wa innā lahū laḥāfiẓūn(a).
[12]
Rilakna kiyambeké lunga bareng karo inyong kabéh ngésuk esuk, supaya kiyambeké seneng-seneng lan dolanan, lan inyong mesthi padha ngreksa kiyambeké.”
قَالَ اِنِّيْ لَيَحْزُنُنِيْٓ اَنْ تَذْهَبُوْا بِهٖ وَاَخَافُ اَنْ يَّأْكُلَهُ الذِّئْبُ وَاَنْتُمْ عَنْهُ غٰفِلُوْنَ١٣
Qāla innī layaḥzununī an tażhabū bihī wa akhāfu ay ya'kulahuż-żi'bu wa antum ‘anhu gāfilūn(a).
[13]
Kiyambeké (Yakub) ngucap, “Setemené lungané ko kabéh bareng kiyambeké (Yusuf) banget nyusahna inyong, lan inyong kewatir kiyambeké dépangan asu ajag, lan ko kabéh kelalén sekang dhéwéké.”
قَالُوْا لَىِٕنْ اَكَلَهُ الذِّئْبُ وَنَحْنُ عُصْبَةٌ اِنَّآ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ١٤
Qālū la'in akalahuż-żi'bu wa naḥnu ‘uṣbatun innā iżal lakhāsirūn(a).
[14]
Setemené dhéwéké padha ngucap, “Angger dhéwéké dépangan neng asu ajag, mangkané inyong kabéh kuwé golongan (sing kuwat), angger kaya kuwé mesthi inyong wong-wong sing padha kapitunan. 409
409) Dadi wong kecing sing uripé ora nana regané.
فَلَمَّا ذَهَبُوْا بِهٖ وَاَجْمَعُوْٓا اَنْ يَّجْعَلُوْهُ فِيْ غَيٰبَتِ الْجُبِّۚ وَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِ لَتُنَبِّئَنَّهُمْ بِاَمْرِهِمْ هٰذَا وَهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ١٥
Falammā żahabū bihī wa ajma‘ū ay yaj‘alūhu fī gayābatil-jubb(i), wa auḥainā ilaihi latunabbi'annahum bi'amrihim hāżā wa hum lā yasy‘urūn(a).
[15]
Mangka rikala dhéwéké nggawa Yusuf lan serujuk nyemplungna kiyambeké maring dhasar sumur, Ingsun wahyokna maring kiyambeké, “Sliramu mbésuk mesthi bakal nyritakna lakon kiyé maring dhéwéké kabéh, lan dhéwéké ora padha krasa.”
وَجَاۤءُوْٓ اَبَاهُمْ عِشَاۤءً يَّبْكُوْنَۗ١٦
Wa jā'ū abāhum ‘isyā'ay yabkūn(a).
[16]
Banjur dhéwéké teka maring ramané neng wektu soré karo padha nangis.
قَالُوْا يٰٓاَبَانَآ اِنَّا ذَهَبْنَا نَسْتَبِقُ وَتَرَكْنَا يُوْسُفَ عِنْدَ مَتَاعِنَا فَاَكَلَهُ الذِّئْبُۚ وَمَآ اَنْتَ بِمُؤْمِنٍ لَّنَا وَلَوْ كُنَّا صٰدِقِيْنَ١٧
Qālū yā abānā innā żahabnā nastabiqu wa taraknā yūsufa ‘inda matā‘inā fa akalahuż-żi'b(u), wa mā anta bimu'minil lanā wa lau kunnā ṣādiqīn(a).
[17]
Dhéwéké padha ngucap, “Dhuh ramané inyong kabéh! Setemené inyong nembé padha lunga balapan lan inyong padha ninggalna Yusuf neng sandhingé barang-barangé inyong, banjur kiyambeké dépangan déning asu ajag; lan rika mesthi ora precaya maring inyong, senajan inyong kabéh bener.”
وَجَاۤءُوْ عَلٰى قَمِيْصِهٖ بِدَمٍ كَذِبٍۗ قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ اَنْفُسُكُمْ اَمْرًاۗ فَصَبْرٌ جَمِيْلٌ ۗوَاللّٰهُ الْمُسْتَعَانُ عَلٰى مَا تَصِفُوْنَ١٨
Wa jā'ū ‘alā qamīṣihī bidamin każib(in), qāla bal sawwalat lakum anfusukum amrā(n), fa ṣabrun jamīl(un), wallāhul musta‘ānu ‘alā mā taṣifūn(a).
[18]
Lan dhéwéké padha teka nggawa klambi jobah (sing blopot) getih palsu. Kiyam-beké (Yakub) ngucap, “Sebeneré mung awakmu dhéwék sing padha ngarani apik prekara sing ala kuwé; mangka mung sabar kuwé sing apik (tumrap inyong). Lan mung maring Gusti Allah nyuwun pitulungan ingatasé apa sing ko padha critakna.”
وَجَاۤءَتْ سَيَّارَةٌ فَاَرْسَلُوْا وَارِدَهُمْ فَاَدْلٰى دَلْوَهٗ ۗقَالَ يٰبُشْرٰى هٰذَا غُلٰمٌ ۗوَاَسَرُّوْهُ بِضَاعَةً ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِمَا يَعْمَلُوْنَ١٩
Wa jā'at sayyāratun fa arsalū wāridahum fa adlā dalwah(ū), qāla yā busyrā hāżā gulām(un), wa asarrūhu biḍā‘ah(tan), wallāhu ‘alīmum bimā ya‘malūn(a).
[19]
Lan banjur teka serombongan wong lelana (musafir), dhéwéké padha préntah salah sijiné wong supaya ngangsu banyu. Banjur dhéwéké ngedhunaken timbané. Dhéwéké ngucap, “Oh, senengé, kiyé ana sewiji bocah enom!” Banjur dhéwéké padha ngumpetna (bocah enom kuwé) minangka barang dagangan. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani apa sing dhéwéké padha pergawé.
وَشَرَوْهُ بِثَمَنٍۢ بَخْسٍ دَرَاهِمَ مَعْدُوْدَةٍ ۚوَكَانُوْا فِيْهِ مِنَ الزّٰهِدِيْنَ ࣖ٢٠
Wa syarauhu biṡamanim bakhsin darāhima ma‘dūdah(tin), wa kānū fīhi minaz-zāhidīn(a).
[20]
Lan wong-wong mau padha ngedol (Yusuf) kanthi rega sing murah, yakuwé mung pira-pira dirham, merga dhéwéké padha ora seneng maring kiyambeké.
وَقَالَ الَّذِى اشْتَرٰىهُ مِنْ مِّصْرَ لِامْرَاَتِهٖٓ اَكْرِمِيْ مَثْوٰىهُ عَسٰىٓ اَنْ يَّنْفَعَنَآ اَوْ نَتَّخِذَهٗ وَلَدًا ۗوَكَذٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوْسُفَ فِى الْاَرْضِۖ وَلِنُعَلِّمَهٗ مِنْ تَأْوِيْلِ الْاَحَادِيْثِۗ وَاللّٰهُ غَالِبٌ عَلٰٓى اَمْرِهٖ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٢١
Wa qālal-lażisytarāhu mim miṣra limra'atihī akrimī maṡwāhu ‘asā ay yanfa‘anā au nattakhiżahū waladā(n), wa każālika makkannā liyūsufa fil-arḍ(i), wa linu‘allimahū min ta'wīlil-aḥādīṡ(i), wallāhu gālibun ‘alā amrihī wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[21]
Lan wong sekang Mesir sing tuku kiyambeké ngucap maring bojoné, 410 “Wéhna maring kiyambeké panggonan (lan ladhenan) sing apik, moga-moga kiyambeké migunani tumrap inyong kabéh utawa inyong padha alap kiyambeké dadi anak.” Lan mengkana kuwé Ingsun paring drajat sing apik maring Yusuf neng negara (Mesir) lan supaya Ingsun wulangna maring kiyambeké tegesé (takwil) impi, lan Gusti Allah kuwasa maring urusané, ning akéh-akéhé menungsa ora padha mengerténi.
410) Wong sekang Mesir sing tuku Yusuf kuwé sewijiné penggedhé Mesir, Al-Aziz, biasa dengerténi kanthi jeneng Qitfir. Neng sebagéan kitab tapsir désebutna jeneng bojoné, Rail lan ana uga sing nyebut Zulaiha utawa Zaliha. Ning riwayat sing nyebutna jeneng-jeneng kuwé ora bisa détanggungjawabna.
وَلَمَّا بَلَغَ اَشُدَّهٗٓ اٰتَيْنٰهُ حُكْمًا وَّعِلْمًا ۗوَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٢٢
Wa lammā balaga asyuddahū ātaināhu ḥukmaw wa ‘ilmā(n), wa każālika najzil-muḥsinīn(a).
[22]
Lan rikala kiyambeké wis cukup diwasa, Ingsun paring maring kiyambeké keku-wasan lan ilmu. Mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing mergawé becik.
وَرَاوَدَتْهُ الَّتِيْ هُوَ فِيْ بَيْتِهَا عَنْ نَّفْسِهٖ وَغَلَّقَتِ الْاَبْوَابَ وَقَالَتْ هَيْتَ لَكَ ۗقَالَ مَعَاذَ اللّٰهِ اِنَّهٗ رَبِّيْٓ اَحْسَنَ مَثْوَايَۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ٢٣
Wa rāwadathul-latī huwa fī baitihā ‘an nafsihī wa gallaqatil-abwāba wa qālat haita lak(a), qāla ma‘āżallāhi innahū rabbī aḥsana maṡwāy(a), innahū lā yuflihuẓ-ẓālimūn(a).
[23]
Lan wong wadon sing kiyambeké (Yusuf) manggon neng umahé, nggodha maring kiyambeké. Lan wong wadon kuwé nutup lawang-lawang lan ngucap, “Ngénéh mérek maring inyong.” Yusuf ngucap, “Inyong merlindhung maring Gusti Allah, setemené bendaraku wis temindak maring inyong kanthi becik.” Setemené wong sing aniaya (dolim) kuwé ora bakal olih kebegyan.
وَلَقَدْ هَمَّتْ بِهٖۙ وَهَمَّ بِهَا ۚ لَوْلَآ اَنْ رَّاٰ بُرْهَانَ رَبِّهٖۗ كَذٰلِكَ لِنَصْرِفَ عَنْهُ السُّوْۤءَ وَالْفَحْشَاۤءَۗ اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُخْلَصِيْنَ٢٤
Wa laqad hammat bihī wa hamma bihā lau lā ar ra'ā burhāna rabbih(ī), każālika linaṣrifa ‘anhus-sū'a wal-faḥsyā'(a), innahū min ‘ibādinal-mukhlaṣīn(a).
