Surah Yunus

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗتِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْحَكِيْمِ١
Alif lām rā, tilka āyātul-kitābil-ḥakīm(i).
[1] Alif laam Raa. Kiyé ayat-ayat Al-Qur’an sing lubér hikmah.

اَكَانَ لِلنَّاسِ عَجَبًا اَنْ اَوْحَيْنَآ اِلٰى رَجُلٍ مِّنْهُمْ اَنْ اَنْذِرِ النَّاسَ وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنَّ لَهُمْ قَدَمَ صِدْقٍ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗ قَالَ الْكٰفِرُوْنَ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ مُّبِيْنٌ٢
Akāna lin-nāsi ‘ajaban an auḥainā ilā rajulim minhum an anżirin-nāsa wa basysyiril-lażīna āmanū anna lahum qadama ṣidqin ‘inda rabbihim, qālal-kāfirūna inna hāżā lasāḥirum mubīn(un).
[2] Apa pantes menungsa dadi gumun lamon Ingsun paring wahyu maring sewijiné wong lanang neng antarané dhéwéké kabéh, “Awéha pepénget maring menungsa lan bungahana wong-wong sing padha precaya, lamon dhéwéké kabéh duwé panggonan sing luhur neng sisihé Pengéran.” Wong-wong sing padha mbangkang (kapir) padha ngucap, “Setemené wong kiyé (Muhammad) nyata-nyata tukang sihir.”

اِنَّ رَبَّكُمُ اللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِ يُدَبِّرُ الْاَمْرَۗ مَا مِنْ شَفِيْعٍ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ اِذْنِهٖۗ ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٣
Inna rabbakumullāhul -lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsyi yudabbirul-amr(a), mā min syafī‘in illā mim ba‘di iżnih(ī), żālikumullāhu rabbukum fa‘budūh(u), afalā tażakkarūn(a).
[3] Setemené Pengéranmu kabéh, Penjenengané kuwé Gusti Allah sing nyiptakna langit lan bumi sejeroné nem mangsa, banjur Penjenengané milenggah neng ndhuwur ‘Arsy (pilenggahan) nggo ngatur sekabéhané urusan. Ora nana sing bisa awéh pitulung kejaba sewisé ana idin Penjenengané. Kuwé Gusti Allah, Pengéranmu kabéh, mangka sembahen Penjenengané. Apa ko ora padha ngalap piwulang?

اِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًاۗ وَعْدَ اللّٰهِ حَقًّاۗ اِنَّهٗ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ بِالْقِسْطِۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيْمٍ وَّعَذَابٌ اَلِيْمٌ ۢبِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ٤
Ilaihi marji‘ukum jamī‘ā(n), wa‘dallāhi ḥaqqā(n), innahū yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū liyajziyal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti bil-qisṭ(i), wal-lażīna kafarū lahum syarābum min ḥamīmiw wa ‘ażābun alīmum bimā kānū yakfurūn(a).
[4] Mung maring Penjenengané ko kabéh bakal bali. Kuwé minangka janjiné Gusti Allah sing temen tur mesthi. Setemené Penjenengané sing ngawiti nyiptakna mahluk banjur mbaléni (nguripna maning sewisé détangékna) supaya Penjenengané paring piwales maring wong-wong sing precaya, lan nglakoni kebagusan kanthi adil. Aridené nggo wong-wong sing mbangkang (déancengi) inuman banyu sing umeb lan siksa sing perih, merga mbangkangé (kufuré) dhéwéké kabéh.

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاۤءً وَّالْقَمَرَ نُوْرًا وَّقَدَّرَهٗ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ مَا خَلَقَ اللّٰهُ ذٰلِكَ اِلَّا بِالْحَقِّۗ يُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٥
Huwal-lażī ja‘alasy-syamsa ḍiyā'aw wal-qamara nūraw wa qaddarahū manāzila lita‘lamū ‘adadas-sinīna wal-ḥisāb(a), mā khalaqallāhu zālika illā bil-ḥaqq(i), yufaṣṣilul-āyāti liqaumiy ya‘lamūn(a).
[5] Penjenengané kuwé sing ndadékna srengé-ngé mencorong lan wulan dadi padhang lan Penjenengané sing netepna panggonan-panggonan ubengané, supayané ko kabéh mengerténi wilangan taun, lan étungan (wektu). Gusti Allah ora nyiptakna sing kaya kuwé kejaba kanthi bener. Penjeneng-ané nggenahna tandha-tandha (agung-É) maring wong-wong sing ngaweruhi.

اِنَّ فِى اخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللّٰهُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَّقُوْنَ٦
Inna fikhtilāfil-laili wan-nahāri wa mā khalaqallāhu fis-samāwāti wal-arḍi la'āyātil liqaumiy yattaqūn(a).
[6] Setemené neng gonta–gantiné wengi lan awan lan neng apa sing déciptakna déning Gusti Allah neng langit lan neng bumi, mesthi ana tandha-tandha (agung-É) tumrap wong-wong sing padha semarah (takwa).

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا وَرَضُوْا بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَاطْمَـَٔنُّوْا بِهَا وَالَّذِيْنَ هُمْ عَنْ اٰيٰتِنَا غٰفِلُوْنَۙ٧
Innal-lażīna lā yarjūna liqā'anā wa raḍū bil-ḥayātid-dun-yā waṭma'annū bihā wal-lażīna hum ‘an āyātinā gāfilūn(a).
[7] Setemené wong-wong sing ora ngarep-arep (ora precaya bakal) ketemu karo Ingsun, lan ngrasa marem karo penguripan dunya lan krasa tentrem karo (penguripan) kuwé lan wong sing-sing nglalékna ayat-ayat Ingsun,

اُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمُ النَّارُ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٨
Ulā'ika ma'wāhumun nāru bimā kānū yaksibūn(a).
[8] dhéwéké kabéh kuwé panggonané neng neraka merga apa sing wis dhéwéké kabéh lakokna.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ يَهْدِيْهِمْ رَبُّهُمْ بِاِيْمَانِهِمْۚ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُ فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٩
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti yahdīhim rabbuhum bi'īmānihim, tajrī min taḥtihimul-anhāru fī jannātin na‘īm(i).
[9] Setemené wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebagusan, mesthi déparingi pituduh déning Pengérané merga pepreca-yaé (precayaé). Dhéwéké padha neng suwarga sing kebek kenékmatan, mili neng ngisoré bangawan-bengawan.

دَعْوٰىهُمْ فِيْهَا سُبْحٰنَكَ اللّٰهُمَّ وَتَحِيَّتُهُمْ فِيْهَا سَلٰمٌۚ وَاٰخِرُ دَعْوٰىهُمْ اَنِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١٠
Da‘wāhum fīhā subḥānakallāhumma wa taḥiyyatuhum fīhā salām(un), wa ākhiru da‘wāhum anil-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[10] Dongané dhéwéké kabéh neng suwarga yakuwé, “Subhaanakallaahuma (Mahasuci Penjenengan, dhuh Pengérané kula sedaya), lan salam pakurmatané dhéwéké kabéh yakuwé, “Salam” (salam ayem-tentrem). Lan pungkasan dongané dhéwéké kabéh yakuwé, “Alhamdulillaahi robbil ‘angalamin” (kabéh pengalem kagungané Gusti Allah, Pengéran sekabéh ngalam).

۞ وَلَوْ يُعَجِّلُ اللّٰهُ لِلنَّاسِ الشَّرَّ اسْتِعْجَالَهُمْ بِالْخَيْرِ لَقُضِيَ اِلَيْهِمْ اَجَلُهُمْۗ فَنَذَرُ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ١١
Wa lau yu‘ajjilullāhu lin-nāsisy-syarrasti‘jālahum bil-khairi laquḍiya ilaihim ajaluhum, fa nażarul-lażīna lā yarjūna liqā'anā fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[11] Lan angger Gusti Allah nyigrakna prekara ala maring menungsa kaya penjaluké dhéwéké tumrap prekara bagus, mesthi dépungkasi umuré dhéwéké kabéh. Ning Ingsun jorna wong-wong sing ora ngarep-arep sapatemon karo Ingsun, dhéwéké padha neng sejeroné bingung lan kesasar.

وَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ الضُّرُّ دَعَانَا لِجَنْۢبِهٖٓ اَوْ قَاعِدًا اَوْ قَاۤىِٕمًا ۚفَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُ ضُرَّهٗ مَرَّ كَاَنْ لَّمْ يَدْعُنَآ اِلٰى ضُرٍّ مَّسَّهٗۗ كَذٰلِكَ زُيِّنَ لِلْمُسْرِفِيْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٢
Wa iżā massal-insānaḍ-ḍurru da‘ānā lijambihī au qā‘idan au qā'imā(n), falammā kasyafnā ‘anhu ḍurrahū marra ka'allam yad‘unā ilā ḍurrim massah(ū), każālika zuyyina lil-musrifīna mā kānū ya‘malūn(a).
[12] Lan angger menungsa ketiban bebaya dhéwéké nyuwun (ndonga) maring Ingsun neng sejeroné turon, njagong utawa njanggleng. Ning sewisé Ingsun ilangna bebaya kuwé sekang dhéwéké, dhéwéké padha bali (maring dalan sing kesasar), kaya-kaya dhéwéké ora tau nyuwun maring Ingsun nggo ngilangna bebaya sing wis nibani dhéwéké. Mengkana kuwé dédadékna krasané apik tumrap wong-wong sing padha ngliwati wates apa sing dhéwéké padha pergawé.

وَلَقَدْ اَهْلَكْنَا الْقُرُوْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَمَّا ظَلَمُوْاۙ وَجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ وَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْا ۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الْقَوْمَ الْمُجْرِمِيْنَ١٣
Wa laqad ahlaknal-qurūna min qablikum lammā ẓalamū, wa jā'athum rusuluhum bil-bayyināti wa mā kānū liyu'minū, każālika najzil-qaumal-mujrimīn(a).
[13] Lan temen, Ingsun wis numpes umat-umat seurungé ko kabéh rikala dhéwéké padha gawé aniaya (dolim), mangkané para utusané (rasul) nggo dhéwéké wis padha teka nggawa keterangan-keterangan sing genah, lan dhéwéké babar pisan ora padha gelem precaya. Kaya kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing padha gawé dosa.

