Surah Quraisy
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لِاِيْلٰفِ قُرَيْشٍۙ١
Li'īlāfi quraisy(in).
[1]
Jalaran kulinané wong-wong Quraisy,
اٖلٰفِهِمْ رِحْلَةَ الشِّتَاۤءِ وَالصَّيْفِۚ٢
´lāfihim riḥlatasy-syitā'i waṣ-ṣaif(i).
[2]
(yakuwé) pakulinané wong-wong kuwé lungan neng mangsa adhem karo mangsa panas. 925
925) Wong-wong Quraisy biasa lungan utamané dagang maring Negara Syam neng mangsa panas lan maring Yaman neng mangsan adhem. Neng dalan wong-wong mau olih jaminan aman sekang para penguwasa negara sing keliwatan. Kiyé dadi kenékmatan sing gedhé paringané Gusti Allah. Mulané pantes temen angger wong-wong kuwé padha nyembah maring Gusti Allah sing awéh nékmat sing akeh kuwé.
فَلْيَعْبُدُوْا رَبَّ هٰذَا الْبَيْتِۙ٣
Falya‘budū rabba hāżal-bait(i).
[3]
Mangka preyoga dhéwéké padha nyembah maring Pengéran (sing kagungan) dalem kiyé (Ka’bah),
الَّذِيْٓ اَطْعَمَهُمْ مِّنْ جُوْعٍ ەۙ وَّاٰمَنَهُمْ مِّنْ خَوْفٍ ࣖ٤
Allażī aṭ‘amahum min jū‘(in), wa āmanahum min khauf(in).
[4]
sing wis maringi panganan maring dhéwéké nggo ngilangna kencoté lan gawé aman maring dhéwéké sekang rasa wedi.