[24]
Lan temen, wong wadon kuwé wis kepéngin maring kiyambeké (Yusuf). Lan Yusuf uga duwé kepénginan maring wong wadon kuwé, angger kiyambeké ora weruh sasmita (sekang) Pengérané. 411 Mengkana kuwé, Ingsun plengosna kiyambeké (Yusuf) sekang penggawé ala lan ngeres. Setemené kiyambeké (Yusuf) klebu kawula-kawulané Ingsun sing pinilih.
411) Ayat kiyé ora nidhokna lamon Nabi Yusuf a.s. duwé kekarepan sing ala maring wong wadon kuwé, ning godhané kuwé gedhé banget nganti sekirané slirané ora dekuwatna karo precaya maring Gusti Allah SWT, mesti slirané mlebu maring kemaksiyatan.
وَاسْتَبَقَا الْبَابَ وَقَدَّتْ قَمِيْصَهٗ مِنْ دُبُرٍ وَّاَلْفَيَا سَيِّدَهَا لَدَا الْبَابِۗ قَالَتْ مَا جَزَاۤءُ مَنْ اَرَادَ بِاَهْلِكَ سُوْۤءًا اِلَّآ اَنْ يُّسْجَنَ اَوْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٢٥
Wastabaqal-bāba wa qaddat qamīṣahū min duburiw wa alfayā sayyidahā ladal-bāb(i), qālat mā jazā'u man arāda bi'ahlika sū'an illā ay yusjana au ‘ażābun alīm(un).
[25]
Lan wong loro padha balapan maring lawang, lan wong wadon kuwé mantheng klambi jobahé (Yusuf) sekang mburi nganti sewék, lan loro-loroné ketemu lanangé wong wadon kuwé neng ngarep lawang. Dhéwéké (wong wadon kuwé) ngucap, “Apa piwalesé wong sing kepéngin temindak ala maring bojomu, seliyané dékunjara utawa (déukum) karo siksa sing perih?”
قَالَ هِيَ رَاوَدَتْنِيْ عَنْ نَّفْسِيْ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِّنْ اَهْلِهَاۚ اِنْ كَانَ قَمِيْصُهٗ قُدَّ مِنْ قُبُلٍ فَصَدَقَتْ وَهُوَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٢٦
Qāla hiya rāwadatnī ‘an nafsī wa syahida syāhidum min ahlihā, in kāna qamīṣuhū qudda min qubulin fa ṣadaqat wa huwa minal-kāżibīn(a).
[26]
Kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Dhéwéké sing nggodha maring awaku.” Ana sewijiné seksi sekang kulawargané wong wadon kuwé awéh perseksén, “Angger klambi jobahé sewék sing bagéan ngarep, mangka wong wadon kuwé bener, lan kiyambeké (Yusuf) klebu wong sing goroh.
وَاِنْ كَانَ قَمِيْصُهٗ قُدَّ مِنْ دُبُرٍ فَكَذَبَتْ وَهُوَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٢٧
Wa in kāna qamīṣuhū qudda min duburin fa każabat wa huwa minaṣ-ṣādiqīn(a).
[27]
Lan angger klambi jobahé sewék neng bagéan mburi, mangka wong wadon kuwé sing goroh, lan kiyambeké (Yusuf) kuwé klebu wong sing bener.”
فَلَمَّا رَاٰ قَمِيْصَهٗ قُدَّ مِنْ دُبُرٍ قَالَ اِنَّهٗ مِنْ كَيْدِكُنَّ ۗاِنَّ كَيْدَكُنَّ عَظِيْمٌ٢٨
Falammā ra'ā qamīṣahū qudda min duburin qāla innahū min kaidikunn(a), inna kaidakunna ‘aẓīm(un).
[28]
Mangka rikala dhéwéké (lanangé wong wadon kuwé) weruh klambi jobah (Yusuf) sing sewék bagéan mburi, dhéwéké ngucap, “Setemené kiyé sekang rekadayamu, rekadayamu nyata-nyata hébat.”
يُوْسُفُ اَعْرِضْ عَنْ هٰذَا وَاسْتَغْفِرِيْ لِذَنْۢبِكِۖ اِنَّكِ كُنْتِ مِنَ الْخٰطِـِٕيْنَ ࣖ٢٩
Yūsufu a‘riḍ ‘an hāżā wastagfirī liżambik(i), innaki kunti minal-khāṭi'īn(a).
[29]
Hé Yusuf! “Klalénaken prekara kiyé, lan (bojoku) nyuwuna pengampura ingatasé dosamu, merga ko klebu wong sing luput.”
۞ وَقَالَ نِسْوَةٌ فِى الْمَدِيْنَةِ امْرَاَتُ الْعَزِيْزِ تُرَاوِدُ فَتٰىهَا عَنْ نَّفْسِهٖۚ قَدْ شَغَفَهَا حُبًّاۗ اِنَّا لَنَرٰىهَا فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٣٠
Wa qāla niswatun fil-madīnatimra'atul-‘azīzi turāwidu fatāhā ‘an nafsih(ī), qad syagafahā ḥubbā(n), innā lanarāhā fī ḍalālim mubīn(in).
[30]
Lan wong-wong wadon neng kota padha ngucap, “Bojoné Al-Aziz nggodha lan ngarih-arih maring rewangé supaya nemungkulna dhéwéké. Rewangé nyata-nyata gawé dhéwéké kédanan. Inyong mesthi padha nganggep dhéwéké neng sejeroné kesasar sing nyata.”
فَلَمَّا سَمِعَتْ بِمَكْرِهِنَّ اَرْسَلَتْ اِلَيْهِنَّ وَاَعْتَدَتْ لَهُنَّ مُتَّكَاً وَّاٰتَتْ كُلَّ وَاحِدَةٍ مِّنْهُنَّ سِكِّيْنًا وَّقَالَتِ اخْرُجْ عَلَيْهِنَّ ۚ فَلَمَّا رَاَيْنَهٗٓ اَكْبَرْنَهٗ وَقَطَّعْنَ اَيْدِيَهُنَّۖ وَقُلْنَ حَاشَ لِلّٰهِ مَا هٰذَا بَشَرًاۗ اِنْ هٰذَآ اِلَّا مَلَكٌ كَرِيْمٌ٣١
Falammā sami‘at bimakrihinna arsalat ilaihinna wa a‘tadat lahunna muttaka'aw wa ātat kulla wāḥidim minhunna sikkīnaw wa qālatikhruj ‘alaihinn(a), falammā ra'ainahū akbarnahū wa qaṭṭa‘na aidiyahunn(a), wa qulna ḥāsya lillāhi mā hāżā illā basyarā(n), in hāżā illā malakun karīm(un).
[31]
Mangka rikala dhéwéké (bojone Al Aziz) krungu grundhengané wong-wong wadon mau, banjur dhéwéké padha déundang lan désedhiakna jagongan nggo dhéwéké kabéh, lan maring saben wong wadon kuwé déwéhna péso (nggo ngiris pangan suguhan), banjur dhéwéké (bojone Al Aziz) ngucap (maring Yusuf), “Metua (ketonaken ko) maring wong-wong kiyé.” Rikala wong-wong wadon kuwé padha weruh kiyambeké (Yusuf), dhéwéké padha kesengsem maring (bagus rupa)né, lan dhéwéké padha (ora krasa) natoni tangané dhéwék-dhéwék. Karo ngucap, “Mahasempurna Gusti Allah, kiyé udu menungsa sebaéné. Kiyé nyata-nyata malaékat sing mulya.”
قَالَتْ فَذٰلِكُنَّ الَّذِيْ لُمْتُنَّنِيْ فِيْهِ ۗوَلَقَدْ رَاوَدْتُّهٗ عَنْ نَّفْسِهٖ فَاسْتَعْصَمَ ۗوَلَىِٕنْ لَّمْ يَفْعَلْ مَآ اٰمُرُهٗ لَيُسْجَنَنَّ وَلَيَكُوْنًا مِّنَ الصّٰغِرِيْنَ٣٢
Qālat fa żālikunnal-lażī lumtunnanī fīh(i), wa laqad rāwattuhū ‘an nafsihī fasta‘ṣam(a), wa la'il lam yaf‘al mā āmuruhū layusjananna wa layakūnam minaṣ-ṣāgirīn(a).
[32]
Dhéwéké (bojoné Al-Aziz) ngucap, “Kiyé wongé sing njalari ko kabéh padha ngala-ala maring inyong merga (inyong kédanan) maring kiyambeké, lan temen, inyong wis nggoda supaya nemungkulna awaké ning kiyambeké nolak. Angger kiyambeké ora nandangi apa sing tek préntahna maring kiyambeké, mesti kiyambeké bakal déukum, lan kiyambeké bakal dadi wong sing ina.”
قَالَ رَبِّ السِّجْنُ اَحَبُّ اِلَيَّ مِمَّا يَدْعُوْنَنِيْٓ اِلَيْهِ ۚوَاِلَّا تَصْرِفْ عَنِّيْ كَيْدَهُنَّ اَصْبُ اِلَيْهِنَّ وَاَكُنْ مِّنَ الْجٰهِلِيْنَ٣٣
Qāla rabbis-sijnu aḥabbu ilayya mimmā yad‘ūnanī ilaih(i), wa illā taṣrif ‘annī kaidahunna aṣbu ilaihinna wa akum minal-jāhilīn(a).
[33]
Yusuf nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula! Kunjara niki langkung kula remeni tenimbang nuruti kekajengané tiyang-tiyang éstri niku. Menawi kula mboten Penjenengan tebihakén saking rekadayané kiyambaké sami, mesthi kula bakal (nuruti kekajengané sami) lan mesthi kula niki kelebet tiyang sing bodho.”
فَاسْتَجَابَ لَهٗ رَبُّهٗ فَصَرَفَ عَنْهُ كَيْدَهُنَّ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٣٤
Fastajāba lahū rabbuhū fa ṣarafa ‘anhu kaidahunn(a), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[34]
Mangka Pengéran ngeparengna penyuwuné Yusuf, lan Penjenengané ngedohna Yusuf sekang rekadayané dhéwéké kabéh. Penjenengané Sing Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
ثُمَّ بَدَا لَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا رَاَوُا الْاٰيٰتِ لَيَسْجُنُنَّهٗ حَتّٰى حِيْنٍ ࣖ٣٥
Ṡumma badā lahum mim ba‘di mā ra'awul-āyāti layasjununnahū ḥattā ḥīn(in).
[35]
Banjur metu pikiran neng dhéwéké kabéh sewisé weruh tandha-tandha (beneré Yusuf) lamon dhéwéké kudu padha ngunjara Yusuf nganti wektu sing pinesthi.
