Surah Hud
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗ كِتٰبٌ اُحْكِمَتْ اٰيٰتُهٗ ثُمَّ فُصِّلَتْ مِنْ لَّدُنْ حَكِيْمٍ خَبِيْرٍۙ١
Alif lām rā, kitābun uḥkimat āyātuhū ṡumma fuṣṣilat mil ladun ḥakīmin khabīr(in).
[1]
Alif Laam Raa. (Kiyé) kitab sing ayat-ayat-É desungsun kanthi barés banjur déterangna kanthi terwaca, 393 (sing déturunaken) sekang sisihé (Gusti Allah) Sing Mahawicaksana, Mahanastiti,
393) Dejlentreh dadi pirang-pirang werna, ana sing ngenani tauhid, hukum, cerita, akhlak, ngélmu, janji, pepénget lan liya-liyané, detata sesurat-sesurat, seayat-seayat lan seterusé.
اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۗاِنَّنِيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ وَّبَشِيْرٌۙ٢
Allā ta‘budū illallāh(a), innanī lakum minhu nażīruw wa basyīr(un).
[2]
supaya ko kabéh ora padha nyembah seliyané Gusti Allah. Setemené inyong (Muhammad) kuwé sing awéh pepénget lan nggawa werta bebungah sekang Penjenengané nggo ko kabéh.
وَّاَنِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ يُمَتِّعْكُمْ مَّتَاعًا حَسَنًا اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى وَّيُؤْتِ كُلَّ ذِيْ فَضْلٍ فَضْلَهٗ ۗوَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيْرٍ٣
Wa anistagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaihi yumatti‘kum matā‘an ḥasanan ilā ajalim musammaw wa yu'ti kulla żī faḍlin faḍlah(ū), wa in tawallau fa innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin kabīr(in).
[3]
Lan peryogané ko padha nyuwun pengampura maring Pengéranmu lan padha tobata maring Penjenengan-É, mesthi Penje-nengané bakal paring kenékmatan sing apik maring ko kabéh nganti tekané wektu sing wis dépesthékna. Lan Penjenengané bakal paring kanugrahan-É maring saben-saben wong sing temindak apik. Lan angger ko padha mléngos, mangka setemené inyong kewatir maring ko bakal padha désiksa neng dina sing agung (Kiyamat).
اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ ۚوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤
Ilallāhi marji‘ukum, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[4]
Maring Gusti Allah ko kabéh bali. Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
اَلَآ اِنَّهُمْ يَثْنُوْنَ صُدُوْرَهُمْ لِيَسْتَخْفُوْا مِنْهُۗ اَلَا حِيْنَ يَسْتَغْشُوْنَ ثِيَابَهُمْ ۙيَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَۚ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ ۔٥
Alā innahum yaṡnūna ṣudūrahum liyastakhfū minh(u), alā ḥīna yastagsyūna ṡiyābahum, ya‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[5]
Élinga, setemené dhéwéké (wong-wong lamis/munapék) kuwé padha mléngosna dhadhané nggo ngumpetna awaké sekang slirané (Muhammad). 394 Élinga, rikala dhéwéké padha ngemuli awaké nganggo bujur, Gusti Allah mriksani apa sing dhéwéké padha umpetna lan apa sing dhéwéké padha edhéngna, temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani (sekabéh) isiné ati.
394) Ngumpetna rasa mungsuhan lan lamisé (munapék) dhéwéké kabéh maring Nabi Muhammad s.a.w.
۞ وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۗ كُلٌّ فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٦
Wa mā min dābbatin fil-arḍi illā ‘alallāhi rizquhā wa ya‘lamu mustaqarrahā wa mustauda‘ahā, kullun fī kitābim mubīn(in).
[6]
Lan ora siji-sijia mahluk sing obah (duwé nyawa) neng bumi kejaba kabéh détanggung déning Gusti Allah rejekiné. Penjenengané mriksani panggonané lan papan simpéna-né. 395 Kabéh ketulis neng kitab sing nyata (lauh mahfuz).
395) Miturut sebagéané para juru tapsir, sing démaksud karo “nggon netep ” neng kéné kuwé dunya, lan “nggon simpénan” yakuwé akhérat. Lan miturut sebagéan juru tapsir liyané, maksudé ”nggon netep” yakuwé balung sulbi, lan “nggon simpénan” yakuwé rahim.
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ وَّكَانَ عَرْشُهٗ عَلَى الْمَاۤءِ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا ۗوَلَىِٕنْ قُلْتَ اِنَّكُمْ مَّبْعُوْثُوْنَ مِنْۢ بَعْدِ الْمَوْتِ لَيَقُوْلَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَٓا اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٧
Wa huwal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmiw wa kāna ‘arsyuhū ‘alal-mā'i liyabluwakum ayyukum aḥsanu ‘amalā(n), wa la'in qulta innakum mab‘ūṡūna mim ba‘dil-mauti layaqūlannal-lażīna kafarū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[7]
Lan Penjenengané sing nyiptakna langit lan bumi sejeroné nem mangsa, lan ‘Arasy-É neng ndhuwur banyu, seperlu Penjenengané nguji sapa neng antarané ko kabéh sing lewih apik temindaké. Angger sliramu ngucap (maring warga Mekah), “Setemené ko kabéh bakal détangékna sewisé mati,” mesthi wong-wong sing mbangkang (kapir) kuwé bakal ngucap, “Kiyé mung sihir sing nyata.”
وَلَىِٕنْ اَخَّرْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ اِلٰٓى اُمَّةٍ مَّعْدُوْدَةٍ لَّيَقُوْلُنَّ مَا يَحْبِسُهٗ ۗ اَلَا يَوْمَ يَأْتِيْهِمْ لَيْسَ مَصْرُوْفًا عَنْهُمْ وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٨
Wa la'in akhkharnā ‘anhumul-‘ażāba ilā ummatim ma‘dūdatil layaqūlunna mā yaḥbisuh(ū), alā yauma ya'tīhim laisa maṣrūfan ‘anhum wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[8]
Lan temen, angger Ingsun nundha siksa maring wong-wong mau butul wektu sing dépesthékna, mesthi dhéwéké padha ngucap, “Apa sing ngalang-alangi?” Kawru-hana, rikala siksa kuwé teka maring wong-wong mau, ora bisa déindhani déning dhéwéké. Dhéwéké padha dékubengi (siksa) sing gemiyén dhéwéké padha perguyu.
وَلَىِٕنْ اَذَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنَّا رَحْمَةً ثُمَّ نَزَعْنٰهَا مِنْهُۚ اِنَّهٗ لَيَـُٔوْسٌ كَفُوْرٌ٩
Wa la'in ażaqnal-insāna minnā raḥmatan ṡumma naza‘nāhā ‘anh(u), innahū laya'ūsun kafūr(un).
[9]
Lan angger Ingsun paring kewelasan maring menungsa, banjur (kewelasan kuwé) Ingsun jabud maning, mesti dhéwéké padha pungkas lan ora kesuwun.
وَلَىِٕنْ اَذَقْنٰهُ نَعْمَاۤءَ بَعْدَ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُ لَيَقُوْلَنَّ ذَهَبَ السَّيِّاٰتُ عَنِّيْ ۗاِنَّهٗ لَفَرِحٌ فَخُوْرٌۙ١٠
Wa la'in ażaqnāhu na‘mā'a ba‘da ḍarrā'a massathu layaqūlanna żahabas-sayyi'ātu ‘annī, innahū lafariḥun fakhūr(un).
[10]
Lan angger Ingsun paring bebungah maring dhéwéké sewisé détibani bebaya sing ngenani dhéwéké, mesti dhéwéké bakal ngucap, “Wis ilang bebaya kuwé sekang inyong.” setemené dhéwéké (ngrasa) seneng banget lan bangga,
اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ١١
Illal-lażīna ṣabarū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), ulā'ika lahum magfiratuw wa ajrun kabīr(un).
[11]
kejaba wong-wong sing sabar, lan nglakoni kebecikan, dhéwéké kabéh kuwé olih pengampura lan ganjaran sing gedhé.
فَلَعَلَّكَ تَارِكٌۢ بَعْضَ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ وَضَاۤىِٕقٌۢ بِهٖ صَدْرُكَ اَنْ يَّقُوْلُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ كَنْزٌ اَوْ جَاۤءَ مَعَهٗ مَلَكٌ ۗاِنَّمَآ اَنْتَ نَذِيْرٌ ۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ ۗ١٢
Fa la‘allaka tārikum ba‘ḍa mā yūḥā ilaika wa ḍā'ikum bihī ṣadruka ay yaqūlū lau lā unzila ‘alaihi kanzun au jā'a ma‘ahū malak(un), innamā anta nażīr(un), wallāhu ‘alā kulli syai'in wakīl(un).
[12]
Mangka mbok menawa sliramu (Muhammad) bakal niggalna sebagéan sekang apa sing déwahyokna maring sliramu lan dhadhamu dadi (krasa) sumpeg merga dhéwéké bakal padha ngucap, “Kenangapa ora déturunaken maring dhéwéké bandha (dunya-brana) utawa teka bareng dhéwéké malaékat?” Temen, sliramu mung wong sing awéh pengéling-éling lan Gusti Allah ngreksa samubarang kabéh.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۗقُلْ فَأْتُوْا بِعَشْرِ سُوَرٍ مِّثْلِهٖ مُفْتَرَيٰتٍ وَّادْعُوْا مَنِ اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٣
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul fa'tū bi‘asyri suwarim miṡlihī muftarayātiw wad‘ū manistaṭa‘tum min dūnillāhi in kuntum ṣādiqīn(a).
[13]
Malah dhéwéké padha ngucap, “Dhéwéké (Muhammad) wis gawé-gawé Al-Qur’an kuwé.” Dhawuha, “(Angger kaya kuwé)”, tekakna sepuluh surah sing sepadhan karo (Al-Qur’an) sing dégawé-gawé, lan ajéken sapa baé neng antarané ko kabéh sing mumpuni seliyané Gusti Allah, angger ko kabéh wong-wong sing bener.”
فَاِلَّمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَكُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اُنْزِلَ بِعِلْمِ اللّٰهِ وَاَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۚفَهَلْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٤
Fa illam yastajībū lakum fa‘lamū annamā unzila bi‘ilmillāhi wa allā ilāha illā huw(a), fahal antum muslimūn(a).
[14]
Mangka angger dhéwéké kabéh ora nyembadani tantanganmu, mangka (ucapana), “Kawruhana, lamon (Al-Qur’an) kuwé déturunaken kanthi ngélmuné Gusti Allah, lan lamon ora nana Pengéran kejaba Penjenengané, mangka apa ko kabéh padha gelem pasrah (mlebu Islam)?”
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا وَزِيْنَتَهَا نُوَفِّ اِلَيْهِمْ اَعْمَالَهُمْ فِيْهَا وَهُمْ فِيْهَا لَا يُبْخَسُوْنَ١٥
Man kāna yurīdul-ḥayātad-dun-yā wa zīnatahā nuwaffi ilaihim a‘mālahum fīhā wa hum fīhā lā yubkhasūn(a).
[15]
Sapa wongé sing kepéngin penguripan dunya lan pepaésé, mesti Ingsun paringi (piwales) pepek ingatasé usahané dhéwéké kabéh neng dunya (kanthi sampurna) lan dhéwéké neng dunya ora bakal kapitunan.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَيْسَ لَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا النَّارُ ۖوَحَبِطَ مَا صَنَعُوْا فِيْهَا وَبٰطِلٌ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٦
Ulā'ikal-lażīna laisa lahum fil-ākhirati illan-nār(u), wa ḥabiṭa mā ṣana‘ū fīhā wa bāṭilum mā kānū ya‘malūn(a).