ثُمَّ جَعَلْنٰكُمْ خَلٰۤىِٕفَ فِى الْاَرْضِ مِنْۢ بَعْدِهِمْ لِنَنْظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُوْنَ١٤
Ṡumma ja‘alnākum khalā'ifa fil-arḍi mim ba‘dihim linanẓura kaifa ta‘malūn(a).
[14] Banjur Ingsun dadékna ko kabéh minangka sing padha ngganténi (dhéwéké) neng bumi sewisé dhéwéké, supayané Ingsun bisa mriksani kepriwé ko kabéh padha mergawé.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيَاتُنَا بَيِّنٰتٍۙ قَالَ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا ائْتِ بِقُرْاٰنٍ غَيْرِ هٰذَآ اَوْ بَدِّلْهُ ۗ قُلْ مَا يَكُوْنُ لِيْٓ اَنْ اُبَدِّلَهٗ مِنْ تِلْقَاۤئِ نَفْسِيْ ۚاِنْ اَتَّبِعُ اِلَّا مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّ ۚ اِنِّيْٓ اَخَافُ اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٥
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyināt(in), qālal-lażīna lā yarjūna liqā'ana'ti biqur'ānin gairi hāżā au baddilh(u), qul mā yakūnu lī an ubaddilahū min tilqā'i nafsī, in attabi‘u illā mā yūḥā ilayy(a), innī akhāfu in ‘aṣaitu rabbī ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[15] Lan rikala déwacakna maring dhéwéké kabéh ayat-ayat Ingsun kanthi genah, wong-wong sing ora ngarep-arep ketemu karo Ingsun padha ngucap, “Tekakna kitab seliyané Al-Qur’an kiyé utawa gantia.” Dhawuha (Muhammad), “Ora pisan pantes tumrapé inyong ngganti (Al-Qur’an) manut karepku dhéwék. Inyong mung manut maring apa sing déwahyokna maring inyong. Inyong temen-temen wedi maring siksané dina sing agung (Kiyamat) angger (inyong) nyidrani Pengérané inyong.”

قُلْ لَّوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا تَلَوْتُهٗ عَلَيْكُمْ وَلَآ اَدْرٰىكُمْ بِهٖ ۖفَقَدْ لَبِثْتُ فِيْكُمْ عُمُرًا مِّنْ قَبْلِهٖۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ١٦
Qul lau syā'allāhu mā talautuhū ‘alaikum wa lā adrākum bih(ī), faqad labiṡtu fīkum ‘umuram min qablih(ī), afalā ta‘qilūn(a).
[16] Dhawuha (Muhammad), “Angger Gusti Allah ngersakna, mesthi inyong ora macakna maring ko kabéh, lan Gusti Allah ora (uga) paring pengertén maring ko kabéh.” Inyong wis manggon bareng-bareng karo ko kabéh sewetara wektu seurungé (seurungé temurun Al-Qur’an). Apa ko kabéh ora padha ngerti?

فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْمُجْرِمُوْنَ١٧
Faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bi'āyātih(ī), innahū lā yufliḥul-mujrimūn(a).
[17] Mangka sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing ngréka-réka goroh maring Pengéran utawa nggorohna ayat-ayat-É? Setemené wong-wong sing padha nglakoni dosa kuwé ora bakal begya.

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْ وَيَقُوْلُوْنَ هٰٓؤُلَاۤءِ شُفَعَاۤؤُنَا عِنْدَ اللّٰهِ ۗقُلْ اَتُنَبِّـُٔوْنَ اللّٰهَ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِۗ سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ١٨
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lā yaḍurruhum wa lā yanfa‘uhum wa yaqūlūna hā'ulā'i syufa‘ā'unā ‘indallāh(i), qul atunabbi'ūnallāha bimā lā ya‘lamu fis-samāwāti wa lā fil-arḍ(i), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[18] Lan dhéwéké padha nyembah seliyané Gusti Allah, sewiji-wiji sing ora bisa nekakna bebaya maring dhéwéké kabéh lan ora (uga) ngawéhi piguna, lan dhéwéké padha ngucap, “Dhéwéké kabéh kuwé penulungé inyong kabéh neng ngersané Gusti Allah.” Dhawuha, “Apa ko kabéh arep ngaturi priksa maring Gusti Allah prekara sing ora dékaweruhi déning Penjenengané neng langit lan ora (uga) sing neng bumi?” 384 Mahasuci Gusti Allah lan Mahaluhur Penjenengané sekang apa sing dhéwéké padha sekuthokna kuwé.
384) Kalimah kiyé painan maring wong sing nyembah reca, sing déarani lamon reca-reca kuwé bisa awéh pitulung neng ngersané Gusti Allah.

وَمَا كَانَ النَّاسُ اِلَّآ اُمَّةً وَّاحِدَةً فَاخْتَلَفُوْاۗ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ فِيْمَا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١٩
Wa mā kānan-nāsu illā ummataw wāḥidatan fakhtalafū, wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika laquḍiya bainahum fīmā fīhi yakhtalifūn(a).
[19] Lan menungsa kuwé gemiyéné mung umat sewiji, banjur dhéwéké padha pesulayan. Angger ora merga sewiji ketetepan sing wis ana sekang Pengéranmu, 385 mesthi wis déparingi ketetepan (neng dunya) neng antarané dhéwéké kabéh, ngenani apa sing dhéwéké padha persulayakna.
385) Katetepané Gusti Allah yakuwé angger pasulayane menungsa neng dunya kuwé bakal députusna neng akhérat.

وَيَقُوْلُوْنَ لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۚ فَقُلْ اِنَّمَا الْغَيْبُ لِلّٰهِ فَانْتَظِرُوْاۚ اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ ࣖ٢٠
Wa yaqūlūna lau lā unzila ‘alaihi āyatum mir rabbih(ī), faqul innamal-gaibu lillāhi fantaẓirū, innī ma‘akum minal-muntaẓirīn(a).
[20] Lan dhéwéké padha ngucap, “Kenangapa ora déturunaken maring kiyambeké (Muhammad) sewiji bukti (mukjizat) sekang Pengérané?” Dhawuha, “Temen, sekabéhané sing ora keton (gaib) kuwé mung kagungané Gusti Allah; merga kuwé enténi (baé) déning ko kabéh. Ngerténana inyong uga ngenténi bareng ko kabéh.”

وَاِذَآ اَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً مِّنْۢ بَعْدِ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُمْ اِذَا لَهُمْ مَّكْرٌ فِيْٓ اٰيٰتِنَاۗ قُلِ اللّٰهُ اَسْرَعُ مَكْرًاۗ اِنَّ رُسُلَنَا يَكْتُبُوْنَ مَا تَمْكُرُوْنَ٢١
Wa iżā ażaqnan-nāsa raḥmatam mim ba‘di ḍarrā'a massathum iżā lahum makrun fī āyātinā, qulillāhu asra‘u makrā(n), inna rusulanā yaktubūna mā tamkurūn(a).
[21] Lan angger Ingsun paring sewiji kewelasan (rahmat) maring menungsa, sewisé dhéwéké padha kenang bebaya, dhéwéké padha gagiyan ngréka apus-apus (nglawan) ayat-ayat Ingsun. Dhawuha, “Gusti Allah lewih sigra piwalesé (ingatasé apus-apus kuwé).” Setemené malaékat-malaékat Ingsun nyathet apus-apusmu.

هُوَ الَّذِيْ يُسَيِّرُكُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ حَتّٰٓى اِذَا كُنْتُمْ فِىْ الْفُلْكِۚ وَجَرَيْنَ بِهِمْ بِرِيْحٍ طَيِّبَةٍ وَّفَرِحُوْا بِهَا جَاۤءَتْهَا رِيْحٌ عَاصِفٌ وَّجَاۤءَهُمُ الْمَوْجُ مِنْ كُلِّ مَكَانٍ وَّظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ اُحِيْطَ بِهِمْۙ دَعَوُا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ لَىِٕنْ اَنْجَيْتَنَا مِنْ هٰذِهٖ لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ٢٢
Huwal-lażī yusayyirukum fil-barri wal-baḥr(i), ḥattā iżā kuntum fil-fulk(i), wa jaraina bihim birīḥin ṭayyibatiw wa fariḥū bihā jā'athā rīḥun ‘āṣifuw wa jā'ahumul-mauju min kulli makāniw wa ẓannū annahum uḥīṭa bihim, da‘awullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), la'in anjaitanā min hāżihī lanakūnanna minasy-syākirīn(a).
[22] Penjenengané Pengéran sing ndadékna ko kabéh bisa mlaku neng dhuwur lemah (lan lelayar) neng segara. Saéngga rikala ko kabéh ana neng jero prahu, lan prahu kuwé mlaku nggawa dhéwéké (wong-wong sing ana neng jeroné) kanthi miliré angin sing apik, lan merga kuwé dhéwéké padha bungah, dadakan teka barat gedhé lan ombak dhuwur nyempyok sekang ngendi-ora, lan dhéwéké padha ngira wis dékepung (bebaya), mangka dhéwéké padha nyuwun kanthi tulus mung maring Gusti Allah. (Kambi ngucap), “Seumpama Penjenengan nyelametaken kula sedayana saking (bebaya) niki, mesthi kula sedaya klebet tiyang-tiyang sing sami kesuwun (sukur).”

فَلَمَّآ اَنْجٰىهُمْ اِذَا هُمْ يَبْغُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗيٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّمَا بَغْيُكُمْ عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ مَّتَاعَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۖ ثُمَّ اِلَيْنَا مَرْجِعُكُمْ فَنُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٣
Falammā anjāhum iżā hum yabgūna fil-arḍi bigairil-ḥaqq(i), yā ayyuhan-nāsu innamā bagyukum ‘alā anfusikum matā‘al-ḥayātid-dun-yā, ṡumma ilainā marji‘ukum fa nunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[23] Ning rikala Gusti Allah nylametna dhéwéké kabéh, malah dhéwéké padha gawé aniaya (dolim) neng bumi ora nganggo (alesan) sing bener. Hé menungsa! Setemené aniayamu kuwé bahayané bakal ngenani awakmu dhéwék; kuwé mung kenékmatan urip kedunyan, sebanjuré mung maring Ingsun nggonmu padha bali, mbésuk bakal ingsun wertakna maring ko kabéh apa sing wis neng ko padha pergawé.

