Surah Al-Fatihah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ١
Bismillāhir-raḥmānir-raḥīm(i).
[1]
Kanthi asmané Gusti Allah Sing Mahawelas, Mahaasih.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ٢
Al-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[2]
Sekabéhané pengalembana mung kagungané Gusti Allah, Pengérané sekabéhané ngalam,
الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِۙ٣
Ar-raḥmānir-raḥīm(i).
[3]
Sing Mahawelas lan Mahaasih,
مٰلِكِ يَوْمِ الدِّيْنِۗ٤
Māliki yaumid-dīn(i).
[4]
Sing kagungan dina piwales. 1
1) Yaumiddin (dina piwales), dina nalikané menungsa nampa piwales ingatasé penggawéané, apik utawa ala. Déarani uga yaumul qiyamah, yaumul hisab, lan liya-liyané
اِيَّاكَ نَعْبُدُ وَاِيَّاكَ نَسْتَعِيْنُۗ٥
Iyyāka na‘budu wa iyyāka nasta‘īn(u),
[5]
Mung maring Penjenengan kula padha nyembah, lan mung maring Penjenengan kula padha nyuwun pitulungan.
اِهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۙ٦
Ihdinaṣ-ṣirāṭal-mustaqīm(a).
[6]
Tidhokna kula kabéh dalan sing jejeg, 2
2) Dalan sing jejeg, yakuwé dalan urip sing bener sing bisa njalari begya neng dunya lan neng akhérat
صِرَاطَ الَّذِيْنَ اَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ ەۙ غَيْرِ الْمَغْضُوْبِ عَلَيْهِمْ وَلَا الضَّاۤلِّيْنَ ࣖ٧
Ṣirāṭal-lażīna an‘amta ‘alaihim, gairil-magḍūbi ‘alaihim wa laḍ-ḍāllīn(a).
[7]
(yakuwé) dalané wong-wong sing wis Penjenengan paringi nékmat, udu (dalané) wong-wong sing Penjenengan bendoni lan (uga) udu (dalané) wong sing padha kesasar. 3
3) Wong-wong sing kebendon (kenang bendu), yakuwé wong-wong sing nguja nglawan Islam. Wong-wong sing kesasar yakuwé wong-wong sing nguja ngambah dalan seliyané ajaran Islam.