[16]
Kuwé wong-wong sing ora pekolih (apa-apa) neng akhérat kejaba neraka, lan muspra neng kana apa sing wis dhéwéké padha usahakna (neng dunya) lan kebusek apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
اَفَمَنْ كَانَ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖ وَيَتْلُوْهُ شَاهِدٌ مِّنْهُ وَمِنْ قَبْلِهٖ كِتٰبُ مُوْسٰىٓ اِمَامًا وَّرَحْمَةًۗ اُولٰۤىِٕكَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ ۗوَمَنْ يَّكْفُرْ بِهٖ مِنَ الْاَحْزَابِ فَالنَّارُ مَوْعِدُهٗ فَلَا تَكُ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْهُ اِنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٧
Afaman kāna ‘alā bayyinatim mir rabbihī wa yatlūhu syāhidum minhu wa min qablihī kitābu mūsā imāmaw wa raḥmah(tan), ulā'ika yu'minūna bih(ī), wa may yakfur bihī minal-aḥzābi fan-nāru mau‘iduhū falā taku fī miryatim minhu innahul-ḥaqqu mir rabbika wa lākinna akṡaran-nāsi lā yu'minūn(a).
[17]
Mangka apa (wong-wong kapir kuwé padha karo) wong sing wis duwé bukti sing nyata (Al-Qur’an) sekang Pengérané, lan détututi kanthi seksi 396 sekang Penjenengané lan seurungé wis ana uga Kitabé Musa sing dadi pathokan lan kewelasan (rahmat)? Dhéwéké padha precaya maring (Al-Qur’an). Sapa wongé sing mbangkangi (Al-Qur’an) neng antarané klompok-klompok (wong Quraisy), mangka neraka kuwé panggonan sing deancamna nggo dhéwéké, merga kuwé sliramu aja mamang maring Al-Qur’an. Setemené, Al-Qur’an kuwé nyata-nyata sekang Pengéranmu, ning akéh-akéhé menungsa ora padha precaya.
396) Ana sing napsirna seksi kuwé malekat Jibril, Al-Qur’an utawa Kanjeng Nabi Muhammad.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۗ اُولٰۤىِٕكَ يُعْرَضُوْنَ عَلٰى رَبِّهِمْ وَيَقُوْلُ الْاَشْهَادُ هٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ كَذَبُوْا عَلٰى رَبِّهِمْۚ اَلَا لَعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الظّٰلِمِيْنَ ۙ١٨
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibā(n), ulā'ika yu‘raḍūna ‘alā rabbihim wa yaqūlul-asyhādu hā'ulā'il-lażīna każabū ‘alā rabbihim, alā la‘natullāhi ‘alaẓ-ẓālimīn(a).
[18]
Lan sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing ngana-anakna sewenéh apus-apus maring Gusti Allah? Dhéwéké kuwé bakal padha déadhepna maring Pengérané, lan para seksi, 397 bakal ngucap, “Wong-wong kiyé sing wis padha goroh maring Pengérané dhéwéké.” Élinga, laknaté Gusti Allah (temiba) maring wong-wong sing padha aniaya (dolim),
397) Maksudé para seksi yakuwé malaékat, nabi-nabi lan perangane awaké dhéwék.
الَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۗ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كفِٰرُوْنَ١٩
Al-lażīna yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wa yabgūnahā ‘iwajā(n), wa hum bil-ākhirati hum kāfirūn(a).
[19]
(yakuwé) wong-wong sing padha ngalang-alangi dalané Gusti Allah lan kepéngin supa-ya dalan kuwé menggok. 398 Lan dhéwéké kuwé wong-wong sing padha ora precaya anané dina wekasan (akhérat)
398) Maksudé, dhéwéké kabéh usaha supaya wong liya ngingkari agama sing bener.
اُولٰۤىِٕكَ لَمْ يَكُوْنُوْا مُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِ وَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ ۘ يُضٰعَفُ لَهُمُ الْعَذَابُ ۗمَا كَانُوْا يَسْتَطِيْعُوْنَ السَّمْعَ وَمَا كَانُوْا يُبْصِرُوْنَ٢٠
Ulā'ika lam yakūnū mu‘jizīna fil-arḍi wa mā kāna lahum min dūnillāhi min auliyā'(a), yuḍā‘afu lahumul-‘ażāb(u), mā kānū yastaṭī‘ūnas-sam‘a wa mā kānū yubṣirūn(a).
[20]
Wong-wong mau ora kewasa nolak (siksané Gusti Allah) neng bumi, lan ora bakal ana sing tulung tumrap dhéwéké seliyané Gusti Allah. Siksa détikelna nggo wong-wong kuwé. Dhéwéké padha ora bisa ngrungokna (bebener) lan ora bisa ngaweruhi (kuwé).
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢١
Ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[21]
Dhéwéké kuwé wong-wong sing padha gawé kapitunan (maring) awaké dhéwék, lan sirna sekang dhéwéké apa sing terus dhéwéké padha réka-réka.
لَاجَرَمَ اَنَّهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ هُمُ الْاَخْسَرُوْنَ٢٢
Lā jarama annahum fil-ākhirati humul-akhsarūn(a).
[22]
Mesthi wong-wong kuwé (dadi) wong sing paling kapitunan neng akhérat.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاَخْبَتُوْٓا اِلٰى رَبِّهِمْۙ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٣
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa akhbatū ilā rabbihim, ulā'ika aṣḥābul-jannati hum fīhā khālidūn(a).
[23]
Setemené wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan lan dhépé-dhépé maring Pengéran, dhéwéké kuwé sing padha manggoni suwarga, wong-wong mau padha langgeng neng njeroné.
۞ مَثَلُ الْفَرِيْقَيْنِ كَالْاَعْمٰى وَالْاَصَمِّ وَالْبَصِيْرِ وَالسَّمِيْعِۗ هَلْ يَسْتَوِيٰنِ مَثَلًا ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ ࣖ٢٤
Maṡalul-farīqaini kal-a‘mā wal-aṣammi wal-baṣīri was-samī‘(i), hal yastawiyāni maṡalā(n), afalā tażakkarūn(a).
[24]
Peumpaman rong panthan (wong kapir karo mukmin) kaya wong picek tur budheg karo wong weruh tur krungu. Apa padha golongan loro kuwé? Mangka apa ko ora padha ngalap piwulang?
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖٓ اِنِّيْ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۙ٢٥
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī innī lakum nażīrum mubīn(un).
[25]
Lan temen, Ingsun wis ngutus Nuh maring kaumé, (dhéwéké ngucap), “Temen inyong kiyé sing awéh pengéling-éling sing genah nggo ko kabéh,
اَنْ لَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۖاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ اَلِيْمٍ٢٦
Allā ta‘budū illallāh(a), innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin alīm(in).
[26]
supaya ko ora padha nyembah seliyané Gusti Allah. Inyong temen-temen kewatir ko kabéh bakal ketiban siksa (neng) dina sing banget perihé.”
فَقَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ مَا نَرٰىكَ اِلَّا بَشَرًا مِّثْلَنَا وَمَا نَرٰىكَ اتَّبَعَكَ اِلَّا الَّذِيْنَ هُمْ اَرَاذِلُنَا بَادِيَ الرَّأْيِۚ وَمَا نَرٰى لَكُمْ عَلَيْنَا مِنْ فَضْلٍۢ بَلْ نَظُنُّكُمْ كٰذِبِيْنَ٢٧
Fa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī mā narāka illā basyaram miṡlanā wa mā narākattaba‘aka illal-lażīna hum arāżilunā bādiyar-ra'y(i), wa mā narā lakum ‘alainā min faḍlim bal naẓunnukum kāżibīn(a).
[27]
Mangka padha ngucap para pemimpiné wong-wong mbangkang (kapir) maring kaumé, “Inyong padha ora nyawang sliramu, kejaba mung siji menungsa (biasa) kaya inyong kabéh, lan inyong ora padha weruh wong sing ngetutna ko kejaba wong sing ina neng antarané inyong kabéh sing padha gagiyan precaya. Inyong kabéh ora weruh sliramu duwé sewenéh sing ngungkuli inyong kabéh, malah inyong padha ngarani ko kuwé tukang apus-apus.”
قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَاٰتٰىنِيْ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِهٖ فَعُمِّيَتْ عَلَيْكُمْۗ اَنُلْزِمُكُمُوْهَا وَاَنْتُمْ لَهَا كٰرِهُوْنَ٢٨
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī wa ātānī raḥmatam min ‘indihī fa ‘ummiyat ‘alaikum, anulzimukumūhā wa antum lahā kārihūn(a).
[28]
Dhéwéké (Nuh) ngucap “Hé kaumku! Apa penemumu angger inyong duwé bukti sing nyata sekang Pengéranku, lan inyong déparingi kewelasan sekang sisih-É, (lan sekang kewelasan kuwé) désamarna ingatasé ko kabéh. Apa inyong kabéh arep meksa ko supaya padha nampa, mangkané ko kabéh ora seneng (maring kuwé)?
وَيٰقَوْمِ لَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مَالًاۗ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ وَمَآ اَنَا۠ بِطَارِدِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ اِنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَلٰكِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُوْنَ٢٩
Wa yā qaumi lā as'alukum ‘alaihi mālā(n), in ajriya illā ‘alallāhi wa mā ana biṭāridil-lażīna āmanū, innahum mulāqū rabbihim wa lākinnī arākum qauman tajhalūn(a).
[29]
Lan hé kaumku! Inyong ora njaluk bandha maring ko kabéh (minangka upah) ingatasé pengajék-ajéku. Upahku mung sekang Gusti Allah lan inyong ora pisan-pisan bakal ngurak wong-wong sing wis padha precaya. Temen, dhéwéké kabéh bakal ketemu karo Pengérané, lan kosok-baliné inyong ndeleng ko kabéh dadi kaum sing bodho.
وَيٰقَوْمِ مَنْ يَّنْصُرُنِيْ مِنَ اللّٰهِ اِنْ طَرَدْتُّهُمْ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٣٠
Wa yā qaumi may yanṣurunī minallāhi in ṭarattuhum, afalā tażakkarūn(a).
[30]
Lan hé kaumku! Sapa sing bakal nulungi inyong sekang (siksané) Gusti Allah angger inyong ngurak wong-wong mau. Apa ko ora padha ngalap piwulang?
وَلَآ اَقُوْلُ لَكُمْ عِنْدِيْ خَزَاۤىِٕنُ اللّٰهِ وَلَآ اَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَآ اَقُوْلُ اِنِّيْ مَلَكٌ وَّلَآ اَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ تَزْدَرِيْٓ اَعْيُنُكُمْ لَنْ يُّؤْتِيَهُمُ اللّٰهُ خَيْرًا ۗ اَللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ ۚاِنِّيْٓ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ٣١
Wa lā aqūlu lakum ‘indī khazā'inullāhi wa lā a‘lamul-gaiba wa lā aqūlu innī malakuw wa lā aqūlu lil-lażīna tazdarī a‘yunukum lay yu'tiyahumullāhu khairā(n), allāhu a‘lamu bimā fī anfusihim, innī iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[31]
Lan inyong ora ngucap maring ko kabéh, lamon inyong duwé gudhang-gudhang rejeki lan dunya-brana sekang Gusti Allah, lan inyong ora ngaweruhi barang sing ora keton (gaib), lan (uga) ora ngucapna lamon setemené inyong kiyé malekat, lan (uga) inyong ora ngucapna maring wong-wong sing deanggep ina tumrap penyawangmu, “Lamon Gusti Allah ora bakal maringi kebecikan maring dhéwéké kabéh. Gusti Allah lewih ngawuningani apa sing ana neng awaké dhéwéké kabéh. Temen, angger kaya kuwé nyata-nyata inyong klebu wong-wong sing aniaya (dolim).”