اِنَّمَا مَثَلُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَاۤءٍ اَنْزَلْنٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ فَاخْتَلَطَ بِهٖ نَبَاتُ الْاَرْضِ مِمَّا يَأْكُلُ النَّاسُ وَالْاَنْعَامُ ۗحَتّٰٓى اِذَآ اَخَذَتِ الْاَرْضُ زُخْرُفَهَا وَازَّيَّنَتْ وَظَنَّ اَهْلُهَآ اَنَّهُمْ قٰدِرُوْنَ عَلَيْهَآ اَتٰىهَآ اَمْرُنَا لَيْلًا اَوْ نَهَارًا فَجَعَلْنٰهَا حَصِيْدًا كَاَنْ لَّمْ تَغْنَ بِالْاَمْسِۗ كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٢٤
Innamā maṡalul-ḥayātid-dun-yā kamā'in anzalnāhu minas-samā'i fakhtalaṭa bihī nabātul-arḍi mimmā ya'kulun-nāsu wal-an‘ām(u), ḥattā iżā akhażatil-arḍu zukhrufahā wazzayyanat wa ẓanna ahluhā annahum qādirūna ‘alaihā, atāhā amrunā lailan au nahāran fa ja‘alnāhā ḥaṣīdan ka'allam tagna bil-ams(i), każālika nufaṣṣilul-āyāti liqaumiy yatafakkarūn(a).
[24] Setemené peumpaman penguripan dunya kuwé, mung kaya banyu (udan) sing Ingsun turunaken sekang langit, banjur thukul tetanduran bumi kanthi subur (merga banyu kuwé), neng antarané ana sing dépangan (déning) menungsa lan kéwan ingon. Saéngga angger bumi kuwé wis sempurna kaéndahané lan pepaés, 386 lan sing duwé nyana lamon dhéwéké kabéh mesti ngewasani (ngundhuh kasilé), (mangka) teka maring dhéwéké siksané Ingsun neng wektu wengi utawa awan, banjur Ingsun dadékna (tandurané) kaya taduran sing wis débabad, kaya-kaya urung tau thukul wingi. Kaya kuwé Ingsun nerangna tandha-tandha (kewasané Ingsun) maring wong-wong sing padha mikir.
386) Bumi sing éndah karo gunung-gunung lan tanah-tanah lebak wis ijo karo tanduran-tandurané.

وَاللّٰهُ يَدْعُوْآ اِلٰى دَارِ السَّلٰمِ ۚوَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٢٥
Wallāhu yad‘ū ilā dāris-salām(i), wa yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[25] Lan Gusti Allah ngajék-ajék (menungsa) maring Darus-salam (suwarga). Lan paring pituduh maring wong sing Penjenengané kersakna temuju dalan sing jejeg (Islam).

۞ لِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوا الْحُسْنٰى وَزِيَادَةٌ ۗوَلَا يَرْهَقُ وُجُوْهَهُمْ قَتَرٌ وَّلَا ذِلَّةٌ ۗاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٦
Lil-lażīna aḥsanul-ḥusnā wa ziyādah(tun), wa lā yarhaqu wujūhahum qataruw wa lā żillah(tun), ulā'ika aṣḥābul-jannati hum fīhā khālidūn(a).
[26] Tumrap wong-wong sing temindak becik, ana ganjaran sing paling apik (suwarga) lan tambahané (kenékmatan nyawang Gusti Allah). Lan rainé dhéwéké kabéh ora détutupi lebu ireng lan ora (uga) neng njero kanisthan. Dhéwéké kabéh kuwé sing ngenggoni suwarga, dhéwéké padha langgeng neng njeroné.

وَالَّذِيْنَ كَسَبُوا السَّيِّاٰتِ جَزَاۤءُ سَيِّئَةٍ ۢبِمِثْلِهَاۙ وَتَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۗمَا لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ عَاصِمٍۚ كَاَنَّمَآ اُغْشِيَتْ وُجُوْهُهُمْ قِطَعًا مِّنَ الَّيْلِ مُظْلِمًاۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚهُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٧
Wal-lażīna każabus-sayyi'āti jazā'u sayyi'atim bimiṡlihā, wa tarhaquhum żillah(tun), mā lahum minallāhi min ‘āṣim(in), ka'annamā ugsyiyat wujūhuhum qiṭa‘am minal-laili muẓlimā(n), ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[27] Anadéné wong-wong sing temindak jahat (bakal olih) piwalesé kejahatan sing imbang. Lan dhéwéké padha délingkupi kainan. Ora nana kanggo dhéwéké kabéh sewiji wong sing ngayomi sekang siksané Gusti Allah, kaya-kaya rainé dhéwéké padha détutupi karo lempengan-lempengan wengi sing peteng dhédhet. Dhéwéké kuwé sing ngenggoni neraka, dhéwéké padha langgeng neng njeroné.

وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا ثُمَّ نَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا مَكَانَكُمْ اَنْتُمْ وَشُرَكَاۤؤُكُمْۚ فَزَيَّلْنَا بَيْنَهُمْ وَقَالَ شُرَكَاۤؤُهُمْ مَّا كُنْتُمْ اِيَّانَا تَعْبُدُوْنَ٢٨
Wa yauma naḥsyuruhum jamī‘an ṡumma naqūlu lil-lażīna asyrakū makānakum antum wa syurakā'ukum, fa zayyalnā bainahum wa qāla syurakā'uhum mā kuntum iyyānā ta‘budūn(a).
[28] Lan (élinga) maring dina (rikala) kuwé Ingsun ngumpulna dhéwéké sekabéhané, banjur Insun dhawuh maring wong sing nyekuthokna (Gusti Allah), “Tetepa neng panggonanmu, ko kabéh lan para sekuthoné ko kabéh.” Banjur Ingsun pisahna dhéwéké, lan sekuthon-sekuthoné dhéwéké padha ngucap, “Ko sepisan baé ora padha nglakon nyembah inyong kabéh. 387
387) Wong-wong sing nyembah brehala kuwé sebeneré udu nyembah brehala, ning nyembah hawa nefsuné dhéwéké, merga hawa nefsuné dhéwéké kabéh sing ngakon nyembah brehala.

فَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ اِنْ كُنَّا عَنْ عِبَادَتِكُمْ لَغٰفِلِيْنَ٢٩
Fa kafā billāhi syahīdam bainanā wa bainakum in kunnā ‘an ‘ibādatikum lagāfilīn(a).
[29] Mula cukup Gusti Allah dadi seksi antarané inyong padha karo ko kabéh, merga inyong padha ora ngerti apa-apa ngenani nyembahé ko (maring inyong kabéh)”.

هُنَالِكَ تَبْلُوْا كُلُّ نَفْسٍ مَّآ اَسْلَفَتْ وَرُدُّوْٓا اِلَى اللّٰهِ مَوْلٰىهُمُ الْحَقِّ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ٣٠
Hunālika tablū kullu nafsim mā aslafat wa ruddū ilallāhi maulāhumul-ḥaqqi wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[30] Neng panggonan kuwé (ara-ara Mahsyar), saben jiwa ngraksakna piwales sekang apa sing wis dépergawé (gemiyén) lan dhéwéké padha débalékna maring Gusti Allah, pengayomé dhéwéké sing sejati, lan ilang sekang dhéwéké apa (pengayom palsu) sing dhéwéké pada ana-anakna.

قُلْ مَنْ يَّرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ اَمَّنْ يَّمْلِكُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَمَنْ يُّخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَمَنْ يُّدَبِّرُ الْاَمْرَۗ فَسَيَقُوْلُوْنَ اللّٰهُ ۚفَقُلْ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٣١
Qul may yarzuqukum minas-samā'i wal-arḍi ammay yamlikus-sam‘a wal-abṣāra wa may yukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa yukhrijul-mayyita minal-ḥayyi wa may yudabbirul-amr(a), fa sayaqūlūnallāh(u), faqul afalā tattaqūn(a).
[31] Dhawuha (Muhammad), “Sapa sing paring rejeki maring ko kabéh sekang langit lan bumi, utawa sapa sing kewasa (nyiptakna) pengrungon lan pendeleng, lan sapa sing ngetokna sing urip sekang sing mati lan ngetokna sing mati sekang sing urip, lan sapa sing ngatur sekabéhé urusan?” Mangka dhéwéké kabéh bakal semaur, “Gusti Allah.” Mangka dhawuha, “Kenangapa ko padha ora semarah (maring Penjenengané)?”

فَذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمُ الْحَقُّۚ فَمَاذَا بَعْدَ الْحَقِّ اِلَّا الضَّلٰلُ ۖفَاَنّٰى تُصْرَفُوْنَ٣٢
Fa żālikumullāhu rabbukumul-ḥaqq(u), fa māżā ba‘dal-ḥaqqi illaḍ-ḍalāl(u), fa annā tuṣrafūn(a).
[32] Mulané kuwé Gusti Allah, Pengérané ko kabéh sing sebeneré; mangka ora nana sewisé bebener kuwé, kejaba kesasar. Mangka kenangapa ko padha mléngos (sekang bebener)?

كَذٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِيْنَ فَسَقُوْٓا اَنَّهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٣٣
Każālika ḥaqqat kalimatu rabbika ‘alal-lażīna fasaqū annahum lā yu'minūn(a).
[33] Mengkana kuwé wis jejeg (ukumané) Pengérané ko kabéh maring wong-wong sing padha dosa (pasék), merga setemené dhéwéké padha ora precaya.

قُلْ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗۗ قُلِ اللّٰهُ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٣٤
Qul hal min syurakā'ikum may yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduh(ū), qulillāhu yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū fa annā tu'fakūn(a).
[34] Ucapana, “Apa ana neng antarané sekuthoné ko kabéh sing bisa miwiti ciptanan (mahluk), banjur mbaléni (nguripna) maning?” Ucapna, “Gusti Allah miwiti (nyipta) mahluk, banjur mbalékna maning. Mangka kepriwé ko padha déplenggosna (nyembah seliyané Gusti Allah)?”