وَدَخَلَ مَعَهُ السِّجْنَ فَتَيٰنِ ۗقَالَ اَحَدُهُمَآ اِنِّيْٓ اَرٰىنِيْٓ اَعْصِرُ خَمْرًا ۚوَقَالَ الْاٰخَرُ اِنِّيْٓ اَرٰىنِيْٓ اَحْمِلُ فَوْقَ رَأْسِيْ خُبْزًا تَأْكُلُ الطَّيْرُ مِنْهُ ۗنَبِّئْنَا بِتَأْوِيْلِهٖ ۚاِنَّا نَرٰىكَ مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ٣٦
Wa dakhala ma‘ahus-sijna fatayān(i), qāla aḥaduhumā innī arānī a‘ṣiru khamrā(n), wa qālal-ākharu innī arānī aḥmilu fauqa ra'sī khubzan ta'kuluṭ-ṭairu minh(u), nabbi'nā bita'wīlih(ī), innā narāka minal-muḥsinīn(a).
[36]
Lan bareng karo kiyambeké (Yusuf) uga mlebu wong nonoman loro maring kunjara. 412 Salah sijiné ngucap, “Setemené inyong ngimpi meres anggur,” lan sing liyané ngucap, “Inyong ngimpi nggawa roti neng ndhuwur sirahku, sebagéan dépangan manuk. Wéhna maring inyong tegesé (takwilé). Setemené inyong padha mandhang maring ko klebu wong sing temindak becik.”
412) Miturut riwayat rong pemuda kuwé ya kuwé babu-babuné raja, sewijiné babu sing ngurusi inuman raja lan sijiné maning tukang nggawé roti.
قَالَ لَا يَأْتِيْكُمَا طَعَامٌ تُرْزَقٰنِهٖٓ اِلَّا نَبَّأْتُكُمَا بِتَأْوِيْلِهٖ قَبْلَ اَنْ يَّأْتِيَكُمَا ۗذٰلِكُمَا مِمَّا عَلَّمَنِيْ رَبِّيْۗ اِنِّيْ تَرَكْتُ مِلَّةَ قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كٰفِرُوْنَۙ٣٧
Qāla lā ya'tīkumā ṭa‘āmun turzaqānihī illā nabba'tukumā bita'wīlihī qabla ay ya'tiyakumā, żālikumā mimmā ‘allamanī rabbī, innī taraktu millata qaumil lā yu'minūna billāhi wa hum bil-ākhirati hum kāfirūn(a).
[37]
Kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Panganan apa baé sing bakal déwéhna maring ko sekloron inyong wis bisa nerangna tegesé (takwilé), seurungé (panganan) kuwé butul maring ko kabéh. Kuwé sebagéan sekang apa sing déwulangna Pengéran maring inyong. Setemené inyong wis ninggalna agamané wong-wong sing ora padha precaya maring Gusti Allah, malah dhéwéké padha ora precaya maring dina wekasan.
وَاتَّبَعْتُ مِلَّةَ اٰبَاۤءِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ مَا كَانَ لَنَآ اَنْ نُّشْرِكَ بِاللّٰهِ مِنْ شَيْءٍۗ ذٰلِكَ مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ عَلَيْنَا وَعَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ٣٨
Wattaba‘tu millata ābā'ī ibrāhīma wa isḥāqa wa ya‘qūb(a), mā kāna lanā an nusyrika billāhi min syai'(in), żālika min faḍlillāhi ‘alainā wa ‘alan-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā yasykurūn(a).
[38]
Lan inyong nuruti agamané kaki-buyutku: Ibrahim, Ishak, lan Yakub. Ora patut tumrap inyong kabéh (para Nabi) nyekuthokna apa baé karo Gusti Allah. Kuwé (wujud) kanugrahan sekang Gusti Allah maring inyong kabéh, lan maring menungsa (sekabéhé); ning akéh-akéhé menungsa ora padha kesuwun.
يٰصَاحِبَيِ السِّجْنِ ءَاَرْبَابٌ مُّتَفَرِّقُوْنَ خَيْرٌ اَمِ اللّٰهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُۗ٣٩
Yā ṣāḥibayis-sijni a'arbābum mutafarriqūna khairun amillāhul-wāḥidul-qahhār(u).
[39]
Hé wong loro sing neng kunjara! Endi sing apik, pengéran-pengéran sing werna-werna kuwé apa Gusti Allah Sing Mahaesa, Mahadigdaya?
مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلَّآ اَسْمَاۤءً سَمَّيْتُمُوْهَآ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ مَّآ اَنْزَلَ اللّٰهُ بِهَا مِنْ سُلْطٰنٍۗ اِنِ الْحُكْمُ اِلَّا لِلّٰهِ ۗاَمَرَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٤٠
Mā ta‘budūna min dūnihī illā asmā'an sammaitumūhā antum wa ābā'ukum mā anzalallāhu bihā min sulṭān(in), inil-ḥukmu illā lillāh(i), amara allā ta‘budū illā iyyāh(u), żālikad-dīnul-qayyimu wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[40]
Apa sing ko kabéh padha sembah seliyané Penjenengané, mung jeneng-jeneng sing ko padha gawé-gawé déning ko dhéwék utawané neng kaki-ninimu. Gusti Allah ora nurunaken senajan mung sewiji keterangan ngenani (jeneng-jeneng kuwé). Keputusan kuwé mung kagungané Gusti Allah. Penjenengané wis dhawuh maring ko kabéh supaya ora nyembah seliyané maring) Penjenengané. Kuwé agama sing jejeg ning akéh-akéhé menungsa ora padha ngerténi.
يٰصَاحِبَيِ السِّجْنِ اَمَّآ اَحَدُكُمَا فَيَسْقِيْ رَبَّهٗ خَمْرًا ۗوَاَمَّا الْاٰخَرُ فَيُصْلَبُ فَتَأْكُلُ الطَّيْرُ مِنْ رَّأْسِهٖ ۗ قُضِيَ الْاَمْرُ الَّذِيْ فِيْهِ تَسْتَفْتِيٰنِۗ٤١
Yā ṣāḥibayis-sijni ammā aḥadukumā fa yasqī rabbahū khamrā(n), wa ammal-ākharu fa yuṣlabu fa ta'kuluṭ-ṭairu mir ra'sih(ī), quḍiyal-amrul-lażī fīhi tastaftiyān(i).
[41]
Hé wong sekloron sing neng kunjara, “Salah siji neng antarané ko, bakal dadi peladhén sing nyedhiakna inuman arak (khamar) nggo majikané. Anadéné sing liyané maning dhéwéké bakal dépénthéng (désalib), banjur manuk-manuk padha bakal nucuki sebagéan sirahé. Wis kejawab prekara sing ko padha takokna (maring inyong).”
وَقَالَ لِلَّذِيْ ظَنَّ اَنَّهٗ نَاجٍ مِّنْهُمَا اذْكُرْنِيْ عِنْدَ رَبِّكَۖ فَاَنْسٰىهُ الشَّيْطٰنُ ذِكْرَ رَبِّهٖ فَلَبِثَ فِى السِّجْنِ بِضْعَ سِنِيْنَ ࣖ٤٢
Wa qāla lil-lażī ẓanna annahū nājim minhumażkurnī ‘inda rabbik(a), fa ansāhusy-syaiṭānu żikra rabbihī fa labiṡa fis-sijni biḍ‘a sinīn(a).
[42]
Lan kiyambeké (Yusuf) ngucap maring wong sing déngerténi bakal slamet neng antarané dhéwéké sekloron, “Terangna kahanané inyong maring majikanmu.” Banjur sétan ndadékna dhéwéké kelalén nyritakna (kahanané Yusuf) maring majikané. Merga kuwé (Yusuf) tetep neng kunjara (nganti) pirang-pirang taun lawasé.
وَقَالَ الْمَلِكُ اِنِّيْٓ اَرٰى سَبْعَ بَقَرٰتٍ سِمَانٍ يَّأْكُلُهُنَّ سَبْعٌ عِجَافٌ وَّسَبْعَ سُنْۢبُلٰتٍ خُضْرٍ وَّاُخَرَ يٰبِسٰتٍۗ يٰٓاَيُّهَا الْمَلَاُ اَفْتُوْنِيْ فِيْ رُءْيَايَ اِنْ كُنْتُمْ لِلرُّءْيَا تَعْبُرُوْنَ٤٣
Wa qālal-maliku innī arā sab‘a baqarātin simāniy ya'kuluhunna sab‘un ‘ijāfuw wa sab‘a sumbulātin khuḍriw wa ukhara yābisāt(in), yā ayyuhal-mala'u aftūnī fī ru'yāya in kuntum lir-ru'yā ta‘burūn(a).
[43]
Lan raja ngucap (maring para pemimpin kaumé), “Setemené inyong ngimpi weruh sapi wadon pitu lemu-lemu dépangan (neng) sapi wadon pitu sing gering-gering; pitung dhencé (gandum) sing ijo lan (pitung dhencé) liyané sing garing. Hé wong-wong sing padha pinunjul! Terangna maring inyong tegesé (takwilé) impénku kuwé angger ko kabéh bisa nakwili impi.”
قَالُوْٓا اَضْغَاثُ اَحْلَامٍ ۚوَمَا نَحْنُ بِتَأْوِيْلِ الْاَحْلَامِ بِعٰلِمِيْنَ٤٤
Qālū aḍgāṡu aḥlām(in), wa mā naḥnu bita'wīlil-aḥlāmi bi‘ālimīn(a).
[44]
Dhéwéké padha semaur, “(Kuwé) impén-impén sing suwung lan inyong ora padha bisa negesi impén kuwé.”
وَقَالَ الَّذِيْ نَجَا مِنْهُمَا وَادَّكَرَ بَعْدَ اُمَّةٍ اَنَا۠ اُنَبِّئُكُمْ بِتَأْوِيْلِهٖ فَاَرْسِلُوْنِ٤٥
Wa qālal-lażī najā minhumā waddakara ba‘da ummatin ana unabbi'ukum bita'wīlihī fa arsilūn(i).
[45]
Lan ngucap wong sing slamet sekang antarané dhéwéké sekloron sing kémutan (maring Yusuf) sewisé sewetara wektu suwéné, “Inyong arep awéh weruh maring ko kabéh ngenani (wong sing pinter) negesi impén kuwé, mangka préntahen inyong (nemoni kiyambeké).”
يُوْسُفُ اَيُّهَا الصِّدِّيْقُ اَفْتِنَا فِيْ سَبْعِ بَقَرٰتٍ سِمَانٍ يَّأْكُلُهُنَّ سَبْعٌ عِجَافٌ وَّسَبْعِ سُنْۢبُلٰتٍ خُضْرٍ وَّاُخَرَ يٰبِسٰتٍۙ لَّعَلِّيْٓ اَرْجِعُ اِلَى النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَعْلَمُوْنَ٤٦
Yūsufu ayyuhaṣ-ṣiddīqu aftinā fī sab‘i baqarātin simāniy ya'kuluhunna sab‘un ‘ijāfuw wa sab‘i sumbulātin khuḍriw wa ukhara yābisāt(in), la‘allī arji‘u ilan-nāsi la‘allahum ya‘lamūn(a).