قَالُوْا يٰنُوْحُ قَدْ جَادَلْتَنَا فَاَ كْثَرْتَ جِدَالَنَا فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٣٢
Qālū yā nūḥu qad jādaltanā fa akṡarta jidālanā fa'tinā bimā ta‘idunā in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[32]
Wong-wong mau padha ngucap, “Hé Nuh! Temen, sliramu wis bantah-bantahan karo inyong kabéh, lan sliramu wis ndawak-dawakna bantahanmu maring inyong kabéh, mangka tekakna maring inyong siksa sing wis sliramu ancamna, angger sliramu klebu wong sing bener.”
قَالَ اِنَّمَا يَأْتِيْكُمْ بِهِ اللّٰهُ اِنْ شَاۤءَ وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ٣٣
Qāla innamā ya'tīkum bihillāhu in syā'a wa mā antum bimu‘jizīn(a).
[33]
Kiyambeké (Nuh) semaur, “Mung Gusti Allah sing bakal nekakna siksa maring ko kabéh, angger Penjenengané ngersakna, lan ko kabéh ora bakal bisa sewala (lolos).
وَلَا يَنْفَعُكُمْ نُصْحِيْٓ اِنْ اَرَدْتُّ اَنْ اَنْصَحَ لَكُمْ اِنْ كَانَ اللّٰهُ يُرِيْدُ اَنْ يُّغْوِيَكُمْ ۗهُوَ رَبُّكُمْ ۗوَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَۗ٣٤
Wa lā yanfa‘ukum nuṣḥī in arattu an anṣaḥa lakum in kānallāhu yurīdu ay yugwiyakum, huwa rabbukum, wa ilaihi turja‘ūn(a).
[34]
Lan pituturku ora bakal migunani tumrap ko kabéh senajan inyong kepéngin awéh pitutur maring ko, angger Gusti Allah kersa nyasarna ko kabéh. Penjenengané kuwé Pengéranmu, lan maring Penjenengané ko kabéh bakal débalékna.”
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُۗ قُلْ اِنِ افْتَرَيْتُهٗ فَعَلَيَّ اِجْرَامِيْ وَاَنَا۠ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُجْرِمُوْنَ ࣖ٣٥
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul iniftaraituhū fa ‘alayya ijrāmī wa ana barī'um mimmā tujrimūn(a).
[35]
Malah dhéwéké (wong-wong kapir) padha ngucap, “Dhéwéké mung reka-reka gawé thok.” Dhawuha (Muhammad), “Angger inyong reka-reka, inyong sing bakal mikul dosané, lan inyong kalis sekang dosa sing ko kabéh padha pergawé.”
وَاُوْحِيَ اِلٰى نُوْحٍ اَنَّهٗ لَنْ يُّؤْمِنَ مِنْ قَوْمِكَ اِلَّا مَنْ قَدْ اٰمَنَ فَلَا تَبْتَىِٕسْ بِمَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَۖ٣٦
Wa ūḥiya ilā nūḥin annahū lay yu'mina min qaumika illā man qad āmana falā tabta'is bimā kānū yaf‘alūn(a).
[36]
Lan déwahyokna maring Nuh, “Kawruhana ora bakal padha precaya neng antarané kaumu, seliyané wong sing nyata-nyata precaya (baé), mangka sliramu aja susah atiné ngenani apa sing dhéwéké kabéh padha pergawé.
وَاصْنَعِ الْفُلْكَ بِاَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا وَلَا تُخَاطِبْنِيْ فِى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ۚاِنَّهُمْ مُّغْرَقُوْنَ٣٧
Waṣna‘il-fulka bi'a‘yuninā wa waḥyinā wa lā tukhāṭibnī fil-lażīna ẓalamū, innahum mugraqūn(a).
[37]
Lan gawéa prahu kuwé kanthi pengawasan lan pituduh wahyuné Ingsun, lan aja pisan-pisan sliramu matur maring Ingsun ngenani wong-wong sing padha aniaya (dolim). Setemené dhéwéké kabéh kuwé bakal délelepna.”
وَيَصْنَعُ الْفُلْكَۗ وَكُلَّمَا مَرَّ عَلَيْهِ مَلَاٌ مِّنْ قَوْمِهٖ سَخِرُوْا مِنْهُ ۗقَالَ اِنْ تَسْخَرُوْا مِنَّا فَاِنَّا نَسْخَرُ مِنْكُمْ كَمَا تَسْخَرُوْنَۗ٣٨
Wa yaṣna‘ul-fulk(a), wa kullamā marra ‘alaihi mala'um min qaumihī sakhirū minh(u), qāla in taskharū minnā fa innā naskharu minkum kamā taskharūn(a).
[38]
Lan dhéwéké (Nuh) molahi gawé prahu. Saben-saben pemimpin kaumé mlaku ngliwati, wong-wong kuwé padha ngenyék maring kiyambeké. Kiyambeké (Nuh) ngucap, “Angger ko padha ngenyék maring inyong kabéh, mangka inyong padha (uga) bakal ngenyék maring ko kabéh kayadéné ko padha ngenyék (inyong).
فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٣٩
Fa saufa ta‘lamūn(a), may ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa yaḥillu ‘alaihi ‘ażābum muqīm(un).
[39]
Mangka mbésuk ko padha bakal ngerti sapa sing bakal déparingi siksa sing gawé ina lan (sapa) sing bakal déparingi siksa sing langgeng.”
حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَ اَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّوْرُۙ قُلْنَا احْمِلْ فِيْهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَاَهْلَكَ اِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ وَمَنْ اٰمَنَ ۗوَمَآ اٰمَنَ مَعَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلٌ٤٠
Ḥattā iżā jā'a amrunā wafārat-tannūr(u), qulnaḥmil fīhā min kullin zaujainiṡnaini wa ahlaka illā man sabaqa ‘alaihil-qaulu wa man āman(a), wa mā āmana ma‘ahū illā qalīl(un).
[40]
Nganti rikala préntahé Ingsun teka lan tanur (pawon) wis mancurna banyu, Ingsun dha-wuh, “Momoten maring njeroné (prahu kuwé) sekang siji-siji (kéwan) sejodho (lanang lan wadon), lan (uga) keluwargamu seliyané wong sing wis kena ketetepan gemiyén, lan (momoten uga) wong sing padha precaya.” Nyatané wong-wong precaya sing bareng karo Nuh mung semendhing.
۞ وَقَالَ ارْكَبُوْا فِيْهَا بِسْمِ اللّٰهِ مَجْرٰ۪ىهَا وَمُرْسٰىهَا ۗاِنَّ رَبِّيْ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٤١
Wa qālarkabū fīhā bismillāhi majrêhā wa mursāhā, inna rabbī lagafūrur raḥīm(un).
[41]
Kiyambeké ngucap, “Numpaka ko kabéh maring njero (prahu) kanthi (nyebut) asmané Gusti Allah neng wektu (prahu) mangkat lan (prahu) minggir. Setemené Pengéranku Maha Ngampura, Mahaasih.
وَهِيَ تَجْرِيْ بِهِمْ فِيْ مَوْجٍ كَالْجِبَالِۗ وَنَادٰى نُوْحُ ِۨابْنَهٗ وَكَانَ فِيْ مَعْزِلٍ يّٰبُنَيَّ ارْكَبْ مَّعَنَا وَلَا تَكُنْ مَّعَ الْكٰفِرِيْنَ٤٢
Wa hiya tajrī bihim fī maujin kal-jibāl(i), wa nādā nūḥunibnahū wa kāna fī ma‘ziliy yā bunayyarkam ma‘anā wa lā takum ma‘al-kāfirīn(a).
[42]
Lan prahu kuwé mangkat nggawa dhéwéké kabéh maring njero ombak (sing) kaya gunung-gunung. Lan Nuh celuk-celuk anaké, 399 rikala dhéwéké (anak kuwé) ana neng panggonan sing adoh tur mencil, “Hé anaku! Munggaha (maring prahu) bareng-bareng inyong kabéh lan ko aja bareng-bareng wong-wong mbangkang (kapir).”
399) Jeneng putrané nabi Nuh as, sing kapir kuwé Qan’an, lan putra-putrané sing precaya kuwé Sam, Ham, Jafis.
قَالَ سَاٰوِيْٓ اِلٰى جَبَلٍ يَّعْصِمُنِيْ مِنَ الْمَاۤءِ ۗقَالَ لَا عَاصِمَ الْيَوْمَ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ اِلَّا مَنْ رَّحِمَ ۚوَحَالَ بَيْنَهُمَا الْمَوْجُ فَكَانَ مِنَ الْمُغْرَقِيْنَ٤٣
Qāla sa'āwī ilā jabaliy ya‘ṣimunī minal-mā'(i), qāla lā ‘āṣimal-yauma min amrillāhi illā ma raḥim(a), wa ḥāla bainahumal-mauju fa kāna minal-mugraqīn(a).
[43]
Dhéwéké (anaké) semaur, “Inyong arep nggolét pengayoman maring gunung sing bisa njaga inyong sekang banyu blabur!” (Nuh) ngucap, “Ora nana sing bisa ngayomi sekang siksané Gusti Allah neng dina kiyé seliyané Gusti Allah sing Mahaasih.” Lan ombak dadi ngalang-ngalangi antarané wong loro kuwé; mangka dhéwéké (anak kuwé) klebu wong-wong sing délelepna.
وَقِيْلَ يٰٓاَرْضُ ابْلَعِيْ مَاۤءَكِ وَيٰسَمَاۤءُ اَقْلِعِيْ وَغِيْضَ الْمَاۤءُ وَقُضِيَ الْاَمْرُ وَاسْتَوَتْ عَلَى الْجُوْدِيِّ وَقِيْلَ بُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٤٤
Wa qīla yā arḍubla‘ī mā'aki wa yā samā'u aqli‘ī wa gīḍal-mā'u wa quḍiyal-amru wastawat ‘alal-jūdiyyi wa qīla bu‘dal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[44]
Lan dédhawuhna, “Hé bumi! Untalen banyumu lan hé langit! (udan!) mandhega.” Lan banyu désatna, lan préntah dépung-kasna, 400 lan prahu kuwé minggir neng ndhuwur gunung Judi, 401 lan dédhawuhna, “Musnaha wong-wong sing padha aniaya (dolim).”
400) Yakuwé Gusti Allah wis ngleksanakna janjiné karo maténi wong sing kapir maring nabi Nuh as lan nylametna wong sing precaya.
401) Gunung Judi ana neng Armenia sisih kidul, watesan karo Mesopotamia
وَنَادٰى نُوْحٌ رَّبَّهٗ فَقَالَ رَبِّ اِنَّ ابْنِيْ مِنْ اَهْلِيْۚ وَاِنَّ وَعْدَكَ الْحَقُّ وَاَنْتَ اَحْكَمُ الْحٰكِمِيْنَ٤٥
Wa nādā nūḥur rabbahū fa qāla rabbi innabnī min ahlī, wa inna wa‘dakal-ḥaqqu wa anta aḥkamul-ḥākimīn(a).
