Surah Al-Ma’un
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَرَءَيْتَ الَّذِيْ يُكَذِّبُ بِالدِّيْنِۗ١
Ara'aital-lażī yukażżibu bid-dīn(i).
[1]
Apa ko ngerti (wong) sing nggorohna agama?
فَذٰلِكَ الَّذِيْ يَدُعُّ الْيَتِيْمَۙ٢
Fa żālikal-lażī yadu‘‘ul-yatīm(a).
[2]
Mangka ya kuwé wong sing nggentak bocah yatim,
وَلَا يَحُضُّ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۗ٣
Wa lā yaḥuḍḍu ‘alā ṭa‘āmil-miskīn(i).
[3]
lan ora ajék-ajék awéh pangan maring wong mlarat.
فَوَيْلٌ لِّلْمُصَلِّيْنَۙ٤
Fawailul lil-muṣallīn(a).
[4]
Mangka cilaka temen wong-wong sing sembayang,
الَّذِيْنَ هُمْ عَنْ صَلَاتِهِمْ سَاهُوْنَۙ٥
Allażīna hum ‘an ṣalātihim sāhūn(a).
[5]
(yakuwé) wong-wong sing ngemprah maring sembayangé, 926
926) Wong-wong sing ora ngregani lan nglirwakna ngamal lan wektu-wektuné sembayang.
الَّذِيْنَ هُمْ يُرَاۤءُوْنَۙ٦
Allażīna hum yurā'ūn(a).
[6]
Sing padha pamér, 927
927) Maksudé pamer kuwé, temindak sing ora nggo nggolét ridoné Gusti Allah, ning kon olih pengalem utawa kewentar neng masrakat
وَيَمْنَعُوْنَ الْمَاعُوْنَ ࣖ٧
Wa yamna‘ūnal-mā‘ūn(a).
[7]
lan wegah (awéh) pitulungan. 928
928) Seperangan ahli tapsir napsiri “bebeh mbayar jakat”.