Surah Al-`Adiyat
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْعٰدِيٰتِ ضَبْحًاۙ١
Wal-‘ādiyāti ḍabḥā(n).
[1]
Sekawit jaran perang sing mlayu banter nganti ngongsrong,
فَالْمُوْرِيٰتِ قَدْحًاۙ٢
Fal-mūriyāti qadḥā(n).
[2]
lan jaran sing mletikna geni (kanthi gedrugan kuku sikilé),
فَالْمُغِيْرٰتِ صُبْحًاۙ٣
Fal-mugīrāti ṣubḥā(n).
[3]
lan jaran sing nyerang (kanthi dadakan) neng wayah esuk,
فَاَثَرْنَ بِهٖ نَقْعًاۙ٤
Fa'aṡarna bihī naq‘ā(n).
[4]
saéngga ngaburna lebu,
فَوَسَطْنَ بِهٖ جَمْعًاۙ٥
Fawasaṭna bihī jam‘ā(n).
[5]
banjur nglurug maring tengah-tengahé grombolan mungsuh,
اِنَّ الْاِنْسَانَ لِرَبِّهٖ لَكَنُوْدٌ ۚ٦
Innal-insāna lirabbihī lakanūd(un).
[6]
temen, menungsa kuwé banget ingkaré, (ora kesuwun) maring Pengérané,
وَاِنَّهٗ عَلٰى ذٰلِكَ لَشَهِيْدٌۚ٧
Wa innahū ‘alā żālika lasyahīd(un).
[7]
lan setemené dhéwéké (menungsa) nyekséni (ngakoni) ingkaré dhéwéké,
وَاِنَّهٗ لِحُبِّ الْخَيْرِ لَشَدِيْدٌ ۗ٨
Wa innahū liḥubbil-khairi lasyadīd(un).
[8]
lan setemené kesengsemé dhéwéké maring bandha nyata-nyata keliwat.
۞ اَفَلَا يَعْلَمُ اِذَا بُعْثِرَ مَا فِى الْقُبُوْرِۙ٩
Afalā ya‘lamu iżā bu‘ṡira mā fil-qubūr(i).
[9]
Mangka apa dhéwéké ora ngerti rikala sing neng njero kubur détokna?
وَحُصِّلَ مَا فِى الصُّدُوْرِۙ١٠
Wa ḥuṣṣila mā fiṣ-ṣudūr(i).
[10]
Lan apa sing kesimpen neng dhadha détokna?
اِنَّ رَبَّهُمْ بِهِمْ يَوْمَىِٕذٍ لَّخَبِيْرٌ ࣖ١١
Inna rabbahum bihim yauma'iżil lakhabīr(un).
[11]
Temen, Pengérané dhéwéké kabéh neng dina kuwé Mahanastiti maring kahanané dhéwéké kabéh.