[45]
Lan Nuh nyuwun maring Pengérané karo matur, “Dhuh Pengéran kula, sejatosipun anak kula niku kelebet keluwargi kula, lan saéstu janji Penjenengan niku mesthi leres. Penjenengan niku hakim ingkang paling adil.”
قَالَ يٰنُوْحُ اِنَّهٗ لَيْسَ مِنْ اَهْلِكَ ۚاِنَّهٗ عَمَلٌ غَيْرُ صَالِحٍ فَلَا تَسْـَٔلْنِ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ ۗاِنِّيْٓ اَعِظُكَ اَنْ تَكُوْنَ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ٤٦
Qāla yā nūḥu innahū laisa min ahlik(a), innahū ‘amalun gairu ṣāliḥ(in), falā tas'alnī mā laisa laka bihī ‘ilm(un), innī a‘iẓuka an takūna minal-jāhilīn(a).
[46]
Penjenengané (Gusti Allah) ngendika, “Hé Nuh! Setemené dhéwéké kuwé ora klebu keluwargamu, merga setemené lakoné temen ora apik, merga kuwé aja pisan-pisan sliramu nyuwun maring Ingsun apa-apa sing ora sliramu ngerténi (hakékaté). Ingsun pituturi sliramu supaya (sliramu) ora klebu wong sing bodho.”
قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِكَ اَنْ اَسْـَٔلَكَ مَا لَيْسَ لِيْ بِهٖ عِلْمٌ ۗوَاِلَّا تَغْفِرْ لِيْ وَتَرْحَمْنِيْٓ اَكُنْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٤٧
Qāla rabbi innī a‘ūżu bika an as'alaka mā laisa lī bihī ‘ilm(un), wa illā tagfir lī wa tarḥamnī akum minal-khāsirīn(a).
[47]
Kiyambeké (Nuh) matur, “Duh Pengéran kula, sejatosipun kula nyuwun pangreksa dhateng Penjenengan, saperlu nyuwun dhateng Penjenengan napa-napa sing kula mboten ngertos (hakékatipun). Menawi Penjenengan mboten paring pengamputen dhateng kula, lan mboten paring welas dhateng kula, mesthi kula kelebet tiyang ingkang kapitunan.”
قِيْلَ يٰنُوْحُ اهْبِطْ بِسَلٰمٍ مِّنَّا وَبَرَكٰتٍ عَلَيْكَ وَعَلٰٓى اُمَمٍ مِّمَّنْ مَّعَكَ ۗوَاُمَمٌ سَنُمَتِّعُهُمْ ثُمَّ يَمَسُّهُمْ مِّنَّا عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤٨
Qīla yā nūḥuhbiṭ bisalāmim minnā wa barakātin ‘alaika wa ‘alā umamim mimmam ma‘ak(a), wa umamun sanumatti‘uhum ṡumma yamassuhum minnā ‘ażābun alīm(un).
[48]
Dédhawuhna, “Hé Nuh! Medhuna kanthi slamet aman sentosa, lan berkah sekang Ingsun nggo sliramu lan nggo kabéh umat (mukmin) sing bareng sliramu. Lan ana umat-umat sing Ingsun paringi kesenengan (neng penguripan dunya), banjur dhéwéké bakal padha ketiban siksané Ingsun sing perih.”
تِلْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهَآ اِلَيْكَ ۚمَا كُنْتَ تَعْلَمُهَآ اَنْتَ وَلَا قَوْمُكَ مِنْ قَبْلِ هٰذَاۚ فَاصْبِرْۚ اِنَّ الْعَاقِبَةَ لِلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٤٩
Tilka min ambā'il-gaibi nūḥīhā ilaik(a), mā kunta ta‘lamuhā anta wa lā qaumuka min qabli hāżā, faṣbir, innal-‘āqibata lil-muttaqīn(a).
[49]
Kuwé sebagéan sekang werta-werta gaib sing Ingsun wahyokna maring sliramu (Muhammad); ora nglakon sliramu kaweruhi lan ora (uga) kaumu seurungé kiyé. Mangka sabara, setemené, pungkasan (sing apik) kuwé nggo wong-wong sing semarah (takwa).
وَاِلٰى عَادٍ اَخَاهُمْ هُوْدًا ۗقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا مُفْتَرُوْنَ٥٠
Wa ilā ‘ādin akhāhum hūdā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), in antum illā muftarūn(a).
[50]
Lan maring kaum ‘Ad (Ingsun utus) seduluré dhéwéké kabéh, Hud. Dhéwéké ngucap, “Hé Kaumku! Sembahen Gusti Allah, ora nana Pengéran tumrap ko kabéh seliyané Penjenengané. (Sesuwéné kiyé) ko kabéh mung padha gawé-gawé.
يٰقَوْمِ لَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًا ۗاِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى الَّذِيْ فَطَرَنِيْ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٥١
Yā qaumi lā as'alukum ‘alaihi ajrā(n), in ajriya illā ‘alal-lażī faṭaranī, afalā ta‘qilūn(a).
[51]
Hé kaumku! Inyong ora njaluk upah maring ko kabéh ingatasé (pengajék-ajék) kiyé. Upahku mung sekang Gusti Allah sing wis nyiptakna inyong. Apa ko kabéh ora padha mengerténi?”
وَيٰقَوْمِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ يُرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًا وَّيَزِدْكُمْ قُوَّةً اِلٰى قُوَّتِكُمْ وَلَا تَتَوَلَّوْا مُجْرِمِيْنَ٥٢
Wa yā qaumistagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaihi yursilis-samā'a ‘alaikum midrāraw wa yazidkum quwwatan ilā quwwatikum wa lā tatawallau mujrimīn(a).
[52]
Lan (Hud ngucap), “Hé kaumku! Padha nyuwuna pengampura maring Pengéranmu banjur tobata maring Penjenengané, mesthi Penjenengané nurunaken udan sing banget gedhéné, Penjenengané bakal nambahi kekuwatan sendhuwuré kekuwatanmu, lan aja padha mléngos dadi wong sing dosa.”
قَالُوْا يٰهُوْدُ مَاجِئْتَنَا بِبَيِّنَةٍ وَّمَا نَحْنُ بِتَارِكِيْٓ اٰلِهَتِنَا عَنْ قَوْلِكَ وَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِيْنَ٥٣
Qālū yā hūdu mā ji'tanā bibayyinatiw wa mā naḥnu bitārikī ālihatinā ‘an qaulika wa mā naḥnu laka bimu'minīn(a).
[53]
Dhéwéké kabéh (kaum ‘Ad) ngucap, “Hé Hud! Sliramu ora nekakna sewenéh bukti sing nyata maring inyong kabéh, lan inyong padha ora bakal ninggalna sesembahanku merga ucapanmu lan inyong kabéh ora bakal precaya maring sliramu,
اِنْ نَّقُوْلُ اِلَّا اعْتَرٰىكَ بَعْضُ اٰلِهَتِنَا بِسُوْۤءٍ ۗقَالَ اِنِّيْٓ اُشْهِدُ اللّٰهَ وَاشْهَدُوْٓا اَنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ٥٤
In naqūlu illa‘tarāka ba‘ḍu ālihatinā bisū'(in), qāla innī usyhidullāha wasyhadū annī barī'um mimmā tusyrikūn(a).
[54]
inyong kabéh mung ngucapna lamon sebagéan sesembahané inyong wis nekakna prenyakit édan maring awakmu.” Kiyambeké (Hud) njawab, “Setemené inyong merseksi maring Gusti Allah lan seksénana lamon inyong ora cawé-cawé sekang apa sing ko padha sekuthokna,
مِنْ دُوْنِهٖ فَكِيْدُوْنِيْ جَمِيْعًا ثُمَّ لَا تُنْظِرُوْنِ٥٥
Min dūnihī fa kīdūnī jamī‘an ṡumma lā tunẓirūn(i).
[55]
kanthi seliyané, merga kuwé tindakna kabéh pengapus-apusmu maring inyong lan aja ko padha nundha maning.
اِنِّيْ تَوَكَّلْتُ عَلَى اللّٰهِ رَبِّيْ وَرَبِّكُمْ ۗمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ اِلَّا هُوَ اٰخِذٌۢ بِنَاصِيَتِهَا ۗاِنَّ رَبِّيْ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٥٦
Innī tawakkaltu ‘alallāhi rabbī wa rabbikum, mā min dābbatin illā huwa ākhiżum bināṣiyatihā, inna rabbī ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[56]
Setemené inyong pasrah maring Gusti Allah Pengéranku lan Pengéranmu kabéh. Ora siji-sijia mahluk obah sing duwé nyawa kejaba Penjenengané sing ngasta mbun-mbunané (ngewasani). Temen, Pengéranku neng dalan sing jejeg (adil).
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ مَّآ اُرْسِلْتُ بِهٖٓ اِلَيْكُمْ ۗوَيَسْتَخْلِفُ رَبِّيْ قَوْمًا غَيْرَكُمْۗ وَلَا تَضُرُّوْنَهٗ شَيْـًٔا ۗاِنَّ رَبِّيْ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَفِيْظٌ٥٧
Fa in tawallau faqad ablagtukum mā ursiltu bihī ilaikum, wa yastakhlifu rabbī qauman gairakum, wa lā taḍurrūnahū syai'ā(n), inna rabbī ‘alā kulli syai'in ḥafīẓ(un).
[57]
Mangka angger ko padha mléngos, mangka temen, inyong wis mbutulna maring ko kabéh apa sing dadi kewajibanku minangka utusan maring ko kabéh. Lan Pengéranku bakal ngganti ko kabéh karo kaum sing liya, lan ko ora padha bisa gawé rubéda (mudarat) maring Penjenengané (senajan) semendhing baé. Temen, Pengéranku Maha Mbaureksa samubarang kabéh.”
وَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا هُوْدًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّاۚ وَنَجَّيْنٰهُمْ مِّنْ عَذَابٍ غَلِيْظٍ٥٨
Wa lammā jā'a amrunā najjainā hūdaw wal-lażīna āmanū ma‘ahū biraḥmatim minnā, wa najjaināhum min ‘ażābin galīẓ(in).
[58]
Lan rikala siksané Ingsun teka, Ingsun nylametna Hud lan wong-wong sing padha precaya bareng kiyambeké kanthi kewelasan Ingsun. Ingsun slametna (uga) dhéwéké kabéh (neng akhérat) sekang siksa sing abot.
وَتِلْكَ عَادٌ ۖجَحَدُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ وَعَصَوْا رُسُلَهٗ وَاتَّبَعُوْٓا اَمْرَ كُلِّ جَبَّارٍ عَنِيْدٍ٥٩
Wa tilka ‘ādun jaḥadū bi'āyāti rabbihim wa ‘aṣau rusulahū wattaba‘ū amra kulli jabbārin ‘anīd(in).
[59]
Lan kuwé mau (critané) kaum ‘Ad sing ngingkari tandha-tandha (kuwasané) Pengéra-né. Dhéwéké padha nyidrani utusan-utusan-É lan nuruti préntahé sekabéhé penguwasa sing sewenang-wenang tur duraka.
وَاُتْبِعُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا لَعْنَةً وَّيَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اَلَآ اِنَّ عَادًا كَفَرُوْا رَبَّهُمْ ۗ اَلَا بُعْدًا لِّعَادٍ قَوْمِ هُوْدٍ ࣖ٦٠
Wa utbi‘ū fī hażihid-dun-yā la‘nataw wa yaumal-qiyāmah(ti), alā inna ‘ādan kafarū rabbahum, alā bu‘dal li‘ādin qaumi hūd(in).
