Surah Al-Fil
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَمْ تَرَ كَيْفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِاَصْحٰبِ الْفِيْلِۗ١
Alam tara kaifa fa‘ala rabbuka bi'aṣḥābil-fīl(i).
[1]
Apa sliramu (Muhammad) ora nggatékna kepriwé Pengéranmu kepareng temindak maring wadya bala sing nunggang gajah? 924
924) Wadya bala utawa tentara sing dépimpin déning Abrahah, Gubernur Yaman sing arep nggempur Ka’bah. Seurungé mlebu maring kota Mekah wadya bala kuwé déserang déning rombongan manuk sing padha mbandhemi nganggo krikil nganti tentara kuwé ajur.
اَلَمْ يَجْعَلْ كَيْدَهُمْ فِيْ تَضْلِيْلٍۙ٢
Alam yaj‘al kaidahum fī taḍlīl(in).
[2]
Apa penjenengané ora ndadékna réka dayané dhéwéké (wadya bala kuwé) muspra?
وَّاَرْسَلَ عَلَيْهِمْ طَيْرًا اَبَابِيْلَۙ٣
Wa arsala ‘alaihim ṭairan abābīl(a).
[3]
Lan Penjenengané ngirimna maring dhéwéké manuk sing panthan-panthan,
تَرْمِيْهِمْ بِحِجَارَةٍ مِّنْ سِجِّيْلٍۙ٤
Tarmīhim biḥijāratim min sijjīl(in).
[4]
sing mbandhemi dhéwéké karo watu sekang lempung sing débakar,
فَجَعَلَهُمْ كَعَصْفٍ مَّأْكُوْلٍ ࣖ٥
Fa ja‘alahum ka‘aṣfim ma'kūl(in).
[5]
saéngga dhéwéké dédadékna neng Penjenengané kayadéné godhong-godhong sing dépangan (uler).