قُلْ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّهْدِيْٓ اِلَى الْحَقِّۗ قُلِ اللّٰهُ يَهْدِيْ لِلْحَقِّۗ اَفَمَنْ يَّهْدِيْٓ اِلَى الْحَقِّ اَحَقُّ اَنْ يُّتَّبَعَ اَمَّنْ لَّا يَهِدِّيْٓ اِلَّآ اَنْ يُّهْدٰىۚ فَمَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَ٣٥
Qul hal min syurakā'ikum may yahdī ilal-ḥaqq(i),qulillāhu yahdī lil-ḥaqq(i), afamay yahdī ilal-ḥaqqi aḥaqqu ay yuttaba‘a ammal lā yahiddī illā ay yuhdā, famā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[35] Ucapna, “Apa ana neng antarané sekuthonmu sing nuntun maring bebener?” Ucapna, “Mung Gusti Allah sing nuntun maring bebener.” Mangka endi sing lewih kudu détutna, Pengéran sing nuntun maring bebener kuwé, utawa wong sing ora bisa nuntun, malahan kudu détuntun? Mangka kepriwé ko kabéh gawé putusan?”

وَمَا يَتَّبِعُ اَكْثَرُهُمْ اِلَّا ظَنًّاۗ اِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِيْ مِنَ الْحَقِّ شَيْـًٔاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِمَا يَفْعَلُوْنَ٣٦
Wa mā yattabi‘u akṡaruhum illā ẓannā(n), innaẓ-ẓanna lā yugnī minal-ḥaqqi syai'ā(n), innallāha ‘alīmum bimā yaf‘alūn(a).
[36] Lan akéh-akéhé dhéwéké padha mung ngetutna pengira-ira. Setemené pengira-ira kuwé ora nana gunané babar pisan nggo nglawan bebener. Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani apa sing dhéwéké padha pergawé.

وَمَا كَانَ هٰذَا الْقُرْاٰنُ اَنْ يُّفْتَرٰى مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلٰكِنْ تَصْدِيْقَ الَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيْلَ الْكِتٰبِ لَا رَيْبَ فِيْهِ مِنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ٣٧
Wa mā kāna hāżal-qur'ānu ay yuftarā min dūnillāhi wa lākin taṣdīqal-lażī baina yadaihi wa tafṣīlal-kitābi lā raiba fīhi mir rabbil-‘ālamīn(a).
[37] Lan ora gadhang Al-Qur’an kiyé dégawé-gawé neng seliyané Gusti Allah; ning (Al-Qur’an) mbenerna (kita-kitab) sing seurungé lan nggenahna hukum-hukum sing wis détetepna, 388 ora nana kemamangan neng njeroné, (déturunaken) sekang Pengérané sekabéhé ngalam.
388) Sebagéan ayat-ayat Al-Qur’an kuwé nerangna kanthi terwaca (rinci) hukum-hukum sing wis désebutna uga neng njero Al-Qur’an kuwé.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۗ قُلْ فَأْتُوْا بِسُوْرَةٍ مِّثْلِهٖ وَادْعُوْا مَنِ اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٨
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul fa'tū bisūratim miṡlihī wad‘ū manistaṭa‘tum min dūnillāhi in kuntum ṣādiqīn(a).
[38] Apa pantes dhéwéké padha ngomongna kiyambeké (Muhammad) sing wis ngréka-réka (Al-Qur’an kuwé)? Ucapna, “Gawéa siji surah sing sepadhan karo surah (al-Qur’an), lan ajéka sapa baé neng antarané ko kabéh wong sing bisa (gawé surah kuwé) seliyané Gusti Allah, angger ko wong-wong sing padha bener.

بَلْ كَذَّبُوْا بِمَا لَمْ يُحِيْطُوْا بِعِلْمِهٖ وَلَمَّا يَأْتِهِمْ تَأْوِيْلُهٗۗ كَذٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الظّٰلِمِيْنَ٣٩
Bal każżabū bimā lam yuḥīṭū bi‘ilmihī wa lammā ya'tihim ta'wīluh(ū), każālika każżabal-lażīna min qablihim fanẓur kaifa kāna ‘āqibatuẓ-ẓālimīn(a).
[39] Malah (sing sebeneré), dhéwéké padha nggorohna apa sing dhéwéké padha urung ngerténi kanthi sempurna, lan urung dhéwéké pekolih keterangané. Kaya kuwé uga umat-umat sing wis ana seurungé dhéwéké padha wis nggorohi (utusan). Mangka gatékna kepriwé akibaté wong-wing sing padha aniaya (dolim).

وَمِنْهُمْ مَّنْ يُّؤْمِنُ بِهٖ وَمِنْهُمْ مَّنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهٖۗ وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِالْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٤٠
Wa minhum may yu'minu bihī wa minhum mal lā yu'minu bih(ī), wa rabbuka a‘lamu bil-mufsidīn(a).
[40] Lan neng antarané dhéwéké kabéh ana wong sing precaya maring Al-Qur’an, lan neng antarané ana (uga) wong-wong sing ora precaya maring Al-Qur’an. Mangkané Pengéranmu lewih ngawuningani maring wong-wong sing padha gawé kerusakan.

وَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقُلْ لِّيْ عَمَلِيْ وَلَكُمْ عَمَلُكُمْۚ اَنْتُمْ بَرِيْۤـُٔوْنَ مِمَّآ اَعْمَلُ وَاَنَا۠ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ٤١
Wa in każżabūka faqul lī ‘amalī wa lakum ‘amalukum, antum barī'ūna mimmā a‘malu wa ana barī'um mimmā ta‘malūn(a).
[41] Lan angger dhéwéké kabéh (tetep) nggorohi maring sliramu (Muhammad), mangka dha-wuha, “Nggo inyong penggawéane inyon lan nggo ko kabéh penggawéanmu kabéh. Ko ora padha nanggung-jawabi ingatasé apa sing inyong pergawé, lan inyong uga ora naggung-jawabi ingatasé apa sing ko kabéh pergawé.”

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُوْنَ اِلَيْكَۗ اَفَاَنْتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ وَلَوْ كَانُوْا لَا يَعْقِلُوْنَ٤٢
Wa minhum may yastami‘ūna ilaik(a), afa anta tusmi‘uṣ-ṣumma wa lau kānū lā ya‘qilūn(a).
[42] Lan neng antarané dhéwéké kabéh ana sing ngrungokna maring sliramu (Muhammmad). 389 Ning apa sliramu bisa ndadékna wong sing budheg kuwé dadi krungu, senajan dhéwéké padha ora ngerti?
389) Tegesé dhéwéké padha keton nggatékna apa sing déwaca déning Kanjeng Nabi lan apa sing déwulangna, ning atiné dhéwéké kabéh ora nrima.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّنْظُرُ اِلَيْكَۗ اَفَاَنْتَ تَهْدِى الْعُمْيَ وَلَوْ كَانُوْا لَا يُبْصِرُوْنَ٤٣
Wa minhum may yanẓuru ilaik(a), afa anta tahdil-‘umya wa lau kānū lā yubṣirūn(a).
[43] Lan neng antarané dhéwéké kabéh ana sing weruh maring sliramu. 390 Ning apa sliramu bisa awéh pituduh maring wong sing picek, senajan dhéwéké ora padha nggatékna?
390) Tegesé nyekséni tandha-tandha kenabianmu, ning dhéwéké kabéh jan-jané ora ngakoni.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يَظْلِمُ النَّاسَ شَيْـًٔا وَّلٰكِنَّ النَّاسَ اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٤٤
Innallāha lā yaẓlimun-nāsa syai'aw wa lākinnan-nāsa anfusahum yaẓlimūn(a).
[44] Setemené Gusti Allah ora nganiaya (gawé tuna) maring menungsa senajan (mung) semendhing, Ning menungsa kuwé sing padha nganiaya awaké dhéwék

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ كَاَنْ لَّمْ يَلْبَثُوْٓا اِلَّا سَاعَةً مِّنَ النَّهَارِ يَتَعَارَفُوْنَ بَيْنَهُمْۗ قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ اللّٰهِ وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ٤٥
Wa yauma yaḥsyuruhum ka'allam yalbaṡū illā sā‘atam minan-nahāri yata‘ārafūna bainahum, qad khasiral-lażīna każżabū biliqā'illāhi wa mā kānū muhtadīn(a).
[45] Lan (élinga) maring dina (rikala) Gusti Allah ngumpulna dhéwéké kabéh, (dhéwéké padha krasa) kaya-kaya dhéwéké ora nglakon manggon (neng dunya) kejaba mung sedhéla rikala wektu awan, (neng wektu) dhéwéké kabéh padha srawungan. Temen, kapitunan wong sing padha nggorohna sapatemoné dhéwéké karo Gusti Allah, lan dhéwéké padha ora olih pituduh.

وَاِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَاِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ اللّٰهُ شَهِيْدٌ عَلٰى مَا يَفْعَلُوْنَ٤٦
Wa immā nuriyannaka ba‘ḍal-lażī na‘iduhum au natawaffayannaka fa ilainā marji‘uhum ṡummallāhu syahīdun ‘alā mā yaf‘alūn(a).
[46] Lan angger Ingsun tidhokna maring sliramu (Muhammmad) sebagéan sekang (siksa) sing Insun janjékna maring dhéwéké kabéh, (semesthine sliramu bakal weruh) utawa (angger) Ingsun pundhu sliramu (seurungé kuwé), mengko maring Ingsun (uga) dhéwéké kabéh padha bali, lan Gusti Allah dadi seksi ingatasé apa sing dhéwéké padha pergawé.

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ رَّسُوْلٌ ۚفَاِذَا جَاۤءَ رَسُوْلُهُمْ قُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٤٧
Wa likulli ummatir rasūl(un), fa iżā jā'a rasūluhum quḍiya bainahum bil-qisṭi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[47] Lan saben-saben umat (duwé utusan). Mangka angger utusané dhéwéké padha wis teka, detrapna hukum nggo dhéwéké kabéh kanthi adil lan dhéwéké padha ora déaniaya (dékapitunani).

وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[48] Lan dhéwéké padha ngucap, “Kapan (tekané) ancaman kuwé, angger ko kabéh wong-wong sing bener?”

