Surah At-Takasur

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْهٰىكُمُ التَّكَاثُرُۙ١
Alhākumut-takāṡur(u).
[1] Méwah-méwahan wis ndadékna ko padha kelalén, 922
922) Méwah-méwahan ngenani akéhé anak, bandha, pangkat, kemuktén lan liya-liyané, ndadékna ko kelalén bekti maring Gusti Allah.

حَتّٰى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَۗ٢
Ḥattā zurtumul-maqābir(a).
[2] nganti ko mlebu sejeron kubur.

كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ٣
Kallā saufa ta‘lamūn(a).
[3] Babar-pisan ora kaya kuwé! Mbésuk ko bakal ngerténi (akibat polahmu kuwé),

ثُمَّ كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٤
Ṡumma kallā saufa ta‘lamūn(a).
[4] banjur babar-pisan ora kaya kuwé! Mbésuk ko bakal ngerténi.

كَلَّا لَوْ تَعْلَمُوْنَ عِلْمَ الْيَقِيْنِۗ٥
Kallā lau ta‘lamūna ‘ilmal-yaqīn(i).
[5] Temenan! Sekirané ko ngaweruhi kanthi yakin,

لَتَرَوُنَّ الْجَحِيْمَۙ٦
Latarawunnal-jaḥīm(a).
[6] mesthi ko temen-temen bakal weruh neraka Jahim,

ثُمَّ لَتَرَوُنَّهَا عَيْنَ الْيَقِيْنِۙ٧
Ṡumma latarawunnahā ‘ainal-yaqīn(i).
[7] banjur ko temen-temen meruhi karo matamu dhéwék,

ثُمَّ لَتُسْـَٔلُنَّ يَوْمَىِٕذٍ عَنِ النَّعِيْمِ ࣖ٨
Ṡumma latus'alunna yauma'iżin ‘anin-na‘īm(i).
[8] banjur ko temen-temen bakal détakoni neng dina kuwé ngenani kenékmatan (sing mewah neng dunya kuwé).