[46]
“Yusuf, hé wong sing banget pinercaya! Terangna maring inyong kabéh (tegesé impi) ana sapi wadon pitu lemu-lemu sing mangan sapi wadon pitu sing gering-gering, lan pitung dhencé (gandum) sing ijo lan pitu liyané sing garing supayané inyong bisa bali maring wong-wong kuwé, lan supayané dhéwéké padha ngerti.”
قَالَ تَزْرَعُوْنَ سَبْعَ سِنِيْنَ دَاَبًاۚ فَمَا حَصَدْتُّمْ فَذَرُوْهُ فِيْ سُنْۢبُلِهٖٓ اِلَّا قَلِيْلًا مِّمَّا تَأْكُلُوْنَ٤٧
Qāla tazra‘ūna sab‘a sinīna da'abā(n), famā ḥaṣattum fa żarūhu fī sumbulihī illā qalīlam mimmā ta'kulūn(a).
[47]
Kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Supayané ko padha tetandur pitung taun (terus-terusan) kaya biasané; banjur apa sing wis ko undhuh jorna neng dhencéané baé, kejaba semendhing nggo ko kabéh padha pangan.
ثُمَّ يَأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ سَبْعٌ شِدَادٌ يَّأْكُلْنَ مَا قَدَّمْتُمْ لَهُنَّ اِلَّا قَلِيْلًا مِّمَّا تُحْصِنُوْنَ٤٨
Ṡumma ya'tī mim ba‘di żālika sab‘un syidāduy ya'kulna mā qaddamtum lahunna illā qalīlam mimmā tuḥṣinūn(a).
[48]
Banjur sewisé kuwé bakal teka pitung taun sing banget angélé, sing bakal ngentongna apa sing ko kabéh simpen nggo ngadhepi kuwé (taun sing rekasa) kejaba semendhing sekang apa (winih gandum) sing ko kabéh simpen.
ثُمَّ يَأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ عَامٌ فِيْهِ يُغَاثُ النَّاسُ وَفِيْهِ يَعْصِرُوْنَ ࣖ٤٩
Ṡumma ya'tī mim ba‘di żālika ‘āmun fīhi yugāṡun-nāsu wa fīhi ya‘ṣirūn(a).
[49]
Sewisé kuwé bakal teka taun, neng kono menungsa déparingi udan (sing cukup) lan neng wektu kuwé dhéwéké kabéh padha meres (anggur).”
وَقَالَ الْمَلِكُ ائْتُوْنِيْ بِهٖ ۚفَلَمَّا جَاۤءَهُ الرَّسُوْلُ قَالَ ارْجِعْ اِلٰى رَبِّكَ فَسْـَٔلْهُ مَا بَالُ النِّسْوَةِ الّٰتِيْ قَطَّعْنَ اَيْدِيَهُنَّ ۗاِنَّ رَبِّيْ بِكَيْدِهِنَّ عَلِيْمٌ٥٠
Wa qālal-maliku'tūnī bih(ī), falammā jā'ahur-rasūlu qālarji‘ ilā rabbika fas'alhu mā bālun-niswatil-lātī qaṭṭa‘na aidiyahunn(a), inna rabbī bikaidihinna ‘alīm(un).
[50]
Lan rajané ngucap, “Gawanen kiyambeké maring inyong!” Rikala utusan kuwé maring kiyambeké, kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Baliya maring majikanmu lan takokna maring dhéwéké kepriwé kahanané wong-wong wadon sing wis padha natoni tangané. Temen, Pengéranku Maha Ngawuningani réka dayané dhéwéké kabéh.”
قَالَ مَا خَطْبُكُنَّ اِذْ رَاوَدْتُّنَّ يُوْسُفَ عَنْ نَّفْسِهٖۗ قُلْنَ حَاشَ لِلّٰهِ مَا عَلِمْنَا عَلَيْهِ مِنْ سُوْۤءٍ ۗقَالَتِ امْرَاَتُ الْعَزِيْزِ الْـٰٔنَ حَصْحَصَ الْحَقُّۖ اَنَا۠ رَاوَدْتُّهٗ عَنْ نَّفْسِهٖ وَاِنَّهٗ لَمِنَ الصّٰدِقِيْنَ٥١
Qāla mā khaṭbukunna iż rāwattunna yūsufa ‘an nafsih(ī), qulna ḥāsya lillāhi mā ‘alimnā ‘alaihi min sū'(in), qālatimra'atul-‘azīzil-āna ḥaṣḥaṣal-ḥaqq(u), ana rāwattuhū ‘an nafsihī wa innahū laminaṣ-ṣādiqīn(a).
[51]
Dhéwéké (raja) ngucap (maring wong-wong wadon kuwé), “Kepriwé kahananmu kabéh 413 rikala ko padha nggodha Yusuf supayané nemungkulna awaké?” Dhéwéké kabéh padha ngucap, “Mahasempurna Gusti Allah, inyong kabéh ora weruh sing ala sekang dhéwéké.” Bojoné Al-Aziz ngucap, “Siki wis cetha bebener kuwé, pancén inyong sing nggodha lan ngarih-arih kiyambeké, lan setemené kiyambeké klebu wong sing bener.”
413) Sing démaksud kahanan ya kuwé penemuné wong-wong wadon kuwé maring Yusuf apa dhéwéké kegodha karo godaan kuwé utawa ora.
ذٰلِكَ لِيَعْلَمَ اَنِّيْ لَمْ اَخُنْهُ بِالْغَيْبِ وَاَنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ كَيْدَ الْخَاۤىِٕنِيْنَ ۔٥٢
Żālika liya‘lama annī lam akhunhu bil-gaibi wa annallāha lā yahdī kaidal-khā'inīn(a).
[52]
(Yusuf) ngucap, “Sing kaya kuwé supaya dhéwéké (Al-Aziz) ngerti lamon inyong nyata-nyata ora nyidrani dhéwéké rikala dhéwéké ora neng (umah) lan setemené Gusti Allah ora karenan (ingatasé) réka dayané wong-wong sing padha cidra.
۞ وَمَآ اُبَرِّئُ نَفْسِيْۚ اِنَّ النَّفْسَ لَاَمَّارَةٌ ۢ بِالسُّوْۤءِ اِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّيْۗ اِنَّ رَبِّيْ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥٣
Wa mā ubarri'u nafsī, innan-nafsa la'ammāratum bis-sū'i illā mā raḥima rabbī, inna rabbī gafūrur raḥīm(un).
[53]
Lan inyong ora (ngaku) awaké inyong bébas (sekang kesalahan) mergasetemené nepsu kuwé tansah nyurung maring kejahatan, kejaba (nepsu) sing déparingi kewelasan déningPengéranku. Setemené Pengéranku Maha Ngampura, Mahawelas.
وَقَالَ الْمَلِكُ ائْتُوْنِيْ بِهٖٓ اَسْتَخْلِصْهُ لِنَفْسِيْۚ فَلَمَّا كَلَّمَهٗ قَالَ اِنَّكَ الْيَوْمَ لَدَيْنَا مَكِيْنٌ اَمِيْنٌ٥٤
Wa qālal-maliku'tūnī bihī astakhliṣhu linafsī, falammā kallamahū qāla innakal-yauma ladainā makīnun amīn(un).
[54]
Lan raja ngucap, “Gawanen dhéwéké (Yusuf) maring inyong, supayané inyong milih dhéwéké (dadi wong sing kepérek maring inyong).” Rikalakiyambeké (raja) wisomong-omongan karo dhéwéké, kiyambeké (raja) ngucap, “Setemené ko (molahi) dina kiyé dadi wong sing duwé pangkat dhuwur neng kalangané inyong kabéh lanpinercaya.”
قَالَ اجْعَلْنِيْ عَلٰى خَزَاۤىِٕنِ الْاَرْضِۚ اِنِّيْ حَفِيْظٌ عَلِيْمٌ٥٥
Qālaj‘alnī ‘alā khazā'inil-arḍ(i), innī ḥafīẓun ‘alīm(un).
[55]
Dhéwéké (Yusuf) ngucap, “Dadékna inyong bendaharawan (pengreksa bandha-dunya) negara (Mesir) mergasetemené inyong wong sing bisa ngreksa, lan duwé kawruh.”
وَكَذٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوْسُفَ فِى الْاَرْضِ يَتَبَوَّاُ مِنْهَا حَيْثُ يَشَاۤءُۗ نُصِيْبُ بِرَحْمَتِنَا مَنْ نَّشَاۤءُ وَلَا نُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ٥٦
Wa każālika makkannā liyūsufa fil-arḍi yatabawwa'u minhā ḥaiṡu yasyā'(u), nuṣību biraḥmatinā man nasyā'u wa lā nuḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[56]
Lanmengkana kuwé Ingsun paring pelungguhan (pangkat)maring Yusuf neng negari kiyé (Mesir), nggo manggon neng endi baé sing dhéwéké karepna. Ingsun paring kewelasan maring sapa baé sing Ingsun kersakna, lan Ingsun ora nyepélékna ganjarané wong sing padha gawé kebecikan.
وَلَاَجْرُ الْاٰخِرَةِ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ ࣖ٥٧
Wa la'ajrul-ākhirati khairul lil-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[57]
Lan temen, ganjaran akhérat kuwé lewih apik tumrap wong-wong sing padha precaya lan tansah padha semarah.
وَجَاۤءَ اِخْوَةُ يُوْسُفَ فَدَخَلُوْا عَلَيْهِ فَعَرَفَهُمْ وَهُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ٥٨
Wa jā'a ikhwatu yūsufa fa dakhalū ‘alaihi fa ‘arafahum wa hum lahū munkirūn(a).
[58]
Lan sedulur-seduluré Yusuf padha teka maring (Mesir) banjur mlebu maring (panggonané) kiyambeké. Mangka kiyambeké (Yusuf) ngerti maring sedulur-seduluré, ning sedulur-sedulur kuwé padha ora wawuh (maning) maring kiyambeké (Yusuf). 414
414) Miturut sejarah kedadéan mangsa paceklik neng Mesir lan neng seubengané, mangka kanthi dhawuhé Nabi Yaqub a.s. sedulur-seduluré Yusuf teka sekang Kan’an maring Mesir ngadhep penggedhé-penggedhé Mesir nggo njaluk banah panganan.
وَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ قَالَ ائْتُوْنِيْ بِاَخٍ لَّكُمْ مِّنْ اَبِيْكُمْ ۚ اَلَا تَرَوْنَ اَنِّيْٓ اُوْفِى الْكَيْلَ وَاَنَا۠ خَيْرُ الْمُنْزِلِيْنَ٥٩
Wa lammā jahhazahum bijahāzihim qāla'tūnī bi'akhil lakum min abīkum, alā tarauna annī ūfil-kaila wa ana khairul-munzilīn(a).
[59]
Lan rikala kiyambeké (Yusuf) nyawisna banah pangan nggo sedulurékabéh, kiyambe-ké ngucap, “Gawanen maring inyong sedulurmu sing tunggal rama karo ko kabéh (Bunyamin), apa ko kabéh ora weruh lamon inyong nyempurnakna takeran lan inyong kuwé wong sing paling apik olihé nampani dhayoh?