[60]
Lan dhéwéké kabéh tansah détutna kanthi laknat neng dunya kiyé lan (semana uga) neng dina Kiyamat. Élinga kaum ‘Ad kuwé ingkar maring Pengérané. Temen, (dadi) sirna kaum ‘Ad, umaté Hud kuwé,
۞ وَاِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًا ۘ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗهُوَ اَنْشَاَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ وَاسْتَعْمَرَكُمْ فِيْهَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ ۗاِنَّ رَبِّيْ قَرِيْبٌ مُّجِيْبٌ٦١
Wa ilā ṡamūda akhāhum ṣālihā(n), qāla yā qaumi‘budullāḥa mā lakum min ilāhin gairuh(ū), huwa ansya'akum minal-arḍi wasta‘marakum fīhā fastagfirūhu ṡumma tūbū ilaih(i), inna rabbī qarībum mujīb(un).
[61]
lan maring kaum Samud (Ingsun utus) seduluré dhéwéké kabéh, Saléh. Kiyambeké ngucap, “Hé kaumku! Sembahen Gusti Allah, ora nana Pengéran tumrap ko kabéh seliyané Penjenengané. Penjenengané wis nyiptakna ko kabéh sekang bumi (lemah) lan ndadékna ko kabéh sing gawé makmu-ré, 402 merga kuwé nyuwuna pengampura maring Penjenengané, banjur padha tobata maring Penjenengané. Setemené Pengéran-ku banget pérek (kewelasané) lan nyemba-dani (penyuwunan kewulan-É).”
402) Menungsa depapanakén neng dunya (bumi) supayané ngewasani lan makmuraken dunya kuwé.
قَالُوْا يٰصٰلِحُ قَدْ كُنْتَ فِيْنَا مَرْجُوًّا قَبْلَ هٰذَآ اَتَنْهٰىنَآ اَنْ نَّعْبُدَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَا وَاِنَّنَا لَفِيْ شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُوْنَآ اِلَيْهِ مُرِيْبٍ٦٢
Qālū yā ṣāliḥu qad kunta fīnā marjuwwan qabla hāżā atanhānā an na‘buda mā ya‘budu ābā'unā wa innanā lafī syakkim mimmā tad‘ūnā ilaihi murīb(in).
[62]
Dhéwéké kabéh (kaum Samud) padha ngucap, “Hé Saléh! Temen, sliramu seurungé kiyé ana neng tengah-tengahe inyong kabéh, dadi wong sing déarep-arep, kenangapa sliramu nyegah maring inyong kabéh nyembah apa sing désembah déning kaki-nininé inyong? Temen, inyong nyata-nyata ana neng sejeroné mamang lan rungsing ingatasé apa (agama) sing sliramu anjur-anjurna maring inyong kabéh.”
قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْۗ وَاٰتٰىنِيْ مِنْهُ رَحْمَةً فَمَنْ يَّنْصُرُنِيْ مِنَ اللّٰهِ اِنْ عَصَيْتُهٗ ۗفَمَا تَزِيْدُوْنَنِيْ غَيْرَ تَخْسِيْرٍ٦٣
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī, wa ātānī minhu raḥmatan famay yanṣurunī minallāhi in ‘aṣaituh(ū), famā tazīdūnanī gaira takhsīr(in).
[63]
Dhéwéké (Saléh) ngucap, “Hé kaumku! Terangna maring inyong angger inyong nduwé bukti sing nyata sekang Pengéranku lan inyong déparingi rahmat (kenabian) sekang Penjenengané, mangka sapa sing bakal nulungi inyong sekang (siksané) Gusti Allah angger inyong ndurakani? Mangka ko kabéh mung bakal nambahi kapitunan maring inyong.
وَيٰقَوْمِ هٰذِهٖ نَاقَةُ اللّٰهِ لَكُمْ اٰيَةً فَذَرُوْهَا تَأْكُلْ فِيْٓ اَرْضِ اللّٰهِ وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ قَرِيْبٌ٦٤
Wa yā qaumi hāżihī nāqatullāhi lakum āyatan fa żarūhā ta'kul fī arḍillāhi wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābun qarīb(un).
[64]
Lan hé kaumku! Kiyé unta wadon sekang Gusti Allah, minangka jimat (mukjizat) nggo ko kabéh, mangka ko jorna dhéwéké mangan neng buminé Gusti Allah, lan aja pisan-pisan ko padha ngganggu karo gangguan apa baé sing bakal nyebabna ko kabéh sigra détibani (siksa).”
فَعَقَرُوْهَا فَقَالَ تَمَتَّعُوْا فِيْ دَارِكُمْ ثَلٰثَةَ اَيَّامٍ ۗذٰلِكَ وَعْدٌ غَيْرُ مَكْذُوْبٍ٦٥
Fa ‘aqarūhā fa qāla tamatta‘ū fī dārikum ṡalāṡata ayyām(in), żālika wa‘dun gairu makżūb(in).
[65]
Mangka wong-wong mau padha nyembeléh unta kuwé, banjur kiyambeké (Saléh) ngucap, “Padha seneng-senenga ko kabéh neng umahmu sesuwéné telung dina. 403 Kuwé janji sing ora bisa dégorohna.”
403) Penggawéané dhéwéké padha nyembeléh onta kuwé sewijiné planggaran maring larangané Nabi Saleh. Merga kuwé Gusti Allah nibakna maring dhéwéké kabéh ukuman yakuwé matesi uripé dhéwéké kabéh mung neng wektu telung dina, mangka minangka simbingan, dhéwéké kabéh dékongkon seneng-seneng sedawané telung dina.
فَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا صٰلِحًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَمِنْ خِزْيِ يَوْمِىِٕذٍ ۗاِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيْزُ٦٦
Falammā jā'a amrunā najjainā ṣāliḥaw wal-lażīna āmanū ma‘ahū biraḥmatim minnā wa min khizyi yaumi'iż(in), inna rabbaka huwal-qawiyyul-‘ażīz(u).
[66]
Mangka rikala putusané Ingsun teka, Ingsun slametna Saléh lan wong-wong sing padha precaya bareng dhéwéké kanthi kewelasan Ingsun lan (Ingsun slametna) sekang kenisthané dina kuwé. Temen, Pengéranmu, Penjenengané Mahakuwat, Mahadigdaya.
وَاَخَذَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دِيَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ٦٧
Wa akhażal-lażīna ẓalamuṣ-ṣaiḥatu fa aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[67]
Banjur sewara sing gemlendhung nggepyuk wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé nganti dhéwéké padha mati pating gléthak neng umahé.
كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَا ۗ اَلَآ اِنَّ ثَمُوْدَا۟ كَفَرُوْا رَبَّهُمْ ۗ اَلَا بُعْدًا لِّثَمُوْدَ ࣖ٦٨
Ka allam yagnau fīhā, alā inna ṡamūda kafarū rabbahum, alā bu‘dal liṡamūd(a).
[68]
Kaya-kaya dhéwéké kabéh urung nglakon manggon 404 neng papan kuwé. Élinga, kaum Samud padha ngingkari Pengérané. Élinga, mangka temen sirna kaum Samud.
404) Kaya kuwé sigrané dhéwéké deajurna déning bledhég mau, mulané dhéwéké padha ajur-mumur tanpa tilas, kaya-kaya dhéwéké kabéh ora nglakon ana.
وَلَقَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُنَآ اِبْرٰهِيْمَ بِالْبُشْرٰى قَالُوْا سَلٰمًا ۖقَالَ سَلٰمٌ فَمَا لَبِثَ اَنْ جَاۤءَ بِعِجْلٍ حَنِيْذٍ٦٩
Wa laqad jā'at rusulunā ibrāhīma bil-busyrā qālū salāmā(n), qāla salāmun famā labiṡa an jā'a bi‘ijlin ḥanīż(in).
[69]
Lan para utusan Ingsun (para malaékat) wis teka maring Ibrahim karo nggawa werta bebungah, kiyambeké padha ngucapna, “Rahayu,” kiyambeké (Ibrahim) njawab, “Rahayu (ingatasé sampéyan kabéh).” Mangka ora antarané suwé banjur Ibrahim nyuguhna daging pedhét sing dépanggang.
فَلَمَّا رَآٰ اَيْدِيَهُمْ لَا تَصِلُ اِلَيْهِ نَكِرَهُمْ وَاَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيْفَةً ۗقَالُوْا لَا تَخَفْ اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمِ لُوْطٍۗ٧٠
Falammā ra'ā aidiyahum lā taṣilu ilaihi nakirahum wa aujasa minhum khīfah(tan), qālū lā takhaf innā ursilnā ilā qaumi lūṭ(in).
[70]
Mangka rikala dédeleng tangané wong-wong mau ora padha ngemék panganan, kiyambeké (Ibrahim) curiga maring kiyambeké kabeh, lan krasa kewatir maring kiyambeké kabéh. Kiyambeké kabéh (malaékat) ngucap, “Aja wedi, setemené inyong padha déutus maring kaumé Lut.”
وَامْرَاَتُهٗ قَاۤىِٕمَةٌ فَضَحِكَتْ فَبَشَّرْنٰهَا بِاِسْحٰقَۙ وَمِنْ وَّرَاۤءِ اِسْحٰقَ يَعْقُوْبَ٧١
Wamra'atuhū qā'imatun fa ḍaḥikat fa basysyarnāhā bi'isḥāq(a), wa miw warā'i isḥāqa ya‘qūb(a).
[71]
Lan bojoné njanggleng, banjur dhéwéké mésem. Mangka Ingsun butulna werta bebungah ngenani (lairé) Ishak lan sewisé Ishak (bakal lair) Yakub.
قَالَتْ يٰوَيْلَتٰىٓ ءَاَلِدُ وَاَنَا۠ عَجُوْزٌ وَّهٰذَا بَعْلِيْ شَيْخًا ۗاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ عَجِيْبٌ٧٢
Qālat yā wailatā a'alidu wa ana ‘ajūzuw wa hāżā ba‘lī syaikhā(n), inna hāżā lasyai'un ‘ajīb(un).
[72]
Dhéwéké (bojoné) ngucap, “Temen aneh, apa bisa inyong bakal nglairna anak mangkané inyong wis tuwa, lan lanangku kiyé wis tuwa pisan? Kiyé temen prekara sing ora tinemu ngakal.”
قَالُوْٓا اَتَعْجَبِيْنَ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ رَحْمَتُ اللّٰهِ وَبَرَكٰتُهٗ عَلَيْكُمْ اَهْلَ الْبَيْتِۗ اِنَّهٗ حَمِيْدٌ مَّجِيْدٌ٧٣
Qālū ata‘jabīna min amrillāhi raḥmatullāhi wa barakātuh(ū), ‘alaikum ahlal-bait(i), innahū ḥamīdum majīd(un).
[73]
Kiyambeké (para malaékat) ngucap, “Kenangapa sliramu krasa gumun ngenani pepesthéné Gusti Allah? (Kuwé mau) kewelasané Gusti Allah lan berkahé Gusti Allah, désuntek maring ko kabéh, hé ahli bait (sing duwé umah)! Setemené Gusti Allah Maha Kinalembana, Mahaasih.”