قُلْ لَّآ اَمْلِكُ لِنَفْسِيْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗ لِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌ ۚاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ فَلَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ٤٩
Qul lā amliku linafsī ḍarraw wa lā naf‘an illā mā syā'allāh(u), likulli ummatin ajal(un), iżā jā'a ajaluhum falā yasta'khirūna sā‘ataw wa lā yastaqdimūn(a).
[49] Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora kuwasa nolak (mudarat) utawa nekakna piguna (manpangat) maring awakku, kejaba apa sing Gusti Allah kersakna.” Nggo saben-saben umat duwé ajal (wates wektu). Angger ajalé wis teka dhéwéké kabéh ora bisa jaluk angkil (tundha) utawa désigrakna senajan mung sedhéla.

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُهٗ بَيَاتًا اَوْ نَهَارًا مَّاذَا يَسْتَعْجِلُ مِنْهُ الْمُجْرِمُوْنَ٥٠
Qul ara'aitum in atākum ‘ażābuhū bayātan au nahāram māżā yasta‘jilu minhul-mujrimūn(a).
[50] Ucapna, “Terangna maring inyong, angger teka maring ko kabéh siksa-Né neng wektu wengi utawa wektu awan, endi sing déjaluk nggo désigrakna (déning) wong-wong padha dosa kuwé?”

اَثُمَّ اِذَا مَا وَقَعَ اٰمَنْتُمْ بِهٖۗ اٰۤلْـٰٔنَ وَقَدْ كُنْتُمْ بِهٖ تَسْتَعْجِلُوْنَ٥١
Aṡumma iżā mā waqa‘a āmantum bih(ī), āl'āna wa qad kuntum bihī tasta‘jilūn(a).
[51] Banjur apa sewisé siksa kuwé kedadén, ko kabéh nembé padha precaya? Apa (tembé) siki, mangkané seurungé ko terus padha njaluk kon désigrakna?

ثُمَّ قِيْلَ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذُوْقُوْا عَذَابَ الْخُلْدِۚ هَلْ تُجْزَوْنَ اِلَّا بِمَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ٥٢
Ṡumma qīla lil-lażīna ẓalamū żūqū ‘ażābal-khuld(i), hal tujzauna illā bimā kuntum taksibūn(a).
[52] Banjur déucapna maring wong-wong sing padha aniaya (dolim) kuwé, “Rasakna déning ko kabéh siksa sing langgeng. Ko ora padha déparingi piwales, kejaba (sepadhan) karo apa sing wis ko padha lakoni,”

۞ وَيَسْتَنْۢبِـُٔوْنَكَ اَحَقٌّ هُوَ ۗ قُلْ اِيْ وَرَبِّيْٓ اِنَّهٗ لَحَقٌّ ۗوَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ ࣖ٥٣
Wa yastambi'ūnaka aḥaqqun huw(a), qul ī wa rabbī innahū laḥaqq(un), wa mā antum bimu‘jizīn(a).
[53] Lan dhéwéké padha nakokna maring sliramu (Muhammad), “Apa temen (siksa sing wis déjanjékna) kuwé?” Dhawuha, “Kesinggihan, sekawit (sekawit) Pengéranku, setemené (siksa) kuwé mesthi temen lan ko kabéh ora pisan pisan bisa ngindhani.”

وَلَوْ اَنَّ لِكُلِّ نَفْسٍ ظَلَمَتْ مَا فِى الْاَرْضِ لَافْتَدَتْ بِهٖۗ وَاَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَۚ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٥٤
Wa lau anna likulli nafsin ẓalamat mā fil-arḍi laftadat bih(ī), wa asarrun-nadāmata lammā ra'awul-‘ażāb(a), wa quḍiya bainahum bil-qisṭi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[54] Lan angger saben wong sing aniaya (dolim) kuwé (duwé) sekabéhané apa sing ana neng bumi, mesthi dhéwéké nebus awaké dhéwék karo kuwé, lan dhéwéké padha ngumpetna 391 pengajogé rikala dhéwéké wis padha nyekséni siksa kuwé. Banjur déparingi putusan neng antarané dhéwéké kanthi adil lan dhéwéké ora padha déaniaya (dékapitunani).
391) Sebagéan juru tapsir ana sing ngartekna asarru kanthi “ngetonaken”.

اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَلَآ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٥
Alā inna lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), alā inna wa‘dallāhi ḥaqquw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[55] Kawruhana setemené mung kagungané Gusti Allah apa sing ana neng langit lan neng bumi. Mbok janjiné Gusti Allah kuwé nyata? Ning akéh-akéhé dhéwéké ora padha mengerténi.

هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٥٦
Huwa yuḥyī wa yumītu wa ilaihi turja‘ūn(a).
[56] Penjenengané sing nguripna lan matékna, lan mung maring Penjenengané ko kabéh débalékna.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَتْكُمْ مَّوْعِظَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَشِفَاۤءٌ لِّمَا فِى الصُّدُوْرِۙ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ٥٧
Yā ayyuhan-nāsu qad jā'atkum mau‘iẓatum mir rabbikum wa syifā'ul limā fiṣ-ṣudūr(i), wa hudaw wa raḥmatul lil-mu'minīn(a).
[57] Hé menungsa! Temen, wis teka maring ko kabéh piwulang (Al-Qur’an) sekang Pengéranmu, tamba kanggo prenyakit sing ana neng njero dhadha lan pituduh lan kewelasan nggo wong sing padha precaya.

قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهٖ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ٥٨
Qul bifaḍlillāhi wa biraḥmatihī fa biżālika falyafraḥū, huwa khairum mimmā yajma‘ūn(a).
[58] Dhawuha (Muhammad), “Kanthi paringané Gusti Allah lan kewelasan Penjenengané, preyoga dhéwéké kabéh padha bungah. Kuwé lewih apik tenimbang apa sing dhéwéké padha kumpulna.”

قُلْ اَرَءَيْتُمْ مَّآ اَنْزَلَ اللّٰهُ لَكُمْ مِّنْ رِّزْقٍ فَجَعَلْتُمْ مِّنْهُ حَرَامًا وَّحَلٰلًا ۗ قُلْ ءٰۤاللّٰهُ اَذِنَ لَكُمْ اَمْ عَلَى اللّٰهِ تَفْتَرُوْنَ٥٩
Qul ara'aitum mā anzalallāhu lakum mir rizqin fa ja‘altum minhu ḥarāmaw wa ḥalālā(n), qul āllāhu ażina lakum am ‘alallāhi taftarūn(a).
[59] Dhawuha (Muhammad), “Terangna maring inyong ngenani rejeki sing déturunaken (déning) Gusti Allah maring ko kabéh, banjur déning ko padha dédadékna sebagéané haram lan sebagéané halal.” Dhawuha, “Apa Gusti Allah wis paring idin maring ko kabéh (ngenani kiyé) utawa ko kabéh sing gawé réka-réka kanthi asmané Gusti Allah?”

وَمَا ظَنُّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُوْنَ ࣖ٦٠
Wa mā ẓannul-lażīna yaftarūna ‘alallāhil-każiba yaumal-qiyāmah(ti), innallāha lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡarahum lā yasykurūn(a).
[60] Lan apa penyanané wong-wong sing ngréka-réka gorohan maring Gusti Allah neng dina Kiyamat? Setemené Gusti Allah temen-temen kagungan nugraha (sing déparingna maring menungsa), ning akéh-akéhé dhéwéké padha ora kesuwun (sukur).

وَمَا تَكُوْنُ فِيْ شَأْنٍ وَّمَا تَتْلُوْا مِنْهُ مِنْ قُرْاٰنٍ وَّلَا تَعْمَلُوْنَ مِنْ عَمَلٍ اِلَّا كُنَّا عَلَيْكُمْ شُهُوْدًا اِذْ تُفِيْضُوْنَ فِيْهِۗ وَمَا يَعْزُبُ عَنْ رَّبِّكَ مِنْ مِّثْقَالِ ذَرَّةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ وَلَآ اَصْغَرَ مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْبَرَ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٦١
Wa mā takūnu fī sya'niw wa mā tatlū minhu min qur'āniw wa lā ta‘malūna min ‘amalin illā kunnā ‘alaikum syuhūdan iż tufīḍūna fīh(i), wa mā ya‘zubu ‘ar rabbika mim miṡqāli żarratin fil-arḍi wa lā fis-samā'i wa lā aṣgara min żālika wa lā akbara illā fī kitābim mubīn(in).
[61] Lan ora-orané sliramu (Muhammad) ana neng njero sewiji urusan, lan ora maca sewiji ayat Al-Qur’an lan sliramu uga ora nglakoni sewiji penggawéyan, kejaba Ingsun dadi seksi ingatasé sliramu rikala sliramu temandang. Ora pisan-pisan lirwa sekang pemriksané Pengéranmu sanajan gedhéné mung selebu (zarrah), neng bumi utawa neng langit. Ora nana sewiji prekara sing lewih cilik lan sing lewih gedhé tenimbang kuwé, kejaba sekabéhané kecathet neng njero Kitab sing nyata (lauh mahfuz).

اَلَآ اِنَّ اَوْلِيَاۤءَ اللّٰهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۚ٦٢
Alā inna auliyā'allāhi lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[62] Élinga wali-wali (para kasihané) Gusti Allah kuwé, ora nana rasa wedi tumrap dhéwéké kabéh, lan dhéwéké padha ora susah atiné.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَۗ٦٣
Al-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[63] (Yakuwé) wong-wong sing padha precaya lan tansah semarah (takwa).

لَهُمُ الْبُشْرٰى فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۗ لَا تَبْدِيْلَ لِكَلِمٰتِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۗ٦٤
Lahumul-busyrā fil-ḥayātid-dun-yā wa fil-ākhirah(ti), lā tabdīla likalimātillāh(i), żālika huwal-fauzul-‘aẓīm((u).
[64] Nggo dhéwéké kabéh werta bebungah neng sejeroné urip neng dunya lan akhérat. Ora nana owah-owahan ingatasé janji-janjiné Gusti Allah. Mengkana kuwé (dadi) kebegyan sing agung.

وَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْۘ اِنَّ الْعِزَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًاۗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٦٥
Wa lā yaḥzunka qauluhum, innal-‘izzata lillāhi jamī‘ā(n), huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[65] Lan aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) susah déning ucapané dhéwéké kabéh. Temen, kekuwasan kuwé kabéh kagungané Gusti Allah. Penjenengané Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.

اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِۗ وَمَا يَتَّبِعُ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ شُرَكَاۤءَ ۗاِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَ٦٦
Alā inna lillāhi man fis-samāwāti wa man fil-arḍ(i), wa mā yattabi‘ul-lażīna yad‘ūna min dūnillāhi syurakā'(a), iy yattabi‘ūna illaẓ-ẓanna wa in hum illā yakhruṣūn(a).
[66] Élinga, kagungané Gusti Allah nglingkupi sapa sing ana neng langit lan sapa sing ana neng bumi. Lan wong-wong sing padha sesambat sekuthon-sekuthon seliyané Gusti Allah, ora ngetutna (sewijiné peprecaya). Dhéwéké mung padha ngetutna pengira-ira, lan dhéwéké mung padha nyana-nyana.

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ٦٧
Huwal-lażī ja‘ala lakumul-laila litaskunū fīhi wan-nahāra mubṣirā(n), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yasma‘ūn(a).
[67] Penjenengané sing nyiptakna wengi nggo ko kabéh supayané ko padha ngaso neng kono lan nyiptakna awan padhang-jembrang. Temen, sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (kuwasané Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha krungu.

قَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًا سُبْحٰنَهٗ ۗ هُوَ الْغَنِيُّ ۗ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ اِنْ عِنْدَكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍۢ بِهٰذَاۗ اَتَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٦٨
Qāluttakhażallāhu waladan subḥānah(ū), huwal-ganiyy(u), lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), in ‘indakum min sulṭānim bihāżā, ataqūlūna ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[68] Dhéwéké (wong wong Yahudi lan Nasrani) padha ngucap, “Gusti Allah kagungan putra.” Mahasuci Penjenengané, Penjenengané Sing Mahasugih; kagungan Penjenengané apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi. Ko kabéh ora duwé alésan sing kuwat ngenani kiyé. Apa pantes ko padha ngucap ngenani Gusti Allah apa sing ko kabéh ora padha ngerténi?

قُلْ اِنَّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُوْنَۗ٦٩
Qul innal-lażīna yaftarūna ‘alallāhil-każiba lā yufliḥūn(a).
[69] Ucapna, “Setemené wong-wong sing ngréka-réka goroh maring Gusti Allah kuwé ora bakal begya.

مَتَاعٌ فِى الدُّنْيَا ثُمَّ اِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ نُذِيْقُهُمُ الْعَذَابَ الشَّدِيْدَ بِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ ࣖ٧٠
Matā‘un fid-dun-yā ṡumma ilainā marji‘uhum ṡumma nużīquhumul-‘ażābasy syadīda bimā kānū yakfurūn(a).
[70] (Nggo dhéwéké kabéh) kesenengan (sedhéla) rikala neng dunya, sebanjuré maring Ingsun dhéwéké padha bali. Banjur Ingsun rasakna maring dhéwéké kabéh siksa sing abot merga mbangkangé (kapiré) dhéwéké kabéh.

۞ وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ نُوْحٍۘ اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اِنْ كَانَ كَبُرَ عَلَيْكُمْ مَّقَامِيْ وَتَذْكِيْرِيْ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَعَلَى اللّٰهِ تَوَكَّلْتُ فَاَجْمِعُوْٓا اَمْرَكُمْ وَشُرَكَاۤءَكُمْ ثُمَّ لَا يَكُنْ اَمْرُكُمْ عَلَيْكُمْ غُمَّةً ثُمَّ اقْضُوْٓا اِلَيَّ وَلَا تُنْظِرُوْنِ٧١
Watlu ‘alaihim naba'a nūḥ(in), iż qāla liqaumihī yā qaumi in kāna kabura ‘alaikum maqāmī wa tażkīrī bi'āyātillāhi fa ‘alallāhi tawakkaltu fa ajmi‘ū amrakum wa syurakā'akum ṡumma lā yakun amrukum ‘alaikum gummatan ṡummaqḍū ilayya wa lā tunẓirūn(i).
[71] Lan wacakna maring dhéwéké kabéh werta penting (ngenani Nabi Nuh) rikala (dhéwéké) ngucap maring kaumé, “Hé kaumku. Angger krasa abot tumrapmu lamon inyong manggon (bareng ko kabéh) lan pepéngetku kanthi ayat-ayat-É Gusti Allah, mangka maring Gusti Allah inyong pasrah. Merga kuwé mantepna putusanmu kabéh lan kumpulna bala-bngalamu kabéh (nggo nyirnakna inyong), lan aja pisan putusanmu kuwé désidhem, banjur padha temindaka maring awaku, lan ko aja nundha maning.

فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَمَا سَاَلْتُكُمْ مِّنْ اَجْرٍۗ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ ۙوَاُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ٧٢
Fa in tawallaitum famā sa'altukum min ajr(in), in ajriya illā ‘alallāh(i), wa umirtu an akūna minal-muslimīn(a).
[72] Mangka angger ko padha mléngos (sekang pepéngetku), inyong ora njaluk upah semendhing-mendhinga maring ko kabéh. Upahé inyong ora liya mung sekang Gusti Allah, lan inyong dédhawuhi supaya inyong klebu golongané wong-wong sing pasrah (muslim).”

فَكَذَّبُوْهُ فَنَجَّيْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ فِى الْفُلْكِ وَجَعَلْنٰهُمْ خَلٰۤىِٕفَ وَاَغْرَقْنَا الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنْذَرِيْنَ٧٣
Fa każżabūhu fa najjaināhu wa mam ma‘ahū fil-fulki wa ja‘alnāhum khalā'ifa wa agraqnal-lażīna każżabū bi'āyātinā, fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-munżarīn(a).
[73] Banjur dhéwéké kabéh ngapusi dhéwéké (Nabi Nuh), banjur Ingsun slametna dhéwéké lan wong sing bareng dhéwéké neng njero prahu, lan Ingsun dadékna dhéwéké kuwé pemimpin lan Ingsun lelepna wong sing padha nglomboni ayat Ingsun. Mangka gatékna kepriwé pungkasané wong-wong sing déparingi pepénget kuwé.

ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ رُسُلًا اِلٰى قَوْمِهِمْ فَجَاۤءُوْهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْا بِمَا كَذَّبُوْا بِهٖ مِنْ قَبْلُ ۗ كَذٰلِكَ نَطْبَعُ عَلٰى قُلُوْبِ الْمُعْتَدِيْنَ٧٤
Ṡumma ba‘aṡnā mim ba‘dihī rusulan ilā qaumihim fa jā'ūhum bil-bayyināti famā kānū liyu'minū bimā każżabū bihī min qabl(u), każālika naṭba‘u ‘alā qulūbil-mu‘tadīn(a).
[74] Banjur sewisé (Nabi Nuh), Ingsun utus pira-pira utusan maring kaumé dhéwéké kabéh, mangka utusan-utusan kuwé teka maring wong-wong mau kanthi nggawa keterangan sing genah, ning dhéwéké padha ora gelem precaya merga dhéwéké gemiyén wis (biasa) padha nggorohna (keterangan kuwé). Mengkana Ingsun ngunci atiné wong-wong sing padha ngléwati wates.

ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ مُّوْسٰى وَهٰرُوْنَ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ بِاٰيٰتِنَا فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ٧٥
Ṡumma ba‘aṡnā mim ba‘dihim mūsā wa hārūna ilā fir‘auna wa mala'ihī bi'āyātinā fastakbarū wa kānū qaumam mujrimīn(a).
[75] Banjur sewisé dhéwéké kabéh, Ingsun utus Musa lan Harun maring Fir’aun lan penggedhé-penggedhé kaumé, kanthi nggawa tandha-tandha (kewasané Ingsun). Nyatané dhéwéké padha ngagul-agulna awaké dhéwék lan dhéwéké kuwé wong-wong sing padha dosa.

فَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ مِنْ عِنْدِنَا قَالُوْٓا اِنَّ هٰذَا لَسِحْرٌ مُّبِيْنٌ٧٦
Falammā jā'ahumul-ḥaqqu min ‘indinā qālū inna hāżā lasiḥrum mubīn(un).
[76] Mangka rikala wis teka maring dhéwéké bebener sekang sisihé Ingsun, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé temen sihir sing nyata.”

قَالَ مُوْسٰٓى اَتَقُوْلُوْنَ لِلْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَكُمْ ۗ اَسِحْرٌ هٰذَاۗ وَلَا يُفْلِحُ السّٰحِرُوْنَ٧٧
Qāla mūsā ataqūlūna lil-ḥaqqi lammā jā'akum, asiḥrun hāżā, wa lā yufliḥus-sāḥirūn(a).
[77] Musa ngucap, “Apa pantes ko kabéh ngucapna ingatasé bebener rikala dhéwéké (bebener) teka maring ko kabéh ‘apa kiyé sihir?’ Mangkané para tukang sihir kuwé ora bakal olih kemenangan.”

قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا لِتَلْفِتَنَا عَمَّا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا وَتَكُوْنَ لَكُمَا الْكِبْرِيَاۤءُ فِى الْاَرْضِۗ وَمَا نَحْنُ لَكُمَا بِمُؤْمِنِيْنَ٧٨
Qālū aji'tanā litalfitanā ‘ammā wajadnā ‘alaihi ābā'anā wa takūna lakumal-kibriyā'u fil-arḍ(i), wa mā naḥnu lakumā bimu'minīn(a).
[78] Dhéwéké padha ngucap, “Apa sliramu teka maring inyong kabéh nggo mléngosna inyong sekang apa (peprecaya) sing inyong kabéh weruh kaki-nininé inyong padha nglakoni (nyembah reca) lan supaya sliramu sekloron duwé kewasa neng bumi (negari Mesir)? Inyong padha ora bakal precaya maring ko sekloron.”

وَقَالَ فِرْعَوْنُ ائْتُوْنِيْ بِكُلِّ سٰحِرٍ عَلِيْمٍ٧٩
Wa qāla fir‘aunu'tūnī bikulli sāḥirin ‘alīm(in).
[79] Lan Fir’aun ngucap (maring penggedhéné kaumé), “Tekakna maring inyong sekabéh tukang sihir sing jempolan.”

فَلَمَّا جَاۤءَ السَّحَرَةُ قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰٓى اَلْقُوْا مَآ اَنْتُمْ مُّلْقُوْنَ٨٠
Falammā jā'as-saḥaratu qāla lahum mūsā alqū mā antum mulqūn(a).
[80] Mangka rikala para tukang sihir padha teka, Musa ngucap maring dhéwéké kabéh, “Balangna apa sing ko kabéh arep balangna.”