فَاِنْ لَّمْ تَأْتُوْنِيْ بِهٖ فَلَا كَيْلَ لَكُمْ عِنْدِيْ وَلَا تَقْرَبُوْنِ٦٠
Fa illam ta'tūnī bihī falā kaila lakum ‘indī wa lā taqrabūn(i).
[60]
Mangkaangger kopadha ora nggawa dhéwéké maring inyong, mangka ko kabéh ora bakal olih catu (gandum) maning sekang inyong, lan ko kabéh aja mérek maring inyong.”
قَالُوْا سَنُرَاوِدُ عَنْهُ اَبَاهُ وَاِنَّا لَفٰعِلُوْنَ٦١
Qālū sanurāwidu ‘anhu abāhu wa innā lafā‘ilūn(a).
[61]
Dhéwéké kabéh padha ngucap, “Inyong kabéh bakal ngari-ariramané (nggo ngawa dhéwéké) lan inyong kabéh bakal temen-temen ngleksanakna.”
وَقَالَ لِفِتْيٰنِهِ اجْعَلُوْا بِضَاعَتَهُمْ فِيْ رِحَالِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَعْرِفُوْنَهَآ اِذَا انْقَلَبُوْٓا اِلٰٓى اَهْلِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٦٢
Wa qāla lifityānihij‘alū biḍā‘atahum fī riḥālihim la‘allahum ya‘rifūnahā iżanqalabū ilā ahlihim la‘allahum yarji‘ūn(a).
[62]
Lan kiyambeké (Yusuf) ngucap maring rewang-rewangé, “Lebokna barang-barangé (ijolané) dhéwéké kabéh 415 maring njero karung-karungé supayané dhéwéké kabéh ngerti angger wis bali maring kulawargané, muga-muga dhéwéké kabéh padha bali maning. 416
415) Miturut akéh-akéhé juru tapsir barang-barang sekang sedulur-seduluré Nabi Yusuf a.s. sing nggo dadi alat ijol bahan pangan kuwé yakuwé lumping utawa trompah.
416)Temindak kiyé détrapna minangka réka-réka kanthi cara nandur pekerti maring dhéwéké, kon mengkoné padha gelem mbalik maning maring Mesir kanthi nggawa Bunyamin.
فَلَمَّا رَجَعُوْٓا اِلٰٓى اَبِيْهِمْ قَالُوْا يٰٓاَبَانَا مُنِعَ مِنَّا الْكَيْلُ فَاَرْسِلْ مَعَنَآ اَخَانَا نَكْتَلْ وَاِنَّا لَهٗ لَحٰفِظُوْنَ٦٣
Falammā raja‘ū ilā abīhim qālū yā abānā muni‘a minnal-kailu fa arsil ma‘anā akhānā naktal wa innā lahū laḥāfiẓūn(a).
[63]
Mangka rikala dhéwéké kabéh wis bali maring ramané (Yakub) dhéwéké padha ngucap,“Dhuhramané! Inyong padha ora bakal olih catu (gandum) maning (angger ora nggawa sedulurku), merga kuwé jorna baé sedulur kumangkat bareng inyong kabéh, supayané inyong padha olih dunduman, lan inyong bakal padha temen-temen ngreksa dhéwéké.”
قَالَ هَلْ اٰمَنُكُمْ عَلَيْهِ اِلَّا كَمَآ اَمِنْتُكُمْ عَلٰٓى اَخِيْهِ مِنْ قَبْلُۗ فَاللّٰهُ خَيْرٌ حٰفِظًا وَّهُوَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ٦٤
Qāla hal āmanukum ‘alaihi illā kamā amintukum ‘alā akhīhi min qabl(u), fallāhu khairun ḥāfiẓaw wa huwa arḥamur-rāḥimīn(a).
[64]
Kiyambeké (Yakub) ngucap, “Kepriwé inyong arep mercayakna dhéwéké (Bunyamin) maring ko kabéh kaya olihé inyongwis mercayakna sedulurmu (Yusuf) maring ko kabéh gemiyén?” Mangka Gusti Allah kuwé pengreksa sing paling apik lan Penjenengané Mahawelas neng antarané sing padha welas.”
وَلَمَّا فَتَحُوْا مَتَاعَهُمْ وَجَدُوْا بِضَاعَتَهُمْ رُدَّتْ اِلَيْهِمْۗ قَالُوْا يٰٓاَبَانَا مَا نَبْغِيْۗ هٰذِهٖ بِضَاعَتُنَا رُدَّتْ اِلَيْنَا وَنَمِيْرُ اَهْلَنَا وَنَحْفَظُ اَخَانَا وَنَزْدَادُ كَيْلَ بَعِيْرٍۗ ذٰلِكَ كَيْلٌ يَّسِيْرٌ٦٥
Wa lammā fataḥū matā‘ahum wajadū biḍā‘atahum ruddat ilaihim, qālū yā abānā mā nabgī, hāżihī biḍā‘atunā ruddat ilainā wa namīru ahlanā wa naḥfaẓu akhānā wa nazdādu kaila ba‘īr(in), żālika kailuy yasīr(un).
[65]
Lan rikala dhéwéké padha mbukak barang-barangé,dhéwéké padha weruh barang-barangé (sing nggo ijolan) débalékna maring dhéwéké. Dhéwéké padha ngucap, “Dhuh ramané inyong kabéh! Apa maning sing dhéwék kabéh kepéngini. Kiyé barang-barangé dhéwék débalékna maring inyong kabéh lan dhéwék bakal padha bisa awéh pangan maring kulawargané dhéwék, lan dhéwék bakal padha olih tambahan catu (gandum) bobot segawané momotan onta siji, kuwé sewiji prekara sing gampang (tumrapé raja Mesir).”
قَالَ لَنْ اُرْسِلَهٗ مَعَكُمْ حَتّٰى تُؤْتُوْنِ مَوْثِقًا مِّنَ اللّٰهِ لَتَأْتُنَّنِيْ بِهٖٓ اِلَّآ اَنْ يُّحَاطَ بِكُمْۚ فَلَمَّآ اٰتَوْهُ مَوْثِقَهُمْ قَالَ اللّٰهُ عَلٰى مَا نَقُوْلُ وَكِيْلٌ٦٦
Qāla lan ursilahū ma‘akum ḥattā tu'tūni mauṡiqam minallāhi lata'tunnanī bihī illā ayyuḥāṭa bikum, falammā ātauhu mauṡiqahum qālallāhu ‘alā mā naqūlu wakīl(un).
[66]
Kiyambeké (Yakub) ngucap, “Inyong ora bakal ngejorna dhéwéké (lunga) bareng ko kabéh, seurungé ko padha sumpah maring inyong kanthi (asmané) Gusti Allah, lamon ko kabéh mesthi bakal nggawa bali dhéwéké maring inyong maning, kejaba angger ko kabéh dékepung (mungsuh).” Sewisé dhé-wéké padha ngucapna sumpah, kiyambeké (Yakub) ngucap, “Gusti Allah dadi seksi-ingata séapa sing inyong kabéh ucapna.”
وَقَالَ يٰبَنِيَّ لَا تَدْخُلُوْا مِنْۢ بَابٍ وَّاحِدٍ وَّادْخُلُوْا مِنْ اَبْوَابٍ مُّتَفَرِّقَةٍۗ وَمَآ اُغْنِيْ عَنْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍۗ اِنِ الْحُكْمُ اِلَّا لِلّٰهِ ۗعَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَعَلَيْهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُوْنَ٦٧
Wa qāla yā baniyya lā tadkhulū mim bābiw wāḥidiw wadkhulū min abwābim mutafarriqah(tin), wa mā ugnī ‘ankum minallāhi min syai'(in), inil-ḥukmu illā lillāh(i), ‘alaihi tawakkaltu wa ‘alaihi falyatawakkalil-mutawakkilūn(a).
[67]
Lan kiyambeké (Yakub) ngucap,“Hé anak-anaku! Aja pisan-pisan ko kabéh mlebu sekang lawang gapura siji, lan mlebua sekang lawang gapura sing beda-beda; senajan kaya kuwé inyong ora bisa nggandhuli ko kabéh semendhing baésekang (pepesthéné) Gusti Allah. Putusan kuwé mungkagungané Gusti Allah. Mung maring Penjenengané inyong pasrah, lan maring Penjenengané uga padha pasrah wong-wong sing semarah.”
وَلَمَّا دَخَلُوْا مِنْ حَيْثُ اَمَرَهُمْ اَبُوْهُمْۗ مَا كَانَ يُغْنِيْ عَنْهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ اِلَّا حَاجَةً فِيْ نَفْسِ يَعْقُوْبَ قَضٰىهَاۗ وَاِنَّهٗ لَذُوْ عِلْمٍ لِّمَا عَلَّمْنٰهُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٦٨
Wa lammā dakhalū min ḥaiṡu amarahum abūhum, mā kāna yugnī ‘anhum minallāhi min syai'in illā ḥājatan fī nafsi ya‘qūba qaḍāhā, wa innahū lażū ‘ilmil limā ‘allamnāhu wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[68]
Lan rikala dhéwéké kabéh wis mlebu miturut préntahé ramané, (mlebuné dhéwéké kabéh kuwé) ora bisa nolak semendhing baé putusané Gusti Allah, (ning kuwé) mungsewijiné kepénginané Yakub sing wis détetepna. Lansetemené dhéwéké duwé kawruh, merga Ingsun wis mulang maring dhéwéké. Ning akéh-akéhé menungsa padha ora ngaweruhi.
وَلَمَّا دَخَلُوْا عَلٰى يُوْسُفَ اٰوٰٓى اِلَيْهِ اَخَاهُ قَالَ اِنِّيْٓ اَنَا۠ اَخُوْكَ فَلَا تَبْتَىِٕسْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٦٩
Wa lammā dakhalū ‘alā yūsufa āwā ilaihi akhāhu qāla innī akhūka falā tabta'is bimā kānū ya‘malūn(a).
[69]
Lan rikala wong-wong mau mlebu maring (nggoné) Yusuf, kiyambeké ngenggonaken seduluré (Bunyamin) neng panggonané, kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Setemené inyong kuwé sedulurmu, aja pisan-pisan atiné ko susah ingata séapa sing wis détindakna déning dhéwéké kabéh.”
فَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ جَعَلَ السِّقَايَةَ فِيْ رَحْلِ اَخِيْهِ ثُمَّ اَذَّنَ مُؤَذِّنٌ اَيَّتُهَا الْعِيْرُ اِنَّكُمْ لَسٰرِقُوْنَ٧٠
Falammā jahhazahum bijahāzihim ja‘las-siqāyata fī raḥli akhīhi ṡumma ażżana mu'ażżinun ayyatuhal-‘īru innakum lasāriqūn(a).