فَلَمَّا ذَهَبَ عَنْ اِبْرٰهِيْمَ الرَّوْعُ وَجَاۤءَتْهُ الْبُشْرٰى يُجَادِلُنَا فِيْ قَوْمِ لُوْطٍ٧٤
Falammā żahaba ‘an ibrāhīmar rau‘u wa jā'athul busyrā yujādilunā fī qaumi lūṭ(in).
[74]
Mangka rikala rasa wedi wis ilang sekang Ibrahim lan werta bebungah wis teka maring kiyambeké, kiyambeké banjur takon-takonan karo (para malaékat) ngenani kaum Lut.
اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ لَحَلِيْمٌ اَوَّاهٌ مُّنِيْبٌ٧٥
Inna ibrāhīma laḥalīmun awwāhum munīb(un).
[75]
Ibrahim temen aris, alus atiné lan seneng bali (maring Gusti Allah).
يٰٓاِبْرٰهِيْمُ اَعْرِضْ عَنْ هٰذَا ۚاِنَّهٗ قَدْ جَاۤءَ اَمْرُ رَبِّكَۚ وَاِنَّهُمْ اٰتِيْهِمْ عَذَابٌ غَيْرُ مَرْدُوْدٍ٧٦
Yā ibrāhīmu a‘riḍ ‘an hāżā, innahū qad jā'a amru rabbik(a), wa innahum ātīhim ‘ażābun gairu mardūd(in).
[76]
Hé Ibrahim! Tinggalana (takon-takonan) kiyé, temen, pepesthéné Pengéranmu wis teka, lan dhéwéké kabéh bakal détibani siksa sing ora bisa détolak.
وَلَمَّا جَاۤءَتْ رُسُلُنَا لُوْطًا سِيْۤءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَّقَالَ هٰذَا يَوْمٌ عَصِيْبٌ٧٧
Wa lammā jā'at rusulunā lūṭan sī'a bihim wa ḍāqa bihim żar‘aw wa qāla hāżā yaumun ‘aṣīb(un).
[77]
Lan rikala para utusan Ingsun (para malaékat) kuwé wis teka maring Lut, dhéwéké krasa curiga lan dhadhané krasa sesek merga (tekan)é tamu-tamu kuwé. Kiyambeké (Lut) ngucap, “Kiyé dina sing banget sulité.” 405
405) Nabi Lut krasa susah merga tekané para utusané Gusti Allah kuwé merga dhéwéké kabéh wujud bujang sing bagus-bagus. Kaum Lut dhemen banget maring bujang-bujang sing bagus nggo nglakoni homo seksual (lanang dhemen lanang, wadon dhemen wadon). Lut krasa ora sanggup ngreksa tamuné angger ana gangguan sekang wong-wong kuwé.
وَجَاۤءَهٗ قَوْمُهٗ يُهْرَعُوْنَ اِلَيْهِۗ وَمِنْ قَبْلُ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِۗ قَالَ يٰقَوْمِ هٰٓؤُلَاۤءِ بَنَاتِيْ هُنَّ اَطْهَرُ لَكُمْ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَلَا تُخْزُوْنِ فِيْ ضَيْفِيْۗ اَلَيْسَ مِنْكُمْ رَجُلٌ رَّشِيْدٌ٧٨
Wa jā'ahū qaumuhū yuhra‘ūna ilaih(i), wa min qablu kānū ya‘malūnas-sayyi'āt(i), qāla yā qaumi hā'ulā'i banātī hunna aṭharu lakum fattaqullāha wa lā tukhzūni fī ḍaifī, alaisa minkum rajulur rasyīd(un).
[78]
Lan kaumé gagiyan padha teka maring kiyambeké. Lan kawit gemiyén dhéwéké kuwé padha kulina nglakoni penggawé ala. Lut ngucap, “Hé kaumku! Kiyé bocah-bocah wadoné (negari)ku lewih suci tumrap ko kabéh, mangka padha wedia maring Gusti Allah lan aja pisan-pisan padha gawé ala (aran)ku ingatasé dhayohku kiyé. Apa ora nana neng antarané ko kabéh wong sing pinter?”
قَالُوْا لَقَدْ عَلِمْتَ مَا لَنَا فِيْ بَنٰتِكَ مِنْ حَقٍّۚ وَاِنَّكَ لَتَعْلَمُ مَا نُرِيْدُ٧٩
Qālū laqad ‘alimta mā lanā fī banātika min ḥaqq(in), wa innaka lata‘lamu mā nurīd(u).
[79]
Dhéwéké padha semaur, “ Setemené sliramu mesthi wis ngerti lamon inyong kabéh kiyé ora duwé seneng (brahi) maring bocah-bocah wadonmu, lan sliramu mesthi ngerti apa sing (setemené) inyong kabéh kepéngini.”
قَالَ لَوْ اَنَّ لِيْ بِكُمْ قُوَّةً اَوْ اٰوِيْٓ اِلٰى رُكْنٍ شَدِيْدٍ٨٠
Qāla lau anna lī bikum quwwatan au āwī ilā ruknin syadīd(in).
[80]
Kiyambeké (Lut) ngucap, “Sekirané inyong duwé daya (nggo nolak ko kabéh) utawa inyong bisa nglindhung maring keluwarga sing kuwat (mesthi tek lakoni).”
قَالُوْا يٰلُوْطُ اِنَّا رُسُلُ رَبِّكَ لَنْ يَّصِلُوْٓا اِلَيْكَ فَاَسْرِ بِاَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ الَّيْلِ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنْكُمْ اَحَدٌ اِلَّا امْرَاَتَكَۗ اِنَّهٗ مُصِيْبُهَا مَآ اَصَابَهُمْ ۗاِنَّ مَوْعِدَهُمُ الصُّبْحُ ۗ اَلَيْسَ الصُّبْحُ بِقَرِيْبٍ٨١
Qālū yā lūṭu innā rusulu rabbika lay yaṣilū ilaika fa asri bi'ahlika biqiṭ‘im minal-laili wa lā yaltafit minkum aḥadun illamra'atak(a), innahū muṣībuhā mā aṣābahum, inna mau‘idahumuṣ-ṣubḥ(u), alaisaṣ-ṣubḥu biqarīb(in).
[81]
Kiyambeké kabéh (para malaékat) ngucap, “Hé Lut! Setemené inyong kabéh kiyé para utusané Pengéranmu, dhéwéké kabéh ora bisa ngganggu sliramu, merga kuwé mangkata karo nggawa keluwargamu neng pungkasane wengi lan aja ana wong siji baé sekang anta-rané sliramu kabéh nylinguk maring mburi, kejaba bojomu. Setemené dhéwéké (uga) bakal détibani (siksa) sing nibani dhéwéké kabéh. Setemené rikala tekané siksa ingatasé kaum kuwé neng wektu subuh. Mbok wektu subuh kuwé wis pérek?”
فَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا جَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهَا حِجَارَةً مِّنْ سِجِّيْلٍ مَّنْضُوْدٍ٨٢
Falammā jā'a amrunā ja‘alnā ‘āliyahā sāfilahā wa amṭarnā ‘alaihā ḥijāratam min sijjīlim manḍūd(in).
[82]
Mangka rikala keputusané Ingsun teka, Ingsun jungkir-walikna negariné kaum Lut, lan Ingsun krutugi dhéwéké kabéh terus-terusan karo watu sekang lemah sing kebakar,
مُسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَۗ وَمَا هِيَ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ بِبَعِيْدٍ ࣖ٨٣
Musawwamatan ‘inda rabbik(a) wa mā hiya minaẓ-ẓālimīna biba‘īd(in).
[83]
sing déwéhi tenger déning Pengéranmu. Lan siksa kuwé ora adoh sekang wong-wong sing padha aniaya (dolim).
۞ وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۗقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗوَلَا تَنْقُصُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ اِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ بِخَيْرٍ وَّاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ مُّحِيْطٍ٨٤
Wa ilā madyana akhāhum syu‘aibā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), wa lā tanquṣul-mikyāla wal-mīzāna innī arākum bikhairiw wa innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumim muḥīṭ(in).
[84]
Lan maring (warga) Madyan (Ingsun utus) seduluré dhéwéké kabéh, Syuaib. Kiyambe-ké ngucap, “Hé kaumku! Sembaha Gusti Allah, ora nana Pengéran tumrap ko kabéh seliyané Penjenengané. Lan aja pisan-pisan ko padha nyuda takeran lan timbangan. Setemené inyong weruh ko kabéh neng kahanan sing apik (makmur). Lan setemené inyong kewatir ko bakal padha détibani siksa neng dina sing gawé ajur (Kiyamat).
وَيٰقَوْمِ اَوْفُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ بِالْقِسْطِ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ٨٥
Wa yā qaumi auful-mikyāla wal-mīzāna bil-qisṭi wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[85]
Lan hé kaumku! Sempurnakna takeran lan timbangan kanthi adil, lan aja gawé kapitunan (maring) menungsa ingatasé hak-haké dhéwéké, lan aja padha nglakoni kejahatan neng bumi kanthi gawé kerusakan.
بَقِيَّتُ اللّٰهِ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ەۚ وَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِحَفِيْظٍ٨٦
Baqiyyatullāhi khairul lakum in kuntum mu'minīn(a), wa mā ana ‘alaikum biḥafīẓ(in).
[86]
Lewihan (sing halal) sekang Gusti Allah kuwé lewih apik tumrap awakmu angger ko kabéh wong sing padha precaya. Lang inyong udu (wong) sing ngreksa ingatasé ko kabéh.
قَالُوْا يٰشُعَيْبُ اَصَلٰوتُكَ تَأْمُرُكَ اَنْ نَّتْرُكَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَآ اَوْ اَنْ نَّفْعَلَ فِيْٓ اَمْوَالِنَا مَا نَشٰۤؤُا ۗاِنَّكَ لَاَنْتَ الْحَلِيْمُ الرَّشِيْدُ٨٧
Qālū yā syu‘aibu aṣalātuka ta'muruka an natruka mā ya‘budu ābā'unā au an naf‘ala fī amwālinā mā nasyā'(u), innaka la'antal-ḥalīmur-rasyīd(u).
[87]
Dhéwéké padha ngucap, “Hé Syuaib! Apa agamamu sing préntah maring ko supaya inyong padha ninggalna apa sing désembah (déning) kaki-nininé inyong kabéh utawa nglarang inyong padha ngatur bandhané inyong nganggo cara sing inyong kepéngini? Setemene ko nyata wong sing nyata-nyata aris tur pinter.” 406
406) Ucapan kiyé dhéwéké padha ucapna nggo ngenyék Nabi Syuaib a.s.
قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَرَزَقَنِيْ مِنْهُ رِزْقًا حَسَنًا وَّمَآ اُرِيْدُ اَنْ اُخَالِفَكُمْ اِلٰى مَآ اَنْهٰىكُمْ عَنْهُ ۗاِنْ اُرِيْدُ اِلَّا الْاِصْلَاحَ مَا اسْتَطَعْتُۗ وَمَا تَوْفِيْقِيْٓ اِلَّا بِاللّٰهِ ۗعَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَاِلَيْهِ اُنِيْبُ٨٨
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī wa razaqanī minhu rizqan ḥasanaw wa mā urīdu an ukhālifakum ila mā anhākum ‘anh(u), in urīdu illal-iṣlāḥa mastaṭa‘t(u), wa mā taufīqī illā billāh(i), ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi unīb(u).