فَلَمَّآ اَلْقَوْا قَالَ مُوْسٰى مَا جِئْتُمْ بِهِ ۙالسِّحْرُۗ اِنَّ اللّٰهَ سَيُبْطِلُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُصْلِحُ عَمَلَ الْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٨١
Falammā alqau qāla mūsā mā ji'tum bihis-siḥr(u), innallāha sayubṭiluh(ū), innallāha lā yuṣliḥu ‘amalal-mufsidīn(a).
[81] Sewisé dhéwéké kabéh mbalangna, Musa ngucap, “Apa sing ko padha lakoni kuwé, kuwé sihir, setemené Gusti Allah bakal mertélakna palsuné sihir kuwé. Temen, Gusti Allah ora bakal ngejorna terus lemakuné penggawéané wong sing gawé kerusakan,”

وَيُحِقُّ اللّٰهُ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُوْنَ٨٢
Wa yuḥiqqullāhul-ḥaqqa bikalimātihī wa lau karihal-mujrimūn(a).
[82] Lan Gusti Allah bakal nguwatna sing bener kanthi katetepan-É, senajan wong-wong sing nglakoni dosa ora padha seneng.

فَمَآ اٰمَنَ لِمُوْسٰىٓ اِلَّا ذُرِّيَّةٌ مِّنْ قَوْمِهٖ عَلٰى خَوْفٍ مِّنْ فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهِمْ اَنْ يَّفْتِنَهُمْ ۗوَاِنَّ فِرْعَوْنَ لَعَالٍ فِى الْاَرْضِۚ وَاِنَّهٗ لَمِنَ الْمُسْرِفِيْنَ٨٣
Famā āmana limūsā illā żurriyyatum min qaumihī ‘alā khaufim min fir‘auna wa mala'ihim ay yaftinahum, wa inna fir‘auna la‘ālin fil-arḍ(i), wa innahū laminal-musrifīn(a).
[83] Mangka ora nana sing precaya maring Musa, kejaba keturunan sekang kaumé kanthi rasa wedi; lamon Fir’aun lan para penggedhéné (kaumé) bakal nyiksa dhéwéké kabéh. Lan temen, Fir’aun wis temindak sewenang-wenang neng buni, lan nyata-nyata klebu wong sing ngléwati wates.

وَقَالَ مُوْسٰى يٰقَوْمِ اِنْ كُنْتُمْ اٰمَنْتُمْ بِاللّٰهِ فَعَلَيْهِ تَوَكَّلُوْٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّسْلِمِيْنَ٨٤
Wa qāla mūsā yā qaumi in kuntum āmantum billāhi fa ‘alaihi tawakkalū in kuntum muslimīn(a).
[84] Lan Musa dhawuh, “Hé, kaumku! Angger ko padha precaya maring Gusti Allah, mangka padha semaraha maring Penjenengané, angger ko kabéh temen-temen wong sing Muslim (pasrah awak).

فَقَالُوْا عَلَى اللّٰهِ تَوَكَّلْنَا ۚرَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٨٥
Fa qālū ‘alallāhi tawakkalnā, rabbanā lā taj‘alnā fitnatal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[85] Banjur dhéwéké padha matur, “Mung maring Gusti Allah inyong kabéh pasrah. dhuh Pengéran kula sedaya, Penjenengan ampun ndadosaken kula sami (sasaran) pitnah tumrap kaum sing sami aniaya (dolim),

وَنَجِّنَا بِرَحْمَتِكَ مِنَ الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ٨٦
Wa najjinā biraḥmatika minal-qaumil-kāfirīn(a).
[86] lan mugi slametaken kula sami kanthi kewelasan Penjenengan saking tiyang-tiyang mbangkang (kapir).

وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰى وَاَخِيْهِ اَنْ تَبَوَّاٰ لِقَوْمِكُمَا بِمِصْرَ بُيُوْتًا وَّاجْعَلُوْا بُيُوْتَكُمْ قِبْلَةً وَّاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ٨٧
Wa auḥainā ilā mūsā wa akhīhi an tabawwa'ā liqaumikumā bimiṣra buyūtaw waj‘alū buyūtakum qiblataw wa aqīmuṣ-ṣalāh(ta), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[87] Lan Ingsun wahyokna maring Musa lan seduluré, “Jikoten pira-pira umah neng Mesir nggo (manggon) kaumé sliramu, lan dadékna umah-umah kuwé panggonan ngibadah lan lakonana sembayang (solat) lan bungahna wong-wong sing padha precaya (mukmin).

وَقَالَ مُوْسٰى رَبَّنَآ اِنَّكَ اٰتَيْتَ فِرْعَوْنَ وَمَلَاَهٗ زِيْنَةً وَّاَمْوَالًا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ رَبَّنَا لِيُضِلُّوْا عَنْ سَبِيْلِكَ ۚرَبَّنَا اطْمِسْ عَلٰٓى اَمْوَالِهِمْ وَاشْدُدْ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْا حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ٨٨
Wa qāla mūsā rabbanā innaka ātaita fir‘auna wa mala'ahū zīnataw wa amwālan fil-ḥayātid-dun-yā, rabbanā liyuḍillū ‘an sabīlik(a), rabbanaṭmis ‘alā amwālihim wasydud ‘alā qulūbihim falā yu'minū ḥattā yarawul-‘ażābal-alīm(a).
[88] Lan Musa matur, “Dhuh Pengéran kula sami, Penjenengan empun paring dhateng Fir’aun lan pengageng kaumipun pepaés lan bandha kesugihan wonten penggesangan dunya. Dhuh Pengéran kula sedaya, (akibaté) kiyam-beké sami nyasaraken (menungsa) saking merginé Penjenengan. Dhuh Pengéran, ajuraken bandhanipun kiyambeké sami, lan kunci manahé kiyambeké sedaya, saéngga kiyambeké sami mboten precaya ngantos kiyambeké sami semerep siksa sing sakit sanget.”

قَالَ قَدْ اُجِيْبَتْ دَّعْوَتُكُمَا فَاسْتَقِيْمَا وَلَا تَتَّبِعٰۤنِّ سَبِيْلَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ٨٩
Qāla qad ujībad da‘watukumā fastaqīmā wa lā tattabi‘ānni sabīlal-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[89] Penjenengané (Gusti Allah) dhawuh, “Temen, wis déparengna penyuwunanmu sekloron, merga kuwé sliramu sekloron tetepa neng dalan sing jejeg lan aja pisan-pisan sliramu ngetutna dalané wong sing padha ora mengerténi.”

۞ وَجَاوَزْنَا بِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْبَحْرَ فَاَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ وَجُنُوْدُهٗ بَغْيًا وَّعَدْوًا ۗحَتّٰىٓ اِذَآ اَدْرَكَهُ الْغَرَقُ قَالَ اٰمَنْتُ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا الَّذِيْٓ اٰمَنَتْ بِهٖ بَنُوْٓا اِسْرَاۤءِيْلَ وَاَنَا۠ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ٩٠
Wa jāwaznā bibanī isrā'īlal-baḥra fa atba‘ahum fir‘aunu wa junūduhū bagyaw wa ‘adwā(n), ḥattā iżā adrakahul-garaqu qāla āmantu annahū lā ilāha illal-lażī āmanat bihī banū isrā'īla wa ana minal-muslimīn(a).
[90] Lan Ingsun slametna Bani Israil ngliwati segara, banjur Fir’aun lan bala-balané ngetutna dhéwéké kabéh, seprelu nganiaya lan nyiksa (dhéwéké kabéh). Saéngga rikala Fir’aun méh kelelep dhéwéké ngucap, “Inyong precaya lamon ora nana sembahan kejaba Pengéran sing déandeli déning Bani Israil, lan inyong klebu wong-wong sing muslim (pasrah).

اٰۤلْـٰٔنَ وَقَدْ عَصَيْتَ قَبْلُ وَكُنْتَ مِنَ الْمُفْسِدِيْنَ٩١
Āl'āna wa qad ‘aṣaita qablu wa kunta minal-mufsidīn(a).
[91] Kenangapa tembé siki (ko precaya) mangka-né setemené ko wis duraka kawit gemiyén, lan ko klebu wong sing gawé kerusakan.

فَالْيَوْمَ نُنَجِّيْكَ بِبَدَنِكَ لِتَكُوْنَ لِمَنْ خَلْفَكَ اٰيَةً ۗوَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ عَنْ اٰيٰتِنَا لَغٰفِلُوْنَ ࣖ٩٢
Fal yauma nunajjīka bibadanika litakūna liman khalfaka āyah(tan), wa inna kaṡīram minan-nāsi ‘an āyātinā lagāfilūn(a).
[92] Mangka neng dina kiyé Ingsun slametna wangkemu 392 supayané ko dadi piwulang nggo wong-wong sing teka sewismu, ning akéh-akéhé menungsa ora padha nggatékna tandha-tandha (kewasané Ingsun).
392) Sing deslametna neng Gusti Allah kuwé jasad (awak wadhage). Miturut sejarah, sewisé Fir’aun kerem, mayidé minggir maring kikis segara detemokna neng wong-wong Mesir terus debalsem, mula wutuh nganti siki lan bisa dédeleng neng musium Mesir. Seterusé deleng Al-Baqarah (2):50

وَلَقَدْ بَوَّأْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مُبَوَّاَ صِدْقٍ وَّرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ ۚفَمَا اخْتَلَفُوْا حَتّٰى جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ ۗاِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٩٣
Wa laqad bawwa'nā banī isrā'īla mubawwa'a ṣidqiw wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāt(i), famākhtalafū ḥattā jā'ahumul-‘ilm(u), inna rabbaka yaqḍī bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[93] Lan temen, Ingsun wis mapanaken Bani Israil neng panggonan sing bagus lan Ingsun paringi dhéwéké kabéh rejeki sing apik. Mangka dhéwéké ora padha pesulayan, kejaba sewisé teka maring dhéwéké kawruh (sing wis kesebut neng Taurat). Setemené Pengéranmu bakal paring keputusan neng antarané dhéwéké kabéh neng dina Kiyamat ngenani apa sing dhéwéké padha persulayakna.