[70]
Mangka rikala wis décawisna banah panganan nggo sedulur-seduluré kabéh, kiyambeké (Yusuf) nglebokna cemung 417 maring njero karungé seduluré. Banjur ngorong-ngorong sijiné wong sing sambat-sambat, “Hé kafilah! Setemené ko kabéh kuwé jan-jané maling.”
417) Sewijiné wadhah sing dégawé sekang emas sing dégunakna nggo nginum lan bisa uga nggo naker.
قَالُوْا وَاَقْبَلُوْا عَلَيْهِمْ مَّاذَا تَفْقِدُوْنَ٧١
Qālū wa aqbalū ‘alaihim māżā tafqidūn(a).
[71]
Dhéwéké kabéh padha takon, karo ngadhep maring wong (sing ndakwa). “Ko padha kélangan apa?”
قَالُوْا نَفْقِدُ صُوَاعَ الْمَلِكِ وَلِمَنْ جَاۤءَ بِهٖ حِمْلُ بَعِيْرٍ وَّاَنَا۠ بِهٖ زَعِيْمٌ٧٢
Qālū nafqidu ṣuwā‘al-maliki wa liman jā'a bihī ḥimlu ba‘īriw wa ana bihī za‘īm(un).
[72]
Dhéwéké semaur, “Inyong kiyé padha kelangan cemung duwéké raja, lan sapa sing bisa mbalékna kuwé bakal olih (banah panganan sebobote) gawanonta, lan inyong jamin kuwé.”
قَالُوْا تَاللّٰهِ لَقَدْ عَلِمْتُمْ مَّا جِئْنَا لِنُفْسِدَ فِى الْاَرْضِ وَمَا كُنَّا سٰرِقِيْنَ٧٣
Qālū tallāhi laqad ‘alimtum mā ji'tanā linufsida fil-arḍi wa mā kunnā sāriqīn(a).
[73]
Dhéwéké kabéh (sedulur-seduluré Yusuf) njawab, “Sekawit Allah, temen, ko kuwé mesthi padha ngerti, lamon inyong padha teka ora arep gawé kerusakan neng negari kiyé, lan inyong kabéh kiyé udu maling.”
قَالُوْا فَمَا جَزَاۤؤُهٗٓ اِنْ كُنْتُمْ كٰذِبِيْنَ٧٤
Qālū famā jazā'uhū in kuntum kāżibīn(a).
[74]
Dhéwéké (para penggawa) takon, “Ning apa ukumané, angger kopadha goroh?”
قَالُوْا جَزَاۤؤُهٗ مَنْ وُّجِدَ فِيْ رَحْلِهٖ فَهُوَ جَزَاۤؤُهٗ ۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ٧٥
Qālū jazā'uhū maw wujida fī raḥlihī fa huwa jazā'uh(ū), każālika najziẓ-ẓālimīn(a).
[75]
Dhéwéké padha njawab, “Ukuman nggo sapa baé sing neng jero karungé détemokna (barang sing ilang kuwé), mangka dhéwéké kuwésing nampa ukumané. 418 Mengkana kuwé inyong kabéhawéh ukuman maring wong-wong sing padha aniaya (dolim).”
418) Miturut saréngaté Nabi Yakub a.s sapa wongé nyolong mangka ukumané dedadikna budhak (batur tukon) setahun.
فَبَدَاَ بِاَوْعِيَتِهِمْ قَبْلَ وِعَاۤءِ اَخِيْهِ ثُمَّ اسْتَخْرَجَهَا مِنْ وِّعَاۤءِ اَخِيْهِۗ كَذٰلِكَ كِدْنَا لِيُوْسُفَۗ مَا كَانَ لِيَأْخُذَ اَخَاهُ فِيْ دِيْنِ الْمَلِكِ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗنَرْفَعُ دَرَجٰتٍ مَّنْ نَّشَاۤءُۗ وَفَوْقَ كُلِّ ذِيْ عِلْمٍ عَلِيْمٌ٧٦
Fa bada'a bi'au‘iyatihim qabla wi‘ā'i akhīhi ṡummastakhrajahā miw wi‘ā'i akhīh(i), każālika kidnā liyūsuf(a), mā kāna liya'khuża akhāhu fī dīnil-maliki illā ay yasyā'allāh(u), narfa‘u darajātim man nasyā'(u), wa fauqa kulli żī ‘ilmin ‘alīm(un).
[76]
Mangka dhéwéké molahi (mriksa) karung-karungé dhéwéké kabéh seurungé (mriksa) karungé seduluré dhéwék, banjur dhéwéké ngetokna (cemungé raja) kuwé sekang karungé seduluré. Mengkana kuwé Ingsun ngatur (rencana) nggo Yusuf. Kiyambeké ora bisa ngukum sedulur-seduluré miturut aturané raja, kejaba angger Gusti Allah ngersakna. Ingsun ngangkat drajaté wong sing Ingsun kersakna; lan sendhuwuré saben-saben wong sing duwé kawruh ana sing lewih ngaweruhi.
۞ قَالُوْٓا اِنْ يَّسْرِقْ فَقَدْ سَرَقَ اَخٌ لَّهٗ مِنْ قَبْلُۚ فَاَسَرَّهَا يُوْسُفُ فِيْ نَفْسِهٖ وَلَمْ يُبْدِهَا لَهُمْۚ قَالَ اَنْتُمْ شَرٌّ مَّكَانًا ۚوَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا تَصِفُوْنَ٧٧
Qālū iy yasriq faqad saraqa akhul lahū min qabl(u), fa asarrahā yūsufu fī nafsihī wa lam yubdihā lahum, qāla antum syarrum makānā(n), wallāhu a‘lamu bimā taṣifūn(a).
[77]
Dhéwéké kabéh ngucap, “Angger dhéwéké nyolong, mangkatemen, seurungé kuwé sedulur-seduluré uga nglakon nyolong.” Mangka Yusuf ngumpetna (jéngkéle) neng njero atiné, lan ora déketokna maring dhéwéké kabéh. Dhéwéké ngucap (neng jero atiné), “Kahananmu kabéh malah lewih ala. Lan Gusti Allah Maha Mriksa ni apa sing ko padha terangna.”
قَالُوْا يٰٓاَيُّهَا الْعَزِيْزُ اِنَّ لَهٗٓ اَبًا شَيْخًا كَبِيْرًا فَخُذْ اَحَدَنَا مَكَانَهٗ ۚاِنَّا نَرٰىكَ مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ٧٨
Qālū yā ayyuhal-‘azīzu inna lahū aban syaikhan kabīran fa khuż aḥadanā makānah(ū), innā narāka minal-muḥsinīn(a).
[78]
Dhéwéké padha ngucap,“DhuhTuwan! Dhéwéké kuwé duwé rama sing wis tuwa, merga kuwé jikota salah siji sekang antarané inyong minangka dadi gantiné, setemené inyong kabéh mandhang sliramu kuwé klebu wong singtemindak apik.”
قَالَ مَعَاذَ اللّٰهِ اَنْ نَّأْخُذَ اِلَّا مَنْ وَّجَدْنَا مَتَاعَنَا عِنْدَهٗٓ ۙاِنَّآ اِذًا لَّظٰلِمُوْنَ ࣖ٧٩
Qāla ma‘āżallāhi an na'khuża illā maw wajadnā matā‘anā ‘indah(ū), innā iżal laẓālimūn(a).
[79]
Kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Inyong nyuwun pangreksa maring Gusti Allah sekang nahan (sewijiné wong), kejaba wong sing inyong nemu bandhaku ana neng dhéwéké, angger inyong padha (nglakoni) kaya kuwé, tegesé inyong wong sing padha aniaya (dolim).
فَلَمَّا اسْتَيْـَٔسُوْا مِنْهُ خَلَصُوْا نَجِيًّاۗ قَالَ كَبِيْرُهُمْ اَلَمْ تَعْلَمُوْٓا اَنَّ اَبَاكُمْ قَدْ اَخَذَ عَلَيْكُمْ مَّوْثِقًا مِّنَ اللّٰهِ وَمِنْ قَبْلُ مَا فَرَّطْتُّمْ فِيْ يُوْسُفَ فَلَنْ اَبْرَحَ الْاَرْضَ حَتّٰى يَأْذَنَ لِيْٓ اَبِيْٓ اَوْ يَحْكُمَ اللّٰهُ لِيْۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ٨٠
Falammastai'asū minhu khalaṣū najiyyā(n), qāla kabīruhum alam ta‘lamū anna abākum qad akhaża ‘alaikum mauṡiqam minallāhi wa min qablu mā farrattum fī yūsufa falan abraḥal-arḍa ḥattā ya'żana lī abī au yaḥkumallāhu lī, wa huwa khairul-ḥākimīn(a).
[80]
Mangka rikala dhéwéké kabéh padha pedhot pengarep-arepsekang (keputusané Yusuf) dhéwéké padha semingkir (nyambi rembugan) karo krisik-krisik. Sing paling tuwa nengantarané dhéwéké ngucap, “Ko kabéh apa ora ngerti lamon ramamu wis nyekel sumpahmu kabéh kanthi (asmané) Gusti Allah lan seurungé kuwé ko wis padha nyewiyakna Yusuf? Merga kuwé inyong arep ora ninggalna negari kiyé (Mesir), nganti ramané inyong ngolihna inyong (nggo bali), utawa Gusti Allah maringi putusan maring inyong. Lan Penjenengané kuwé hakim sing paling apik.”
اِرْجِعُوْٓا اِلٰٓى اَبِيْكُمْ فَقُوْلُوْا يٰٓاَبَانَآ اِنَّ ابْنَكَ سَرَقَۚ وَمَا شَهِدْنَآ اِلَّا بِمَا عَلِمْنَا وَمَا كُنَّا لِلْغَيْبِ حٰفِظِيْنَ٨١
Irji‘ū ilā abīkum fa qūlū yā abānā innabnaka saraq(a), wa mā syahidnā illā bimā ‘alimnā wa mā kunnā lil-gaibi ḥāfiẓīn(a).
[81]
Balia ko kabéh maring ramamu, lan ngucapa, “Dhuh rama! Setemenéanaké rika wisnyolong, lan inyong kabéh mung nyekséni apa sing inyong ngerténi, lan inyong padha ora bisa ngerténi apa sing ana neng sewaliké.
وَسْـَٔلِ الْقَرْيَةَ الَّتِيْ كُنَّا فِيْهَا وَالْعِيْرَ الَّتِيْٓ اَقْبَلْنَا فِيْهَاۗ وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ٨٢
Was'alil-qaryatal-latī kunnā fīhā wal-‘īral-latī aqbalnā fīhā, wa innā laṣādiqūn(a).
[82]
Lan takoni (warga) negari sing inyong padha neng kana, lan kafilah sing teka bareng inyong kabéh. Lan inyong kabéh kuwé wong sing bener.”
قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ اَنْفُسُكُمْ اَمْرًاۗ فَصَبْرٌ جَمِيْلٌ ۗعَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّأْتِيَنِيْ بِهِمْ جَمِيْعًاۗ اِنَّهٗ هُوَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ٨٣
Qāla bal sawwalat lakum anfusukum amrā(n), fa ṣabrun jamīl(un), ‘asallāhu ay ya'tiyanī bihim jamī‘ā(n), innahū huwal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[83]
Kiyambeké (Yakub) ngucap, “Sebeneré mung awakmu dhéwék sing padha ngarani apik urusan (sing ala) kuwé. Mangka (kesabaranku) kuwé kesabaran sing apik. Moga-moga Gusti Allah nekakna dhéwéké kabéh maring inyong. Setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.”
وَتَوَلّٰى عَنْهُمْ وَقَالَ يٰٓاَسَفٰى عَلٰى يُوْسُفَ وَابْيَضَّتْ عَيْنٰهُ مِنَ الْحُزْنِ فَهُوَ كَظِيْمٌ٨٤
Wa tawallā ‘anhum wa qāla yā asafā ‘alā yūsufa wabyaḍḍat ‘aināhu minal-ḥuzni fa huwa kaẓīm(un).
[84]
Lan kiyambeké (Yakub) banjur mléngos sekang dhéwéké kabéh (anak-anaké) lan ngucap, “Aduh, susahku ingatasé Yusuf,” lan mripat loroné dadi putih merga susah. Kiyambeké meneng ngampet jéngkél (maring anak-anaké).
قَالُوْا تَاللّٰهِ تَفْتَؤُا تَذْكُرُ يُوْسُفَ حَتّٰى تَكُوْنَ حَرَضًا اَوْ تَكُوْنَ مِنَ الْهٰلِكِيْنَ٨٥
Qālū tallāhi tafta'u tażkuru yūsufa ḥattā takūna ḥaraḍan au takūna minal-hālikīn(a).
[85]
Dhéwéké padha ngucap, “Sekawit Allah, rika ora lérén-lérénolihé ngémut-émut Yusuf nganti rika (kenang) prenyakit nemen utawa rika klebu wong-wong sing bakal sirna.”
قَالَ اِنَّمَآ اَشْكُوْا بَثِّيْ وَحُزْنِيْٓ اِلَى اللّٰهِ وَاَعْلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٨٦
Qāla innamā asykū baṡṡī wa ḥuznī ilallāhi wa a‘lamu minallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[86]
Kiyambeké (Yakub) njawab, “Mung maring Gusti Allah inyong wadul susah lan priyatiné inyong, lan inyong ngaweruhi sekang Gusti Allah apa-apa sing ko padha ora kaweruhi.
يٰبَنِيَّ اذْهَبُوْا فَتَحَسَّسُوْا مِنْ يُّوْسُفَ وَاَخِيْهِ وَلَا تَا۟يْـَٔسُوْا مِنْ رَّوْحِ اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يَا۟يْـَٔسُ مِنْ رَّوْحِ اللّٰهِ اِلَّا الْقَوْمُ الْكٰفِرُوْنَ٨٧
Yā baniyyażhabū fa taḥassasū miy yūsufa wa akhīhi wa lā tai'asū mir rauḥillāh(i), innahū lā yai'asu mir rauḥillāhi illal-qaumul-kāfirūn(a).
[87]
Hé anak-anaku! Lungaha ko kabéh, goléta (kabar) ngenani Yusuf lan seduluré lan aja pisan-pisan pedhot pengarep-arep sekang kewelasané Gusti Allah. Setemené pedhot pengarep-arep kuwé mung (lakuné) wong mbangkang (kapir).
فَلَمَّا دَخَلُوْا عَلَيْهِ قَالُوْا يٰٓاَيُّهَا الْعَزِيْزُ مَسَّنَا وَاَهْلَنَا الضُّرُّ وَجِئْنَا بِبِضَاعَةٍ مُّزْجٰىةٍ فَاَوْفِ لَنَا الْكَيْلَ وَتَصَدَّقْ عَلَيْنَاۗ اِنَّ اللّٰهَ يَجْزِى الْمُتَصَدِّقِيْنَ٨٨
Falammā dakhalū ‘alaihi qālū yā ayyuhal-‘azīzu massanā wa ahlanaḍ-ḍurru wa ji'nā bibiḍā‘atim muzjātin fa aufi lanal-kaila wa taṣaddaq ‘alainā, innallāha yajzil-mutaṣaddiqīn(a).
[88]
Mangka rikala dhéwéké padha mlebu maring panggonané Yusuf, dhéwéké padha ngucap, “Dhuh Tuwan! Inyong kabéh lan kulawarga padha ketiban sengsara, lan inyong padha tekamung nggawa barang sing ora nana regané, mangka cukupana catu (gandum) nggo inyong kabéh lan awéha palimarma nggo inyong kabéh. Setemené Gusti Allah bakal males maring wong-wong sing awéh palimarma (sedekah).
قَالَ هَلْ عَلِمْتُمْ مَّا فَعَلْتُمْ بِيُوْسُفَ وَاَخِيْهِ اِذْ اَنْتُمْ جٰهِلُوْنَ٨٩
Qāla hal ‘alimtum mā fa‘altum biyūsufa wa akhīhi iż antum jāhilūn(a).
[89]
Kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Apa ko kabéh ngaweruhi (laku ala) apa sing wis ko lakoni maring Yusuf lan seduluré merga ko kabéh ora padha rumasa (akibaté) lelakonmu kabéh kuwé?”
قَالُوْٓا ءَاِنَّكَ لَاَنْتَ يُوْسُفُۗ قَالَ اَنَا۠ يُوْسُفُ وَهٰذَآ اَخِيْ قَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَيْنَاۗ اِنَّهٗ مَنْ يَّتَّقِ وَيَصْبِرْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ٩٠
Qālū a'innaka la'anta yūsuf(u), qāla ana yūsufu wa hāżā akhī qad mannallāhu ‘alainā, innahū may yataqqi wa yaṣbir fa innallāha lā yuḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[90]
Dhéwéké kabéh ngucap, “Apa ko kuwé nyata-nyata Yusuf? ”Kiyambeké (Yusuf) njawab, “Inyong Yusuf lan kiyé sedulurku. Temen, Gusti Allah wis nglubéri kanugrahan-É maring inyong kabéh. Setemené sapa wong sing semarah (takwa) lan sabar, mangka temen, Gusti Allah ora nyepélékna ganjarané wong-wong sing padha mergawé apik.”
قَالُوْا تَاللّٰهِ لَقَدْ اٰثَرَكَ اللّٰهُ عَلَيْنَا وَاِنْ كُنَّا لَخٰطِـِٕيْنَ٩١
Qālū tallāhi laqad āṡarakallāhu ‘alainā wa in kunnā lakhāṭi'īn(a).
[91]
Dhéwéké kabéh ngucap, “Sekawit Allah, temen Gusti Allah wis nglewihna sliramu ngungkuli inyong kabéh, lan setemené inyong kabéh kuwé wong-wong sing luput (dosa).”
قَالَ لَا تَثْرِيْبَ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَۗ يَغْفِرُ اللّٰهُ لَكُمْ ۖوَهُوَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ٩٢
Qāla lā taṡrība ‘alaikumul-yaum(a), wa yagfirullāhu lakum, wa huwa arḥamur-rāḥimīn(a).
[92]
Kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Neng dina kiyé ora nana pemaido ingatasé ko kabéh, moga-moga Gusti Allah paring pengampura maring ko kabéh. Lan Penjenengané Mahawelas neng antaranésing padha welas.
اِذْهَبُوْا بِقَمِيْصِيْ هٰذَا فَاَلْقُوْهُ عَلٰى وَجْهِ اَبِيْ يَأْتِ بَصِيْرًا ۚوَأْتُوْنِيْ بِاَهْلِكُمْ اَجْمَعِيْنَ ࣖ٩٣
Iżhabū biqamīṣī hāżā fa alqūhu ‘alā wajhi abī ya'ti baṣīrā(n), wa'tūnī bi'ahlikum ajma‘īn(a).
[93]
Mangkatako kabéh karo nggawa klambiku kiyé, banjur usapna maring rainé ramaku, mangko kiyambeké bakal bisa weruh maning; lan gawanen keluwargamu kabéh maring inyong.”
وَلَمَّا فَصَلَتِ الْعِيْرُ قَالَ اَبُوْهُمْ اِنِّيْ لَاَجِدُ رِيْحَ يُوْسُفَ لَوْلَآ اَنْ تُفَنِّدُوْنِ٩٤
Wa lammā faṣalatil-‘īru qāla abūhum innī la'ajidu rīḥa yūsufa lau lā an tufannidūn(i).
[94]
Lan rikala kafilah kuwé wis metu (sekang negari Mesir), ramané dhéwéké kabéh ngucap, “Setemené inyong wis ngrasa ambuné Yusuf, sekirané koora padha ngarani inyong linglung (mesthi ko kabéh padha mbenerna inyong).”
قَالُوْا تَاللّٰهِ اِنَّكَ لَفِيْ ضَلٰلِكَ الْقَدِيْمِ٩٥
Qālū tallāhi innaka lafī ḍalālikal-qadīm(i).
[95]
Dhéwéké kabéh (kulawargané) ngucap, “Sekawit Allah setemené rika kuwé ésih keliru baekaya gemiyén.”
فَلَمَّآ اَنْ جَاۤءَ الْبَشِيْرُ اَلْقٰىهُ عَلٰى وَجْهِهٖ فَارْتَدَّ بَصِيْرًاۗ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْۙ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٩٦
Falammā an jā'al-basyīru alqāhu ‘alā wajihihī fartadda baṣīrā(n), qāla alam aqul lakum, innī a‘lamu minallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[96]
Mangka rikala wis teka sing nggawa kabar bebungah kuwé, banjur déusapna (klambi kuwé) maring rainé (Yakub), temuli kiyam-beké bisa weruh maning. Kiyambeké (Yakub) ngucap, “Saora-orané inyong wis ngucap maring ko kabéh, lamon inyong ngaweruhi sekang Gusti Allah apa sing ko kabéh ora padha kaweruhi.”
قَالُوْا يٰٓاَبَانَا اسْتَغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَآ اِنَّا كُنَّا خٰطِـِٕيْنَ٩٧
Qālū yā abānastagfir lanā żunūbanā innā kunnā khāṭi'īn(a).
[97]
Dhéwéké padha ngucap, “Dhuh rama! Suwunaken pengampura nggo inyong kabéh keluputané inyong kabéh. Setemené inyong kuwé wong singpadha luput (dosa).”
قَالَ سَوْفَ اَسْتَغْفِرُ لَكُمْ رَبِّيْ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٩٨
Qāla saufa astagfiru lakum rabbī, innahū huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[98]
Kiyambeké (Yakub) ngucap, “Inyong bakal nyuwunaken pengampura nggo ko kabéh maring Pengéranku. Temen, Penjenengané Maha Ngampura, Mahawelas.”