[88]
Kiyambeké (Syuaib) ngucap, “Hé kaumku! Terangna maring inyong angger inyong duwé bukti sing nyata sekang Pengéranku lan inyong déparingi déning Penjenengané rejeki sing apik, (apa pantes inyong nyalahi dhawuhé)? Inyong ora niyat nyulayani ko kabéh ingatasé apa sing tek larang sekang kuwé. Inyong mung niyat (nekakna) sing lewih apik selaginé inyong ésih sanggup. Lan pituduh sing inyong tutna mung sekang Gusti Allah. Maring Penjenengané inyong pasrah lan maring Penjenengané inyong bali.
وَيٰقَوْمِ لَا يَجْرِمَنَّكُمْ شِقَاقِيْٓ اَنْ يُّصِيْبَكُمْ مِّثْلُ مَآ اَصَابَ قَوْمَ نُوْحٍ اَوْ قَوْمَ هُوْدٍ اَوْ قَوْمَ صٰلِحٍ ۗوَمَا قَوْمُ لُوْطٍ مِّنْكُمْ بِبَعِيْدٍ٨٩
Wa yā qaumi lā yajrimannakum syiqāqī ay yuṣībakum miṡlu mā aṣāba qauma nūḥin au qauma hūdin au qauma ṣāliḥ(in), wa mā qaumu lūṭim minkum biba‘īd(in).
[89]
Lan hé kaumku! Aja pisan-pisan padha pesulayan antarané inyong (karo ko kabéh) njalari ko padha nglakoni dosa, nganti ko kabéh ketiban siksa kaya sing nibani kaumé Nuh, kaumé Hud, utawa kaumé Saléh, mangkané kaumé Lut kuwé ora adoh sekang ko kabéh.
وَاسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ ۗاِنَّ رَبِّيْ رَحِيْمٌ وَّدُوْدٌ٩٠
Wastagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaih(i), inna rabbī raḥīmuw wadūd(un).
[90]
Lan nyuwuna pengampura maring Pengéranmu kabéh, banjur padha tobata maring Penjenengané. Temen, Pengéranku Mahawelas, Mahaasih.
قَالُوْا يٰشُعَيْبُ مَا نَفْقَهُ كَثِيْرًا مِّمَّا تَقُوْلُ وَاِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْنَا ضَعِيْفًا ۗوَلَوْلَا رَهْطُكَ لَرَجَمْنٰكَ ۖوَمَآ اَنْتَ عَلَيْنَا بِعَزِيْزٍ٩١
Qālū yā syu‘aibu mā nafqahu kaṡīram mimmā taqūlu wa innā lanarāka fīnā ḍa‘īfā(n), wa lau lā rahṭuka larajamnāk(a), wa anta ‘alainā bi‘azīz(in).
[91]
Dhéwéké kabéh padha ngucap, “Hé Syuaib! Inyong kabéh ora akéh ngertiné maring apa sing ko ucapna kuwé, mangkan nyatané inyong kabéh nyawang ko wong sing ora pideksa neng antarané inyong kabéh. Angger ora merga keluwargamu, mesthi inyong wis padha mbandhemi karo watu (maring) ko, lan sliramu uga udu wong sing duwé wibawa neng lingkungané inyong kabéh.”
قَالَ يٰقَوْمِ اَرَهْطِيْٓ اَعَزُّ عَلَيْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ ۗوَاتَّخَذْتُمُوْهُ وَرَاۤءَكُمْ ظِهْرِيًّا ۗاِنَّ رَبِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ٩٢
Qāla yā qaumi arahṭī a‘azzu ‘alaikum minallāh(i), wattakhażtumūhu warā'akum ẓihriyyā(n), inna rabbī bimā ta‘malūna muḥīṭ(un).
[92]
Kiyambeké (Syuaib) njawab, “Hé kaumku! Apa keluwargaku lewih mulya tumrap ko kabéh tenimbang Gusti Allah, malah Penjenengané ko kabéh delah neng mburimu (déapengna)? Kawruhana setemené Pengéranku nglingkupi apa sing ko kabéh pergawé.
وَيٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌ ۗسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَمَنْ هُوَ كَاذِبٌۗ وَارْتَقِبُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ رَقِيْبٌ٩٣
Wa yā qaumi‘malū ‘alā makānatikum innī ‘āmil(un), saufa ta‘lamūn(a), may ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa man huwa kāżib(un), wartaqibū innī ma‘akum raqīb(un).
[93]
Lan hé kaumku! Temindaka miturut kesanggupanmu, setemené inyong temindak (uga). Mbésuk ko kabéh bakal ngerti sapa sing bakal dékenani siksa sing gawé ina lan sapa sing goroh. Lan enténana! Setemené inyong bareng ko kabéh kuwé wong sing padha ngenténi.
وَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا شُعَيْبًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّاۚ وَاَخَذَتِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دِيَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ٩٤
Wa lammā jā'a amrunā najjainā syu‘aibaw wal-lażīna amanū ma‘ahū biraḥmatim minnā, wa akhażatil-lażīna ẓalamuṣ-ṣaiḥatu fa aṣbaḥū fī diyārihim jāṡimīn(a).
[94]
Mangka rikala keputusan Ingsun wis teka, Ingsun slametna Syuaib lan wong-wong sing padha precaya bareng kiyambeké kanthi kewelasan Ingsun. Aridené wong-wong sing padha aniaya (dolim) démusnah-na déning sewara sing gemlendhung, nganti dhéwéké padha mati pating gléthak neng umahé,
كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَا ۗ اَلَا بُعْدًا لِّمَدْيَنَ كَمَا بَعِدَتْ ثَمُوْدُ ࣖ٩٥
Ka allam yagnau fīhā, alā bu‘dal limadyana kamā ba‘idat ṡamūd(u).
[95]
kaya-kaya dhéwéké kabéh urung nglakon manggon neng papan kuwé. Élinga! Musnah temen warga Madyan kayadéné kaumé Samud uga wis musnah.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٩٦
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[96]
Lan temen, Ingsun wis ngutus Musa kanthi nggawa tandha-tandha (kewasané) Ingsun lan bukti sing nyata,
اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَاتَّبَعُوْٓا اَمْرَ فِرْعَوْنَ ۚوَمَآ اَمْرُ فِرْعَوْنَ بِرَشِيْدٍ٩٧
Ilā fir‘auna wa mala'ihī fattaba‘ū amra fir‘aun(a), wa mā amru fir‘auna birasyīd(in).
[97]
maring Fir’aun lan para pemimpin kaumé, ning dhéwéké padha nuruti préntahé Fir’aun, mangkané préntahé Fir’aun udu (préntah) sing bener.
يَقْدُمُ قَوْمَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فَاَوْرَدَهُمُ النَّارَ ۗوَبِئْسَ الْوِرْدُ الْمَوْرُوْدُ٩٨
Yaqdumu qaumahū yaumal-qiyāmati fa auradahumun-nār(a), wa bi'sal-wirdul-maurūd(u).
[98]
Dhéwéké (Fir’aun) mlaku neng ngarepé kaumé neng dina Kiyamat banjur nggawa dhéwéké kabéh (kaumé) mlebu maring neraka. Neraka kuwé seala-alané panggonan sing déleboni.
وَاُتْبِعُوْا فِيْ هٰذِهٖ لَعْنَةً وَّيَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ بِئْسَ الرِّفْدُ الْمَرْفُوْدُ٩٩
Wa utbi‘ū fī hāżihī la‘nataw wa yaumal-qiyāmah(ti), bi'sar-rifdul-marfūd(u).
[99]
Lan dhéwéké kabéh détutna karo laknat neng kéné (dunya) lan (mengkana uga) neng dina Kiyamat. (Laknat) kuwé seala-alané peparing sing déparingna.
ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْقُرٰى نَقُصُّهٗ عَلَيْكَ مِنْهَا قَاۤىِٕمٌ وَّحَصِيْدٌ١٠٠
Żālika min ambā'il-qurā naquṣṣuhū ‘alaika minhā qā'imuw wa ḥaṣīd(un).
[100]
Kuwé sewetara werta ngenani negari-negari (sing wis démusnahna) sing Ingsun ceritakna maring sliramu (Muhammad). Neng antarané negari-negari kuwé sebagéan ésih ana petilasané lan (uga) ana sing wis musnah.
وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَمَآ اَغْنَتْ عَنْهُمْ اٰلِهَتُهُمُ الَّتِيْ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ لَّمَّا جَاۤءَ اَمْرُ رَبِّكَۗ وَمَا زَادُوْهُمْ غَيْرَ تَتْبِيْبٍ١٠١
Wa mā ẓalamnāhum wa lākin ẓalamū anfusahum famā agnat ‘anhum ālihatuhumul-latī yad‘ūna min dūnillāhi min syai'il lammā jā'a amru rabbik(a), wa mā zādūhum gaira tatbīb(in).
[101]
Lan Ingsun ora nganiaya (gawé kapitunan) maring dhéwéké kabéh, ning dhéwéké sing padha nganiaya maring awaké dhéwék, merga kuwé ora migunani semendhing-mendhinga tumrap dhéwéké kabéh sesembahan sing padha désembah seliyané Gusti Allah, rikala siksané Pengéranmu teka. Sesembahané kuwé mung nambahi rusak tumrap dhéwéké kabéh.
وَكَذٰلِكَ اَخْذُ رَبِّكَ اِذَآ اَخَذَ الْقُرٰى وَهِيَ ظَالِمَةٌ ۗاِنَّ اَخْذَهٗٓ اَلِيْمٌ شَدِيْدٌ١٠٢
Wa każālika akhżu rabbika iżā akhażal-qurā wa hiya ẓālimah(tun), inna akhżahū alīmun syadīd(un).
[102]
Lan kaya kuwé siksané Pengéranmu rikala Penjenengané nyiksa (warga) negari-negari sing padha temindak aniaya. Temen, siksané Penjenengané banget larané, banget aboté.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّمَنْ خَافَ عَذَابَ الْاٰخِرَةِ ۗذٰلِكَ يَوْمٌ مَّجْمُوْعٌۙ لَّهُ النَّاسُ وَذٰلِكَ يَوْمٌ مَّشْهُوْدٌ١٠٣
Inna fī żālika la'āyatal liman khāfa ‘ażābal-ākhirah(ti), żālika yaumum majmū‘(un), lahun-nāsu wa żālika yaumum masyhūd(un).
[103]
Setemené neng sing kaya kuwé mesthi ana piwulang tumrap wong-wong sing padha wedi maring siksa akhérat. Yakuwé dina rikala kabéh menungsa dékumpulna (nggo déadili) lan kuwé dina sing désekséni (déning kabéh mahluk).
وَمَا نُؤَخِّرُهٗٓ اِلَّا لِاَجَلٍ مَّعْدُوْدٍۗ١٠٤
Wa mā nu'akhkhiruhū illā li'ajalim ma‘dūd(in).
[104]
Lan Ingsun ora bakal nundha, kejaba nganti wektu sing wis dépesthékna.
يَوْمَ يَأْتِ لَا تَكَلَّمُ نَفْسٌ اِلَّا بِاِذْنِهٖۚ فَمِنْهُمْ شَقِيٌّ وَّسَعِيْدٌ١٠٥
Yauma ya'ti lā takallamu nafsun illā bi'iżnih(ī), fa minhum syaqiyyuw wa sa‘īd(un).
[105]
Rikala dina kuwé teka, ora nana sewiji wong baé sing kemucap, kejaba kanthi idin-É; mangka neng antarané dhéwéké kabéh ana sing sengsara lan ana sing begya.