فَاِنْ كُنْتَ فِيْ شَكٍّ مِّمَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ فَسْـَٔلِ الَّذِيْنَ يَقْرَءُوْنَ الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكَ ۚ لَقَدْ جَاۤءَكَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَۙ٩٤
Fa in kunta fī syakkim mimmā anzalnā ilaika fas'alil-lażīna yaqra'ūnal-kitāba min qablik(a), laqad jā'akal-ḥaqqu mir rabbika falā takūnanna minal-mumtarīn(a).
[94] Mangka angger sliramu (Muhammad) ana neng sejeroné kemamangan ngenani apa sing Ingsun turunaken maring sliramu, mangka takokna maring wong sing maca kitab seurungé sliramu. Temen, wis teka bebener maring sliramu sekang Pengéranmu, mangka aja pisan-pisan sliramu klebu wong sing mamang.

وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَتَكُوْنَ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٩٥
Wa lā takūnanna minal-lażīna każżabū bi'āyātillāhi fa takūna minal-khāsirīn(a).
[95] Lan aja pisan sliramu klebu wong sing nggorohna ayat-ayat-É Gusti Allah, mengko sliramu klebu wong sing kapitunan.

اِنَّ الَّذِيْنَ حَقَّتْ عَلَيْهِمْ كَلِمَةُ رَبِّكَ لَا يُؤْمِنُوْنَ٩٦
Innal-lażīna ḥaqqat ‘alaihim kalimatu rabbika lā yu'minūn(a).
[96] Temen, wong-wong sing wis dépesthékna olih ketetepan (sekang) Pengéranmu ora bakal precaya,

وَلَوْ جَاۤءَتْهُمْ كُلُّ اٰيَةٍ حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ٩٧
Wa lau jā'athum kullu āyatin ḥattā yarawul-‘ażābal-alīm(a).
[97] senajan wong-wong mau padha olih tandha-tandha (agungé Gusti Allah), nganti dhéwéké kabéh nyekséni siksa sing perih.

فَلَوْلَا كَانَتْ قَرْيَةٌ اٰمَنَتْ فَنَفَعَهَآ اِيْمَانُهَآ اِلَّا قَوْمَ يُوْنُسَۗ لَمَّآ اٰمَنُوْا كَشَفْنَا عَنْهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَمَتَّعْنٰهُمْ اِلٰى حِيْنٍ٩٨
Falau lā kānat qaryatun āmanat fa nafa‘ahā īmānuhā illā qauma yūnus(a), lammā āmanū kasyafnā ‘anhum ‘ażābal-khizyi fil-ḥayātid-dun-yā wa matta‘nāhum ilā ḥīn(in).
[98] Mangka kenangapa ora nana (warga) sewijiné negari baé sing precaya, banjur precayaé kuwé migunani maring dhéwéké kabéh kejaba kaumé Nabi Yunus? Rikala dhéwéké kabéh (kaume Yunus kuwé) padha precaya, Ingsun ilangna sekang dhéwéké kabéh siksa sing gawé ina neng penguripan dunya, lan Ingsun paringi kebungahan maring dhéwéké kabéh nganti wektu tinemtu.

وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ لَاٰمَنَ مَنْ فِى الْاَرْضِ كُلُّهُمْ جَمِيْعًاۗ اَفَاَنْتَ تُكْرِهُ النَّاسَ حَتّٰى يَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَ٩٩
Wa lau syā'a rabbuka la'āmana man fil-arḍi kulluhum jamī‘ā(n), afa anta tukrihun-nāsa ḥattā yakūnū mu'minīn(a).
[99] Lan angger Pengéranmu ngersakna, mesthi padha precaya wong neng bumi sekabéhané. Ning apa ko (arep) padha meksa menungsa supayané dhéwéké dadi wong-wong sing padha precaya?

وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ اَنْ تُؤْمِنَ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَيَجْعَلُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِيْنَ لَا يَعْقِلُوْنَ١٠٠
Wa mā kāna linafsin an tu'mina illā bi'iżnillāh(i), wa yaj‘alur-rijsa ‘alal-lażīna lā ya‘qilūn(a).
[100] Lan ora nana siji-sijia wong sing bakal precaya kejaba kanthi idiné Gusti Allah, lan Gusti Allah nibakna siksa maring wong sing ora padha ngerti.

قُلِ انْظُرُوْا مَاذَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗوَمَا تُغْنِى الْاٰيٰتُ وَالنُّذُرُ عَنْ قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ١٠١
Qulinẓurū māżā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa mā tugnil-āyātu wan-nużuru ‘an qaumil lā yu'minūn(a).
[101] Ucapna, “Gatékna apa sing ana neng langit lan neng bumi!” Ora pisan-pisan migunani tandha-tandha (agungé Gusti Allah) lan utusan-utusan sing awéh pepénget tumrap wong sing ora padha precaya.

فَهَلْ يَنْتَظِرُوْنَ اِلَّا مِثْلَ اَيَّامِ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِهِمْۗ قُلْ فَانْتَظِرُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ١٠٢
Fahal yantaẓirūna illā miṡla ayyāmil-lażīna khalau min qablihim, qul fantaẓirū innī ma‘akum minal-muntaẓirīn(a).
[102] Mangka dhéwéké ora padha ngenten-enténi kejaba (kedadéan-kedadéan) sing padha karo kedadéan (sing temiba) maring wong-wong sing dhisit seurungé dhéwéké kabéh. Ucapna, “Mangka enténana, inyong uga klebu wong sing ngenténi bareng karo ko kabéh.”

ثُمَّ نُنَجِّيْ رُسُلَنَا وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كَذٰلِكَ ۚحَقًّا عَلَيْنَا نُنْجِ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ١٠٣
Ṡumma nunajjī rusulanā wal-lażīna āmanū każālik(a), ḥaqqan ‘alainā nunjil-mu'minīn(a).
[103] Banjur Ingsun slametna utusan-utusan Ingsun lan wong-wong sing padha precaya, mengkana kuwé dadi kewajiban Ingsun nylametna wong-wong sing padha precaya.

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنْ كُنْتُمْ فِيْ شَكٍّ مِّنْ دِيْنِيْ فَلَآ اَعْبُدُ الَّذِيْنَ تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلٰكِنْ اَعْبُدُ اللّٰهَ الَّذِيْ يَتَوَفّٰىكُمْ ۖ وَاُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَۙ١٠٤
Qul yā ayyuhan nāsu in kuntum fī syakkim min dīnī falā a‘budul-lażīna ta‘budūna min dūnillāhi wa lākin a‘budullāhal-lażī yatawaffākum, wa umirtu an akūna minal-mu'minīn(a).
[104] Dhawuha (Muhammad), “Hé menungsa! Angger ko ésih padha neng njero kemamangan ngenani agamaku mangka (ngerténana) inyong ora nyembah sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah, ning inyong nyembah Gusti Allah sing bakal matékna ko kabéh lan inyong wis dédhawuhi supaya klebu wong sing precaya.

وَاَنْ اَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ حَنِيْفًاۚ وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٠٥
Wa an aqim wajhaka lid-dīni ḥanīfā(n), wa lā takūnanna minal-musyrikīn(a).
[105] Lan (inyong wis dédhawuhi), “Adhepna raimu maring agama kanthi tulus lan iklas lan aja pisan-pisan sliramu klebu wong sing nyekuthokna (musrik).

وَلَا تَدْعُ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَ ۚفَاِنْ فَعَلْتَ فَاِنَّكَ اِذًا مِّنَ الظّٰلِمِيْنَ١٠٦
Wa lā tad‘u min dūnillāhi mā lā yanfa‘uka wa lā yaḍurruk(a), fa in fa‘alta fa innaka iżam minaẓ-ẓālimīn(a).
[106] Lan aja pisan-oisan sliramu nyembah barang sewiji-wiji sing ora awéh piguna lan ora (uga) awéh bebaya maring sliramu kejaba Gusti Allah, merga angger sliramu nglakoni (sing kaya kuwé) mangka setemené sliramu klebu wong-wong sing aniaya (dolim).”

وَاِنْ يَّمْسَسْكَ اللّٰهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهٗ ٓاِلَّا هُوَ ۚوَاِنْ يُّرِدْكَ بِخَيْرٍ فَلَا رَاۤدَّ لِفَضْلِهٖۗ يُصِيْبُ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ ۗوَهُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ١٠٧
Wa iy yamsaskallāhu biḍurrin falā kāsyifa lahū illā huw(a), wa iy yuridka bikhairin falā rādda lifaḍlih(ī), yuṣību bihī may yasyā'u min ‘ibādih(ī), wa huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[107] Lan angger Gusti Allah nibakna sewiji bebaya maring ko kabéh, mangka ora nana sing bisa ngilangna kuwé kejaba Penjeneng-ané. Lan angger Gusti Allah ngersakna kebagusan kanggo ko kabéh, mangka ora nana sing bisa nolak kanugrahan-É. Penjenengané maringi kebagusan maring sapa baé sing Penjenengané kersakna neng antarané kawula-kawula-Né. Penjenengané, Maha Ngampura, Mahaasih.

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكُمْ ۚفَمَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖ ۚوَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۚوَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِوَكِيْلٍۗ١٠٨
Qul yā ayyuhan-nāsu qad jā'akumul-ḥaqqu mir rabbikum, fa manihtadā fa innamā yahtadī linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa mā ana ‘alaikum biwakīl(in).
[108] Dhawuha (Muhammad), “Hé menungsa! Wis teka marang ko kabéh bebener (Al-Qur’an) sekang Pengéranmu, merga kuwé sapa wongé sing olih pituduh, mangka setemené (pituduh kuwé) nggo (kebagusan) awaké dhéwék. Lan sapa wongé sing kesasar, setemené kesasaré kuwé (gawé cilaka) awaké dhéwék. Lan Ingsun udu sing ngreksa ko kabéh.”

وَاتَّبِعْ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ وَاصْبِرْ حَتّٰى يَحْكُمَ اللّٰهُ ۚوَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ ࣖ١٠٩
Wattabi‘ mā yūḥā ilaika waṣbir ḥattā yaḥkumallāh(u), wa huwa khairul-ḥākimīn(a).
[109] Lan tutna apa sing déwahyokna maring ko kabéh, lan padha sing sabar nganti Gusti Allah paring putusan. Penjenengané kuwé hakim sing paling apik.