فَلَمَّا دَخَلُوْا عَلٰى يُوْسُفَ اٰوٰٓى اِلَيْهِ اَبَوَيْهِ وَقَالَ ادْخُلُوْا مِصْرَ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ اٰمِنِيْنَ ۗ٩٩
Falammā dakhalū ‘alā yūsufa āwā ilaihi abawaihi wa qāladkhulū miṣra in syā'allāhu āminīn(a).
[99]
Mangka rikala dhéwéké kabéh mlebu maring (panggonané) Yusuf, kiyambeké padha ngrangkul (lan nyedhiakna panggonan nggo) wong tuwané sekloron lan ngucap, “Padha mlebua maring negari Mesir, insya Allah slamet.”
وَرَفَعَ اَبَوَيْهِ عَلَى الْعَرْشِ وَخَرُّوْا لَهٗ سُجَّدًاۚ وَقَالَ يٰٓاَبَتِ هٰذَا تَأْوِيْلُ رُءْيَايَ مِنْ قَبْلُ ۖقَدْ جَعَلَهَا رَبِّيْ حَقًّاۗ وَقَدْ اَحْسَنَ بِيْٓ اِذْ اَخْرَجَنِيْ مِنَ السِّجْنِ وَجَاۤءَ بِكُمْ مِّنَ الْبَدْوِ مِنْۢ بَعْدِ اَنْ نَّزَغَ الشَّيْطٰنُ بَيْنِيْ وَبَيْنَ اِخْوَتِيْۗ اِنَّ رَبِّيْ لَطِيْفٌ لِّمَا يَشَاۤءُ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ١٠٠
Wa rafa‘a abawaihi ‘alal-‘arsyi wa kharrū lahū sujjadā(n), wa qāla yā abati hāżā ta'wīlu ru'yāya min qabl(u), qad ja‘alahā rabbī ḥaqqā(n), wa qad aḥsana bī iż akhrajanī minas-sijni wa jā'a bikum minal-badwi mim ba‘di an nazagasy-syaiṭānu bainī wa baina ikhwatī, inna rabbī laṭīful limā yasyā'(u), innahū huwal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[100]
Lan kiyambeké ngunggahna wong tuwané sekloron maring korsi dhuwur (singgasana). Lan dhéwéké (sekabéhé) padha temungkul maring kiyambeké (Yusuf). Lan kiyambeké (Yusuf) ngucap, “Dhuh ramaku! Kiyé tegesé (takwil) impénku gemiyén. Lansetemené Pengéranndadékna (impénkuwé) barang nyata. Setemené Pengéranku wis temindak apik maring inyong, rikala Penjenengané ngetokna inyong sekang kunjara lan rikala nggawa ko kabéh sekang kampung sewisé sétan ngrusak (peseduluran) antarané inyong karo sedulur-sedulurku. Temen Pengéranku Mahaaris maring apa sing Penjenengané kersakna. Temen, Penjenengané Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
۞ رَبِّ قَدْ اٰتَيْتَنِيْ مِنَ الْمُلْكِ وَعَلَّمْتَنِيْ مِنْ تَأْوِيْلِ الْاَحَادِيْثِۚ فَاطِرَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَنْتَ وَلِيّٖ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۚ تَوَفَّنِيْ مُسْلِمًا وَّاَلْحِقْنِيْ بِالصّٰلِحِيْنَ١٠١
Rabbi qad ātaitanī minal-mulki wa ‘allamtanī min ta'wīlil-aḥādīṡ(i), fāṭiras-samāwāti wal-arḍ(i), anta waliyyī fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), tawaffanī muslimaw wa alḥiqnī biṣ-ṣāliḥīn(a).
[101]
Pengéran kula, sejatosé Penjenengan empun paring kenugrahan dhateng kula sebagéan kekuwasan lanempun paring wulang kawruh dhateng kula sebagéan teges (takwil) impi. (Dhuh, Pengéran) sing nyipta langit lan bumi, Penjenengan niku pengayom kulawonten dunya lan akhérat, mugi Penjenengan pendhet kula wonten selebeté kahanan semarah(Islam), lan mugi Penjenengan kempalaken kula kaliyan tiyang-tiyang ingkang saé (saléh).”
ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهِ اِلَيْكَۚ وَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ اِذْ اَجْمَعُوْٓا اَمْرَهُمْ وَهُمْ يَمْكُرُوْنَ١٠٢
Żālika min ambā'il-gaibi nūḥīhi ilaik(a), wa mā kunta ladaihim iż ajma‘ū amrahum wa hum yamkurūn(a).
[102]
Kuwé temen sebagéan sekang werta gaib sing Ingsun nurunaken maring sliramu (Muhammad); mangkané sliramu ora nana neng sisihé dhéwéké kabéh, rikala dhéwéké padha mupakat ngatur rékadaya (arep nyemplungna Yusuf maring njero sumur).
وَمَآ اَكْثَرُ النَّاسِ وَلَوْ حَرَصْتَ بِمُؤْمِنِيْنَ١٠٣
Wa mā akṡarun-nāsi wa lau ḥaraṣta bimu'minīn(a).
[103]
Lan akéh-akéhé menungsa ora bakal precaya senajan sliramu (Muhammad) banget kepénginé.
وَمَا تَسْـَٔلُهُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۗ اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَ ࣖ١٠٤
Wa mā tas'aluhum ‘alaihi min ajr(in), in huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[104]
Lan sliramu ora njaluk upah apa-apa maring dhéwéké kabéh ingatasé pengajék-ajékmu kiyé, merga (pengajék-ajék) kuwé piwulangan nggo sekabéhé néng alam.
وَكَاَيِّنْ مِّنْ اٰيَةٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ يَمُرُّوْنَ عَلَيْهَا وَهُمْ عَنْهَا مُعْرِضُوْنَ١٠٥
Wa ka'ayyim min āyatin fis-samāwāti wal-arḍi yamurrūna ‘alaihā wa hum ‘anhā mu‘rḍūn(a).
[105]
Lan sepira akéhé tandha-tandha (agungé Gusti Allah) neng langit lan neng bumi sing dhéwéké kabéh padha liwati, ning dhéwéké padha mléngos sekang (tandha-tandha) kuwé.
وَمَا يُؤْمِنُ اَكْثَرُهُمْ بِاللّٰهِ اِلَّا وَهُمْ مُّشْرِكُوْنَ١٠٦
Wa mā yu'minu akṡaruhum billāhi illā wa hum musyrikūn(a).
[106]
Lan akéh-akéhé dhéwéké ora padha precaya maring Gusti Allah, malah dhéwéké padha nyekuthokna Penjenengané.
اَفَاَمِنُوْٓا اَنْ تَأْتِيَهُمْ غَاشِيَةٌ مِّنْ عَذَابِ اللّٰهِ اَوْ تَأْتِيَهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ١٠٧
Afa aminū an ta'tiyahum gāsyiyatum min ‘ażābillāhi au ta'tiyahumus-sā‘atu bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[107]
Apa dhéwéké kabéh padha ngrasa aman sekang tekané siksané Gusti Allah sing nglingkupi dhéwéké kabéh, utawa tekané Kiyamat maring dhéwéké sing dadakan lan dhéwéké padha ora rumangsa?
قُلْ هٰذِهٖ سَبِيْلِيْٓ اَدْعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ ۗعَلٰى بَصِيْرَةٍ اَنَا۠ وَمَنِ اتَّبَعَنِيْ ۗوَسُبْحٰنَ اللّٰهِ وَمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٠٨
Qul hāżihī sabīlī ad‘ū ilallāh(i), ‘alā baṣīratin ana wa manittaba‘anī, wa subḥānallāhi wa mā ana minal-musyrikīn(a).
[108]
Dhawuha (Muhammad), “Kiyé dalanku, inyong karo wong-wong sing ngetutna inyong ajék-ajék (ko kabéh) maring agamané Gusti Allah kanthi precaya, Mahasuci Gusti Allah, lan inyongora klebu wong-wong sing nyekuthokna (musrik).
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ مِّنْ اَهْلِ الْقُرٰىۗ اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ وَلَدَارُ الْاٰخِرَةِ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ اتَّقَوْاۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ١٠٩
Wa mā arsalnā min qablika illā rijālan nūḥī ilaihim min ahlil-qurā, afalam yasīrū fil-arḍi fa yanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, wa ladārul-ākhirati khairul lil-lażīnattaqau, afalā ta‘qilūn(a).
[109]
Lan Ingsun ora ngutus seurungé sliramu (Muhammad), kejaba wong lanang sing Ingsun paringi wahyu maring dhéwéké neng antarané warga negari. Ora-ora nédhéwéké kabéh padha lelungan neng bumi, banjur weruh kepriwé pungkasané wong-wong sing seurungé dhéwéké (sing padha nggorohaken utusan). Lan temen, negari akhérat kuwé lewih apik tumrap wong-wong sing padha semarah (takwa). Apa ko kabéh ora padha ngerténi?
حَتّٰٓى اِذَا اسْتَيْـَٔسَ الرُّسُلُ وَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ قَدْ كُذِبُوْا جَاۤءَهُمْ نَصْرُنَاۙ فَنُجِّيَ مَنْ نَّشَاۤءُ ۗوَلَا يُرَدُّ بَأْسُنَا عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِيْنَ١١٠
Ḥattā iżastai'asar-rusulu wa ẓannū annahum qad kużibū jā'ahum naṣrunā, fa nujjiya man nasyā'(u), wa lā yuraddu ba'sunā ‘anil-qaumil-mujrimīn(a).
[110]
Saéngga rikala para utusan ora duwé pengarep-arep maning (ngenani precayaé kaumé) lan precaya lamon dhéwéké kabéh wis dégorohna, mangka teka maring dhéwéké (para utusan) kuwé pitulungané Ingsun, banjur déslametna wong sing Ingsun kersakna. Lan siksané Ingsun ora bisa détolak sekang wong sing dosa.
لَقَدْ كَانَ فِيْ قَصَصِهِمْ عِبْرَةٌ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۗ مَا كَانَ حَدِيْثًا يُّفْتَرٰى وَلٰكِنْ تَصْدِيْقَ الَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيْلَ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُدًى وَّرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ١١١
Laqad kāna fī qaṣaṣihim ‘ibratul li'ulil-albāb(i), mā kāna ḥadīṡay yuftarā wa lākin taṣdīqal-lażī baina yadaihi wa tafṣīla kulli syai'iw wa hudaw wa raḥmatal liqaumiy yu'minūn(a).
[111]
Temen, neng crita-critané para utusankuwé ana piwulang tumrap wong-wong sing duwé nalar. (Al-Qur’an) kuwé udu cerita sing dégawé-gawé, ning mbenerna (kitab-kitab) sing seurungé, nggenahna samubarang kabéhlan minangka pituduh lan kewelasan (rahmat) nggo wong-wong sing padha precaya.