فَاَمَّا الَّذِيْنَ شَقُوْا فَفِى النَّارِ لَهُمْ فِيْهَا زَفِيْرٌ وَّشَهِيْقٌۙ١٠٦
Fa ammal-lażīna syaqū fa fin-nāri lahum fīhā zafīruw wa syahīq(un).
[106]
Mangka anadéné wong-wong padha sengsara kuwé (panggonané) neng njero neraka, neng kana dhéwéké kabéh padha ngetokna lan nyerot ambekan karo ngrintih,
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا مَا دَامَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اِلَّا مَا شَاۤءَ رَبُّكَۗ اِنَّ رَبَّكَ فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيْدُ١٠٧
Khālidīna fīhā mā dāmatis-samāwātu wal-arḍu illā mā syā'a rabbuk(a), inna rabbaka fa‘‘ālul limā yurīd(u).
[107]
wong-wong mau padha langgeng neng njeroné sedawané ana langit lan bumi, 407 kejaba angger Pengéranmu ngersakna (sing liya). Temen, Pengéranmu Maha Ngleksa-nani ingatasé apa sing Penjenengané kersakna,
407) Kiyé tetembungan sing maksudé nggenahna kelanggengané dhéwéké kabéh neng njero neraka selawasé. Ngalam akhérat uga duwé langit lan bumi.
۞ وَاَمَّا الَّذِيْنَ سُعِدُوْا فَفِى الْجَنَّةِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا مَا دَامَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اِلَّا مَا شَاۤءَ رَبُّكَۗ عَطَاۤءً غَيْرَ مَجْذُوْذٍ١٠٨
Wa ammal-lażīna su‘idū fa fil-jannati khālidīna fīhā mā dāmatis-samāwātu wal-arḍu illā mā syā'a rabbuk(a), ‘aṭā'an gaira majżūż(in).
[108]
Lan anadéné wong-wong sing begya, mangka (panggonané) neng njero suwarga; dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné sedawané ana langit lan bumi, kejaba angger Pengéranmu ngersakna (sing liya); minangka peparing sing ora nana pedhot-pedhoté.
فَلَا تَكُ فِيْ مِرْيَةٍ مِّمَّا يَعْبُدُ هٰٓؤُلَاۤءِ ۗمَا يَعْبُدُوْنَ اِلَّا كَمَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُهُمْ مِّنْ قَبْلُ ۗوَاِنَّا لَمُوَفُّوْهُمْ نَصِيْبَهُمْ غَيْرَ مَنْقُوْصٍ ࣖ١٠٩
Falā taku fī miryatim mimmā ya‘budu hā'ulā'(i), mā ya‘budūna illā kamā ya‘budu ābā'uhum min qabl(u), wa innā lamuwaffūhum naṣībahum gaira manqūṣ(in).
[109]
Mangka sliramu (Muhammad) aja mamang maring apa sing dhéwéké padha sembah. Dhéwéké padha nyembah kayadéné kaki-nininé nyembah seurungé. Ingsun mesthi bakal nyempurnakna piwales (maring) dhéwéké kabéh kanthi ora dékurangi semendhing-mendhinga.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَاخْتُلِفَ فِيْهِ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّهُمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ١١٠
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba fakhtulifa fīh(i), wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika laquḍiya bainahum, wa innahum lafī syakkim minhu murīb(in).
[110]
Lan temen, Ingsun wis paring kitab (Taurat) maring Musa, banjur padha dépersulayakna. Lan angger ora nana ketetepan sing wis lewih dhisit sekang Pengéranmu, mesthi wis déleksanakna ukuman neng antarané dhéwéké kabéh. 408 Temen, dhéwéké (wong-wong kapir Mekah) nyata-nyata neng sejeroné kebingungan lan mamang maring (Al-Qur’an).
408) Sekirané ora nana ketetepan nundha siksa nggo dhéwéké kabéh nganti dina Kiyamat mesthi dhéwéké uga dépaténi rikala wektu kuwé.
وَاِنَّ كُلًّا لَّمَّا لَيُوَفِّيَنَّهُمْ رَبُّكَ اَعْمَالَهُمْ ۗاِنَّهٗ بِمَا يَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ١١١
Wa inna kullan lammā layuwaffiyannahum rabbuka a‘mālahum, innahū bimā ya‘malūna khabīr(un).
[111]
Lan setemené maring saben-saben (sing padha pesulayan kuwé) mesthi Pengéranmu bakal paring piwales kanthi sempurna ingatasé kelakuané. Temen, Penjenengané Mahanastiti ingatasé apa sing dhéwéké padha pergawé.
فَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَ وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْاۗ اِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١٢
Fastaqim kamā umirta wa man tāba ma‘aka wa lā taṭgau, innahū bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[112]
Mangka tetepa sliramu (Muhammad) (neng dalan sing bener) kaya dhawuhé Gusti Allah maring sliramu, lan (uga) wong-wong sing tobat bareng sliramu, lan sliramu aja padha ngliwati wates. Temen, Gusti Allah Maha Mriksani (ingatasé) apa sing ko padha pergawé.
وَلَا تَرْكَنُوْٓا اِلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا فَتَمَسَّكُمُ النَّارُۙ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ ثُمَّ لَا تُنْصَرُوْنَ١١٣
Wa lā tarkanū ilal-lażīna ẓalamū fa tamassakumun-nār(u), wa mā lakum min dūnillāhi min auliyā'a ṡumma lā tunṣarūn(a).
[113]
Lan aja pisan-pisan ko kabéh dhoyong maring wong-wong sing padha aniaya sing njalari ko kabéh desénggol geni neraka, mangkané ora nana tumrap ko kabéh sewijiné wong sing nulungi seliyané Gusti Allah, saéngga ko kabéh ora bakal déparingi pitulungan.
وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ الَّيْلِ ۗاِنَّ الْحَسَنٰتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّاٰتِۗ ذٰلِكَ ذِكْرٰى لِلذّٰكِرِيْنَ١١٤
Wa aqimiṣ-ṣalāta ṭarafayin-nahāri wa zulafam minal-lail(i), innal-ḥasanāti yużhibnas-sayyi'āt(i), żālika żikrā liż-żākirīn(a).
[114]
Lan laksanakna sembayang neng sekaroné pinggiré awan (esuk karo sore) lan neng bagéan kawitané wengi. Penggawéyan-penggawéyan apik kuwé mbusek kesalahan-kesalahan. Kuwé pengéling-éling nggo wong-wong sing tansah padha ngemut-emut (Gusti Allah).
وَاصْبِرْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ١١٥
Waṣbir fa innallāha lā yaḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[115]
Lan padha sabara, mangka setemené Gusti Allah ora nyewiyakna ganjarané wong sing padha nglakoni kebecikan.
فَلَوْلَا كَانَ مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْ قَبْلِكُمْ اُولُوْا بَقِيَّةٍ يَّنْهَوْنَ عَنِ الْفَسَادِ فِى الْاَرْضِ اِلَّا قَلِيْلًا مِّمَّنْ اَنْجَيْنَا مِنْهُمْ ۚوَاتَّبَعَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَآ اُتْرِفُوْا فِيْهِ وَكَانُوْا مُجْرِمِيْنَ١١٦
Fa lau lā kāna minal-qurūni min qablikum ulū baqiyyatiy yanhauna ‘anil-fasādi fil-arḍi illā qalīlam mimman anjainā minhum, wattaba‘al-lażīna ẓalamū mā utrifū fīhi wa kānū mujrimīn(a).
[116]
Mangka kenangapa ora nana neng antarané umat-umat seurungé ko kabéh wong sing duwé keutaman (agama) sing gelem nyegah sekang (gawé) kerusakan neng bumi, kejaba sebagéan cilik sekang antarané wong sing wis Ingsun slametna. Lan wong-wong sing aniaya (dolim) mung padha mentingna kenékmatan lan keméwahan. Lan dhéwéké kuwé wong-wong sing padha dosa.
وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرٰى بِظُلْمٍ وَّاَهْلُهَا مُصْلِحُوْنَ١١٧
Wa mā kāna rabbuka liyuhlikal-qurā biẓulmiw wa ahluhā muṣliḥūn(a).
[117]
Lan Pengéranmu ora bakal ngrusak negari-negari kanthi cara aniaya (dolim), sedawané wargané (dadi) wong-wong sing padha nglakoni kebagusan.
وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ لَجَعَلَ النَّاسَ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلَا يَزَالُوْنَ مُخْتَلِفِيْنَۙ١١٨
Wa lau syā'a rabbuka laja‘alan-nāsa ummataw wāḥidataw wa lā yazālūna mukhtalifīn(a).
[118]
Lan angger Pengéranmu ngersakna, mesthi Penjenengané dadékna menungsa umat sing sewiji, ning dhéwéké tansah padha pesulayan (penemu),
اِلَّا مَنْ رَّحِمَ رَبُّكَ ۗوَلِذٰلِكَ خَلَقَهُمْ ۗوَتَمَّتْ كَلِمَةُ رَبِّكَ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَ١١٩
Illā mar raḥima rabbuk(a), wa liżālika khalaqahum, wa tammat kalimatu rabbika la'amla'anna jahannama minal-jinnati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[119]
kejaba wong-wong sing déparingi kewelasan déning Pengéranmu. Lan nggo sing kaya kuwé Gusti Allah nyiptakna dhéwéké kabéh. Dhawuh (putusané) Pengéranmu wis tetep. “Ingsun mesthi bakal ngebeki neraka Jahanam karo jin lan menungsa (sing duraka) sekabéhé.”
وَكُلًّا نَّقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الرُّسُلِ مَا نُثَبِّتُ بِهٖ فُؤَادَكَ وَجَاۤءَكَ فِيْ هٰذِهِ الْحَقُّ وَمَوْعِظَةٌ وَّذِكْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ١٢٠
Wa kullan naquṣṣu ‘alaika min ambā'ir-rusuli mā nuṡabbitu bihī fu'ādaka wa jā'aka fī hāżihil-ḥaqqu wa mau‘iẓatuw wa żikrā lil-mu'minīn(a).
[120]
Lan kabéh riwayat para utusan, Ingsun critakna maring sliramu (Muhammad), supaya kanthi riwayat kuwé Ingsun neguhna atimu; lan neng njeroné wis déparingna maring sliramu (sekabéhé) bebener, pitutur lan pengéling-eling nggo wong sing padha precaya.
وَقُلْ لِّلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْۗ اِنَّا عٰمِلُوْنَۙ١٢١
Wa qul lil-lażīna lā yu'minūna‘malū ‘alā makānatikum, innā ‘āmilūn(a).
[121]
Lan dhawuhna (Muhammad) maring wong-wong sing ora padha precaya, “Temindaka miturut pelungguhanmu; setemené inyong kabéh uga temen-temen bakal temindak,
وَانْتَظِرُوْاۚ اِنَّا مُنْتَظِرُوْنَ١٢٢
Wantaẓirū innā muntaẓirūn(a).
[122]
lan enténana, setemené inyong uga padha klebu sing padha ngenténi.”
وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاِلَيْهِ يُرْجَعُ الْاَمْرُ كُلُّهٗ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٢٣
Wa lillāhi gaibus-samāwāti wal-arḍi wa ilaihi yurja‘ul-amru kulluhū fa‘budhu wa tawakkal ‘alaih(i), wa mā rabbuka bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[123]
Lan kagungané Gusti Allah nglingkupi wewadiné langit lan bumi lan maring Penjenengané sekabéhé urusan débalékna. Mangka sembaha Penjenengané lan padha pasraha maring Penjenengané. Lan Pengéranmu ora bakal supé ingatasé apa baé sing ko padha pergawé.